Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
3. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
4. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
5. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
6. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
7. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
8. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
9. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
10. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
11. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
12. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
13. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
14. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
15. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
16. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
17. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
18. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
19. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
20. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
21. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
22. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
23. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
24. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
25. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
26. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
27. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
28. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
29. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
30. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
31. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
32. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
33. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
34. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
35. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
36. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
37. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
38. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
39. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
40. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
41. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
42. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
43. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
44. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
45. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
46. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
47. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
48. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
49. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
50. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
51. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
52. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
53. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
54. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
55. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
56. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
57. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
58. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
59. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
60. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
61. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
62. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 94, Rê Pn, 21 Pasa, Ehe 1868, 24 Nopèmbêr 1937, Taun XII.
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.
Isinipun: Palabuhan - Ngèlmi kabatosan - Babadipun Jaka Tirip ing Brêbêk, Nganjuk - Unggulipun manungsa tumrap sêsakit malaria - Gambar wontên ing kaca - Kawontênan ing Purwakêrta - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.
Palabuhan
[Grafik]
Sawangan krêtêg ing Palabuhan Sydney ing nagari Ostraliah
--- 1474 ---
Raos Jawi
Ngèlmi Kabatosan
Ngèlmi kabatosan punika wiwit jaman kina mila pancèn sampun wontên, dados dede barang enggal. Ngèlmi kabatosan inggih dipun wastani: ngèlmi sêpuh, ngèlmi kasunyatan utawi kasampurnan.
Mila dipun wastani ngèlmi sêpuh, awit ingkang ngangge limrahipun para sêpuh, utawi ingkang satêngah sêpuh. Inggih wontên para neneman ingkang purun anggêgulang ngèlmi sêpuh, nanging botên sapintêna. Ingkang makatên wau katingalipun lajêng nyalênèh, dene taksih ênèm marsudi ngèlmi sêpuh. Manawi dipun tingali saking sagêbyaran mila inggih dhasar makatên. Nanging manawi dipun sawang saking raos kasêpuhan, botên nyalênèh botên barang, jêr tiyang neneman ingkang kados makatên wau jiwanipun sampun sêpuh, ingkang katingal ênèm namung wujuding kuwadhaganipun. Kosokwangsulipun, botên kirang tiyang ingkang sampun sêpuh wujudipun, nanging pratingkahipun taksih kados para neneman, babarpisan botên purun anggêgulang ngèlmi kasêpuhan, punika mratandhani yèn tiyang wau taksih ênèm jiwanipun.
Mila dipun wastani ngèlmi kasunyatan, jalaran anggêgulang nyumêrêpi kanthi nyata pundi ingkang samar-samar utawi gaib, dados botên namung kandhêg wontên ing ucap-ucapan kemawon.
Mila dipun wastani ngèlmi kasampurnan, jalaran sasampuning sumêrêp nyatanipun ingkang samar-samar wau, lajêng katindakakên kadospundi mênggah karsanipun ingkang samar, murih ing akiripun sagêd sampurna: jumênêng pribadi, yèn ta cara kalimrahanipun sagêd manjing swarga.
Batos punika raosing gêsang, dados ngèlmi kabatosan têgêsipun inggih ngèlmi kangge nyumêrêpi utawi ngraosakên raosing gêsang, inggih punika tuking sadaya pangawikan. Mila tiyang ingkang sampun gêsang raosipun punika tansah kraos, mangrêtos dhatêng kawontênan ingkang samar, ngantos sagêd anguningani sadèrèngipun winarah, kadosdene panjênênganipun para sarjana sujana ing kina. Tiyang ingkang kados makatên wau katêmbungakên sampun asoca bathara, sagêd nampi sasmitaning gêsangipun piyambak, ingkang sok lajêng dipun wastani nampi sasmitaning Pangeran. Inggih tiyang ingkang kados makatên punika ingkang nama bêgja saha mulya.
Sanadyana tiyang ingkang sami anggêgulang kabatosan dèrèng dumugi samantên inggilipun, nanging manawi pancèn kapengin sangêt dhatêng ngèlmi kabatosan, sakêdhik-sakêdhik tamtu sampun wontên titikanipun ingkang mracihnani manawi têmên anggêgulang kabatosan, kados ta :
1. Karêm acêcêgah.
2. Wêlas asih dhatêng sasamining gêsang.
3. Narimah ing sapandum.
4. Botên atindak rêsah.
5. Botên uwas sumêlang.
6. Botên adigang, adigung, adiguna.
--- 1475 ---
7. Botên tansah sêsambat, saha sanès-sanèsipun.
Kalanipun kula taksih lare, ing padunungan kula dèrèng wontên sêpur, kula asring nampi rêraosanipun para sêpuh makatên: thole, jare wong tuwa-tuwa besuk ana kreta mlaku dhewe, kapal api ngambah dharatan, pasar ilang kumandhange, kali ilang kêdhunge, wong wadon ilang wirange. Malah jarene kali Brantas ing Kêrtasana krêtêge ing besuk kêmbar, lan kali Brantas ing Tulungagung disudhèt mangidul.
Cariyosipun tiyang sêpuh-sêpuh wau sadaya sampun nyata, inggih punika wontênipun: motor, kareta latu, pêkên botên ngumandhang, lèpèn tanpa kêdhung, tiyang èstri tanpa piningit, blura-bluru kados tiyang jalêr, milih semah piyambak (sanadyan sawêg sakêdhik) krêtêg ing Kêrtasana kêmbar (krêtêg sêpur saha margi tiyang), lèpèn Brantas ing Tulungkagung[1] kabaripun sampun dipun wiwiti kasudhèt mangidul.
Nanging sintên ingkang gadhah pamêca wau, para sêpuh botên salêd[2] nêrangakên. Namung kintên-kintên kemawon: Sang Prabu Aji Jayabaya, nata binathara ing Mamênang, Kadhiri. Manawi dede punika, inggih salah satunggaling sarjana sujana ing kina. Hêm, samantên pamawasipun sarjana ingkang sampun gêsang raosipun punika.
[Iklan]
Panjênênganipun swargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga agêng ing nagari Surakarta Adiningrat, punika inggih satunggaling sarjana ingkang gêsang raosipun, katitik saking tilaranipun sêrat jăngka utawi pamêca: Jaka Lodhang saha Kalatidha, ingkang wontênipun ing samangke sumêbar ing saindênging Nuswa Jawi.
Badhe kasambêtan. Ki Darmaprawira.
--- [1476] ---
[Iklan]
--- 1477 ---
Babadipun Jaka Tirip ing Brêbêk, Nganjuk
Ing dhusun Tirip bawah Brêbêk, Nganjuk, wontên satunggiling kawontênan ingkang nganèh-anèhi. Prawan ing dhusun Tirip wau botên badhe angsal jodho-jodho, yèn dèrèng purun wilujêngan rumiyin ing pasareyanipun Jaka Tirip. Pramila sapunika prawan-prawan ing dhusun wau yèn sampun diwasa, lajêng sami ambêkta tumpêng dhatêng pasareyanipun Jaka Tirip, supados enggal angsala jodho. Dene sabab-sababipun têka lajêng wontên kadadosan ingkang nganèh-anèhi wau, miturut dêdongènganing tiyang dhusun ing ngriku makatên:
Kacariyos, wontên satunggiling jêjaka nama Tirip sampun kasèp diwasanipun, tansah botên angsal-angsal jodho kemawon, damêlipun nyêgah nêdha lan tilêm, awis-awis wontên griya, kasênênganipun wontên ing sanginggiling satunggiling wit năngka, nyênyuwun dhatêng ingkang Maha Kuwaos mugi-mugi enggala pinaringan jodho ingkang nyocogi dhatêng manahipun.
Ing satunggiling dintên, nalika Jaka Tirip wontên ing sanginggiling wit năngka wau, piyambakipun sumêrêp satunggiling prawan ambêkta jun dhatêng sêndhang ing sacêlakipun ngriku, prêlu mêndhêt toya. Sanalika Jaka Tirip tuwuh gagasanipun badhe anjawat, mila lajêng enggal-enggal mandhap, nanging cilaka, kêkajênganipun botên sagêd kalêksanan, sabab saking kasêsanipun, piyambakipun kêplorot dhawah lajêng pêjah wontên ing ngriku. Dene jisimipun ugi lajêng kapêtak ing ngriku pisan.
