Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
3. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
4. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
5. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
6. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
7. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
8. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
9. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
10. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
11. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
12. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
13. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
14. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
15. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
16. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
17. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
18. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
19. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
20. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
21. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
22. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
23. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
24. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
25. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
26. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
27. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
28. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
29. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
30. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
31. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
32. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
33. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
34. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
35. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
36. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
37. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
38. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
39. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
40. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
41. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
42. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
43. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
44. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
45. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
46. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
47. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
48. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
49. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
50. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
51. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
52. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
53. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
54. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
55. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
56. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
57. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
58. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
59. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
60. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
61. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
62. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 71, Stu, Pa 28 Jumadilakir Ehe 1868, 4 Sèptèmbêr 1937, Taun XII
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.
Isinipun: Pangungsêt - Barang Dolanan Lare - Ngingah Ulam ing Wadhah - Kawontênan ing Tiongkok - Pasareyanipun Ki Agêng Pêtung - Plêsiran wontên ing Pasar Gambir - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman bocah.
Pangungsêt
Radèn Sumantri
Kalangkunganipun Radèn Sumantri punika pinanggih wontên ing wawasan sampun botên nguciwani, manawi dipun pêndhêt bakunipun kemawon, bêtah tapa, ingkang pikantukipun sagêd nuwuhakên kasêktèn, dhasar gadhah dêdamêl linangkung, inggih punika sanjata cakra, ingkang kawasanipun anggêgirisi, botên wontên titahing dewa ingkang kuwawi nadhahi dêdamêl wau.
Ing ngriku Radèn Sumantri rumaos bilih sariranipun sampun sagêd saha nyêkapi suwita ing ratu, awit tiyang suwita ratu punika awrat, kêdah sêtya, prawira, guna tuwin sanès-sanèsipun.
Gêgambaranipun Radèn Sumantri ingkang samantên wau, tumraping kabatosan, kenging dipun lèrègakên dhatêng adêging bêbudèn sae. Bêbudèn sae makatên kenging dipun wastani sampun kèbêkan kasêktèn. Manawi dèrèng dipun wawas bablasipun, kalangkungan dumugining kasêktèn, pancèn inggih sampun marêmakên, tuwin inggih sampun limrah tiyang kadhawahan wahyuning kasêktèn punika agêng dayanipun, sintêna kemawon badhe takluk, awit dhawahing wahyu kasêktèn, inggih awrat tumbasanipun.
Nanging manawi mirid dêdongengan punika, kasêktèn punika badhe nglantur, badhe nglajêng-nglajêngakên panguwasanipun. Inggih punika nalika Radèn Sumantri katampèn suwitanipun dhatêng Prabu Arjuna Sasra, sarêng sumêrêp Prabu Arjuna Sasra badhe nglurug dhatêng Magada, lajêng mêdal umbakipun, nyuwun kadutaa. Radèn Sumantri dhasar sêkti, panyuwunipun inggih kaparêngakên, saha lajêng sagêd ngrampungi damêl yêktos.
Ing ngriku wataking kasêktèn saya andadra, sarêng sampun angsal damêl lajêng ngayoni ratu gustinipun ingkang ngutus. Lah ing ngriku urubing kasêktènipun Radèn Sumantri lajêng ambalêrêt tanpa daya, cêthanipun lajêng kasoran daya, dèrèng nyamèni kasêktènipun Prabu Arjuna Sasra.
Bab punika manawi dèrèng dipun gagas panjang, tamtunipun lajêng namung anggondhèli dhatêng kajênging kasêktèn, punapaa athik sêktinipun Prabu Arjuna Sasra ngawonakên kasêktènipun Radèn Sumantri.
Ing sapunika prayogi ngèngêti rumiyin bab Radèn Sumantri wau. mênggahing kajêng, kabatosan punika mawi sap-sapan, wajibipun kêdah ngrêtos, badanipun piyambak punika dipun takèni, manggèn wontên ing sap pundi.
Cêkruktruna.
[Iklan]
--- 1106 ---
Kawruh Sawatawis
Barang dolanan lare
Ing tanah ngriki ingkang amiwiti wontên: speelgoedbedrijf ingkang ragi agêng lan dêdamêlanipun sampun kawêntar ing măncanagari namung ing kitha Kêdhiri piyambak, ingkang angadani inggih punika kumite pênolong pangangguran Kêdhiri, dene ingkang dados pangarsanipun dumugi wulan Januari taun 1937, panjênênganipun Patih Kêdhiri ingkang wêkdal sapunika jumênêng bupati ing Nganjuk, Radèn Tumênggung Prawira Wijaya. Lan wiwit wulan Mèi ingkang dados pangarsa panjênênganipun Patih Kêdhiri sapunika. Dene ingkang jumênêng pangayoman, ingkang Bupati Kêdhiri.
[Grafik]
Songsong damêlanipun para neneman ing Kêdhiri.
Dêdamêlan wau ingkang kathah sami katumbas dening toko-toko agêng ing Surabaya, kados ta toko Onderling Belang, Eerste Speelgoedwinkel in Ned-Indie J. Bonga lan sanès-sanèsipun, lan ugi wontên ingkang kasade dhatêng Banjarmasin. Anggènipun wiwit andamêl songsong inggih punika ing wulan Agustus taun 1936. Dêdamêlanipun songsong kalêbêt sae lan kiyat, katăndha saking pêpajênganipun, dene rancangan-rancanganipun C.P.P.K. ingkang badhe dipun adani inggih punika: andamêl griya-griya (huizenbouw) kados ing kitha Surabaya, lan dêdamêlan bangsaning tosan (ijzerbewerking) kados ingkang wontên ing kitha Lumajang. Ing têmbe para tiyang-tiyang ingkang sampun sami sagêd andamêl songsong badhe kapurih andamêl ing griyanipun piyambak-piyambak, supados sagêda dados huisindustrie. Wiwit adêging C.P.P.K. inggih punika ing taun 1932 lan dumuginipun sapriki tansah pikantuk pitulungan saking nagari lan saking Hoofdcomite.
Ing bab dolanan lare, punika pinanggihipun wontên ing tanah ngriki ugi sampun dangu wontênipun, nanging wujudipun taksih kuciwa sangêt, tuwin katingalipun dipun sade yêktos, punika namung kalamăngsa manawi nuju wontên karamean. Măngka karamean punika pinanggihipun wontên ing jaman rumiyin taksih lăngka sangêt, sanadyan wontêna ingkang ajêg, inggih namung sataun sapisan, upaminipun manawi ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta nuju sakatèn.
Dene wujuding dolanan wau: cina nambur, golèk jènggèl, golekan kajêng, binetan sapanunggilanipun. Barang-barang dolanan wau kenging dipun wastani ajêg kados makatên, namung pinanggihipun wontên ing padhasaran, lajêng dipun wor kalihan [kali...]
--- 1107 ---
[...han] barang dolanan warni-warni wêdalan saking tanah ngamănca. Mila pinanggihipun ing ing sabên taun saya katingal indhaking barang-barang dolanan ingkang gagrag enggal, inggih punika ingkang wêdalan saking tanah ngamănca.
Kajawi papan karamean wau, pinanggihipun kala jaman samantên, tumraping golongan tiyang siti taksih lăngka sumêrêp papan panyadean wau. Awit ingkang sade barang kados makatên wau namung ing toko-toko.
Dangu-dangu kêbêkta saking kamajênganing jaman, barang dolanan wau katingal bilih dados satunggiling padagangan agêng. Sukur dene băngsa tiyang siti ugi lajêng mangrêtos.
Mirid sêdyaning C.P.P.K., punika sagêd ugi tindakipun wau sagêd dados jalaran kamajêngan yêktos.
Pawartos saking Rêdhaksi
K. 2545 Surakarta. I nalurèkna kados cara ingkang sampun, gadhah atur dhatêng ingkang wajib. II punika prayogi nêrangnga dhatêng pamulangan, awit tamtu wontên sababipun.
Tuwan K.S. ing Purwakêrta. Karangan panjênêngan punika sampun ragi umum, tuwin sampun wontên ingkang kawêdalakên dados buku.
P.S. ing Madiun. Karangan bab kados makatên punika sampun nate kawrat ing polêk almênak.
K. 2205 ing Têgal. Karangan babagan makatên punika prayogi kadamêl ingkang ragi panjang, supados katingal pigunanipun.
Tuwan W.S. ing Purwapuran, Surakarta. Karangan prayogi kakintuna.
K. 2777 ing Amontai. Ingkang dados baku dhiplomanipun saking pamulangan têngahan.
K. 3271 ing Purwakêrta. Ingkang sade toko buku Kolff ing Batawi, basa Walandi.
K. 1367 ing Gendhol. 1 sampun kaprasabênakên. 2 dèrèng wontên, 3. dèrèng wontên, 4. prayogi kintun sêrat dhatêng Radèn Mas Partawiraya, ing Surakarta.
[Iklan]
--- 1108 ---
Ngingah Ulam ing Wadhah
Pinanggihipun wontên ing tanah Jawi, ngingah ulam wontên ing wadhah punika kalêbêt dados kalangênaning băngsa luhur tuwin băngsa sugih. Wontênipun makatên, amargi ngingah ulam wontên ing wadhah punika kathah waragadipun, tuwin kathah padamêlanipun, ingkang maligi namung kangge ngopèni ulam wau.
[Grafik]
Sela karang ingkang adhakan kadèkèk ing wadhah ulam ingahan.
Mênggah sababing awis, awit wadhahipun maligi wadhah ulam akaca kandêl wêtahan, rêginipun ngantos dasanan rupiyah. Makatên ugi ulamipun inggih asli saking tanah ngamănca, nanging limrahipun kala samantên namung warni satunggal, dipun wastani wadêrkok, inggih punika bangsaning ulam awak bundêr, sisik jêne, abuntut saha kèpèt panjang, asli saking tanah Jêpan. Dene ingah-ingahan ulam kados makatên punika sampun pinanggih kala sangang dasanan taun kapêngkêr. Salajêngipun botên kocap malih.
Sarêng gangsal tauan sapriki, ngingah ulam cara makatên wau lajêng ambyah dados kasênêngan, mèh sabên tiyang sami gadhah kasênêngan kados makatên, nanging pinanggihipun botên dangu, têtiyang ingkang ngingah sampun sami bosên. Măngka manawi mirid ombyaking ngakathah anggèning sami rêmên wau, ngantos ngeram-eramakên, awit pinanggihipun sagêd adamêl kamajênganing panggaotan, utawi sagêd suka têdha dhatêng tiyang kathah. Mênggah nalar-nalaripun makatên:
Ing kala sawêg rame-ramening tiyang ngingah ulam, kathah tiyang ingkang dados sudagar ulam, asli andhatêngakên saking tanah ngamănca, saking Eropah, saking Amerikah tuwin saking Asiah. Ulam wau warni-warni sangêt, rêginipun sajodho ngantos sarupiyahan, minggah-minggah ngantos wontên ingkang rêgi salangkung rupiyah.
