Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
3. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
4. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
5. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
6. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
7. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
8. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
9. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
10. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
11. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
12. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
13. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
14. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
15. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
16. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
17. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
18. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
19. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
20. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
21. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
22. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
23. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
24. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
25. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
26. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
27. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
28. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
29. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
30. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
31. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
32. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
33. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
34. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
35. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
36. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
37. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
38. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
39. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
40. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
41. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
42. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
43. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
44. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
45. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
46. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
47. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
48. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
49. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
50. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
51. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
52. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
53. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
54. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
55. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
56. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
57. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
58. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
59. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
60. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
61. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
62. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 97, Stu Pa, 1 Sawal, Ehe 1868, 4 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.
Kajawèn
Nomêr Lêbaran
Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.
Adining Sawangan ing Rêdi Marapi.
[Grafik]
[Dhandhanggula]
Sumirating hyang arka nêngsêmi | mêmanise dènirarsa oncat | kadi angêsrahkên gawe | arsa umanjing dalu | sêsirating mega lan langit | rasa pindhaning karya | kang palastha wutuh | jroning ari kang tininggal | isi sanggyèng rahayu bagya basuki | anrus ing Ariaya ||
Mila nuju dhawahing Riadi | golonganing redhaksi kalawan | administrasi drikêre | ngaturkên bagya ayu | maring sanggyèng para nupèksi | galap-gangsuling lampah | saru sikunipun | lêbura ari punika | sinambunga supêkêt rakêt salami | dinohan sambekala ||
--- 1522 ---
Mula Bukanipun Dintên Riadi.
[Asmaradana]
wrêdha mudha samya brangti | ngluhurkên Ariaya |[1] sagung umat Islam kabèh | jalu tanapi wanita | anênggih sabuwana | tartamtu tan samya limut | dhumatêng dintên punika ||
tumanêm nèng sanubari | dènira angantya-antya | dupi prapta ing mangsane | tanggal juga sasi Sawal | samya asuka-suka | umyung suwaraning makluk | warna-warna solahira ||
suka-parisuka ngênting | kongsi jangkêp pitung dina | tanna janma nambutgawe | muhung samya suka-suka | langkung-langkung pra mudha | samya tuwi pinisêpuh | saprêlu anglêbur dosa ||
salêbêtira sawarsi | lêbura dintên punika | mula para wrêdha kabèh | yèn pinuju Ariaya | tansah samya sudhiya | awit kathah anak putu | kang prapta halal-bihalal ||
mênggah wontênnya Riadi | praptanira ing samangkya | naluri kuna-kunane | tan liyan panutan kita | Kangjêng Nabi Muhamad | salallahu ngalaikum | nayakaning rat ing Mêkah ||
punika kang dèn lêluri | marang sagung umat Islam | mangkana mungguh gancare | nalika Jêng Nabi duta | pêrang lan kapir raja | Sang Prabu Lakat jêjuluk | ing satêmah Nabi kita ||
yudanira pan kajodhi | kaplajêng manjing jro guwa | nyingidakên sarirane | sabab lamun tan mangkana | cupêt agama Islam | tan bangkit turun-tumurun | mangkana ingkang carita ||
laminira Kangjêng Nabi | dènnya tapa nèng jro guwa | tinuturkên anèng tarèh | kongsi têlung puluh dina | pinuju wulan Ramlan | awit tanggal juga iku | praptèng tanggal tigang dasa ||
lagya kondur Kangjêng Nabi | marang ing nagara Mêkah | dene para janma kabèh | dènira nglakoni pasa | wit iku rukun Islam | limang prakara puniku | dènnya klêbu rukun Islam ||
sababira Kangjêng Nabi | dènnya kaplajêng ring guwa | nglakoni dhawuhing Manon | mêncarkên agama Islam | wusana ana janma | ingkang nêdya nyapu lêbu | marang ing agama Islam ||
têmahan dadya ajurit | ananging Jêng Nabi Duta | tan nêdya owah galihe | awit iku dhawuhira | ingkang murbèng bawana | kang supaya para makluk | nglakoni agama Islam ||
rame dènira ajurit | wusana Jêng Nabi Duta | katèmpêr soring apupoh | nulya lumajêng ing guwa | de pra umat sadaya | tan wontên owahing kalbu | dènira mèstu jêng duta ||
mustapa ingkang sinêlir | mila ing salaminira | Jêng Nabi nèng jro guwane | sabên surya sampun sêrap | pra sakabat umarak | bêkta ubarampenipun | sadaya kang dhêdhaharan ||
katur dhatêng Kangjêng Nabi | mangkana ing sabên dina | pra sakabat gêntos-gêntos | ingkang ngintun dhêdhaharan | sarêng sampun andungkap | wontên ing tanggal salikur | Jêng Nabi darbèni karsa ||
kondur marang ing nagari | sadaya pra umatira | wus samya lêga manahe | wus nganakkên suka-suka | nanging Jêng Nabi Duta | apan durung karsa kondur | wit ana dhawuhing Sukma ||
yèn durung kalilan bali | maksih kathah alangannya | para sakabat ing batos | samya nuwun ring Hyang Sukma | supadya enggal luwar | nuli kondur mring kadhatun | wusana maksih alama ||
praptaning sapuluh ari | tanggal siji wulan Sawal | sêraping surya wancine | kondur Kangjêng Nabi Duta | tan kurang siji apa | pra sakabat suka klangkung | sadaya anulya sowan ||
nèng ngarsanya Kangjêng Nabi | samya nyuwun [nyuwu...]
--- 1523 ---
[...n] pangapura | dosanya kang wus kalakon | salêbêtira sawarsa | lêbur ing Ariaya | kang sarta dina puniku | nganakakên andrawina ||
ingkang tumuju ananing | Riaya dènnya puasa | Kangjêng Nabi sayêktine | saking bungah-bungahira | dene panutanira | wus lami nandhang wulangun | tajin dhahar lawan nendra ||
mila praptaning samangkin | puasa ing wulan Ramlan | maksih linuri anane | mring sagung umat sadaya | awit saking punika | kadya kang kasêbut ngayun | nalurine duk ing kuna ||
Panjurung.
Silaturohmi Utawi Halal-bihalal.
Manawi sawêg dipun tingali sagêbyaran, adhakanipun tiyang gadhah pangintên, bilih dintên Bakda Riadin punika namung dintên kangge nglairakên kabingahan lan sênêng-sênêng, awit, kawontênan ing dintên wau mila pancèn kados makatên gumêlaripun, băngsa kula Jawi ngumumipun, botên badhe anyilaki dhatêng bab sênênging manah manawi nglêrêsi ing dintên Lêbaran, sanadyan bingahipun wau tamtunipun inggih saundha sabilik-bilik, nanging agêng alit, sugih miskin sami kemawon gumbiranipun.
Katăndha ugêr sampun ngancik prêpêgan bakda kirang sadintên, ebahipun tiyang ingkang sami tata-tata badhe Riadinan lir gabah dèn intêri. Dalasan untabipun tiyang dhusun ingkang sami nyambutdamêl bêbêrah punapadene ingkang sami ngèngèr wontên ing kitha utawi nagari, pating balêbêr akêrig lampit sami mantuk dhatêng dhusunipun, ngantos ing kitha katingal sêpên tiyang sêsadean.
Tumrap ingkang wontên pangengeran, botên purun kantun, ugi tumut nimbrung badhe mantuk sarêng ing dintên wau, sanadyan piyambakipun dipun iming-imingi bilih kawontênanipun bakda ing kitha langkung sae lan langkung rame, punika babar-pisan botên kamanah lan botên praduli, dalah kacandhêt (kapambêng) dhatêng lurahipun, kapurih bidhal mangke ing sabibaripun ngrencangi olah-olah kangge ARiayan kemawon, sampun botên purun sabar malih. Sanadyan dipun ajrih-ajrihi manawi badhe mantuk sapunika namung badhe dipun sukani êmpingan balănja sapalih blanjan, mêksa inggih nêkad lan adrêng kêncêng, kaparêng botên kaparêng namung nyuwun pamit bidhal mantuk ing dintên punika, mênggah santolanipun botên sanès, kajawi namung badhe sênêng-sênêng bakdan wontên ing griyanipun piyambak, pinanggih sanak sadhèrèk saha nyawang dhatêng anak putu, punika lajêr ingkang dados bakuning kabingahanipun.
Awit saking kawontênan ingkang kados makatên punika wau, mila botên kalèntu tiyang ingkang mastani bilih dintên Lêbaran punika satunggiling dintên [dintê...]
--- 1524 ---
[...n] agêng lan dintênipun tiyang sami bingah tuwin sênêng-sênêng, amargi cocog kalihan gumêlaripun kawontênan. Nanging mênggah sajatosipun, ing dalêm dintên Lêbaran wau, wontên prakawis ingkang prayogi dipun èngêti, inggih punika bab silaturohmi utawi halal-bihalal. Mila ing ngriki prêlu kapratelakakên kalihan cêkak, bab têgêsing têmbung: silaturohmi utawi halal-bihalal, amargi punika pancèn wigatos, lan prêlu kasumêrêpan dhatêng umum langkung malih tumrapipun pakêmpalan.
[Grafik]
Silaturohmi punika têgêsipun: nyambung sih. Dene halal-bihalal makatên têgêsipun: kalal-kinalalake utawi lila-linilakake, têrangipun kados ta upami: klojak-kalajuking ngangge barang darbèkipun liyan, klinta-klintuning ginêm, utawi kaladuking rêmbag ingkang dados nuwuhakên saksêrik lan saru-siku sapanunggilanipun, punika sadaya mugi sami dipun kalalakên, dipun lilakakên, utawi kabengkas sami sanalika, ing dintên punika, dados halal-bihalal punika cêkakipun: apura-ingapura.
Wontênipun sabên Lêbaran Siyam, sami silaturohmi dhatêng sanak sadhèrèk, saha tumrapipun pakêmpalan damêl pêpanggihan halal-bihalal kalihan warganipun, amargi manungsa punika namung tansah kêbak ing pangodha, ingkang lajêng ambujêng prêlunipun piyambak, botên maèlu kawisunaning liyan, ingkang tundonipun adamêl êcrah lan pasulayan, tur botên namung dhatêng sanès băngsa kemawon, dalah bangsanipun piyambak dumugi kulawarganipun pisan inggih asring cêcongkrahan, măngka congkrah punika têtela botên wontên saenipun, malah sagêd damêl kapitunan ing sadayanipun, amila wajib dipun singkiri têbih.
Dene nyingkiri cêcongkrahan, kalihan ambangun sih katrêsnan, punika pancèn dados bakuning pasadherekan, tuwin sami kemawon kalihan bakuning kajêngipun pakêmpalan-pakêmpalan, inggih punika kêdah sami katancêban manah rukun purun tulung-tinulung lan samad-sinamadan. Samăngsa tiyang pasadherekanipun sagêd kados makatên, tuwin pakêmpalan ingkang warganipun sami sayuk iyêg ru-
--- 1525 ---
[Grafik]
kun saeka-kapti, inggih sae, jêr sampun kasêbut ing dalêm kăndha: rukun agawe santosa, punika yêktos, amargi bêbasanipun malih wontên: yèn sira arêp nyandhang sasuwèk, kirim karcis sailat, mangan sêga sapulukan, iku kudu ana tangan sèwu kang tumandang.
Nanging manawi tiyang utawi pakêmpalan tansah bèncèng cèwèng inggih botên prayogi amargi sampun kalêbêt ing pocapan: êcrah bubrah, punika pancèn nyata. Awit saking punika, panyuwun kula dhatêng para maos Kajawèn sadaya, saha dhatêng băngsa kula ngumumipun, halal-bihalal sabên Lêbaran Siyam wau sampun namung kèndêl satatacara kemawon, nanging ugi kaparênga sami nglêbêtakên ing panggalih, punapa wigatosipun silaturohmi kados ingkang kula aturakên ing nginggil. Wasana sami anglanggêngakên pangapuntên.
Karta.
--- 1526 ---
Riadin Lêbaran Ing Madinah.
Sadèrèngipun nyariyosakên ingkang dados bakuning prêlu, kasêlanan rêmbag rumiyin sawatawis, minăngka bêbukaning cariyos. Miturut pèngêtanipun ingkang sampun nate nglampahi dhatêng tanah Ejas, anyariyosakên kawontênaning nagari Madinah, cuplikanipun sawatawis kados ing ngandhap punika :
[Grafik]
Mêsjid saha pasareanipun Kangjêng Nabi Muhamad ing Madinah.
Nagari Madinah saha talatah sakiwa-têngênipun, punika kathah patilasan kina ingkang dados pajiyarahanipun têtiyang ngamănca, nanging patilasan wau ingkang kalêbêt misuwur (kacêluk ing ngakathah) inggih punika: Masjid Kubak, Masjid Bagendha Kamjah, tuwin ing Bakik. Bakik punika satunggiling pasarean agêng, para sakabat ingkang sumare ing astana ngriku, kirang langkung wontên sadasa èwu, cacah samantên wau ingkang kathah para sakabat ingkang taksih darah Nabi.
Dene masjid ing Kubak, punika ugi kalêbêt masjid ingkang sampun kina sangêt, kacariyosakên, masjid wau iyasanipun Kangjêng Rasul nalika linggaripun (hijrah) saking nagari Mêkah. Rawuhipun ing Kubak, inggih punika namaning satunggilipun dhusun ingkang têbihipun kalihan kitha Madinah, taksih lampahan gangsal kilomètêr, wontên ing ngriku lêrêm saha angadêgakên masjid wau, mila masjid ing Kubak punika kenging sinêbut masjid kawitan ingkang ngadêg sapisan ing tanah ngriku. Kajawi punika, sarawuhipun andika Nabi ing kitha Madinah, ing ngriku lajêng angawontênakên dintên agêng kalih, inggih punika: Riadin Lêbaran, saha Riadin kurban. Dintên Riadin kêkalih punika, minăngka kangge gêgêntosipun dintên: Naorus lan dintên: Mahrajan, ing dhatêng Naorus tuwin Mahrajan punika, dintên karameanipun tiyang Madinah
--- 1527 ---
ing jaman rumiyin. Wiwit dintên wau kasantunan, lajêng Riadin gêntos ingkang tumindak dumugi sapriki.
Mila ngadat limrahipun tiyang Madinah, ugêr sampun ngancik wulan Siyam, sabên ing wanci sontên sami dhatêng ing masjid, wontên ing ngriku sami mapan linggih sacêlakipun pasareanipun Nabi, sambènipun sami maos Kuran utawi salawat, ngantos dumugi sêrap. Manawi sampun mungêl mariyêm têngara manjingipun buka siyam, lajêng sami nêdha pêpanganan sawatawis, kintunan saking griyanipun piyambak-piyambak. Pêpanganan wau satirahipun kangge buka sakănca grombolanipun, kasukakakên dhatêng pêkir miskin ingkang sami wontên ing ngriku, sasampuning rampung anggènipun sami buka, lajêng ngadêg jamangah magrib, tumuntên bibaran sami mantuk.
