Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
3. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
4. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
5. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
6. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
7. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
8. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
9. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
10. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
11. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
12. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
13. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
14. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
15. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
16. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
17. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
18. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
19. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
20. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
21. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
22. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
23. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
24. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
25. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
26. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
27. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
28. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
29. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
30. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
31. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
32. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
33. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
34. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
35. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
36. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
37. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
38. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
39. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
40. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
41. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
42. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
43. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
44. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
45. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
46. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
47. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
48. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
49. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
50. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
51. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
52. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
53. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
54. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
55. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
56. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
57. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
58. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
59. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
60. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
61. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
62. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 41, Stu Pa, 12 Mulud Ehe 1868, 22 Mèi 1937, Taun XII
Kajawèn
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [625] ---
Ăngka 41, Stu Pa, 12 Mulud Ehe 1868, 22 Mèi 1937, Taun XII
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.
Isinipun: Pangungsêt - Warni-warnining Mèngêti Maulud Nabi - Kasangsaran Palwa Gêgana - Bab Babagan Kukum - Pitakenan - Pambagening Barang-barang Tilaranipun Tiyang Ngajal - Bab Tandhingan Main Bal Sawung Sêpuh - Raos Jawi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.
Pangungsêt
Sang Hyang Bayu
Ingka[1] kasêbut ing cariyos, Sang Hyang Bayu punika dewaning angin, dene manawi dipun encokakên dhatêng ngèlmon, inggih atêgês napas, ingkang dados tandhaning gêsang. Mênggah daya kawasaning napas, ngawontênakên ngangah-angah, kêdah ngraos-raosakên, kêdah anggănda, kêdah mirêngakên suwara ingkang sakeca, cêkakipun namung milih ingkang sarwa eca tuwin sakeca. Sadaya wau pinangkanipun saking angin, dene sampurnanipun inggih dhatêng angin.
Andharan ingkang kados makatên punika, manawi dipun encokakên kalihan cêcariyosan kala ing jaman purwa, inggih punika ingkang akajêng ngatingalakên pangawasanipun Sang Hyang Bayu dados sintên ingkang angluhurakên tuwin nyampurnakakên kajênging bayu wau, atêgês ngidhêp agami Bayu.
Mirid katrangan ing nginggil punika, sampun wontên oncèkanipun sawatawis ingkang nalaripun ragi mèmpêr bilih bayu wau dipun têgêsi napas, tuwin inggih sampun mèmpêr manawi napasi punika lajêng lèrèg dhatêng kamurkan, inggih punika gambaraning kawasanipun Sang Hyang Bayu. Tamtunipun bab punika lajêng katingal nyatanipun, botên wontên kamurkan ingkang tuwuhipun botên mawi nyenggol dhatêng napas. Awit saupami napas botên wontên, lajêng botên wontên ingkang dipun senggol, inggih akajêng tiyangipun sampun suwargi. Dados cêtha mênggah panguwasanipun napas.
Nanging manawi angèngêti, sampurnanipun inggih dhatêng angin, tumraping pangungsêt anggocèki bilih kajênging panguwasa ingkang lèrèg dhatêng kamurkan wau inggih kêdah dipun sampurnakakên dhatêng angin, inggih punika angin ingkang sarèh, dados inggih napas ingkang sarèh.
Tamtunipun tumrap ingkang rêmên dhatêng gênging pangawasanipun Sang Hyang Bayu ingkang sarwa kuwasa wau, manawi kapurih sarèh napasipun lajêng gêla, tuwin lajêng sajak katingal rèmèh. Nanging cobi nyarèhakên napas punika gampil punapa angèl. Gampil punika tumrap ing napas kasar, nanging napas ingkang alus, tamtunipun sampun botên mawi kêmpum-kêmpus,[2] mila lajêng minggah dhatêng kêgawatan.
Kados makatên gaduging pangungsêt babagan Sang Hyang Bayu.
Cêkruktruna.
--- 626 ---
Kawruh Sawatawis
Warni-warnining Mèngêti Maulud Nabi.
Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.
