Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
3. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
4. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
5. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
6. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
7. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
8. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
9. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
10. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
11. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
12. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
13. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
14. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
15. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
16. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
17. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
18. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
19. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
20. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
21. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
22. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
23. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
24. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
25. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
26. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
27. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
28. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
29. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
30. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
31. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
32. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
33. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
34. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
35. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
36. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
37. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
38. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
39. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
40. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
41. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
42. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
43. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
44. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
45. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
46. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
47. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
48. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
49. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
50. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
51. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
52. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
53. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
54. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
55. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
56. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
57. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
58. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
59. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
60. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
61. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
62. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 59, Stu, Kli, 16 Jumadilawal Ehe 1868, 24 Juli 1937, Taun XII.
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.
Isinipun: pangungsêt - Dr. L. De Vries - bajongan - pakaryan ing dhukuh Batur, - bab sêsakit edaning sêgawon - kawontênan ing Tiongkok - wawasan badhe bidhal dhatêng Payoyongan - kabar warni-warni - dongèng Suleman - Taman bocah.
Pangungsêt
Bètèng ingkang kandêl
Miturut ngandikanipun para sêpuh, tiyang ngudi dhatêng babagan kasunyatan ingkang yêktos, punika mawi ngambah margi ingkang gawat, tuwin malih dununging kasunyatan ingkang sayêktos, inggih punika ingkang gêgayutan kalihan Pangeranan, gawatipun kalangkung-langkung, dipun têmbungakên bilih ing ngriku mawi bètèng ingkang sakalangkung kandêl.
Mirid wontênipun ungêl-ungêlan ingkang kados makatên punika, mênggahing ancêr-ancêripun sampun katingal cêtha, wosipun namung manah bab gawating margi tuwin kandêling bètèng. Dados ingkang purun ngambah margi ingkang gawat, tuwin anêmpuh bètèng ingkang kandêl wau, nama sampun rampung. Dados kawigatosanipun namung wontên ing tindak.
Tumraping para ngudi kawruh babagan punika tamtunipun sampun botên kêkilapan, awit ingkang dipun wastani gawat mênggahing margi wau kenging dipun gêrba pinanggih wontên ing tindak sae, ingkang minggahipun dhatêng alusing bêbudèn.
Manawi angèngêti kêkajênganing margi, punika atêgês ingkang dipun langkungi inggih dipun ambah, dados tansah tumindak, awit manawi botên tumindak, inggih lajêng nama kèndêl (mandhêg).
Ing ngriki lajêng wiwit katingal, bilih tiyang ngudi dhatêng babagan punika kêdah lumintu tindakipun, botên kenging dipun sêmadosi benjing kemawon manawi sampun botên gadhah têtanggêlan awrat. Dados têrangipun, sêmados punika inggih kèndêl ambêgogok. Măngka sawêg ingkang ajêg tumindakipun kemawon, nama namung tumindak, dèrèng tamtu lêrêsipun. Awit sandhungan ingkang adhakan nyimpangakên dhatêng lêrês punika cakêtan sangêt, upaminipun, sawêg dipun wada ngèlminipun kemawon sampun malengos, dening rumaos lêrês piyambak. Inggih pun piyambak wau ingkang nyêtrikêlakên.
Măngka manawi ngèngêti kandêling bètèng wau, nama sawêg kêthêmêk-kêthêmêk, dèrèng dumugi ing bètèngipun. Nanging prayogi dipun arêm-arêmi piyambak, sarèhning sandhungan wau cakêt sangêt, bètèngipun tamtunipun inggih cakêt. Dados têbih cêlak tuwin kandêl tipising bètèng, namung gumantung.
Wusana namung nyumanggakakên.
Cêkruktruna.
--- 914 ---
Dr. L. De Vries
Ing Kajawèn sampun martosakên ing bab anggèning Dr. K.A.H. Hidding, up amtênar Bale Pustaka tindak pêrlop dhatêng nagari Walandi. Ing salêbêtipun Dr. K.A.H. Hidding pêrlop wau, ingkang makili up amtênar Bale Pustaka Dr. L. de Vries, Adjunct-Adviseur kantor Inlandsche Zaken.
Mênggah pèngêtan sugêngipun Dr. L. de Vries kados ing ngandhap punika:
Tuwan Dr. L. de Vries punika kawiyosakên ing Meppel, nagari Walandi, kala taun 1897. Sasampunipun tamat saking H.B.S. 5 taun, nglajêngakên sinau kawruh ing Bestuursschool ing Batawi. Salajêngipun ngasta damêl wontên ing B.B. manggèn ing Acèh. Sasampunipun angsal 3½ taun, nyuwun lèrèh saking padamêlan, lajêng nêmpuh pandadaran Staatsexamen babagan basa Latin tuwin Grig.
[Grafik]
Wiwit taun 1922 dumugi 1926 nyinau kawruh Indologie ing Leiden, kanthi panuntunipun Prof. C. Snouck Hurgronje angsal sêsêbutan Dr. kanthi karangan babagan kaislaman.
Ing wêkasaning taun 1927 dumugi têngah-têngahaning taun 1936 ngasta pakaryan wontên ing kantor Inlandsche Zaken dados Adjunct Adviseur.
Ing salajêngipun pêrlop dhatêng Eropah, sawangsulipun dhatêng tanah ngriki, katêtêpakên wontên ing Bale Pustaka, anggêntosi Dr. K.A.H. Hidding salêbêtipun pêrlop.
Bajongan
Ingkang dipun wastani bajongan, punika patraping tiyang walês-winalês nyiratakên toya kalihan suku, pikantukipun sami têlês sadaya.
Têmbung bajongan wau inggih kenging dipun sambut kangge ambasakakên gêgosokan kawruh, dipun wastani bajongan kawruh, pikantukipun sami manggih bêbathèn.
Ing sapunika wontên tindak bêbajongan ingkang sairib kados makatên, nanging lèrèg dhatêng lêngganan sêrat kabar. Inggih punika tumrap bajonganipun, Kalawarti Kajawèn kalihan Ariwarti Perasaan Kita.
Têrangipun makatên:
Rêgining lêngganan: Kajawèn 3 wulan f 1.50 rêgining lêngganan: Perasaan Kita 3 wulan f 3.- gunggung f 4.50.
--- 915 ---
Nanging tumrap lêngganan: Kajawèn, manawi ngrangkêp lêngganan Perasaan Kita ing dalêm tigang wulan wau namung f 4.20.
Dados pikantuking bajonganipun: Kajawèn kalihan Perasaan Kita wau atêgês sakecanipun pinanggih wontên ingkang lêngganan.
Mênggah pikantukipun.
Lêngganan Kajawèn punika kenging dipun upamèkakên tiyang nyandhing bothekan kawruh. Isi jampi warni-warni ingkang pigunanipun: anjêmbarakên wawasan, ngindhakakên kawruh, sagêd kalipur panggalihipun, punapadene adamêl gujêng.
Tumrap lêngganan Persaan Kita, punika kenging dipun upamèkakên tiyang tansah nyandhing dhêdhaharan miraos ingkang tansah santun-sumantun sarwa angêt.
[Iklan]
Murih botên tansah dados panggalihan, prayogi tumuntêna lêngganan.
Pakaryan ing Dhukuh Batur
Ing dhukuh Batur punika dunungipun wontên ing wêwêngkon ondêr dhistrik Cèpèr, kalêrês salèr wetanipun sêtatsiun Cèpèr, têbihipun saking sêtatsiun Cèpèr watawis 1½ pal. Pakaryanipun tiyang dhukuh Batur punika wiwit jaman kina saperangan agêng sami damêl kêjèn, sumêbaripun kêjèn ing dhukuh Batur punika maradini salêbêtipun tanah Jawi Têngah saha Wetan, kajawi kêjèn damêlan ing dhukuh Batur, sasumêrêp kula namung kêjèn damêlan ing Dhanguk, kitha Magêtan. Mênggah pandamêlipun kêjèn cara tiyang ing Batur punika taksih prasaja sangêt, têrangipun kados ing ngandhap punika.
Ingkang rumiyin damêl pêpêthan kêjèn, miturut ingkang dipun pikajêngakên, ingkang dipun damêl bonggol pisang, pêpêthan kêjèn wau lajêng dipun buntêl (dipun popok) waradin ngangge siti pasir alus, ingkang dipun laroni sarining siti lêmung, lajêng dipun pe ngantos garing. Manawi sampun garing, nuntên dipun bêsmi ngantos abrit, lajêng dipun tugêl malang dados kalih, prêlu dipun rêsiki awunipun, inggih punika awu saking bonggol pisang pêpêthan kêjèn kasêbut nginggil. Manawi awunipun sampun rêsik, lajêng kagathukakên malih ngantos rapêt, lajêng dipun dalit mawi siti panunggilanipun ingkang kadamêl sakawit, [sa...]
--- 916 ---
[...kawit,] nuntên kabêsmi malih sarêngan kalihan manawi nglêbur waja. Cithakan wau dipun wastani tapêl.
Waja ingkang badhe kadamêl kêjèn punika ugi kêdah waja kêjèn, kengingipun dipun cithak kêdah dipun lêbur ngantos ajèr kados toya, dene panglêburipun makatên:
[Grafik]
Tanah parêdèn ing Têmbayat.
Sakawit damêl wadhah badhenipun siti, kawastanan kowi, ingkang kadamêl siti abrit, nanging botên sabên siti abrit kenging kangge kowi, inggih punika kêdah milih siti abrit saking salah satunggiling pasitèn ing bawah ondêr dhistrik Têmbayat. Saking gotèkipun tiyang ing dhukuh Batur pasitèn ingkang kapilih wau sampun kadhawahan pulung, dene pasitèn ingkang botên kadhawahan pulung, sanadyan dunungipun cakêt sangêt, nanging manawi dipun damêl kowi, samăngsa kangge nglêbur waja tamtu borot, pamêndhêtipun siti wau sarana tumbas dhatêng ingkang gadhah pasitèn, sabên sakapal 5 sèn. Siti abrit wau lajêng kacampuran awu rambut pantun, lajêng dipun dadosakên luluhan, kadosdene luluhan calon kadamêl gêndhèng. Wangunipun kowi punika kadosdene tong satugêl, nanging alit, perangan nginggil bolong, panjangipun garis têngah 0.22 m., perangan ngandhap buntêt, panjangipun garis têngah 0.12 m. adêgipun 0.24 m, ing perangan nginggil mawi slèwèran minăngka cucuk, kangge margi ilining waja ingkang sampun ajèr samăngsa dipun iling dhatêng tapêl. Sarampungipun pandamêling kowi, saha sampun garing lajêng kabêsmi ngantos abrit, waja ingkang sampun dipun gêpuk alit-alit, lajêng dipun wadhahi kowi, kowi lajêng katata wontên salêbêting tobong panglêburan, kaprênah sisih wingking, dipun banciki banon katata miring dipun dhasari krikil, ingkang sisih ngajêng dipun tatani tapêl ingkang badhe kangge nyithak, lajêng dipun urug arêng kajêng kêmlandhingan (lamtara,
--- 917 ---
mêtir) utawi arêngipun kajêng ingkang êmpuk, ingkang awunipun gampil kaburipun, lajêng dipun bêsmi saha dipun lamusi, saking lawanganing obongan ngajêng. Tumindak makatên wau cêkap dipun tindakakên tiyang kalih, antawis 6 jam, waja sampun dados ajèr kados toya, lajêng dipun dhudhah. Limrahipun andhudhah punika kêdah dipun tindakakên mawi sambatan tiyang kathah, awit manawi botên dipun tindakakên tiyang kathah, kadangon, waja dados kênthêl malih, kowi ingkang isi jèr-jèran waja lajêng dipun sapit ing tiyang kalih, dipun corakên ing tapêl saking perangan nginggil ingkang sampun dipun pirantonsi[1] bolongan minăngka margi, nganton[2] kêbak. Manawi sampun asrêp, tapêl lajêng karisak (dados namung kangge sapisan). Wondene kowi kanggenipun ugi namung sapisan, awit manawi kangge nglêbur malih lajêng luluh.
