Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 60, Rê, Wa: 20 Jumadilawal, Ehe 1868, 28 Juli 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Rêdi Mêrapi - Pakaryan ing Dhukuh Batur - Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I - Kawontênan ing Inggris - Para Pandhu tanah ngriki ingkang dhatêng nagari Walandi - Srimpi ing Karaton - Blilu Tau - Bab Lampahipun Kolinis dhatêng Tanah Sabrang - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita

Rêdi Mêrapi

[Grafik]

Sêsawangan griya ing sukuning rêdi Mêrapi, Sumatra, dipun tingali saking Bukit Tinggi.

--- 930 ---

Kawruh Sawatawis

Pakaryan ing dhukuh Batur

Sambêtipun Kajawèn Nomêr 59

Lamus punika ingkang kadamêl wacucal lêmbu, nanging kêdah wacucal klocopan, sanès wacucaling lêmbu kêletan.

Paprincèn waragad damêl kêjèn, kados ing ngandhap punika: sabên salêburan, ngangge kowi 9 iji, rêgi à f 0.02 ... = f 0.18

Waja 2 dhacin, rêgi à f 0.90 …….. = f 1.80

Arêng 5½ dhacin, rêgi à f 0.60 …. = f 3.30

Tapêl, 180 …………………….…... = f 0.21

Kuli 2 à f 0.35 …………………….. = f 0.70

________

gunggung ………………………... = f 6.19

dadosipun kêjèn agêng 180 à f 0.04 ... = f 7.20

________

Bathinipun namung ……………. = f 1.01

Pêpetangan waragad samantên wau sampun kagolong irid.

Ing taun 1918, ing dhukuh Têgalsari ingkang têpang watês kalihan dhukuh Batur, saha ugi tunggil padamêlan, wontên sawênèhing tiyang ingkang sagêd gadhah rekadaya damêl pirantos alit-alit kabêtahanipun pabrik rosan, pabrik sêrat, pabrik panggilingan pantun, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang aslinipun waja, kuningan, bangsaning timbêl, tuwin alimunium, patraping pandamêl ugi kados damêl kêjèn. Rekadaya makatên wau lajêng sumêbar dipun tiru dening tiyang ing Batur, padaganganipun saya wiyar têbanipun, sagêd angsal langganan saking pabrik, toko, tuwin sanèsipun. Wiyaring têbanipun ngantos dumugi ing Banyumas, Cirêbon, mangetan dumugi talatah Banyuwangi, bêbathènipun ugi botên sakêdhik, sagêd tikêl tiga kalihan pawitanipun, kapara langkung. Dene manawi angsal wêlingan ingkang sawatawis agêng, ingkang botên nyêkapi manawi dipun atindakakên mawi bonggoling pisang, patrapipun lajêng dipun cithak wontên ing siti, patrap makatên wau malah nyuda waragad. Wiwit kala samantên cacahing tobong panglêburan lajêng mindhak, nanging dumuginipun sapunika sampun suda, kantun wontên tobong 8.

Ing sarèhning pakaryan wau madêg piyambak-piyambak, saha botên ngudi karukunan, tumindaking panyade lajêng jor-joran mirah, wêkasan dumugi wêkdal punika kajawi suda tampinipun wêlingan jalaran tutupipun pabrik-pabrik, bêbathènipun ugi lajêng botên wontên. Mirid kaprigêlanipun tiyang ing ngriku, ingkang sampun dipun anggêp saha dipun ajêngi dening pabrik-pabrik, toko tuwin sanès-sanèsipun, ingkang adatipun mêling dhatêng Eropah, lajêng sagêd dipun tindakakên dening tiyang ing Batur. Măngka sapunika nama risak karukunanipun, amila parentah lajêng manggalih nuntun dhatêng karukunan tuwin ajênging padaganganipun. Ewadene wohipun dèrèng nglêgakakên.

Mar, Ngawăngga, K.No. 4052

--- 931 ---

Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I

Pêparab lan dêdongènganipun.

Ing sadèrèngipun ngandharakên suraosing irah-irahan ing nginggil punika, prêlu nêrangakên rumiyin, awit saking namaning paguyuban ananggapi centhangan (nut) rêdhaksi ing Kajawèn nomêr 44: taun punika.

Suraosing centhangan wau namung kaot sakêdhik kalihan ingkang sampun-sampun, têrangipun makatên:

Ha: Rumiyin warga punika kaperang dados tigang golongan: warga limrah, warga mulya sarta warga darma. Warga darma punika kangge tiyang sajawining darah sarta bêbadan sanèsipun, sarta botên ambedakakên bangsanipun, sadhengah băngsa sagêd malêbêt sarta sagêd katampi dados warganing paguyuban darah tus Pajang wontên ing golongan warga darma punika. (Mirsanana Kajawèn 44).

Na: Mirid suraosing centhangan: rêdhaksi paring pamrayogi supados tiyang sanès sagêd malêbêt dados warganing paguyuban botên namung dados warga darma kemawon, nanging sagêd dados warga limrah sarta warga mulya, kados para darahipun, kanthi botên kabedak-bedakakên.

Usul punika salajêngipun kula lantarakên dhatêng pangrèh agêng, supados dados panggalihan. Nalika dintên Minggu Kliwon tanggal ping 4 Juli 1937 pakêmpalan damêl rêpat pangrèh, kajawi ngrêmbag sanès-sanèsipun, ugi ngrêmbag usulipun rêdhaksi kajawèn wau. Kanthi cêkak kula kabarakên: usul wau katampi, dene sahipun badhe kaputus wontên parêpatan warga benjing 8 Agustus 1937. Pangrèh ngaturakên gênging panuwun dhatêng rêdhaksi kajawèn, dene sampun karsa sarta cawe-cawe dhatêng adêging paguyuban darah tus Pajang. Dados wiwit ing sapunika, sintêna kemawon lan sadhengah băngsa, sagêd dados warganing paguyuban, sanajan botên wontên sêsambêtanipun waris utawi darah.

Samangke kaparênga ngrêmbag pêparabipun ingkang suwargi, sarèhning pêparabipun punika kathah, mekani sêling-sêrêping panampi, kamanah prêlu pangrèh anggênahakên prakawis punika, kenginga kangge ular-ular. Namung manawi wontên ingkang kagungan panggalih sanès, mugi kaparênga maringi sêrat dhatêng pakêmpalan, sampun ngantos kadhapur pabên. Pamanggih ingkang badhe kula aturakên ing ngriki punika sêsêrêpan saking pangudinipun pèrês kumisi, ingkang sampun dipun rujuki kalihan pangrèh agêng.

1. Pêparab Tus Pajang

Wontênipun pêparab makatên asli saking pangandika dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm P.B.III nalika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Amargi miturut salasilah, ingkang suwargi punika turun Sinuhun ing Pajang pancêr kakung, dados saking panggalih dalêm kagalih kandêl ka-Pajanganipun, lan mèmpêr yèn taksiha kasèrènan kasêktèn sarta kalangkungan kados ingkang nurasakên.

--- 932 ---

2. Pêparab Tu-(tu)s Kajang

Asli paraban saking Kangjêng Ratu Kancanawungu, pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun P.B. III, jaman Kangjêng Ratu Bêruk. Awit ing sadangunipun Ingkang Sinuhun P.B. III wuru ing asmara dhatêng Kangjêng Ratu Bêruk, ingkang suwargi punika inggih dados utas-utusan sinandi sêsambêtan dalêm kalihan kêkasih dalêm. Lêkasipun ingkang suwargi punika kawadaka ing Kangjêng Ratu Kancanawungu, satunggiling putri ingkang kêras panggalihipun. Saking sangêting pamuringipun, sampuna ingkang suwargi punika andhêlik, masthi ngraosakên dêduka dalêm Kangjêng Ratu Kancanawungu. Awit saking mungêd-mungêdipun, botên karsa ngandika tus Pajang, nanging tutus kajang.