Muludan ing tanah Jawi.
Ing tanah ngriki sabên ing wulan Rabingulawal ugi kathah ingkang sami damêl Muludan, tumrap praja Kajawèn ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, wontên karamean ingkang misuwuripun nama: Sakatèn, inggih punika wiwit tanggal kaping 6-12 Rabingulawal, ing surambi masjid agêng kangge pasowanan tuguranipun para priyantun golongan pamêthakan, siyang tuwin dalu wiwit jam 9-12 sami darusan maos Kuran utawi sanèsipun.
[Grafik]
Untabipun têtiyang sêmbahyang wontên Mêsjid Agêng ing Surakarta.
Bangsal kalih kiwa têngên ing plataran Masjid Agêng, dipun wêwahi tarub sarta rinêngga ing palisir gula klapa, nglêbêtipun ing wanci siyang dalu kangge ngungêlakên kagungan dalêm găngsa Kyai Sakati.
Kacariyos Kyai Sakati punika, iyasanipun para wali ing jaman Dêmak, kaungêlakên ing salêbêtipun wontên karamean Sakatèn, manggèn salêbêting capuri Masjid Agêng, wigatosipun kajawi kangge pahargyan minăngka mèngêti Maulud Nabi, inggih ugi wigatos kangge miluta agami, mila karamean Mauludan wau lajêng katêlah nama: Sakatèn. Awit saking punika, kabêkta saking ada-adanipun para luhur linangkung ing jaman kina, pocapan Sakatèn wau dumugining sapunika, kathah ingkang sami mraceka utawi mrêdèni warni-warni, sawênèh wontên ingkang ngothak-athik, inggih sanadyan gagap-gagap, namung mirid saking ngèngêti asal mulabukanipun, nanging sajak ragi mathuk: Sakatèn, asli saking basa Arab: Sahadattèn, atêgês sahadat kalih. Gagapan ingkang kados makatên punika, cocog botênipun, anyumanggakakên.
Ungêling găngsa tuwin bikakipun karamean Sakatèn, wiwit tanggal kaping 6 Rabingulawal. Ing alun-alun lèr dipun wontêni toko bêbanjêngan, kangge sêsadean barang warni-warni, saha têtingalan sapanunggilanipun, punapadene kangge mitongtonakên kagunan utawi dêdamêlanipun băngsa pribumi. Dene dhapukaning tatanan kados limrahipun pêkên malêm, namung kaotipun ingkang [ing...]
--- 627 ---
[...kang] sami malêbêt ing papan karamean (ngalun-alun) botên mawi kapupu ing beya, jêr Sakatèn punika sampun dados karamean kabangsan ingkang sambêt kalihan agami.
[Iklan]
Pungkasaning karamean tanggal kaping 12 Rabingulawal (Grêbêg Mulud), ing dintên malêm tanggal kalih wêlas wau, ing surambi Masjid Agêng dipun wontêni dikir Maulud saraphul anam (slawatan) basa Arab, nanging mawi lagu Jawi anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping IV.
Enjingipun lajêng pasowanan Grêbêgan, inggih ing ngriku punika pasamuwanipun ingkang agêng, ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana miyos ing sitinggil, mawi upacara agêng-agêngan, paduka tuwan gupêrnur saha Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, tuwin para luhur, para prayagung sanès-sanèsipun, sami angèstrèni ing pasamuwan Bakda Mulud punika. Pêpatih dalêm, para bupati, bupati anom, tuwin abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap, sami sowan ing bangsal Sanasumewa. Abdi dalêm pangulu sakarerehanipun, sami sowan ing surambi Masjid Agêng.
Sakèndêling pakurmatan drèlipun abdi dalêm prajurit jawi lêbêt, saha ungêling mriyêm, sarta kèndêl ungêling găngsa Monggang, Kodhokngorèk tuwin musik, para ingkang sami sowan ing bangsal Sanasumewa, lajêng ngêpang ajad dalêm (gunungan) dhumatêng ing surambi Masjid Agêng. Badhe kasambêtan.
Musawar.