Tobong panglêburan punika ingkang agêng cêkap kangge nglêbur waja wawrat 4 dhacin, ingkang alit piyambak cêkap kangge nglêbur waja wawrat 2 dhacin, ingkang dipun damêl banon, kapasang mawi luluhan siti (manawi kapasang mawi sêmèn utawi wêdhi gamping malah botên kuwawi), wangunipun pasagi, perangan ngandhap agêng ing nginggil mingkup, ukuranipun ing perangan ngandhap kintên-kintên panjangipun 3 m. wiyaripun 2½ m. Inggilipun 1½ m. mawi baturan (pondhêmèn) inggilipun saking siti kintên-kintên 1 m. lawanganipun kalih, perangan ngajêng tuwin perangan wingking. Dhasaripun ing nglêbêt kadamêl mayat, perangan wingking langkung inggil tinimbang ngajêng.
Badhe kasambêtan.
Mar, Ngawăngga. K. No. 4052.
[Iklan]
--- 918 ---
Bab Kasarasan
Sêsakit edaning sêgawon, Hondsdolheid.
Sambêtipun Kajawèn nomêr 58.
Dr. Radisse kalihan Dr. Martel lajêng sami tindak dhatêng griyanipun tiyang ingkang dipun tudingi dening lare angèn wau, inggih punika tiyang ingkang sagêd mitulungi murih mendanipun sami kasarasan. Ing têngah-têngahing margi, Dr. Radisse tuwin Dr. Martel kêpanggih tiyang ngadêg dipun rubung menda kathah, tanganipun tiyang wau nyêpêng lading kangge nyudhèt utawi nyublês kulitipun menda-menda wau.
Dr. Radisse andangu dhatêng tiyang wau: sampeyan ngêmpalakên menda punika prêlunipun punapa.
Tiyang wau sadèrèngipun mangsuli pandangunipun Dr. Radisse tuwin Dr. Martel, lajêng ngaturi sugêng rawuhipun ing dhusun ngriku sarta ambalakakakên namanipun makatên: nama kula Roux Emil Roux.
Dr. Radisse andangu malih: menda-menda punika sampeyan punapakakên.
Wangsulanipun Roux: kula suntik supados sagêda nanggulangi sêsakit miltvuur ingkang damêl pêjahipun menda.
Satawis 20 mètêr saking grombolan punika wontên nonah manis lan endah warninipun ngadêg, Dr. Martel sêmunipun langkung prêlu ningali nonah punika tinimbang sanèsipun, ingkang sami wontên ing ngriku, mila lajêng nyakêti nonah wau wicantênipun: kula nuwun nonah, nêpangakên, nama kula Jean Martel, kula kalihan Dr. Radisse dhirèktur têtanèn dhatêng mriki prêlu mriksani kawontênanipun rajakaya ing ngriki, punapa sababipun dene kewan-kewan wau sami kalis ing miltvuur.
Nonah ngaturakên kasugêngan saha ambalakakakên namanipun Annette Pasteur, saha matur: bapak têmtu langkung bingah têpangan kalihan panjênêngan.
Dr. Martel pitakèn: punapa ingkang rama punika Louis Pasteur ingkang misuwur asmanipun.
Annette manthuk, saha wicantên: lêrês, inggih punika bapak kula. Wêkdal samantên kalêrêsan Tuwan Pasteur mêdal saking dalêmipun murugi Annette. Nalika Dr. Radisse mirsani Tuwan Pasteur sakalangkung kagèt, pangandikanipun anjêngèk: o, dados panjênêngan ingkang jumênêng kyai dhukun menda. Wah prayogi sangêt dene karsa dados pangayomanipun menda.
Dr. Radisse ngandika dhatêng kanthinipun: kowe eling Martel, iki Tuwan Pasteur kang dadi lantaran patine Dr. Frederic kae.
Pasteur matur dhatêng Dr. Radisse: botên: ta, punika panjênêngan kalintu tampi.
Dr. Radisse ngandika malih dhatêng Dr. Martel: satêmêne wong iki minggat saka Parijs saiki gawe apus-apus, marang wong-wong desa kang isih padha bodho.
Tuwan Pasteur wicantên: têtiyang dhusun ing ngriki sampun sami mangrêtos, bilih jampi suntikan punika mitulungi sangêt tumrap sêsakitipun menda-menda punika.
--- 919 ---
Dr. Radisse: pancèn kula badhe sumêrêp bab punika.
Dr. Roux pambantunipun Pasteur tumut cawe-cawe wicantên: sampun wolung taun punika kula kêkalih damêl cobèn-cobèn suntikan wau, nyatanipun menda-menda ingkang sampun dipun suntik vaccin punika, lajêng sami kalis dening sêsakit miltvuur.
Dr. Radisse: dumugining 80 taun malih kula dèrèng sagêd pitados dhatêng jampi sampeyan punika.
[Iklan]
Tuwan Pasteur sambêt: punapa panjênêngan punika botên ngalêm, têka malah maibên dhatêng padamêlan kula punika.
Pangandikanipun Dr. Radisse: ah, padamêlan punika namung dados gêgujênganipun tiyang kathah, botên badhe maedahi punapa-punapa. Ayo Martel milua bali mulih.
Dr. Martel ningali dhatêng Annette lajêng matur dhatêng Dr. Radisse: kula badhe kantun ing ngriki kemawon, kula pitados dhatêng padamêlanipun Tuwan Pasteur ingkang badhe mêdal wohipun langkung sae.
Tuwan Pasteur èngêt nalika wontên ing kraton ing ngarsanipun Prabu Napoleon dipun sapèlèkakên lan dipun poyoki dening dhoktêr kraton. Sapunika namung Dr. Martel piyambak ingkang purun angaosi dhatêng padamêlanipun.
Tuwan Pasteur ngandika dhatêng putranipun Annette: matura ibumu, apa bisa nampani dhayoh iki.
Annette matur: ibu têmtu karsa tampi tamu punika kalihan bingah.
Nalika parêpataning para dhoktêr, ingkang dados pangarsa Dr. Radisse, presidhèn dèrèng sagêd nêtêpakên utawi dèrèng pitados, yèn vaccin Pasteur sagêd mitulungi sêsakitipun menda-menda wau. Saking pamanggihipun Dr. Radisse hawanipun siti ing Arbois ingkang sagêd andayani kalising kewan wau dening miltvuur, dene suntikan Pasteur punika botên migunani punapa-punapa. Namung Dr. Jean Martel piyambak ingkang pitados saèstu bab kakiyatanipun vaccin Pasteur tumrap sêsakit miltvuur.
Badhe kasambêtan.
Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.
--- 920 ---
Pawartos Sanès Praja
Kawontênan ing Tiongkok
Kawontênanipun Tiongkok kalihan Jêpan, nama sampun rukêt awujud paprangan, nanging ugi pinanggih rame wontên ing rêmbag, inggih punika rêmbaging para kawogan ing damêl.
[Grafik]
Candhi panggenan pasujarahan ing laladan Sanghai.
Kados ingkang sampun kawartosakên, wadya Tiongkok sampun campuh kalihan wadya Jêpan. Wiwit punika, Jêpan saya kathah anggènipun andhatêngakên bêbantu, wontên bêbantu 100.000 ingkang tumuju dhatêng Tiongkok êlèr tuwin Koreah. Wadya andhungan Jêpan sami dipun kalêmpakakên, kapatah anggêntosi wadya ingkang kabidhalakên dhatêng Tiongkok êlèr. Pangagênging militèr sampun nyewa kapal dagang 31 kangge ambêkta wadyabala, dêdamêl-dêdamêl ingkang prêlu punapadene têdha sampun dipun bêkta dhatêng laladan paprangan.
Pinanggihipun ing Tiongkok êlèr taksih sarwa nyamari, nanging tumraping para kawogan tansah ngudi karukunan. Namung sarèhning para prajurit Tiongkok katingal sami kabranang ing manah, pangajêng-ajêngipun namung tumuntêna dados paprangan yêktos, saya malih manawi ngèngêti dhatênging wadya Tiongkok bêbantu saking Nanking, kados-kados sarujuking rêmbag wau lăngka kalampahanipun. Mila tumrapipun Jêpan inggih nyamarakên, saupami rêmbag badhe rukun punika kêdangon, tamtu badhe damêl saya mapaning wadya Tiongkok ing sisih lèr.
Manawi ngèngêti sêsungut ingkang kados makatên punika, pinanggihipun wontên ingkang pasulayan, namung katingal têbih sagêdipun rukun, saya tumraping golongan Tiongkok ingkang pinanggih ing Kanton, Cingtao tuwin Anko, raos anggèning botên mathuk dhatêng Jêpan, namung nuwuhakên dêrêng badhe pêrang. Măngka nagari tiga punika sami nagari babagan ingkang langkung wigatos. Malah ing Anko wontên golonganing wadya Tiongkok cacah 3000 ingkang ngêpang papan panggenanipun băngsa Jêpan. Tindak ingkang kados makatên punika namung adamêl kasamaran.
Miturut wartos Jêpan gadhah panêdha dhatêng Tiongkok, 1. Supados ing saêlèr Opèi tuwin saindênging Kahar, kadadosakên satunggil kalihan [ka...]