Kados sampun limrah, kasênêngan punika ngantos nyupèkakên dhatêng ajining arta, tumrap tiyang ingkang sagêd tumbas ulam ingkang rêginipun awis, malah sênêng, makatên ugi tumrap ingkang sumêrêp, inggih namung kumêcêr.
Miturut cariyosipun sudagar ulam, bêbathènipun [bêba...]
--- 1109 ---
[...thènipun] anggèning sadean wau ngantos ewon-ewon. Dene bakunipun ingkang dipun dagang: ulamipun wadhah, têdha tuwin tanêman ingkang dipun tanêm wontên salêbêting wadhah. Dagangan sadaya wau kenging dipun wastani maligi dipun sade piyambak, tumraping tiyang sanès botên sagêd nindakakên, awit sadaya mawi kawruh, dados botên sagêd sakenging-kengingipun, kados ta bab wanguning wadhah ingkang sagêd damêl saening gêsangipun ulam, kêdah mawi ukuran makatên, têdhanipun kêdah ingkang nocogi tuwin maedahi kalihan gêsanging ulam, makatên ugi tanêmanipun, kêdah ingkang damêl kraosing ulam.
[Iklan]
Manawi tiyang nyumêrêpi dhatêng patrap-patrapipun tiyang ngingah ulam, lajêng mangrêtos bilih pangingahipun wau mawi kawruh. Mila tumraping ngingah ulam punika pinanggihipun wontên ing tanah ngriki lajêng nama kawruh enggal.
Bakunipun tiyang ngingah ulam punika kêdah tlatos tuwin titi, inggih talatos tuwin titinipun wau ingkang lajêng nuwuhakên kawruh jalaran saking nênitèni. Malah wontên sudagar ulam ingkang cariyos: tiyang ngingah ulam punika kathah waragadipun, amargi sagêdipun mangrêtos yêktos dhatêng cara-caraning ngingah, manawi sampun paham dhatêng wêwatêkaning ulam, măngka patrap mahamakên wau sampun tamtu nêlas-nêlasakakên arta, dening ulam ingkang dipun ingah kathah ingkang pêjah. Sagêdipun têntrêm tuwin awèt gêsangipun, pinanggih manawi sampun kulina.
Cariyosipun sudagar ulam ingkang makatên punika botên dora, awit sadaya wau sajatosipup[1] mawi dhêdhasar kawruh ingkang tuwuh saking pangudinipun para sagêd, tuwin tumrapipun ing tanah ngamănca pinanggih dados satunggiling kawruh adi. Katingaling nyatanipun bilih ngingah ulam punika gêgayutan kawruh yêktos, punika sagêd katitik ing kalaning wontên tèntunsêtèling ulam (ngingah ulam) tuwin nyumêrêpi pangingahipun băngsa ngamănca, punapa malih maos buku-bukunipun.
Badhe kasambêtan.
H.
--- 1110 ---
Pawartos Sanès Praja
Kawontênan ing Tiongkok
Dumugining wêkasanipun wulan Agustus, paprangan ing Tiongkok pinanggih saya rame, ing têlênging kitha Nanking dipun têmpuh ing wadya gêgana Jêpan, anjalari kathah kêbêsmèn, wontên bom sakawan ingkang anjalari kêbêsmèning los agêng-agêng isi kuli-kuli, wontên kuli kawan dasa anêmahi tiwas. Motor mabur ingkang nêmpuh ing ngriku punika wontên kalih wêlas, andhawahi bom sawidak rambahan. Rahayu dene pangêbomipun wau botên sapintêna anggèning damêl karisakan, saha lajêng tumuntên kenging kasirêp, malah Tiongkok sagêd angsal bela tiyang kalih ingkang andhawahakên bom, tiwas dening motor mabur pambujêng Tiongkok.
[Grafik]
Margi agêng ing kitha Syanghai ing wanci dalu.
Sêrênging panêmpuhipun wadya Jêpan punika ngantos adamêl karepotanipun wadya Tiongkok, awit panêmpuhipun wae ngêgèt, tujunipun ing golongan Tiongkok sampun adhêdhasar kasantosan. Saupami botên makatên, nagari ingkang dipun têmpuh wau tamtu nêmahi karisakan agêng.
Ing sapunika tumrap ingkang pinanggih ing Syanghai, wadya Jêpan ingkang nêmbe minggah ing dharatan lajêng ngêbroki papan ingkang mikantuki saha lajêng ngangsêg mangidul. Barisan Jêpan ing suwiwi sisih têngên, sarêng kêsusul ing wadya bêbantu lajêng ebah ngangsêg saha sagêd ngêbroki ing papan-papan ingkang wigatos, sagêd mêdhotakên barisan Tiongkok. Makatên ugi wadya Jêpan ingkang minggah dhatêng dharatan mêdal sungapaning lèpèn Yangse lajêng sagêd nunggil kalihan wadya bêbantu ingkang nusul kantun. Mirid kawontênan punika, nyata panêmpuhipun wadya Jêpan botên nguciwani.
Nanging pangintên ingkang kados makatên punika botên nyata kalihan kawontênanipun, awit tumraping wadya Tiongkok tansah langkung prayitnya tuwin langkung mirantos, samăngsa wontên mêngsah nêmpuh sampun sarwa botên nguciwani, malah kalampahan sagêd nanggulangi pangêpanging mêngsah, kawêkasanipun wadya Jêpan kêpêksa mundur, malèsèd botên anocogi tangguh. Wontênipun botên cocog ing tangguh wau, botên sanès jalaran saking anggèning wadya Tiongkok sampun sarwa mirantos, dados atêgês saebah-osikipun Jêpan,sampun dipun rumiyini.
--- 1111 ---
Malah salajêngipun tumrap wadya Tiongkok ingkang golongan enggal tuwin kapetang kiyat, ingkang pacak baris wontên sauruting margi sêpur Syanghai - Nanking ing laladan Taosong Kungsan, sami bidhal badhe nalabung wadya Jêpan sisih kilèn.
Tumraping wadya Jêpan, ingkang kapetang dados gêgambèning ulah paprangan, ugi botên kêkilapan dhatêng gêlaring mêngsahipun wau. Ing ngajêng sawarnining tindak panêmpuh dipun adani dening wadya gêgana lautan, nanging sarêng sumêrêp dhatêng glibêting mêngsah langkung santosa, lajêng ngangkatakên wadya gêgana dharatan. Makatên ugi sanadyan tindakipun Jêpan punika botên kasêmbadan, ugi mêksa nama angsal damêl, dening sagêd angregoni dhatêng tindakipun Tiongkok anggènipun badhe nyantosakakên barisan wontên ing ngiku.
Manawi mirid kawontênaning paprangan ing Tiongkok sagêdhagan punika, ing ngriku katingal, bilih kagunan pêrang ing ngriku sampun sarwa wêgig, sami botên kêkilapan dhatêng gêlar, dene ingkang nyata langkung ngêgèt, punika ingkang pinanggih ing golongan Tiongkok, kenging dipun pindhakakên bilih paprangan ing sagêdhagan punika kadosdene pandadaran. Mila Tiongkok katingal sarwa tatag tuwin sagêd anglairakên basa, namung sarwa kêdugi anampèni gêlaripun Jêpan. Malah Tiongkok kêdugi nyumbari, bilih pasulayan punika Tiongkok badhe mênang tanggon, awit mênang blabag, tamtunipun waragading pêrang badhe langkung sakêdhik tinimbang Jêpan, ingkang dhatêngipun ing ngriku kêdah sarwa rowa. Wontênipun Tiongkok gadhah pangrantam punika, botên sanès jalaran sampun saya mindhak diwasa tuwin sampun matêng pangrantamipun.
[Iklan]
Kados sampun pinasthi bilih paprangan punika badhe rame, punika kêtitik sarêng kawontênanipun ing papan paprangan saya ngangsêg, Ruslan kêpêksa cawe-cawe, namung tindakipun dèrèng katingal ngêblak. Miturut wartos, ing sapunika Ruslan badhe kintun motor mabur dalah juru ingkang nglampahakên dhatêng Tiongkok. Dene tindakipun Ruslan wau mawi aling-aling supados botên katingal ngegla, sarananipun, para juru nglampahakên motor mabur wau kapêndhêtakên băngsa Monggul, Buryat, Tionghwa tuwin Koreah, ingkang sami sinau wontên ing Ruslan. Kajawi punika Ruslan ugi nyagahi badhe kintun bêbantu sanèsipun.
Nanging mênggah salugunipun, tumrap Ruslan pancèn botên mawi tèdhèng aling-aling anggèning nêdya têtulung dhatêng Tiongkok, amargi sayêktosipun Ruslan nyamarakên dhatêng pangangsêgipun Jêpan, manawi ngantos dumugi laladan Baikal (laladan Ruslan) badhe ambêbayani tumraping Ruslan, botên sande badhe damêl kapitunan.
--- 1112 ---
Cariyos Kina
Pasareyanipun Ki Agêng Pêtung
Ing dhusun Dayu bawah ondêr dhistrik Pacitan, kaprênah sakidul wetanipun kitha Pacitan, kirang langkung saking kitha têbihipun 2 pal, ing ngriku wontên masjidipun padhusunan kawêngku dening kyai băngsa miridakên ngilmu tarekat, ing sawingkinging masjid wontên pasareyanipun, têtiyang ing Pacitan sami mastani yèn pasareyan wau, pasareyanipun Kyai Agêng Pêtung, nanging manawi kacêlukipun saking măncanagari, ing ngriku punika pasareyanipun Sunan Gêsêng. Pundi ingkang lêrês, kula botên sagêd ngaturi katrangan. Dene ing sapunikanipun pasareyan wau wontên wilalatipun, botên kenging dipun sowani dening para priyantun ingkang taksih ngasta padamêlan, tur ingkang băngsa abritan. Malah tumrap para priyantun ing Pacitan ingkang asli, sampun malih sowan ing pasareyanipun, kok puruna, ambok malêbêt ing dhusunipun kemawon sampun ajrih. Amargi saugi priyantun malêbêt ing dhusun ngriku, sok kathah sandhunganipun anggèning cêpêng damêl. Sampun dilalah lajêng kathah sawanipun.