--- [628] ---
Kasangsaran Palwa Gêgana
Ing Kajawèn mêntas ngêwrat bab kasangsaran palwa gêgana Hindenburg. Pawartos ingkang kados makatên wau tumrap ingkang dèrèng dhamang tamtu pitakèn ing dalêm manah, kados punapa wujudipun, tuwin sapintên agêngipun, dene kasangsaraning palwa gêgana wau ngantos damêl pêpêjah kathah.
[Grafik]
Caraning palwa gêgana Hindenburg anggèning ngandhapakên têtiyang ingkang numpak, dipun panthêng tiyang kathah.
Supados ragi cêtha sawatawis, ing ngriki macak gambaripun palwa gêgana wau ing mangsanipun badhe mandhap, utawi pêpêthan kawontênan salêbêting palwa gêgana wau. Para maos lajêng sagêd manggalih piyambak.
Palwa gêgana Hindenburg punika panggarapipun tigang taun, wontên ing Zeppelinreederij Jêrman.
Pandamêlipun Hindenburg punika beda kalihan pandamêlipun palwa gêgana Graaf Zeppelin sanès-sanèsipun. Tumrap pandamêling Graaf Zeppelin ingkang sakawit, namung prêlu kangge sinau. Nanging tumrap Hindenburg punika pancèn badhe kangge lampah anyabrangi lautan Atlantic. Lampahipun kangge ambêkta tiyang numpak tuwin barang-barang sanèsipun, punapadene pos saking Eropah dhatêng Amerikah. Prabot-prabot ing salêbêting palwa gêgana wau sampun sarwa mêpêki. Awak-awakanipun ingkang pasagèn wontên 36 mètêr, panjangipun 245 mètêr, wiyaripun 41 mètêr, jêmbaripun sadaya wontên 190.000 mètêr kibik. Balunganipun bangsaning pêlikan ingkang langkung ènthèng. Balonipun sinjang tênunan dipun cèt ngangge cèt ingkang maligi kangge punika.
Kala wulan Marêt 1936 palwa gêgana Hindenburg wiwit kacobi anggêgana, dipun lampahakên dening Dr. Hugo Eckener mawi dipun biyantu dening Kaptin Lehmann tuwin Kaptin Pruss. Kuli ingkang anggarap palwa gêgana wau dasanan ewon, nalika dipun cobi anggêgana wau sami tumut ningali. Sasampunipun anggêgana wontên sanginggiling talaga Constanz lajêng mandhap, wilujêng.
Ing wêkasaning wulan wau, palwa gêgana Hindenburg ugi anggêgana malih dhatêng Amerikah kidul, langkung nagari Walandi. Anggêgana kapisan punika ingkang numpak tiyang 40 golongan warni-warni, kados ta băngsa Prancis, Amerikah, Ostênrik,
--- [629] ---
Brasiliê tuwin Walandi. Punggawaning kapal wontên 54. Ingkang mangagêngi Kaptin Lehmann. Dr. Eckener namung lugu numpak kemawon, prêlu badhe ningali palabuhan anggêgana ing Rio de Janeiro.
Dene anggêgana ingkang wêkasan punika kapetang ingkang kaping 21. Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika nandhakakên bilih tumindaking damêl palwa gêgana Hindenburg sakalangkung marêmakên, awit nyata wilujêng botên kirang satunggal punapa. Nanging dhawahing apês punika botên kenging kinintên, kala tanggal kaping 7 wulan punika, Hindenhurg[3] anggêgana saking Eropah, dumugining Lakehurst, Amerikah, nalika badhe mandhap ing papan pakèndêlan, kêbêsmi.