3. Pêparab Pasiyun

Pêparab punika asli saking Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P.B.II. Wontênipun dipun parabi makatên, saking samukawisipun ngêplêki ingkang rama, Radèn Tumênggung Arya Padmanagara, ingkang asmanipun timur Radèn Bagus Maryunani. Dados pasiyun, kajêngipun pas karo Si Maryunani.

4. Pêparab Kyai Ngabèi Pasliyun

Yèn wontên prêlu dalêm dhatêng tuwan oprup (Opperhoofd) ingkang kautus suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I, makatên ugi kosokwangsulipun yèn tuwan oprup gadhah prêlu dhatêng kraton, ingkang minăngka lantaran inggih ingkang suwargi punika.

Dening tuwan oprup, jaman Ingkang Sinuhun P.B. II, dipun parabi Kyai Ngabèi Pasliyun. Têrangipun makatên:

I. Ing jaman Pakêpung, inggih punika jaman: Bahman, Nur Salèh sarta Tumênggung Wiradigda, guru dalêm ingkang lajêng kakendhangakên, awit nuwuhakên rêtuning praja, darêdahipun parentah Walandi lan karaton. Ing jaman Pakêpung punika awit saking kaprigêlanipun ingkang suwargi, darêdahing Walandi lan kraton sagêd sirêp sarana aris. Ing dalêm ura-uru punika ingkang suwargi katitik têtêp ing sêpuhipun, sêpuhing yuswa lan sêpuhing panggalihanipun, sagêd marangkani bêtahipun Walandi lan prêluning kraton, ngantos manggih karahayon. Punika dipun parabi: Kyai Ngabèi.

II. Awit saking dados ajidan dalêm sarta dados kèngkènanipun tuwan oprup, ingkang suwargi kaparaban Pasliyun, ingkang têgêsipun tukang kengkenan utawi palayangan.

[Grafik]

Cungkup pasareyanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Pêngging.

Pasliyun wau aslinipun saking têmbung Walandi Postiljon

--- 933 ---

saking têmbung Fransch: Postillon têgêsipun: postvoerman, postbode utawi postrijder, ingkang cara Jawinipun juru kengkenan utawi palayangan.

Jaman oprup punika suwakipun nalika Sinuhun P.B. IV akir, măngka ingkang suwargi mênangi 15 taun. Dados salêbêtipun tuwan oprup: Kupman Barjan pan Newe, utawi Pan Dhên Bèrêh (kasêbut ing sêrat Catur Manggala).

Têmbung Pajang punika mèh dados pêparab turunipun ingkang suwargi.

1. Putra: Radèn Tumênggung Sastranagara (Yasadipuran II) nalika taksih pangkat jajar carik kadipatèn anom, asma: Pajang Wasistha.

2. Wayah: Radèn Ngabèi Rănggawarsita II ingkang sumare ing luwar Batang Batawi, nalika dados carik kadipatèn, asma: Pajang Swara, katêlah: Panjangswara, saking saening swara lan landhung napasipun.

3. Buyut: Radèn Ngabèi Rănggawarsita III pujăngga, sumare ing Palar, nalika dados carik kadipatèn anom, asma: Pajang Anom.

[Iklan]

R: Sasrasumarta

Waosan Enggal ing Kajawèn

Ngaturi uninga, waosan: Saribang sampun mèh tamat. Kados para maos lajêng sagêd manggalih dhatêng sêngsêming waosan: Saribang wau.

Ing satamatipun waosan: Saribang, badhe santun waosan ingkang kalangkung nêngsêmakên, inggih punika waosan: jaman Ruslan kabawah Prabu Wladimir.

Cariyos wau sêngsêmipun sairib cariyos Jawi, taksih wontên kaelokan-kaelokan tuwin dhapukaning cariyos ugi angiribi. Ewasamantên pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, kapitadosan ingkang kados makatên punika botên dipun wigatosakên, namung sêngsêming cariyos ingkang têtêp botên ewah.

Ing pangajêng-ajêng mugi waosan enggal wau andadosna karênanipun para maos.

--- 934 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Inggris

Pinanggihipun wontên ing wêkdal punika, tumrapipun Inggris langkung migatosakên dhatêng wontênipun paprangan ing Sêpanyol, amargi tansah kagêpok ing bab punika.

Mirid wawasanipun Inggris, supados paprangan ing Sêpanyol punika dipun anggêpa kados paprangan yêktos ingkang tuwuh saking tiyang sanès, inggih punika pêranging nagari kêkalih, dados botên dipun anggêp bilih punika namung paprangan pasulayaning sadhèrèk. Amargi manawi dipun têtêpakên makatên, tumrap nagari sanès lajêng botên kenging ilon-ilonên. Nanging ugi wontên kuwatosipun sakêdhik, manawi kalampahan makatên têmtu badhe kathah prajurit manasuka ingkang malêbêt dhatêng Sêpanyol.

Pamawasipun Inggris ingkang makatên wau mêngku kajêmbaran ingkang sarwa wigatos, tumrap panganggêp têtêping paprangan, punika kangge anjagi murih têtêp adêging nagari ingkang sapunika sampun katingal anggènipun sami ngêmori damêl. Nanging tumraping prajurit manasuka botên kenging dipun pambêngi lêbêtipun. Măngka salugunipun, prajurit manasuka punika ugi atêgês awak-awakaning nagari. Mila tumrapipun Inggris botên kêndhat anggènipun tumindak anjagi tata têntrêming sadayanipun.

Kados ingkang sampun kalampahan, Jêrman tuwin Itali sasampunipun mêdal saking golongan anjagi tata têntrêm, malah lajêng katingal anggèning nindakakên damêl wontên ing sagantên têngah, inggih punika kangge ngayomi layaran ing ngriku, sampun ngantos kenging panggodhanipun golongan abrit saking Valencia. Nanging pinanggihipun wontên ing ngriku, katingal wontên wadya mardika minggah ing Malaga, nanging tumraping Jêrman pratela bilih inggahing wadya wau badhe prêlu kangge anjagi gêgayutanipun kalihan Tsjecho Slovakije.

Katrangan ingkang kados makatên punika sayêktosipun tumraping Inggris dèrèng damêl marêm, malah ugi nguwatosakên, saupami sêdya wau manjing kasujananipun Jêrman ingkang tumuju dhatêng Tsjecho Slovakije, ugi malah langkung nyamarakên, botên sande badhe nuwuhakên ontran-ontran ingkang sakalangkung rame. Mila bab punika lajêng dados wawasan sakalangkung mindêng.

Ing ngriku Inggris lajêng ngawontênakên usul ingkang ngengingi pundi-pundi, inggih punika :

1. Supados para nagari ingkang gêgayutan paprangan ing Sêpanyol sami anocogi dhatêng ancas anggènipun botên angêmori damêl babagan salêbêting nagari Sêpanyol, tuwin angundurna wadya manasuka ngamănca saking wêwêngkon Sêpanyol.

2. Supados Jêrman dados warga Polkênbon malih, sampun ngantos namung badhe mêncil piyambak [piyamba...]

--- 935 ---

[...k] ing babagan pulitik punapadene ekonomi.

3. Adamêl prajanjian botên têmpuh-tinêmpuh tumrap Jêrman kalihan tăngga têpalih nagari ing Eropah sisih kilèn, tuwin migatosakên dhatêng wontêning wadya gêgana. Tuwin,

4. Ngawontênakên parêpatan nagari pundi-pundi babagan ekonomi kangge andandosi padagangan ing donya, tuwin nyingkirakên sabab-sabab ingkang nuwuhakên risaking ekonomi.