Awit saking kula mirêng gotèking têtiyang kados makatên wau, kula lajêng nlusur pados dêdongenganipun. Sawênèh saking sêsêpuh ing kitha Pacitan andongèngakên babading pasareyan wau, kula cathêti kados ing ngandhap punika:
Ing jaman kina wontên satunggiling tiyang dhusun ingkang padamêlanipun andèrès kalapa, kadamêl gêndhis, sabên mènèk badhe andèrès, mawi rêngêng-rêngêng kangge nylamur supados botên ngraosakên sayahipun, dene rêngêng-rêngêngipun: klonthang-klanthung, wong dèrès akalung bumbung...
Ing satunggiling dintên tabe-tabe Paduka Sunan Kalijaga (Sunan Lèpèn), pinuju tindak sacêlaking griyanipun tiyang wau, sarêng mirêng rêngêng-rêngêng kados makatên wau, lajêng kèndêl ing margi alit, nimbali tiyang ingkang andèrès wau, sasampuning sowan, lajêng dipun dhawuhi makatên: yèn tinimbang kowe rêngêng-rêngêng kaya mêngkono iku, bêcik rêngêng-rêngêng kang migunani, tur luwih kapenak dirungokake, sarta yèn kêbênêran mêngko ênggonmu andèrès harak bisa dêrês, bumbungmu bisa kêbak-kêbak.
Cêkaking criyos, paman dèrès lajêng kawêjang amal-amalan dikir napi isbat, lan salawat Nabi dening Kangjêng Sunan Kali, kadhawuhan tansah kangge rêngêng-rêngêng kalihan sambèn andèrès, minăngka gêntosing rêngêng-rêngêngipun piyambak wau. Paman dèrès nyandikani, sarta wiwit ing dintên punika lajêng ngèstokakên dhawuhipun kangjêng sunan, sarta kangjêng sunan têrus anglajêngakên tindakipun.
Kocapa, sarêng enjingipun, paman dèrès mêndhêti bumbungipun, kraos gêmèndhêl, awratipun tikêl tinimbang adat sabênipun. Ing batos agêng sangêt manahipun, jêr rumaos anètèsi dhawuhipun kyai ingkang pêparing wulang wau. [wa...]
--- 1113 ---
[...u.] Sarêng anggèning ngandhapakên deresan wau sampun angsal kawan bumbung, lajêng kabêkta mantuk kapasrahakên dhatêng ingkang èstri, supados kagodhog, dene piyambakipun wangsul ing paderesan malih, badhe ngandhapakên sanèsipun.
[Iklan]
Kocapa, sarêng ingkang èstri ngêsok lêgèn ingkang saking lakinipun wau, sangêt kagètipun, manahipun tab-taban (andharodhog) jalaran bumbung wau isi jêndhêlan jêne, botên isi lêgèn, sanalika anjêlih nguwuh-uwuh ingkang jalêr. Ingkang jalêr sarêng mirêng panjêlihipun ingkang èstri wau, sangêt kagètipun, lajêng enggal-enggal mandhap saking wit kalapa, têrus mantuk, sarwi pitakèn: Ana apa, ana apa. Ingkang èstri lajêng anêdahakên bilih bumbung sakawan ingkang katampèn wau, botên isi lêgèn, nyatanipun isi jêne jêndhêlan. Ingkang jalêr sarêng nyumêrêpi kawontênan kados makatên wau, sakala lajêng kagugah manahipun, nêdya puruhita dhumatêng kyai ingkang mêjang rêngêng-rêngêng wau. Ucapipun: Wis êmbokne, iki mas paringing Kang Maha Kawasa, minăngka sandhang panganmu lan anak-anakmu. Dene aku lilanana lunga saka kene anggolèki kyai. Sêdyaku suwita salawase.
Paman dèrès lajêng kesah gêgancangan, angancas ing radinan satindakipun Kangjêng Sunan Kalijaga. Samargi-margi tansah nguwuh-uwuh: Kyai, kula aturi ngêntosi, kula niyat andhèrèk ing sampeyan, kyai.
Sarêng lampahipun dumugi ing samadyaning wana gung, anggèning nututi paman dèrès wau sagêd kacandhak. Paman dèrès lajêng ngaturakên kawontênan sapêngkêripun kyai, sarta ing mangke piyambakipun kaparêng botên kaparênga, badhe andhèrèk puruhita ing panjênênganipun. Kangjêng Sunan Kali lajêng dhawuh: Dina iki anggonmu niyat andhèrèkake salakuku, iya wus ingsun tămpa, nanging samêngko kowe lerena ana kene bae dhisik, aja pisan lunga saka kene nganti sabaliku mrene manèh. Paman dèrès nyandikani, lajêng andhodhok kalihan nancêpakên têkênipun awujud dêling pêtung.
Badhe kasambêtan.
Lêngganan ăngka: 1466.
--- 1114 ---
Plêsiran wontên ing Pasar Gambir
I.
Mak Kamprèt : Pakne, ênjênêngan sing ana ing ngarêp, wong wis kaping pindho le mriksani, dadi têmtune iya wis rada apal.
Petruk : Lho, bune, nèk wong lanang sing mlaku ana ing ngarêp, kuwi didêlêng rak ora pantês, mêngko rak diarani wong gunung. Nèk cara priyayi kuwi, sing putri ana ing ngarêp, sing kakung ana ing buri, prêlune bisa ngawat-awati, yèn ana wong arêp sêmbrana barang, kene sing dadi wong lanang bisa mênthêlêng...
Garèng : Bênêr, Truk, yèn wong lanang kudu mlaku ana ing buri, dadi wong lanang bisa wêruh sing wadon mèsêm... karo sapa.
Biyang Nala : Apa, apa, wong lanang ngomong kathik anggêre mêtu bae. Apa iya rabi... tlèdhèk, kathik sêmono butarêpane.
Petruk : Lho, bakyu aja kaliru tămpa. Kang Garèng kăndha kaya mangkono kuwi, ora kok butarêpan mêngkono. Nanging umume wong lanang kuwi sok panglingan, lan sok ora mikiran. Saka anggone ngêmatake le nonton, kadhang-kadhang sok ora wêruh kănca utawa sobat, banjur ora aruh-aruh. Hla, banjur sok diarani: gêdhe mustakane, utawa: anjothak. Seje karo wong wadon, umume sok migatèkake bangêt nyang mitra, mulane lagia repot dikaya ngapa, iya wêruh bae. Kang iku pancèn iya bênêr yèn wong wadon kudu mlaku ana ing ngarêp, wong lanang ana ing buri ngulat-ulati sing wadon bae. Dadi kanggone wong lanang gampang. Ing sarèhne mung ngulat-ulati sing wadon, kèri nurut sing wadon bae, anggêre sing wadon: pringis, sing lanang iya: pêcêngis, ngono bae, sabab kuwi tăndha kêpêthuk mitra.
Garèng : Wah, bênêr bangêt omongmu kuwi, Truk, mula iya nyata, wong wadon kuwi waspada lan dhêmên migatèkake nyang apa-apa, buktine: hla wong nunggang motor sliringan karo motor liya, iya banjur bisa bae ngarani: sing nunggang motor kae klambine sidhêpowal, suwênge ular mata barliyan, alise anjalirit... cukuran, nanging anjangan lodhèh kurang santêne ... kurang waspada.
Petruk : Wiyah, wiyah, iki arêp wêlèh-wêlehan sing iya-iya, apa arêp nonton Pasar Gambir. Wis, bakyu, ora prêlu digalih omongane Kang Garèng, mundhak nyêpêt-nyêpêti wong arêp nonton bae. Saiki lakune mangiwa bae, mubêng nganti kêmput. Bêcike luwih dhisik padha lumaku ing bango Economische Zaken. Ing kono padhasarane barang-barang gaweyane wong bumi. Ayo, padha mlêbu.
Mak Kamprèt : Bakyu, bakyu, măngga lho pun priksani mênika. E, dadi wong gawe payung kuwi ngono. Adhuh, adhuh, adhuh, pintêre ora jamak, le anggambari mothane kuwi kathik ora nganggo pola, mung awangan bae. Pakne, pakne, aku kok dhêmên andêlêngake payung sing kuning kae, kêmbangane turut pinggir, têka le manis têmên, wah, mendah brêgase, [brêg...]
--- 1115 ---
[...ase,] yèn kabênêr dina Minggu, dianggo plêsir-plêsir ana ing kêbonraja ing Bogor.
Petruk : Nyêbut ta, bune nyêbut, kowe kuwi wis olèh dhêklomah, ora prêlu ngudi sing moncèr-moncèr, anggêre aku wis narima bae, rak wis cukup, bune.
Garèng : Bênêr, Bune Kamprèt, omonge bojomu kuwi. Dhuwur-dhuwuring dhêklomah tumrape wong wadon, kuwi wis kêna kok gayuh, yaiku dhêklomah kang awujud: Petruk kuwi, arêp ngarah apa manèh. Ha êmbuh, nèk banjur ana gagasan modhèrên: nèk wong lanang ora nyênêngake atiku, tak tinggal, ora kurang wong lanang liya-liyane.
Biyang Nala : Mêsthi, ta, jaman saiki, kok wong lanang arêp kakehan prêtèngsèng, têrimah kasih, sèh, aluwung ora kawin nyambutgawe toh isih payu, tur bisa sakarêp-karêp. Jaman malèsèt saiki wis kêpungkur, ora kurang pagawean kanggo wong wadon, kaya ta: klèrêk kantor pos, jipro tilpun, jipro toko...
Garèng : Ora payu-payune, iya mlêbu... kêthoprak.
Petruk : Hara, kok banjur rame mêngkono. Wis ayo saiki padha dibanjurake anggone mubêng.
Garèng (rêngêng-rêngêng) : Dhu - wa - lolo - lo, lo, lo lolo - ing, thing gêntak, dhublêng, dhublêng, ging...
Petruk : Wayah, Kang Garèng kiyi sajake têka le sênêng. Sêmune ora kêna babarpisan ngrungu gêndhing: Clunthang, Kang Garèng kuwi iya banjur andadak bae têtêmbangan, sarta...
Biyang Nala (nolèh) : Tobat, tobat, uwong kathik le mung arêp gawe isin thok bae. Tak arani rak iya mung rêngêng-rêngêng thok, jêbul tangane mèlu pating kêthuwêl, sikile ngêntrak-ngêntrak, kathik ora lali anggone pacak gulu. Arêpa jêjogedan kae, ora mundhak bagus, ora mundhak luwês. Malah kaya wong edan. Ngrêti - ngrêti - ngrêti.