Kalanipun kabêsmèn, kasumêrêpan ing têtiyang ingkang sampun sami mapan wontên ing papan ingkang badhe kangge mandhap, aloking tiyang pating jlêrit, dening sampun botên kasamaran malih Hindenburg manggih bêbaya. Kaptin Ernst Lehmann, ingkang dados sêsêpuhing palwa gêgana Hindenburg tuwin têtiyang sanès-sanèsipun 35 sami tiwas, sawarnining barang-barang tuwin pos, sami sirna kêbêsmi. Miturut katrangan ingkang langkung cêtha, kêbêsminipun palwa gêgana Hindenburg wau sasampunipun ngandhapakên tangsul kawat, lajêng kamirêngan suwara anjêblug, ingkang kawêkasanipun katingal latu murub angalad-alad wontên ing badaning Hindenburg ing perangan wingking. Malah katingal tiyang pintên-pintên sami anjêlog saking nginggil. Sasampuning sirêp, ing papan ngriku lajêng dipun sêngkêr botên kenging dipun ambah ing tiyang.
Sasampunipun kalampahan makatên, lajêng dados papriksan, punapa ingkang anjalari kêbêsmèning Hindenburg wau. Miturut papriksaning ahli, Tuwan Rosendhal, ngintên bilih kasangsaran wau tuwuh saking panjêblosing waterstofgas, nanging botên sagêd mastani jalaran saking punapa. Manawi miturut saking pamanggihipun Dr. Hugo Eckener, sanadyan dèrèng sagêd nêtêpakên sababing kasangsaran, nanging sagêd nêtêpakên botên prayoginipun migunakakên waterstofgas, dene ingkang prayogi nganggea helium, bangsaning gas sanès.
[Grafik]
Pêpêthan ing palwa gêgana Hindenburg. Promenade= panggenan mlampah-mlampah, pados hawa. Hal= panggenan lêlênggahan. Schrijf-en leessalon= panggenan nyêrat punapadene maos. Slaapkamers= sênthong patilêman. Conversatie-en eetzaal= panggenan ngandikan lan dhahar.
Mirid gawating kawontênanipun, kasangsaran punika kêdah dipun pariksa dening para ahli ingkang langkung titi, awit manawi botên makatên, tamtu botên sagêd manggihakên kawigatosanipun. Wah malih ugi lajêng wontên panggrayang bilih kasangsaran punika tuwuh saking pandamêling tiyang.
Mila ing bab kasangsaran punika lajêng nuwuhakên panggagas lêbêt tumraping para ingkang kawogan.
--- 630 ---
Bab Babagan Kukum
Tiyang èstri Jawi ing ngarsaning pradata.
Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.
Ing taun 1875 landrad ing Batawi amanggalih: tiyang èstri Jawi punika miturut ukuming agami Islam, sanadyan sampun semah têksih wênang amurbawasesa ngamalipun.
Ananging sarêng prakawisipun kaulur ing ngarsaning Raad van Justitie ing Batawi putusanipun: Tiyang èstri Jawi semahan botên wênang amurbawasesa ngamalipun.
Punika ingkang kangge waton: ukum Islam sasampuning katindakakên ing tanah Jawi. Raad van Justitie sadèrènging paring putusan mawi mriksa undhagi ukum Islam sawatawis, ingkang anglairakên pamanggih: Orang pêrampuan milik bage lakinya. (Gandri, putrane Ki Agêng Sela!)
Nanging Hooggerechtshof ing taun 1877 sampun amutus:
Miturut ngadat tatacarane wong pribumi ing tanah Jawa wong wadon kang andarbèni ngamal dhewe iku bisa mandhiri murbawisesa dhewe marang ngamale, lan yèn somahan uga isih wênang anggugat utawa anjawab bab iku ing ngarsaning pradata tanpa ambutuhake panguwasa utawa pambantuning lakine.
Ing taun 1880 Raad van Justitie ing Batawi andhawuhakên putusan: Tiyang èstri wênang ngadhêp ing ngarsaning pradata tanpa pambantuning lakinipun.
Punika ingkang kangge waton: sêbab ukum Islam botên ngêwrat paugêran ingkang amatêsi wêwênanging tumandang tiyang èstri lan ing wiwit kina mila tiyang èstri lan ing wiwit kina mila tiyang Jawi angakêni wêwênang punika.