Rêmbag usulipun Inggris ingkang kados makatên punika badhe jêmbar sangêt pikantukipun, awit kajêngipun namung ngudi dhatêng katêntrêman. Dene cara ingkang tumindak ing sapunika, Inggris têtêp ngawontênakên kapal-kapal pajagèn tumrap lampah layaran ing Sêpanyol. Kapal ingkang labuh ing palabuhan Sêpanyol kêdah nglapurakên punapa bêbêktanipun.

Kajawi punika kawontênakên tatanan ingkang amrih ngadilipun tumrap ingkang sami paprangan. Usul ingkang katumrapakên dhatêng ingkang sami paprangan: supados pratelaning barang-barang ingkang dipun anggêp pêtêng, samia kadosdene barang-barang ingkang dados awisaning kumisi nagari momoran, tuwin kaping kalihipun, kapal-kapal ingkang mawi bandera paniti tuwin bandera ing kapal pambantu, linêpatakên ing panguwaosipun ingkang sami pêpêrangan, kadosdene lampahing kapal-kapal ing pasisir Sêpanyol ingkang botên tumuju dhatêng palabuhan-palabuhan ing Sêpanyol.

Makatên malih sawarnining kapal ingkang mawi tăndha bandera utawi botên, pundi ingkang narajang awisan, upaminipun ambêkta wadyabala utawi suka tăndha dhatêng golongan militèr, tuwin sanès-sanèsipun, dipun lokakên ing sadosanipun.

Kados makatên kawontênanipun Inggris kalihan gêgayutaning paprangan ing Sêpanyol.

Sêsorah ing Radhio Saking Bale Pustaka

Benjing dintên Ngahad sontên, tanggal 1 Ogustus 1937, wanci ½8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Panji Narawăngsa. Ingkang mêdhar sabda tuwan Suwignya.

[Iklan]

--- [936] ---

Para Pandhu ing Tanah Ngriki Ingkang Dhatêng Nagari Walandi

[Grafik]

Ingkang kacêtha ing gambar punika, lampahing para pandhu saking tanah ngriki ingkang badhe tumut jambore wontên ing nagari Walandi, nalika wontên salêbêting kapal. Dene sapunika para pandhu wau sampun dumugi nagari Walandi, saha sampun kalampahan anjênêngi jambore. Dhawah ing dintên têmpuking damêl wau pinanggih sakalangkung rame.

Gambar têngên ingkang nginggil piyambak, para pandhu nalika urmat inggahing bandera.

Têngah, para pandhu sami main catur wontên ing kapal. Ing ngriku katingal anggèning sami ulah èngêtan.

Ngandhap piyambak, para pandhu sami main musik cara Ambon.

Sisih kiwa, pandhu kêkalih nalika sami wontên papan patilêman ing salêbêting kapal. Ing ngriki cêtha wujuding gêgambaranipun tiyang wontên ing sabaparan.

--- 937 ---

Srimpi ing Kadhaton

[Grafik]

Ingkang dipun wastani srimpi, punika pinanggihipun wontên ing jaman rumiyin, taksih awis tiyang ingkang sumêrêp, awit srimpi punika dados lêlangên dalêm nata ingkang namung dipun gêbyagakên wontên ing salêkêting[1] kadhaton, kajawi punika ugi asring kagêbyagakên wontên sajawining kadhaton, inggih punika wontên ing loji. Ingkang dipun wastani loji punika ing dalêm karesidhèlên,[2] sapunikanipun ing gupêrnuran. Dene wêdaling lêlangên wau anyarêngi manawi panjênêngan nata têdhak maratamu dhatêng loji wau, manawi nuju taun raja tuwin sanèsipun, ingkang umumipun dipun wastani: têdhak loji. Sanèsipun punika awis sangêt kalangênan dalêm srimpi punika mêdal ing jawi.

[Grafik]

Nanging pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, ingkang dipun wastani srimpi wau sampun sumêbar dipun sumêrêpi ing ngakathah, dening kêrêp kawrat wontên ing gambar-gambar, namung wujudipun beda kalihan ingkang dipun wastani kados ing jaman kina wau. Malah

--- 938 ---

kêtêlahipun wontên ing Jawi, bêksa tuwin tatanan ingkang sairib makatên, lajêng dipun wastani srimpi, dados ugi lajêng lèrèg ingkang sumrambah wau kagunan ing bab bêksanipun, inggih punika bêksa wanita.

Bêksa wanita wau ing sapunika sampun sumrambah tuwin dipun anggêp satunggiling kagunan linangkung dening băngsa ngamănca, mila kathah para wanita ngamănca ingkang sami nyinau bêksa wau, saha ing sapunika ugi sampun tumular dumugi Eropah, Amerikah tuwin sanès-sanèsipun.

Ingkang kacêtha ing gambar punika, nginggil, srimpi ingkang kagêbyagakên ing kadhaton amarêngi nalika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sowan dhatêng kadhaton, prêlu nyuwunakên ngabêkti putra ingkang badhe kaparingan sêsêbutan arya saha putra ingkang badhe supit. Gambar satunggalipun, ugi para ingkang sami bêksa Srimpi, mangangge gagrag sanès. Ing ngriki prêlu kapratelakakên, gambar saking sisih kiwa, punika Nyonyah Domis, tuwin Nyonyah Renijker, guru kagungan dalêm sêkolahan Pamardi Putri.

Blilu Tau

Anggitane: Wirya Wiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

[Kinanthi]

Cêkake Si Wana tulus | dikukup kaki undhagi | ora olèh lunga-lunga | yèn atine durung lilih | besuk yèn wis têntrêm gampang | saupama arêp mulih ||

Si Wana manut miturut | ing batine bangêt wêdi | nadyan wis dirêngkuh kadang | isih têtêp angajèni | rumasa wis kêpotangan | batin nêdya malês bêcik ||

tansah sêtya lan mituhu | ora mogok diprentahi | sabên ana pagawean | enggal anggone nandangi | ora tau ngadhuh ngêsah | abot ènthèng dilakoni ||

pagaweane sing têmtu | dhudhuh macul bêsik-bêsik | kala-kala milu nukang | nanging mung ngrewang-rewangi | ngiras karo ajar-ajar | jare bèn kulina dhisik ||

brêkah tabêrine iku | sadhela bae wis ngrêti | marang lakune nênukang | mundhake saka sathithik | yèn lurahe anggêgarap | Si Wana milu nandangi

sakawit nganggo dituntun | sarta diawat-awati | manawa ana sing salah | trêkadhang sok disrêngêni | nanging Wana malah bungah | rumasa isih dipikir ||

êlêt sawatara taun | Si Wanajaya wis ngrêti | ngrêtine ngrêti têmênan | kêna disêbut undhagi | banjur wiwit ngupajiwa | sing bisa ngêtokke asil ||

19. Durung bisa kumpul

barang gawe dipikira dhisik | iku kanggo waton | yèn wis maton lagi ditindakke ...

Mijil

Wanajaya wiwit ing saiki | pulih dadi uwong | lire uwis bisa madêg dhewe | saya suwe sangsaya kêsait | marga ngati-ati | dhêmên akêklumpuk ||

nganti bisa yasa omah bêcik | ganêp dalah prabot | barêng ngrasa wis mapan uripe | banjur eling marang anak rabi | arêp diboyongi | karbèn bisa kumpul ||

Badhe kasambêtan.

--- 939 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab lampahipun kaum kolonis dhatêng tanah sabrang

I.

Garèng : Wèh Truk, nèk nitik katêranganamu sing ngalur-alur kuwi mau, sajake kok: kêmripik kaya krupuk mêngkono. Ing sarèhne jarene kowe mêntas niliki kaanane ing kolonisasi-kolonisasi, iya ing Lubuklingga, apadene ing Lampung, mêsthine kowe rak bisa andongèngake kaanane kaum kolonis, ana ing dalan nganti tumêkane ing kana pisan, apa dikêni-kêni, apa diladaki.