Wêdalipun saking masjid wau, trêkadhang mawi ngampirakên sanak sadhèrèk utawi tamu ingkang pinanggih wontên ing ngriku, kaajak andumugèkakên buka dhatêng ing griyanipun, cara makatên punika sampun dados ngadat kalimrahanipun têtiyang ing ngriku. Manawi sampun wanci ngisak, sami wangsul malih trawèh dhatêng masjid, ing ngriku dipun wontêni imam (pangajêng) kirang langkung sawidak, sarta ing sangajêngipun imam wau, dipun sukani tăndha dilah lilin dhudhuk inggil (standaard) tăndha wau anêdahakên bilih imam punika trawèhipun: alon, sêdhêng, utawi rikat. Mila dilah lilin ingkang minăngka kangge têtêngêr wau wujudipun warni-warni, wontên ingkang cagakipun mas utawi salaka. Wondene têtiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, sagêd milih badhe trawèh tumut dhatêng grombolan pundi ingkang dipun kajêngakên. Makatên kawontênan sabên dalu ing salêbêtipun wulan Siyam.
Manawi trawèh kantun sadalu ingkang pungkasan, sabibaripun sêmbahyang, dilah-dilah lilin wau kawangsulakên dhatêng gêdhong pasimpênan ing sacêlakipun pasarean Nabi, mawi dipun jênêngi para pangagêng tuwin para ingkang sami tampi ulêman, kawontênan kados makatên punika kawasatanan: karamean lilin. Ing dalunipun malih lajêng santun karameaning dintên malêm bakda Siyam.
Dintênipun bakda enjing, têtiyang lajêng sami ngrasuk busana pameran, saha mrêlokakên sami sêmbahyang Riadin dhatêng masjid, ing ngriku sampun dipun wontêni imam kalih, satunggal: Sapingi, satunggalipun: Kanapi. Lajêng sami ngadêg sêmbahyang sêsarêngan dados kalih golongan. Sarampungipun salat Riadin, sami sowan ing pasareanipun Kangjêng Rasul, sabibaripun saking pasarean, sadaya sami mantuk, saha lajêng sami silaturohmi, pêpanggihan kalihan sanak sadhèrèk tuwin mitra karuhipun, kajawi pinanggih prêlu suka wilujêng ing dintên Lêbaran, kalihan pasangyogi anglairakên nêdha pangaksama sagunging kalêpatan ing salêbêtipun sataun kapêngkêr, linêbura ing dintên punika, kantuna sami trêsna asihipun kados sadhèrèk ingkang tunggil sakanthèn, lastantun dumugi dintên Lêbaran ing taun ngajêng malih, kanthi rahayu wilujêng ingkang pinanggih.
Sarampungipun sami halal-bihalal, lajêng sami bingah-bingah lan sênêng-sênêng nutug dumugi satêlasipun dintên Riadin.
M. Latib.
--- 1528 ---
Ngundhuh Wohing Kasaenan.
Ing dhusun sapinggiring margi ingkang botên têbih saking kitha, wontên pènsiunan mantri guru H.I.S. nama Masbèi Martaraharja, umur-umuranipun sampun suwidakan. Labêt saking tiyang ayêman ing manah, masbèi mantri guru wau katingal taksih rosa. Anggèning gêgriya wontên ing dhusun ngriku punika namung kalihan ingkang èstri, ingkang babag umur-umuranipun.
[Grafik]
Rukuning tiyang jêjodhoan.
Masbèi Martaraharja punika misuwur kala rumiyin dipun trêsnani ing para muridipun, tindakipun manawi mulang: kêrêng, adamêl ajrihing lare, nanging botên nabêti adamêl sêrik. Mila para tilas muridipun inggih tansah èngêt dhatêng tilas guru ingkang ambêk sae wau.
Ing kalanipun taksih cêpêng damêl, sanadyan Masbèi Martaraharja punika mantri guru, katingalipun sajak ngêbrèh, botên sumêrêp ing petang. Nanging sajatosipun anggèning gadhah wêwatêkan makatên punika saking dhêdhasar rêmên têtulung. Kathah pitulunganipun masbèi dhatêng tiyang kasusahan, nanging wataking tiyang, dayaning pitulungan punika namung katingal ing kalanipun sawêg dipun tindakakên, salajêngipun sampun botên katingal malih.
Lêbaran namung kirang sawatawis dintên, ing griya taksih sêpên. Ing wanci dalu nyai mantri guru nuju dondom-dondom kawêdal panggrêsahipun: iki wis cêdhak Lêbaran, durung duwe apa-apa, ora bisa nganyarake prabot.
Masbèi mantri ingkang nuju maos sêrak[2] kabar wontên ngajêngipun ingkang èstri mangsuli sêsakecanipun: nyai, aja sok kelingan ing dhik jamane isih cêkêl gawe, kêrêp sêsrawungan karo priyayi akèh. Ing saiki wis pènsiyun, manggon wis sumingkir ana papan kang sêpi, măngsa anaa wong kang têka mrene. Yèn bisa, ya gawe apa kono saanane, ora usah ngaya-aya, prakara omah waton wis rêsik, rak uwis. Ngèlingana yèn pansiyunmu suda.
Nyai mantri: Ênggih sampeyan pak bèi, sakeca mawon, balik kula niki tiyang èstri ontêne mung rikuh. Napa ênggih yèn didhatêngi lare botên disuguh lan dipapanake sing sêkeca.
Masbèi: Kowe isih ajêg bae kaya ngono, ora gêlêm nyuda, pirabara marèni.
Nyai mantri: Wong anu pak bèi, yèn kula gagas-gagas, gih sampeyan kiyambak sing lêpat, kêngêbrèhên [kê...]
--- 1529 ---
[...ngêbrèhên] têng băndha, sarêng ontên prêlu, kapiran kiyambak. Hara cobi yèn kêribêdan ngètên niki, gêntos nêdha tulung têng sintên.
Masbèi kèndêl anggènipun maos, lajêng mapan anggènipun linggih, wusana wicantên: nyai, aja sok ngrasani lêlakon kang kêpungkur, alaa, bêcika, wis aja sok diungkat-ungkat, mundhak ora bêcik. Kowe ngèlingana uripmu saiki, aja tansah tumênga nyawang kaananing liyan.
Nyai mantri kèndêl kemawon, lajêng kesah saking ngriku.
Sampun dados wataking èstri ingkang kados nyai mantri guru, sabên wontên kalamangsanipun ingkang kados makatên, lajêng kèngêtan dhatêng gêsangipun kala rumiyin, nate sêsrawungan kalihan priyantun kathah, dipun sêpuh-sêpuhi para anèm, kados punapa rikuhipun manawi ngantos ewah saking padatan, harak ngisin-isini yêktos.
Mindhak dintên Lêbaranipun saya cêlak, radinan sangajênging griya anglur kangge langkung tiyang ingkang sami mlampah mantuk dhatêng pêkên, tăngga têpalih sacêlakipun ngriku sami mampir ngajak nyai mantri dhatêng pêkên. Kawontênan kados makatên punika tumrapipun nyai mantri adamêl botên sakeca ing manah. Makatên ugi tumrap masbèi mantri, sarêng sumêrêp sêsulakipun ingkang èstri kados makatên, inggih rumaos lajêng gorèh ing manah. Nanging sarèhning tiyang sampun ngumur, inggih namung dipun sabarakên saha nglêlipur dhatêng ingkang èstri, têmbungipun makatên: Lêbaran iki rak isih mênangi tanggal, ta, ya srantèkna besuk yèn wis tămpa dhuwit, andadak bae rak iya bisa.
Nyai mantri: Wong prakara ngètên kok dadakan, sawêg baune mawon ênggih êmpun botên kêcukup.
Masbèi mantri: Apa karêpmu aku koêkon utang-utang, bèn rêkasa. Sing sabar ta nyai.
Anggènipun ginêman tiyang kalih pating grunêng wontên salêbêting griya, pating glayêm sêsakecanipun, awit masbèi mantri kalihan nyainipun punika botên nate grêjêgan, ingkang ngantos kêmirêngan ing tiyang sanès.
Ing salêbêtipun ginêman wau, kêsaru wontên suwara: kula nuwun. Masbèi mantri lajêng mêdal, sumêrêp ingkang dhatêng wau abdi sêtenan, saha lajêng matur makatên: manawi dara putri badhe damêl dhaharan, dipun aturi sarêngan wontên sêtenan babar-pisan, supados mayar. Kalihan punika ngaturakên sêrat.
Masbèi mantri dèrèng ngantos mangsuli sampun dipun wangsuli saking nglêbêt: matura karo dara dèn ayu, aku durung karuwan gawe dhaharan: ya. Yèn sêla aku tak sowan dhewe.
Sawangsuling kengkenan, nyai mantri wicantên: ta, pripun niku, napa sampeyan gih botên lingsêm, sabotên-botênane, tilas priyayi niku ênggih têksih dirampèk priyayi. Napa sampeyan ajêng mung mêrêm mawon. La, niku wau sêrat napa.
--- 1530 ---
Masbèi mantri: Wong yèn lagi kojur, iki layang tagihan dhuwit tanggung jiwa, lowong sêsasi durung tak bayar, sapuluh rupiyah. Iki manèh tagihan layang kabar. Kabèh kudu ambayar têtulas rupiyah. We iki ana tunggale manèh. Hêm, wurung Lêbaran sida ngênês têmênan.
Nyai mantri: Kula rak êmpun matur: ta, lêngganan sêrat kabar: kèndêl, tanggung jiwa mêdal mawon. Sêrat kabar niku rak kêbêtahane tiyang sing têksih cêpêng damêl. Puruna ngampil têng sêtènan mawon, rak ênggih êmpun angsal.
[Grafik]
Bingah-bingah ing dintên Ariadi.
Masbèi mantri: We, hla, ing bab layang kabar, aku ora bisa pisah, nyai, yèn prakara nyilih nyang sêtènan, ora bisa. La kapriye, ta, malah layangku kabar iki sabên têkan kene wis lênyu, diwaos ing priyayi. Mêngko dhisik nyai, êlo, gilo, ana wisêle, saka Prawirakarta, sèkêt rupiyah. Dhuwit apa: ya. O, iya, iki dhuwit anggone nyilih dhèk dhèwèke kêslêpêk kêkurangan dhuwit. Iki manèh saka Tanjungpandhan. O, saka Darmin, klèrêk sing dhèk biyèn dadi tăngga kae, salawe rupiyah. Iki dhuwit sing kanggo ambayar dhokêr. Iki salawe manèh, saka ... Sumasastra. O, anu, si Surija. Kae ta nyai, bocah sing nyrèmpèt dhuwit dhèk barêngan ana sêpur, arêp nyang Surabaya.
Nyai mantri: Sampeyan niku criyos yêktos, napa gêgujêngan, ta.
Masbèi mantri: E, apa aku goroh. Malah iki ana loro manèh, nglimang rupiyah. Nah, saikapriye[3] nyai, iki pikolèhe wong sabar, ora ngira yèn tinêmune kaya ngene.
Nyai mantri: Dados artane ontên satus sadasa rupiyah, wah, gih êmpun kobèt bangêt.
Masbèi mantri: Banjur arêp koanggo apa. Mupung durung, bêcik dirêmbug dhisik.
Nyai mantri: Kajêng kula ajêng kula angge bêtah prêluning Lêbaran. Nanging kula manah panjang, kok eman-eman, bok gih ditanjakake sanèse mawon.
Masbèi: Sukur yèn kowe eling mêngkono, kowe ngrêti tanjaning dhuwit. Wis, ya, tak paranane mênyang nagara. Kowe mêling apa.
Nyai mantri: Mang tumbasake gêndhis tèh mawon kalih bubuk, kangge nyadhiyani tamu, panganane gampil.
Wanci sontên bêdhugipun andharêndhêng, nandhakakên sampun malêm Lêbaran, wiwit sontên sampun wontên lare gungêlakên long mrêcon, pating jlê-
--- 1531 ---
[Grafik]
dhor, punapa malih mriyêman karbit, jumêngglung kados ngorêgakên siti. Ing dalu kathah tiyang sanjan-sinanjan, kyai kaum tansah midêr anyangking sênik wadhah brêkat tuwin udhêng lami kangge wadhah kupat.
Enjing umun-umun, ing griya ngajêng panggenanipun masbèi mantri sampun katingal rêsik gumrining, wontên kursinipun goyang sakawan, katingal anggèning wangun kina, cocog kalihan ingkang ngênggèni ugi kêgolong priyantun kina. Wanci jam pitu masbèi mantri sampun mapan linggih wontên ing ngajêngan, kalihan anggagas ing bab lêlampahaning badanipun ngantos dumugining dintên Riadi wau. Ing ngriku èngêt wêwentehan kados taksih cakêt sadaya.
Botên dangu katingal wontên tamu dhatêng jalêr èstri mawi nyangking angsal-angsal, salajêngipun anglur tungka-tinungka tanpa kêndhat, ugi sami ambêkta angsal-angsal minăngka punjungan. Dangu-dangu kalêmpaking tamu saya kathah, ngantos kados tiyang gadhah damêl, sadaya tamu wau sami kados wontên ing griyanipun piyambak. Mênggah sayêktosipun paratamu wau ingkang kathah para tilas murid-muridipun masbèi mantri, sadaya sampun sami cêpêng damêl, dhatêngipun ing dintên wau sami èngêt dhatêng tilas gurunipun, ingkang rumiyin nuntun dhatêng sêsêrêpan, saha sami ngrumaosi anggèning sagêd dados tiyang, masbèi mantri ingkang anjalari.
Pancèn sampun padatan sabên Ariadi kathah tiyang ingkang dhatêng ing ngriku, nanging sagêdhagan punika thah[4] sangêt, botên sanès kêtarik saking anggèning masbèi mantri sampun mindhak sêpuh, panjanging yuswanipun anjalari saya dipun aji-aji. Kajawi saking tilas mantri guru misuwur, ugi kêtarik saking anggèning rêmên têtulung dhatêng sasami.
Dumugining dintên wau, tilas muridipun masbèi mantri wontên ingkang sampun pangkat agêng, wontên ingkang taksih sinau wontên ing pamulangan luhur. Ingkang sampun sami cêpêng damêl kathah.
Mila ing dhawahipun Ariadi wau kenging dipun upamèkakên, Masbèi Martaraharja ngundhuh wohing kasaenan.
--- 1532 ---
Manggih Margi Padhang.
Warsita : Kene: dhi, linggiha sing kêpenak, maju bae, dene kaya dhayoh. Iki mau saka ngêndi, awan-awan.
Sungkana : Iya saking griya bae. Saking wis lami ora sowan, kangên, mila tak prêlokake.
Warsita : Sukur, ta. Rak ya padha slamêt, ta.
Sungkana : Wilujêng.
Warsita : Kapriye kabare, saiki kowe nyambutgawe apa, lan apa kaundhakanmu sawise padha mêtu sêkolah.
Sungkana : Mindhake apa mas, iya mung mlarat. Saprana-saprene pados padamêlan durung angsal.
[Grafik]
...dhuwit têlung ringgit iku nyawa bêsar lo.
Warsita : Adhi, wong golèk pagawean iku yèn ora têmênan, lan yèn ora mantêp, mung bakal ora ana kawusanane. Lan manèh wong urip iku yèn tanpa petung, mêsthi rêkasa uripe.
Sungkana : Lêrês pangandikamu mas, lan tak wêwahi manèh, tiyang kang lagi apês, iku sadhawahe iya mung kojur, sapa bae kang tak cêlaki, padha ora rêna, sapa kang tak suwitani, anane mung gêthing.
Warsita : Iku bêcik elingana lan pikirên, lan pardinên supaya awakmu aja kabanjur-banjur anggone tiba kojur.
