Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
3. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
4. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
5. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
6. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
7. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
8. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
9. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
10. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
11. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
12. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
13. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
14. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
15. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
16. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
17. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
18. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
19. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
20. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
21. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
22. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
23. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
24. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
25. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
26. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
27. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
28. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
29. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
30. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
31. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
32. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
33. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
34. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
35. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
36. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
37. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
38. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
39. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
40. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
41. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
42. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
43. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
44. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
45. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
46. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
47. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
48. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
49. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
50. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
51. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
52. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
53. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
54. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
55. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
56. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
57. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
58. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
59. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
60. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
61. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
62. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 72, Rê, Lê, 3 Rêjêb Ehe 1868, 8 Sèptèmbêr 1937, taun XII
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm
Isinipun: Palabuhan - Bab Sêsakit Edaning Sêgawon - Ngingah Ulam ing Wadhah - Kawontênan ing Sêpanyol - Pasareyanipun Ki Agêng Pêtung - Lotre - Suka-suka Sabibaring Damêl - Ngamal sarta Ngèlmu - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.
Palabuhan
[Grafik]
Sawangan palabuhan ing Kalabai, pulo Alor, Timur.
--- 1122 ---
Bab Kasarasan
Bab Sêsakit Edaning Sêgawon (hondsdolheid)
Sambêtipun Kajawèn nomêr 70.
Tuwan Pasteur ngusungi prabot potong dhatêng pawon, koki kapurih anggodhog toya ingkang ngantos umob.
Tuwan Pasteur matur dhatêng Dr. Charbonnet: kula aturi ngumbah asta panjênêngan kalih pisan, rasukan lêngênipun dipun wingkisa dumugi sikut, asta tuwin lêngên dumugi sikut dipun rêsikana ingkang rêsik saèstu.
Dr. Charbonnet: kula sampun asring nulungi tiyang èstri ingkang manak makatên.
Tuwan Pasteur janji, asta ingkang sampun rêsik, botên kenging nyêpêng utawi anggêpok barang sanès, kajawi namung dhatêng badanipun ingkang badhe dipun tulungi.
Dr. Charbonnet lajêng dipun aturi dhatêng kamaripun Annette ingkang sampun tilêman.
Tuwan Pasteur lumêbêt ing Laboratorium, ing ngriku kamirêngan, ing jawi Laboratorium gumuruh suwaranipun tiyang kathah. Sarêng jêndhela dipun bikak katingal Dr. Zarannoff utusan saking nagari Rus jumênêng ing ngriku dipun kêpang tiyang kathah, sêmunipun têtiyang wau saking dhusun ngamănca.
Tuwan Pasteur mêdal saking Laboratorium. Dr. Zarannoff lajêng matur: punika têtiyang dhatêng saking dhusun ing bawah Rus, ingkang sami kataton kacakot sêgawon edan, prêlu sami sowan nyuwun pitulungan panjênêngan mugi sami dipun jampèni.
Tuwan Pasteur: Tuwan Zarannoff, kula sanès dhoktêr botên sagêd anjampèni tiyang, namung sagêd anjampèni sêgawon.
Tuwan Pasteur èngêt lare ingkang sakit dipun jampèni suntikan serum, punika bilih sabên dintên suntikanipun serum wêwah-wêwah kêrasipun, sagêd saras blas.
Tuwan Pasteur lajêng wicantên: rèhning têtiyang ingkang sakit punika dhatêng saking mănca tur têbih makatên, prayogi kula tulungi, sanajan tanggêlan kula dados langkung awrat, lan sagêd ugi kula tampi ukuman ingkang agêng utawi ukuman pêjah inggih kula têmah, prêlu badhe nulung tiyang ingkang sakit ambêbayani makatên. Têtiyang punika prayogi dipun lêbêtakên ing griya sakit ing Montparnasse, nanging têtiyang punika manggènipun kêdah misah piyambak, botên tenging[1] kêmpal kalihan tiyang ingkang sakit sanèsipun.
Kajawi punika panjênêngan kêdah damêl palapuran satunggal-tunggalipun tiyang ingkang sampun dipun jampèni wau.
Tuwan Pasteur lajêng lumêbêt ing kamar pasareyan prêlu ngaso, amargi saking sayah sangêt anggèning nyambutdamêl lajêngan rintên dalu.
Ingkang garwa matur: Louis, Louis, panjênêngan kagungan wayah jalêr. Ingkang garwa matur makatên punika klayan ngrangkul ingkang raka. Tuwan Pasteur botên ebah lan botên ngandika punapa-punapa.
Louis, sampeyan botên mirêng yèn kagungan wayah jalêr. [ja...]
--- [1123] ---
[...lêr.] Tuwan Pasteur inggih tansah kèndêl kemawon, awit sêmaput, botên èngêt punapa-punapa. Ingkang garwa lajêng anjêrit.
Dr. Charbonnett mirêng jêritipun Nyonyah Pasteur enggal murugi, nyakêti Tuwan Pasteur dipun asta lan dipun grayang polêsipun (ugêl-ugêlan) sarta ngandika: kang raka gêrah beroerte, sapunika dipun kèndêlakên, kajêngipun sareyan kemawon.
[Iklan]
Tigang dintên Tuwan Pasteur gêrah tansah sareyan, nanging sakawan dintênipun sampun ragi dhangan lan sagêd ngandika, namung sariranipun sapalih lêmês botên wontên kêkiyatanipun, nanging mêksa kangge abah nimbali lan andangu Dr. Emil Roux, mundhut katrangan kawontênanipun ingkang sami sakit: kapriye anake Meister apa wis kapenak, Dr. Roux mangsuli: katingalipun inggih sampun saras saèstu.
Tuwan Pasteur: sukur dene bisa waras, kapriye wong-wong saka desa kae, apa wis kok tambani lan kok tulungi?
Dr. Roux: wontên ing griya sakit têtiyang wau botên suka dipun jampèni suntikan makatên, kajawi manawi wontên palilahipun Geneeskundige kring. Wau enjing nêmbe tampi sêrat dhawuh kenging ingkang sakit dipun jampèni suntikan, nanging sapunika sampun kasèp. Ingkang sampun tiwas tiyang tiga. Mêmêlas sangêt.
Badhe kasambêtan
R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.
--- 1124 ---
Ngingah Ulam ing Wadhah
Sambêtipun Kajawèn nomêr 71.
Kados ingkang sampun kacariyos ing ngajêng, ngingah ulam wontên ing wadhah punika bangsaning kasênêngan, tur kapetang ingkang ambêborosi, nanging ugi nama sampun mantuk manawi dipun têbusi ing bab ajining kasênêngan. Saking cariyosipun tiyang ingkang rêmên ngingah ulam, punika sok kêbrongot, botên eman ngêdalakên arta, upami tumbas ulam ingkang rêginipun awis, măngka ulamipun pêjah, punika botên ngraos gêtun anggèning kecalan arta, wontênipun malah kapengin tumbas malih.
Tumrap ingkang dèrèng mangrêtos, ngingah ulam ing wadhah, punika namung dipun wadhahi sakenging-kengingipun, waton wadhah isi toya. Nanging mênggah nyatanipun, kêdah milih wadhah ingkang kobèt, asrêp bêntêring toya kêdah kawawas miturut hawa, papaning andèkèk kêdah prênah, botên kenging kêbênteran, nanging kêdah angsal pêpadhang. Makatên malih ngingah ulam punika kêdah sumêrêp dhatêng băngsa-băngsanipun, awit ulam ingkang botên nunggil jinis, punika tataning gêsangipun botên sami. Sawêg miturut katrangan cêkakan punika, cêtha bilih ngingah ulam punika mawi pathokan kawruh.
Bab pakan, ing kala rumiyin limrahipun namung dipun pakani ugêd-ugêd, punika namung mêndhêt saking gampilanipun, sawênèh wontên ingkang dipun pakani roti garing. Nanging sarêng jamaning têtiyang ngêmbrah ngingah ulam, lajêng kathah têdhaning ulam wau warni-warni wêdalan saking tanah ngamănca. Makatên ugi ing bab tanêman ingkang dipun tanêm ing salêbêting wadhah (ing toya), punika inggih kathah tanêman wêdalan saking Eropah tuwin sanès-sanèsipun.