Petruk : Aku iki ngêtutake nganti têkan ing panggonane pisan, Kang Garèng, yaiku saka Tanjung Priuk tumêkane ing tanah kolonisasi ing Lubuklingga, dadi anêksèni nganggo mripatku dhewe, ora nyilih mripate wong liya. Sasumurupku, tansah jinaga kanthi têmênan kae, Kang Garèng.

Garèng : Iki bisa uga ana sabal[3] rong prakara, Truk, kang kapisan, sabab wong-wong mau dibutuhake têmênan, mulane iya dikêni-kêni bangêt, kang kapindhone, yèn ora dijaga bêcik-bêcik, mêngko gèk kowe... andalêming nyang ngêndi-êndi.

Petruk : Rong prakara kang kok kêdumêlake mau, kaliru kabèh, Kang Garèng. Kang kapisan: kana ora butuh karo wong-wong mau. Kaya sing wis tak kandhakake bolak-balik, balik-bolak, nagara kagungan ada-ada ambukak lêmah anyar kanggo kolonisasi, kuwi krêsane arêp paring dalan marang băngsa Jawa, kang wis kaslêpêg uripe ana ing tanahe dhewe, jalaran saka kakehan wong, nganti ora duwe apa-apa, kajaba paribasane mung: kathok thok, supaya ana ing kana bisa olèh panguripan kang lumayan. Ing sarèhne wis karsa paring dalan, banjur dikumplitake, wong-wong mau sabisa-bisa iya kudu tansah dijaga ing kaslamêtane, sabisa-bisa iya aja nganti ana wong têkan ing kana mung kèri ... ngumbah bae upamane. Dene mungguhing aku, wong liya ora prêlu rikuh-rikuh, sabab yèn aku iki, sanadyan rada mambu-mambu jurnalis, nanging jurnalis ... tutut.

Garèng : Haiya sukur, nèk rumasamu mêngkono, saiki wiwitana carita kêpriye lakune kaum kolonis ana ing sadalan-dalane.

Petruk : Anggonku anêksèni dhewe, munggah ing kapal ana ing Tanjung Priuk, Kang Garèng, ing kala samono aku karo kaum kolonis sajake tunggal sèh, Kang Garèng. Sing tak arani tunggal sèh iki, mangkene: tumrape kaum kolonis, nunggang kapal kang lagi sapisan-sapisane, tumrape awak inyong ... idhêm, alias, sami mamawon.

Garèng : Wèh, ing sarèhne nunggang kapal kang kapisane, mêsthine iya pênting, mara, ambok iya caritakna, rasane nyang ati kêpriye kuwi.

--- 940 ---

Petruk : Wah, Kang Garèng, rasane atiku: sir, sir, ngono kae, luwih manèh sabab adhimu Makne Kamprèt anjujugake têkan ing kapal. Atiku krasa: sir, kaping pindho, sabab, sir: kang kapisan aku kapêksa kudu pisah karo Makne Kamprèt, ing măngka lawase nganti kurang luwih sangang dina, mulane ana ing ngarêpe Makne Kamprèt, lambeku iya juwewak-juwèwèk mung kèri ngoronge bae. Lho, samono rasane wong arêp pisah bojo. Nanging kapriye manèh, samono abote wong arêp anglakoni ayahaning nagara.

Garèng : Kuwi wis dadi watake wong lanang, anggêre karêp pisahan karo bojone, ana ngarêpe sing wadon iya disusah-susahake, digawe mêmbik-mêmbik, bokmanawa nganggo disaranani ngangluh mangkene barang: O, alah, bune têka samene abot ta wong golèk pangan, kudu kapêksa pisah karo bojone. Nèk sajêrone aku lunga iki, kowe nganti kêpriye-kêpriye, gèk sapa sing arêp kosambati, sapa sing arêp mulasara lan ngopèni kowe, mulane sing mantêp nênuwunmu marang ingkang kuwasa, supaya karo-karone, iya kowe utawa aku, sajêrone padha pêpisahan iki, pinaringan slamêt ora kurang siji apa. Nanging bojone lagi mungkur bae, wis: ha - ha - hak, ha- ha - hak, solo, loso, dadi jaka manèh, aku, sèh, bisah sêsukak-sukaknyah ...

Petruk : Haiya, wong ngukur klambi kuwi iya mêsthi karo badane dhewe. Nèk aku ora pisan-pisan anduwèni pikiran kang mangkono kuwi, sing dadi pikiranaku, ngêmungake mangkene: ladalah, pakansi sangang dina. Dene: sir, kang kaping pindho, aku iki salawase urip durung tau nunggang kapal, ora wurung iya mêsthi didhayohi mas lara: mabuk laut. Luwih-luwih barêng krungu suwara ing êdhèg, papane para kaum kolonis, mangkene: ho - wèk, ho - wèk, ha - ha - hak, hi - hik. Ing wêtêngku andadak pating pênjêput lan pating kruntêl, ...

[Grafik]

Garèng : Mêngko sik, Truk, kuwi suwara apa, kathik pating: howèk, pating: hahak, hihik.

Petruk : Sing howèk-howèk, kuwi wong-wong sing padha karawuhan mas lara mabuk laut, dene sing: hahak, hihik, kuwi suwarane wong-wong sing padha tahan marang panggodha gawene ombaking sagara.

Garèng : Omongmu iki kok rada ngayêm-ayêmi atiku, Truk, sabab ing kono aku banjur bisa duwe gagasan: wong-wong kaum kolonis kuwi sêmune ora padha cilik atine, [ati...]

--- 941 ---

[...ne,] nanging malah kosokbaline, ingatase lagi sapisan-sapisane nunggang kapal, ingatase arêp lunga adoh lan ora mêruhi kaanane papan sing bakal dijujug, lan ingatase ana kancane sing padha mabuk laut, kok isih padha gêguyon, padha sênêng-sênêng. Lho, iki rak nandhakake, yèn padha gêdhe atine, padha gêmbira, padha sênêng atine, awit mêsthine wong-wong mau padha anduwèni pangarêp-arêp kang bêcik, pangarêp-arêp bakal olèh panguripan kang luwih bêcik katimbang yèn têrus ana ing desane dhewe.

Petruk : Pancèn iya nyata, Kang Garèng, sêmune padha gêdhe atine kabèh, nganti sawêngi mataku mung: kêlang-kêlong, ora bisa ngliyêb babarpisan, sabab saka kêbrêbêgên anggone kaum kolonis padha anglairake gêdhening atine. Awit barêng wis rada bêngi banjur padha glenggengan maca.

Garèng : Hla wong kowe kuwi ngèlmumu wis angliyêr ngèlmune mênir Wèllêm babarpisan, mulane ngrungu wong maca iya banjur ora bisa turu, seje karo aku, wong rasane isih Jawa tulèn, anggêr ngrungokake wong maca, matane iya andadak: lêr-lêran bae.

Petruk : Ngandêl aku, Kang Garèng, anggêre macane bae aja cara kaum kolonis kuwi mau, saka anggone arêp anglairake gêdhening atine mau, kabèh-kabèh banjur arêp maca arêp nêmbang lan ura-ura, mulane sing krungu ana ing kuping, iya banjur: dhangdhanggula, pangkur, kinanthi, pocung kêthoprak, dicampur dadi siji, isih nganggo dibumboni suwara: howèk, howèk - suwarane wong mabuk laut, lan ngowèk, ngowèk - suwarane bayi nangis, mara, apa iki ora ngluwihi suwaraning cèmbèng.