[Iklan]
Botên antawis lami wontên suwara saking kuburan wau, makartên:[3] Sakabèhing prawan ing desa Tirip kene ora bakal bisa payu laki, yèn ora gêlêm anggawa tumpêng mênyang kuburanku kene dhisik. Ngantos sapriki prawan-prawan ing dhusun Tirip ngriku yèn sampun diwasa lajêng sami wilujêngan ing pasareyanipun Jaka Tirip wau, kapasrahakên dhatêng Kyai Modin, ingkang sampun pikantuk idi dening Jaka Tirip.
Suradi.
--- 1478 ---
Bab Kasarasan
Unggulipun manungsa tumraping sêsakit malaria
Sambêtipun Kajawèn nomêr 93.
Lêmut malaria punika anggènipun manggèn lan nigan pancèn inggih wontên ing ganggêng punika, ing ngriku tigan lêmut sagêd nêtês dados ugêt-ugêt lan dados lêmut alit-alit (muggen-larven) ingkang gêsangipun ing ganggêng wau kanthi sae lan primpên botên wontên ingkang sagêd anggodha utawi ngrisak, nanging ing pabandêngan ugi asring wontên, malah sok kathah ulamipun sanès kados ta: ulam kadha (blanak) ingkang dados mêngsahipun lêmut wau. Yèn ugêt-ugêt utawi lêmut alit-alit pinuju lena mungup-mungup, mêdal sakêdhik kemawon saking ganggêng lajêng dipun caploki dening ulam kadha wau, nanging yèn ugêt-ugêt utawi lêmut alit-alit wau botên mêdal, ulam kadha inggih botên sagêd măngsa utawi nyaploki.
[Grafik]
Bêndungan ingkang sampun sae kangge ngoncori toya ing pabandêngan, lan ing sisih: balumbang ingkang dipun ênggèni lêmut malaria.
Samăngsa lêmut alit-alit wau sampun mêdal êlaripun lan sampun kiyat, inggih lajêng sami mibêr dhatêng pundi-pundi sarta sagêd nular-nularakên sêsakit malaria wau, tumrap têtiyang ing kampung saubêngipun pabandêngan punika ambêbayani.
Ganggêng ijêm ingkang kumambang kangge manggèn utawi nigan lêmut wau kêdah dipun icali, supados lêmut botên sagêd manggèn utawi nigan. Măngka ganggêng ijêm punika, kangge têtêdhanipun ulam bandêng, upami ganggêng ical, ulam wau botên wontên têtêdhanipun.
Kadospundi rekadayanipun sapunika, dipun icali, lêmut sagêd ical, damêl kapitunanipun ingkang gadhah pabandêngan, jalaran bandêngipun têmtu botên nênêdha, dados botên lami têmtu sirna.
Commissie botên kèndêl samantên kemawon, tansah ngudi lan ngupados margi supados lêmut botên sagêd manggèn utawi gêsang ing ngriku, lan ulam bandêng kêdah gêsang ing pabandêngan wau tanpa ganggêng ijêm.
--- 1479 ---
Tuwan Rijntjes ingkang ngudi lan mriksa kawontênanipun gêsanging ulam bandêng ing toya pabandêngan, sagêd nyumêrêpi bilih ulam bandêng ing toya pabandêngan sagêd pikantuk têtêdhan kajawi ganggêng ijêm ingkang kumambang wau, ugi sagêd nênêdha rêrêgêd lan lumut ganggêng biru ing ngandhap toya (dhasar) pabandêngan. Sanajan ganggêng biru wau kadhang-kadhang sagêd kumambang, nanging sagêd kêlêm malih, amargi ganggêng punika botên kados ganggêng sanèsipun ingkang kumambang gumramyang pating saluwir dados kathah, ingkang sêla-sêlanipun kangge manggèn ugêt-ugêt lêmut wau. Ganggêng biru ingkang wontên ing ngandhap toya kêmpêl kadosdene êndhut, yèn pinuju kumambang lêmut botên purun mencok utawi manggèn kangge nigan, awit ganggêng punika sadintên kalih dintên sagêd kêlêm malih, lêmut kados sampun mangrêtos yèn ganggêng makatên punika sagêd kêlêm.
Sapunika rèhning ulam bandêng wau wontên ing dhasar utawi ngandhap toya sagêd pikantuk têtêdhan saking lumut ganggêng biru wau, mila ganggêng ijêm ingkang kumambang dipun icali inggih botên dados punapa-punapa.
Wasana têtiyang ingkang gadhah pabandêngan sami grundêlan, awit yèn ulam bandêng namung sami nêdha êndhêg-êndhêg toya utawi êndhut, ulamipun dipun têdha raosipun mambêt êndhut, yèn dipun sade kirang pajêng.
Sanajan Commissie ngrika-ngriki sami dipun duwa, mêksa lajêng anggènipun nyambut damêl saha nêrang-nêrangakên dhatêng têtiyang wau, inggih punika ulam bandêng nêdha lumut ganggêng biru ing ngandhap toya botên dados punapa-punapa, awit yèn sampun dipun ratêngi, dipun têdha botên mambêt êndhut lan botên ical gurihipun. Dene ganggêng ingkang kumambang wau katingal rêgêd sangêt, wah malih kangge manggèn tigan lêmut ingkang dados ugêt-ugêt lan dados lêmut malaria, tumrap têtiyang ing kampung ngriku ambêbayani.
[Iklan]
Sasampunipun rambah-rambah têtiyang wau dipun rêtos-rêtosakên lan dipun gênah-gênahakên, dangu-dangu lajêng mangrêtos yèn pranatan nagari punika botên badhe damêl kapitunan, wasana lajêng sami purun ambiyantu ngicali ganggêng ijêm ingkang damêl rêgêding pabandêngan lan kangge panggenan tangkar-tumangkaripun lêmut, malaria wau.
Badhe kasambêtan
R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.
--- 1480 ---
Kawruh Satawis
Gambar wontên ing kaca, tuwin pratikêlipun
Ing sasumêrêp kula kados sampun sumarambah sangêt ing bab wontênipun gêgambaran ingkang kapêtha (kacorèk) wontên ing kaca, kados ta: gambar ringgit, ungêl-ungêlan, rafal-rafal, plat asma, sapanunggilanipun. Ingkang ewonipun asri sangêt mênggahing paningal, kajawi punika sadaya gambar ingkang kapêtha wontên ing kaca punika sagêd ambabar cahya gilap dumêling, tur ugi botên badhe enggal luntur kadosdene gambar ingkang kapêtha wontên ing dlancang.
Ing sarèhning sasumêrêp utawi saemut kula ing bab punika : Kajawèn dèrèng nate ngêwrat, kados botên wontên awonipun mênggah bab punika wau kula andharakên wontên ing ngarsanipun para maos (punika bokbilih panjênênganipun tuwan rêdhaktur amarêngakên maringi papan) inggih namung trimah lowung minăngka kangge pêpak-pêpak isining udyana Kajawèn.
Samangke badhe kula wiwiti saking ingkang gampil-gampil rumiyin.
Plat Asma (naambord)
Sasampunipun kagungan pilihan gagraging aksara ingkang badhe kagêm, nuntên amundhuta dalancang ingkang panjangipun sakintên anyêkapi, lajêng miwiti andamêl aksara mawi potêlot.
Ing sarèhning sadaya sêratan manawi badhe kasêrat wontên ing kaca kêdah kasêrat malik, pramila lajêng mundhuta dalancang karbon (carbon-papier) kapasanga malumah wontên ing ngandhaping pola aksara kasêbut ing ngajêng, sasampunipun, murih aksara-aksara wau sagêda nabêt wontên ing sisihing pola, lajêng kaambalana dipun corèki malih.
Sasampunipun rampung, dalancang pola kapundhuta, ing sisihipun tamtu sampun wontên tabêtipun aksara kala wau, namung dhapur kuwalik (inggih punika ingkang badhe kapola wontên ing kaca).