Sungkana : Iya ora kêkirangan pambudidayaku mas. Nanging tiyang iku yèn lagi dhawah apês, paribasane sukêt godhong dadi mungsuh.
Warsita : Kuwi goroh. Kuwi rak mung saka kurange sêtiyarmu, lan manèh saka kurang jêmbar wawasanmu. Coba kowe golèka rekadaya liya. Niyatmu aja mung arêp dadi wong nulis bae, daganga apa-apa, rak ya bisa.
Sungkana : Pancèn aku ya wis gadhah pamanggih mangkono. Mila sowanku iki yèn kaparêng, arêp nyuwun ngampil arta tigang ringgit bae, arêp tak angge pawitan sêsadean.
Warsita : Wah, dhuwit têlung ringgit iku nyawa bêsar lho, jamane saiki. Aku ora bisa nguwèhi.
Sungkana : Apa kamas ora pitados karo aku.
Warsita : Pitayane pitaya bae. Nanging ing wêktu iki dhuwitku lagi kanggo, lan upama tak potangake, iya tak arah supaya tumuli mulih babranahan, aja nganti uwaling dhuwitku saka tangan bakal gabug tanpa putra wayah.
Sungkana : Ayah, kamas iki têka kaya mênyang tiyang sanès.
Warsita : E, e, e, prakara dhuwit iku dhuwit,
--- 1533 ---
[Grafik]
dudu sanak. Kowe tak kandhani, wong kang arêp kêpenak uripe iku kudu wêruh petung, lan manèh, kajaba kowe wis ngaku dhewe dadi wong apês, tumrap panyrapatku kowe iku ora bakal dicakêti ing rijêki. Bêcik balia bae.
Sungkana : Iya gangsal-gangal bae.
Warsita : Cêkake aku wis ora bisa rêmbugan akèh-akèh, wis bêcik lungaa. Yèn kowe ora lunga tak oyahake asuku: lho.
Sungkana wangsul saking griyanipun Warsita kanthi sakalangkung nalăngsa ing manah, raosipun anjarêm. Pancèn tiyang punika manawi sawêg apês botên kadosa, punapa rekadayanipun botên wontên ingkang kadadosan. Saking judêgipun, Sungkana lajêng ambalayang. Lampahipun kêlunta-lunta ngantos têbih, sandhangan pating srompal, badanipun sami risak, wusana lampahipun dumugi ing pondhok pasantrèn agêng. Wontên ing ngriku Sungkana nêmbung badhe nyantri, ugi katampèn.
Wontên ing ngriku, sarèhning Sungkana santri enggal, sakalangkung anggèning ngasorakên badanipun, saking ngrumaosi anggèning pangawak apês, punapa tindakipun namung sarwa botên kalêrêsan. Malah bab makatên punika inggih kanyatan, salêbêtipun Sungkana wontên ing ngriku tansah tampi panyaruwening kănca-kancanipun, dipun parabi santri ingkang damêlipun namung ngarah pakolih, kasagêdanipun namung tadhah amin, kathah-kathah tindak ingkang sarwa ngrèmèhakên Sungkana. Dalah nama kemawon inggih kangge jalaran anggènipun badhe ngawon-awon, cariyosipun: botên wontên santri ingkang namanipun Sungkana, limrahipun inggih nama Kasan punapa sintên, nanging nama wau manawi mawi pangkon inggih sampun mungguh, dados nama sungkan, plêk kados kawontênanipun.
Sungkana dipun garap, dipun rèmèhakên, cêkakipun sanadyan dipun punapakna kemawon namung kèndêl, dangu-dangu jalaran saking matuhipun, ngantos botên kêraos punapa-punapa. Ungêl awon sae dipun anggêp sami kemawon.
Dangu-dangu kawontênanipun Sungkana ingkang kados makatên punika kauningan ing kyai, kyai ngalêm salêbêting batos, amastani bilih Sungkana punika gadhah dhêdhasar sae.
Satungiling dintên kyai lênggahan piyambakan, Sungkana dipun timbali saha dipun dangu makatên: wis pirang
--- 1534 ---
taun anggonmu nyantri ana kene, thole.
Sungkana : Petang kula sampun kalih taun langkung, kyai.
Kyai : Kapriye apa kowe wis krasan têmênan, lan apa kowe rumasa mundhak kawruhmu. Yèn ana kêkurangane iya gêgosokana karo kancamu santri, aja pakewuh.
Sungkana : Saking pangèstu panjênêngan, kathah indhaking sêsêrêpan kula ingkang lantaran gêgosokan kalihan sadhèrèk santri. Wontên kula ing ngriki kula sampun kraos yêktos.
Kyai tansah ngalêm ing batos, katingal titikipun bilih Sungkana manggih margi padhang, sanadyan kyai sampun sumêrêp dhatêng kawontênanipun Sungkana, ewadene Sungkana namung ngalêmbana dhatêng kănca-kancanipun. Kyai ngandika: Sungkana, wiwit saiki kowe tak mijèkake dadi juru ngisèni padasanaku lan padasane nyai.
Sungkana : Sandika kyai.
Wiwit punika para santri ing ngriku lajêng sami marabi dhatêng Sungkana: santri gênthong, dupèh padamêlanipun ngisèni padasan. Nanging Sungkana dipun parabana punapa kemawon, inggih namung kèndêl, malah bab punika inggih ngantos kamirêngan kyai tuwin nyai. Nyai ngantos kêwêdal ucapipun: mêsakake.
Tiyang punika manawi sawêg dhawah kojur, dipun reka-rekaa kados punapa, inggih namung dhawah kojur kemawon. Kosokwangsulipun manawi sawêg bêgja, dipun punapak-punapakna inggih dhawah bêgja kemawon. Ing sapunika Sungkana sawêg dhawah bêgja, sawarnining pandamêl awon ingkang angèngingi piyambakipun, malah dados borèh wangi.
Awit saking kaparêngipun kyai, Sungkana dipun pêndhêt mantu, angsal anakipun èstri pambajêng, warninipun ayu, dhasar bêkti dhatêng laki. Ing ngriku tumrap para kănca ingkang gêthing dhatêng piyambakipun, ngantos kêwêdal ungêlipun: luwung mati tinimbang wêruh si santri gênthong dadi mantune kyai. Malah wontên santri ingkang lajêng minggat, saking botên kuwawi nyumêrêpi kabêgjanipun Sungkana.
Kabêgjanipun Sungkana dèrèng dumugi namung samantên. Sarêng kyai nyumêrêpi mantunipun sampun nyêkapi kasagêdanipun, lajêng dipun pasrahi padamêlan dados pambantunipun, saha sarêng kyai ngajal, lajêng têtêp anggêntosi dados kyai wontên ngriku, karan Kyai Kêpoh, manut dhatêng namaning dhusun, anggèning dados kyai ngantos dumugi sêpuh.
Pasantrèn ing Kêpoh misuwur dumugi ing pundi-pundi, kathah santri ingkang mondhok wontên ing ngriku. Dayanipun asrêp, para santri sami katrêm manggèn wontên ing Kêpoh. Kyai ing ngriku misuwur anggèning ambêg wêlasan, manawi wontên tiyang papriman dipun sukani punapa-punapa, malah dipun pituturi sae, saha botên kirang tiyang priman ingkang lajêng tumut dados santri wontên ing ngriku.
Ing satunggiling dintên, nuju dhawah dintên Lêbaran, Kyai Kêpoh dipun primani ing tiyang sampun sêpuh, badanipun kêra, têmbungipun: kyai kula nyuwun têdha.
Sampun dados watakipun kyai manawi mirêng têmbung makatên punika manahipun kêraos ngêrês, inggih lajêng dipun sukani tuwin mituturi: ing ngêndi-êndi Pangeran [Pa...]
--- 1535 ---
[...ngeran] tansah pêparing, wong kang nuju nampani kasusahan, ditămpa kalawan sukuring ati, awit kasusahan iku ora langgêng.
Tiyang priman[5]
Kyai : Êlo, apa kowe ngrasakake marang gunêmku. Mrene-mrene, ayo padha linggihan. Kyai lajêng lênggah piyambakan kalihan tiyang priman, saha nglajêngakên ngandika: pancèn nyata kasusahan iku ora langgêng. Wis pirang puluh taun, ta, anggonmu nglakoni susah.
Tiyang priman[6]
Kyai : Gene durung suwe. Apa kowe iya wis tau nglakoni bungah.
Tiyang priman[7]
Kyai : Sabanjure kapriye tumêkane kowe nganti nglakoni priman iku.
Tiyang priman[8]
Kyai : Wis, aja kêpanjang-panjang Kakang Warsita, kabèh iku padha tampinên kalawan kajêmbaraning panggalihmu, bèn angsal dalan padhang.
Tiyang priman[9]
Kyai : O, Kakang Warsita, aku iki Sungkana, kancamu dhèk biyèn, bangêt panarimahku dene sariramu dhèk samana sagêd nuntun dalan padhang. Ing dintên Ariadi iki aku sagêd pêpanggihan manèh, muga dadia lêlantaran padha manggih dalan padhang. Wis saiki aja pakèwêd, sariramu anaa kene bae.
[Grafik]
...pancèn nyata kasusahan iku ora langgêng.
Tiyang priman[10]
Kyai : Satêmêne ora ana lêlampahan kang sinupèkake. Prasajane pangandikamu, kang atêgês angakoni kaluputan, iku sawijining kabêgjan. Wis, kabèh lêbura ing dina Ariadi iki.
--- 1536 ---
Nyuwargakakên Tiyang Sêpuh.
Nuju wanci jam tiga siyang, ing palabuhan Tanjung Priuk katingal sakalangkung rame, untabing tiyang ingkang badhe kesah layaran dhatêng tanah Sabrang, Singgapura tuwin Bêlawan (Dhèli) katingal tanpa kêndhat, awit ing dintên wau wanci jam sakawan sontên, kapal gadhahanipun K.P.M. badhe bidhal layaran dhatêng Bêlawan. Sarêng sampun wanci jam satêngah sakawan sontên, ing êdhèking kapal sampun kêbak tiyang, wontên ingkang sagrombolan kathah manggèn ing perangan ngajêngan, katingal wontên tiyangipun ingkang nyêpuhi, kadosdene anjagi, inggih punika golonganing tiyang ingkang sami badhe nyambutdamêl ing kabudidayan ing Dhèli.
Têtiyang ingkang grombolan wau wontên ingkang katingal bingah, wontên ingkang sêmu susah, sadaya sami katitik saking solah-tingkahipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika dados pratăndha bilih bingah susahing tiyang punika tansah sumandhing.
Sarêng jam sakawan, sêmpritaning kapal ambêngung, dados sasmita manawi kapal sampun badhe bidhal. Para tiyang ingkang badhe numpak ingkang taksih wontên ngandhap sami minggah, kosokwangsulipun para tiyang ingkang sami wontên kapal anguntapakên sadhèrèk, sami dipun sukani sumêrêp dening punggawa kapal, kapurih sami mandhap. Andhapipun para tiyang ingkang nguntapakên wau katingal sami gugup, dening kasamaran manawi katut kabêkta kapal.
Botên dangu kapal ambêngung ingkang kaping tiga, dipun sarêngi gumlêdhêging suwaranipun mêsining kapal wiwit lumampah, wusana kapal lajêng oncat saking lambening dharatan, lampahipun alon-alon tumuju dhatêng têngahing sagantên. Kumlawening tangan tuwin kacu pating klabèt dados sasmita anggèning sami pêpisahan, dangu-dangu saya têbih saya têbih, wusana saking kapal namung kantun katingal janggêrênging palabuhan.
Antawis jam gangsal, kapal sampun kampul-kampul wontên satêngahing sagantên agêng, dharatan ingkang kantun lamat-lamat katingal dilahipun pating galêbyar, dilahipun ing manara katingal dados ancêr-ancêring margi ing lautan.
Ing salêbêting kapal kados pêpindhaning kampung, têtiyang ingkang numpak sami papanthan, wontên ingkang sami sănja-sinanjan, takèn-tinakèn pinăngka tuwin badhe kesahan dhatêng pundi.
Ing ngriku wontên tiyang jalêr anèm, ing sêmu katingal susah, linggih piyambakan wontên sacêlaking canthik ngajêng. Tiyang wau lajêng dipun purugi ing matrus ingkang nuju sèrèn botên nyambutdamêl, saha sampun dados padatan, punggawa ing kapal punika sami gapyak dhatêng para tiyang ingkang sami numpak, ngrumaosi kadosdene tiyang ingkang gadhah griya.
Matrus apitakèn: mas, sampun susah ing panggalih, numpak kapal punika ingkang sênêng kemawon. Sampeyan punika saking pundi, badhe tindak pundi, tuwin kaparênga pitakèn, nama sampeyan sintên.
Tiyang ingkang dipun pitakèni masêm, saha mangrêtos [mangrê...]
--- 1537 ---
[...tos] manawi pasêmonipun katingal, lajêng mangsuli: O, sadhèrèk, nama kula Sukarta, asli saking Madiun, badhe kesah dhatêng Singgapura, prêlu sinau badhe pados têdha.
[Grafik]
Sêsawangan palabuhan ing Tanjung Priuk.
Matrus: Nama kula Amad. Wah, sadhèrèk, kula piyambak sampun ngraosakên tiyang gêsang wontên ing saba paran, dhatêng manah rêkaos, nanging dangu-dangu manawi sampun kulina, inggih sakeca kemawon. Malah ing sapunika kula rumaos sênêng nyambutdamêl wontên ing kapal, ingkang rintên dalu namung kompal-kampul wontên ing sagantên. Bokmanawi sampeyan samantên ugi, benjing manawi sampun kulina, wontên ngrika-ngriki punika sami kemawon. Ing sapunika mugi katêntrêmna ing panggalih.
Ing sanalika Sukarta karaos padhang ing manah, ungêlipun Amad ingkang kados makatên wau tinampi dados sêsuluh. Wusana lajêng pêpisahan.
Mênggahing lêlampahan, tiyang ingkang nuju kêpêtêngan manah, punika pancèn nyata wontênipun namung sarwa rupêk. Mila prêlu pados gosokan kalihan tiyang sanès, awit rêmbaging liyan punika kalamăngsa ugi wontên damêlipun. Inggih kados lêlampahanipun Sukarta punika.
Lampahing kapal sampun cêlak kalihan palabuhan Singgapura, Sukarta ngantos sumlêngêrên ningali dhatêng agênging palabuhan, saya sarêng sumêrêp untabing tiyang, Sukarta rumaos kados wontên salêbêting jaman supênan.
Sukarta mandhap saking kapal calingak-calinguk kados tiyang bingung, wusana dipun purugi ing tiyang ingkang lajêng ngajak sêsalaman, Sukarta lajêng nyèlèhakên bêktanipun, nyandhak tanganipun ingkang ngajak salaman, tuwin mungêl: tujunipun sampeyan sagêd pinanggih, kula sampun botên ngintên manawi kakang sagêd madosi kula, awit untabipun tiyang kados makatên.
Kasansari (namanipun tiyang ingkang mêthuk): Manawi sampeyan madosi kula, tamtu botên pinanggih, nanging kosokwangsulipun manawi kula madosi [mado...]
--- 1538 ---
[...si] adhi, gampil kemawon, awit titikipun gampil, pinanggih wontên ing clinguk.