Garèng : Sukur, ta, sukur, idhêp-idhêp kowe mrihatinake sing kèri nyang ngomah. Wis, saiki banjurna caritamu, pangkate saka Tanjung Priuk jam pira, lan tumêkane ing palabuhan ing Sumatra jam pira.

Petruk : Pangkate saka Tanjung Priuk, jam lima sore, dene têkane ing palabuhan ing Sumatra, yaiku ing: Oshapên, ing Lampung, jam pitu esuk.

Garèng : Wèh, nèk mêngkono iya ora suwe, dadi mung sawêngi ambathêthêt, dilanjari kurang luwih rong jaman. Banjur, sajêrone ana ing kapal, mangane kaum kolonis apa ora kapiran.

Petruk : Ora babarpisan, Kang Garèng, malah kêna diarani pangane rada kêdlodokkên. Awit sorene ana ing kapal padha dicadhong sêga, lawuhe êndhog asin, sarta jangan, esuk uput-uput iya wis dicadhong manèh kanggo sarapane, bab pangane, cêkake: mlênthi, Kang Garèng.

Pawartos Saking Redhaksi

Lêngganan No. 3144. Babad Giyanti satamatipun, wêdalan Bale Pustaka, kintên-kintên badhe dados 20 jilid. Jilid 6 wiwit nyariyosakên jumênêngipun nata Pangeran Mangkubumi. Dados manawi badhe ngarsakakên mundhut ingkang lajêng sambêt kalihan kagungan panjênêngan, prayogi kula aturi mundhut wiwit jilid 7 salajêngipun. Ananging samangke ingkang sampun mêdal sawêg dumugi jilid 3.

--- 942 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Tuwan M.J. Uytermerk. Inginggil punika ngêwrat gambaripun tuwan M.J. Uytermerk, marconist ing kapal Van der Wijck ingkang tiwas kala kèrêming kapal kanthi sêtya angrungkêpi wajibipun.

Tindak nikah sêsarêngan. Pakêmpalan Kuo Ju Hui ing Sêmarang, arekadaya supados kawontênakên tindak nikah sêsarêngan kados ing Tiongkok, saha ingkang ugi sampun katindakakên ing Palembang, amargi tindak makatên wau sagêd irid. Ing bab punika ugi sampun kawontênakên parêpatan, nanging dèrèng wontên karampunganipun. Malah rancanganipun, sanadyan sanès warga ugi kenging nyarêngi samangsa nuju wontên ingkang nikahan.

Bab panyadean sarêm. Miturut katrangan saking Pakaryan Sarêm, bab panyadening sarêm cithakan alit, nyaêsèn tuwin nyatêngah sèn, laris sangêt, botên kandhêg dening anggèning dipun alang-alangi ing bakul.

Pasar Malêm ing Têgal. Ing taun punika Pasar Malêm Chung Hua ingkang kaping 5 ing Têgal, badhe kadhawahakên wontên ing tanggal 25 Sèptèmbêr dumugi tanggal 10 October. Ing rancangan, Pasar Malêm punika badhe kadamêl langkung agêng tinimbang padatan.

Siswa ingkang nêmpuh pandadaran H.B.S. Pinanggihipun para siswa ingkang nêmpuh pandadaran H.B.S., ing satanah ngriki sadaya wontên 2289, ingkang katampèn 1636, langkung kathah tinimbang taun kêpêngkêr.

Nationale Handelsschool ing Ngayogya. Adêging Nationale Handelsschool ing Ngayogya sampun 5 taun, saking ada-adanipun Dr. Samsi tuwin kanca-kancanipun. Ing sapunika muridipun sampun wontên 120. Ingkang katampi malêbêt ingriku punika lare wêdalan saking H.I.S., H.C.S., Schakelschool utawi ingkang kasamèkakên. Ingkang dados sêsêpuhipun pamulangan wau Mr. R. Soejoedi, R. Roedjito tuwin Dr. Samsi.

Electro-Technisch Ingenieur. Tuwan Ashar Soetedjo Moenandar, tuwin tuwan Salijo, sami lulus saking pamulangan Electro-Technisch ing Delft, kanthi sêsêbutan Ir.

H.B.S. kasuwun wontên Magêlang. Wontên wartos, Burgemeester ing Magêlang gadhah atur dhatêng Dêpartêmèn Pangajaran, supados adêging H.B.S. utawi Lyceum kaparêngna manggèn ing Magêlang, botên wontên Ngayogya.

Mèngêti adêging G.H.S. Benjing tanggal 16 Augustus ngajêng punika, Pamulangan luhur Dokter ing Bêtawi badhe mèngêti adêgipun sampun 10 taun, manggèn wontên ing gêdhong Pamulangan luhur Dokter (G.H.S.).

Panèn kêdhêle ing Nganjuk. Rumiyin kawartosakên tanêman kêdhêle ing bawah Nganjuk katrajang ama tikus, ing sapunika sampun panèn, risakipun pinanggih botên sapintêna. Pêpajênganipun sadhacin f 3.20 ing taun kêpêngkêr namung f 2.40.

Pêjah nglalu jalaran damêl arta palsu. Ing Banjaran, Têgal, mêntas wontên bangsa Tionghoa nama K.H.I. dipun cêpêng ing pulisi jalaran kadakwa damêl arta palsu. Nanging nalika bangsa Tionghoa wau dipun cêpêng, lajêng ambruk têrus ngajal. Sarêng kapriksa pinanggih titikipun bilih jalaran ngombe potas ing sadèrèngipun. Salajêngipun pulisi sagêd manggihakên bukti barang pirantos damêl arta tuwin arta talèn tuwin kêthip palsu kathah.

Pakêmpalan Candi. Para siswa ing pamulangan dokter ing Bêtawi tuwin Surabaya ngêdêgakên pakêmpalan enggal nama "Candi". Ancasing pakêmpalan wau badhe ngudi sêsêrêpan warni-warni ingkang botên gêgayutan politiek.

Badhe nyuwak prajurit marsose. Ing wêkdal punika Parentah sawêg manggalih badhe suwaking prajurit marsose saking anggèning nindakakên padamêlan pulisi. Nanging tindak wau tamtu badhe dangu kalampahanipun, awit kêdah mulang rumiyin dhatêng golongan pulisi dhatêng padamêlan marsose.

Tèh ing tanah ngriki. Miturut wartos, ing salêbêtipun satêngah taun punika, tèh ing tanah ngriki ingkang kakintunakên dhatêng tanah ngamanca langkung saking rêrêgèn 1½ yuta rupiyah, tinimbang pêpajêngan ing taun 1936 pêpetangan kados makatên. Pêpetanganipun ing sapunika ingkang sampun kakintunakên rêrêgèn 18½ yuta, ing taun 1936 ing dalêm nêm wulan, wontên 16¾ yuta. Ingkang mêndhêt langkung kathah, nagari Australie.

Pandadaran Notaris. Pandadaran Notaris ing wêkdal punika ingkang perangan kapisan ingkang nêmpuh 17, lulus 5. Tumrap Surabaya ingkang lulus tuwan Roeske. Tumrap perangan kalih wontên 7, ingkang 2 kêdah nêmpuh malih, ingkang lulus, nonah F.H. Holmus, saking Sêmarang, Mr. A. Eichholtz, saking Surabaya, R. Soegijanto saking Mr. Cornelis, tuwan F.W. de la Rambelje, saking Bêtawi tuwin nonah A. Watters saking Bêtawi.

Babagan Narapraja. Pakaryan Wana. Tuwan S. Roesiat Mangunwigata, boscharchitect klas 1 ing Walikukun, kasandèkakên anggèning kabantokakên dhatêng Boschbeheerder ing Kêdungjati. Tuwan Soebijani Darmohatmodjo boschopzichter ingkang miji, katunggilakên ing boschbeheerder ing Walikukun.