Manawi kapinujon botên wontên dalancang karbon, ugi sagêd ngagêm dalancang kalkir (calqueer-papier) utawi dalancang minyak.
Patrapipun, dalancang kalkir utawi minyak katumpangna ing pola ingkang lamak, aksara lajêng kapolaa malih, sasampunipun cêkap lajêng kapundhuta, sisihipun sampun kenging kagêm pêtha wontên ing kaca.
Samangke lajêng mundhuta kaca ingkang ukuranipun sakintên anyêkapi. Kaca-kaca kalawau sagêd mundhut ing sabên toko tosan kanthi mirah, amiliha kaca ingkang bêning sampun ngantos wontên balêntong-balêntongipun, awit kaca ingkang makatên wau botên prayogi manawi kadamêl gambar, tur adhakanipun angèl sangêt ical-icalanipun.
Kaca lajêng kakumbaha mawi sabun ingkang ngantos rêsik, manawi sampun rêsik lajêng kagaringakên, sarana kagosok mawi sêrbèt utawi pipihan sanèsipun, botên kenging pisan-pisan kaêpe.
--- 1481 ---
Sasampunipun kêsat tuwin garing saèstu, ing lumahing kaca ingkang badhe kagambar (kacorèk) kagosoka mawi bubukan kapur ingkang lêmbat, utawi kenging ugi ngagêm wêdhak (wêdhak korèk).
Patrapipun : bubukan kapur utawi wêdhak kauwur-uwurna wontên ing lumahing kaca, lajêng kagosoka mawi pipihan wongsal-wangsul ngantos waradin. Sasampunipun lajêng kaêlapana malih ngantos wangsul bêning malih.
Paedahipun kagosok mawi bubukan kapur utawi wêdhak, manawi kacorèk mawi mangsi (Oost-Indische inkt) botên badhe sagêd anjêmblok.
Samangke lajêng sampun sagêd miwiti anggambar.
Badhe kasambêtan.
Sutana.
Kartu Lêbaran
Kasêbarakên dening Asib dhatêng para lêngganan Kajawèn.
Ing ngriki kawartosakên dhatêng para maos, bilih salah satunggiling Kajawèn ingkang badhe mêdal, badhe dipun kanthèni kartu lêbaran, ingkang wujudipun sae, prêlu kangge ngintuni para kadang warga, ngucapakên wilujêng ing dintên lêbaran. Kartu wau ingkang nyukani Asib.
Mangke samăngsa para maos sampun mriksani, tamtu karênan ing panggalih saha kaparêng ngagêm, amargi kartu wau pèni yêktos.
Kartu wau mathukipun ngangge prangko Asib dados nama gathuk.
[Iklan]
--- 1482 ---
Rêmbagipun Garèng + Petruk
Kawontênan ing Purwakêrta V
Petruk : Kanggo mungkasi caritaku prakara Purwakêrta, saiki kowe tak dongèngi nalikane aku arêp dolan mênyang Kalibacin, Kang Garèng. Saka Purwakêrta aku nunggang trèm nyang Pathikraja. Karêpku saka kono têruse aku arêp nunggang dhokar bae.
Garèng : Iki jênênge rak putêr kayun, Truk, ambok nyêpure kuwi ditêrusake bae nyang Gambarsari. Saka kono nyang Kalibacin rak wis luwih cêdhak.
Petruk : Wah, kapok tuwa têmênan, Kang Garèng, yèn aku dikon mêtu Gambarsari, awit saka kono banjur kapêksa kudu nyabrang kali Srayu, nunggang tambangan. Wah, iya luwung nyuwun pêrlop, Kang Garèng, yèn aku nganti dikon gethekan kuwi, kathik gethekan ana ing kali Srayu. Apa prasaksat dikon sowan nyang Kyai Wangsanangga, dhanyanging kali Srayu. Utawa apa murih disarab Sang Bayu Buntung, yaiku baya kang wis mrêkayangan, sarta saikine wis ngadhaton ana ing Silarang.
Garèng : Wayah, jarene wong wis modhèrên, kathik prêcaya marang prakara sing pating brêndhil mêngkono. Nèk kanggone aku dhewe, Truk, mula iya gêmang yèn dikon nyabrang ing kali Srayu kuwi, ora sabab saka wêdi, nanging jarene wis ana rêmbuge Kyai Wangsanangga, aku arêp ... dipèk mantu.
Petruk : We, hla kok iya lumrah, nèk jênêng manusa kuwi, rupaa pating pleyot pisan, kok iya duwe rumasa duwe bagus lan brêgas, lan sapa bae mêsthi kêpengin ngêpèk mantu. Nanging tak pikir-pikir kok iya mèmpêr, nèk Kang Garèng arêp dipèk mantu karo Kyai Wangsanangga, dhasar dhanyanging kali, mêsthine iya sugih prawan sing pantês dadi jodhone Kang Garèng, kaya ta upamane sing jênêng: nyi mas lara ... bulus.
Garèng : Wong kurang ajar, uwong kathik kon rabi bulus, apa dikon anak-anak ... sidhat. Wis, aja nglindur, banjurna bae caritamu.
Petruk : Sabanjure, Kang Garèng, sajêrone aku nunggang dhokar saka Pathikraja mau, kusir dhokar carita nyang aku, yèn ing desa Notog ana dhukun kang mandi bangêt.
Garèng : Wèyèh, apa ula koros, kathik diunèkake mandi, nèk dhukun sing pêng-pêngan kuwi, arane rak mustajap.
Petruk : Iya wis, Kang Garèng. Ngrungu ana [a...]
--- 1483 ---
[...na] dhukun mustajap mau, sanalika kono tuwuh pikiranaku mangkene : ing sarèhne aku mung duwe sadulur lanang siji, kathik sugih lara: korèng, wudun, gudhig, borok, bubul, diborong dadi siji, jajal-jajal tak suwunake tămba nyang kyai dhukun kiyi, nèk-nèke bisa mari.
Garèng : Lho, sing êndi ta sêdulurmu sing sugih panyakit kuwi.
Petruk : Hla, kuwi nèk manusa. Sanadyan gênah bubulên upamane, ana dalan dikrakal anyar, ora kok sêmingkir, nanging malah ditrajang sarana dhadha diungalake, sirah didêngèngèkake, wirone dicangking, ngumbar suwara : ma-tik aku, sarta lakune banjur digawe: mincêk-mincêk, lho, iki saka êmohe diarani : bubulên. Ya uwis, saiki tak banjurne bae caritaku. Kala samono, Kang Garèng, lakuku nyang Kalibacin banjur tak wurungake, sarta banjur mrêlokake sowan nyang ing dhukun mau. Miturut calathune kusir, sing sapa arêp sowan nyang kyai kono kuwi, kudu anggawa sarat kêmbang kang diisèni dhuwit sakêthip. Lan kêmbang mau kudu tuku ing warung Tionghwa ing sacêdhake kono. Aku iya mèlu-mèlu mangkono, Kang Garèng. Barêng aku têkan ing omahe kyai dhukun, wèh, nyata, dhukun sing wis kawêntar bangêt. Ingatase kala samono isih rada esuk, sing sowan nyang kyai wis pirang-pirang bangêt. Kabar-kabare wong sing sowan mrono, kuwi ora kurang saka sèkêt sadinane.
Garèng : Mêngko sik, Truk, aku tak takon dhisik, sing adol kêmbang ing kono ana wong pira.
[Grafik]
Petruk : Wiyah, pitakone kathik kênèh-kênèh mêngkono. Sing adol kêmbang mung wong siji, Kang Garèng.
Garèng : Bagus, wong siji awèh sêkêthip, wong sèkêt mêsthine awèh 50 kêthip, dadi sêdinane pangasilane dhukun mau 5 rupiyah, sêsasine 30 x 5 rupiyah = 150 rupiyah, kêmbang sabuntêle upama digawe 1 sèn, 50 bungkus, iya 50 sèn. Kira-kirane kêmbang sing saka dhayoh mau bali nyang warung Tionghwa manèh, alias : kong kalikong.