Bab pakan tuwin tanêman wau saèstunipun lajêng nuntuni dhatêng têtiyang ing pakampungan tuwin padhusunan, sagêd sade barang ingkang kados makatên punika, sarana niru tuwin anggathuk-gathukakên sêsêrêpan ingkang sami dipun alami, kados ta damêl pakan-pakan saking anggitanipun piyambak, lajêng sagêd kasade wontên ing pêkên. Manawi bab tanêman, kathah ingkang dipun panggihakên dening têtiyang padhusunan, mêndhêti thêthukulan ingkang sami gêsang wontên salêbêting toya, punika pinanggihipun inggih prayogi. Mila kala jaman ramèn-ramènipun têtiyang sami ngingah ulam, ing pundi papan panggenanipun tiyang sade ulam, ugi wontên tiyang ingkang sade pakan tuwin têtanêman, malah kathah ingkang lajêng dipun tumbas dening sudagar ulam.
Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih padagangan ulam wau lajêng pêjah botên pajêng malih, punika jalaran botên sanès namung saking saya sumêbaring kawruh ngingah ulam. Katranganipun makatên:
Ing sakawit ulam-ulam wau asli dipun dhatêngakên saking tanah ngamănca, pundi ingkang nêmbe dhatêng lajêng dados rêbatan, upaminipun bangsaning ulam ingkang nama ulam pêdhang (Zwaarddrager). Ulam wau agêngipun sadriji, ulêsipun wontên ingkang abrit utawi ijêm. Punika rêginipun ing dalêm sajodho ngantos tigang ringgit. Ulam pêdhang [pê...]
--- [1125] ---
[...dhang] punika enggal sangêt sagêd dipun branahakên, manawi manak (botên nigan) saêbrolan, inggih punika sawancinipun manak, sagêd ngantos kalih dasa. Măngka ulam wau kêrêp manak, tuwin enggal agêng. Wusana sawêg sawatawis wulan kemawon sampun dados atusan. Turunanipun ulam wau trêkadhang lajêng dipun sade malih dhatêng sudagar ulam. Dangu-dangu sanadyan têtiyang ing pakampungan inggih damêl pambranahan piyambak, sami dipun idêrakên dhatêng pundi-pundi. Botên gantalan wulan, ulam pêdhang wau rêginipun satunggal iji namung nyabenggol, malah tumrap para ngingah ulam ingkang kangge kasênêngan, namung dipun sukak-sukakakên kemawon.
Makatên ugi tumrap bangsaning ulam sanès-sanèsipun, inggih lajêng ambyah, saya tumrap ulam ingkang nigan, punika saturunan kemawon sampun atusan.
Wiwit ambyahipun ulam ingkang sampun turunan wau, lajêng pêt, ulam tanpa rêgi babarpisan, saha lajêng ambêbêkta damêl gêlanipun para ingkang sami ngingah ulam, awit lajêng sampun botên nama adi malih.
Nanging tumraping para ingkang rêmên ngudi kawruh babagan punika, bab ulam punika taksih dipun lajêngakên pangingahipun, awit caraning ambranahakên punika lajêng gêgayutan kalihan kawruh babagan ngingah ulam, awit cara gêsanging ulam wau ingkang pinanggih dados kasênêngan tuwin dados lantaran pangudi.
Badhe kasambêtan.
H.
[Iklan]
--- 1126 ---
Pawartos Sanès Praja
Kawontên[2] ing Sêpanyol
Wontênipun paprangan ing Sêpanyol pinanggih sampun dangu, muntabipun ingkang sami paprangan taksih ajêg. Ing ngriku lajêng nuwuhakên panggagas, punapa paprangan punika salugu tuwuh saking kanêpsonipun piyambak, punapa saking kenging dayaning sanès. Panggagas kalih bab wau, manawi mirid saking wontêning wartos-wartos, sami lêrêsipun, tumrap kamuntabaning golongan Sêpanyol, pancèn nyata, saya dangu malah saya kasupèn anggèning sami tunggil êrah. Dene bab daya sanès, pancèn inggih kêrêp pinanggih nyatanipun.
Manawi mirid kawontênanipun băngsa Sêpanyol, punika tumraping rakyatipun kenging dipun wastani sami tiyang tani, jiwanipun wontên tiga likur yuta. Nanging pinanggih ing gêsangipun têtiyang ing ngriku botên sagêd waradin, têgêsipun ingkang sugih kalangkung sugihipun, malah kanyatan pinanggihipun ing ngriku, têtiyang sugih ingkang kapindha ratu, punika mèh sami para tuwan tanah, dados pasitèn-pasitèn tuwin gêdhong ingkang agêng-agêng, sami gadhahanipun tuwan tanah, tamtunipun ing bab panguwaos inggih anglangkungi. Kosokwangsulipun tumraping para bêbau, punika namung sami anglampahi dados tiyang glidhigan, botên sami tumut ngraosakên brêkah dayaning siti. Inggih sabab ingkang kados makatên punika ingkang anjalari sangêt bedaning panggêsanganipun golongan kêkalih wau. Ingkang makatên wau saèstunipun anjalari kirang rakêtipun.
Wontênipun griya-griya ing padhusunan, inggih punika griyanipun para golongan tani, punapadene griyanipun pagolongan bêrah ing kitha-kitha, pinanggih sarwa prasaja sangêt, makatên ugi ing bab sandhang panganggenipun, katingal anggènipun botên sapintêna. Kosokwangsulipun tumraping para sugih, anggèning nyandhang ngangge namung sarwa mas barleyan, ngantos anglangkungi saking tataning kalimrahan. Ing bab sadaya wau manawi dipun gothak-gathukakên, ugi wontên èmpêripun anjalari gampil pêthaling golongan.
Tamtunipun ing bab raras kamuktènipun para sugih inggih anglangkungi, tuwin tata makatên wau kados inggih sampun limrah, nanging tumraping Sêpanyol, kenging dipun wastani anglangkungi, mila ing Sêpanyol punika dados satunggaling nagari dunungipun ulah karawitan, ingkang langkung luhur, ingkang misuwur tuwin tumular dumugi ing pundi-pundi.
Dene bab pêpêlikan, Sêpanyol kapetang sugih tur warni-warni, punapa malih pamêdalipun arêng sela, sampun misuwur dumugi ing pundi-pundi.
Kawontênan nagari ingkang kados makatên wau, lajêng kenging kangge wawasan jêmbar ing bab tuwuhing paprangan tuwin sabab-sababipun wontên nagari ingkang sami ngêmori damêl. Mirid kawontênan ingkang sampun dipun sumêrêpi ing ngakathah, sababing paprangan jalaran [jalar...]
--- 1127 ---
[...an] saking kalêbêtan daya sanès ingkang lajêng dados lantaraning pasulayanipun sami băngsa. Makatên ugi pamoring nagari sanèsipun malih, jalaran saking kamelikan. Punika mênggahing nalar sami mantuk sadaya.
Ing sapunika nama sampun kêlajêng, pêpêjah tanpa wicalan, karisakan tanpa pêpindhan, asrining kitha-kitha sampun rêmuk bubuk ical sipatipun, manahing băngsa Sêpanyol sami risak dening ngraosakên ura-uru botên wontên sampun-sampunipun. Ingkang makatên wau saya dangu saya adamêl ewah gingsiring antêp, kados ingkang mêntas pinanggih ing Santander, têtiyang ig ngriku sami ambalela dhatêng parentah, malah miturut wartos-wartos wadya parentah cacah 20.000 sami têluk. Mênggah pikantukipun lajêng mêwahi dados kasantosanipun golongan kabangsan, inggih sabab makatên wau ingkang anjalari bêdhahipun Santander. Malah ing salajêngipun golongan kabangsan saya ngangsêg, jajahanipun saya jêmbar.
Ing sapunika tumraping praja ingkang gêgayutan Inggris sampun pacak baris wontên ing Gibraltar, prêlu kangge anjagi baya pakèwêd ingkang badhe nêmpuh ngriku. Nanging pinanggihipun, anggèning Inggris pacak baris punika ugi nuwuhakên kasujananing nagari sanès, inggih punika Itali ugi lajêng pacak baris, têbihipun saking Gibraltar wontên tiga satêngah mil, dêdamêlipun mriyêm ajêngipun dipun ênêrakên dhatêng Gibraltar, kajawi punika inggih taksih nyadhiyani dêdamêl sanès-sanèsipun.