--- 943 ---

S.S. Tuwan Rachmat Hirman Tjokroatmodjo, maandgelder ing opleiding tumrap opzichter, katêtêpakên manggèn ing exploitatie Oosterlijnen.

Mardibasa. Miturut wartos, golonganing abdidalêm Kasultanan ing Ngayogya ngadani pakêmpalan babagan basa, nama "Mardibasa".

Ewah-ewahan balanja ing Kasultanan Ngayogya. Miturut wartos, awit saking kaparêngdalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, para abdidalêm ingkang ingajêng balanjanipun kasuda 5%, ing sapunika kasuwak, nanging namung tumrap ingkang balanja f 300.- mangandhap. Tumindakipun wiwit wontên ing wulan Juli 1937.

Examen Apothekers-assistent. Ingkang lulus examen apothekers-assistent ing Bêtawi ing wêkdal punika: Tuwan Abdoel Moefti saking Bêtawi, nonah Ainsjah Loebis saking Fort de Kock, tuwan Dahler, saking Bêtawi, tuwan Gan Tek Tjaij saking Cirêbon, nonah F.E. Gramberg, saking Surabaya, nonah Han Iet Nio, saking Malang, tuwan Loa Swan Bie, saking Malang, tuwan Langgabean Farel, saking Bêtawi, nonah G.E. Poetiray, saking Surabaya, tuwan T. Sittrop Jr., saking Malang, R.M. Soedarjo saking Klathèn, tuwan Tan Hang Liang, saking Indramayu, tuwan Tan Tong Diong, saking Bêtawi, nonah The Giam Nio, saking Surabaya, tuwan The Kiam San, saking Surabaya tuwin tuwan F.A. Nerda, saking Surabaya.

Ama enggal. Ing Bêtawi tuwuh wontên kewan bangsaning kacowak ingkang dèrèng nate kasumêrêpan. Kewan wau rêmênipun ngrubung dilah ing wanci dalu. Ing bab punika dados papriksaning para ahli.

Tentoonstelling barang-barang kina Tiongkok. Benjing Pasar Gambir ngajêng punika, wiwit tanggal 3 dumugi tanggal 8 Sèptèmbêr badhe kawontênakên tentoonstelling barang porcelein Tiongkok kina. Sintên ingkang badhe tumut ngêmori damêl babagan punika, supados têpang rêmbag kalihan Comite Pasar Gambir, akir-akiripun tanggal 7 Augustus.

Pabrik dhadhung ing Tangêrang. Ing Tangêrang kêlampahan sampun ambikak pabrik dhadhung saking ada-adanipun I.M.I.W. kanthi pangayomanipun ingkang wajib. Kintên-kintên pabrik punika sagêd mikantuki tumrap ngakathah, tuwin saya sagêd dipun agêngakên. Nalika pambikakipun kathah wêwakil Departement tuwin para golongan Pangrèhpraja ingkang anjênêngi.

Jampi ingkang ambêbayani saking dhukun. Ing dhusun Sidêngok, bawah Banjarnêgara, wontên tiyang sakit dipun têdhakakên jampi dhatêng dhukun, pakèning dhukun supados dipun olahakên ulam kodhok. Ingkang dipun kèn kalampahan pados kodhok ing panggenan pitêdahing dhukun, inggih punika kodhok ingkang sanès kodhok ijêm. Wusana sarêng katêdhakakên dhatêng tiyang ingkang sakit, anjalari ing tiwasipun. Salajêngipun dados papriksan dokter.

Nglêmpakakên sato kewan. Dr. William M. Mann, ingkang sampun sawatawis wulan manggèn ing tanah ngriki kalihan nyonyahipun, badhe bidhal dhatêng Penang, têrus dhatêng Bangkok. Mênggah anggènipun lêlana dhatêng pundi-pundi, pêrlu pados kewan-kewan badhe dipun ingah wontên kêbon binatang ing Washington. Badhe lampahipun sasampuning ngambah tanah Sumatra, Sagantên Têngah, ugi badhe tumbas kewan-kewan ing Colombo, Bombay, Karachi, Port Sudan tuwin Port Said.

Jamboree Hizbul-Wathan. Kawartosakên punika ing tanggal 27 dumugi 30 Juli 1937, Hizbul-Wathan laladan Surabaya badhe ngawontênakên jamberee[4] manggèn ing Batu. Ing dintên Sêlasa malêm Rêbo tanggal: 27-28 Juli kawontênakên kampvuur H.W. manggèn ing ara-ara Gêntêngan, dipun wiwiti jam 7 dalu. Dintên Rêbo tanggal: 28 Juli kawontênakên arak-arakan wiwit jam 7 enjing saking dhusun Gêntêngan dhatêng ara-ara Klêbêngan, nglangkungi Kaliputih, Sisir Mênduran, Sisir Klumutan, pabrik tênun, Sanatorium, ara-ara Klêbêngan. Ing dintên Rêbo sontên wanci jam 4.30 kawontênakên têtandhingan bal manggèn ing ara-ara Klêbêngan, dipun sadhiyani ganjaran (beker) saking warung Munjin ing Malang. Malêmipun Kêmis tanggal: 28-29 Juli kawontênakên Openbare Verg: Pemuda-Muhammadiyah manggèn ing Arjuno Bioscope, dipun wiwiti jam 9 dalu. Ing dintên Kêmis tanggal : 29 Juli kawontênakên têtandhingan warni-warni kangge para pandu manggèn ing ara-ara Klêbêngan. Malêm Jumuah wiwit jam 7 dalu kawontênakên arak-arakan malih saking Gêntêngan dhatêng ara-ara Klêbêngan lajêng ngêdumakên ganjaranipun. Dintênipun Jumuah bibaran. (K. 2386 Malang).

Malaria ing Banyumas. Kados ingkang sampun kawartosakên, ing bawah Banyumas tuwuh sêsakit malaria sampun wiwit kala ing taun 1935, dumuginipun sapunika dèrèng wontên mêndhanipun, tumindaking pitulungan taksih lumintu. Ing sakawit ingkang tuwuh sêsakit wau ing Cilacap salaladanipun. Sarêng ing taun 1936 ing bawah Probolinggo inggih wontên, makatên ugi ing Nusakambangan tumrap têtiyang ukuman. Gunggungipun tiyang ingkang dipun jampèni sabawah Banyumas wontên 24.620. Tumrap Cilacap kemawon wontên 16.300.

Kalawarti Bangun dipun èngêtakên. Tuwan S. Wonobojo, sêsêpuhing redactie kalawarti Bangun, dipun timbali dening ingkang wajib, pêrlu dipun sukani sumêrêp bilih karangan ingkang mawi irah-irahan "Naar een tweede Locarno", botên damêl sakeca tumrap Italie.

AMERIKA

Wadya gêgana Amerika. Miturut wartos, parentah Amerika Sarikat sampun nindakakên cobèn-cobèn motor mabur pambujêng ingkang lampahipun ing sadonya rikat piyambak. Motor mabur wau mêsinipun kalih, kitiranipun wontên ing wingking, gadhah pirantos andhawahakên bom. Rikating lampahipun 300 km ing dalêm saêjam. Sagêd ndêdêl anggêgana ingkang inggilipun ngantos 10.000 m.

Amelia Earhart. Miturut telegram saking Honolulu, marine Amerika anggèning madosi nyonyah Amelia Earhart mêksa botên angsal damêl. Kapal Lexington sampun dipun purih wangsul dhatêng California. Miturut kawontênan wau, nyonyah Amelia Earhart dipun anggêp sampun tiwas.

--- 944 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun: Baronesse Orczy.