[Grafik]
Garèng : Wèh, nganti lali nyang purwa duksinane, iya ngapuranên bae, bune, wong iki mau aku cara Landane rada: bêsêmèt (kêtularan) nèk-nèke. Lagine ana ing ngarêp, aku wêruh pirang-pirang nyonyah-nyonyah Lănda lan nyonyah-nyonyah Jawa padha ngrubung panggonan musik. Barêng musike wiwit diunèkake: thèthèt thiyèt, trètèt, trètèt, jing, jing, jing, lho kuwi para nyonyah-nyonyah Lănda lan nyonyah-nyonyah Jawa, kuwi akèh sing bokonge dijlêntrit-jlêntritake. Sikile
--- 1116 ---
dikêthêplêk-kêthêplêkake, sajak nikmat bangêt kae, lho, kuwi kok iya ora ana sing nyaru. Balik aku, mung lampah sêkar bae, wis ana sing ngrawus.
Petruk : Ha iya seje, ta, Kang Garèng, adat tata carane bae, bangsane dhewe lan băngsa Walănda rak beda bangêt. Tumrape băngsa Jawa, dianggêp utama, yèn bisa nutupi susah lan sênênging atine, balik băngsa Walănda, kuwi blaka suta, sênêng susah iya dikatonake.
[Grafik]
Garèng : Apa kae iya nyonyah Walănda. Nèk andêlêng wujud lan panganggone, kaya-kaya kae nyonyah... prawira wisatha.
Petruk : Wiyah-wiyah aja kêbanjur-banjur mêngkono, ta, Kang Garèng, lho, kae rak jênggêrênge sing bangsane dhewe, nanging atine rak wis satus prêsèn nyonyah, rumasane.
Mak Kamprèt : Măngga, bakyu, lajêng. Lho, mênika panggenan jogèd Bali.
Biyang Nala : Wah, dhi, ayo padha nonton, aku iya wis kêrêp krungu sing diarani legong. Nanging durung tau wêruh dhewe. Mas, mas, mas.
Garèng : Rungokna, Truk, bakyumu kae banjur mas mès, gênah ana sing dimelikake.
Petruk : Wayah, Kang Garèng kuwi panampane le sok ala bae. Yèn bakyu dhong kaya ngono kuwi, kudu kok timbangi, malah yèn bisa bok ungkuli anggone andêmênakake.
Garèng : Cêkakane, padha totohan bae, sing kalah kudu nraktir ing tongtonan sing arêp dilêboni. Dadi nèk nyata bakyumu ora duwe melik apa-apa, mlêbu ing tongtonan apa-apa, aku sing bayar. Dene nèk kosokbaline, kowe sing bayar, bagus - bagus. Kowe ngundang aku, bune, ana apa, iya.
Biyang Nala : Mas, mas, galo legong Bali, apik bangêt, mriksani, ya mas.
Garèng : Bêcik, bune, ka - sir, bêli karcis, ampat.
Petruk : Wis, ma - tik, aku, gênahe diapusi urip-uripan, ing sarèhne wis kalah jangji, iya tak traktir.
Biyang Nala : Wah, hla kok wis wiwit. Ayo, lênggah-lênggah kene bae. Wadhuh, jogède kathik cikat lan rongèh têmên.
Mak Kamprèt : Mênika, bakyu, pêthaning jogèdipun: Ni Limbur saking Hhaha...
Biyang Nala : E, dadi mêngkono. Hara, apa mèmpêr kae lho, dhi hla kok jêbul jogedan dhewe nglètèr mêngkono, isin aku, ayo, mêtu bae.
--- 1117 ---
KABAR WARNI-WARNI
(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)
Tanah ngriki
Bangsa Arab ingkang dados sabab. Ing Malang wontên bangsa Arab jalêr èstri cacah 19, têtiyang sadaya wau wontênipun ing tanah ngriki miturut anggêr kêdah kawangsulakên, ananging tumrap nagari-nagari Arab sami botên purun nampèni, mila kêpêksa dados tahanan ngêntosi praja pundi ingkang badhe purun tampi.
Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan nonah-nonah Gouw We Lie Nio., M.A. Hoeroestiati. R.M.W. Kamarga tuwin tuwan-tuwan Gan Hang Ngo, Gan Koem Han, R. Hanito Wiknjosastro, R.A.N.S. Kamarga, Khouw Pok Goan, Lauw Kok Tjwan, Nie Swan Tie, Oei Siong Hie, Oey Oen Bie, Oh Lay Hien, R. Radiopoetro, R. Sadjono, Soekono, Soepandi, Tan Ik Wan, Tan Tjing Twie, I.P. Radjamin, tuwin Samsoemarjo. Lulus doctoraal perangan kalih, tuwan-tuwan Oey Biauw Hok, Sie Boen Liep, Soeliman Asfandi, Paminto tuwin The Djiem Hwie. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan Go Sie Hiang, Ko King San, Lo Djien Sioe, M. Soegandi, M. Sutardjo, Darsapangarsao, R. Soetojo tuwin Thio Kee Tiong.
Dintên agêng ingkang sampun dipun têtêpakên ing taun 1938. Miturut kêkancingan saking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral No. 40, tanggal 23 Augustus 1937, benjing taun 1938 ngajêng punika, dintên agêng dagang ingkang katêtêpakên miturut bab 171a tuwin 229b ing sêrat anggêr among dagang tumrap tanah ngriki, kajawi dintên Ngahad, katêtêpakên kados ingandhap punika:
1. Taun baru Masèhi, Sabtu tanggal 1 Januari.
2. Taun baru Tionghwa, Sênèn 3 Januari.
3. 'Idu'l Kurban (Garêbêg Bêsar), Jumuah 11 Pèbruari.
4. Asyura, Sabtu 12 Maart.
5. Sedanipun Ingkang Wicaksana Kong Hoe Tjoe, Sabtu 19 Maart.
6. Tsing Bing, Salasa 5 April.
7. Goede Vrijdag (Sedanipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa) Jumuah 5 April.
8. Dintên Paschen ingkang kaping kalih, Sênèn 18 April.
9. Dintên wiyosandalêm Raja Putri Juliana, Sabtu 30 April.
10. Maulud (Garêbêg Mulud), Kêmis 12 Mèi.
11. Mekratipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa, Kêmis 26 Mèi.
12. Dintên Pinksteren ingkang kaping kalih, Sênèn 6 Juni.
13. Dintên wiyosandalêm Prins Bernhard, Rêbo 29 Juni.
14. Dintên wiyosandalêm Sri Bagenda Maharaja Putri Wilhelmina, 31 Augustus.
15. Mekratipun Gusti Kangjêng Nabi Muhamad, Kêmis 22 Sèptèmbêr.
16. Wiyosanipun Ingkang Wicaksana Kong Hoe Tjoe, Kêmis 20 October.
17. Dintên Agêng 'Idu'l Fitri (Garêbêg Siam), 2 dintên, Rêbo 23 November tuwin Kêmis 24 December.
18. Dintên wiyosanipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa (Kerstdag kapisan utawi kaping kalih) Ngahad 25 December tuwin 26 December.
Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah Mas Soeparman, asistèn wêdana ing Limpung, dhistrik Subah, kabupatèn tuwin paresidhenan Pêkalongan, dados wêdana ing Bêlik, kabupatèn Pêmalang, paresidhenan Pêkalongan. R. Soetarko aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Ambarawa, kabupatèn Sêmarang, dados asistèn wêdana paresidhenan Pêkalongan. R. Saparno jurusêrat klas 1 kabupatèn Dêmak, dados mantri pulisi paresidhenan Sêmarang.
[Iklan]
Rukun Tani ing bawah Cilacap. Ing bawah ondêr dhistrik Wanarêja, dhistrik Majênang, kabupatèn Cilacap, wontên pakêmpalaning têtiyang dhusun kanamakakên Rukun Tani (Sanès Rukun Tani Parindra). Adêging pakêmpalan wau sampun tigang taun, warganipun wontên 60, warganipun pangrèh 8. Ing sakawit ngawontênakên pawitan sarana nyèlèngi pantun, sabên warga ½ pikul utawi langkung, ing benjing samangsa pacêklik kasambutakên dhatêng para warga kangge wiji. Sasampunipun tumindak tigang taun baboning simpênan wau sampun sami dipun wangsulakên, dados ingkang sumimpên kantun anakanipun kemawon. Dangu-dangu rimatan pantun wau saya kathah, lajêng ngindhaki damêl lumbung. Salajêngipun pakêmpalan wau saya majêng, lajêng badhe ngadani tumbas maesa tuwin tumbas siti ingkang badhe kangge kabêtahaning têtiyang ingriku.
Papriksan ing Ujung Kulon. Tuwan A. Hoogerwerf, rumiyin dados warganing Leuser-expeditie babagan kewan, badhe nindakakên papriksan dhatêng Ujung Kulon, Bantên, ing bab niti gêsanging sato-sato kewan, punapa malih tumrap warak. Kewan-kewan ingriku punika badhe dipun cathêti cacahipun, tuwin ugi badhe kaprênahakên pamanggènipun. Miturut kawontênan, ingriku punika saya mindhak cacahing sima, anjalari rêkaosing kewan-kewan sanèsipun.
Utusandalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya saèstu badhe utusan anjênêngi wontêning congrès Java-Instituut ingkang kawontênakên ing Bali. Ingkang kautus, B.P.A. Soerjodiningrat tuwin B.P.A. Djojokoesoemo. Kajawi utusan wau, ugi maringi sambutan gangsa slendro kangge mahargya, nama kyai Surak.
Kamajênganing pakaryan tênun. Dumuginipun sapuka, ing satanah ngriki wontênipun têtiyang ingkang nyambutdamêl nênun ingkang kapetang pabrik, wontên 100.000, punika dèrèng kapetang pakaryan tênun ing dhusun-dhusun. Pamêdalipun wiwit 20 dumugi 80 sèn sadintên. Cacahing mêsin tênun ing tanah ngriki sadaya wontên 24.000. Ing sarèhning ing sapunika wêdaling padagangan tênun wau ngantos tirah-tirah, mila Parentah anggalih badhe amatêsi. Nanging ingkang dipun watêsi wau ingkang anggadhahi mêsin 14 minggah.