[Iklan]
Tumrap Inggris mêntas manggih lêlampahan ingkang sakalangkung ngêgèt, inggih punika satunggiling kapal pêrang Inggris Havock ingkang nuju wontên sacêlakipun Pongol San Antonio antawising Valencia tuwin Alicante dipun lêpasi torpedho ngantos kalih rambahan, nanging lêpat, saha botên kasumêrêpan saking pundi pinangkanipun.
Sanalika wau kapal pêrang Inggris ugi malês anglêpasi mriyêm, nanging namung awur-awuran, dados inggih botên kasumêrêpan kawusananipun. Ing bab punika Inggris lajêng ngangkatakê kapal pêrang pintên-pintên prêlu madosi dhatêng ingkang salah damêl wau sintên.
Nitik ing bab punika, kawontênanipun ing Sêpanyol taksih têtêp dados raosan.
--- 1128 ---
Cariyos Kina
Pasareyanipun Ki Agêng Pêtung
Sambêtipun Kajawèn nomêr 71.
Jalaran saking makatên punika, lajêng karan Kiyai Agêng Pêtung. Kangjêng Sunan Kali anglajêngakên ing tindakipun.
Sarêng sampun pintên-pintên taun, Kangjêng Sunan Kali sawêg kèngêtan bilih nilar murid ing samadyaning wana gung. Mila enggal-enggal wangsul amadosi, kadhèrèkakên abdi kêkasih taksih lare. Dumugi ing wana ngriku sampun kasupèn, amargi têkêning Paman Dèrès carang dêling pêtung rumiyin punika, sampun dados dhapuran dêling ginubêd dening oyot-oyodan, tuwin galagah rêrayungan. Wasana Kangjêng Sunan lajêng kagungan osik, murih gampilipun pinanggih, botên wontên malih kajawi bilih wana punika dipun bêsmi. Sanalika wana dipun bêsmi kanthi mêdhar sabda: nadyana Si Dèrès iki isih ana ing kene, yèn tinakdir dening Pangeran isih kaparêng urip, măngsa anggarah têdhasa ora. Sarêng wana sampun rêsik (dados awu) kapara yêktos, Paman Dèrès taksih manthilis pinanggih taksih gêsang, wujuding badanipun katingal cêmêng kadosdene gêsêng dening dahana. Nanging sanyatanipun botên punapa-punapa, malah kraos kemawon botên. Awit saking ingkang makatên wau, Paman Dèrès lajêng jêjuluk Sunan Gêsêng.
Kangjêng Sunan sangêt sukur ing Pangeran, ing sasampuning bage-binage ing kawilujênganipun, Kangjêng Sunan lajêng dhawuh supados Paman Dèrès tuwi mantuk, sarta gêgriyaa kados ing wingi nguni, dipun titipi lare pandhèrèkipun Kangjêng Sunan wau, kapêndhêta anak angkat, supados wontêna rencangipun anggèning sami ngibadah sumungkêm ing Gusti ingkang murbèng titah. Lajêng sewang-sewangan.
Sarêng Paman Dèrès dumugi ing griyanipun lami, sampun pangling, amargi bale griyanipun sarwa sae, bojonipun sampun katawis sêpuh, anak-anakipun sampun sami diwasa. Sadhatênging Paman Dèrès ing griya, anak rayatipun sami kagèt, sarta bingah sangêt, dene lakinipun jêbul taksih wilujêng, awit suwaunipun kakintên sampun ajal, saking sami bingahipun ngantos têtangisan.
Sarêng sampun sawatawis dintên, manahipun Paman Dèrès (Kyai Pêtung) saklangkung sangêt ing susahipun, amargi anak rakyatipun[3] lajêng sami kasêngsêm ing kadonyan, botên sumungkêm ing Pangeran. Sarêng sampun sawatawis lami, rayatipun Paman Dèrès wau sagêd takluk purun ngibadah andhèrèkakên tindaking laki, namung anak-anakipun mêksa sami botên purun takluk, malah ing sêmu bêntèr manahipun, dene bapakipun langkung trêsna dhatêng anakipun angkat, tinimbang dhatêng piyambakipun. Awit saking wontên nalar ingkang kados makatên wau, Paman Dèrès (Kyai Agêng Pêtung inggih Sunan Gêsêng), jèngkèl manahipun, kawêdal ipat-ipatipun makatên: Anak-anakku kabèh, ing sarèhning kêkarêpanamu kabèh wus têrang bangêt ngalor ngidul karo kêkarêpanaku, lan biyungmu, [bi...]
--- 1129 ---
[...yungmu,] mula tinimbang kumpul tansah bèncèng karêp mangkene iki, prayoga pêpisahan bae, băndha lan rajabranamu gawanên kabèh, aku lan biyungmu wis ora melikake babarpisan. Kowe kabèh padha ngaliha omah ing papan kang rêja, katogna anggonmu padha sênêng-sênêng ing donya, aku lan êmbokmu ya andêdonga ing Pangeran, muga-muga kowe kabèh padha sinêmbadana kang dadi panyuwunmu, iya iku kabandhan, lan kawibawan. Mung kowe saturun-turunmu kabèh yèn ora ngibadah ing Gusti kang kawasa, kaya aku lan biyungmu, tak ipat-ipati ora kêna ngambah ing padhukuhanku kene. Sapa kang wani nrajang mêsthi bakal nêmu sangsara. Para putra lajêng sami kesah saking dhukuh ngriku, dhatêng tanah ngamănca ngèstokakên dhawuhipun kang rama.
Awit saking sabda ingkang makatên punika wau, para priyantun abritan lajêng sami ajrih malêbêt ing dhusun ngriku. Ngantos sapriki, sintêna ingkang purun nrajang, cariyosipun ngakathah, anêmahi botên widada anggèning cêpêng damêl, kadosdene ingkang kula aturakên ing ngajêng.
Lêngganan ăngka 1466.
Wara-wara
Wêdalipun Kajawèn ing dintên punika, Petruk botên ngêdali, amargi sakit. Mugi botên andadosakên cuwaning panggalih.
[Iklan]
--- [1130] ---
Suka-suka Sabibaring Damêl
[Grafik]
Ing sabibaripun jambore ing nagari Walandi, para pandhu lajêng sami suka-suka. Tumrap pandhu saking tanah ngriki, sabibaring damêl wau sami sowan dhatêng kadhaton ing Het Loo.
Ingkang kacêtha ing gambar nginggil piyambak, para pandhu nalika sami ngenggar-enggar wontên ing patamanan, ing ngriku katingal anggèning sami ngêmatakên dhatêng wontêning sêsawangan.
Gambar ing sandhingipun: para pandhu sami kroncongan wontên salêbêting kadhaton.
Gambar ngandhap piyambak: para pandhu Jawi mitongtonakên jogèd jawi, pêthilan pêrangipun Radèn Gathutkaca.
Gambar bundêr: Sri Bagendha Maharaja Putri tuwin rajaputri Yuliana lênggah mariksani.
--- 1131 ---
Raos Jawi
Ngamal Sarta Ngèlmu
Ngamal punika basa Ngarab, maknanipun ing basa Jawi tindak (panggawe), ngèlmu têgêsipun kawruh.
Sampurnaning ngamal kêdah sarana ngèlmu. Sadaya tindak ingkang kirang ngèlmunipun punika botên sagêd sampurna kadadosanipun, wohipun kirang andêmênakakên. Ing salêbêting piwulang majibakên, manusa kêdah ngupados ngèlmu wiwit sangkaning alit dumugi sêpuh pisan.
Ngèlmu punika kasigar byak dados kalih warni, inggih punika ngèlmu kadonyan lan ngèlmu ngakerat, kawruh lair lan kawruh batin, utawi kawruh kuwadhagan lan kawruh kasukman.
Kawruh kadonyan miwah kalairan utawi kuwadhagan, punika tumuju kangge nyumêrêpi kawontênan donya utawi lair, tumănja kangge nyampêti kabêtahaning badan wadhag. Wondene kawruh akerat utawi kawruh kabatinan inggih kawruh kasukman, minăngka kangge nyumêrêpi alam kabatosan. Inggih punika kawruh kapracayan, kawruh katêntrêmaning manah utawi kawruh ka-Allahan.