Malah nate wontên ingkang maibên: punapa tiyang èstri punika wênang anggadhahi milik. Punika kacihna saking putusanipun Hooggerechtshof ing taun 1896, ingkang amracihnakakên yèn pun jawab gadhah paturan: tiyang èstri Jawi punika botên wênang anggadhahi milik. Nanging Hof amanggalih yèn paturan makatên punika babarpisan cêngkah kalihan ukum Islam, tuwin ngadat tatacaranipun tiyang Jawi.
Ing pungkasanipun ing taun 1924 (sawêg 13 taun sapriki) ing ngarsaning Raad van Justitie ing Surabaya dados rêmbag malih punapa tiyang èstri Jawi semahan punika wênang ngadhêp ing pangadilan, putusanipun, wênang.[4]
Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka
Benjing-enjing dintên Ngahad sontên, tanggal 23 Mèi 1937, wanci ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 gloflengte 190, ing bab cariyos layaran. Ingkang mêdhar sabda tuwan Armijn Pané.
--- [631] ---
[Lanjutan dari hlm. 630: Bab Babagan Kukum]
Sasampuning suwargi Prof. Mr. C. van Vollenhoven angêdalakên karanganipun Het Adatrecht in Nederlandsch-Indië I kintên-kintên kalih dasa taun sapriki, saya dangu saya wradin sêsêrêpanipun para priyantun ingkang ngasta pradata yèng[5] lênggahing tiyang èstri Jawi punika sajajar kalihan lakinipun, lan wênang tumandang mandhiri piyambak, punapadene wênang angadhêp ing pradata anggugat utawi anjawab, sadaya punika atas paugêraning ngadat lan tatacara Jawi (dados botên atas paugêraning agami). Lan ing jaman air punika wêwênanging tiyang èstri Jawi kados ingkang kula aturakên wau sampun wradin dipun akêni ing pradata.
Ingkang kasêbat ing nginggil punika kula andharakên ing ngriki pikajêng kula sagêda para nupiksa anguningani kados punapa wigatosipun kita anyumêrêpi ngadat tatacara kita piyambak, ingkang katingalipun sarwa sapele, lan kados punapa wigatosipun ngadat tatacara kita punika umum kasumêrêpan ing liyan.
Purwarêja: 18 April 1937. Kandhiyur.
Putusan-putusan ingkang kula turakên[6] ing nginggil punika, kajawi putusan ing Surabaya 1924, pamêthik kula saking Mr. K.L.J. Enthoven, Het Adatrecht der Inlanders in de Juris prudentie (1849–1912), putusan Surabaya 1924 pamêthik kula saking Indisch Tijdschrift van het Recht 123 kaca 39.
Pitakenan
Nuwun, ing Kajawèn no. 36 tuwin 38 ingkang mêdal ing wulan Mèi 1937 punika, angêwrat bab sêsêbutan. Ing ngriku wontên ungêl-ungêlan makatên:
Tumuruning sêsêbutan pancêr èstri ingkang têksih tumindak ing sawatawis wilayah ing tanah Jawi Têngah utawi Wetan, ingkang botên cocog kalihan paugêraning pranatan punika kasuwak ing tanggal 1 Juli 1937. (art. 9).
Mênggah bab punika taksih angodhêngakên manah kula, jalaran ing tanggal 1 Juli 1937 wau: turun ingkang kasêbut nginggil punika wontên 4 golongan, inggih punika:
a. Ingkang dèrèng lair.
b. Ingkang sampun lair, nanging taksih alit, dèrèng angsal sêbutan ingkang sah, jalaran dèrèng kasuwunakên.
c. Ingkang sampun diwasa, sarta sampun angsal sêbutan ingkang sah saking bupati (nanging saking gupêrnur dèrèng, sabab dèrèng cêpêng damêl dhinês).
d. Ingkang sampun cêpêng damêl dhinês, sarta sampun angsal sêbutan ingkang sah saking gupêrnur.
Amila kula nyuwun priksa, saking a.b.c.d. wau pundi ingkang kasuwak (ingkang botên wênang angsal sêbutan), punapa namung a kemawon, punapa sadaya (a.b.c.d.).