Ngajêngakên sinau bêksa Jawi. Kados ingkang sampun nate kawartosakên, bilih Tuwan Natary Vashi, ahli bêksa bangsa Indhu, saèstu nglajêngakên bêksa Jawi wontên Surakarta, saha kalampahan sampun dipun gêbyagakên wontên ing Wiryadiningratan, bêksa wirèng Panji, dipun anggèn-anggèni cara wirèng, dipun tuntun dening para ahli bêksa. Ing ngriku katingal caking bêksa luwês angrêsêpakên. Salajêngipun tuwan wau badhe nglajêngakên sinau bêksa dhatêng Bali punapadene dhatêng Ceylon.
Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, Tuwan Hidajat. Lulus doctoraalexamen perangan tiga Tuwan Loa Wan Leng. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, Nonah Yan Djoen Nio tuwin Tuwan R. Abdoerachim Kartodjoemena. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan R. Soetjipto Wirjosoeparto, Yap King Tik, tuwin R. Soeseno Tirtomihardjo. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan, Tuwan-tuwan R. Soedarjo. M. Iman Soepangkat, E.W.E. Denninger, Indra Kasoema, F.A.F. Baron Taets van Amerongen, Doejono, Lie Hok Sing, M. Soebagjo tuwin Oeij Pek Hong.
--- 1118 ---
Tampi bintang Officier Orde van Oranye Nassau. R.M.T Sarwoko Mangoenkoesoemo, Bupati-Patih Mangkunagaran. Pangeran Hario Soerjoatmodjo, Bupati-Patih Paku Alaman. R.A.A. Soeriadi, Bupati Cirêbon. R.A.A. Hadiwinoto, Bupati Magêtan.
Tampi bintang Redder Orde Oranye Nassau. Dr. R. Soepomo, Pangarsa Landraad ing Purworêjo.
Tampi bintang mas agêng. R.A.A. Iskandar Tirtokoesoemo, Bupati Dêmak. R.A.A. Soedoro Adi Koesoemo, Bupati Pêmalang.
Tampi bnitang[2] mas alit. R. Rangga Wiradipoetra, Patih Bogor. M. Tjakrawadhana, Patih fd. Wêdana Pandeglang. R. Dêmang Wiradiatmadja, Patih Majalêngka. M. Said Tjokroharsono, Patih Purworêjo. Safioedin, ugi nama Atmosoedirdjo, Patih Pasuruan.
[Grafik]
Inginggil punika ngêwrat gambaripun bintang-bintang. Saking kiwa manêngên: Kruis êmas Commandeur der Orde van Oranye-Nassau, Ridder in de Orde van den Nederlandschen Leeuw (êmas), Officier in de Orde van Oranye-Nassau (êmas), lan Ridder in de Orde van Oranye-Nassau (perak).
Angsal ganjaran songsong jêne. R.A.A. Wiriaatmadja, Bupati Pandeglang. R.A.A. Soemitro Kolopaking Poerbonegoro, Bupati Banjarnêgara. R.M.A.A. Soeghondo, Bupati Purbalingga. R.A.A. Soekahar Bupati Japara. R.A.A. Sam, Bupati Malang. R.M.A.A. Koesoemobroto, Bupati Tuban.
Angsal sêsêbutan Adipati. R.M.T. Ronggo A. Koesmen, Bupati Madiun. R.T.A. Samadikoen, ugi nama Prawotoadikoesoemo, Bupati Sumênêp.
S.C.S. ngindhaki lampahing sêpur. Wontên wartos, wiwit benjing tanggal 16 November ngajêng punika, S.C.S. badhe ngawontênakên ewah-ewahan lampahing sêpur saking Sêmarang dhatêng Cirêbon, lampah punika kagayutakên kalihan ewah-ewahan lampahing S.S. Mênggah tumindakipun badhe wontên sêpur saking Sêmarang dhatêng Cirêbon kawan rambahan, jam 7.50, 9.15, 10.15, tuwin 1.05. Pikantukipun lampah punika badhe langkung enggal dumuginipun ing Bêtawi, tinimbang kala rumiyin. Makatên ugi sêsambêtanipun kalihan Bandung ugi gampil, sagêd sambêt kalihan Vlugge Vier S.S. Ing sapunika lampah dhatêng Bêtawi saking Sêmarang namung sapisan, ing benjing badhe sagêd ngantos kaping kalih, dumuginipun ing Bêtawi jam 1.56 tuwin 4.04.
Mr. ingkang nyambutdamêl wontên Bandhalumaksa. Mr. R. Widodo Sastrodiningrat, katêtêpakên nyambutdamêl wontên ing kantor Bandhalumaksa (Bank Karaton) ing Surakarta. panyambutdamêlipun wontên ingriku dados pangagêng.
Asil pêkên ing tanah karajan Jawi. Miturut Pèngêtan, angsal-angsalaning asil pêkên ing tanah karajan Jawi, wiwit Januari dumugi wêkasaning wulan Mèi tumrap Kasunanan wontên f 81.803.31. Manawi dipun tandhing kalihan angsal-angsal pêpetangan kados makatên ing taun kêpêngkêr, suda f 9.000.-. Tumrap Kasultanan Ngayogya, salêbêtipun gangsal wulan kados inginggil wontên f 65.120.77, taun kêpêngkêr miturut pêpetangan kados punika wontên f 58.978.06. Asil pêkên tumrap Mangkunagaran pêpetangan makatên wontên f 27.266.35. Ing taun kêpêngkêr pêpetangan makatên wontên f 28.251.39. Tumrap Pakualaman taun punika wontên f f 5495.- taun kêpêngkêr wontên f 5197.56.
Kabêtahan toya ing Cirêbon. Sampun sawatawis dintên, burgemeester Cirêbon tuwin warga-warganing Gemeenteraad sami dhatêng Cipaniis, pêrlu mriksa pandamêling trowongan kangge margi urung-urung toya ombèn, ingkang badhe kabikak. Trowongan wau panjangipun wontên 37 m. pêrlu kangge pambucalan lahar saking rêdi Cirêmai. Wontênipun tindak punika, jalaran ing Cirêbon ing sapunika toyanipun ombèn saking waterleiding botên sae.
Cêcariyosan bab ing Jambi. Koloniaal Instituut nêtêpakên badhe damêl cêcariyosan ing bab kawontênanipun laladan Jambi, pangarangipun bab punika gadhe[3] dipun pangajêngi Tuwan J. Tideman, tilas Gupêrnur ing Molukken. Pangarangipun wau awêwaton saking sêsêrêpanipun para militèr punapadene ingkang sanès militèr ing laladan ngriku, mawi awêwaton warni-warni. Ing karangan punika isi wêwaton ingkang langkung migunani tumraping punggawa Nagari.
EROPA
Tiwas wontên ing margi. Maarschalk Demide, ministêr babagan paprangan republiek Mongool, nalika nuju numpak sêpur badhe dhatêng Moskou. lajêng dadakan tiwas wontên ing margi. Kasumêrêpanipun nalika sêpur kèndêl wontên ing Taiga, sampun pinanggih dados mayit. Bab punika lajêng dipun wartosakên dhatêng prajanipun.
Ngandhapakên kapal ing sagantên. Panjênênganipun Nata ing Italie sakalihan Pramèswari mêntas anjumênêngi andhaping kapal pêrang enggal ingkang agêngipun 35.000 ton nama Littoria. Upacara anggèning nyukani nama wau katindakakên dening tiyang èstri golongan bêrah ingkang ugi tumut damêl anggarap kapal punika.
--- 1119 ---
Wêwaosan
II. Lêlampahanipun Dhobrinya
9
Dhobrinya sakalangkung lêga manahipun. Sarêng naga Gurindayêksa sampun kesah saking ngriku, ing batos sangêt bingah, dene sagêd luwar saking bêbaya ingkang sagêd anjalari piyambakipun tiwas cara asor sangêt, inggih punika pinêjahan dening sato kewan ingkang kenging kawastanan rêrêgêding bumi wau. Kajawi punika Dhobrinya rumaos agêng manahipun, awit inggih sawêg sapisan punika, naga Gurindayêksa sagêd dipun kawonakên dening satunggiling manusa. Makatên mênggah gagasanipun Dhobrinya, manawi ing têmbe Sang Prabu Wladhimir ngawontênakên pahargyan malih, ing ngriku Dhobrinya badhe nyariyosakên ing bab mênanging juritipun kalihan naga wau, punapadene ing bab prasêtyaning naga, ingkang sampun kajangjèkakên dhatêng saliranipun. Jalaran wontênipun prasêtya ingkang makatên wau, salajêngipun botên badhe wontên tiyang ingkang nandhang susah jalaran anak utawi sadhèrèkipun kagondhol ing naga wau. Makatên ugi botên badhe wontên tiyang kuwatos, bilih sagêd kalampahan dipun cêngkêrêm dening naga Gurindayêksa, tuwin lajêng kagondhol kabêkta dhatêng guwa pêtêng. Botên wontên biyung kamigilan, sabab nyumêrêpi naga wau kêkitêr wontên ing gêgana, salajêngipun nyambêr anakipun saha lajêng kamăngsa wontên ing ngriku. Ing kala punika Dhobrinya anêmtokakên, bilih namanipun botên watawis dangu têmtu badhe kawêntar ing saindênging praja Ruslan, lan salajêngipun kalokaning namanipun têmtu lajêng sagêd sajajar kalihan para misuwur ingkang dumuginipun ing wêkdal punika tansah dados sêkar lathinipun têtiyang sapraja. Dene ing wusana ingkang dados pangajêng-ajêngipun Dhobrinya, tumrap padamêlan-padamêlan ingkang ambêbayani, dening Prabu Wladhimir mugi-mugi sagêda kapasrahakên dhatêng saliranipun sadaya.
Makatên mênggah ingkang dados gagasanipun Dhobrinya, gadhah pangajêng-ajêng ingkang muluk sangêt, lan sagêda dados kêkasihing nata. Amila enggal-enggal nêdya wangsul dhatêng Kiyèf, nanging gagasanipun ingkang ngaluk-aluk wau, botên watawis dangu lajêng ical, sabab ing kala samantên piyambakipun punika wuda, botên gadhah kapal punapadene dêdamêl, kajawi namung ngangge kudhung ngangrangan waja, ingkang kêbak êrah.