--- 921 ---
[...lihan] Opèi wetan, tuwin dipun têtêpna dados nagari ingkang mardika, kithanipun manggèn ing Tinsin. 2. Tangku ingkang papanipun cakêt kalihan Tinsin, badhe kadadosakên babagan wadya lautan Jêpan. 3. Ing Pèi Ping supados botên dipun wontêni prajurit. 4. Jêpan badhe ngawontênakên tangsi-tangsi ing Pèi Ping kangge ngayomi rakyat Jêpan. 5. Tiongkok supados anglintoni kapitunan tumrap sawarnining lampah ingkang tumindak ing sapunika.
Panêdha ingkang kados makatên punika tamtunipun araos botên sakeca sangêt tumrapipun Tiongkok. Tuwin malih raosing panêdha wau sami kemawon kados ingkang katindakakên kala ing taun 1935. Ingkang rumiyin mila botên dipun sayogyani dening Tiongkok. Mila pinanggihipun tumrap Tiongkok, wohipun namung ngungkat-ungkat dhatêng kanêpson. Malah pangagêng nagari ing Pèi Ping tuwin gupêrnur ing Opèi kintun telêgram dhatêng Nanking, inggih punika têlênging kaprajan, bilih nagari kêkalih wau botên badhe nampèni rêmbagipun Jêpan ingkang raosipun ngasorakên drajating praja. Saya malih manawi ngèngêti trajangipun Jêpan anggèning nêrak pêpacak bab nyarèhakên paprangan, punika botên prêlu kawontênakên mupakatan malih.
Sawarnining raos ingkang tuwuh wontên ing golongan Tiongkok, pinanggihipun kados sami kemawon. Ing sapunika wadya Nanking sampun lumêbêt dhatêng laladan Opèi, saha sampun sami mapan ing saprayoginipun.
[Iklan]
Dene pinanggihipun ingkang sami pasulayan pinanggih botên sapintêna, nanging wontên tindakipun Jêpan ingkang damêl wêwinih botên sae, inggih punika wontên motor mabur militèr, nyanjatani sêpur-sêpur tumpakan ingkang saking Pèi Ping dhatêng Anko wontên ing dhistrik Opèi tuwin Onan. Ing bab punika Tiongkok lajêng nindakakên panyêrêg.
Panyêrêg ingkang kados makatên punika saèstunipun pinanggih sakalangkung wigatos, nanging wantunipun nuju wontên ing măngsa sêrêng inggih botên punapa-punapa. Malah Jêpan gadhah panêdha ingkang raos panantang, supados Nanking sampun angêmori rêmbagipun pangagêng laladan, tuwin nyêgaha dhatênging bêbantu. Nanging bab punika parentah Nanking têtêp anggèning andhatêngakên bêbantu, tumrap Opèi kemawon angsal bêbantu wadya 200.000.
Mirid kawontênan punika, tamtu badhe angèl sirêping pasulayan punika.
--- [922] ---
Rêmbagipun: Petruk lan Garèng
Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan
VI
Petruk : Nyambungi gunêmku ing ngarêp, bab anggone jaka-jaka ora kêna milu, iku mêngku karêp, Kang Garèng.
Garèng : O, mêsthine dikuwatirake yèn tiba masane, jaka mau wis wiwit: gêndhulak-gêndhulik apa sida apa ora. Iya, iya, wis ngrêti aku, Truk. Saiki pitakonku liyane, Truk, genea wong sing kêna pangkat kuwi mau nganggo diwatêsi batihe, ora kêna luwih saka wong lima, lanang wadon lan anake têlu. Ing măngka, Truk, wong sing kangelan uripe ana ing desane kuwi iya wong sing batihe akèh, mulane iya wong mêngkono kuwi, sing butuh bangêt ngalih nyang panggonan liya, dadi butuh diparingi lêmah lan sawah mau, jêbul ora kêparêng, hla, kujurane.
Petruk : Aku rada kaliru, Kang Garèng, watêse batih kang kêna pangkat kuwi ora lima, nanging mung papat, yaiku: lanang wadon, lan anake sing cilik-cilik loro. Dene anggone ora dikaparêngake anggawa anak cilik pirang-pirang, kuwi mung wujud pangeman. Ing tanah sabrang kuwi lêmah bukakan anyar, lumrahe mêsthi akèh panyakite, kanggone bocah cilik sok ora kuwat. Ing măngka wong tuwane kudu nyambut gawe mêmpêng bangêt, supaya bisane tumuli olèh pangan. Saikine nèk anake cilik pirang-pirang, apa iya kobêr arêp nyambut gawe sing cancut têmênan. Têmtune rak banjur mung kêtungkul ngulat-ulatake, ngêmong anak-anake, malah bokmanawa mung pijêr... notar-natur notar-natur bae.
Garèng : Wayah, sing kira-kira anjênêsi kuwi ambok ora susah diwêtokake. Wong kapêksa aku banjur kudu mithêt irungku. Ora, Truk, mara saiki caritakna prajanjiane ana ing kana, yaiku ana ing kolonisasi anyar ing Lubuklingga.
Petruk : Hla, saiki tak caritani sing nganti cêtha bangêt, ya Kang Garèng, supaya ing têmbe yèn kowe duwe kêpengin têtruka mrana, aja nganti kêduwung. Kang kapisan sing prêlu kok èlingi, pangkatmu mrana kudu saka karêpmu dhewe, ora prêlu manut miturut nyang omonge liyan, gêlêm, bêcik nèk sugih aras-arasên iya ora dadi ngapa. Dadi têtrukamu mrana kuwi, dudu kontrak, nanging mêrdika.
Garèng : Dadi têgêse, yèn ana ing kana kowe ora krasan, arêp: ing, ing mari pulang nagara Jawa, iya kêna.
Petruk : Kêna apa manèh, Kang Garèng, anggêre bisa nyukupi sarate bae. Sadurunge aku ambanjurake katêranganaku, aku arêp kăndha nyang kowe dhisik, yèn kolonisasi ing Lubuklingga iku modhèl gagrag anyar.
Garèng : Lho, Truk, kok diarani modhèl gagrag anyar, apa nganggo wiron jêpitan barang.
Petruk : Hara, kok banjur anggladrah rêmbuge [rêmbu...]
--- 923 ---
[...ge] mangkono. Sing tak arani modhèl gagrag anyar, sabab pangaturane ing kono beda bangêt karo ing kolonisasi liya-liyane, kaya ta: kolonisasi ing Lampung upamane. Ing kolonisasi loro-lorone, wong sing têtruka, iya bênêr padha diparingi lêmah lêlahanan, mung bae bedane: ing Lampung wong-wonge padha pinaringan lêmah kang isih alas, ing Lubuklingga padha pinaringan lêmah sing wis rêsik. Awit nagara anguningani, yèn sanyatane kaum tani Jawa kuwi ora kulina babat alas. Dadi ana ing Lubuklingga têtrukane dikêpenakake bangêt.
Garèng : Wèh, sajake kok mathuk mêngkono, ta, Truk. Ewasamono aku kok rada prindang-prinding sathithik, dhing, sabab, lumrahe wedang kopi sing dhuwure bêning kuwi, ngisore sok ana êndhêk-êndhêke, wong bangsaku kiyi kêrêp diiming-imingi mangkene kae: ing sakolahan kene kiyi, gurune padha pêng-pêngan kabèh, wulangane pêpak, banjur dicaritakake apa sing diwulang ana ing kono nganti rete-rete bangêt, nanging barêng ana wong sing nglêbokake anake sakolah mrono, jêbul... inalilahi... sagrobag... bayarane.
Petruk : Wèh, hla kowe kuwi le anèh. Sing sapa arêp melik barang bêcik, iya kudu wani kelangan sathithik. Mêngkono uga kaanane ing kolonisasi ing Lubuklingga, wong-wong kolonis ana ing kono kuwi wis akèh kapenake bangêt, sabab, wis ora susah babad manèh, kowe wêruh dhewe, ambabad kuwi pagawean sing rêkasa êmbahne rêkasa. Apa kok kira bisane alas mau rêsik, mung dinamu: pus, ngono bae, mêsthi orane, Kang Garèng. Anggone nagara dhawuh ambabad alas mau, nganggo ngupahi, Kang Garèng, tur iya sasayahiranèki. Dadi saupama nagara banjur mundhut liru sawatara, lho, kuwi rak iya wis mêsthine, ta. Wis Kang Garèng, saiki rungokna dhisik, mungguh kapenake wong-wong sing padha arêp têtruka nyang Lubuklingga kuwi mau. 1e pangkate saka ngomah tumêkane ing Lubuklingga, yaiku: saka ngomah nyêpur nyang Tanjung Priuk, saka Tanjung Priuk nunggang kapal têkan ing Oshapên, palabuhan ing Lampung, iki lakon sawêngi muput, banjur saka Oshapên nyêpur manèh têkan ing Lahad, esuke saka Lahad nyêpur manèh nyang Lubuklingga, lakon kurang luwih rong jam sêtêngah, saka kene banjur ngoto bis nyang kolonisasine, iki kabèh dibayari nagara dhisik. Iki nèk dipetung kabèh, iya samangane lan jajane pisan, ora kurang saka salawe rupiyah, Kang Garèng, ewadene diparingi kamurahan, mung didhawuhi nyaur rolas sê-
[Grafik]
--- 924 ---
têngah rupiyah, thik dikaparêngake nyicil. Hara, apa ora mayir.
Garèng : Nèk nagara pancèn nêdya paring pitulungan, ambok iya, Truk, aku iki diparingi ngampil dhuwit salawe rupiyah, kaparênga nyaur limang ringgit, kathik nyicil.
Petruk : Mèngklèkmu, kathik arêp enake dhewe bae, karo manèh prêlune bae apa. Balik nagara pêparing pitulungan sing mangkono mau, krêsane rak utama bangêt. Dhèk anu wis takcaritakake, ing tanah Jawa kuwi wong-wonge wis pating kriyêk ênjêl-ênjêlan bangêt, nganti akèh uwong-uwong, aja manèh anduwènana lêmah, lagi golèk pangan bae wis rêkasa sing ora karuwan kae. Sarana paring pitulungan nyêpurake, mraokake, maringi pangan nyang wong-wong sing padha gêlêm têtruka ana ing tanah sabrang, kathik mundhut baline dhuwit mung sabagian mau, krêsane nagara, timbangane ana ing desane kêna diarani cupêt anggone golèk pangupaboga, ana ing tanah sabrang kana diparingi dalan supaya bisa ngajokake awake. Mulane ana ing kana aja nganggêp: wah, mêsthi lèk kêrkos, sondhêr ongkos, têgêse: karo lenthe-lentha[3] bae, mêsthi bisa mangan enak, turu kêpenak, kliru, Kang Garèng, ana ing kanane iya kudu nyambut gawe sing dhikut. Tak tanggung, Kang Garèng, ana ing kana anggêre ora kêsèd bae mêsthi bisa mulya, apês ambalêbês, uripe iya ora bakal kapiran, ta. Kajaba iku, Kang Garèng, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, lêmahe ing Lubuklingga kuwi isih alas grêng. Yèn lêmah iki diparingake isih rupa alas, mêsakake kanggone kaum tani Jawa, awit kaum tani iki ora kulina babad alas, mulane banjur diopahake nyang wong liya, kang waragade ora sathithik. Kang mangkono wong-wong tani banjur bisa diparingi lêmah sing uwis rêsik, yaiku: siji-sijining batih, pakarangan sêprapat bau, sawahe sêbau. Kathik mung didhawuhi ambalèkake waragad babad mau, mung wolulikur rupiyah tur kêna nyicil manèh.