Sukarta lajêng dipun ajak Kasansari dhatêng griyanipun, griyanipun alit, manggèn ing griya sewan, rupêk, nanging katingal titikipun manawi tiyang kêcêkapan. Kasansari lajêng wicantên: Adhi, inggih ingkang sabar ing panggalih, anggèn sampeyan kêdukan ingkang rama, dipun tampia kalihan eklasing manah, sampun pisan-pisan katampi sêrik, awit bapak Karya Sukarta punika priyantun sêpuh. Sapunika adhi wontên ing ngriki, nama sampun wontên ing purug, badhea nyambutdamêl punapa kemawon, botên prêlu lingsêm, sampun ngèngêti dados putranipun priyantun sugih, malah sapunika masuha sarira, namung ngèngêtana, prêlunipun pados têdha.
Sukarta: Ing ngajêng kula punika pancèn inggih kêgolong mursal, saking ngèngêti dados anakipun tiyang sugih, wontên kula namung sarwa ambucal. Ing nalika dèrèng èngêt, kula rumaos, manawi sêdya kula punika namung dipun alang-alangi. Nanging sarêng ngèngêti bilih kula punika kirangan pangajaran, inggih lajêng trimah, saha inggih lajêng mangrêtos bilih kajênging tiyang sêpuh punika namung ngudi supados anakipun dados tiyang linangkung. Dados anak ingkang sakula punika, botên anêrusi damêl sênênging tiyang sêpuh. Lajêng padamêlan punapa: kakang, ingkang ing ngriki sakeca.
Kasansari: Wah, ing Singgapura botên kêkirangan padamêlan. Nanging dhi, padamêlan ingkang kula tindakakên punika nistha, sade sate. Ing sapunika adhi prayogi kula dongèngi rumiyin. gampiling-gampil, tuwin enggalipun kêcêkapan wontên ing ngriki, punika botên kados tiyang sade sate. Kula cariyosi, tiyang sade sate ing ngriki punika wontên sudagaripun agêng, punika ingkang ambage padagangan dhatêng para idêr, punika mawi gadhah golongan piyambak, manut nagarinipun. Kados adhi, punika asli Madiun, manawi badhe sade sate, sudagaripun agêng inggih asli Madiun, punika kula. Anèhipun cara ing ngriki, punika saupami wontên ingkang badhe minggah kaji, cêkap dipun waragadi ing golonganipun tiyang sade sate.
Sukarta: Manawi ngatên, punapa kakang punika sampun kaji.
Kasansari: Inggih sampun, malah sadhèrèk sade sate ing ngriki punika ingkang sampun dados kaji langkung sapalih.
Sukarta: Inggih kakang, badhe punapa malih manawi kula lumuh anglampahi padamêlan sêsadean makatên, kula inggih badhe nglampahi.
Sukarta anggèning nglampahi sade sate sampun tigang taun, kapetang sampun dados tiyang cêkap, malah sampun gadhah sêdya badhe minggah kaji, kantun ngêntosi sataun malih, kalêrês angsal giliran tampi waragad saking kănca-kancanipun.
Nuju ing wulan Siyam, Sukarta anggèning sade sate idêr ing wanci dalu, sabên mêdal, botên dangu lajêng têlas. Saking pajêngipun anggèning sêsadean, nyarêngi kalamangsanipun kalêrêsan, Sukarta badhe dados sudagar sate agêng, namung ngêntosi [ngê...]
--- 1539 ---
[...ntosi] Kasansari samăngsa sampun wangsul dhatêng nagarinipun ing Madiun.
Ing satunggiling dalu, nalika Sukarta nuju idêr sate, dipun undang tiyang sêpuh badhe dipun tumbasi. Salêbêtipun Sukarta ambakar sate, ginêman kalihan ingkang tumbas, ngraosi kamajênganipun tiyang sade sate ing Singgapura.
Tiyang ingkang tumbas wicantên: Ênggih nak, rijêkining tiyang niku tinêmu saênggon-ênggon, botên beda kaya lungane bandhane uwong. Kaya kula niki dhèk biyèn kêcukupan, malah êmpun kêna diarani wong sugih. Nanging barêng băndha niku ajêng lunga, botên kurang marga, sêtiyar tanpa gawe. Kula duwe anak mursal, dhêmên ngawut-awut dhuwit, kêlakon kula tundhung, lunga botên karuwan, jalaran saka kula isin duwe anak botên dadi uwong. Salungane anak kula barêp, banjur andandani adhi-adhine, supaya bisa dadi uwong, tinêmune malah padha ambuwang, ngungkuli sing êmpun botên ontên, băndha saya suda, suwe-suwe mèh êntèk, bojo banjur ngênês, mati. Wah, botên karu-karuwan susah kula, bojo botên ontên, anak botên kêna didandani. Pun, kula banjur ambundêrake tekad, ajêng munggah kaji, sangu sacukupe. Dilalah kula kapusan, agon[11] kula munggah kaji mung kêtug Singgapura ngriki, sangu pun êntèk, ajêng bali botên bisa, ajêng wontên Singgapura ngriki, gèk nyambutgawe napa.
Sukarta anggènipun ambakar sate ngantos gosong, saking kêtungkul anggènipun mirêngakên dongengan wau. Malah lajêng ngingêrakên dilahipun, undhukipun kaprênahakên badanipun, salajêngipun sênggruk-sênggruk nangis, kalihan wicantên: punapa sampeyan saupami pinanggih putra sampeyan ingkang sampun kesah punika botên kêsupèn.
Tiyang ingkang tumbas wau lajêng ngadêg nyêlaki, ngingêrakên padhanging dilah namatakên dhatêng Sukarta saha lajêng wicantên: atiku wis krasa, o, kowe anakku: Sukarta.
Sanalika ngriku Sukarta inggih lajêng mungêl: o, bapak.
Anggèning pêpanggihan tiyang kalih sami kêraos-raos ing manah, wusana lajêng kasaru andharêndhênging bêdhug Lêbaran, Sukarta amboyong bapakipun. Enjingipun sami bingah-bingah Ariadin. Sami suka sukuripun.
Sanès wulan, Sukarta saèstu minggah kaji kalihan tiyang sêpuhipun kanthi waragad piyambak. Wangsulipun saking Mêkah lajêng dhatêng Madiun, sami dados tiyang ayêm.
Manawi ngèngêti lêlampahan ingkang kados makatên punika, tiyang punika botên sagêd damêl panjăngka badhe kadadosanipun lêlampahan ing wingking, awit lêlampahan ingkang dipun ăngka-ăngka, ing wingking pinanggihipun malah malèsèd, sarêng ingkang botên dipun kintên-kintên, malah kêpêthuk. Mila tiyang punika manawi dipun wawas, gêsangipun namung kêbak dosa, dening wontênipun namung nguja kamurkan. Mila manawi nuju dhawahing dintên Ariadi makatên punika wajib dipun èngêti, nglêbura dosanipun.
--- 1540 ---
Pêpacangan Salêbêting Ariadi.
[Mijil]
sênênging tyas kang rasa ngênani | lir wulan tumrontong | mawèh sêngsêm sumilak langêne | ing sasolah anggung mirênani | rarasira kadi | rukêt kupu tarung ||
sumilaking ari ingkang rêsik | wrata sagon-ênggon | sêsawangan adi tan ginawe | tumusira tumuntum mring ati | rasa ambobot sih | ngrênani kalangkung ||
dhumawahing Bakda Ariadi | rasa kang mangkono | sakèh suka kasok wutah kabèh | sakèh cipta kang sumimpên batin | nyarêngi kalair | tan ana kang kantun ||
para anom kang animpên wingit | rasaning tyas kasok | antuk bagya dene ari mangke | saru-sikunira samya nisih | awit winêngku ing | kang ari panglêbur ||
kang mangkana sayêkti nêrusi | lir rasèng sakloron | kang wus dangu ing pêpacangane | miwah samya pêpisahan têbih | dhawah ing Riadi | pinarêngkên kumpul ||
labêt saking wus kulina lami | pêpisahan adoh | kalanira pêpanggihan mangke | ananira mung sarwa ngênani | kasok rasaning sih | angrêmbaka tuwuh ||
watak wantu tataning taruni | kang pinangguh mangko | rasèng trêsna wus kinandhut dhewe | sêngsêmira samar tan katawis | tatanira titis | tan ruwêt tumpang-suh ||
sakarongron alênggah tan têbih | sawangan tan pêdhot | manggon anèng papan kang andhewe | datan kêndhat ngucap kaduk manis | ingkang priya trampil | alon dènnya muwus ||
rasaning tyas tibaning Riadi | kaya rasa kasok | gonku bisa katêmu lan kowe | nora ngrasa kalêt-lêtan sasi | malah kongsi lali | wus pisah sataun ||
kang mangkono pangajapku Srini | biyèn praptèng mêngko | datan pêgat sarina wêngine | lan mêminta bisaa lêstari | mrih ing têmbe buri | kalakona mêngku ||
luwih abot rasane nyanggêmi | uni kang kawiyos | awit mungguh Srini satêmêne | utamane wong amêngku krami | ing têmbe ywa kongsi | arasa kaduwung ||
pambobotmu kang rasa pratitis | kang dadi patukon | kang wus nyata sinaksenan kabèh | para [pa...]
--- 1541 ---
[...ra] sêpuh têtêp ing panggalih | kaparêng mastani | jujuring sêtyaku ||
dadi yèn ta aku anyidrani | iku bangêt katon | prasêtya kang tan ana wujude | sirna nabêt wataking taruni | kang ingaras bêcik | kabèh ilang larut ||
Rara Srini mèsêm amangsuli | ucapira alon | iku apa ucap apa dongèng | kongsi angèl gonku anggolèki | tibane ing dhong-dhing | nganti kêsêl aku ||
priye ta Mas Priya aku iki | sanadyan wong wadon | kaya-kaya iya padha bae | tinêmune panggagasing ati | nora kêndhat muji | nyang kaslamêtanmu ||
kang tak ajap ing rina lan wêngi | bisaa kalakon | rêruntungan karo sarirane | ing samêngko tibaning Riadi | aku angaturi | sugêng sariramu ||
Radèn Priya mèsêm amangsuli | ujar kang mangkono | panampaku krasa abot dhewe | pamujimu iki anêrusi | lan bisa nyranani | nuwuhke rahayu ||
ora liwat mung puji-pinuji | aku ya mangkono | tumibane ing Riadi kiye | tinêmua salamêt ya Srini | sirnaa saiki | uniku kang nglantur ||
datan kêndhat sêngsêmirèng kalih | anggung agêguyon | kongsi lalu mung arasa supe | ing wusana patêmbayèng ati | lêstari pinuji | kasêmbadanipun ||
têtêp titi tibaning Riadi | minăngka pasêmon | sanggyèng sêdya kang tumuwuh sae | kasawaban kabarkah nêrusi | tinêmu basuki | ing sadayanipun ||
ing pamawas traping jalu èstri | kang tinêmu ngono | aywa amung kandhêg sêngsêm bae | umèngêta mring kasidan bêcik | mrih dadya naluri | kautamanipun ||
[Grafik]
--- 1542 ---
Ambadudung Ing Dina Lêbaran.
[Sinom]
ing dina Lêbaran ana | wong anom loro palêsir | omahe padha ing desa | loro pisan dadi carik | siji awake mêsi | mung wêtênge amalênthu | kêna dianggo tăndha | mênyang ulah raga wani | mung nyatane ulahe raga mêmangan ||
jênênge Mas Sastrarêja | nanging jênêng sing kêcangking | Sastra Gandhos awit saka | kêgawa lêmune kuwi | awake mlênuk nganti | kaya gandhos kêbul-kêbul | andèkna ngrasa brêgas | yèn nyăndra awake mêsthi | yèn wayanga wis plêk Radèn Gathutkaca ||
sing siji dêdêge jajag | mung awake rara bêngkring | jênênge Sastra Kantaka | gone milih jênêng kuwi | saka durung mangrêti | kantaka têgês sumaput | kaduke kang agarap | Dèn Sastra sok diparabi | diunggahke arane Dèn Sastra Seda ||
nadyan Dèn Sastra wis tuwa | isih rada kaduk brai | lan manèh nadyan wong lanang | lambene sok dibèngèsi | yèn ana wong ngruruhi | diwangsuli lan angguyu | jare digawe tăndha | bèn dikira sugih dhuwit | awit nyata abanging lambe katara ||
dhèk biyèn mung sêbutan mas | nanging sabanjure salin | mung manut ombyaking warta | yèn sêbutan radèn kuwi | iya kêna diudi | waton isih turun urut | măngka mungguh Dèn Sastra | pancèn tlêcêr Majapait | mung kuciwa durung lapur nyang nagara ||
kocap nuju dina Bakda | pyayi carik loro kuwi | padha ajak-ajak dolan | nyang gone sobat-sobat thing | wiwit malêm Riadi | uwis ora bisa turu | jalaran ora kêndhat | mrana-mrene akêndhuri | nganti mèh byar ngêpunge durung warata ||
kêsundhul uwis êmèh byar | Mas Sastrarêja nyang kali | adus slulup karo matak | puji adus andrêmimil | niyat ingsun ngêdusi | iya awakku sakojur | bisaa katon êmas | gumêbyar kaya disangling | niyat ingsun ing saiki arêp mêntas ||
têkan ngomah banjur dandan | nganggo jarik garis miring | lagi mêtu saka sogan | uwis diwiru malipis | ananging durung mati | barêng diênggo ambyar byur | nanging iya puwungan | wirone kêna dicangking | ngiras cincing ngetokake kathok anyar ||
sabuk kêsting putih mêmplak | èpèk irêng ambathithit | ya wis rada kaduk dawa | mung ukure amblenjani | ora bisa nututi | lan wêtênge kang anjêmbluk | iya rada dipêksa | lèrèp mung nylêmpit sathithik | nyang ambêgan wêtune rada rêkasa ||
klambine irêng atelah | kêgolong diêmi-êmi | awit tinggalane simbah | wis rada sêsak saiki | bênike sing kêmancing | mung loro kang ana dhuwur | sing têlu ora bisa | nanging iya malah bêcik | ambalêdhèh ngetokake yèn wong drêmba ||
ikêt ompak sêtoprêsan | ketok ora pati brai | trape mung trima blabagan | nanging malah amantêsi | nganggo topi koboi | kaca mripate gumandhul | awit rada kêtuwan | yèn nyawang trima malirik | udut srutu êmung digawe wiraga ||
dene Dèn Sastra Kantaka | pancèn bêsus wiwit cilik | apa kang disandhang brêgas | satibane mung mantêsi | dhasar kaduk birai | nganti lali mênyang umur | nganggo bêbêd buntalan | jas tutup putih mathinthing | ikêt blangkon jebehan kaya jêjaka ||
topi hèlmud anam pandhan |
--- 1543 ---
nganggo pita biru pèni | têkên ora tau pisah | yèn kêkandhan angêcuwis | tangan srawean masthi | kaya wayang lulang tarung | wong loro nuli mangkat | sadalan-dalan ngrasani | bab ramening kêndhurèn malêm Lêbaran ||
mase Sastrarêja kăndha | saiki lunga nyang ngêndi | apa plêsir nyang nagara | apa êmung klilang-kliling | Sastra Kantaka muni | sêrune sajak ambêkuh | priye mênyang nagara | sapa ta kang dipamèri | ing nagara ora kurang uwong ala ||
Sastrarêja mengo ngiwa | clathu guyune nututi | aku ora pamèr brêgas | aku uwis ngrumasani | gêdhe ora mêdèni | beda karo kowe iku | mung raganganmu tuwa | batin isih ngrumasani | ênom kaya jaka kang kumala-kala ||
Kantaka angguyu ngakak | sêmbrana ya kowe kuwi | ngarani sing iya-iya | uwis bêcike saiki | mubêng-mubêng marani | turut ing desa kang kêmput | wiwit saka Kalesan | Gombang mampir lan Têlingsing | menggok ngetan nyang Bagor ngalor Tumpukan ||
wong loro mau barêngan | wusana nuli miwiti | têkan ing desa Kalesan | mênyang omahing patinggi | kabênêran dhèk kuwi | mas lurahe nuju lungguh | barêng ana wong têka | grawalan bungah ing ati | karo kăndha dene iki para Sastra ||
kene adhi ambacuta | dene kaya diêntèni | gilo panganane dhacah | pancèn bakayumu main | Lêbaran dina iki | dipêng gone gawe suguh | ngombene wedang apa | soklat bae apa kopi | yèn wedang tèh anane mung sanga-sanga ||
Sastrarêja kalecêman | dhasar uwis rada salit | nuli amangsuli kăndha | inggih tèh mawon rumiyin | wingking soklat lan kopi | mas lurah bungah angguyu | hahak dhimas Sastrarêja | ambak wong ngrêsêpke ati | wis majua kabèh bae kene ana ||
[Grafik]
...tangan srawean masthi, kaya wayang lulang tarung...
nuli barêng ngombe wedang | tandang anggone ngladèni | sêpèkuk disigar mak byak | diiris sadriji-driji | Sastrarêja ngrahabi | lap-lêp kaya mangan pohung | bok lurah mênyang jaba | wêruh dhayohe ngrahabi | bangêt bungah nyarake panganan liya ||
Sastrarêja nuli nyêla | cangkêm kêbak karo muni | bak ukamah bêki kuwa | Sastra Kantaka nyêlani | sing sarèh bae dhisik | mêngko yèn pêdhot gulumu | bok lurah bangêt bungah | karo mangsuli nyêkikik | gih-gih adhi bangêt panarima kula ||
bok lurah banjur nyang ngomah | ora suwe ketok bali | ngêtokake suguh [sugu...]