Sanadyan piyambakipun sagêd ngasorakên naga Gurindayêksa, ingkang anjalari praja Ruslan linuwaran saking pangridhuning naga wau, ewasamantên botên sande mêksa dados gêgujênganing tiyang kathah, manawi ngantos lumêbêt ing kitha Kiyèp cara makatên wau, salajêngipun Dhobrinya nuntên bêngok-bêngok malih ngundang rencangipun jalêr. Nanging anggènipun bêngok-bêngok wau tanpa damêl. Ing ngriku lajêng tuwuh raosipun, bilih dhatêngipun wontên ing Kiyèf, botên badhe kaanggêp kadosdene prajurit ingkang mêntas unggul juritipun, nanging malah dados gêgujêngan. Salêbêtipun Dhobrinya nandhang prihatos wau, dumadakan saking katêbihan piyambakipun sumêrêp wontên kapal kalih bêbandhangan nuju mriku. Lan sakala punika piyambakipun lajêng sumêrêp, bilih ingkang dhatêng wau rencangipun jalêr ingkang numpak kapal sarwi nuntun kapalipun piyambak. Bingahipun Dhobrinya ing wêkdal punika tanpa upami. Sabab sakenjing punika piyambakipun ngrumaosi sampun linuwaran saking bêbaya rambah kaping kalih. Ingkang kapisan bêbaya badhe pinêjahan ing naga, ingkang kaping kalih bêbaya badhe dados gêgujênganing tiyang kathah. Ing sanalika punika gagasanipun ingkang ngaluk-aluk wau tuwuh malih, awit lumêbêtipun ing kitha Kiyèf, botên ngêmungakên numpak kapal sarwi mangangge kaprajuritan kemawon, ugi klayan nyangking têlalening naga tiga iji, ingkang punika, botên kenging botên, sakêdhap kemawon namanipun têmtu tumuntên kawêntar ing saindênging praja. Makatên mênggah ingkang dados gagasanipun Dhobrinya.
Sarêng lampahipun rencang wau sampun anyêlaki bandaranipun, enggal-enggal piyambakipun mandhap saking kapalipun, sarta sêmu isin tuwin ajrih, ujug-ujug piyambakipun angrungkêbi sukunipun Dhobrinya, prêlu nyuwun pangapuntên, piyambakipun angakêni lumajêng jalaran saking ajrihipun dhatêng naga wau, sarta lajêng ambêkta lumajêng kapal punapadene panganggenipun kaprajuritan bandaranipun. Sarêng piyambakipun sumêrêp naga kesah malih piyambakan, pamanggihipun botên sanès, bandaranipun tamtu kantun balungipun thok kemawon. Sêdyanipun rencang balung-balung wau badhe kabêkta dhatêng Kiyèf. Sarêng sumêrêp bilih bandaranipun wilujêng botên kirang satunggal punapa, rumaos isin sangêt, dene ngantos nilar lumajêng bandaranipun ingkang ing kala punika wontên ing salêbêting bêbaya wau. Nanging ing wêkdal punika ajrih saha pangaji-ajinipun dhatêng bandaranipun saya wêwah. Sabab piyambakipun botên gadhah pangintên babarpisan, bilih samantên kadibyaning bandaranipun wau. Rencang punika tansah ngrungkêbi sukunipun Dhobrinya tanpa andêngèngèk babarpisan. Ing batos rencang angunandika: botên kenging botên piyambakipun tamtu dipun kêthok gulunipun, utawi dipun gada sirahipun. Nanging botên makatên, malah sajak botên sabar bandaranipun andhawuhi makatên:
He, enggal ngadêga, aku tumuli tulungana angrasuk busanaku kaprajuritan.
--- 1120 ---
Bingahipun rencang jalêr wau tanpa upami, dene ing sêmu bandaranipun botên nêdya paring ukuman punapa-punapa. Kalayan cikat piyambakipun nuntên anjênggèlèk tangi saking anggènipun angrungkêbi sukuning bandaranipun wau, saha lajêng enggal-enggal angrencangi bandaranipun anggening ngagêm kaprajuritan wau. Sarêng sampun rampung, têlale naga tiga wau lajêng kapasang wontên ing sisihing lapak, murih sagêda kasumêrêpan ing tiyang. Sasampunipun makatên, sadaya dêdamêlipun Dhobrinya lajêng kaaturakên, inggih punika: pêdhang, gada, towok tuwin gandhewa sajêmparingipun. Ing batos pun rencang kêpengin sangêt anyumêrêpi kadospundi ingkang sampun kalampahan wontên ing ngriku, nanging nyuwun mitêrang ajrih, awit angrumaosi sampun anggadhahi kalêpatan nilar lumajêng bandaranipun, amila inggih lajêng namung kèndêl kemawon. Sarêng Dhobrinya sampun minggah ing kapal, pun rencang lajêng enggal-enggal nyengklak kapalipun, saha tut wingking dhatêng ing pundi puruging bêndaranipun.
Ing kala punika suryanipun taksih inggil, lan langitipun katingal biru padhang. Dumadakan ujug-ujug lajêng pêtêng, kadosdene suryanipun katutupan ing mega, lan punapa ingkang tiningalan dening Dhobrinya, kadosdene wontên ayang-ayang agêng, ingkang adamêl pêtênging jagad. Dhobrinya lajêng ngungak manginggil, kanthi kagèt tuwin gumun, ing ngriku piyambakipun sumêrêp naga mabur wontên ing awang-awang, klayan anggondhol wanita endah ing warni. Sarêng dipun wawas kanthi wigatos, ing ngriku cêtha bilih wanita ingkang dipun gondhol wau botên sanès kajawi nak dhèrèk nata, Dèwi Pujatisna. Sarêng naga Gurindayêksa sumêrêp dhatêng Dhobrinya, lajêng mabur wontên ing nginggilipun lêrês, saha lajêng kêkitêr wontên ing ngriku. Ing kala punika Dhobrinya lajêng ambêngoki pun naga, supados angandhapna sang pubri.[4] Pun naga botên amangsuli punapa-punapa, ngêmungakên gumujêng latah sajak angerang-erang. Saking soraning gumujênging naga wau, ngantos ing kiwa têngênipun ngriku orêg. Rencang jalêr kasêbut nginggil, ing kala punika saking kagètipun dhawah saking kapalipun, dene kapal ingkang dipun tumpaki Dhobrinya lajêng ngadêg, nanging saking sagêdipun Dhobrinya anggèning nyêpêng kêndhali, kapal wau sagêd kaêrèh malih. Ing kala punika pun naga klayan alon-alon sajak anggêgodha, lajêng mabur mangilèn nuju dhatêng pucaking rêdi Sorotya, inggih punika papan guwanipun naga wau. Sampun dados padatan, naga punika manawi angsal mangsan, lajêng kagondhol dhatêng guwanipun, botên tumuntên lajêng pinêjahan, ing sakawit dipun pisakit, saha lajêng nuntên dipun măngsa.
Klayan prihatos tuwin lingsêm Dhobrinya anglajêngakên lampahipun nuju dhatêng Kiyèf, ing kala punika piyambakipun angrumaosi, bilih gagasanipun ingkang muluk wau, sanalika punika ical tanpa lari. Miturut pamanggihipun piyambak, salajêngipun botên sande têmtu dipun gêgujêng ing tiyang kathah, sabab kêtitik mênggahing bodhonipun. Têka pitados dhatêng ungêl punapadene prasêtyaning naga Gurindayêksa, satunggiling sato kewan ingkang kenging kasêbut rêrêgêding jagad. Samangke kadosdene ing praja Ruslan kadhawahan upataning dewa. Sabên dintên têtiyang saindênging praja tansah kuwatos, bilih enjing utawi sontên sagêd ugi sinambêr ing naga, ingkang lajêng kagondhol dhatêng guwanipun prêlu badhe kangge mangsanipun. Makatên ugi têtiyang èstri ingkang sami gadhah anak, sabên-sabên tansah nguwatosakên, bilih anakipun ngantos kalimpe lajêng kagondhol dening naga wau. Sadaya wau lêpatipun Dhobrinya, awit saupami salêbêtipun păncakara kalihan naga wau, naga tumuntên lajêng pinêjahan, salajêngipun tamtu botên badhe manggih kawontênan ingkang makatên susahipun wau. Kados punapa susahipun satunggiling biyung ingkang nyumêrêpi anakipun dipun gondhol ing naga, ingkang salajêngipun dipun măngsa wontên ing sanginggiling awang-awang. Awit padatanipun, naga wau manawi anggondhol lare beda kalihan manawi anggondhol tiyang sêpuh. Limrahipun, manawi naga punika anggondhol lare, wontên ing nginggil awang-awang, kanthi sêngaja dipun tingalakên dhatêng tiyang sêpuhipun, lare wau kamăngsa kanthi sasêkecanipun. Panangis tuwin gênging sungkawanipun têtiyang sêpuh jalaran saking kecalan anakipun ingkang kamăngsa ing naga wau, tumraping Dhobrinya, kadosdene têtiyang sêpuh wau sami anglairakên pamaibênipun dhatêng pun Dhobrinya. Jalaran saking gagasan ingkang makatên wau, adamêl nêpsunipun Dhobrinya ingkang tanpa upami. Têlale ingkang kapasang ing lapaking pal,[5] ing kala punika lajêng kasêbrak purun saha nuntên kabucal têbih.
Tanpa ngucap Dhobrinya anglajêngakên lampahipun. Sasampunipun dumugi ing griyanipun, tanpa wicantên punapa-punapa, kapalipun wau katuntun piyambak dhatêng ing gêdhoganipun, salajêngipun nuntên lumêbêt ing griya. Dene ingkang dipun jujug, inggih punika ing kamaripun ingkang ibu. Awit mênggahing Dhobrinya, manawi pinuju wontên ing salêbêting prihatos, salami-laminipun namung ngupados lêlipur dhatêng ngrêsanipun ingkang ibu, dhatêng tiyang sanès satêmbung botên nate kawêdal.
Sarêng ingkang ibu nguningani putranipun ing salêbêting sugkawa wau, enggal-enggal anyakêti, ngêlus-êlus sirahipun ingkang putra, saha lajêng kadangu kathah-kathah, kadosdene nalikanipun Dhobrinya taksih alit. Makatên mênggah pandangunipun ingkang ibu wau:
Dhuh anakku, Dhobrinya, genea kowe katone susah mangkono. Apa ana sing lagi korasakake.
Badhe kasambêtan.
--- 137 ---
No. 35, Taun VIII.
TAMAN BOCAH
INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR
KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LENGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.