Kawruh kalih warni punika sajatosipun botên kenging katilar salah satunggal, lan sajatosipun pancèn botên sagêd pisah saking angganing gêsang. Ewadene kasêsaning ginêm, sawênèhing tiyang ngucap (nyapèlèkakên): kawruh ngakerat, kabatinan, kasukman, ka-Allahan, iku kawruh apa ta, lan apa ta kanggone. Wong iku janji wis nyambut gawe, golèk dhuwit, rak wis cukup ta. Sawênèh ingkang sawêg kèrêm dhatêng kawruh kabatinan, asring ngucap: donya iku sapele. Wong nèng donya bêbasan mung mampir ngombe, ora langgêng, kang langgêng iku urip ing ngakerat. Ucap kalih warni punika mlèsèd saking kanyataan ingkang dipun lampahi. Ingkang asring kalacut ing ginêm, nyapèlèkakên kawruh kabatinan, ing sadintên-dintên raosing manah ugi bêtah dhatêng kamarêman utawi katêntrêman. Ing măngka saugi manah punika tansah kêlèt lèngkèt kalihan kawontênan lair punika, saèstu angèl lan têbih saking raos ingkang têntrêm, amargi kawontênan donya punika mila molak-malik botên ajêg nyênêngakên.
Ingkang asring kalajêng ing ginêm nyapèlèkakên barang kadonyan, ewadene inggih taksih rêmên migunakakên barang-barang ingkang wontên ing donya punika, inggih punika taksih nêdha, mangangge, nênumpak. Tuwin taksih rêmên srawungan dhatêng tiyang ing donya punika. Jalaran saking makatên, sayogi tiyang gêsang kêdah ngatos-atos ing ginêm, sampun ngantos kaladuk ing panyeda utawi pangalêm, mindhak bêbasan, kêna ing piwalèh.
Ngamal.
Sadaya tiyang sami gadhah ngamal utawi tindak. Miturut ing pamilah-milah, ngamal punika wontên [wo...]
--- 1132 ---
[...ntên] tiga pangkat, inggih punika: nistha, madya lan utama. Ingkang kawastanan tindak ingkang nistha, inggih punika sadaya tindak ingkang saru, andrêmis, ngêmpèk-êmpèk, rêmên melik ingkang botên absah, damêl risak tuwin damêl sangsaraning liyan, lan tansah damêl kalingsêman.
Tindak ingkang madya, inggih punika sadaya tindak ingkang ambaluju nuju dhatêng kabêtahanipun piyambak, nanging ugi botên purun damêl wisuna dhatêng tiyang, botên purun ngapusi, botên purun doracara, lan ugi botên purun ngrèwès dhatêng kabêtahaning sanès, botên katingal prihatin dhatêng kasusahaning liyan.
Tindak ingkang utama, inggih punika sadaya tindak ingkang sirik damêl kapitunaning liyan, malah srêgêp tumandang tumrap kabêtahan sajawining badan piyambak, rumaksa lan ambudidaya mulyaning gêsang sêsarêngan.
Tindak tigang tataran, nistha, madya, utama punika sadaya tiyang sanadyan botên ngrumaosi inggih sami ngambah tuwin kanggenan, kilap kandêl tuwin tipisipun tumrap tindak tigang prangkat wau.
Ingkang sagêd milah-milah wujuding nistha, madya, utama, punika pun ngèlmu utawi kawruh. Sadaya tiyang bodhoa pintêra kêrêp mrangguli têmbung nistha madya utama, ancas ingkang pinilih tamtu ingkang nama utama. Nanging tubrukanipun, utama punika punapa, kadospundi, yêktosipun beda-beda, anut kawruh (pamanggih)ipun piyambak-piyambak. Wondene andharan kula sapala kasêbut ing nginggil, lêrês lêpat, nyumanggakakên.
Pun Jaramaya.
[Grafik]
Sawangan ing pucaking rêdi Mêrapi.
--- 1133 ---
KABAR WARNI-WARNI
(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)
TANAH NGRIKI
Misaya ulam mawi racun. Ing Cabangbungin bawah Cikarang. Krawang, wontên tiyang misaya ulam sarana migunakakên racun, tiyang misaya wau lajêng dipun cêpêng ing pulisi, dipun anggêp mbêbayani. Salajêngipun bab punika lajêng dados papriksan, racun ingkang kangge misaya wau racun punapa, amarg kasamarakên manawi ulamipun wau ngêmu racun, punapadene toyanipun ing têlaga ingkang dipun wisaya wau ugi taksih mawa racun.
[Iklan]
Motor ngangge lisah pèt. Autobusdienst Adam ing Malang sampun nindakakên cobèn-cobèn ngangge pirantos ingkang kalampahakên sarana mawi lisah pèt, bab punika sampun kacobi kangge nglampahakên auto dhatêng parêdèn. Pinanggihipun waragading lisah sagêd suda sapalih. Pirantos wau ugi badhe kasade.
Kathah kuli ingkang dhatêng tanah Sumatra. Miturut katrangan saking Handelsvereeniging Walandi ing Medan, ing akiripun wulan December taun 1936, kuli ingkang nyambut damêl wontên ing Sumatra Pasisir-Wetan wontên 181.479, langkung kathah tinimbang taunipun kêpêngkêr. Ing salêbêtipun nêm wulan taun 1937 kuli ingkang dhatêng Sumatra Pasisir-Wetan wontên 29.818 dene ingkang kesah saking ngriku wontên 4825. Miturut pêpetangan punika wontêning kuli ing tanah ngriku kathah sangêt indhakipun. Nanging manawi dipun timbang kalihan kala taun 1930 ugi taksih kawon sangêt.
Omroepdienst ing Pasar Gambir. Ing salêbêtipun wontên Pasar Gambir, ing kantoraning Pasar Gambir kawontênakên pirantos ingkang kenging kangge nyuwara sora ingkang sagêd kasêbar wontên ing nêm panggenan ing salêbêtipun Pasar Gambir. Pirantos wau kenging dipun pigunakakên kangge umum, inggih punika manawi wontên pêrlu ingkang wigatos, kados ta madosi lare ical, ngundang tiyang ingkang nuju wontên ing ngriku, amargi ing griya wontên tiyang sakit sangêt utawi wontên pêrlu ingkang wigatos, ngundang dhoktêr ingkang nuju wontên Pasar Gambir tuwin sanès-sanèsipun.
Papriksan ing Nieuw-Guinea. Residhèn ing Ambon mêntas wangsul papriksa saking Nieuw-Guinea. Ing ngriku nguningani bilih papan ing lèpèn Lorentz botên prayogi kangge papaning punggawa nagari, ing salajêngipun ngawontênakên papriksan ing Eilandenrivier. Ing kala tuwan residhèn wau tindakan, kathah têtiyang Papua ingkang sami pêpanggihan.
S.S. badhe ngawontênakên gêrbong kangge tiyang èstri. Wiwit benjing tanggal 15 Sèptèmbêr punika S.S. badhe ngawontênakên cobèn-cobèn ngawontênakên gêrbong klas 3 ing sêpur kilat, ingkang maligi namung kangge tiyang èstri, ingkang kesahan piyambak, manggènipun pêrnah sawingkingipun gêrbong padhaharan lêrês, ing ngriku mawi kacirenan "vrouwen". Nanging manawi kathah tiyang jalêr ingkang numpak ngantos kêkirangan ênggèn, inggih kakengingakên manggèn wontên ing ngriku, samantên wau manawi ing ngriku taksih wontên panggenan.
Kapal ingkang ambêkta lêmbu saking ngamanca. Kapal De Klerk sampun dumugi palabuhan ing Têgal ambêkta lêmbu 50 iji saking ngamanca. Salajêngipun lêmbu wau badhe kaêdumakên dhatêng kalurahan-kalurahan ingkang sampun katêtêpakên badhe ngangge bibit.
Leening Tiongkok. Sampun dangu wontên wartos, bilih Tiongkok ngawontênakên sambutan praja kathahipun 500 yuta dollar, ingkang badhe kasade dhatêng bangsa Tionghwa. Ing sapunika wartos wau sampun dumugi ing ngriki, kathah bangsa Tionghwa ingkang nakèkakên bab punika. Miturut wartos sanadyan ing Tiongkok piyambak ugi pajêng sangêt, malah tumraping bangsa ngamanca ugi kathah ingkang tumbas. Tumrap tanah ngriki wontên bangsa Tionghwa nama Tuwan Tjung Soe Gan, gadhah panêdha dhatêng bank, supados kalantarakên dhatêng Syanghai katumbasna leening wau rêgi 50.000 dollar, katumbas dening tuwan wau piyambak.