Petruk : Wiyah, wiyah, ora ngandêl nyang
--- 1484 ---
dhukun, iya ora, aja tumuli banjur arêp andakwa sing ora-ora mêngkono. Saiki rungokna, tak banjurne caritaku. Ing kala samono kabênêran, Kang Garèng, ana wong saka Purbalingga anjaluk tămba nyang kyai dhukun, kanggo bojone kang wus lawas duwe lara wêtêng. Barêng kabèh wis ditêrang-têrangake nyang kyai dhukun, kyai dhukun ujug-ujug banjur kranjingan, Kang Garèng, jarene karawuhan yitmane lêluhur sing wis seda pirang-pirang atus taun, Kang Garèng, sabanjure kyai dhukun banjur nulis ana ing meja nganggo dariji. Nèk rumasaku iya ora ana tapake apa-apa. Nanging tumrape kyai mau, jarene tulisane cêtha wela-wela. Miturut omonge uwong, jarene isining tulisan mau dhawuhing lêluhur sing nyurupi kyai dhukun. Dene sing bisa maca iya mung kyai dhukun dhewe. Ora antara suwe kyai dhukun mau banjur maca tulisane dhewe sing ana ing meja mau. Anggone maca nganggo lagu kinanthi, Kang Garèng.
Garèng : Haiya, Truk, ora dadi ngapa kelangan dhuwit sakêthip karo dhuwit kêmbang sasèn, idhêp-idhêp ngrungokake wong barang kêntrung.
Petruk : Wayah, ambok aja sêmbrana, ta, Kang Garèng, nèk ngunèk-unèkake uwong kuwi kathik sakrêsanya mêngkono. Wis, saiki rungokna, tak dongèngi patrape kyai dhukun karo sing anjaluk tămba mau. Kyai dhukun, maca nganggo lagu kinanthi mangkene :
Mungguh larane bojomu | bênêr bae nguwatiri | ora kêna ingobatan | aspirin pil miwah jèksi | yodh kali salêp salparsan | tanpa guna ora mari ||
Kasambêt bêbukanipun | dening kang baurêksa ing | pakarangan miwah griya | ora trima mring sirèki | dènnya dandan-dandan griya | ana kang salah sakêdhik ||
Ora, apa kowe dhèk anu dandan-dandan omah.
Dhayoh sing anjaluk tămba mangsuli mangkene, Kang Garèng.
O, inggih, sêg anu kula damêl èmpèr.
Dhukun calathu : Hla iku. Sauwise, Kang Garèng, kyai dhukun nuli ambanjurake kinanthine mau mangkene :
Ana usuke kang kliru | saikine jaluk ganti | idu tumètès ing bantal | salêr maning rada miring | adus toya ing ngawiyat | enggal dinandanan ugi.
Dhayoh anjaluk tămba : inggih, inggih, kyai, mangke kula dandosi.
Kyai dhukun : Lan kanggo tămba bojomu | klapa ijo cêdhak margi | toya dêgan cinampuran | uyah adas pulasari | ingombèkna waktu siyang | rong dina bae wis mari.
Dhayoh : inggih, inggih, sampun kyai kêlilan.
Wah, Kang Garèng, barêng aku krungu sing kaya mêngkono kuwi, aku banjur lunga tanpa pamit. Masa iya, lêluhur kathik kobêr-kobêre têtêmbangan kinanthi barang, luwih manèh nganggo wangsalan pisan.
Garèng : Nèk-nèke lêluhur sing ngranjingi kuwi biyèn-biyène pènsiunan, ... langêndriyan barang, dadi omonge kêpatuh ditêmbangake. Wis, wis, Truk, rêmbugane bab Purwakêrta disêtop samene bae, liya dina rêmbugan ing bab liyane bae manèh.
--- 1485 ---
KABAR WARNI-WARNI
(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)
KANGJÊNG NYONYAH GUPÊRNUR JENDRAL MÊDHAR SABDA, BAB PRANGKO A.S.I.B. Benjing ing dintên Salasa tanggal 30 November punika, ing wanci sontên, jam 6.50 (jam pitu kirang sadasa mênit), Kangjêng Nyonyah Gupêrnur Jendral badhe mêdhar sabda wontên sangajênging microfoon N.I.R.O.M. gêgayutan kalihan anggèning prangko A.S.I.B. badhe kasade. Sasampunipun punika lajêng ngandharakên katrangan ringkêsan bab cara-caranipun anggèning A.S.I.B. tumindak ing damêl.
[Iklan]
Mr. R.A. Siti Soendari nindakakên papriksan dhatêng Ngayogya. Sampun sawatawis dintên, Mr. R.A. Siti Soendari Soewadjipoetra ing Bêtawi, kapiji ing Parentah dhatêng Ngayogya, pêrlu nitipriksa dhatêng kawontênanipun golongan bêrah èstri ing nagari ngriku.
Kawênangakên angsal kindertoelage. Kawrat kêkancingan saking Departement Pangajaran katitimangsan kaping 5 October 1937 No. 30929/B, pamulangan Lagere Nijverheidsschool voor meisjes Sint Anna, murid-muridipun kawênangakên angsal kindertoelage.
Bandera Parindra. Miturut wartos, awit saking rêmbaging H.B. Parindra, badhe macak tatanan wontên ing baleswaranipun, supados sawarnining tumpakanipun para warganing Parindra sami mawi têtêngêr bandera Parindra alit. Manawi sêdya punika kasêmbadan, ing sabên auto, sêpeda tuwin sanès-sanèsipun badhe kapasangan makatên.
Rêca Buda ing Fort de Kock. Sampun dangu ing Dierenpark ing Fort de Kock wontên rêca Buda tiga iji. Rêca wau ingkang satunggal nama Dharmapala, satunggalipun Amoghapaca. Miturut wartos, rêca Amoghapaca wau satunggaling rêca Buda ingkang agêng piyambak ing satanah ngriki. Rêca wau asli anggènipun manggih wontên ing sacêlakipun Sijunjung, Bukit Tinggi. Awit saking panêdhanipun Museum rêca wau badhe kabêkta dhatêng Bêtawi.
Sêsakit pest ing Sela. Ing dhusun Samiran, Sela, Boyolali, wontên tiyang kêtrajang sêsakit pest wudun ingkang pinanggih tansah lumintu. Wontên tiyang 27 ingkang magêpokan kalihan tiyang ingkang sakit, sami dipun barak. Ing dhusun Samiran ngriku ing salêbêtipun 20 dintên wontên tiyang tiwas jalaran kêtrajang pest paru 2, pest wudun 5. Tumrap têtiyang ingkang sami dipun barak, wontên ingkang ngajal 3. Malah ing dhusun Klakah, ing tapêl-watês Munthilan ugi wontên lare ingkang ngajal jalaran sakit pest.
Ratu Adil. Ing dhusun Jatiseeng, Cirêbon, wontên tiyang nama Asnawi, umur 60 taun, ngakên dados Ratu Adil. Tiyang wau ngakên darah Nabi Adam tuwin Sunan Gunung Jati, saha ajêjuluk Hèru Cakra, Imam Mahdi, Ratu Adil tuwin K.N. Adam ingkang nguwaosi ing donya punika, kathah-kathah pangakênipun ingkang sarwa nglêmpara. Kanthinipun wontên tiyang kalih nama Wista tuwin Praja, ingkang nyêbar wartos dhatêng pundi-pundi. Wusana tiyang 3 wau sami dipun cêpêng ing pulisi.
Comite Arab. Ing Bêtawi wontên babadan comite Arab, ingkang kajêngipun nglêmpakakên arta kangge darma dhatêng Palêstina. Ingkang kaangkat dados pangayoman kaptin bangsa Arab tuwan Hasan Argoebie.
Angsal-angsalanipun S.S. Angsal-angsalanipun S.S. ing tanah Jawi ing wulan October kêpêngkêr wontên f 2.511.749,-. October taun kêpêngkêr wontên f 2.200.407.90. Tumrap Zuid-Sumatra f 269.525.-. October taun kêpêngkêr f 222.325.90. Sumatra's Westkust f 167.382.-. October taun kêpêngkêr f 131.740.35 Acèh f 97.217.-. October pêndhakipun f 82.012.68.