MANGSULI LAYANG
Pendjol, Malang, Marlijah, Rêmbang, As p/a Dr. R. Soewarsa, Solo. Soetartinah, p/a R. Sastrapoera, Jokya, Soendarijah, Slamêt, Siliran Kidul. Bangêt panrimaku kokirimi layang lan pambatangmu "sandi pêpêthan" bênêr kabèh. As, bênêr bu Soewarsi gawe buku olah-olah, saiki lagi diêcap, mêngko sawatara dina manèh ya rampung, yèn kowe arêp njaluk dikirimi nglayangana bae nyang redactie. Slamêt, kanthi sênêng aku nganggêp kêponakan nyang kowe. Soendarijah, aja pisan ngarêp-arêp gambare Bu Mar, ya!
Toen Soedarsini, Pêmalang. Aku wis tampa layangmu kang isi cangkriman, ora liya bangêt panrimaku. Dadi kowe saiki wis ana ngomah, iya saiki sing mêmpêng anggonmu ngladèni ibumu.
Sri Manti lan Sri Marmi, Ngayogya. Layangmu pitêpungan wis daktampa kanthi bungah lan lêlucon uga wis kêtampan.
S. Har, Surakarta. Har, kowe mêsthine ya wis wêruh dhèk Sêtu buri gambarmu wis kapacak. Bangêt panrimaku, dene kowe arêp nggêdhèkake portrètmu, nanging aku kok ora duwe portrètku, besuk bae ya Har, yèn Bu Mar wis portrèt. Wah Har, kok ana-ana bae ing Surakarta, ya, ana wong nggantung barang, ndak iya kowe wêruh dhewe, Har?
Srin, Kêcubung. Layang pitêpungan sarta karangan wis kêtampan, bangêt panrimaku. Yèn kowe arêp ngirimi lêlagon, iya bêcik.
Mr. Soehani, N.H.I.S. Genteng. Andadèkake bangêt sênêngku kokirimi layang pitêpungan lan uga isi lêlagon.
Sriroekmi, Surabaya. Karanganmu wis daktampa kanthi bungah.
Siti Aminah p/a R.S. Waris, Lowokwaru G. 2 No. 5, Malang. Andadèkake bangêt bungahku kowe saiki mlêbu sêkolah Industri. Muga-muga lêstaria anggonmu sinau. Mien, anggonmu ambatang jênênge Bu Mar luput. Barêng iki aku awèh wêruh, yèn Mien Satrijani lagi ribut, durung bisa kirim layang.
Hajoeni Asmara, Ambarawa. Layangmu pitêpungan lan isi karangan wis daktampa kanthi bungah. Bangêt panrimaku kotawani nyang Ambarawa lan arêp koundhuhake jambu uwèr lan kluthuk, besuk ya As, yèn pinaringan slamêt lan kobêr.
Alrasjit, Sidoarjo. Yèn kowe nalika sasi Maart anggonmu ngirimi dhuwit, sajrone sasi Sèptèmbêr iki kudu ngirimi manèh, kasèp-kasèp tanggal 10.
Rr. Hoentari, Limbungan 20. Palembang, St. Indijah, Kêbumèn. Aku wis tampa layangmu, ora liya bangêt panrimaku.
Soewardja, Sidarêja. Bangêt bungahku kowe mêrlokake nêpungake nyang Bu Mar. Pangirime karangan nganggo pos blad iya kêna. Yèn kowe wis langganan Kêjawèn, iya ora pêrlu ambayar T.B. sarta yèn arêp ngirimi karangan-karangan, iya ora susah ambayar T.B. sabab kowe rak wis ambayar anggonmu langganan Kêjawèn ta?
Kustinah, Sawangan. Tien, kowe takon apa Bu Mar wis tau tindak nyang Barabudhur, wah ya wis kaping ora mênêng-mênêng kae, Tien. Aku durung bisa nêmtokake bisa utawa orane têka nyang omahmu, awit wayahe iku mêsthi pas-pasan, yèn aku lêlungan nyang Jawa Têngah. Sadurunge pangkat, mêsthi wis diprograma, dinane dibagi pirang-pirang. Tien, sukur ta yèn kowe arêp anggolèki kaponakanku bangsa Tionghwa ing Blabak, dadi mundhak têtêpunganmu.
Tien, saiki rambutku ya tansah mbrodhol bae, bokmanawa saka panasing hawa ing Bêtawi. Dene ing sawangan rak adhêm ta. Kowe takon tambane apa. Tien, wah kok sok anèh, kowe iki, Bu Mar rak dudu dhoktêr, kok sok padha takon tamba barang. Bu Mar saiki lagi nyoba, sabên kramas nganggo "Lidah Buaya Shampoo", dene lêngane, lênga "Jo Tek Tjoe'' iki karone kowe bisa tuku ing toko. Coba kowe nganggoa, bokmanawa sindapmu banjur ilang. Wis ya Tien, samene bae dhisik, ibumu karipan êntas nonton Pasar Gambir.
Siswamartono, Purwokêrto. Yèn kowe lumpangên, bêcike mangkene: anjupuka tawas gêdhene kira-kira saklungsu, banjur jèrên wedang sagêlas, yèn wis adhêm, iki kanggo kêmu, aja nganti kolu. Sawise kêmu, nuli mamah kayu lêgi.
Sulardjo, Batavia-Centrum, Sri Sasanti Surakarta, Saribi Surakarta. Mien Satrijani. Bangêt panrimaku, kokirimi lêlucon. Yèn kowe arêp ngirimi karangan babad Banyuwangi, iya bêcik, Mien Satrijani.
Hoentari, Palembang. Aku wis tampa layangmu, bangêt panrimaku. Sing mêmpêng anggonmu sinau, supaya besuk Mèi entuk eksamêne.
Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.
Bu Mar.
--- 138 ---
MEISJESVERVOLGSCHOOL
[Grafik]
Ing dhuwur iki macak gambare murid wedak[6] ing sêkolahan Meisjesvervolgschool Barabai ing tanah Borneo, nuju mitongtanake[7] carane nindakake pagawean olah-olah.
Dadi mungguh ing bocah-bocah wedok ing jaman saiki tumrape pasinaon olah-olah ing ngêndi-êndi wis ana.
Cangkriman
Pucung
Timbang nganggur iki cacak milu urun | muwuhi cangkriman | ananging tan mingsra yêkti | nora liwat aku nyuwun pangapura ||
I
Ana gunung Jawa Kulon dunungipun | jênênge rong wanda | têgêse araning sasi | yèn winaca sing wuri atêgês lama ||
II
Ana ratu sarirane bangêt lêmu | dêdalêm ing guwa | sugih bala sugih patih | patihira yèn tindak muluk ngakasa ||
III
Sapa aku? duk manggon ing kutha "Bandhung" | kowe kabèh padha | wêruh aku kaping kalih | aku iki dadi pangarêping nusa.
Cacak pena.
Timan.
LÊLUCON
Lara untu
H : "Dul, untumu durung mari, ya?"
D : "Durung, malah abuh!"
H : "Saupama aku sing lara takbêdhèlke".
D : "Iya upama kowe sing lara, aku gêlêm mbêdhèl."
Impène bocah cilik
Darma kagèt nglilir anggone turu, calathune: "O pak, aku wêdi bangêt. Aku ngimpi wêruh tikus milu turu karo aku.''
Bapakne: "Aja wêdi Ma, bacutna anggonmu ngimpi, mêngko rak ana kucing têka têrus nubruk tikus mau."
S. Har, Surakarta
Sêmon-sêmonan
Ana wong bucu liwat sangarêpe wong picak sasisih. Sing picak ngaruh-aruhi: "Têng pundi dhi, esuk-esuk kok nggêgêndhong.''
Sing bucu: "Ajêng langkung kontên sing menga sêsisih niku ta.''
Sri Mastoeti.
Ana ing klas
Guru pitakon: "Coba gaweya ukara nganggo têmbung kêras''
Salah sawijining murid: "Sakêras-kêrasipun inuman kêras, mêksa taksih kêras guru kula."
Sri Manti.
Dolanan lagu "anakku nggèr si Jumirah.''
Sapi jawa bu dingge karapan
Ingkang putra bu nyuwun sarapan
Klambi sutra bu pinggire wungu
Ingkang putra bu nyuwun pangèstu
Klambi sutra bu pinggire bolah
Ingkang putra bu badhe sêkolah
Sriroekmi, Surabaya.
Lagu kinanthi tèplêk
I.
Hèh pra kancaku kabèh, padhaa tumindak rukun.
Hèh pra kancaku kabèh, padhaa kang sêtiya tuhu.
Hèh pra kancaku kabèh, manuta pitutur luhung
II.
Dahad gênging sêmbah nuwun.
Rumaos kadananingsih.
Kadarman miwah katrêsnan, ingkang langkung migunani.
Kinarya garaning gêsang.
Supados tan dados nistip.
Soehani.
--- 139 ---
ORA NGILO GITHOKE
Anuju sawijining dina ana kodhok mêntas saka kutha pêrlu nonton kumidhi jaran Harmston. Sabubaring kumidhi, kodhok banjur mulih. Lakune sadalan-dalan sajak nglêlêr, kaya ana kang dipikir têmênan, ning pancèn ora luput, si kodhok pancèn lagi mikir gêdhening gajah. Ing batin tansah gumun dene gajah gêdhene ngudubillah setan.
Barêng lakune mèh têkan ngomahe dumadakan kêpêthuk si kintêl. Kintêl takon sajak nyêntak: "He kodhok! kowe êntas saka ngêndi? Dene rupamu sajak kaya kodhok êntas kutilan.
Kodhok sumaur lirih: "Oo kintêl, aku êntas saka kutha pêrlu nonton kumidhi jaran, mulane aku sajak ngglêlêng pancèn ana salah sawijining kewan sing takgumuni têmênan, ora liya ya mung gajah, dene gêdhene ngudubilah setan.
Kintêl barêng krungu calathune si kodhok mèsêm sajak ngisin-isin, nuli nyêntak: "Hèh! wong kowe, dhok, dhok, lagi wêruh gajah bae kok gumun. Apa kokira umating Gusti kuwe ora ana kang anduwèni kadigdayan? Ayo coba dêlêngên ya, aku tak matak aji.''
Kintêl banjur mêkungkung, wêtêng diplêndhungake karo takon si kodhok: "kapriye mungguh aku karo gajah gêdhe êndi?''
Kodhok sumlêngêrên ndêlêng polahe si kintêl. Ing batin pancèn ijih panas atine dene yèn omong salawase kodhok dipadhakake cumplung kêpanjingan nyawa. Mula kodhok banjur mangsuli: "Waaaa ya mèh padha.''
Kintêl rumasa entuk ati. Mula plêndhunge diundhaki karo takon manèh: "Apa samene?''
Kodhok mangsuli: "Kurang sacenti.''