Wasana sangêt ing atur panuwun kula.
Kula langganan Kajawèn K. 4375 ing B.
Sastrasuwarna.
Bab punika kasumanggakakên panjênênganipun Tuwan Kandhiyur. Red.
--- 632 ---
Pambagening Barang Têtilaranipun Tiyang Ajal, Miturut Wewaton Phêkih
Sambêtipun Kajawèn nomêr 40
Wasiyat ingkang kados makatên punika nama langkung saking sapratigan, mênggah langkunganipun saking sapratigan (satus èwu upaminipun) punika têtêp lan botênipun, gumantung wontên rêmbagipun para waris, liripun, manawi sadaya para waris rêmbagipun sami mupakat, wêlingipun wasiyat wau sanadyan langkung saking watês, inggih mêksa têtêp, sarta kêdah katindakakên punapa lêrêsipun. Dene manawi rêmbagipun para waris sadaya sami anduwa lan botên rujuk, langkunganipun sapratigan wau botên sagêd katêtêpakên kalêbêt ing wasiyat. Makatên malih manawi para waris rêmbagipun sami pradondi lan diya-diniya, têgêsipun sawênèhing waris wontên ingkang mupakat lastarining punapa wêlingipun ingkang tilar dunya, lan wontên ugi sawênèhing waris ingkang botên condhong, punika lajêng wontên rêmbaging kukum piyambak-piyambak. Manawi wêling-wêlingan wasiyatipun ingkang tilar dunya sampun rampung katindakakên talêsihing saprêlunipun, sapintên tirahaning barang-barang têtilaran sawontênipun, punika kenging lajêng kaêdum dhatêng para waris ingkang lêrêsipun sami tampi bagean.
Mênggah gêgambaran pambagenipun barang-barang tilaran wau, têrangipun sawatawis makatên: upami wontên tiyang èstri tilar dunya, tilar ahli waris 15: jalêr-jalêr sadaya, kados cacah ingkang sampun kasêbutakên ing ngajêng, punika ingkang kalêrês angsal bagean barang warisan, namung tiyang tiga, inggih punika: 1. Bapa, bageanipun sapranêman (sudus), 2. bojo jalêr, bageanipun saprasakawan (rubuk), 3. anak jalêr, bageanipun ngasabah (tirahan). Wondene waris sanès-sanèsipun, kalêrês sami botên pikantuk maris, jalaran kêpalang dening wontênipun waris tiyang tiga wau. Têrangipun: putu jalêr botên angsal warisan, amargi saking wontênipun waris anak jalêr. Kaki botên angsal bagean warisan, amargi saking wontênipun waris bapa, dene waris ingkang sanès-sanèsipun ugi sami botên pikantuk maris, jalaran saking kêpalang dening wontênipun waris bapa tuwin anak jalêr.
Dene lampah-lampah pambagenipun makatên: sapintên wontênipun barang-barang tilaran, kadadosakên 12, lajêng kapêndhêt sapranêman= 2 bagean, katampèkakên dhatêng bapa. Kapêndhêt malih saprasakawanipun= 3 bagean, katampèkakên dhatêng bojo. Tirahanipun pitung bagean lajêng kasukakakên dhatêng waris ngasabah, inggih punika anak jalêr.
Manawi wontên tiyang jalêr ngajal, tilar ahli waris 10, èstri sadaya, punika ingkang manjing dados waris sarta angsal bagean barang têtilaranipun ingkang tilar dunya wau, namung tiyang gangsal, inggih punika, 1. biyung, bageanipun sapranêman (sudus), 2. bojo èstri, bageanipun saprawolon (sumun), 3. anak [a...]