Rêrigên numbasi randhu. Ing wêkdal punika Volkscredietbank ing Paree numbasi pamêdal kapuk ing kanan-keringipun ngriku, sabên 100 iji 13½ sèn. Salajêngipun karimat ing gudhang. Tindak wau pêrlu anjagi supados têtiyang ingriku botên nyade ing sakajêng-kajêngipun. Dene manawi wontên tiyang ingkang badhe kilak, kenging tumbas dhatêng gudhang wau, botên kaindhakakên rêginipun.
Tampi bintang saking nagari Walandi. Para utusan Nata ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta ingkang anjênêngi pikramèndalêm Sripaduka Prinses Juliana, sami tampi bintang pèngêtan saking Sripaduka Prinses. Inggih punika B.K.P.H. Soerjohamidjojo sakalihan Bêndara Radèn Ayu G.K.R. Pambayun ing Ngayogya, B.P.H. Poeroebojo tuwin B.P.H. Pakoeningrat.
Ing bab tiyang ingkang katarik ing pajêg. Pranatan ingkang sampun tumindak ing sapunika, tiyang ingkang kangengingakên[4] pajêg, wiwit balanja f 100.- sataun. Nanging wiwit taun ngajêng wiwit ingkang balanja f 90.- sataun. Dene tumrap ing kitha ingkang agêng-agêng, kadosta Sêmarang, Bêtawi, Surabaya tuwin Bandung dipun wontêni tatanan sanès, amargi tataning panggêsangan ingriku pinanggih beda.
Sinau dhatêng Manila. Miturut wartos, awit saking kaparêngipun Parentah, tuwan Soemeddi, Gouv. Ind. Arts. ing Purwokêrto, benjing wulan Maart 1938 kadhawuhan dhatêng Manila, pêrlu nindakakên pasinaon, laminipun sataun.
--- 1486 ---
[Grafik]
Inginggil punika wujuding prangko Asib ingkang badhe kasade ing tanggal 1 December ngajêng punika.
P.G.I. têtêp 25 taun. Kala malêm Ngahad tanggal 14 wulan punika, Pêrsatuan Guru Indonesia ngawontênakên pêpanggihan wontên ing Bandung manggèn ing gêdhong Pasundan ing Pangeran Sumêdangweg, mèngêti adêging pakêmpalan sampun 25 taun. Para pangagêng ingkang rawuh anjênêngi kathah. Pakêmpalan sasampuning ambikak parêpatan, pangarsaning verbondbestuur tuwan Atik Soeardi mêdharsabda ngaturakên gênging panuwun dhatêng ingkang sami kêparêng rawuh, saha ngaturakên panuwun dhatêng para ingkang ambiyantu adêging congres P.G.I. ingkang kaping 25 punika, punapadene dhatêng para ingkang kintun têlêgram tuwin sêkar. Kajawi punika ngaturakên gênging panuwun dhatêng R.A.A. Wiranatakoesoema anggèning kêparêng jumênêng pangayoman comite. Minangka andharan pamêdharsabda mratelakakên, adêging pakêmpalan punika kala ing taun 1912 wontên ing Magêlang. Dumugining wulan Maart taun 1927 pakêmpalan wau nama P.G.H.B. lajêng santun nama P.G.I. Salajêngipun mratelakakên ancasing pakêmpalan, tuwin sanès-sanèsipun.
[Grafik]
Conferentie sêsakit lepra ing Mêsir. Dr. P.H.J. Lampe, directeur Centraal Instituut kangge mriksa sêsakit lepra ing tanah ngriki ing Bêtawi tuwin Dr. J.B. Sitanala, hoofdgouvernementsarts ing Sêmarang, ugi panuntun nyirnakakên sêsakit lepra ing tanah ngriki, sami kapiji dening Pakaryan Kasarasan, minangka wêwakilipun Pakaryan Kasarasan, anjênêngi conferentie babagan sêsakit lepra ing Mêsir benjing taun 1938.
Suntikan pest ing Wonosobo. Wiwit tanggal 17 dumugi 25 wulan punika ing Wonosobo kawontênakên suntikan pest ngangge jampi Dr. Otten. Têtiyang ingkang kasuntik badhe wontên 16.000.
Tiyang ukuman minggat. Têtiyang ukuman ing Ampênan, Lombok, ingkang kapurih nyambutdamêl wontên Pringgarata, Lombok-Tengah, sami minggat cacah 22. Pulisi lajêng madosi têtiyang ingkang sami minggat wau. Salajêngipun sampun wontên kalih ingkang kêcêpêng.
Tentoonstelling sata Verginia. Ing bawah Bojonêgoro wontên tanêman sata Verginia ngantos 50.000 bau, nanging dèrèng patos kasumêrêpan ing tiyang kathah. Limrahipun sata wau dipun wastani sata Rêmbang. Tanêman sata wau dipun adani dening British American Tobaco. Dene pasitèn ingkang dipun pilih namung wontên kalih distrik, sanèsipun papan wau botên wontên ingkang mathuk dipun tanêmi. Mênggah angsal-angsalaning panenan badhe kapitongtonakên.
Kêbêsmèn ing rêdi Wilis. Ing rêdi Wilis mêntas wontên kêbêsmèn wana malih, dèrèng kasumêrêpan pintên kapitunanipun.
Sampun têtêp santun nama. Wiwit tanggal 16 wulan punika station Batavia tuwin Weltevreden sampun dipun santuni namanipun. Batavia dados Batavia-Benedenstad, dene Weltevreden dados Batavia-Koningsplein.
NAGARI WALANDI
Mêling kapal-kapal enggal. Miturut wartos, Kon. Shell mêling kapal lisah enggal kathah, rêrêgèn 18 yuta rupiyah. Tumrap Ned. Scheepsbouw tampi wêlingan 2 ingkang 15.000 ton. Wilton Feyenoord tampi wêlingan 3 ingkang 120.000 ton. Rott. Droogdok Mij. 1 ingkang 12.000 ton. Amsterdamsche Ned. Dok Mij. 1 ingkang 9000 ton. Van der Giessen ing Krimpen aan de Lek 1 ingkang 9000 ton.
Kruiser pulisi Jan van Brakel dhatêng Indhia-Kilèn. Benjing wulan Januari ngajêng punika Kapal Kruiser pulisi Jan van Brakel badhe pangkat saking nagari Walandi dhatêng Indhia-Kilèn, nggêntosi kapal Gelderland. Kapal pêrang Java ingkang dhatêng Indhiy-Kilèn, benjing Mèi 1938 wangsul dhatêng tanah ngriki.
EROPA
Rêgining sata mindhak. Miturut wartos saking Berlijn, wiwit tanggal sapisan December ngajêng punika, rêgining sata saking tanah ngriki tuwin sata-sata asli saking nagari jajahan katêtêpakên mindhak 10 pCt.
Kasangsaran motor mabur. Satunggiling motor mabur ingkang anggêgana saking Frankfort-London, nalika badhe mandhap wontên papan anggêgana ing Ostende, jalaran saking pêdhut kandêl, lampahipun nrajang pipa pabrik, lajêng dhawah. Tiyang ingkang numpak sadaya 8 tuwin punggawa 3, tiwas sadaya. Ing kala punika Prins van Hessen tuwin putrinipun ugi nitih wontên ingriku.
Graziani wangsul dhatêng Italie. Kawartosakên, bilih Graziani, raja mudha ing Ethiopie kapurih wangsul dhatêng Italie. Dene ingkang gumantos, H4ertog Aosta, kapenakipun Nata Italie.
Blêdhosan ing kapal. Kapal Italie Boccacio ingkang nuju lumampah saking Genua dhatêng Hamburg ambêkta obat, sadumugining sakidul-wetan Ouessant anjêblos. Wontên tiyangipun 31 sami punggawa ngriku dipun tulungi dening kapal Tanjung wontên tiyang ingkang ical satunggal.