Tindakipun tiyang kirang lêrês èngêtanipun dados damêling Parentah. Ing dhusun Trusmi, bawah Cirêbon, wontên tiyang nama Sandim, ingkang wontênipun ing ngriku dipun sêbut kyai. Tiyang wau dipun suyudi ing tiyang kathah ing bawah Cirêbon, Kuningan, Majalêngka tuwin Têgal. Tiyang wau mêca, bilih ing têmbe badhe nitis dhatêng băngsa Walandi, saha sagêd mitulungi warni-warni. Dene sarananipun kêdah mawi sêrat paturan dhatêng Bagendha Maharaja Putri. Kêlampahan kathah tiyang ingkang gadhah paturan mawi dipun kanthèni zegel, satunggal tiyang mawi dipun têdhani arta f 1.75 minangka patumbas zegel tuwin waragad sanès-sanèsipun. Sêrat-sêrat wau sami katampèn wontên Departement Kolonien ing nagari Walandi. Salajêngipun wontên dhawuh supados tindak makatên wau dipun cêgah dening para wajib ing ngriki. Tumrap pakaryan Post tampi dhawuh samangsa wontên sêrat kados makatên supados dipun pasrahakên dhatêng pulisi. Dene têtiyang ingkang gadhah atur, kaparêngakên nyuwun wangsuling zegel.
Utusan dalêm Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana. Wontên wartos, benjing congres Java-Instituut ingkang kawontênakên ing Bali, Sampeyandalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana badhe utusan putradalêm B.K.P.H. Mr. Djajakoesoema, kanthi R.T. Padmadipoera sakaliyan.
--- 1134 ---
Angsal-angsalanipun tram ing Bêtawi. Ing salêbêtipun wulan Augustus kêpêngkêr, angsal-angsalanipun tram gadhahanipun N.V. Bataviasche Verkeers Mij. wontên f 35.197.57, kala wulan Augustus taun 1936 wontên f 29.305.69. Wiwit Januari dumugi Augustus 1937 wontên f 251.798.19. Ing taun 1936 pêpetangan kados makatên wontên f 216.113.83 1/2
Ing Têgal tuwuh sêsakit pest. Ing Têgal mêntas wontên tiyang kataman sêsakit pest paru, sarêng kaupakara wontên griya sakit kalajêng tiwas. Tiyang ingkang tunggil sagriya tuwin ingkang ngupakara nalika sakit sami kasingkirakên, katumpakakên motor, wusana sopiring motor wau ugi kêtularan sakit, kalajêng tiwas. Salajêngipun Walandi ingkang gadhah motor ugi dipun singkirakên. Wontên tiyang tiga ingkang ngopèni sami kesah dhatêng Bêtawi, taksih dados padosan.
[Grafik]
Pakêmpalaning para Ind. Arts mèngêti sampun 25 taun. Pakêmpalaning para Ind. Arts mêntas ngawontênakên pêpanggihan wontên ing Bêtawi, mèngêti adêging pakêmpalan sampun 25 taun. Para doktêr ing Bêtawi ingkang misuwur sami dhatêng, makatên ugi R.A. Prof. Dr. Hoesein Djajadiningrat ingkang minangka president-curator pamulangan luhur doktêr ugi rawuh anjumênêngi. Kathah ingkang sami mêdharsabda ingkang asuraos mêmuji dhatêng kêmajênganing pakêmpalaning para doktêr.
Ing nginggil punika gambaripun para doktêr ingkang sami anjênêngi pèngêtan wau nuju pêpanggihan.
Gêlut kaliyan sawêr. Ing dhusun Kaligawe, ondêr dhistrik Karangsêmbung, Cirêbon, wontên tiyang nama Sena tuwin Karta răndha ing wanci dalu. Wontên ing margi tiyang kalih wau sumêrêp wontên wêwarnèn cêmêng-cêmêng, kakintên sêgawon tilêm. Sarêng Sena murugi, jêbul ingkang kakintên sêgawon wau sawêr, saha lajêng nyakot sukunipun saha sirahipun lajêng dipun sabêt ing pêthit, Sena rêbah. Nalika Karta sumêrêp bilih punika sawêr lajêng nulungi, ugi lajêng dipun sabêt ing pêthit, Karta ugi lajêng ambruk. Tiyang kalih wau lajêng kenging karangkus dados satunggal dening sawêr, nanging Karta taksih sagêd jêrit-jêrit. Wusana wontên têtiyang ingkang sami tandang, sawêr kenging dipun pêjahi, agêngipun sauwit pucang, panjangipun 4 mètêr. Tiyang kalih lajêng kabêkta dhatêng griya sakit.
Badhe ngêdali dhatêng Olympiade ing Jêpan. Wontên wartos, benjing Olympiade ing Jêpan taun 1940 ngajêng punika wontên bangsa Jawi nama R. Iskandar Tjitrawardaja ing Surakarta, badhe tumut ngêdali, ngajêngakên kalangkunganipun numpak sêpedha.
Bangsa Tionghwa wangsul dhatêng tanah Jawi. Kapal Cisarua gadhahanipun J.C.J.L sampun bidhal saking Syanghai ambêkta bangsa Tionghwa cacah 250 sami asli saking tanah Jawi.
Para pandu angsal tandha têtêngêr. Miturut wartos ingkang dumugi ing tanah ngriki, para pandu saking tanah ngriki ingkang anjênêngi jambore ing nagari Walandi, sami tampi tandha têtêngêr awarni mêdali, minangka pèngêtan nalika sowan dhatêng kadhaton ing Het Loo.
Kapal kaji sampun wiwit bidhal. Sampun sawatawis dintên kapal kaji ingkang ambêkta têtiyang minggah kaji saking tanah ngriki ingkang kapisanan sampun bidhal saking Tanjung Priok, ambêkta tiyang 500.
Ugi anjênêngi congres ing Bali. Miturut wartos, benjing congres ing Bali, panjênênganipun R.A. Prof. Dr. Hoesein Djajadiningrat tuwin Directeur Departement Pangajaran ugi sami badhe rawuh anjumênêngi.
Epahan ing papan panggaotan tênun kêmirahên. Dèrèng dangu wontên pasambatipun bêrah ing panggaotan bathik, amargi panggaotan sampun majêng malih, bêrahanipun dèrèng kaindhakan. Ing sapunika gêntos para bêrah ing pakaryan tênun ugi sambat, jalaranipun ugi makatên. Miturut katrangan, tiyang ingkang nênun tangan, ing dalêm samètêr angsal epahan 5 sèn, sadintên angsal-angsalanipun namung 5 dumugi 7 mètêr. Langkung sakêdhik malih tumrap para ingkang sami nênun sarung, angsal-angsalanipun sadintên namung 25 dumugi 30 sèn.
Êmas ing Pasundan. Wontên bangsa Eropa nyuwun palilah dhatêng ingkang wajib, badhe pados mas wontên ing tanah Pasundan. Sampun sawatawis dangu, Dr. H. Philips mriksa pasitèn ing tanah ngriku, ugi manggihakên êmas wontên laladan Pasundan. Dene ingkang langkung kathah ing laladan sirahipun lèpèn Carême sêmpalanipun Ciwidey.
EROPA
Sang Mussolini badhe maratamu dhatêng Jêrman. Kawartosakên, benjing têngah-têngahaning wulan punika panjênênganipun Sang Mussolini badhe maratamu dhatêng Jêrman, awit saking dipun aturi ing panjênênganipun Sang Hitler.
Nata Inggris badhe têdhak tanah Indhu. Wontên wartos, benjing wêkasaning taun 1938, panjênênganipun Nata Inggris sakaliyan badhe têdhak dhatêng tanah Indhu, kanthi lampah karajan.
ASIA
Prahara agêng (Typhoon) ing Hongkong. Ing Hongkong mêntas wontên prahara agêng adamêl karisakan tuwin pêpêjah. Ing pêkên Taipo wontên mayit 100 sampun sami dipun angkat, tuwin kintên-kintên taksih wontên tiyang 200 langkung ingkang sampun sami pêjah nalika dipun têmpuh ing ombak lajêng dipun sèrèt dhatêng sagantên. Sawarnining baita pamisayan ulam sami sirna.