--- 633 ---
[...nak] èstri satunggal, bageanipun sapalih (nispu). 4. Putu èstri saking anak jalêr, bageanipun sapratigan, anyampurnakakên kalih pratigan (sulus, nakmilakên sulusèn), 5. sadhèrèk èstri tunggil bapa biyung, bageanipun ngasabah (tirahan). Dene pambagenipun makatên: sapintên wontênipun sadaya barang tilaran, kadadosakên 24 bagean, lajêng kapêndhêt sapranêman (= 4 bagian) dhatêng biyung. Saprawolon (= 3 bagian) dhatêng bojo èstri. Sapalih (= 12 bagean) dhatêng anak èstri. Lan sapratigan anyampurnakakên sulusèn (= 4 bagean) dhatêng putu èstri. Tirahanipun 1 bagean, dhatêng waris ngasabah, inggih punika sadhèrèk èstri.
[Iklan]
Manawi wontên tiyang èstri ngajal, tilar waris jalêr tuwin èstri, punika ingkang angsal bagean warisan: 1. bapa, angsal sapranêman, 2. biyung, angsal sapranêman, 3. bojo jalêr, angsal saprasakawan, 4. anak jalêr satunggal, lan 5. anak èstri satunggal, bageanipun sami angsal ngasabah. Mênggah pambagenipun makatên: sapintên wontênipun barang tilaran, kadadosakên 36, lajêng kapêndhêt sapranêman (= 6 bagean) dhatêng bapa. Sapranêman malih dhatêng biyung. Saprasakawan (= 9 bagean) dhatêng bojo jalêr. Dene tirahanipun, 15 bagean, kasukakakên dhatêng anak jalêr sadasa bagean, ingkang gangsal bagian dhatêng anak èstri. Badhe kasambêtan.
Tadhah aksama.
--- [634] ---
Piwulang Kina Kasambêtan lan Larasipun kalihan Jaman Sapunika
Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.
[Dhandhanggula]
Pra anduwe panyuwun kang luwih | kèh prabote kang mêsthi cinêgah | lakunira ingkang gêdhe | wus kudu kurang turu | bêtah luwe adoh mring èstri | sabar kang bisa nrima | sirikane nêsu | nora murka tyas lêgawa | lamun têmên tinêmu nuli pinanggih | tan cidra tămpa bêgja ||
lawan manèh pêthinganing urip | anak putu ingkang têmên samya | aja geroh kowe anggèr | wong geroh kêmbangipun | lamun uwoh dadya ngapusi | yèn sisip padha uga | gunême tan payu | suwe-suwe dadi ala | nora ana ingkang gêlêm dèn cêdhaki | uripe mung mêmêlas ||
kurang mangan kurang turu bêcik | miwah kurang têgêse wêruha | nora beda têrus gawe | gawean kang ginayuh | kadyadene wong nambut kardi | mung tansah dipun gêlak | nuli enggal rampung | ngêngurangi winastanan | pirantine manggêng tumindak ngrampungi | lumintu mintir dadya ||
dadi lamun anggayuh utami | yèn ta calon kang agêng santosa | myang sêmbada onjo kabèh | apaa ingkang agung | gêdhenira marang prayogi | ngungkuli ing sadhengah | mungguh plorotipun | bisa dadi wong utama | kabèh mau angèl ênggone nglakoni | yèn muni têka gampang ||
têrangira kêna dipun pirit | yèn jangkahe jêmbar gêng sanyata | dadine mung sacukupe | yèn gayuh madya tamtu | dadinira adate nisthip | yèn nistha jroning driya | dadi kere midhun | mula kabèh kang tan mirsa | mangrêtia calon iku gêdhe mêsthi | nging silip wuse dadya ||
kosokbalik kodrak[7] karsèng Widhi | calonira mung alit sadaya | kaya wiji tuladane | wijine wiji klungsu | wujudira kaluwih cilik | wêkasan thukul nulya | dadi gêdhe dhuwur | edhum ngayomi nyrêkakah | riyu-riyu godhong akèh kêmbang kuning | uwohe asêm kathah ||