--- 1487 ---
Wêwaosan
III. Lêlampahanipun Ilya
28
Sampon, satunggiling prajurit sêpuh, lajêng ngadêg saking palinggihanipun sarta awicantên makatên:
Kula ngaturi sugêng, anggèr Ilya, dene panjênêngan samangke sampun katêtêpakên dados têtungguling para pangajêngipun prajurit ing Ruslan ngriki. Panuwun kula dhatêng panjênêngan, anggèr, mugi sampun duka sangêt-sangêt dhatêng pun Alyasa, awit, Alyasa punika putraning pangagêng agami, lan limrahipun turuning tiyang ngulama punika sok ragi kumalungkung. Kadosdene padatanipun anaking tiyang ngulama, Alyasa punika sanadyan sawêg mêndêm utawi botên, pancèn langkung pintêr mêmisuh katimbang prajurit sanès-sanèsipun. Nanging piyambakipun punika kêndêl lan prawira ing salêbêtipun paprangan, amila kula sadaya tansah suka ngapuntên dhatêng padatanipun ingkang awon wau.
Mirêng cariyosipun Sampon ingkang makatên punika, Alyasa saya nêpsu, sarta lajêng anglairakên pawicantênan ingkang sakintên adamêl sêriking Sampon, prajurit sêpuh wau. Mênggah wicantênipun Alyasa makatên :
Paman Sampon. Kula botên ngintên sakêdhik-kêdhika, bilih panjênêngan ugi tumut-tumut kêtliwêng ing panggalih. Kula botên nêdya adamêl gêrahing panggalihipun paman, nanging kula kapêksa kêdah matur, sayêktosipun kula gumun sangêt, ingatasipun panjênêngan, sêsêpuhipun para prajurit sadaya ingkang sampun kacêluk ing saindênging praja mênggahing kêkêndêlan lan kaprawiranipun, sarta lêlabêtanipun dhatêng sang nata tuwin praja, sampun tanpa wicalan kathahipun, têka krêsa-krêsanipun anyêbut anaking tilang[5] tani, dados tiyang dhusun ingkang dèrèng kasumêrêpan asal-usulipun: anggèr. Inggih punika panyêbutipun tiyang sêpuh dhatêng tiyang nèm ingkang pantês dipun aji-aji. Langkung gumun malih kula, dene panjênêngan krêsa ngakên dhatêng tiyang ingkang dèrèng gadhah lêlabêtan punapa-punapa dhatêng nagari, dados pangagêng panjênêngan.
Saking pasêmonin[6] katingal, bilih Sampon ing batos botên rêna dhatêng têmbungipun Alyasa wau, lan para satriya sadaya ugi sampun kuwatos, manawi Sampon lajêng anêmpuh dhatêng Alyasa, ingkang wusananipun têmtu badhe ambilaèni tumrap Alyasa, jalaran Sampon punika sampun kawêntar mênggahing kadibyanipun. Nanging rahayunipun, dene Sampon wau sagêd ngêngkên nêpsunipun, lan salajêngipun namung kalair têmbungipun sêmu ngerang-erang makatên :
Pangandika panjênêngan, anggèr Alyasa, mila inggih lêrês sangêt. Anggèr Ilya pancèn dèrèng labêt punapa-punapa dhatêng prajanipun piyambak punika. Inggih lêrês piyambakipun sagêd angawonakên pun begal Solowe, nanging pancènipun panjênêngan sampun dangu sagêd angasorakên yudanipun Solowe wau, saupami botên wontên tiyang ingkang ngalang-alangi panjênêngan. Milanipun kalawau panjênêngan inggih lajêng brangkangan lumajêng, nalika Solowe ngêrik, ngakak punapadene anggêrêng.
Para satriya sadaya sami gumujêng latah, dene Sampon kalayan sabar lajêng wicantên dhatêng Dhobrinya makatên :
Anggèr Dhobrinya, măngga kula aturi ngasta calêmpung panjênêngan, sarta panjênêngan kula aturi têtêmbangan angrumpaka mênggahing kadibyanipun satriya ing jaman kina. Prêlunipun sudos[7] pangagêng prajurit enggal punika sagêd mirêng suwara panjênêngan. Awit ing salumahing bumi botên wontên tiyang ingkang sae suwaranipun kados panjênêngan punika. Kula piyambak sampun nate mirêngakên panêmbangipun sang misuwur pun Bawan, ewasamantên suwaranipun mêksa dèrèng nyandhak kalihan suwara panjênêngan, măngga, samangke kula aturi anggrambyang calêmpung panjênêngan, sarta krêsa angrumapakakakên mênggahing lêlampahanipun Swatogor tuwin prajurit asli tani ingkang nama Mikula. Kula aturi nyariyosakên malih mênggahing lêlampahanipun para luhur ing jaman samantên.
Dhobrinya lajêng nyandhak calêmpungipun saha nuntên kagrambyang sakêdhap. Sasampunipun lajêng andhingkluk kèndêl ngantos sawatawis dangu, tanpa ebah-ebah, kadosdene wontên ingkang sawêg dipun gagas. Sang Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari, punapadene para tamu sadaya, sami nyawang dhatêng pun Dhobrinya, ing sêmu sampun botên sabar daya-daya tumuntêna Dhobrinya amiwiti anggènipun calêmpungan tuwin angrumpaka wau. Sarêng Dhobrinya sampun andêngèngèk malih, rainipun katingal sumringah, lan maripatipun katingal bêning, kadosdene nyawang dhatêng papan ingkang têbih saking ngriku.
Ing ngriku Dhobrinya lajêng miwiti ngungêlakên calêmpungipun sarta lajêng angrumpaka, suwaranipun sakalangkung sae sarta anglangut, ngantos [nganto...]
--- 1488 ---
[...s] sadaya rumaos kapranan manahipun. Langkung-langkung mênggahing Ilya, salaminipun gêsang piyambakipun dèrèng nate mirêngakên suwara ingkang samantên saenipun, ngantos piyambakipun angrumaosi, bilih suwara wau saking suwarga.
Ngêmungakên Alyasa piyambak ingkang botên mirêngakên dhatêng têtêmbanganipun Dhobrinya wau. Linggihipun mapan wontên ing panggenan wingking sangêt amping-ampingan ing saka. Katingalipun kadosdene piyambakipun nêpsu sangêt dhatêng kănca-kancanipun sadaya, awit sami langkung angrêgèni dhatêng Ilya katimbang dhatêng piyambakipun, sarta ing sêmu sadaya wau sampun botên angèngêti, bilih piyambakipun ing kala rumiyin sagêd amrajaya dhatêng mêngsahipun praja Ruslan ingkang sakalangkung anggêgirisi, inggih punika ingkang nama : Tugarin. Ingkang punika piyambakipun rumaos bêntèr manahipun saha tansah anggagas kadospundi anggènipun sagêd anyingkirakên Ilya saking nagari ngriku, utawi anggènipun sagêd adamêl lingsêmipun.
3. Ilya lan Swatogor
Ing rumpakanipun wau Dhobrinya nyariyosakên lêlampahanipun Swatogor ingkang dêdunung wontên ing pucaking rêdi kramat. Ing satunggiling dintên Swatogor nilar rêdi padununganipun prêlu badhe alêlana. Wontên ing margi Swatogor lajêng pinanggih kalihan Mikula anyangking kasang ingkang sakalangkung agêng kasiyatipun. Sang nata tuwin para satriya lan para prajurit kanthi yêktosan anggènipun sami mirêngakên cariyosipun Dhobrinya ingkang kanthi kasêkarakên wau, kadhang-kadhang sok kamirêngan suwaranipun salah satunggiling tamu ingkang ngunjal ambêkan, bokmanawi jalaran saking sakalangkung kapranan manahipun. Sarêng sampun rampung anggènipun Dhobrinya nyalêmpung tuwin têtêmbangan, calêmpung lajêng kaglethakakên saha wicantên makatên :
Miturut cariyosipun para sêpuh, Swatogor wau kablusuk wontên ing êmbêl, sarta botên sagêd uwal ngantos dumugi ing ajalipun. Makatên kaparêngipun ingkang kuwaos ngukum titahipun ingkang sakalangkung kumalungkung.