Garèng : Dadi gunggunge utange nyang nagara sêsiji-sijining batih tumêkane ing kana: f 12.50 + f 28.- = f 40.50. Iki kaya-kaya ora abot ingatase banjur olèh pêkarangan ¼ bau, lan sawah 1 bau. Nanging, Truk, ana ing kana mêsthine sing akèh duwene mung kathok lan tapih thok, dhuwit ora, pangan iya ora. Anggone ngolah sawah lan pakarangane, apa iya dikon karo tapa.
Petruk : Kang mangkono kuwi nagara iya wis amênggalih, yaiku mangkene: salawase wong mau durung bisa duwe pametu apa-apa, kira-kira pitung sasinan, wong-wong mau diutangi bêras, lênga lan uyah. Kathik kêna dicicil manèh. Mara, apa ora dikêpenakake. Măngka kudu kopikir, ing kono dianakake pranatan sing ngènthèngake panyambutgawene wong-wong mau, yaiku: sajêrone têlung taun, ora dikênani pajêg sarta èrêndhisên. Dadi sajêrone têlung taun kuwi bisa nyambutgawe kang prêlu kanggo kabutuhane dhewe bae. Mara, tumrape wong sing gêlêm nyambutgawe, apa kaanan sing kaya ngono kuwi, ora kêna diarani: enak eca, anggêbêg răngka mangku răndha.
--- 925 ---
KABAR WARNI-WARNI
Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès
TANAH NGRIKI
Papan anggêgana ing Cêpu kasuwak. Wontên wartos, papan anggêgana ing Cêpu sampun dangu botên kangge. Ing sapunika wontên wartos malih papan anggêgana wau badhe dipun suwak babarpisan, dene pasitènipun wontên 90 bau lajêng badhe dipun wangsulakên dhatêng têtiyang dhusun.
Tandhanipun rêdi Cêrême ngêdalakên latu. Sampun sawatawis dintên kawartosakên bilih rêdi Cêrême tansah ebah. Sarêng wontên wartos wau lajêng katingal ing pucak ngêdalakên kukus. Malah ing sapunika katingal saking Cirêbon manawi wanci enjing botên pêdhut, ing pucak katingal wontên latunipun.
Pajagèn ing rêdi Cêrême. Miturut wartos, ing bab kawontênanipun rêdi Cêrême, ing lambening kawah sacêlaking jêblosan katingal kirang kiyat, gambil ambrukipun. Dr. Neumann damêl papan pajagèn ing Cipani'is, sacêlakipun Mandirancan, kanthi mantri 2, sabên dintên nitipriksa. Kajawi punika ngawontênakên pajagèn wontên ing papan ingkang nyamari, kangge suka sumêrêp manawi wontên bêbaya. Ing sawetan Mandirancan pinanggih têntrêm, botên pêrlu kawontênakên pajagèn.
Sultan ing Deli damêl paargyan tigang warni. Miturut wartos, panjênênganipun Sultan ing Deli badhe damêl paargyan tigang warni. Ing salêbêtipun wulan Augustus ngajêng punika, mèngêti anggèning ngasta panguwaos kasultanan sampun 45 taun, tuwin anggèning jumênêng sultan sampun 12½ taun. Makatên ugi ing wulan wau tumindak kontrak politiek jangkêp 75 taun. Minangka paargyanipun mawi kawontênakên pasar malêm ingkang dipun wiwiti wontên tanggal 22 Augustus, laminipun 10 dalu.
Barang ingkang malêbêt ing tanah Jawi tuwin Madura. Miturut cathêthan, lêbêtipun barang-barang ing tanah Jawi tuwin Madura ing wulan Juni kêpêngkêr wontên 85.900 ton, rêgi f 31.000.000.-. Ing taun kêpêngkêr wulan makatên namung 55.900 ton, rêgi f 14.000.000.-. Petang samantên wau ingkang kathah piyambak ing Tanjung Priok, wontên 33.000 ton, rêgi f 13.500.000.- (Juni 1936 wontên 22.600 ton, rêgi f 5.800.000.-)
H.B.S. ing Makasar. Kawartosakên, Europeesche School-commissie ing Makasar tampi dhawuh lumantar têlêgram saking Departement Pangajaran, bilih wontêning murid ingkang kacathêt namanipun kangge H.B.S. sakêdhik-sakêdhikipun 8, wiwit wulan Augustus ngajêng punika badhe sagêd kaadêgakên klas 1 tumrap H.B.S. panggenanipun kagamblokakên kalihan Mulo. Dene manawi sagêd ngawontênakên klas 3, pangajaranipun ugi tumimdak kados H.B.S. 5 taun.
Ambêbêdhag bantèng. Ing kabudidayan Pasir Jati, laladan siti partikêlir ing Pamanukan en Ciasemlanden badhe kawontênakên tindak ambêbujêng banthèng, kirang langkung wontên banthèng 20 kajawi anak-anakipun. Ingajêng wontên sêdya badhe mindhah banthèng wau dhatêng sanès panggenan, amargi tansah ngrêrisak. Ing sapunika badhe dipun bêbujêng kemawon, nanging botên dipun pêjahi, amargi badhe kakintunakên dhatêng kêbon-kêbon binatang ingkang ambêtahakên sangêt. Nanging sarèhning rêkaos sagêdipun gêsang, badhe mêndhêt anak-anakipun kemawon, ingkang sêpuh dipun pêjahi.
[Iklan]
Babagan Punggawa Praja. Golongan guru, t. Djalil alias Soetario guru ing Ambonschool Malang, kapindhah dhatêng Schakelschool ing Gombong. T. Samsoeri, guru ing Schakelschool ing Gombong, kapindhah dhatêng Ambonschool ing Malang.
Golongan pangrèh praja, R. Moehamad Basah, asistèn wêdana ing paresidenan Priyangan sawatawis mangsa, makili padamêlan Adjuncthoofddjaksa Landraad ing Bandung. R. Moestaram, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidenan Priyangan, makili pangkat asistèn wêdana paresidenan Priyangan.
Golongan pakaryan pagantosan, t. Prawironoto, beheerder pagantosan ing Merakurak (Bojonêgara), kapindhah dhatêng Purwadadi (Sêmarang). T. Martowigêna kapindhah saking pagantosan ing Mlaten (Sêmarang), dados ondêr beheerder pagantosan ing Salatiga-Noord (Sêmarang). T. Soewandono, kapindhah saking pagantosan ing Jêmbêr (Bêsuki), dados hoofdschatter pagantosan ing Merakurak (Bojonêgoro).
Nanggulangi sêsakit lepra ing Madura. Badhe tumindaking nanggulangi sêsakit lepra ing Madura tumuntên katindakakên. Pinanggihipun tiyang ingkang sakit wontên 1100, ingkang 600 saking Bangkalan. Gunggunging jiwa ing Maudura wontên 2.000.000. Para dhoktêr ing Madura sami ngrangkêp padamêlan babagan lepra. Nanging sapunika badhe kawontênakên piyambak kanthi punggawa sanès-sanèsipun. Waragadipun badhe angsal saking Madura-welvaartsfonds f 9000.- sabên taun, tuwin f 5000.- kangge damêl griya miyambak.
Congres Tuberculose. Miturut rancangan, benjing congres Tuberculose ing Sêmarang ing wulan punika, para dhoktêr sami mêdhar sabda babagan tuberculose warni-warni, wontên ing dintên Jumuwah tanggal 30 tuwin Sabtu tanggal 31 Juli. Manggènipun wontên ing gêdhong Gemeente tuwin ing C.B.Z. mawi darmawisata dhatêng Sanatorium ing Kopèng. Wêkasanipun kawontênakên dansah ing Hotel du Pavillon tuwin suka-suka sanèsipun.
Rawuhdalêm K.T. Ingkang Wicaksana ing Ngayogya. Benjing rawuhdalêm K.T. Ingkang Wicaksana ing Ngayogya, kaparêng badhe nguningani griya-griya sakit ing salêbêting kitha tuwin badhe mriksani dhatêng Rongkob, Gunung Kidul. Dene wontênipun ing kadhaton badhe dipun sugata lêlangên ringgit tiyang, dhapukaning lampahan dipun cêkak.
Ngayomi patilasan kina. Pamarentah manggalih babagan ngayomi patilasan-patilasan kina, saha mawi ngewahi undhang-undhang ingkang pikantukipun anjêmbarakên bab tumindaking damêl. Wiwit taun ngajêng badhe miwiti patilasan Islam kina ing Sonyaragi (Cirêbon). Patilasan-patilasan wau dipun udi mulyanipun.
--- 926 ---
Propessor Samsoe. Ing wêkdal punika wontên juru sulap tiyang siti ingkang misuwur, nama Propessor Samsoe. Tuwan wau asli saking Minangkabao, sampun lêlana dhatêng pundi-pundi tanpa sêdya, wusananipun dumugi ing Singapura. Wontên ingriku sinau kawruh sulap tuwin daya kêkiyatan warni-warni. Sasampunipun mumpuni lajêng lêlana malih. Sampun sawatawis dintên dumugi ing Sêmarang mitongtonakên kagunanipun wontên ing Pasar Malêm Krida Matoyo, tuwin kêrêp dipun undang mirunggan. Kasagêdanipun sulap wau anggawokakên.
Pakunjaran ing Nusakambangan badhe dipun agêngakên. Wontên wartos bilih pakunjaran ing Nusakambangan badhe dipun agêngakên, cêkap kangge tiyang 10.000, wêwahan pakunjaran wau badhe manggèn ing Kêmbang Kuning. Manawi sampun dados, ing Nusakambangan badhe dipun dèkèki directeur pakunjaran 3, manggèn ing sisih lèr, têngah tuwin kidul. Pangagêng wau ingkang satunggal Hoofddirecteur, manggèn ing Jumblêng. Tumindakipun wontên ing taun 1938. Dene pakunjaran ing Cilacap badhe kangge jujugan para têtiyang ingkang badhe dhatêng Nusakambangan utawi namung kangge têtiyang paukuman sakêdhik.