Kapal kêbêsmi. Kapal Kota Agung gadhahanipun Rotterdamsche Lloyd kala nuju layaran wontên sacêlakipun pulo Minicoy, antawis 600 mil saking Colombo, kêbêsmi. Wontên dynamiet 8 ton sami kacêmplungakên ing sagantên. Kapal panggèrèt gadhahanipun gupêrnur ing Colombo dhatêng têtulung. Têtiyang ingkang numpak kapal wau kapurih pindhah dhatêng kapal Oldenbarnevelt.
Kapal van Heutsz kandhas. Kapal van Heutsz kandhas wontên sacêlaking Greenisland, antawis 3 mil saking Hongkong, jalaran katêmpuh ing prahara agêng, kapal-kapal ingkang badhe dhatêng têtulung sami botên sagêd nyêlak, jalaran saking agênging angin. Ing ngriku kasumêrêpan kathah tiyangipun ingkang ical.
--- 1135 ---
Wêwaosan
II. Lêlampahanipun Dhobrinya
10
Ing sakawit Dhobrinya nêdya nyariyosakên sadaya lêlampahanipun kalihan naga wau dhatêng ingkang ibu, nanging ing wusana kapênggak, jalaran lingsêm sarta kuwatos, bilih tampi dêduka saking ingkang ibu, dene satriya têka pitados dhatêng têmbung manis kemawon, amila wêkasanipun Dhobrinya namung matur dhatêng ingkang ibu makatên.
Kula botên punapa-punapa, ibu, lan kula ugi botên susah, malah kosokwangsul, kula wajib bingah, jalaran ing dintên punika kula tinimbalan ing sang prabu lumêbêt ing kadhaton, awit ing kadhaton samangke wontên pahargyan agêng-agêngan. Sapunika ugi kula kêdah pangkat, ibu. Pahargyan punika dangunipun kalih wêlas dintên. Kabaripun, kathah para pangeran, para satriya, tuwin para prajurit ingkang sampun misuwur mênggahing prawiranipun, ingkang sami tinimbalan anjênêngi pahargyan punika. Samangke kula namung nyuwun brêkahipun ibu, kaparênga tumuntên pangkat sapunika.
Ingkang ibu ngyêktosi sangêt dhatêng watakipun ingkang putra, sajatosipun ugi sampun mangrêtos, bilih ingkang putra punika ngêndhêm wados, ewasamantên sang putri botên krêsa andangu kathah-kathah, awit watak-wantunipun ingkang putra punika, manawi dêrêng kadangu, malah lajêng botên purun cariyos punapa-punapa. Amila ingkang ibu lajêng botên andangu punapa-punapa, kajawi namung dhawuh makatên:
Ênggèr, Dhobrinya, nuruta nyang pituturku. Kowe bêcik aja sowan nyang kadhaton, têrusa ana ing kene bae.
Nanging Dhobrinya rumaos, botên badhe sagêd wontên ing griya kemawon. Piyambakipun bêtah dhatêng kêkêmpalan, bêtah ningali dhatêng barang èdipèni, supados sagêd supe dhatêng sungkawaning manahipun wau. Amila tanpa cariyos punapa-punapa, Dhobrinya lajêng dandos saha lajêng pangkat dhatêng kadhaton.
3. Păncakara ingkang kaping kalih kalihan naga.
Sadumuginipun ing kadhaton, Dhobrinya nuntun kapalipun anjujug dhatêng gêdhogan ing salêbêting kadhaton ngriku. Ing ngriku sampun kathah titihaning para pangeran, para satriya tuwin para prajurit, ingkang sami dipun cêpêngi ing para gamêl, tuwin sawêg sami dipun têdhani sukêt. Kapalipun Dhobrinya ing kala punika enggal-enggal kacandhak dening salah satunggiling panakawan, saha katuntun dhatêng ing papan ingkang taksih lêga, Dhobrinya sasampunipun masrahakên kapalipun wau, lajêng lumêbêt ing kadhaton, anjujug ing bangsal agêng. Ing ngriku pahargyan sampun kawiwitan, meja pintên-pintên ingkang ajèjèr-jèjèr kêbak dhêdhaharan tuwin inuman warni-warni, tuwin para tamu sampun pêpak andhèr angadhêp Sang Prabu Wladhimir tuwin pramèswari.
Miturut adat tatacaranipun ing praja Ruslan ing jaman samantên, sabên tiyang ingkang lumêbêt ing kadhaton, kêdah nindakakên urmat rumiyin miturut tatacaranipun agami. Sasampunipun atur urmat dhatêng sang nata utawi pramèswari, saha atur urmat tumuju dhatêng keblat sakawan, salajêngipun nuntên mapan lênggah ing panggenan ingkang sampun katamtokakên miturut luhuring pangkatipun.
Sasampunipun para tamu pêpak sadaya, sang nata Prabu Wladhimir lajêng jumênêng saking palênggahanipun saha lajêng tindak wongsal-wangsul ing bangsal wau, prêlu amanggihi tamunipun satunggal-satunggal, sasampunipun rampung lajêng dhawuh ngandika makatên:
Para pangeran, para prajurit sarta para kawulaningsun kabèh. Andadèkake bungahing panggalih ingsun, dene sira kabèh wis padha mrêlokake sowan ing ngarsaningsun iki. Luwih lêga rasaning panggalih ingsun, dene sira kabèh katon abungah-bungah. Eman bangêt, dene ing wêktu saiki ingsun dhewe ora bisa milu bungah. Jalaran ingsun mêntas olèh bêbênduning Pangeran, kang nyata agawe ngênês ingsun sakulawarga. Andadèkna kawruhanira, ing dina iki sadulur ingsun nakdulur, yayi Pujatisna, digawa ing naga Gurindayêksa. Saiki ingsun nêdya pitakon marang jênêng sira kabèh, manawa ana kang bisa awèh timbangan kapriye kang kudu ditindakake, bisane luwar Dèwi Pujatisna saka naga mau. Sapa kang pantês tak utus munggah ing gunung Sorotya, lumêbu ing guwaning naga, ngrêbut nakdulur ingsun mau saka panguwasaning naga Gurindayêksa.
Mirêng dhawuh pangandikanipun sang prabu ingkang makatên wau, ing salêbêting bangsal sidhêm tanpa wontên ingkang ngucap. Sadaya tamu rumaos lingsêm manahipun saha botên purun tumênga mawas dhatêng sang prabu, sabab sadaya rumaos botên badhe kuwawa ananggulangi krodhanipun naga Gurindayêksa. Sang prabu mirsani dhatêng sadaya para tamu, lan ing batos mangrêtos, sababipun para tamu sami kèndêl kemawon wau, saking gênging prihatosipun sang prabu, ing kala punika sang prabu sampun badhe jêngkar saking ngriku, dumadakan wontên salah satunggiling prajurit sêpuh nama: Alyasa, ingkang majêng saha munjuk dhatêng sang prabu makatên:
Dhuh, gusti, pêpundhèn kawula, nata ing Kiyèf, kaparênga kawula matur ing ngarsa paduka. Enjing punika wau, kawula ngubêngi nagari jajahan paduka ngriki prêlu ngupadosi tiyang awon, utawi anjagi [a...]
--- 1136 ---
[...njagi] manawi wontên mêngsah nêdya anggêpuk praja paduka. Sarêng lampah kawula wau dumugi ing lèpèn: Pusahi, sumêrêp abdi paduka pun Dhobrinya sawêg păncakara kalihan naga Gurindayêksa. Dhobrinya sagêd mênang juritipun, ing wêkdal punika pancènipun naga wau sagêd pinêjahan, nanging sarêng pun naga nêdha pangapuntên saha anyagahi salami-laminipun tansah badhe dados sadhèrèkipun sinarawèdi, sakala punika manahipun Dhobrinya lajêng lilih, lan salajêngipun naga nuntên linuwaran. Makatên ingkang kawula sumêrêpi. Jalaran saking punika, mênggahing pamanggih kawula, ingkang sagêd angluwari rayi paduka Dèwi Pujatisna, saking panguwasaning naga Gurindayêksa, botên wontên sanès kajawi pun Dhobrinya. Satriya tuwin prajurit sanèsipun, têmtu botên badhe kuwawa mêngsah kaliyan naga wau, beda kalihan pun Dhobrinya, manawi badhe angluwari rayi paduka wau têmtu kanthi gampil, kantun nêmbung dhatêng sadhèrèkipun sinarawèdi kemawon, sang putri têmtu ing sanalika inggih lajêng dipun luwari kemawon.