77

Kalayan gumujêng sajak bingah, Sêr Andre amangsuli: Ing sarèhne aku sumurup, yèn panjênêngan sugêng ora kurang siji apa, ukuman apa bae sing arêp ditibakake nyang awakku, aku mung andhèrèk. Nanging panjênêngan dhewe apa iya tega ngêculake Lèdhi Blakêne tindak piyambak mênyang Prancis, tanpa ana sing andhèrèkake babarpisan. Ora, Pèrsi, ambok kăndha nyang aku, olèhmu panganggo gêndhêng-gêndhêngan sing kaya ngene iki, ana ngêndi.

Kanthi gumujêng ngakak Sêr Pèrsi Blakêne amangsuli: Ha, ha, hah, panganggoku iki pancèn iya ora pati macak. Sasampunipun makatên, Sêr Blakêne lajêng dhawuh sajak gêtêm-gêtêm makatên: Ora, Andre, ing sarèhne kowe saiki wis ana ing kene, aja nganti ambuwang wêktu sing ora ana prêlune. Awit aku kuwatir, yèn Si Sopêlin bali mrene manèh, lan banjur amburu-buru aku kabèh.

Mênggahing Lèdhi Blakêne, ing kala punika rênaning panggalihipun tanpa upami, dene sagêd wawan-sabda kalihan ingkang raka, sagêd mirêngakên pangandikanipun ingkang raka ingkang nyênêngakên punika, tuwin sagêd nyuwun pitakèn warni-warni, amila sanadyana badhe dangu wontên ing ngriku, sang putri inggih sênêng kemawon. Nanging sarêng sang putri ujug-ujug mirêng namanipun Sopêlin wau, kagètipun kagila-gila.

Kalayan mêgap-mêgap sang putri enggal-enggal nyuwun mitêrang makatên: Kêpriye bisane kene bali. Dalan-dalan saka ing kene kang anjog nyang Kale, kuwi dijaga prajurit kang tanpa wilangan kèhe.

Sêr Pèrsi angandika: Kene ora bali mêtu Kale, kosokbalike, mêtu dalan liya, kang saka kene dohe kurang luwih sêtêngah pal. Ing kana wis ana prau tembo sing mêthuk, aja kuwatir.

Sang putri mitêrang sajak gumun: Prau tembo sing mêthuk kuwi, apa prau gawane kapale dhewe.

Sêr Blakêne sêmu bingah amangsuli kalayan gumujêng: Haiya, ta, mara, lucu apa ora iki.

Salajêngipun Sêr Blakêne nuntên andongèng makatên:

Margarèt, anggonku carita mau ana sing lali durung tak caritakake. Nalikane aku nglêbokake layang ana ing gubug, ora watara suwe aku nglêbokake layang liyane manèh, kanthi pamêling supaya layang iki, yèn arêp padha oncat, ditinggal ana ing sajêroning gubug kono. Karêpku supaya layang iki ditêmua dening Sopêlin. Nyata bisa kalakon apa kang dadi karêpku mau, anjalari Sopêlin saprajurite pisan padha bêbandhangan nuju nyang rèsturan: Kucing Klawu. Layang kang dhisik, kuwi isi parentahku marang sadulur-sadulur kang padha ana ing gubug kapriye anggone padha arêp oncat, mangkono uga isi parentah sathithik nyang Si Brig, kaptine kapalku. Parentahku nyang kaptin kapal mau, supaya kapale ngêdohana gisik sawatara. Yèn kapale kira-kira saka ing Kale wis ora katon, supaya tumuli ngêdhunake prau tembo kang kudu anjujug nyang sawijining susukan sing mung disumurupi dening aku dhewe lan kaptin kapal mau. Dene dununge susukan iki ana ing kanane Tanjung Grisnis. Ana ing kono para matruse prau tembo mau, olèh parentah kudu tansah ngulat-ulatake aku, lan sadurung-durunge wis dirêmbug, yèn aku wis awèh sasmita, prau tembo kudu marani sarta anggawa aku sakănca munggah nyang kapal gêdhe. Sajêrone mêngkono iku mau, Sopêlin saprajurite padha anjaga ana ing papan kang adu arêp karo rèsturan: Kucing Klawu.

Lèdhi Blakêne : Dadi kene kudu anjujug mênyang ing kanane Tanjung: Grisnis. Nanging kêpriye, aku saikine ora bisa lumaku. Ngandika makatên wau, sang putri nyobi jumênêng, nanging sariranipun sakojur andharodhog, ingkang anjalari sang putri kêpêksa kêdah lênggah malih.

Anguningani kawontênanipun sang putri ingkang makatên punika, sarana prasaja Sêr Blakêne namung ngandika makatên: Mêngko kowe tak gendhong, dadi kayadene: wong wuta kang dituntun dening wong lumpuh.

Ing ngriku Sêr Andre nyêla atur, inggih punika anyagahi badhe anggendhong sang putri, nanging ing sêmu Sêr Blakêne botên rila sangêt, sanadyan ngrumaosi sampun sayah sangêt, ewasamantên sang putri mêksa badhe dipun gendhong piyambak.

Badhe kasambêtan.

--- 113 ---

Nomêr 29, Taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Ngrimat Puhan

Puhan rêsik kaêcurakên ing gêndul, lajêng katutup rapêt, nuntên kasèlèhakên ing toya bêntèr, dangunipun 12 jam, sasampunipun gêndul kapêndhêt, tumuntên katutup mawi tir kênthêl. Puhan ingkang karimat makatên wau, sanadyan ngantos taunan taksih lêstantun sae.

Pigunanipun kopi

Ing sênthongipun tiyang sakit trêkadhang hawanipun mambêt pating kalênyit utawi anggănda botên eca, supados hawa wau sagêd ical, amêndhêta bubuk kopi sasendhok lajêng kabêsêma wontên ing sênthong ngriku. Kajawi punika, manawi wontên ing saênggèn-ênggèn wontên gêgandan ingkang awon, bubuk kopi wau ugi kenging kangge têtulakipun, sarana dipun ambêt. Lan malih bubuk kopi wau inggih migunani kangge anguwur-uwuri ulam daging utawi ulam toya, supados bilih karimat namung sawatawis dintên kemawon kuwawi, botên mambêt (buthuk).

Anggorèng kopi supados ambêtipun botên ical

Kopi ingkang kagorèng punika manawi sampun sawatawis dangu, sok ical ambêtipun. Murih ambêtipun wau botên ical, nalika kopi kagorèng sarta taksih bêntèr, kacarubana gêndhis batu, yèn kopi 50 bagian, gêndhisipun 1½ bagian, gêndhis punika ingkang anêsêp ambêting kopi. Kopi ingkang sêdhêng manawi kagorèng sarana pangreka makatên, sagêd dados kopi sae lan raosipun eca. Lan kenging ugi nalika kopi kagorèng, kacampuran roti tawar sapratiganipun, roti wau sadèrèngipun mawi kairis alit-alit rumiyin, lajêng kagorèng sangan. Wondene paedahipun roti wau anêsêp ambêt tuwin sarining kopi. Mila yèn kagorèng tanpa roti, ambêt sarta sarinipun lajêng ical dados kukus, makatên malih roti punika ugi angecakakên raosing kopi.

Nyai Anim.

--- 114 ---

Rêsèp Dhaharan

Podhêng soklat

Agêr-agêr 1, gêndhis 8 sendhok, soklat bubukan 1 sendhok, tigan 6 iji, pangolahipun:

Jênenipun tigan lan gêndhis dipun ublêk ingkang ngantos pêthak. Agêr-agêr dipun jur kalihan toya bêntèr 2 cangkir. Sasampunipun lajêng dipun saring lan dipun campurakên ing kêblukan tigan wau, lajêng kêblukan pêthaking tigan ugi kacampurakên. Sadaya wau lajêng dipun cithak ing cithakan podhêng. Pandhaharipun ngangge panilipla.