Mr. R.M. Djokomarsaid. Wontên wartos, Mr. R.M. Djokomarsaid, badhe katêtêpakên manggèn ing Surabaya dados ambtênaar voor den binnenlandsche handel en nijverheid.
Kêrapan ing Madura. Ing salêbêtipun wulan Augustus tuwin Sèptèmbêr 1937, ing saindêngipun Madura badhe kawontênakên kêrapan gêntos-gêntos.
Tanêman sata saya mindhak. Ing wêkdal punika Deli Mij. badhe nanêm sata langkung kathah, ambikak kabudidayan lami Saint Cyr sacêlakipun Arnheimia, ingkang sampun katutup 14 taun laminipun. Pambikakipun kabudidayan wau benjing tanggal 1 Novèmbêr ngajêng punika.
Dhukun gaib. Ing Sêmarang wontên dhukun bangsa Walandi asli saking Malang, nindakakên padhukunanipun ingkang bangsaning elok-elok, malah lajêng sade jimat punapa tuwin tindak sanès-sanèsipun. Ing bab punika dangu-dangu kauningan ingkang wajib lajêng dados papriksaning pulisi.
Mriksa kabudidayan Jêpan. Residhèn Jansên mêntas rawuh ing Manokwari, lajêng nitih motor mabur Dornier papriksa dhatêng kabudidayan Jêpan ing Warên, nglangkungi laladan Wayori tuwin Ransiki, tindakipun kanthi asistèn residhèn tuwin commandant kapal Sumba.
S.S. badhe damêl gêrbong ingkang kobèt. Awit saking pamanggihipun Ir. G.F. Berg, pangagêng babagan yêyasan ing S.S. supados gêrbonging sêpur dalu dipun wiyarna miturut gagrag Eropa, ingkang nocogi kalihan kêkajênganipun têtiyang tanah ngriki. Gêrbong S.S. wau badhe mawi gêrbong patilêman mawi lawang ingiringan, papanipun patilêman malang, wiyaring gêrbong 3 m. dados tinimbang gêrbong sapunika mindhak 30 cm. kadosdene gêrbong ing Eropa. Bab punika Ir. G.F. Berg sampun nindakakên wawasan dhatêng Jêpan punapa.
Sêsorah bab hukum adat. Ing Taman Siswa Ngayogya mêntas kawontênakên sêsorah hukum adat dening Mr. Dr. Soepomo, kathah para agêng ingkang sami anjênêngi. Ingkang kagiyarakên ingriku ing bab beda-bedaning tatacara, inggih punika tatangadat ing tanah ngriki, mêndhêt têtuladhan pintên-pintên nagari. Ing salajêngipun kasèlèhakên dhatêng ewahing tatangadat wau, saha sagêda tatangadat wau pulih dening panuntuning guru kabangsan.
Raja pêjah kêdêngangan dening tindak cacah jiwa. Ing bawah ondêr dhistrik Gondhang, Kêrtosono, wontên durjana-durjana kajêng ingkang garêjêgan prakawis panduman, wusana nuwuhakên pasulayan, wontên ingkang dipun pêjahi, mayit dipun kubur piyambak dening ingkang mêjahi, bojoning mayit ajrih wêwartos, amargi dipun ancam dening ingkang mêjahi. Caranipun ingriku sabên wulan nindakakên cacah jiwa. Sarêng ingkang nacahakên jiwa pitakèn dhatêng bojoning mayit, wontên pundi, bojoning mayit kêpêksa prasaja. Wusana lajêng gamblang dados papriksan pulisi.
Talaga Dusseldorp. Comandant wadya lautan ing tanah ngriki gadhah unjuk dhatêng K.T. Ingkang Wicaksana, supados têlaga ingkang pinanggih ing Nieuw Guniea dipun paringi nama Dusseldorp-meer. Murih ing têmbe talaga wau botên dipun sukani nama dening sanès, supados bab punika dipun wara-warakakên dhatêng para pangagêng departement ingkang gêgayutan.
NAGARI WALANDI
Ngasta pangkat enggal. Miturut wartos saking Den Haag, kawrat kêkancingandalêm nata, ministêr Steenberghe dipun kèndêli anggènipun ngasta babagan Landbouw en Visscherij, santun dipun pasrahi babagan Departement Economische Zaken.
EROPA
[Grafik]
Ngurmati Marconi. Anyarêngi wanci panguburing layonipun Tuwan Marconi, ing Inggris kawontênakên pakurmatan sarana ngêndalakên[4] lampahing radio-telegraaf tuwin radio-telefonie, makatên ugi tumrap empire-radio-telefoon tuwin sêsambêtanipun radio kalihan kapal-kapal ing Eropa dangunipun 2 mênit. Layonipun Tuwan Marconi wau dipun kubur ing Bologne, Inggris.
Kakiyatan wadya anggêgana Inggris. Ingkang pinanggih ing sapunika, wontênipun wadya gêgana Inggris pinanggih ingkang agêng piyambak ing sadonya. Dene tumindakipun namung sêsidhêman. Miturut katrangan, wiwit tanggal 1 April sampun ngêdalakên partisara tumrap juru nglampahakên motor mabur 3157, lajêng wêwah malih 416. Dene ingkang taksih sinau wontên 26.072. Sabên taun ngêdalakên motor mabur 700. Kajawi motor mabur ingkang dipun têmtokakên, Inggris taksih gadhah malih ingkang botên kasumêrêpan cacahipun, tuwin ugi taksih wontên sanèsipun malih.
--- 927 ---
Dongèng Suleman
Dening: P.P.
[Kinanthi]
manawi manungsa sinung | wêwênang maring Hyang Widi | kawasa darwa pêpadhang | nanging tan kangge madhangi | mring kang para kêpêtêngn |[5] têtêp nistha niring wèsthi ||
padhange mung samya mungsuh | misayèng badan pribadi | kadi gusti jêng paduka | kadunungan pangwasa di | wênang anduma pêpadhang | maring sapadhaning urip ||
prandene gusti sang prabu | datan karsa amadhangi | maring ing sapadha-padha | mung padhang kagêm pribadi | dadya padhang tan prabeda | lan kang pêtêng sami ugi ||
marmanya jêng sang aprabu | numbuk pêpadhang pribadi | anandhang roga ing karna | pun rêna kêsasar margi | pami gusti paring padhang | pun rêna mêsthi wruh margi ||
titi aturira sampun | platukbawang kyana patih | sang aprabu suka myarsa | ngalêmbana dalêm batin | nlăngsa kaluhuran sabda | ngluhurkên asmèng Hyang Widhi ||
sumungku tur puji sukur | karêksa deranggung bêkti | ing Pangran Allah ing jagad | kabèh kang sarwa dumadi | dadi rowang bêktining Hyang | winahyèng samobah-mosik ||
Jêng Nabi gya manabda sru | he rêna sira tan sisip | kêsaput pêtêng tanpa myat | wêkasan kêsasar margi | mlêbu marang karnaningwang | nanging têrang tan kinapti ||
marma atas dhawuh ingsun | sira linuwaran saking | sêrêganing wadya jaksa | wus ebra datanpa dadi | dera sira datan dosa | lan olih sabdèngsun malih ||
ilunira iku sinung | prabawa bisa darbèni | cahya padhang măngka damar | dadi srana tuduh margi | lah iyèku purwanira | rêna amarkatèng ratri ||
pundhat pangêmbating kewuh | purwakanirèng prakawis | natas nètèsi pancasan | pratitis dera mutusi | nata jêngkar angadhatyan | tapis mijil kang sumiwi ||
[Mijil]
kawuwusa nuju sajuga ri | risang aji miyos | siniwakèng wadya sadayane | ngalun-alun kaleban lir kadi | trunaning udadi | baludag dinulu ||
nulya ana sawijining pêksi | laju dumarojog | jujug ngarsa sang aji sowane | rang-urangan wastanira pêksi | pasêmone wingit | lêlungiding cucuk ||
mingis pantês tiksnaning jêmparing | wulu lus amramong | ngapurănta gumrining kuninge | nèng ngarsa ji jatmikane kèksi | kasusilan titi | tata têtêg tangguh ||
gita ngawe wau Kangjêng Nabi | sabdanira alon | lah bageya kang prapta katêmbèn | apa samya suka myang basuki | ing sasuta swami | kang kari ing pungkur ||
kang sinabda nêmbah matur aris | dhuh jêng sang akatong | barkah miwah pangèstu lunture | kalingga ing murda mahastuti | kapêtêg pinusthi | mastaka ingêmbun ||
ngambar sasat kang jêbat kasturi | matruh tumêrah rob | sumarambah sakukuban kabèh | inggih manggih bagya myang basuki | tarlèn turing dasih | malat-sih lumintu ||
măngka lintu sêtyaning astuti | satata sumaos | amanguswa ing lêbu labête | nênggih pada paduka Jêng Nabi | kang măngka bawani | bawana rahayu ||
iya bangêt panarima mami | samêngko sun takon | umatura satêmêne bae | paran marga sira sun timbali | kongsi bola-bali | saguh tan kêpangguh ||
inggih-inggih nanging tan pinanggih | mung manggung sumados | mubêng gayêng pijêr besuk êmbèn | basaknea êmbèn dawa kongsi | kasèp gon sun nganti | tita wus mèh lalu ||
asangsalan lir sualing ngèlmi | kang ngluwihi jêro | nora gampang jajag-jajagane | gene sira matur lagya manggih | bêbaya linuwih | kêtêkanan mungsuh ||
gêdhe miwah măndraguna sêkti | sêsanggane abot | saking dene jaya kawasane | sinihan mung winongwong Wyang[6] Widhi | ing samangkya lagi | sira uthun-uthun ||
lawan luwih dera anglêlithing | sapakon linakon | sira juju mrih enggal lêmune | nora kêna mèngèng rina wêngi | lara praptèng pati | sira tanpa petung ||
mungsuh mau sira suwitani | sêtya lair batos | amituhu bara saprentahe | ora kêna mingkuh ing satuding | mung kudu nglakoni | kang ewuh-pakewuh ||
kawasane dera amêngkoni | ngungkuli sang katong | yèn suwita ing ratu prentahe | barang gawe isih nganggo dugi | tan tinggal prayogi | komaning pamêngku ||
balik mungsuh kang kosuwitani | ngrêngkuh batur tukon | marang sira wus ilang têpane | nadyan nora kiyat pêksa pinrih | kudu dèn ayati | angangkat anjunjung ||