Sadaya tamu lajêng sami nyawang dhatêng Alyasa, ing sêmu sadaya sami botên pitados dhatêng aturipun wau. Makatên ugi Prabu Wladhimir, amila lajêng andangu piyambak dhatêng Dhobrinya makatên:
He, Dhobrinya, apa bênêr ature Alyasa iki mau.
Aturipun Dhobrinya: Dhuh, gusti, walèh-walèh punapa,inggih yêktos makatên.
Salajêngipun sang prabu nuntên angandika makatên:
Dhobrinya, tindakira iku mau kaliru bangêt. Ingatase naga gurindayêksa iku salawas-lawase mung gawe rusak nagara apadene kawulaningsun, têka wis ana ing tanganira, ora sira patèni babarpisan, malah sira luwari. Luwih dosa manèh tumrap sira, dene sira saduluran karo naga mau. Saiki sira sumurup dhewe, walêse naga mau nyang kabêcikanira, yaiku banjur anggondhol sadulur ingsun Dèwi Pujatisna, kang kagawa mênyang guwane. Jalaran saka iku, Dhobrinya, dina iki uga sira mangkata munggah nyang gunung Sorotya, lumêbua ing guwaning naga, lan rêbutên sadulur ingsun wadon Dèwi Pujatisna. Yèn sira bisa bali kanthi anggawa sadulur ingsun wadon, bakal gêdhe ganjaran ingsun, nanging yèn sira nganti bali lêlahanan, sira bakal ingsun kêthok gulunira.
Dhobrinya dipun dhawuhi dening sang nata sêsêmbahanipun ingkang makatên wau, ngêmungakên kèndêl kemawon, awit angrumaosi kalintuning lampah, amila inggih lajêng andhingkluk tanpa purun tumênga. Sasampunipun rampung dhawuh pangandikanipun sang prabu, Dhobrinya lajêng mênyat saking palênggahanipun, ngaturakên gênging panuwunipun dhatêng sang prabu dene sampun tinimbalan ing pahargyan ngriku, saha lajêng nyuwun pamit mêdal ing jawi.
Dhobrinya lajêng mantuk dhatêng ing griyanipun kanthi rêrikatan, saha lajêng anjujug ing kamaripun ingkang ibu. Ingkang ibu sakalangkung ngungun ing galih, dene putranipun enggal-enggal wangsul. Sakala punika ingkang ibu inggih lajêng mangrêtos, bilih wangsulipun ingkang putra enggal-enggal punika, mêsthi wontên sabab ingkang wigatos, punika katitik saking wadananipun ingkang putra ingkang ing sêmu nandhang prihatos agêng, amila ingkang ibu lajêng enggal-enggal andangu dhatêng ingkang putra makatên:
Dhuh, Dhobrinya, anakku, mara, tumuli caritaa nyang aku, mungguh sabab-sababe dene ing sêmu kowe katon susah bangêt mêngkono. Apa ana ing pahargyan ing kadhaton, kowe pinaringan panggonan kang ora mathuk karo pangkatmu utawa aslimu. Apa anggone nyênyuguh kowe diliwati ing kănca-kancamu. Utawa ana ing kono ana satriya utawa prajurit kang ngina utawa ngrèmèhake nyang awakku.
Dhobrinya umatur makatên:
Dhuh, ibu, dhawuh pangandikanipun ibu wau sadaya lêpat, wontên ing kadhaton kula pinaringan papan ingkang sampun pantês sangêt mênggahing kula, panyêgahipun anggur utawi dhêdhaharan sanèsipun, kula ugi botên dipun langkungi, makatên ugi botên wontên satriya utawi prajurit ingkang kumapurun ngina punapadene ngrèmèkakên dhatêng kula. Botên punika ingkang adamêl gênging prihatos kula. Nanging ing kala wau nata sêsêmbahan kula, Prabu Wladhimir, katingal sangêt gêla panggalihipun ing bab kalintuning tindak kula. Mênggah sabab-sababipun, kala wau enjing kula sagêd angrangkèt naga gurindayêksa, nanging botên nuntên kula pêjahi, kosokwangsulipun malah kula luwari, sabab piyambakipun angarih-arih kanthi tawan tangis supados kagêsangana. Ing kala punika naga wau aprasêtya dhatêng kula, salami-laminipun badhe dados sadhèrèk kula sinarawèdi, botên badhe anggondhol tiyang malih, lan botên badhe angrêbat anaking tiyang malih. Makatên ugi piyambakipun aprasêtya botên badhe ngambah praja Ruslan malih. Lêpat kula, dene kula pitados dhatêng prasêtyanipun naga wau. Saha piyambakipun lajêng kula luwari. Nanging malêsipun naga dhatêng kasaenan kula wau, têka lajêng anggondhol Dèwi Pujatisna ingkang nuntên kabêkta dhatêng ing guwanipun. Ingkang punika sang prabu lajêng ngutus dhatêng kula minggah dhatêng rêdi Sorotya, kadhawuhan lumêbêt ing guwaning naga angrêbat sang putri wau.
Badhe kasambêtan.
--- 137 ---
Nomêr 35, taun II
Jagading Wanita
Lampiran Kajawèn, Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.
Anyuda kathahing lalêr, sukur sagêd nyirnakakên babarpisan.
Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 70.
Wêwarnèn biru punika ugi dipun sirik ing lalêr, mênggah sababipun kadospundi: punapa wêwarnèn punika nyakiti mripatipun lalêr, punapa kabêkta saking warni biru punika ayurêmakên padhanging cahya, satêmah namung dados rêmêng-rêmêng, dèrèng kasumêrêpan ingkang gumathok.
Caraning damêl labur biru, upaminipun:
toya tawa 100 l, apu (ênjêt) 5 kg, ultramarijn-blauw ½ kg. (ugi kenging ngangge nila wêrdi utawi blauwsel).
Pratikêl ing nginggil punika smapun kathah ingkang ngêcakakên, upaminipun ing griya-griya pamragatan, pêkên-pêkên utawi bango-bango panyadean daging, kreta utawi grobag pangusungan daging.
Wontên malih rekayada anêbihakên lalêr mawi sarana makatên, angêjura tawas, wawrat 1 kg. ing toya bêntèr. Sasampunipun, ngêjura apu saèmbèr. Campuran kalih warni punika lajêng kangge angusari tembok (dados caranipun anglabur), miturut wêwarah, campuran punika gadhah daya anggaringakên yiyit, ingkang dumunung ing suku-sukunipun utawi sungut-sungutipun lalêr, ing satêmah botên sagêd mencok ing tembok-tembok ingkang sampun dipun usari campuran ingkang kasêbut ing nginggil wau.
B. Rekadaya amêjahi lalêr sarana pasangan têtêdhan.
Anyampura formalin (Sagêd mundhut ing gri[4] panyadean jampi utawi Apotheek) ingkang kêrasipun 40% kalih sendhok dhahar kalihan susu watawis satêngah litêr. Campuran punika lajêng kaêsokna ing piring-piring cèpèr. Ing têngahing piring kasukanana roti sairis mawi kawuwuran gêndhis. Ing ngriku lalêr-lalêr têmtu lajêng sami dhatêng ngrubung roti punika, ingkang têmtunipun lajêng nêsêp formalin, ing wasana pun lalêr lajêng pêjah.
--- 138 ---
Kajawi punika ugi sagêd ngangge campuran makatên: sabagean formalin, 4 utawi 5 bagian sêtrup, punapa mabên, tumuntên kaêsokna ing piring cèpèr kados ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, nanging samangke botên susah mawi kadèkèkan roti.
C. Anêbihakên lalêr saking badanipun kewan ingah-ingahan: manawi panjênêngan salah satunggal kagungan lêmbu pêrêsan, măngka lêmbu punika tansah dipun rubung ing lalêr, punika sagêd nuwuhakên sabab warni-warni ingkang botên prayogi.
Badhe kasambêtan.
R.A. Harsana
Bab Olah-olah
Nglêksanani pamundhutipun sadhèrèk juru pangripta R.r. Siti Maryam, bab rêsèp sapele.
Bumbu rujak.