Bêrmata, satunggiling prajurit sêpuh, ingkang sampun kathah pangalamanipun, gèdhèg-gèdhèg saha awicantên makatên :
Sajatosipun cariyosanipun tiyang ingkang makatên punika, kalintu. Mênggah nyatanipun Swatogor wau sagêd uwal saking siti êmbêl ngriku, saha lajêng wangsul malih dhatêng rêdi padununganipun kanthi isin sangêt. Ngantos samangke Swatogor punika taksih dêdunung wontên ing rêdi kramat wau.
Mirêng cariyosipun Bêrmata ingka[8] makatên wau Alyasa katingal bêning polatanipun, awit ing ngriku rumaos manggih rekadaya ingkang kangge nyingkirakên Ilya saking nagari ngriku. Amila piyambakipun lajêng enggal-enggal umatur dhatêng Prabu Wladhimir makatên :
Dhuh sang prabu pêpundhèn kula, kaparênga kawula matur ing ngarsanipun sang prabu. Ing bab cariyos lêlampahanipun Swatogor, salah satunggal tamtu wontên ingkang kalintu. Nanging kadospundi anggènipun badhe sagêd sumêrêp, sintên sajatosipun ingkang kalintu punika, punapa abdi dalêm pun Bêrmata punapa Dhobrinya. Punapa botên langkung utami, saupami sang prabu utusan salah satunggiling satriya minggah dhatêng rêdi kramat supados sagêda nyatakakên, punapa Swatogor wau taksih gêsang utawi sampun pêjah. Mênggahing wawasan kawula, ingkang pantês kautus botên sanès kajawi abdi dalêm têtungguling prajurit enggal, inggih pun Ilya. Dene manawi pun Ilya punika sagêd pêpanggihan kalihan Swatogor, supados kalih-kalihipun sagêda apêrang tandhing, abên kasêktèn. Kados ingkang dados idham-idhamanipun Swatogor sagêda angsal tandhing yuda, amila kados utami sangêt, manawi Ilya lajêng amanggihi piyambakipun wontên ing rêdi padununganipun.
Matur sang prabu makatên wau, Alyasa kalayan nyawang dhatêng Ilya sajak nantang sarta ngerang-erang. Para satriya sadaya, makatên ugi Prabu Wladhimir piyambak, sajatosipun sampun mangrêtos mênggah pikajênginganipun[9] Alyasa punika. Inggih punika nêdya masangi Ilya. Manawi Ilya sagah minggah ing rêdi kramat amanggihi Swatogor, botên kenging botên piyambakipun mêsthi tiwas, dene manawi piyambakipun botên sagah, pangaji-ajinipun para satriya tuwin para prajurit dhatêng piyambakipun, têmtu badhe suda kathah. Para prajurit punapadene para abdi dalêm ingkang sajatosipun botên sênêng manahipun, dene Ilya saya kêtêngên dening sang prabu, samangke lajêng sami namatakên dhatêng Ilya. Mênggah Ilya piyambak, ngêmungakên lajêng mèsêm kemawon, ngadêg saking palinggihanipun saha umatur dhatêng sang prabu makatên :
Kaparênga kawula matur dhumatêng sang prabu. Mênggahing pamanggih kawula, aturipun Alyasa punika pancèn inggih lêrês sangêt. Lan kawula anayogyani sangêt, bilih kêdah dipun sumêrêpi kanthi yêktosan punapa Swatogor punika taksih gêsang sarta taksih dêdunung wontên ing rêdi kramat wau. Ingkang punika panuwun kawula dhumatêng sang prabu kaparênga kawula tumuntên pangkat dhatêng rêdi kramat wau prêlu ngupadosi pun Swatogor. Tumraping satriya tuwin prajurit, kados botên utami manawi ngantos kadangon wontên ing griya ngêmungakên sênêng-sênêng tuwin nguja dhatêng hawanapsunipun.
Mirêng aturipun Ilya ingkang kados makatên punika, Prabu Wladhimir sakalangkung rêna panggalihipun, awit ing ngriku nelakakên, bilih Ilya punika mila nyata satugiling satriya sarta prajurit ingkang linangkung.
Kanthi lêganing panggalih sang prabu lajêng adhawuh dhatêng Ilya makatên:
Aturira andadèkake lêganing panggalih ingsun, Ilya. Kanthi rênaning panggalih ingsun paring palilah marang sira, budhala mênyang gunung kramat ngupaya Si Swatogor mau. Nanging sira aja mangkat dhewe, miliha salah sijining satriya kang ana ing ngarsaningsun iki. Kêna ingsun pêsthèkake yèn satriya kang sira pilih iku mêsthi kanthi sênênging ati bakal ngêtutake lakunira.
Badhe kasambêtan.
--- [181] ---
Nomêr 46, Taun II.
Jagading Wanita
Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.
Bab Kamodhèrênan
Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 92.
Manawi para wanita ngêcakakên tatacara kilenan punika botên kok ngêmohi utawi kêsupèn dhatêng tatacaranipun piyambak, nanging nêmbe kêsilêp, tatacara kula nêmbe kaling-kalingan, ingkang katingal nêmbe kilènipun kemawon. Upaminipun ulah raga, botên awon wanita băngsa kula ngudi, nanging wontên watêsipun piyambak ingkang gêgayutan kalihan kasusilanipun băngsa kula. Pramila manawi wontên ingkang sami kasilêp ing samudana kilenan, kula tiyang sêpuh namung mêmuji kemawon kaparingana emut wangsul dhatêng adat tatacara kajawèn kula.
Golongan wanita mudha punika kêdah kagulawênthah dados ibu sêjati, bab nata balegriya sampun nguciwani, pramila sêsarênganipun kalihan kapintêran sêkolahan ugi langkung prayogi nyumêrêpi bab balegriya.
Dados modhèrên punika botên susah katingal saking jawi, saking badan wadhag, cêkap modhèrên batos kemawon. Kêdah purun nyêpêng punapa-punapa piyambak, kêndêl bandêl, nanging ugi sampun anglirwakakên kawanitanipun, alusing bêbudènipun. Inggih punika ingkang kêdah dipun èngêti dening para wanita mudha ingkang ing têmbe dados ibu sêjati, ingkang drajatipun sagêd ngumbulakên cara gêsang pasrawungan enggal.
Kadosdene ingkang kawêdharakên dening sadhèrèk Landêp, bab priya lan wanita punika sajatosipun sampun kodrat. Wiwit alit lare jalêr èstri punika sami dolan sêsarêngan ngantos dumuginipun sêkolah tansah amor kemawon. Dados jalêr èstri botên wontên bedanipun sêsarêngan dipun wulang dhatêng pamulangan. Manawi sampun wancinipun diwasa, ingkang dipun cakakên, inggih punika kagulawênthah sêsarêngan. Dados botên, ing sarèhning sampun diwasa lajêng priya lan wanita dipun pisah, punika malah botên sae, awit mangke mindhak botên wontên dayanipun. Kadospundi utaminipun manawi para priya lan wanita sagêd nyambut damêl sêsarêngan ngangkah kamajêngan. Ing mangsanipun diwasa
--- [182] ---
punika măngsa mêkar-mêkaring jiwa, dados anggulawênthah satunggal-satunggalipun punika langkung prayogi, sok ugi mangrêtos watês-watêsipun. Têmtu kemawon beda kalihan wanita ingkang wêdalan pamulangan kilenan kalihan ingkang angsal panggulawênthah saking wetanan.
Sadhèrèk S. Wir, botên kirang panuwun kula dene lantaran panjênêngan kula ingkang wontên ing pucuk rêdi sagêd cêkap mangrêtos ing babagan kamodhèrênan. wasana kula tumut mêmuji mugi golongan wanita sagêda anggayuh idham-idhaman dhatêng gêsang modhèrên ingkang kajêngipun gêsang prasaja.
Mbok Ar.
Abon. K. 5355 Traverdoeli
Bab Barang saking Dêling Anaman Sawatawis.