balung putung wus tan kêna mukir | mikir otot pêdhot | kudu sarwa bangun turut bae | suprandene sira ngrumasani | mung lila nglêgani | lêgawa lumaku ||
lawan tansah bungah angubungi | sukaning tyas kasok | sakèh susah karibêdan kabèh | tangèh krasa rêkasaning ati | mung bungah nyrambahi | kambah siyang dalu ||
ing sapolah-tingkahe mung dadi | lêng-lênging kalangon | lawan manèh samuna-munine | amung dadi panujuning ati | sarwa suka myarsi | sung pangruwat rapuh ||
paran ing rèh kabèh kang kawijil | ing atur wigatos | wosing gita têrangna têgêse | marga ingsun durung pisan ngrêti | jatènana nuli | têtelaning sêmu ||
amanêmbah sarwi matur aris | raosing wigatos | dhuh-dhuh gusti sapintên lêpate | pati-pati dasih ta mung mamrih | kamirahaning sih | panyapu bêbêndu ||
mugi gusti ngêguna[7] jaladri | wau kang kawiyos | kayêktèning wiraos artose | semah amba nêmbe darbe siwi | byahing tigan katri | têmruntun lêstantun ||
sintên-sintên kang samya sêsiwi | sampun tamtu ngrêtos | raosipun mring upakarane | nadyan wontên kaoting pangrukti | nanging botên têbih | wus kenging ginêbyug ||
ngêmbrahipun kang kêlampah sami | kalimrahaning wong | sato kewan ugi botên pae | inggih namung sami ugi gusti | marma wus tan mawi | winarna ing wuwus ||
dene gusti gyan ulun mastani | mêngsah kinuwaos | praptanipun ing agêng sêpuhe | sami supe maring yayah wibi | sakit praptèng pati | tinambuh tanpa wruh ||
limrahipun para yayah wibi | botên mawèt anom | saya sêpuh wus pêsthi kasêpèn | datan kangkat ing rèh nambutkardi | dadya têmah manggih | papa tan kêpupu ||
para siwi kang sampun kuwawi | myang kuwaos pados | sandhang têdha pribadi tandyage | angadêgke sêtandar pinandhi | pratăndha mandhiri | amribadi idhup ||
umbag umuk marang yayah wibi | ngajak acaruk rog | rêbut mênang gêsang dhewe-dhewe | suthik bucik kacuwik sêthithik | thik-thik malangkêrik | cêrak-cêrik kluruk ||
nora butuh wêruh lan kêpanggih | krungu bae êmoh | ya wis êmbuh nora wruh ujare/
--- 928 ---
aja panggih ing sajêge urip | ora bakal gigrig | mati ya karêpmu ||
urip iya sakarêpmu ugi | êmbuh ora wêroh | ingkang para siwi pangrêngkuhe | bilih sampun sagêd ngupa bukti | maring yayah wibi | mung sinêngguh mungsuh ||
sarwa wisuh yèn samya ngawruhi | myang umyarsa wartos | maring sakèh ewuh-pakewuhe | ngêlu mulês lawan sukêr sakit | munggwèng yayah wibi | abane ing rêmbug ||
biyèn-biyèn saiki-saiki | wus lumrahing uwong | angopèni gêdhèkke anake | yèn wis gêdhe ora kêna gênti | marga banjur ugi | anake ya mêngku ||
somah miwah sêsiwi pribadi | dadi sanggan abot | ora beda dhèke dhèk nu kae | gene mau wong tuwa nêmahi | kêmohan mung nglikik | êmbuh sakarêpmu ||
ya pagene biyèn tan pinikir | yèn akiring uwong | iku tuwa atiwas gawene | ina nora gêlêm angèngèhi | klumpuk tandho dhuwit | jagane yèn pikun ||
kaniaya têmên Sang Hyang Widi | gusti ywa rinaos | ingkang para siwi wêwalêse | maring yayah wibi tan nglabêti | tilasing trêsna sih | sumisih mung mungsuh ||
nanging mêksa para yayah wibi | sih trêsnane manggon | maksih têtêp tan sagêd ngipatke | pami siwi wontên kang umanggih | rèhing baya wèsthi | wus pêsthi pra sêpuh ||
sèwu giyuh tambuh-tambuh kingkin | tan kêna rinaos | anrusing tyas kasok sangsayane | saya gêgês panggrantêsing ati | ngênês angranuhi | salami tan limut ||
lamun nuju para yayah wibi | kabêgyaning uwong | măngsa-kala sok asring krêjêkèn | sangkanparan praptane tanpa wrin | kèpi ngimpi-impi | sinukên[8] mring sunu ||
wus sinêmu lêdhok dèn kêdhuki | kang anggrong dèn êsong | dèn urugke ing gumuk punthuke | yèku yayah wibi maring siwi | sèwu dera têbih | boting timbangipun ||
apan inggih kang makatên gusti | kang ulun wiraos | ing pasêmon sêsiwi uwose | murwèng mêngsah agêng langkung sêkti | satêkaning pati | ngusir soring kubur ||
titi ture rang-urangan pêksi | sang prabu nabda lon | hèh sakèhe kang sewaka kabèh | kang têtela dèn samya miyarsi | yèki dhawuh mami | dèn asêtya tuhu ||
sing sapaa padha anglakoni | rèhing karahayon | iya iku bêciking panggawe | kang arila lêgawa trus ngati | ywa nganti mahapti | praptaning pamangsul ||
lah iyèku ingkang dèn arani | sampurnèng pamanggon | lire tutug ing sangkanparane | nora nana kang pinaran malih | wêkasan sajati | jênênge ing laku ||
lamun maksih nèng linakon malih | aran durung pantog | tăndha isih ana ing tutuge | dadi durung sampurna sajati | yèn jatining bêcik | sampurna satuhu ||
lire dera laku gawe bêcik | tan raos-rinaos | lamun maksih mamrih pêpulihe | aran durung sampurna ing bêcik | kosokbalik dadi | piala winangsul ||
kaya juru anguyahkên dhuwit | wite kang linakon | mung kinarya ngupaya pakolèh | wêkasane gung ala kang olih | mubêng bola-bali | wus datanpa rampung ||
anglir laku piala sakalir | iku datanpanggon | gonta-ganti alihan gon bae | pêsthi walês-winalês tanpa wis | tur walêse mawi | uyahan mêgatruh ||
[Mêgatruh]
yèn piala siji bakal dadi têlu | têlu tikêl têlu malih | mêngkono salajunipun | pantoge kadi ngupadi | ing ngêndi pojoking tebok ||
poke mau anak tan wruh mring wong sêpuh | rahsa manungsane sêpi | têgêse mung wong kang kudu | mêruhi panggawe bêcik | mulane manawa uwong ||
wuta tuli ala bêcik ora wêruh | rasa manungsane sêpi | prasasat rasaning satu | satata gawe rèh juti | jinatèn lir setan katon ||
yèn satoa pialane tanpa tuju | karana kewan nora wrin | mring barang panggawenipun | ala bêcik tan kinapti | sêpi ing raos-pangraos ||
dene mau yèn ngakua uwong kudu | wruh bedaning ala bêcik | ya pagene apitambuh | dèn bêciki yayah wibi | malah malêsi piawon ||
nora wêruh pialane bakal tuwuh | wohe mring siwi pribadi | dadi ala tikêl têkuk | tumanduke kang malêsi | ngluwihi kang wus linakon ||
ya mulane urang-urangan ing mau | umawèh sêmuning juti | wijil saking para sunu | kang nangsayèng yayah wibi | pindha dhudhah mayit bosèk ||[9]
kang wus basah lungkrah nèng sajroning kubur | abadhêg abangêr bacin | dèn abul dikongsi kombul | akasa sumawur bumi | mangêbyak kang gănda awon ||
liring sêmon pialaning anak tuwuh | nganakke piala malih | malah angluwihi ing dur | nglantur saturun malêsi | saya tansah wuwuh awon ||
nora mawa wêwangênan mung anglangut | bêgjane kang agawe wit | mawiti alaning laku | kasêpèn siwi kang mursid | ngluhurkên kuburing layon ||
ngirim burat wida sugănda mrik arum | malah masung angusungi | sisa dhandhang bathang mambu | bangêr ingêbyukkên sami | sêmuning siwi kang awon ||
miwah ana anggêring Hyang Maha Gung |[10] anak kang watak tan bêcik | wèh sak sêrik bapa biyung | Allah wus tan karsa paring | apura siksane manggon ||
saênggone mung mangguh papa tumêmpuh | sangsarane sru muwuhi | tumuwuh sapati idhup | tan pêdhot kaèsi-èsi | saya kasangsaya kasok ||
wus kasêksèn sanadyan dadia ratu | nanging sangsayaning urip | malah tansah sungsun timbun | angur para pêkir miskin | kêna mêrtobat Hyang Manon ||
bisa nêmu bêrkahing Allah lumuntur | dumulur alaku bêcik | alane kang wus piduwung | sirna sinung pangaksami | samargane karahayon ||
balik yèn wong tan bêcik mring bapa biyung | wus kêntekan ing pangapti | pangapuraning Hyang Agung | wus suwu[11] tan arsa paring | murahe ana wiraos ||
rèhing sêmu măngsa catur uminta truh | sayêkti tan dèn sinungi | nanging lamun măngsa wolu | tan anjaluk wus dèn wèhi | wau wahananing sêmon ||
sêmonoa yèn larang-laranging êtruh | maksih kêna dèn êntèni | srana angon mangsanipun | balik barkahing Hyang Widhi | larang tan kêna liniron ||
nora bisa tumibèng anak ambêk dur | tan bêcik mring yayah wibi | bisane olèh lan lêbur | murwèng urip duk sakawit | kono pangruwating lakon ||
sampun titi têpa otamèng tumuwuh | pamarsitaning narpati | kongsi mangsanira lalu | laju jêngkar jêng sang aji | têdhak alon angadhaton ||
parêng lipur kang sumiwi samya mundur | sokur rêna sri bupati | ambêk wipra pratamèng yu | kayuwananing dumadi | sida marta dadining don//
--- 113 ---
No. 29 taun VIII
TAMAN BOCAH
INGKANG NGÊMBANI BU-MAR
KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LELAHANAN.
Mangsuli Layang
Soedarti p/a Partomihardjo, Mantri W.B. Kaloran (Panggang) Bantool (Ngayogya). Bangêt bungahku tampa layangmu têtêpungan kang têmbunge anyênêngake. Sukur yèn kowe kêpengin urun-urun ngêsèni T.B. Karanganmu uga wis dak tampa kanthi sênêng.