--- 1544 ---
[...h] mangan | opor pitik sêmur daging | êndhoge pating glindhing | kupate nganti satumpuk | bok lurah nuli kăndha | măngga adhi mupung enjing | semekana padharan murih sakeca ||
Sastrarêja dhasar drêmba | pancèn rahabe ngluwihi | kupat sapuluh sablasan | opore pitik sasisih | dhog pirang-pirang glindhing | dhasar nyang bumbune mathuk | sarampunge sarapan | Sastrarêja gèdhèg ririh | satêmêne ngiras ngunjalke ambêgan ||
wise sarèh sawatara | êmung kari pringas-pringis | wong loro nuli pamitan | rèhne wis tinêmu bêcik | mas lurah anglilani | karo muni nuwun-nuwun | Sastrarêja ngadêg nyat | awake gumèndhêl isi | obah lambung ngiras anglongklok kandhutan ||
nuli ambacut nyang Gombang | lakune arêndhêt rindhik | ambêgane durung sêla | isih kêpêpêtan isi | Sastrarêja ing batin | rada tak êpêng manganku | ora suwe wis têkan | Sastrarêja dhèhèm lirih | ora suwe lawange wis ketok mênga ||
wong loro linggih pandhapa | sing duwe omah nêmoni | tanggape sarwa prasaja | ketok ngrêsêpake ati | mung rada kurang uni | nuli suguhane mêtu | sêga iwak adhacah | ngono watake wo[12] tani | mrêlokake nyuguh dhayoh iku sêga ||
dhayoh loro jêjawilan | karêpe wis padha ngrêti | arêp mangan uwis wêgah | ananging upama nampik | jênêng nampik rijêki | cara tani rada lumuh | mula sabisa-bisa | rekane rada ngrahabi | cimak-cimik mung klumpuke antêm krama ||
Satrarêja mangap-mangap | mêlaring lambung ngluwihi | sabuk singsêt kêncêng ngayang | nyang wêtêng krasa ningsêti | sêsambat bisik-bisik | yake arêp mati aku | wêtêngku krasa sêbah | Sastra Kantaka anggigik | ya sarèhna mêngko ngaso anèng kana ||
barêng uwis sawatara | uwong loro padha pamit | wayah bêdhug andharandhang | lakune thimik-kêthimik | kringêt gumrobyos mili | Sastrarêja nuli clathu | mêngko nèng mampir kana | aja ewah-ewuh lho dhi | kăndha bae arêp angaso sadhela ||
ora suwe uwis têkan | omahe lurahing mampir | isih klêbu rada akrab | ana kono ketok sêpi | ananging ora isin | banjur baludhus malêbu | mapan salu pandhapa | Sastrarêja mêmpis-mêmpis | nuli turon kobèt anèng ambèn ămba ||
ambêgane rada dawa | karo muni bisik-bisik | wis padha mênêng bae ya | iki kok sajake sêpi | Kantaka anjêgigik | ngono kuwi jalukanmu | gênah nuju Lêbaran | sabên mangan koturuti | ora bêdhah wêtêngmu wis pira-pira ||
ora suwe ana swara | ing jawi niku sintên gih | nywara lirih Sastrarêja | Sastra Kantaka dijawil | lho bakyu lurah kuwi | nuli bok lurah jumêdul | nginguk saka ing lawang | banjur pêtrèk-pêtrèk muni | ora gênah wong mêdhayoh lumah-lumah ||
padha saka ing ngêndi ya | dene angêgèt-êgèti | kakanganmu lagi lungan | uwis penakna kono dhi | rak dha luwe ta kuwi | kêsêl awan-awan mlaku | sêsambat Sastrarêja | kene patiku saiki | tak tampika mêsthi ana uni ala ||
bok lurah dhasar trêngginas | tandange kaya srigunting | sadhela wis mêtu pêpak | bikut anggone ngladèni | ambênge ditandhuki | wis kono dhi padha maju | kuwi Si Sastrarêja | sajake
--- 1545 ---
rada kêlantih | cilik mula pancèn tanah bocah drêmba ||
iki Dhi Sastra Kantaka | athik nganggo cimat-cimit | atiku rak bangêt bungah | kowe padha anêkani | wis mupung Ariadi | êntèkna kabèh suguhku | kuwi Tra rahabana | pokahên pupune gêndhing | karêmanmu lan kuwi ati rêmpêla ||
bakyune lurah atandang | byak-byuk didokok ing piring | ajange Mas Satrarêja | karo juwèh ngacarani | diêntèkke lho kuwi | mêngko yèn mati kuthukmu | Sastrarêja rêkasa | mung kêpêksa angrahabi | bubar mangan thilêk-thilêk tanpa swara ||
wise ngaso sawatara | Dèn Sastra Kantaka pamit | Sastrarêja tanpa kăndha | mung kari milu kêkinthil | malah sawise sêpi | nèng dalan anjaluk tuntun | karo alon akăndha | uwis wis saiki mulih | aku isih kapengin umur kang dawa ||
nanging mêngko aja kăndha | kabèh lêlakonku iki | yèn kowe nganti kăndhaa | mêsthine aku rak isin | wahne bakyumu kuwi | rada wani mênyang aku | mêngko sida dikrampyang | aja kăndha tênan ya dhi | dèn Kantaka mung nyêkikik tanpa kăndha ||
barêng satêkaning ngomah | bok Sastrarêja ngêntèni | ngaglah ana ngarêp lawang | durung-durung wis ngunèni | alus nanging cumlêkit | iki lagi padha kondur | idêr Ariadenan | Sastra Kintaka[13] mangsuli | mangke kriyin bakyu sampun lajêng duka ||
punika wau kêng raka | wontên margi masuk angin | bok Sastra muni la apa | wêtêng kothong digo plêsir | lho la kok nglèntroh kuwi | apa kêna angin dhudhuk | bok Sastra nuli tandang | enggal arêp angêroki | Sastrarêja dilumahke ana jogan ||
wêtênge kêncêng abêngka | timang angèl diuculi | dibêthot èmpèke sêmpal | sabuk nuli diuculi | wêtênge dimèk-mèki | atos kêngkêng kaya watu | sing wedok tarataban | ngira yèn bakal bilahi | karo muni iki mau kêna apa ||
iki rak saka sêmbrana | ngambah papan wingit-wingit | banjur diambah jag-jagan | ora ngrêtia yèn dhêmit | uga padha Riadi | yake ngidak anak inthuk | setane ora nrima | ususmu banjur diuntir | dadi busung wêtêng mlêmbung kaya kêndhang ||
watake bok Sastrarêja | ngandêl bangêt mênyang dhêmit | banjur enggal ngobong dupa | karo muni umik-umik | setan-setan lan dhêmit | aja angganggu bojoku | kana padha lungaa | tak uwèhi sêga putih | wis baila aku ora apa-apa ||
na rak bisa ambêgan ta | gilo rada kêndho thithik | Sastra tansah ngampêt napas | saka arêp guyu isin | Sastra Kantaka ngrêti | guyune mêtu cumlêguk | nêsu bok Sastrarêja | muni karo anudingi | pancèn kowe sing marai ora gênah ||
kuwi jênêng ora tata | uwong susah dièsêmi | dadi ing batine bungah | yèn bojoku nganti mati | Sastra Kantaka muni | sarèh-sarèh kriyin bakyu | ingkang raka punika | botên mosak-masuk angin | yêktosipun saking kêkathahên nêdha ||
gêr guyune bêbarêngan | Sastrarêja mèsêm thithik | sing wadon nuli tumandang | isih karo muni-muni | irus kanggo ngêroki | satêngah ngoso lan nêsu | sing lanang jingkat-jingkat | nuli clathu klêsik-klêsik | ngapuramu bokne ing dina Riaya ||
--- 1546 ---
Pandung Kêbêlik.
Wanci jam sawêlas dalu dhawah ing malêm Lêbaran, sabên griya katingal pating klêncar, kamirêngan pating grênggênging tiyang sami lèk-lekan, wontên malih ingkang grudag-grudug badhe kêndhurèn. Dene long mrêcon, pating jlêdhor, pating krètèk, kêmbang api gumêbyar amadhangi papan ingkang singup-singup.
Thèng, jam sêtêngah kalih wêlas, wontên tiyang malêbêt dhatêng pakaranganipun Mas Sastra, lajêng nalêsêp wontên ing papan ingkang sêpên kalihan mungêl lirih: wis jam satêngah rolas, sadhelo êngkas wis padha turu kabèh. Tiyang ingkang wicantên piyambakan wau pandung.
Sarêng jam kalih wêlas, pandung sumêrêp wontên tiyang èstri mêdal dhatêng latar, inggih punika Bok Sastra, lajêng andhodhok wontên têngah latar, umik-umik, botên dangu katingal ngadêg nguculi wungkusan lajêng kabucal dhatêng payon. Pandung ngrêtos lajêng mungêl piyambakan malih: o, bok mase iki ambuang kêmbang kanggo ngirim lêluwure sing adoh-adoh. Ning ya arêp mapan turu.
Pandung sasampunipun cêtha aningali, lajêng dhêlog-dhêlog. Botên dangu sumêrêp anakipun jalêr Mas Sastra mêdal saking griya, ambêkta lăng sabopongan, dipun bêkta dhatêng ing latar, ngadhêpi anglo ingkang tilas kangge dêdupa êmbokipun, lajêng nutulakên sumbuning long ing latu anglo saha lajêng dipun uncalakên mungêl, dhêng. Botên dangu Bok Sastra nyuwara: Thu, longe diuncalake ngalor bae, adoh omah. Jênthu, anggènipun ngungêlakên long inggih lajêng dipun uncalakên ngalèr: dhêng.
Pandung grunêngan: We hla, si: Thu, ki nakal anggone nguncalake êlong thik mrene, mêngko rak ngobong ikêt têmênan. Ngaleh bae ah.
Pandung lajêng pindhah panggenan kalihan nyangking têgêsan long ingkang taksih wontên latunipun, badhe kangge sês. Pindhahipun wau dhatêng sacêlaking kandhang ayam, nanging pandung wau botên mangrêtos. Botên dangu mirêng swara: trècèt, sajak dhawah ing sirah, sarêng dipun mèk-mèki: têlês, saha driji ingkang mêntas kangge ngêmèk wau dipun langkungakên sacêlaking irung, dipun sarêngi wicantên: iki mêsthi akal-akalane pitik. Iki iya kudu alihan manèh.
Pandung lajêng pindhah kalihan mèk-mèkan, nyandhak lawang saha lajêng mangrêtos bilih punika lawanging jamban, lajêng malêbêt, blêng. Dilalah, sawêg blêng kemawon mirêng swaraning lawang mênga, batosing pandung: mati aku, wis mêsthi mlêbu mrene, saking gugupipun, nanging ngatos-atos, pandung lajêng nyêmplung ing kulah alon-alon, têrus slulup: ba-lê-dhês. Sarêng nungul, jêbul tiyangipun ingkang mêdal botên mriku. Pandung anarêthêk kasrêpên, saha kêpêksa pindhah saking ngriku, wusana sumêrêp lawang pawon taksih mênga, latunipun ing kêrên taksih mangangah. Pandung lajêng malêbêt, saha lajêng wicantên piyambakan makatên: o, wong kang mêtu mau prêlu ngêngêt-êngêti: ta, mêsthine arêp diênggo sarapan sesuk. Wah, ambune le gurih. Pandung lajêng mêndhêt tumpêr dipun damoni alon, latunipun murup kangge angobori. Lajêng wicantênipun: wong kuwi yèn lagi bêgja, ana nêmu rijêki kathik mêthuthuk [mê...]
--- [1547] ---
[...thuthuk] samene. Wah, iki kupat: saêblèg. Iki gudhêg, thik gudhêg Yoja. Iki apa: iki, we sambêl gorèng. Na iki, wadhuh, ingkung wutuhan, wah brutune anggone nêngul. Cêkake prakara brutu aku ora srantèn. Brutu lajêng dipun cuwil saha dipun êmut, dipun sêsêp-sêsêp, badanipun kraos sêgêr.
Nanging tiyang manawi sawêg kojur, dilalah malih, nalika badhe nyuwil ulam malih tanganipun kêlèntu dipun balusukakên ing sambêl gorèng ingkang nêdhêng mumpal-mumpal, dipun sarêngi sambat adhuh kalihan nyampluk wajan, tuwin sambat adhuh malih, jalaran sukunipun kêsokan sambêl gorèng.
Tiyang ing salêbêting griya kagèt, sêsarêngan alok kucing, saha lajêng sami mêdal dhatêng pawon. Sarêng pandung sumêrêp têtiyang sami dhatêng pawon, lajêng nglêpèh brutu ingkang dipun êmut kalihan wicantên: sanès kucing, kula pandung kêsokan sambêl gorèng, tuwin dèrèng mêndhêt punapa-punapa, kajawi namung nyuwil brutu, punika brutunipun.