Kula nuwun, para maos sampun kathah ingkang pirsa utawi uninga dhatêng barang dêling anaman ingkang awarni: cêthing, erok-erok, saha kalo, langkung-langkung golongan wanita, botên ngêmungakên pirsa kemawon, malah sampun ngupakara nindakakên kanggenipun. Inggih lêrês barang-barang wau kagolong barang rèmèh, ananging kalêbêt prêlu tumrap tiyang gêgriya, agêng alit anêmtokakên sami migunakakên dhatêng barang-barang wau. Ingkang kula aturakên sakawit bab cêthing, pirantos wadhah sêkul. Sêkul punika sok kawadhahan rapêt utawi mawi tutup, amêsthi ngringêt lajêng dados amèr, sêkulipun mambêt botên eca katêdha. Wasana rumiyin-rumiyinipun, băngsa kula pribumi kaum tani kolot, têka sampun wontên ingkang anggadhahi anggit damêl cêthing, asli saking dêling anaman, botên mawi tutup. Manawi sêkul punika kawadhahan ing cêthing, kringêting sêkul sagêd tuntas, dados uwabing kukus bablas mêdal botên ngêmbêr, sêkul lêstantun eca sae, namung beda ing suwau bêntèr lajêng dados asrêp limrah.
Lajêng sapunika erok-erok, punika pirantos kangge ngêntas barang têtêdhan gorengan kêkum lisah. Wêkdal ngêntas barang gorengan saking wajan, ngiras kalihan ngêtus lisahipun supados tuntas botên ngêmut lisah, punapa malih barang gorenganipun botên sagêd wangsul kêcêmplung wajan malih. Beda saupami pangêtusipun sarana kailing jalaran pangêntasipun mawi pirantos sanès erok-erok, têmtu ingkang dipun êntas gampil sagêdipun kêcêmplung wajan malih, lisahipun botên atus, garanipun tumut bêntèr tur sagêd ninja lan nimbrah.
[Grafik]
Pêpêthan cêthing lan erok-erok.
Lajêng sapunika kalo, inggih ugi barang dêling anaman malih, pirantos nyantêni (damêl santên). Parudan kalapa dipun toyani ing kalo, dipun pêrêsi rambah-rambah, santênipun sagêd mili mangandhap dhatêng wadhah ampasipun santên sumangsang ing kalo saringan wau botên sagêd katut, tur inggih botên sagêd nimbrah. Beda kalihan saringan kawat, ampasing kalapa salong sagêd katut mangandhap saha inggih taksih asring sagêd nimbrah.
Bok Sastra.
--- 183 ---
Sinjang Găndasuli.
Sinjang găndasuli punika garis miring latar cêmêng, wêwangunanipun sairib parangrusak, nanging botên mawi mlinjon, mila botên dados awisan. Sêratan găndasuli punika golongan sêratan kina.
Mirid namaning sinjang: găndasuli, punika akajêng ambêt langu. Manawi dipun encokna dhatêng kajêngipun, angèl anggèning ngantukakên, awit ingatasing gănda ingkang langu, punika botên dados pilihaning gănda. Namung wontên mèmpêripun sawatawis, bilih anggèning ngupamèkakên anggănda langu wau, akajêng anggèning damêl wangunan wau anelad sinjang ingkang dados awisan, inggih anggèning nelad wau ingkang dipun upamèkakên anggănda langu, têgêsipun dipun samar-samara, inggih taksih katingal tabêting awisan, inggih tabêting ingkang dipun tiru.
Tumrap raosing băngsa Jawi, saya tumrap băngsa Jawi ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta ing jaman kina, langkung-langkung ingkang nama abdi dalêm, sami migatosakên sangêt dhatêng sinjang ingkang nama awisan wau. Ing kala jaman sèkêtan taun kêpêngkêr, pundi ingkang botên dipun wênangakên ngangge, inggih botên purun ngangge babarpisan, malah sanadyan sanès sinjang parangrusak pisan, nanging ingkang sampun nama sinjang garis miring, punika ugi sampun dipun sirik. Kala ing jaman samantên, tiyang ngangge sinjang garis miring punika dipun wastani tiyang ugal-ugalan.
Nalika jaman taksih wingitipun awisan wau, tumrap panyawang, manawi nyumêrêpi tiyang ngangge sinjang ingkang parang-parangan, inggih lajêng mangrêtos bilih ingkang ngagêm wau bandara. Tumrap tiyang ingkang botên wênang ngangge, manawi nuju ngangge măngka langkung ing papan ingkang botên kenging kaambah, upaminipun ing alun-alun, saya malih ngambah ing salêbêting baluwarti, punika manawi kasumêrêpan ing abdi dalêm jagi (caos) tiyang ingkang ngangge sinjang wau kenging dipun cêpêng, kapatrapan dhêndha.
[Grafik]
Ewasamantên tatanan ingkang kados makatên wau ugi taksih wontên maklumipun, inggih punika tumrap tiyang ngamănca (pasisir) linêpatakên ing awisan punika.
Sinjang găndasuli punika golongan sinjang ingkang kêlêm, mila manawi dipun angge prayogi dipun kanthèni pangangge ingkang sarwa kêlêm, ing ngriku lajêng sagêd katingal cêtha barèsipun.
Biyang Sri.
--- 184 ---
Bab Olah-olah
Podhêng soklat
Agêr-agêr 1, gêndhis 8 sendhok dhahar, bubuk soklat 1 sendhok, tigan 6.
Pangolahipun: jênenipun tigan lan gêndhis kaublêk rumiyin ngantos pêthak, dene pêthakipun dipun ublêk piyambak ngantos pêthak, dene pêthakipun dipun ublêk piyambak ngantos pêthak sangêt. Agêr-agêr dipun jur kalihan toya bêntèr 2 cangkir, lajêng dipun saring lan dipun udhêk têrus. Manawi sampun, agêr-agêr dipun cêmplungakên ing panci wadhah tigan lan gêndhis wau, lajêng pêthakipun tigan. Manawi sampun sadaya wau dipun dèkèk ing cithakan podhêng, sarta dipun dèkèk ing lêmantun ès.
Pandhaharipun ngangge panili pla.
Panili pla
Mèlêk 1 litêr, tigan 4, gêndhis 6 sendhok dhahar, panili 1 sendhok tèh, wiski 1 gêlas alit (sloki).
Pangolahipun: jênenipun tigan lan gêndhis dipun ublêk piyambak ingkang ngantos pêthak. Mèlêkipun dipun godhog lan dipun udhêg têrus, lajêng dipun dèkèk ing panci wadhah jênenipun tigan lan gêndhis wau, lajêng panili lan pêthakipun tigan. Manawi sampun sadaya wau dipun kothok ngantos matêng. Dipun paringi wiski 1 sloki, lajêng dipun êntas. Manawi sampun asrêp lajêng kangge dhahar podhêng soklat.
Brosêl
Mêrtega ½ pon, gêndhis 2 mangkok, ingkang 1 mangkok munjung, ingkang 1 mangkok pèrès, glêpung têrigu 5 mangkok, tigan 4. Ingkang 1 sapêthakipun, lan rajangan amandhêl.
Pangolahipun: mêrtega lan gêndhis dipun ublêk ngantos pêthak. Manawi sampun, glêpung lan rajangan amandhêl kalêbêtakên, lajêng jênenipun tigan 3, lan 1 malih sapêthakipun, nuntên kalêbêtakên ing cithakan, têngah dipun paringi panili pla.
Sêpèkuk gulung
Gêndhis ½ pon, mêrtega ½ pon, tigan 15, panili 1 iris.
Pangolahipun : mêrtega lan jênenipun tigan kaublêg ngantos pêthak, lajêng gêndhis kalêbêtakên têrus kaublêk malih. Salajêngipun pêthakipun tigan lan galêpung kalêbêtakên, lajêng dipun dèkèk ing lèngsèr, nuntên dipun pan. Manawi sampun matêng dipun sêmir kalihan sêle, lajêng dipun gulung lan dipun iris-iris.
Badhe kasambêtan.
Surtinah, Gêdhongan, Majakêrta.
--- [1489] ---
1 | Tulungagung. (kembali) |
2 | sagêd. (kembali) |
3 | makatên. (kembali) |
4 | kakengingakên. (kembali) |
5 | tiyang. (kembali) |
6 | pasêmonipun. (kembali) |
7 | supados. (kembali) |
8 | ingkang. (kembali) |
9 | pikajênganipun. (kembali) |