Soedjiman p/a Ng. Soeroprawiro, Prawirotaman 71. Ngayogya. Achm. Mashadi Banyuwangi. Soesilo Pejagoan Kêbumèn. Layangmu isi lêlucon aku wis tampa, bangêt panrimaku, nanging aja pisan dadi atimu, ora bisa kapacak, awit kurang apik. Saiki coba-coba gawea liya manèh, yèn kowe kobêr, aja banjur cilik atimu, wis lumrahe lagi sinau, suwe-suwe besuk rak apik.
Soerono Tg. Garboes. L. Pakam Medan. Aku wis tampa layangmu kang isi cangkriman lan lêlucon, ora liya bangêt panrimaku.
Sriwoelan Tuban. Sri, aku bungah bangêt, dene kowe munggah klas 7 lan adhimu klas 4. Lêstaria anggonmu sinau, supaya besuk taun ngarêp bisa entuk dhiploma lan bisa nêrusake sêkolah manèh nyang Deventerschool utawa liyane.
Timan Surabaya. Timan, Soedjiman ing Ngayogya kêpengin têpung karo kowe. Yèn kowe kobêr, sarta dhangan kirima layang, ing ngisor iki adrèse: p/a Ng. Soeroprawiro, Prawirotaman 71 Ngayogya.
Waidjah lan Soeprapto p/a Prawirosoekarto sêmplon 26 Magêlang. Karanganmu wis dak tampa kanthi bungah. Soeprapto, bangêt panrimaku kowe anêpungake nyang Bu Mar sarta ngirimi lêlucon kanggo T.B.
St. Aminah Tambak Kêsamben (Blitar). Aku wis tampa layangmu têtêpungan kanthi sênêng. Yèn kowe arêp milu urun lêlucon kanggo T.B. iya prayoga bangêt.
Soewarsi lan Doel Bai p/a R. Soemorêdjo Nyêyoran Jatiroto. Layangmu pitêpungan wis dak tampa kanthi bungahing atiku. Soewarsi, sukur yèn kowe arêp milu urun-urun ngisèni T.B. dak arêp-arêp. Doel, muga-muga kowe bisaa munggah nyang klas IV.
Sena Klathèn. Karangan wis dak tampa, bangêt panrimaku.
Hermin Surakarta. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake kirin layang nyang ibumu manèh sarta isi karangan dêdongengan.
Poedja Oetama Purwokêrto. Ibumu wis tampa layangmu kang isi karangan cangkriman lan etungan, bangêt panrimaku. Nanging pambadhemu bab jenenge Bu Mar luput.
Sri Soerartri Purwokêrto. Bangêt bungahku kowe kabèh padha munggah, lan sukur dene kowe arêp plêsir nyang Bêtawi sarta uga arêp mêrlokake tilik ibumu.
R. Soewardhi Kandangsapi 1/6 Surabaya. Andadèkake bangêt sênêngku kokirimi dêdongengan apik lan kocritani bab darmawisata nyang Bangkalan, lan uga bab kasênênganmu njala. Wah Soe, saiki sarèhne kowe lagi liburan, mêsthine ya banjur njala ya, ndah kaya apa sênênge!
Sarèhne papane wis kêbak, dongèngmu bakal kapacak liya dina bae.
Flasch Gordon''. Gondang-Legi. Malang. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake kirim layang têtêpungan nyang Bu Mar. Dadi kowe saiki lagi vacantie 2 sasi, la ya lawas bangêt ya. Aja kakehan anggonmu mangan bakaran pohung, mêngko la banjur kêlêmon, sabên-sabên wis mbêdhol pohung, banjur dibakar, kok dipangan dhewe. Jare arêp ngirimi gêthuk ibumu. Sênêng ya F.G. nandur dhewe, nganti bisa ngundhuh dhewe. Caritamu bab kaanane kutha Malang, andadèkake kêpengenku wêruh dhewe. Yèn kowe kêsasar ing Bêtawi, gampang anjujuga bae nyang Gang Bungur Jawa No. 8, mêsthi têkan panggonane Bu Mar. Besuk kapan kowe plêsir nyang Bêtawi?
Omemarsait Kêrtêk (Wonosobo). Layangmu isi cangkriman lan lêlucon wis dak tampa, bangêt panrimaku.
Nanging aja pisan dadi atimu, lêlucon ora bisa kapacak, awit kurang lucu. Kowe yèn bisa golèk liya manèh sing luwih apik.
Siti Rahajoe murid Cursus V.O. Batang. Bangêt panrimaku kokirimi lêlucon warna-warna.
Siti, anggone Soepiatdjinah durung mangsuli kirimanamu layang, bokmanawa sabab saka durung kobêr. 1 114 6 [kobêr....]
--- 114 ---
[... 1 114 6]
Amin p/a Joenoes, Poncol 23 Sêmarang. Mula bênêr kandhamu. Min, supaya adrèse bocah-bocah katulis sing cêtha, yèn mangsuli layang, dadi yèn ana bocah sing arêp kirim layang ora susah takon adrèse marang Bu Mar. Kapan kowe ngirimi layang manèh nyang ibumu?
Srisoenarni Rêjosari II No. I Sêmarang. Aku bungah bangêt dene kowe wis tamat anggonmu sêkolah, lan aku uga mathuk bangêt kowe arêp nêrusake sêkolahmu nyang Huishoudschool. Sri, ing Bêtawi ora ana. Kêthoprak kang apik. Kowe nakokake Bu Siti Mariyam. Panjênêngane dadi guru ana ing Bogor.
Soemiwati p/a R. Kadijat Kranggan, Wirosari (S.J.S). Bangêt panarimaku kowe ngirimi layang pitêpungan. Pitakonmu pêrkara Sri Hartini lan Siti Djoharin aku ora wêruh.
Layang-layang liya-liyane bakal tak wangsuli Sêtu ngarêp
Ibumu Mar.
Lêlucon
Wayahe mangan sore
Marsining lan Maryati arêp padha mangan.
Marsini[12] takon : "Ning, Ning, kowe yèn mangan nganggo apa?
Marsining : "Ya nganggo tangan.''
Maryati : "Luput.''
Marsining : "Nganggo apa?''
Maryati : "Ya nganggo cangkêm.''
Arêp mapan turu. Marsining arêp malês.
Marsining : "Ti, Ti, kowe yèn turu kapriye?''
Maryati : "Aku yèn turu ya mêrêm.''
Marsining : "Ora, kowe yèn turu ngompol.''
Ibu : "Cuk, Cuk, geneya kowe ora turu-turu mung omong-omongan wae.''
Cuk : "Wong aku wis turu kok, aku rak lagi nglindur.''
Soerono.
Ana wong adol êndog ing pinggir ratan kang sêsak bangêt. Wong adol êndog: "Piye ta sikilmu, apa ora ana mripate, wong wêruh êndog kok dipidak nganti rêmuk kabèh.'' Wangsulane: "La êndogmu piye apa ora kodèlèhi cangkêm, wong kêpidak kok ora gêlêm bêngok-bêngok.''
Siti Rahajoe, Batang.
Kêbênêran
Kere: "Dara, wau dalu kula nyupêna, panjênêngan maringi sata sakatos dhatêng kula, garwa panjênêngan maringi tèh sakatos.''
Priyayi: "Apa kowe ora wêruh yèn wahananing impèn iku kosokbali?''
Kere: "Sumêrêp ndara! Ingkang maringi tèh panjênêngan, garwa panjênêngan ingkang maringi sata.''
Priyayi gumujêng, banjur maringi kaya sing kaimpèkake.
Handini, Pacitan.
Mèmpêr Wêdhus
Wong jenggot takon marang Kromo: "Ya gene kowe katon susah?''
Kromo: "Mila kula susah awit kula kèngêtan menda kula ical. Yèn kula sumêrêp sampeyan kula kagèt, kula wastani menda kula kêpanggih. Awit jenggoting menda kula kados sampeyan.
Soeprapto, Magêlang.
Lawa
[Grafik]
Bocah-bocah dêlêngên, iki gambar lawa, yaiku kewan bangsaning kalong. Sing ketok anjêrbabah iku kupinge, dene awake mono cilik, lan matane ciyut. Dene wus kinodratake dening kang Kuwasa, kupinge lawa kang samono ambane iku migunani tumraping awake, yaitu[13] nduwèni daya pangrasa lan prayitna manawa lagi mabur, dadi ora bisa numbuk wit-witan utawa apa bae kang bisa njalari apês. Sanajan mabur ing wayah bêngi kang pêtênge andhêdhêt, iya ora sumêlang apa-apa. Kang dadi mêmangsane mung kewan cilik-cilik kang padha mabur, malah kewan-kewan kang kagolong dadi amaning têtanduran kayadene bangsaning walang iya ngimêl. Mulane aja padha milara kewan lawa mau.
--- 115 ---
Mula Bukane Ana Têmbako
Anuju sawijining dina Ratu kang binathara tindak saka Mêkah nyang Mêdinah nitih kapal. Tindake alon-alonan. Dumadakan ana ing satêngahing dalan kapale midak ula. Sanalika iku banjur kolat-kolèt amarga saka larane. Sang Prabu barêng priksa ula mau, enggal têdhak saka kapale. Ula dipundhut sarta diiling-ilingi. Sang Prabu ngêrtos yèn ula mau kapidak jaran. Saking bangêt wêlase ula banjur dilêbokake ing jajane nuli nêrusake tindake. Ora suwe ula mau ngêtokake êndhase lan matur mangkene: "Gusti, kula badhe nyokot panjênêngan.'' Sang Prabu kagèt sarta gumun, dene ana ula bisa tata jalma. Banjur ngandika: "Lho kapriye ta, kowe mau rak dak tulungi, têka saiki arêp nyokot aku.'' Ngandika ngono mau karo ula arêp dibuang. Ula banjur matur manèh: "Saking dhawuhing Gusti Allah kula kêdah nyokot panjênêngan,'' Sang Prabu barêng mirêng, enggal ngulungake astane, karo ngêndika: "O, yèn ngono, ya wis sakarêpmu.''
Ula banjur nyokot astane Sang Prabu.
Mêsthi bae mêtu gêtihe lan rasane lara bangêt.
Ing nalika iku astane banjur dicucup, disêrot wisane. Barêng wisa lan gêtihe wis kakêcohake, ula kabuwang ing kono uga. Sang Prabu nglajêngakên tindake. Sapungkure Sang Prabu, papan (tilas) idu mau mêtu thukulane. Wit mau saya suwe saya gêdhe. Wong-wong ing kono padha gumun, sabab maune ora ana wit-witan sing kaya ngono. Wit mau banjur padha diupakara dening wong ing kono: (wong Islam). Barêng wit mau wis akèh godhonge, padha diundhuhi lan padha dirajang. Padha coba-coba digawe udut lan yèn wong wadon kanggo susur. Nanging padha durung ngêrti jênênge. Barêng Sang Prabu miyos kono manèh, maringi priksa, yèn wit iku jênênge wit têmbako. Lan rasane lêgi tuntung pait. Sing lêgi yaiku kêcohe (idune) Sang Prabu, dene sing pait iku wisane ula mau. Mêngkono wiwitane ana têmbako.