Tiyang ingkang sami mêdal, kalêbêt Mas Sastra, sarêng sumêrêp saha mirêng ungêlipun pandung, botên ajrih, malah gumujêng gêr-gêran. Namung Mas Sastra reka-reka nêpsu, ungêlipun: êlo, prakara brutu iku dudu prakara cilik-cilikan, gêdhe lho ukumane. Mas Sastra lajêng nyêpêng tanganing pandung kaajak malêbêt griya, kapurih linggih saha dipun pitakèni.
Pandung cariyos, anggèning mandung punika jalaran saking kêkirangan, saha kêslêpêk ing Lêbaran. Salajêngipun pandung nyariyosakên lêlampahanipun sadaya, wiwit malêbêt dhatêng pakarangan ngantos dumugining kacêpêng, dhasar anggènipun cariyos kaduk lucu, mila sadaya ingkang mirêngakên sami gêr-gêran gumujêng.
Mas Sastra wicantên: Sarèhne anggonmu maling iku bakune saka kêkurangan, wis, katogna anggonmu mangan, jênêngmu sapa.
[Grafik]
...mêmangana sakarêpmu. Mung sesuk-esuk...
Pandung: Kula pun Warija.
Sastra: Cêkake ing bêngi iki kowe tak uja, mêmangana sakarêpmu. Mung sesuk-esuk, kowe tak ladèkake nyang pulisèn. Kowe kuwi jênênge maling kêbêlik, têgêse maling kêwêlèh.
Enjingipun, wancinipun tiyang sami Bakdan, pun pandung kêbêlik dipun irid dhatêng kapulisèn, dados têtingalaning ngakathah. Sadumugining kapulisèn, dipun sapa: jênênge anèh, maling bae nuju malêm Lêbaran, kuwi harak anjaluk kêcêkêl. Wis, kana dicêmplungake tahanan dhisik.
Pandung: inggih, sarèhning nuju dintên Lêbaran, sanadyan kula damêl dosa, nanging ugi ngaturakên wilujêng ing dintên Lêbaran, bandara.
--- 1548 ---
Bakda Riadi Cara Modhèrên.
Ing satunggiling kitha ing Jawi Têngah wontên priyantun pènsiyunan wadana, nama: Radèn Ngabèi Endrawikalpa. Sanadyan Radèn Ngabèi Endrawikalpa wau sajatosipun bangsaning priyantun pangajaran kina, nanging saklangkung rêmên dhatêng kawontênan cara modhèrên. Mila anakipun tiga, jalêr kalih, èstri satunggal, botên amung dipun sukani nama ingkang sajak mambêt-mambêt nama Walandi, kados ta ingkang jalêr, ingkang satunggal dipun namani: Pèktor, saking Victor, lan satunggalipun malih: Kèrit saking Gerrit, tuwin anakipun èstri dipun namèni: Rolin botên saking: kriyolin, nanging saking: Karolin (Caroline). Malah lare tiga-tiganipun pisan wau, kala alitipun dipun sukani tuntunan lan dipun sinaokakên cara Walandi grès. Nanging punika mênggah rumaosipun Radèn Ngabèi Endrawikalpa piyambak. Dupèh wiwit alit dipun pondhokakên wontên ing griyaning Walandi, ing pangraosipun, têmtu sagêd nyoplok sayêktos dhatêng adat tatacara Walandi, langkung malih sakolahipun inggih sakolah Walandi, rumaosipun, botên kenging botên anak-anakipun inggih badhe sagêd angliyêr kawruh Walandi ingkang ngantos sampurna. Ing ngriku botên pisan-pisan kamanah, bilih Walandi-Walandi punika wontên ... pintên-pintên warninipun. Têgêsipun: wontên Walandi ingkang pancèn: alus lan luhur bêbudènipun, jêmbar wawasanipun, sae dhêdhasaranipun, sugih kawruh, wêlasan dhatêng sasami-sami, lan sapanunggilanipun, ingkang mila inggih pantês sangêt dados têtuladanipun băngsa Jawi sadaya, nanging kosokwangsulipun inggih wontên Walandi ... sêmprul.
Kala mudhanipun, Radèn Ngabèi Endrawikalpa botên ngèngêti dhatêng kawontênan ingkang makatên wau. Pathokanipun: wong wis dipondhokake panggonan Walănda. Dumadakan Walandi ingkang dipun pondhoki anak-anakipun, punika bangsaning Walandi sêmprul wau. Dene padatanipun băngsa Walandi makatên punika, umumipun, manawi jalêr rêmên sangêt nyariyosakên anggèning kêrêp angsal kathah kalanipun ... ambujêng andhapan, botên-botênipun inggih rêmên nyariyosakên anggènipun ... mênang gêlut. Dene èstrinipun ingkang dipun sênêngi angrêmbag anggènipun: dhatêng toko, sêkobêrêh (griya kumidhi) lan sasaminipun, utawi anggènipun kêrêp: piknik (darmawisata).
Dados sajatosipun, lare-lare wau angsal tuntunan ingkang malèsèt kalihan kajênging bapakipun, nanging ing sarèhning tiyang sêpuhipun kalih-kalih pisan botên mangrêtos babarpisan dhatêng tuntunan punapadene pangajaran cara Walandi, amila kala alitipun lare-lare wau, asal mirêng rêrêmbaganipun lare-lare anakipun mawi têtêmbungan ingkang mawi: wèl, wèl, lêg, lêg, tuwin nin, nin, manahipun inggih sampun mantêp sangêt. Rahayunipun, dene jalaran saking prihatosipun tiyang sêpuh, agêngipun lare tiga wau sami
--- 1549 ---
tumănja sadaya. Inggih punika: Pèktor dados: komis, Kèrit dados opsèhtêr, dene anakipun èstri dados semah mantri pulisi, tur wêdalan M.O.S.V.I.A. amila sanadyan nama priyantun pangrèh praja, nanging inggih: êmbêlandhain. Lare jalêr kêkalih wau inggih sampun semah sadaya, sarta tiyang inggih sami pados piyambak, ingkang têmtu inggih: cocog, têgêsipun amlandèni sadaya.
Sanadyan tiga-tiganipun sampun nama dados tiyang sêpuh, tur pangkatipun inggih sampun lumayan, ewasamantên tabêt-tabêtipun tuntunan Walandi sêmprul wau inggih taksih katingal, inggih punika: jalêripun sami doyan umuk, èstrinipun rêmên macak ingkang maneka-neka, lan ugi rêmên plêsir. Sarta rêmên sangêt ngatingalakên anggènipun sami angsal tuntunan cara Walandi, sanadyan cara Walandi ... sêmprul wau. Inggih punika anggènipun tiru cara Walandi, sampun: twèdhêan, utawi langkung, têgêsipun: anggènipun tiru-tiru cara Walandi punika sampun tumimal-timbal,[14] amila inggih sok asring gèsèh kalihan bakunipun.
Ing satunggiling dintên Bakda Riyadi, Radèn Ngabèi Endrawikalpa tuwin radèn ayu, sami lêlinggihan wontên ing pandhapi angadhêpakên bukèt pintên-pintên, angêntosi dhatênging anak-anakipun ingkang sami badhe silaturahmi.
Radèn Ngabèi Endrawikalpa: Ora, bune, anak-anakmu wis jam sapuluh kok durung padha têka, nanging iya ora maido, anak-anakmu kuwi adat-adate wong wis cara Lănda grès, mêsthine para mitrane băngsa Walănda iya sathekruk, kang saikine padha awèh slamêt Lêbaran nyang ngomahe anak-anakmu kana.
[Grafik]
..., ambok aja susah manggalih sowane putra-putrane, ...
Radèn ayu: Pakne, ambok aja susah manggalih sowane putra-putrane, wong iya wis padha kirim brikèt.
Radèn ngabèi: Yak, wong bukèt, kathik dilih brikèt, nèk brikèt kuwi rak takêrane uyah kae. Ora, bune, sêmune kowe kuwi kok ora lêga nămpa kiriman bukèt-bukèt saka anak-anakmu. Kowe mêsthine luwung dikirimi plèlèr bakal kulambi utawa tapih, ora-orane iya: gula tèh lan bangsane dhêdhaharan, rak iya ngono, ta.
Radèn ayu: Iya ora mangkono, nèk [nè...]
--- 1550 ---
[...k] wong tuwa kuwi ora kêpengin diwènèhi anak, sabisa-bisa kenene mung arêp wèwèh bae. Nanging nèk anak sok banjur kogêl apa-apa nyang wong tuwa, kuwi rasane wong tuwa mung banjur wêlas bae. Nanging nèk arêp kogêl kuwi ambok aja kêmbang, wong liya ora ana kanggo gawene, kathik rêgane sapirang-pirang.
Radèn ngabèi: O, wong iya wong kuna, mulane iya ora ngrêti nyang tatanan cara jaman modhèrên. Tak tuturi, bune, kirim bukèt utawa kêmbang kuwi, nèk cara jaman modhèrên iki, sawijining pangaji-aji, lan pakurmatan gêdhe bune, mara dêlêngên bae, băngsa Walănda kae. Nyang kuburan, anggawa kêmbang, nyumbang pangantèn, iya kêmbang, nylawat, iya nganggo kêmbang. Dadi apa-apa nganggo kêmbang utawa bukèt. Ing măngka anak-anakmu kuwi wis padha mlandani kabèh, mulane ing Bakda Riadi banjur padha kirim bukèt-bukèt mêngkene kiyi, kuwi saka padha ngaji-ajine lan urmate nyang wong tuwa, bune.
Radèn ayu: Ha iya, ta, yèn kabèh-kabèh kok panggalih cara modhèrên, utawa cara Lănda, tur iya kok panggalih bêcik kabèh, aku mono iya mung monat-manut bae, kadar wong wadon iku suwarga nunut.
Radèn ngabèi: We, wis ora karuan ane. Bune, wong kuwi aja bangêt-bangêt anggone arêp ngukuhi padatan cara kuna, mundhak digêguyu pitik, kudu bisa mèlu nyang jamane, nèk jamane lagi edan, iya kudu mèlu-mèlu ngedan. Saiki kiyi jamane jaman modhèrên, jaman cara Lănda, iya kudu mèlu-mèlu mêngkono. Wis, wis, diêndhêgi dhisik rêmbugane, kae, lho, anak-anakmu wis padha têka.
Anak putunipun sami gêmrudug lumêbêt ing griya, sarta pating brêngok makatên: dhah, papi, dhah, mami, dhah, opah, dhah, omah. (Salajêngipun nuntên nyandhak tangan bapak tuwin ibunipun sarwi kalair têmbung-têmbungipun makatên): sugêng Lêbaran, pah, sugêng Riadi mah, wèl gêpelisitir ...
Radèn Ngabèi Endrawikalpa: Iya, iya, iya, trimakasih, trimakasih, dhangkiwèl. Wadhuh, nganti kaya nagara Lănda. Ayo, ayo, padha lênggah-lênggah.
Mompro Pèktor: (Dhatêng anakipun): O, iya, Pit, (namanipun ingkang lêrês: pidêksa arêp andhèrèk, omah (êmbah putri).
Radèn Ayu Endra: Iya, rene, rene le, mèlu simbah. O, ora gêlêm, malah arêp nangis, wong êmbahe ora bisa cara Lănda.
Radèn Ngabèi Endra: Ha iya, mêsthine iya ora ngrêti nyang omongmu kuwi, wong nyang ngomah kulinane mung: cat, cit, cat, cit cara Lănda bae. Wèh, kok mantêp atiku kiyi nek dirubung anak-anakku kabèh, dhasar padha pangkat-pangkat, kathik padha mlandani, wa-dhuh.
Radèn Ayu Endra (garundêlan): Hla, kae apa iya mèmpêr, ing ngatase anak mantu, tur pangkate ndara mantri pulisi, wong ngadhêpi maratuwane, lungguhe kathik ngèngkrang tumpang dhêngkul. Apa nèk ngadhêp gusti kangjêng kuwi lungguhe iya kaya ngono, rak iya kalakon ora kanggo têmênan le dadi priyayi.
--- 1551 ---
Radèn Ngabèi Endra: Lho, bune, kok grêndhang-grêndhêng, ngomong apa, ya.
Radèn Ayu Endra: Ora kok, pakne, lagi rêrasan dhewe, kae, lho, si Sarinêm, kok ora ngêtok-êtokake unjukane.
Radèn Ngabèi Endra: Wayah, ambok sing sabar sathithik, nèk-nèke lagi ambukak mèlêk barang. ora, anggonmu padha têka, kok wis awan têmên. Apa wis ana dhayoh apa mau.
Radèn Pèktor (komis): Iya, pah, esuk-esuk jam pitu tamune wis pating brubul padha têka. Lănda kabèh, pah, tur padha sarimbit, yakuwi: Mênir Pandhêrtrèn, Mênir Sapulete, Mênir Pankikuk, lan isih akèh manèh tunggale ...
Radèn Ayu Endra: Wong dhayoha Walănda kae, wong iya Walănda godhong kabèh.
Radèn Ngabèhi Endra: Ngomong apa, bune, yèn ngomong kuwi ambok iya sing sêru sathithik, dadi liya-liyane padha bisa krungu. Ora, Pèktor, wong dhayohe Walănda-Walănda mêngkono, mêsthine sadhiyane suguhan, iya ora sêmbarangan bae, tur iya nganggo tawa mêngkene kae: mau minum apah, mopro, mênir ...
Radèn Pèktor: Iya ngono kuwi, nanging cara Lănda, pah. Hla iya wong pirang-pirang, panjaluke mêsthine iya warna-warna, ana sing anjaluk: bir, wiski sodhah, limun, ès krim, lan kuwihe iya: sê-pe-kuk, pah.
[Grafik]
...rene-rene, le, mèlu simbah ...
Radèn Ngabèhi Endra: Hu-wah. Iya brêgas bangêt ane. Sukur, ta, sukur, dadi ora ngisin-isini le dadi anake bapak. Dhèk biyèn nalikane bapakmu iki isih dadi wêdana, kumpulane Walănda iya pirang-pirang, kaya ta Walănda-Walănda pabrik. Wah kala samono saka pintêrku nyang dhayoh, Walănda-Walănda padha dhêmên kabèh nyang aku, nganti aku sok olèh prêsèn gula barang.
Mantri pulisi (mantu): Wah, pak, manawi sapunika botên kenging babar-pisan, wêdana ngantos nampi prêsenan saking pabrik punika, sabab punika rak: sêmiran, namanipun.
Radèn ngabèi: Ha iya, nang, nèk saiki kaya ngono kuwi iya ora kêna babar-pisan,
--- 1552 ---
sabab sêsrawungane băngsa Walănda karo bangsane dhewe saiki karo biyèn kuwi wis seje bangêt. Jaman biyèn kuwi kêkumpulane: Lănda, Tionghwa, karo basane dhewe kuwi wis kaya sadulur bae. Wong iya wis kaya sadulur, dadi siji lan sijine iya ora duwe ati kêpriye-kêpriye, kaya ta ati sêmang-sêmang, sujana, lan sapadhane, kuwi babar-pisan ora anduwèni, mulane ing kala samono, wong wèwèh kuwi iya ora duwe pikiran apa-apa, dadi iya kaya wèwèh nyang sêdulur kae bae.
Radèn Kèrit (opsèhtêr): Ora, dhek, mau jangjine ana ing kene rak mung arêp sadhela bae, sabab isih akèh sing kudu diwènèhi: slamêt Lêbaran. Ayo tumuli padha pamit.
Salajêngipun nuntên sami bibaran.
Lêlampahanipun Sêmar, Garèng lan Petruk.