1. Amêndhêta godhong pohung ingkang nèm 1 tenggok alit, kakumbah rêsik. Maruda klapa 1 ingkang cêkapan, bumbunipun brambang bawang, lombok abrit 5, rawit 10, gêndhis jawi pangaos 1 sèn, asêm 1 klungsu, salam laos, sarêm, traos, sacêkapipun, kapara kirang asin. Lajêng kaulêg lêmbat sarta kaulêt lan kalapa ingkang waradin. Angumbaha gêrèh pêda (tongkol) 5, dipun bucali êndhas lan têlèhipun, lajêng dipun lintingi kalambaran godhong pohung, lajêng bumbu, gêrèh wontên têngah kabuntêl ulêtan kalapa wau, nuntên kalinting, lajêng kaêdang satanakipun, lajêng dipun garangi ing sangan, katindhihana banon enggal.
Pêcêl wijèn.
Kèpèk (mlandhingan ingkang taksih ênèm) kagodhog ingkang mumut. Wijèn kagorèng sangan, lajêng kaulêg lêmbat, kabumbonan: sarêm, traos, lombok, gêndhis, asêm, dipun jèri wedang jarang, jêram purut. Kagêm dhahar kèpèk ingkang sampun kagodhog wau.
Bothok kêmlandhingan
Mlandhingan sêpuh, klapa ênèm, bumbunipun: brambang bawang, lombok, sarêm, traos, salam laos, gêrèh têri, êso, kagodhog sarêng ngantos matêng.
Gudhang tuntut
Tuntut, kabakar, lajêng kagodhog. Lajêng dipun kumbah kapêrêsana ingkang apuh. Damêl bumbu: bawang, kêncur, sarêm, traos, lombok, gêndhis, jêram purut, kaulêg lêmbat, kacampur klapa cêkapan, lajêng kaulêtan tuntut wau.
5 Gudhêg manggar
Manggar nèm, kagodhog, kakumbah, dipun santêni, kaparingan ulam ayam 1, bumbunipun: tumbar jintên, brambang bawang, sarêm, traos, salam laos, gêndhis, tempe bosok, kêmiri, kagodhog satanakipun.
Wasana nyumanggakakên.
Adi
Wanasari
--- 139 ---
Bab Nyêrat Ambathik
Ing ngriki kula tumut udhu ing bab nyêrat. Saèstunipun padamêlan nyêrat punika kêgolong satunggiling padamêlan ingkang kêdah katindakakên kalayan mungkul, tumraping wanita ingkang sampun nyêpêng bale griya. Dene katingalipun namung dados sambèn, tuwin kapetang padamêlan rêgêd, samantên punika manawi dipun tandhing kaliyan padamêlan ngrenda sapanunggilanipun. Namung tumraping raosipun wanita Jawi ingkang kêgolong kina, padamêlan nyêrat punika malah kêgolong dados baku tatakramaning tiyang gêgriya.
Mênggah têrangipun, panindaking damêl tiyang nyêrat ingkang sampun mêngku bale griya, punika manawi kakungipun sampun tindak dhatêng padamêlan. Kèndêlipun samăngsa wiwit olah-olah, sabibar olah-olah, wiwit malih dumugi sakonduring kakungipun. Nanging tumrap ingkang pancèn kangge nyambut damêl, panyêratipun sadintên muput, malah dalu nyambut damêl malih, dipun wastani nglêmbur.
Ing sapunika prêlu mratelakakên sakêdhik ing bab ingkang dipun wastani sinjang parangrusak, punika dêdongènganipun mêndhêt saking wujuding parang sapinggiring sagantên ingkang sami risak, wujudipun lajêng kapêtha, kawangun dados kados wujuding sinjang parangrusak, ingkang kacêtha ing gambar, punika parangrusak tiron.
Sawarnining sinjang bangsaning parangrusak, punika mawi mlinjon, inggih punika ingkang wujud pasagèn miring gandhèng-gandhengan. Dene agêng aliting sêratan, tuwin ewahing wangun, lajêng ngewahakên namaning sinjang, nanging taksih baku parangrusak, upaminipun parangrusak ingkang sêratanipun agêng-agêng sangêt, dipun wastani parangrusak barong, sabên suda agêngipun, namanipun inggih santun.
Sinjang parangrusak punika dipun wastani sinjang garis miring, wujuding garis-garis dhoyong botên manut adêging sinjang. Sinjang punika tumraping nagari karajan Jawi, kalêbêt dados awisan. Ingkang wênang ngagêm namung para bandara. Wontên ingkang cariyos awisan wau dumunung wontên ing malinjonipun, botên jalaran saking anggèning garis miring. Nanging tumraping sinjang garis miring, punika inggih sampun dipun anggêp dêksura manawa dipun angge sowan ing pangagêng.
[Grafik]
Mênggah sajatosipun, tumrap pinanggihipun wontên ing sawangan, kajawi sampun kêbêkta saking kêpasuking raos, barang awisan punika malah dados penginan, ugi pancèn nyata sinjang ingkang agaris miring punika wujudipun sae, manawi dipun angge katingal ngegla.
Biyang Sri.
--- 140 ---
Palakrama
Ing udyana Kajawèn ngriki, kêrêp angrêmbag bab-bab ingkang gêgayutan kalihan kuwajibanipun sadhèrèk wanita, langkung-langkung ing taman jagading wanita, ingkang dipun êmbani dening panjênênganipun Radèn Rara Siti Maryam, têmtu tansah ngrêmbag bab prakawis punika, kados ta ngrêmbag bab anjodhokakên anak èstri, tiyang èstri cêpêng damêl tuwin sanès-sanèsipun. Mila bab palakrama punika badhe kula jèrèng wontên ing ngriki ingkang ragi sawatawis panjang, prêlunipun sagêda kangge lêlimbangan lan indhaking sêsêrêpan, tumrapipun para maos sadaya.
Palakrama punika saya lêbêt pangrêmbagipun, tamtu saya katingal gawatipun, amargi palakrama punika kenging dipun wastani dados dhasaring gêsang, manawi dhêdhasar wau sae, inggih tamtu santosa adêgipun, kosokwangsulipun, manawi dhêdhasaripun kirang sae, inggih kirang kuwawi adêgipun, tarkadhang malah ambruk. Ing Sêrat Menak, sêkar asmaradana, wontên ingkang mratelakakên makatên:
Pratikêle wong akrami | dudu brana dudu warna | amung ati paitane | luput pisan kêna pisan | yèn gampang luwih gampang | yèn angèl angèl kalangkung | tan kêna tinambak arta ||
Dados têrangipun, tiyang punika manawi anggènipun jêjodhoan sagêd kalêrêsan, inggih tamtu sae gêsangipun. Mila prêlu sangêt dhêdhasar wau dipun galih saenipun.
Dene prêlunipun palakrama punika miturut pamanggihipun para ingkang ahli, makatên:
1. Kabêkta saking gêsanging jalêr lan èstri sami gadhah daya badhe woworan.
2. Rumaos bêtah kanthining gêsang.
3. Kangge mêpêrakên hawa napsu, ing bab lampah ngiwa.
4. Sanès-sanèsipun.
Bab 1. Prêlu kangge lantaran anggènipun badhe mêncarakên wiji.
Bab 2. Supados wontêna ingkang ngrencangi anggènipun nindakakên wajibing gêsang, inggih punika:
Ha. Ingkang tumrap badanipun piyambak, nyêpêng bale griya, anggulawênthah anak, ngudi saening panggêsangan, tuwin sanès-sanèsipun.
Na. Ingkang tumrap ing sanès, têtulung utawi ambiyantu kawilujênganing sanak sadhèrèk, kulawarga, tăngga têpalih, jêmbaripun dumugi băngsa utawi manusa sadaya.
Ca. Kangge ngabêkti dhatêng ingkang murbèng jagad.
Ngèngêti samantên agêngipun palakrama, mila kêdah wontên sarat rukunipun tumrap pamilihing èstri ingkang badhe ingangkah jatukrama, inggih punika:
1. Sae warninipun.
2. Asli nalurinipun
3. Pintêr.
4. Sae kalakuanipun
1 dumugi 4 kenging karingkês dados saêbab, inggih punika: jodho. Têgêsipun cocog sadayanipun. Basanipun Arab, manawi botên kalintu kufu. Badhe kasambêtan.
K. 1753.
--- [1137] ---
1 | kenging. (kembali) |
2 | Kawontênan. (kembali) |
3 | rayatipun. (kembali) |
4 | griya. (kembali) |