Soedarti, Bantool (Ngayogya).
Tikus lan Gajah
Ana gajah diarak ing wong pirang-pirang ngubêngi nêgara sarta ditunggangi sawijining putri kang endah warnane. Sakabèhing wong padha sênêng-sênêng ndêlêng wujude gajah kang gagah prakosa iku. Ana sawijining tikus wêruh kaanan iku nuli calathu mangkene: "E manungsa, yagene kowe kabèh padha ndêlêng gajah iku lan ora ana siji-sijia kang andêlêng aku? Gajah didêlêng saka gêdhene lan rosane, nanging saka rumasaku aku ora bakal kalah karo gajah iku.'' Sajrone tikus calathu mangkono, dumadakan ana kucing marani lan nggondhol tukus iku lan calathune: "He tikus, saupama kowe gajah, ora bakal kowe kêna tak gondhol.''
Waidjah, Magêlang
Bocah Kêsèd
(Candhake)
Bokne krungu calathune sing lanang, banjur nangis. Darsinah uga krungu têmbunge bapakne, sarta barêng dhèwèke wis arêp turu kaya-kaya iya isih rungonên bae.
Ananging Darsinah anggone turu ora suwe, awit kagèt krungu swara sêru ing kamar. Ing sarèhne ing jêro kamar mau pêtêng, Darsinah dhisike ora bisa wêruh apa-apa, ananging saya suwe barêng mripate wis rada suwe ing pêtêngan mau, dhèwèke banjur wêruh wong wadon cilik-cilik pirang-pirang lagi padha njogèd lan nyandhang sarwa abang. Wong pirang-pirang mau padha nêmbang. Saya suwe têmbange saya sêru lan padha njogèd ngubêngi Darsinah. Saiki Darsinah krungu cêtha, yèn têmbange mau nyaritakake: manawa Darsinah bocah kang kêsèd, èlèk atine sarta wajib disiksa.
Wong-wong sing cilik mau saya suwe saya nyêdhaki nganti Darsinah wêdi lan gila. Sajrone wêdi mau, dhèwèke bêngok-bêngok mangkene: "O, bok, bok, tulungana aku, akèh wong sing arêp padha milara awakku!''
Sanajan êmbokne lagi lara bangêt, nanging mêksa marani anake, anjupuk alu kanggo mênthungi mêmêdi sing arêp nyikara anake wedok.
Alu banjur dipênthungake ing lêmah. Bapakne barêng krungu pamênthunge nuli kagèt bangêt, nyumêt diyan, supaya wêruh kaanan kang gawe kagèt mau.
Barêng wis padhang, Darsinah, bapakne lan êmbokne padha wêruh, manawa klasane kêbak sawêrnane isi wowohan... isi kang dislêmpit-slêmpitake ing ngisor klasa dening Darsinah! Darsinah banjur ngêrti, yèn isi-isi mau kang arêp nyikara awake.
Karo nangis Darsinah banjur saguh marang bapakne lan êmbokne yèn ora manèh-manèh arêp nglakoni kaya sing uwis-uwis, yaiku kêsèd.
Êmbokne banjur enggal waras, saka pangrumate anake wadon lan bapakne anggone nyambutgawe kanthi sênêng, awit anake wadon banjur dadi srêgêping gawe kêna banggo[14] tuladha bocah wadon liya ing desa kono.
Cuthêl.
--- 116 ---
Critane Antêping Jaka
(Candhake)
Sawise padha sumurup yèn bok sudagar wis ngajal, kabèh padha gêguyuban urun apa kang dadi kaprêluwane lan uga padha katon sêdhih. Sawise mayit karumat rêsik, samono uga piranti wis padha cumawis, kira-kira jam 5 sore padha bêbarêngan anggone ngubur, bab wragad lan liya-liyane kaprêluwan ora ana kang kuciwa, jalaran kyai sudagar mau dhasar wong kajèn keringan tur cukup.
Sawise mayit diopèni sarampunge, tumuli padha bali mulih mênyang omahe kyai sudagar, arêp padha ngrewangi anane ing omah, lan uga arêp nglêlipur atine kyai sudagar saanake supaya bisa lilih susahe.
Kyai sudagar mula iya susah bangêt, apa manèh anake lanang sambate ora lèrèn-lèrèn, lan uga dadi jaganane wong saomah. Ora ngira ora nyana, yèn têkane mau supaya ndêlok patine êmbokne.
Sajrone saminggu kyai sudagar durung bisa nyambutgawe apa-apa jalaran tansah kêdunungan ati sêdhih. Anggone sêdhih mau, ora mung kèlingan bojone bae, nanging wêlas nyang anake lanang kang mung siji thil iku.
Tangga-tangga sauwise bok sudagar ngajal, sanadyan kyai sudagar wis cukup umure lan dawa nalare, nanging mêksa ora kêndhat-kêndhat anggone nglêlipur, awit kuwatir, yèn kyai sudagar nganti lali nindakake pagawean kang ora pantês, mulane ya padha anjaga bangêt.
Sarèhne Sucipta lagi nêmahi kasusahan mangkono, banjur kongkonan bature sowan mênyang dalême R. Sujana pêrlu ngaturake kaanane lan uga nyuwunake pamit saminggu manèh lan muga kêrsaa ngaturi kabar marang gurune si Sucipta.
Anuju sawijining dina, sawise kyai sudagar rada lipur atine, banjur ngundang anake lanang, dituturi mangkene: "Thole, aja tansah dipikir bab patine êmbokmu, awit wis pêsthine lan wis dadi kêrsane sing Kuwasa, saiki mung muji, êmbokmu bisaa olèh dalan kang kêpenak. Ananging ati sêdhih, panlangsa lan liya-liyane kang dadi ora bêcik, iku ilangana kabèh, sawijèkna pikiranmu, karo udinên pasinaon lan pasuwitanmu.''
Sajrone si Sucipta dikandhani bapakne, sakêcap ora mangsuli, mung tansah ngusapi êluhe kang crocosan, kèlingan êmbokne. Dadi pituture bapakne mung disauri tangis bae, nanging uga dirasakake.
Mundhak dina mundhak ilang sêdhihing ati, si Sucipta banjur kèlingan mênyang bêndarane, karo manèh bab anggone sêkolah, wêdi kalah karo kanca-kancane sarta rumasa eman bangêt ninggal nyang pasinaon. Luwih-luwih barêng eling sok dipituturi lan didongèngi bab anane nêgara gêdhe, kang beda bangêt karo kaanan ing kuthane dhewe, rumasa wis ora ana sing ngganduli manèh, saupama arêp lunga ninggal desane dhewe. Niat kang kaya mangkono bapakne ngrujuki bangêt, dadi saiki mung kari ngêntèni tamating sêkolah, jalaran iku kang kêna kanggo gêgaman golèk sandhang pangan, karo manèh dipituturi dening bapakne, wong ing ngalam-donya iku ora mung pinaringan raga, nyawa lan tênaga bae, nanging uga pinaringan rêjêki kang kêna kanggo nyambung umur. Dene gêdhe ciliking rêjêki mau ora kêna pinêsthèkake, miturut nyang anane dhewe-dhewe, luwih-luwih yèn anduwèni dhêdhasar sabar tawêkal, ichtiar, ing kono bisa andadèkake kêpenaking awak.
Pêrkara anggone kèlingan bokne iku kudu diilangna babarpisan, disalini pikiran mangkene: wong mati wis karuwan, ora nyangga apa-apa, balik sing isih bisa ngrasakake ananing jagad kapriye, saupamane tansah ngèlingi wong kang wis ora ana, mangka kudu mangan, nyandhang lan liya-liyane kabutuhaning wong urip, kabèh mau ora bakal têka dhewe, yèn ora sarana digolèki lan manèh nitik ananing jagad sangsaya akèh kaundhakane.
Barêng wis wayahe bali mênyang pasuwitan, ora kanthi dikon dening bapakne, si Sucipta pamitan lan calathu yèn sabisa-bisa arêp ngilangake panlangsane lan arêp ngèstokake anggone sinau lan nyuwita. Bangêt andadèkake sênênging bapakne barêng krungu kandhane anake lanang, yèn arêp ngajokake têmênan bab ananing pasinaon. Saka bungahe kyai sudagar, rèhning anake anduwèni kêkarêpan dhewe lan pangrasa, mungguhing piwalêse wong dibêciki ing wong, niyate bapakne uga arêp ngêtêrake ngiras arêp matur mungguhing bab kaanane dhèwèke kang wis ditêmahi.
Sajrone mlaku ora nganggo nolah-nolih manèh, sabab samubarang kang tinêmu ing sadalan-dalan ora ana kang agawe sênênging ati, pangrasa tansah nyêdhihi, bokmanawa jalaran ngênut mênyang kang ndêlok lan ngingêtake kêpengine kêtêmu karo bêndarane ora ana padhane, mulane lakune tansah dienggalake. Ora antara suwe banjur têkan ing dalême bêndarane.
Sawuse bage-binage lan lêlungguhan sinambi ngombe wedang, kyai sudagar banjur matur bab kaanan ing omahe sing wis ditêmahi, saka wiwitan nganti tumêkaning wêkasan.
Kabèh kandhane kyai sudagar ora ana kang andadèkake gêguyon, nanging tansah dadi marganing ati sêdhih. Radèn Sujana banjur nglêlipur kyai sudagar, ngêndikakake bab anane dadi wong tuwa anggone ngupakara anak, anane wong lakirabi, lan bocah dikawulakake, kabèh mau ditêrangake kanthi cêtha supaya bisa ngrêti têmênan, dadi ora ilang pangandikane. Kabèh mau ora ana kang ora ndadèkake lêganing pamikire kyai sudagar. Paturane kyai sudagar kêjabane matur nuwun uga matur bakal ngèstokake apa kang dadi dhawuh pangandikane.
Ana candhake.
--- 929 ---
1 | pirantosi. (kembali) |
2 | ngantos. (kembali) |
3 | lentha-lenthe. (kembali) |
4 | ngèndêlakên. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: mring kang para kêpêtêngan. (kembali) |
6 | Hyang. (kembali) |
7 | ngêgungna. (kembali) |
8 | sinungkên. (kembali) |
9 | Guru lagu seharusnya, 8o: pindha dhudhah mayit bosok. (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: miwah ana anggêring Hyang Maha Agung. (kembali) |
11 | suwung. (kembali) |
12 | Marsining. (kembali) |
13 | yaiku. (kembali) |
14 | kanggo. (kembali) |