Kintêl banjur jinjit mêkungkung wêtêng diplêndhungake manèh: "Samene?''
Kodhok: "Adhuh mung kurang sasêtrip êngkas. Kintêl ora sranta, rosane dikêtog, mata mêrêm, mêgêng napas, sanalika dikayang têmênan. Saking rosane, plok..., wêtênge kintêl pêcah. Kodhok njênggirat kagèt, lumayu sipat kuping.
Kho Ngo Kioe.
Blabak.
TIYANG CÊKAP LAN TIYANG MISKIN
Wontên tiyang kêkalih, manggèn wontên satunggiling dhusun. Ingkang satunggal tiyang tani, ananging tabêri ing damêl lan gadhah kapintêran. Satunggalipun cêkap sangêt nanging kêsèd tur botên sumêrêp ing damêl sadintên-dintên namung sênêng-sênêng kemawon.
Ing satunggiling dintên tiyang kalih wau sami pêpanggihan. Ingkang cêkap wicantên dhatêng ingkang miskin: "Dhi, punapa gunanipun kapintêran sampeyan? Inggih lêrês sampeyan punika gadhah kasagêdan, lan sabên dintên nyambutdamêl, nanging kok botên sagêd cêkap lan mulya kados kula. Kula niki disênêngi sintên kemawon, priyantun luhur-luhur ing nagari dados mitra kula sadaya, kêrêp sami tindak (rawuh) ing griya kula. Dados kasugihan punika langkung inggil tinimbang kasagêdan.''
Tiyang pintêr, sarèhning sampun mangrêtos inggih namung nginggihi kemawon. Botên dangu, dhusun wau kadhatêngan mêngsah. Mangka sadaya griya ingriku kabêsmi lan isining griya dipun jarah-rayah. Sasampunipun wontên rubeda punika tiyang kalih wau sami pêpanggihan. Tiyang miskin criyos dhatêng ingkang cêkap: "Kang, kados pundi, dene sampeyan botên pados panggêsangan malih? Griya kula kabêsmi dening mêngsah sarta isining griya kajarah-rayah sadaya, ananging sarèhning kula sampun misuwur sanagari, manawi kula punika sagêd njampèni tiyang sakit, dados inggih sagêd pados panggêsangan.
Sapunika tiyang cêkap sumêrêp, manawi kasugihan punika kawon kalihan kasagêdan. Kasagêdan botên sagêd ical salaminipun gêsang, dene kasugihan manawi sampun ical, angèl anggènipun ngupados, manawi botên ngangge kasagêdan lan watak srêgêp. Dados tiyang ingkang gadhah kasagêdan wau sapunika langkung cêkap tinimbang ingkang gadhah rajabrana tumpuk-tumpuk.
Hartini, Banjarnêgoro
KI SATU LAN KI DUA
I
Kacarita dhèk jaman kuna ana jaka loro bangsa Sundha, sing siji aran Ki Satu, dene sijine Ki Dua. Wong loro mau dikon dening wong tuwane sinau ngaji mênyang Rum (Konstantinopel) kang dununge adoh saka panggonane. Panggonan ngaji mau jênênge pêsantrèn.
Barêng jaka loro mau padha kêtêmu ing dalan, Ki Dua pitakon marang Ki Satu: "Jênêngmu sapa lan kowe arêp mênyang ngêndi?'' Ki Satu mangsuli: "Jênêngku Ki Satu, aku dikon bapakku mênyang Rum, supaya sinau ngaji. La sapa jênêngmu, lan kowe arêp mênyang ngêndi?'' Ki Dua mangsuli: "Jênêngku Ki Dua lan aku uga dikon bapakku sinau ngaji mênyang Rum. Ayo ta padha mêmitran lan padha lumaku barêng. Kabèh sangu pawèwèhe wong tuwa padha dibagi barêng.''
Ki Satu kang disangoni sêpuluh rupiyah dening bapakne, ngrujuki rêmbuge Ki Dua, nuli jaka loro mau nêrusake lakune barêng.
Dhisike dhuwite Ki Satu kang diêntèkake, barêng
--- 140 ---
mangsane Ki Dua kang gênti ambagi duwèke, Ki Dua ora gêlêm.
Ki Satu calathu: "Saru kowe, lagi anu rak wis dirêmbug, yèn kabèh arêp dibagi rata, dipangan barêng. Aku saiki ngêlih bangêt, bok iya aku kowènèhi apa-apa kanggo mangan.''
Ki Dua mangusli: "Ora susah kakean omong aku ora duwe apa-apa, dadi aku ora bisa mènèhi apa-apa marang kowe.''
Ki Satu krasa luwe bangêt, mula tanpa kêndhat anggone njaluk pangan mênyang mitrane. Wêkasane mitrane calathu: "Aku dhuwe roti sairis, iku kowe bisa tuku nyang aku, nanging akèh rêgane, iku kudu dibayar karo salah sawijine mripatmu.''
Ki Satu mangsuli: "Ah ora pêrduli, wènèhana, amarga aku ngêlih bangêt. Ki Dua nyukil mripate Ki Satu siji, Ki Satu diwènèhi roti sairis, nuli padha mbacutake lakune. Sajrone têlung dina Ki Satu ora mangan manèh, mulane banjur krasa luwe bangêt, nganti ora tahan manèh, banjur njaluk pangan mênyang Ki Dua. Ki Dua ora mungkir, yèn duwe pangan, nanging calathune: "Iya bêcik, yèn mripatmu sing sijine entuk tak cukil, mêngko dakwènèhi roti sairis.''
Sabab saka ora tahan ngêlihe, Ki Satu nurut apa panjaluke Ki Dua. Ki Dua kang ambêk siya mau, banjur nyukil mripate Ki Satu sijine.
Saiki Ki Satu wis wuta babarpisan lan mlakune dituntun dening Ki Dua, Ki Satu nyêkili[8] pucuking kayu, lan Ki Dua nggocèki bongkote. Mêngkono lakune wong loro sawatara suwe.
Ki Satu banjur gulune krasa salit bangêt nuli calathu: "Aku njaluk ngombe, Ki Dua, aku ngêlak bangêt.'' Mêngkono sambate Ki Satu.
Ki Dua mangsuli: "Aja njaluk ngombe, ing kene rak ora ana banyu ta. Bênêr ana sumur, ananging bangêt jêrone, lan aku ora duwe timba.'' Ananging Ki Satu tansah sêsambat ngêlak bae. Ki Dua pêgêl atine krungu sêsambate Ki Satu, banjur calathu: "Rene ta, sabukmu wènèhna aku.''
Ki Satu nguculi sabuke nuli diwènèhake mênyang mitrane. Sabuke Ki Satu digandhèng, ditalèni karo sabuke Ki Dua. Sing siji kanggo nalèni wêtênge Ki Satu, sing sijine kanggo ngêdhunake Ki Satu mênyang jêro sumur. Barêng Ki Satu wis têkan ing banyu, banjur diuculake, lan Ki Dua banjur nêrusake lakune. Mitrane kang dikira wis mati kalêlêp, nuli ditinggal kari.
Kacarita barêng Ki Satu wis têkan ing dhasaring sumur, tangane gagap-gagap, banjur ndumuk guwa. Dhèwèke mlêbu ing sajroning guwa, nuli lungguh. Lagi sêdhela anggone lungguh, dumadakan krungu swara ing sacêdhake.
Ana sawijining wong bajang lagi omong-omongan karo bojone. Ki Satu krungu rêmbuge wong loro mau, cêtha bangêt.
Bojone wong bajang takon marang sing lanang: "Genea, ta, yèn bangsaku, wong bajang, mêmungsuhan kok ora tau kalah?''
Sing lanang mangsuli: "Rak ana saranane ta, mbokne! Yèn wadyabala wong bajang padha kalah, banjur enggal mbêlèh kucing irêng, kabèh kang wis mati rak banjur padha tangi manèh.
Ki Satu mèpèt nyang temboking guwa sarta ngrungokake têmênan.
Bojone wong bajang pitakon manèh: "Pakne, apa ta, tambane wong kang wuta?''
Ki Satu saya anggatèkake, anggone ngrungokake kêna dipadhakake nganggo kuping patbêlas.
Wonge bajang mangsuli: "O, iku rak gampang bangêt, bokne! Wong iku kudu golèk godhong singawêrêng, nuli kapipis lêmbut banjur kagosokake ing mripat. Sawise mangkono wong kang wuta iku mêsthi banjur bisa wêruh manèh.
Ki Satu bungah bangêt, barêng krungu wangsulane wong bajang mêngkono mau, ananging durung pêsthine tiba bungah, awit banjur krungu swarane bojone wong bajang, kang calathu mangkene: "Bapakne, rajabrana kang kasimpên ing ngisor lawanganing (gapura) kutha Rum, apa isih, lan kapriye anggone anjupuk?''
Sing lanang mangsuli: "Iku uga gampang bangêt, mbokne. Upama kowe kêpengin rajabrana iku kudu mbêlèh asu irêng. Sawise dibêlèh, kabèh rajabrana sing kasimpên mêsthi banjur ketok kabèh, kaya ta mas, salaka, barliyan lan sawêrnaning prabot omah kaya ta: kursi kaplisir mas, meja salaka, bênèt kacêplok mas lan liya-liyane ug bangsa sutra-sutra ana kabèh.''
Barêng Ki Satu wis krungu iki kabèh, dumadakan ana wong tani têka nimba. Timbane ngênani gêgêre Ki Satu. Enggal-enggal Ki Satu nyandhak timba mau, banjur munggah lungguh ing sandhuwure timba. Wong tani gumun bangêt, têka timbane abot têmên. Dhèwèke anggone narik mêndhuwur rêkasa bangêt. Wêkasane timbane bisa têkan ing dhuwur. Bangêt kagète lan gumune, barêng wêruh, manawa timbane isi uwong, mangka wuta. Wong tani mau banjur pitakon: "Kowe iki manungsa apa jim setan, upama manungsa, kowe iku wong bênêr apa edan?''
Ki Satu mangsuli: "O, kula niki tiyang, bok inggih wêlasana kula niki, botên sagêd sumêrêp. Kula wau kêpengin ngombe, nanging lajêng kêcêmplung inglêbêt.''
Ana candhake.
--- [1121] ---
1 | sajatosipun. (kembali) |
2 | bintang. (kembali) |
3 | badhe. (kembali) |
4 | putri. (kembali) |
5 | kapal. (kembali) |
6 | wedok. (kembali) |
7 | mitongtonake. (kembali) |
8 | nyêkêli. (kembali) |