I. Ngajêng Lêbaran.
Garèng : Kowe kuwi pancèn iya uwong murang sarak, wong pindhah omah bae kathik ngarêpake bakda, cacade omahmu ing Bungur Jawa nomêr 8, apa, hèh. Wong iya wis omahe dhewe, tur katone ing kampung kono, iya sing ambalindhrik dhewe. Sanadyana ana ing sajêroning kampung, wong sing ora sumurup, rak bisa ngarani: iki mêsthine dalême mas lurah, ora-orane iya dalême mas kêbayan. Mara, apa ora mêtangkring kuwi arane. E, kok iya mêksa pindhah gumunku kuwi. Apa rumasamu Truk, dupèh papane omahmu ayar iki jênênge: Plihpelan nomêr 55 (Vliegveldlaan No. 55) sajak ambêlandhain, apa darajatmu banjur mundhak, banjur disêbut: kangjêng tuwan mênir mêngkono apa.
Petruk : Ambok aja usah kêdawa-dawa mêngkono, cêkake ana ing omah lawas aku wis bosên, kêpengin ganti hawa, Kang Garèng.
Garèng : Ha iya, nèk mung bosên omah bae iya ora dadi ngapa, anggêre aja bosên ... bojo.
Petruk : Wayah, ambok aja sing-sing kang diomongake mêngkono, ta, Kang Garèng, luwih bêcik aku tulungana anggone tata-tata omah, ing besuk malêm Bakda, kowe lan bakyu tak aturi mrene, prêlu sênêng-sênêng lan ropyan-ropyan.
Garèng : Ha iya, ta, kae bakyumu malah wis miwiti pasang gambar barang. Lêmari iki arêp dipasang ana ngêndi, Truk, rak iya ana ing kamar, ta, ayo tak angkatke, rewangana, sêmelah, wèh, hla kok luwih abot katimbang ... răndha lêmu. We, we, we, mêngko sik, Truk, cêkêlana dhisik, jaritku mlotrok.
Biyang Nala : Mara, kae rungokna, dhi,
--- 1553 ---
Makne Kamprèt, kae nèk kakangmu, nyambutgawe sêthithik bae, cangkême iya têrus ngêcuwis. Wis ora susah dirungokake, saiki aku tak masang lurup tembok iki, sawangên dimène dhuwure, dhi, wis sêdhêngan, mêngko tak pakune: thok, thok, thok, saiki sing sisih, ora mèncèng iki, dhi, mêndhuwur sathithik-kêdhuwurên-wis, ora mèncèng, saiki tak pakune manèh.
[Grafik]
Petruk : Lho, Kang Garèng, kuwi aja diunggahake lêmari, dèlèhna ing longan têmpat tidhur bae, hla wong ... pispot jarene.
Biyang Nala : Le kaya wong desa mêngkono, ora ngrêti barang wadi, rak iya ngisin-isinake thok bae, lho, lho, kok jêbul malah ngêmplok brêgêdèl, kathik saêndhêgan ... wolu. Ih, le ngisin-isini.
Biyang Kamprèt : Ambok kajêngipun, ta, bakyu. Măngga, bakyu, Mas Nala, utawa kowe Pakne Kamprèt, sami ngaso dhahar-dhahar rumiyin.
2. Malêm Bakda Riadi.
Petruk : Wah, măngga, măngga, bakyu, utawa kowe, Kang Garèng, lênggah, lênggah.
Garèng : Wis matêng-matêngan apa kuwih-kuwihe.
Biyang Nala : Hara, lungguhe bae durung mapan, kathik wis nakokake kuwih-kuwih.
Petruk : Aja kuwatir, Kang Garèng, cêkake arêp mangan kuwih apa bae, sagêndhingmu. Sêpekuk: ora ana, kuwih tar: ora ana, kuwih blèg: ora ana, kuwih têlês: ora ana, kêring-kêringan: ora ana.
Garèng : Ayo, bune, mulih bae...
Biyang Kamprèt : Yah, pakne kuwi le sok sêmbrana, botên, dhing, mas, Nala, kêng rayi namung ngapusi kemawon, sampun kondur rumiyin, tiyang kula sampun sadhiya dhahar, sanadyan namung sawontênipun.
Petruk : Wong Kang Garèng kuwi le sok kêsusu bae ngono, rak iya linggih dhisik. Sêdhêng dhahare diêngêt-êngêti, dadi mêngko le dhahar kabèh sarwa angêt, cara priyayi sêthithik, Kang Garèng. Timbangane ngêntèni karo nganggur, kaya-kaya luwih bêcik padha main: brij. Aku karo bakyu, dene kowe, Kang Garèng, karo adhimu, Makne Kamprèt.
Garèng : Bagus, mêngko aku sing taklêc, (ngocok) kowe Makne Kamprèt, sing
--- 1554 ---
ambagi. Ayo bune, kowe saikine sing: kupir (ngêthok), cèm, ayo Makne Kamprèt, kowe saiki sing: kol (aba).
Biyang Kamprèt : Mangke rumiyin, ta. Krêtune kok tanggung têmên, inggih sampun, artên, (kowok).
Petruk : Cêngkèh loro (twee klavers).
[Grafik]
Garèng : Aja wêdi Makne Kamprèt, pir artên (kowok papat).
Petruk : Kêpriye, bakyu, bisa ambantu aku, ora. Wani, lima cêngkèh.
Biyang Nala : Ora, dhi, wong krêtuku mung godhong-godhong kabèh. Aku tak: pas, bae. Wis dhi, saiki kowe wiwit.
Petruk : Mêngko sik, wong iya kowok papat, bêcike: dhublir (didhobêl). Saiki tak ngêtokake iki bae: as, cêngkèh.
Biyang Nala : Bênêr, bênêr, têrus dhi. Ayo, krêtune kuwi dibukak kabèh. Sing main rak iya Makne Kamprèt. O, sambêr gêlap, kudu tak kruwês bae irunge. Mulane ujug-ujug wani kowok papat. Wong ora duwe cêngkèh, lagi arêp mêtu sapisan bae, wis di: trup.
Garèng : We-we-we-wèh. Irung kathik dicènèng sakêpenak kirane ki mêngkono, apa rumasamu irung saka karèt apa.
Petruk : Wis, cilaka, sing kulanuwan-kulanuwun kae, kaya-kaya kaume. Bune, bune, enggal padha kukutana kabèh, nèk nganti kaume wêruh kene padha main brij, rak iya muring-muring têmênan. Hla wong malêm Bakda pancène kudu têbiran, jêbul nyêkêl krêtu mêngkene, mêngko bae, bakyu, nèk kaume wis lunga manèh, padha dibanjurake.
3. Dintên Lêbaran.
Garèng dhatêng supir taksi : Bang, bang, taksi tidhak dipake, bagus, brênti sêbêntar. Brapah, bang, sewah taksi dhari sini sampe dhirumah bapak sayah. Lho, kok kêtawah, sêmbrana, dhitanyaki priyayi kok kêtawah-kêtawah, aku tidhak mau gêguyon, sèh. Tidhak ngrêti, buwat [buwa...]
--- 1555 ---
[...t] apah, dhong, jadhi sopir taksi. Aku tadhi tanyak: ongkosnyah taksi dhari sini kêrumah bapak sayah, bêrapah. Lho, kok kêtawah lagi, we, lah, memang sêmbrana bêtul kowe itu, sopir. Ini priyayi, priyayi.
[Grafik]
Petruk : We, hla, kae kênang apa Kang Garèng, sajake kok mêncak-mêncak nêsu nyang sopir. Ayo, bakyu, utawa Makne Kamprèt, Kang Garèng padha diparani. Kang Garèng, Kang Garèng, sajake kok nêpsu têmênan, kênag apa, kênang apa.
Garèng : Sing ora nêpsu bae sapa, supir kathik kurang ajare ngêntèk ngono, hla wong ditakoni bêcik-bêcik, kathik anggêguyu, apa dikira yèn aku ora duwe dhuwit apa. Ing măngka pitakonku cara Mlayune rak iya cêtha, ta, mara, rungokna, apa Mlayune kurang gênêp: bang, sewanyah taksi dhari sini sampe dhirumah bapak sayah, bêrapah...
Petruk : O, iya mèmpêr, nèk si supir kuwi mau gumuyu, ora sabab cara Mlayumu kurang jangkêp, nanging pitakonmu kaliru. Sabab si supir rak ora sumurup omahe Ramak, têka ditakoni: pira sewane taksi saka kene têkan ing omahe bapak, mêsthi bae dhèwèke banjur gumuyu. Wis padha nunggang bae kabèh, mêngko prakara bayarane taksi, tak uruse dhewe bae.
4. Wontên ing Griyanipun Sêmar.
Sadumuginipun ing griyanipun Sêmar, Garèng lan Petruk sasemahipun, ujug-ujug lajêng sami andum damêl. Bojonipun Petruk anggorèng-gorèng, Petruk ingkang dados tukang icip-icip, bojonipun Garèng lêlados, Garèng angampirakên.
Sêmar : E, lae, suwargane wong tuwa kuwi ora kaya wong kang isih rinubung ing anak putu. Yè-
--- 1556 ---
[Grafik]
Sawangan ing Samarindhah, ingkang limrahipun dipun wastani rêdi A. Gray.
n nuju ing dina Lêbaran ngene iki tansah dipundhi-pundhi, diaji-aji, diêmi-êmi, mung tansah dikon mangan enak, nganti kaya sêpur kilat, dhur-dhuran, ora ana lèrèn-lèrène. Adhuh, mantuku tuwa, anggone ngladèni mula iya prigêl, lakune dhodhok nganti kêna diwilang, iramane alon. Yèn ora kabênêran, têkane ing ngarêpku, mung kèri piring thok.
[Grafik]
Garèng : Rama iki mêsthi nyêmoni aku, diarani aku ngêlongi rêjêki ana ing dalan. Niyatku rak ora ngono. Tinimbang pating klaprèt, rak bêcik dirêsiki dhisik. Dene katutan sing ana têngah, iku rak jalaran saka prigêle tangan. Nanging sanyatane mono Rama iki pancèn kêna tak arani waspada, priksa mênyang sêmu.
Sêmar : Nèk kanggone aku, Nala Garèng, aja manèh mênyang klebat kang cêdhak ora wêruha, sanadyan kang adoh-adoh aku isih cêtha.
Petruk : Kuwa dudu pasêmon, niyate ngarani mêntah-mêntahan. Nanging yèn aku iki pancèn barès, mung dhapur ngicipi, nanging angèl anggonku ngarani enake ana ing ngêndi, barêng wis katog, katêrangane jêbul enak kabèh, bumbune sarwa sêmêdhêngan. Samene bathine wong duwe bojo pintêr olah-olah.
--- 189 ---
No. 48, taun VIII.
TAMAN BOCAH
INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR
KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.
Ngucap slamêt ing dina Lêbaran
We la, bocah-bocah wis padha nglumpuk, aku mèh kari, kabèh-kabèh wis padha Lêbaran, aku dhewe durung. We, olèhe padha ayu-ayu, bagus-bagus, brêgas-brêgas, nganti Bu Mar mèh pangling nyang kowe kabèh.
[Grafik]
Wadhuh sênênge atiku, ing dina Bakda Riadi para kaponakan padha kumpul nuduhake katrêsnane nyang ibune. Ayo padha lungguh-lungguh sing kapenak. Sadurunge aku kandha akèh-akèh lan awèh pangapura mênyang kowe kabèh, aku apuronên dhisik, awit wong tuwa mêsthi akèh laline lan akèh lupute. La saiki aku nampani têkamu, ura usah aku ngrungokake têmbungmu sing akèh-akèh. Têkamu taktampa kanthi bungahing ati. Muga-muga padha pinaringan slamêt, padhang pikire, bisa nampani wulanging guru, mênyang wong tuwa ambangunturut, ora dhêmên dolan ora dhêmên muring-muring lan ora dhêmên njaluk dhuwit.
Aku samono uga, pujèkna bisaa awèt momong kowe kabèh lan gêguyon karo kowe, lan muga-muga pinaringan têtêping iman santosa.
Saiki kêpenakna anggonmu lungguh karo disambi ngombe wedang, dene pacitane mung sarwa prasaja bae, nagasari, mêniran, srudhut, urab-uraban jagung lan gorengan intip, bakaran bêton. Sarèhne kowe padha sênêng nyang dêdongengan, mêngko sadhela êngkas, dakdongèngi.
Bu Mar.
--- 190 ---
ASMARADANA.
1. Kasmaraning tyas tan sipi, | kumêdah-kêdah tur sêrat, | mring Bu Mar nuwun wiyose, | sarèhning dintên Riaya, | ngaturkên sêmbah kula, | ing sadaya lêpat ulun, | lêburna dintên punika. ||
2. Kasmaran kang kaping kalih, | katurna mitra sadaya, | kakung miwah wanodyane, | ngaturakên taklim kula, | pamuji tinampia, | bilih wontên lêpat ulun, | lêburna dintên punika. ||
3. Panyuwun kula mring Widi, | sadaya pra mitra kula, | pinanjangna ing yuswane, | sampun wontên kara-kara, | dugia kang sinêdiya, | antuka brêkah pra sêpuh, | têtêping kudanganira. ||
4. Titi atur tanggal kaping, | pitulikur wulan Ramlan, | Rêbo Kliwon ing dintêne, | taun Ehe angkanira, | Ga-Pa-E-Pa winaca, | minangka ing sowan ulun, | Sukêman ing Surakarta. ||
OPAHE BOCAH KANG TANSAH NARIMA.
Kacarita ana wong aran Dipawirya. Anggone jêjodhoan karo sing wadon rukun bangêt, sapa sing wêruh mêsthi sênêng atine. Tumrap tangga têparone padha asih trêsna, ora tau ana tangga sing krungu swara grêjêg. Dipawirya anggone omah-omah wis ana 14 taun pinaringan anak papat, sing pêmbarêp wedok, dene sing têlu lanang kabèh. Anak-anake mau padha wêdi lan manut karo wong tuwane. Pagaweane Dipawirya iku dadi mandhor ing pabrik wis ana 8 taun; dene sing wadon buruh mbathik. Pambathike Mbok Dipa iku apik, kikrik, wis kondhang ing kutha kono, mula ndara dènayu wêdana uga rêmên bangêt, lan mêsthi dhawuh ambathikake. Yèn wis sowan ngaturake tembokan, ya banjur kaparingan mori manèh, mêngkono sabanjure. Dadi kajaba dhuwit pamêtune sing lanang, Bok Dipa uga tampa liyane, ya ora akèh nanging kêna kanggo imbuh-imbuh kabutuhan buri. Anake wedok aran Murni wis tamat saka sêkolahan desa, mbajutake marang Kopschool. Anake lanang sing nomêr loro aran Sarija uga wis sêkolah ing pamulangan H.I.S. dene sing loro isih rada cilik. Bocah-bocah mau ketok sêgêr bagas kuwarasan lan andêmênakake.
Nanging yèn durung kêparêng ing Pangeran tulus sênênge, dilalah Dipawirya dilèrèni saka pagawean. Wah, barêng tampa dhawuhe saka sing disuwitani, yaiku tuwan administrateur, rasaning atine Dipawirya kaya diiris-iris. Sanadyan Dipawirya ketok ambêrabak lan andharêdhêg, nanging tuwan administrateur mêngksa ambacutake anggone arêp nglèrèni, mung Dipawirya êntuk têmbung pamarêm sathithik, sing karêpe mangkene: "Dipa aku ya mêruhi kasusahanmu lan kowe uga ora anduwèni kaluputan apa-apa, nanging kapriye manèh, ing mangsa malèse iki, aku kudu nglèrèni mandor têlu, êmbuh mbesuk, yèn mangsane bêcik, kowe mêsthi dak kon bali manèh.