[Grafik]

Wujuding dhêdhaharan ingkang katata sae.

Pandamêlipun panilipla.

Mèlêk 1 litêr, tigan 4, gêndhis 4 sendhok, panili pudhêr 1 sendhok tèh, wiski, pangolahipun:

Kuningipun tigan dalah pêthakipun kalihan gêndhis dipun ublêk, mèlêkipun dipun kothok. Ublêkan tigan lan gêndhis lajêng dipun sokakên ing mèlêk têrus kaudhêg, lajêng kasukanan panili. Manawi sampun matêng lajêng dipun êntas kasukanan wiski.

Roti gorèng

Glêpung 12 sendhok, tigan 3 iji, gêndhis 2 sendhok, glêpung roti lan toya 14 sendhok, pangolahipun:

Glêpung roti lan gêndhis dipun jur ngangge toya. Manawi sampun lajêng dipun togakên kemawon ngantos ½ jam. Manawi jladrèn sampun mumbul lajêng dipun gorèng, dipun sukani kismis (krèntên).

Surtinah, Gêdhongan

--- 115 ---

Tlatèn

Têmbung tlatèn punika mêngku pangraos srêgêp, sabar, purun mongsal-mangsuli pandamêl ngantos sarampungipun utawi saprayoginipun. Tiyang tlatos ngopèni griya, dipun wastani gumlithi. Inggih punika manawi wontên ingkang katingal risak sakêdhik kemawon enggal dipun lêrêsakên. Manawi pakawisanipun katingal rungkud sakêdhik, inggih enggal-enggal dipun babadi lan dipun rêsiki. Pêthetan-pêthetan tansah dipun opèni.

Ing salêbêting griya, tiyang tlatenan punika inggih katitik, sadaya rêrêngganing bale griya kenging kangge titikan, bilih ingkang gadhah griya wau tansah nyambut damêl, botên nate nganggur, tansah marsudi ing damêl.

Tumraping tiyang èstri ingkang tlatèn punika inggih kasumêrêpan. Panganggenipun piyambak, sandhanganipun anak-anakipun, punapadene rêrêngganing bale griya sami dados pasêksèn ing bab anggènipun srêgêp lan talatèn ing damêl. Padamêlan ing pawon, panjaitan, lan sêratan (bathikan) punika manawi botên dipun talatèni botên badhe sae tumindak lan kadadosanipun.

Mênggah ngrêksa lare punika inggih kêdah tlatèn, kêdah botên kenging lena, kêdah purun mongsal-mangsuli manawi badhe nglêrêsakên adat tatacara ingkang supados sagêd sae. Tiyang ingkang gadhah tanêman kêdah tlatèn anggènipun ngopèni. Samantên ugi tiyang ingkang ngrêksa lare inggih kêdah tlatèn nênuntun murih saenipun.

Tiyang tlatèn anglêmpak-anglêmpakakên punika dipun wastani gêmi. Barang, arta botên badhe ical tanpa tănja, manawi botên prêlu inggih botên katanjakakên, dipun simpên ngantos sadumugining wontên prêlu.

Manawi makatên, watak talatèn punika sae. Mila kasinggihan, nanging tiyang ingkang tlatèn madosi awoning liyan, inggih punika tlatèn maoni, tlatèn angraosi, punika tlatèn ingkang awon sangêt.

Wusana kula sumanggakakên.

Rukmini

Kadospundi Wajibing Putri Gêsang Wontên ing Jaman Morak-marik Punika

Nuwun, ing sadèrèngipun kula ngaturakên wawasan kuwajibanipun putri ingkang sampun mêngku bale dalêm, gêsang wontên ing salêbêting jaman rêkaos punika, kula nyuwun gunging pangaksami bokbilih atur wawasan kula punika ginalih nglêmpara tanpa tănja. Jêr èsthining manah lugu namung badhe ngaturi urun udhu pamanggih sagadug-gadugipun ingkang gêgandhengan lan kuwajibaning sadhèrèk kula putri, lowung kangge wêwah isèn-isèning jagad kawanitan ing udyananing kajawèn ngriki.

Sadhèrèk, kula sadaya sami tinitah dados wanita, punapa ta têgêsipun wanita, yèn botên [botê...]

--- 116 ---

[...n] lêpat wanita makatên inggih: wadon. Wadon ing ngriku anggadhahi têgês: wadi. Dados sok makatêna kula sadaya punika anggadhahi têgês: wadi. Dados sintêna kemawon ingkang kuwajiban jagi wados punika masthi namung sarwa gawat lan awrat, awit lajêng cêtha sangêt tiyang ingkang kuwajiban jagi kula wados, punika inggih sami ugi kalihan jagi satunggiling: wêwadhah ingkang sarwa gawat. Tamtunipun tumrap ingkang dèrèng paham dhatêng kuwajibaning wanita, sagêbyaran kadosdene satunggiling barang ingkang èdi lan pèni tumrap rêrêngganing dalêm.

Yèn wontên ingkang kagungan panggalih kados makatên wau cêtha bilih kalèntu, jêr sajatosipun kula golongan wanita punika inggih golongan ibu, ingkang dados babunipun manungsa sajagad punika. Dados yèn mangrêtos kados makatên, kula golongan ibu punika, hla: rak agêng lan gawat sangêt kuwajibanipun, prasasat sami lan ngasta pusaraning jagad, awit manungsa sadaya ingkang tumitah wontên ing alam donya punika kanthi lêlantaran golongan ibu, wiwit lair ngantos dumugi diwasa tansah kagulawênthah dening pun ibu, dados prasasat pêjah gêsangipun kaasta dening pun ibu. Mila yèn sami karsa manggalih saèstu, kula para wanita punika awrat sangêt sêsanggènipun, prasasat anggadhahi têtanggêlan awon sarta saenipun para manungsa. Ing măngka dhêdhasaring panggulawênthah dhatêng putra punika ingkang langkung kiyat piyambak inggih saking pun ibu, awit miturut ngèlmu kabatosan, kajawi kagulawênthah wiwit wontên ing kandhutan ngantos lair, watak watêking putra sarta solahbawa lan sapanunggilanipun wau gampil sangêt kagèndèng dening pun ibu, sabab kabêkta saking tunggil raos lan tunggil êrah, mila inggih botên nama anèh yèn panggulawênthah saking pun ibu wau gampil sangêt sagêdipun tandhês dumugi raos sarta watak lan sanès-sanèsipun.

Miturut pamanggihipun băngsa Eropah, majêng munduring băngsa punika gumantung dhatêng majêng munduring golongan ibu. Bab punika saking pamanggih kula kathah lêrêsipun. Awit saking punika punapa botên prayogi yèn ta kula golongan ibu sami ngrumaosi kagungan kuwajiban ingkang sakalangkung gawat lan awrat wau. Mila yèn kula sampun sami ngrumaosi kagungan kuwajiban lan têtanggêlan ingkang samantên agêng sarta gawatipun, punapa inggih kula para wanita sampun cêkap namung dumugi samantên kemawon kridhaning kamajêngan kula, langkung-langkung para kadang kula wanita mudha ingkang badhe angayahi kuwajibaning kaum ibu dados panuntun lan panggulawênthah dhatêng putra.

Awit saking punika kadospundi reka lan pambudidaya kula sadaya anggèning sami ngudi sêsêrêpan dhatêng panggulawênthahing putra ingkang prayogi piyambak, murih sagêda dados tiyang ingkang migunani tumrap dhatêng rahayuning bawana.

Badhe kasambêtan.

Bok S. Wir, Rêmbang

--- [993] ---

 


salêbêting. (kembali)
karesidhenan. (kembali)
sabab. (kembali)
jamboree. (kembali)