Barêng Dipawirya mulih, sadalan-dalan tansah mbrêbêsmili, ngèlingi anake isih cilik durung ana sing mêntas.
Satêkane ing omah, Dipawirya uga banjur crita nyang sing wadon. Sanalika iku sing wadon uga kagèt bangêt, kira-kira ana sêprapat jam lungguh tanpa kandha apa-apa. Nanging suwe-suwe banjur dipupus.
Esuke, barêng Murni lan Sarija arêp padha mangkat sêkolah, diundang dening bapakne sarta dikandhani mangkene: "Padha renea nggèr, anakku Murni lan Sarija, kowe dipadha nrima ya, wiwit dina iki, bapak wis dilèrèni anggone nyambutgawe. Kowe mêngko padha matura nyang gurumu, nyuwun mêtu anggonmu padha sêkolah, awit wis ora bisa ambayari. Murni, kowe ngrewangana êmbokmu, lan Sarija bisaa ngêmong adhi-adhine. Kêpriye manèh, bapak ya bangêt anggone kêpengin nyêkolahake kowe. Besuk yèn ana rêjêki, bapak diparingi pagawean manèh, kowe rak ya bisa nêrusake sêkolah manèh ta".
Bocah loro mau pancène rumasa kêcuwan bangêt, nanging dhasar bocah manutan, iya mung nglakoni apa pakone bapakne. Kanca-kancane padha takon, têka arêp mêtu sêkolahe, iya diwangsuli prasaja, yèn bapakne dilèrèni anggone nyambutgawe.
Sajrone Dipawirya dilèrèni olèhe dadi mandhor, tanpa lèrèn aggone ichtiayar anggone golèk pagawean, nanging mêksa durung pinaringan bêgja.
Saiki sing kanggo mangan mung saka pamêtune mbathik Mbok Dipa. Mangka sapira ta kèhe opahe mbathik, mangka kanggo mangan jiwa ênêm. Barang-barang
--- 191 ---
ing omah lan sandhangan sing rada apik, êntèk diêdol prêlu kanggo tuku pangan.
Anuju sawijining dina, yaiku tanggal kaping 20 sasi Pasa, Mbok Dipawirya katimbalan mênyang kawêdanan. Barêng wis ngadhêp ndara dènayu nuli kadhawuhan mangkene: "Mbok Dipa, kowe tak undang mrene, ya kaya adat sabên, arêp dak jaluki tulung. Mêngko sore rak malêm sêlikur ta, aku arêp slamêtan, mangka baturku lagi padha lara, dadi kowe dak jaluki tulung supaya olah-olah ana kene. Anakmu Murni ya konên ngrewangi.''
Wangsulane Mbok Dipa: "Inggih sêndika, ndara." Sajrone nyambutgawe Mbok Dipa didangu, bab bathikane apa wis mèh rampung.
Wangsulane Mbok Dipa: "O, ndara, sarèhning semah kula sapunika sampun dipun kèndêli saking padamêlan, kula kêpêksa nyambi bêrah sanès, mila sêratan botên sagêd enggal rampung kados adat sabên. Lare ingkang alit-alit tansah nangis kemawon, mbokmanawi saking kirang anggènipun nêdha. Cêkakipun kula sabrayat sawêg sami nandhang susah.''
Ndara dènayu wêdana bangêt kagète barêng mirêng yèn Dipawirya wis dilèrèni, banjur thukul wêlase marang Dipawirya saanak bojone.
Barêng wis rampung anggone olah-olah, Mbok Dipawirya lan anake kêlilan bali kanthi digawani sêga lan lawuh sacukupe.
Saiki wis kurang rong dina anggone Lêbaran. Dipawirya lanang wadon lagi padha lêlungguhan, anake wadon, si Murni lagi njlumati sandhange sing padha suwèk, calathune:
Mbok, mbok, iki nèk wis dijlumati rak ya rapêt manèh, kêna kanggo besuk dina Lêbaran, ya mbok?''
Sarija calathu mangkene: Pak, pak, Lêbaran dhèk anu kae, kok sênêng ya pak, klambine anyar, diparingi mêrcon saka tuwan administrateur, nanging barêng saiki bapak wis lèrèn, ya ora diparingi manèh ayake, ya pak, ah ya bèn, ya pak, oraa nyumêt mêrcon ya ora dadi apa.''
Barêng Dipawirya lanang wadon krungu têmbunge bocah loro kang mêmêlas mau, nggrêgêl atine, wêlas bangêt, têka padha narima têmênan.
Bocah sing loro padha pating cruwèt yèn dina Bakda bakal njaluk long, lan panganggo anyar, njaluk dhuwit sarta njaluk diplêsirake nunggang motor.
Dipawirya krungu têtêmbungane bocah loro iki atine saya nggrêgêt, rasane kaya diwênyêt-wênyêt, banjur tuwuh gagasane sing ora-ora. Bapakne mangsuli: "Iya le, le, mbesuk, ya le.''
Barêng Dipawirya anggone ngênêng-ênêngi anak-anake têkan kono, dumadakan krungu suwara "Kulanuwun''. Bocah-bocah padha mênêng anggone pating crowèt: Dipawirya ngêngakake kori karo mangsuli: "Mangga, lho mas upas kawêdanan, mangga, mangga lênggah, diutus, napa ontên prêlu piyambak.''
Upas: "O, kula diutus ndara wêdana sêkalihan kadhawuhan nimbali sampeyan, semah sampeyan lan anak-anak sampeyan sêdaya, supados kabêkta dhatêng kawêdanan.''
Dipawirya kagèt krungu têmbunge upas mau, nuli kêsusu calathu karo wêdi: "Lho, ontên napa, mas upas, ontên napa! Mbokne. Mbokne gilho rene, kowe nglakoni kaluputan apa, têka aku kabèh katimbalan?''
Upas nyêlani: "O, Kang Dipa, lênggah kriyin, sampeyan ditimbali niku, botên ajêng didukani kok, malah ajêng diparingi pitulungan agêng. Sampeyan ajêng didhawuhi dados abdi pêladèn, semah sampeyan didhawuhi olah-olah, Murni dados tukang rêsik-rêsik kamar, Sarija ajêng didhawuhi nêrusake anggone sêkolah, dene sing alit-alit, benjing yèn êmpun mangsane sêkolah nggih ajêng disêkolahake.''
Clês, rasaning atine Dipawirya, banjur calathu marang bojone: "E, mbokne, kanugrahan gêdhe, kanugrahan gêdhe, dene bandara wêdana sêkalihan padha kêrsa manggalih marang kasusahanku lan kasusahanmu. Ayo padha mangkat sowan saiki uga.''
Murni lan Sarija barêng krungu, bungahe tanpa upama, nuli enggal tata-tata arêp budhal.
Satêkane ing kawêdanan, upas ngaturake kabèh kaanan ing omahe Dipawirya, sarta kabèh sing dirungoni, awit upas mau krungu nalikane anake sing cilik-cilik padha pating crowèt anduwèni panjaluk dhewe-dhewe.
Ndara dènayu wêdana nuli ngandika marang Dipawirya karo mèsêm: "Wis saiki ora prêlu susah-susah, lan ora prêlu judhêg atimu, Dipawirya, aku wis sadhiya sandhangan kanggo kowe lan anak bojomu. Aku iki wis rumasa kêpotangan akèh, ana gawe bojomu ngrewangi buri, aku kasripahan kowe lan bojomu ribut ngadani sakabèhe, ora wêdi kêsêl. Sarèhne kowe saiki lagi nêmu susah, aku ya arêp nulungi. Yèn kowe padha gêlêm, wiwit dina iki kowe padha manggona kene, kaya sing wis dikandhakake dening upas kuwi mau.''
Dipawirya mangsuli: "O, ndara, matur nuwun, dene panjênêngan sêkalihan krêsa maringi pitulungan ingkang makatên. kula sadaya ndèrèk ingkang dados kêrsa panjênêngan kanthi bingahing manah.''
Wiwit dina iku Dipawirya saanak bojone padha nyuwita ing kawêdanan.
Barêng dina Lêbaran Murni lan adhi-adhine padha sênêng-sênêng, mênganggo anyar, lan diparingi mêrcon akèh. Mêngkono opahe bocah-bocah sing tansah narima. Sabanjure Dipawirya saanak bojone uripe sênêng ora kurang sawiji apa.
--- 192 ---
ULÊR JÊDHUNG.
Si Sèni iku bocah wadon kang kêna diarani nel-nelan. Yèn kon antêng rada suwe prasasat ora bisa, kudune reg-regan bae. Mlaku ridhik ora bisa, sanaan ana ing omah gawene ya playon. Ibune nganti sok kandha: "Bocah wedok kok polahe kaya singgat nangka. Yèn si Sèni krungu têmbung mangkono iku, banjur mlayu lan suwe ora ngetok manèh.
Ana manèh kang dadi wêwatakane si Sèni mau yaiku, amrih kêpenake dhewe, yèn dhakon karo ibune, sarta dhèwèke wêruh bakal kalah, mêsthi banjur klepat lunga, ethok-ethok arêp njupuk apa-apa, nanging wusana ora bali manèh.
Sanaan si Sèni anduwèni wêwatekan kaya kang kasêbut nduwur iki, ibune trêsna bangêt marang dhèwèke, awit sêkolahe maju, bijine ora kurang saka pitu, lan akèh wolune.
Ana wêwatekane manèh sing durung disêbut, yaiku si Sèni mau nèk sasi Pasa kudu milu saur, nanging ora tau gêlêm pasa, lan ora mêrduli pasêmoning liyan kang kaya mangkene: "Bocah kang saur tanpa pasa iku sok dadi ulêr jêdhung.''
Kocapa ing sawijining andungkap Bakda Riadi si Sèni kagèt karo ndêlok jandhela ketoke wis awan bangêt, dadi rumasa yèn bakal kêpancal olèhe mlêbu sêkolah. Dhèwèke gragapan, enggal-enggal arêp tangi, nanging o, anèh, arêp lungguh ora bisa sarta krasa wêtêng lan awake êmbut-êmbut mangisor mandhuwur. Si Sèni kagèt bangêt ndêlêng awake kaya bantal ulêse ijo sarta lorèk-lorèk irêng. Wis nyata si Sèni mau malih dadi ulêr kang luwih gêdhe.
Barêng krasa kang mêngkono iku, dhèwèke arêp njêrit, nanging swarane ora bisa kêwêtu. Arêp caturan ngundang ibune uga ora bisa. Si Sèni nalangsa bangêt, olèhe crocosan lan pikire: "O, kapriye, aku saiki kêpancal sêkolah, kaya apa dukane guruku lan kapriye omonge bocah-bocah.
Si Sèni mêtu saka kamar karo nangis arêp anggolèki ibune, lakune rindhik sarta karo mengkud-mengkud, nanging têkan ing buri sêkèsêl wêruh adhine wadon jênêng Siên, liwat sarta calathu: "Yu Sèn kok ora ana ing kamar, saiki ana ngêndi ta?'' Si Sèni arêp ngundang adhine mau, nanging ora mêtu swarane.
Mêtu saka omah ora kêpêtuk sapa-sapa, ibune uga ora ana, dadi si Sèni kepeksa marang ratan gêdhe. Ing kono dhèwèke gawe kagèting wong kang padha liwat. "Apa iki, hiii, apa iki, o, ulêr jêdhung. Iki rak kêdadèn bocah kang saur ora pasa.'' Mangkono omonging wong kang padha liwat. Saking isin lan wêdine si Sèni mau arêp andhêlik. Rèhning êmoh bali nyang omahe manèh, banjur liwat dalan pêrlu marani grumbulan.
Wêktu iku wong kang padha ndêlok saya suwe saya akèh. Sawênèh ana kang muni: "Wis dipatèni bae, sabab ulêr samono gêdhene iku ngêntèkake tanduran.''
Ana sing mangsuli: "Aja, iku rak kêdadèn bocah, cik bèn kapok.''
[Grafik]
Si Sèni susah bangêt, ing mbatin calathu mangkene: O, kaniaya têmên, yèn aku ora enggal-enggal lumayu mêsthi mati.'' Nanging arêp mlayu, rumasa ora bisa, sabab kagêdhèn wêtêng, dadi kêpêksa golèk pangungsèn manèh ing wit kênari. Sanajan rada kangelan dhèwèke bisa mandhuwur. Kabênêran bangêt dhèwèke bisa nyandhak pang kang gêdhe; ing wêktu iki pulisi-pilisi padha têka anggawa gantar prêlu kanggo nyènggèt dhèwèke. Supaya aja ketok wong babarpisan si Sèni mandhuwur manèh, nanging wah cilaka, barêng mèh gadhug ing pucuk, blêkok-blêkok kang padha nusuh ing wit kênari mau padha nêsu, awit padha kuwatir manawa susuhe dirusak. Blêkok mau banjur padha nyambêri. Si Sèni saking bingunge, pang kang ditemploki diculake, lan dhèwèke banjur tiba.
Barêng tiba gabrug ing lêmah si Sèni kagèt nuli tangi, sêbab si Sèni sajatine iku turu lan lêlakon kang kacarita ing dhuwur mau mung impèn bae. Kêbênêran ora suwe ibune mlêbu ing kamar, nuli pitakon: "Nang apa Sen, êluhmu kok crocosan, apa sing kotangisi?''
O, bu kula nyupêna.''
Sèni ora gêlêm walèh apa kang diimpèkake, nanging wiwit iku dhèwèke ora gêlêm saur manèh, yèn ora niyat pasa.
--- [1573] ---
1 | Kurang satu suku kata: ngluhurkên Ari riaya. (kembali) |
2 | sêrat. (kembali) |
3 | saiki priye. (kembali) |
4 | kathah. (kembali) |
5 | : Sakalangkung panuwun kula kyai, kula dipun paringi jajan. Tuwin kula kaparênga matur, punapa inggih kasusahan punika botên langgêng kyai. (kembali) |
6 | : O, sampun sataun punika. (kembali) |
7 | : Wah, inggih sampun, kyai. Kula nate dados tiyang sugih, punapa ingkang kula sêdya kêlampahan. (kembali) |
8 | : Manawi kula ngèngêt-èngêt margining badhe dhawahipun ing kasusahan punika wontên-wontên kemawon, griya kêbêsmèn, băndha têlas, para mitra dados satru, manah lajêng risak. Ing sapunika kula inggih sampun nyandhak bilih bingah susah punika botên langgêng. (kembali) |
9 | : Têka panjênêngan sampun priksa nama kula. (kembali) |
10 | : O, Kyai Sungkana, barêng aku mirêng pangandikamu, raosing manahku kêgugah, lan rumaos kaya manggih ancêr-ancêr dalan padhang. Aku isih èngêt wêwentehan nalika padha pêpanggihan, kang anjalari pêpisahanku lan sariramu. (kembali) |
11 | anggèn. (kembali) |
12 | wong. (kembali) |
13 | Kantaka. (kembali) |
14 | tumimbal-timbal. (kembali) |