têrusane wêwulang pêpeling | gampangira kajating manungsa | datan dadakan dadine | wuse dèn garap rampung | lagya katon nglêgakkên kapti | dununge mung rêkasa | nganggo gung pinêsu | kanthi tindak kang waspada | badan lara dening kandêling prihatin | aboting urip wruha ||
sajatine wong kuna linuwih | tamtu nyata têmên nora dora | nging sababe wus kasuwèn | lan seje mangsanipun | prêlu ladhang dènnya nglakoni | pambudining gayuhan | mrih bisane tamtu | kabèh laku mung prayoga | saringana sarining laku kang dadi | ringkêse tapabrata ||
sanadyan wus seje jaman kaki | nanging yêkti sarèhning manungsa | nora kewran pangangkahe | kaya ta duk sinau | wuse sêla nandukkên batin | lamun wus nambuk[8] karya | sasêlane kudu | prihatin lan kang santosa | kawruh ingkang sêjati eling Hyang Widhi | gamane jawa tapa ||
mrih istijap panggah pungguh nuli | ingkang ngandêl gita linakonan | kaca brênggala kang gêdhe | cêtha nèng lênging kalbu | sira padha pasthi ngalami | kluwihaning Hyang Suksma | ingkang wus kapranggul | lagya kurang dhahar nendra | ing wêktune amêsu kawruhing gaib | wus nora kasamaran ||
amung iku mêsiyating ngèlmi | cêkak aos wus mêsthi karasa | kaanane nora kècèr | tuladan cêtha cukup | gamblang-gamblang rasaning ati | amula trus nyatakna | wulang kasbut dhuwur | wus cêdhak lawan kabêgjan | nugraha gung aluse kabèh cumawis | wus bêcik dadya mulya ||
D.
--- 635 ---
Bab Tandhingan Main Bal Sawung Sêpuh
Sajêrone ing Batawi dianakake konggrès Parindra, sing tak alami pancène mono pirang-pirang bangêt. Nanging ing sarèhne sakèhing ariwarti ing kene wis padha macak pêrslahe kanthi talêsih kabèh, kaya-kaya bakal ambosêni saupama Kajawèn uga ngêmot kaanane konggrès, awit kajaba cara nunggange sêpur, mêsthine iya wis kêpancal bangêt, caritane bakal ngaluk-aluk dawane. Mulane sing arêp tak andharake ana ing kene mung ing bab sing ora pati rete-rete kapacak ing koran, ewasamono kiraku sathithik-sathithik kêna kanggo tămba ngantuk, saupama dianakake wawasan sawatara. Dene bab sing arêp tak rêmbug, yaitu: bab tandhingan main bal para jago tuwa. Mung bae yèn ana kalimpute wawasan, muga-muga sing rumasa kêtaman, krêsaa paring ngapura sahohah.
Dene ing kala samono sing diadu mau, jago-jago tuwa golongan Parindra lan V.I.J. Jago-jago tuwa Parindra yaiku 1. Mr. Radèn Kuncara, ajung rèpêndharis ing polêksrad, 2. H. Dahlan Abdullah, lid gumintê rad, 3. Dr. Slamêt Sudibya, dhoktêr nambani wong lara, 4. R. Sunarya, malaekat pindhahan, têgêse: anggêre ana wong pindhah, iya R. Sunarya mau sing ngadani, 5. R. Patah, baurêksane bibilotik museum, 6. R. Suratna, Jendral Padpindêr K.B.I., 7. Mangkurat, pènsiun komis, nganggo C, dudu K, 8. Sutan Iskandar, kêpala tukang andongèng ing Bale Pustaka, 9. Mr. R. Adi, rèpêndharis, Onderwijs lan wèt odhêr gumintê ing Batawi, 10. Rajamin, wikathaksinine palabuhan (douane-ambtenaar) lan 11. Aman, tukang crita ing Bale Pustaka.
Jago-jago tuwa golongan V.I.J. yaiku: 1 Abdurrahman, maleekat omah ing Batawi, sabab sing sapa gawe omah ana ing kutha Batawi, iya R. Abdurrahman iki, sing nitipriksa, 2. Dr. Muwardi, dhukun modhèrên, têgêse: dhukun kang olèh pangajaran cara jaman saiki, tur ngrangkêp dadi obrus padpindhêr K.B.I., 3 M. Tabrani, kumêndhaning layang kabar: pamandhangan, 4. A. Kadarusman, 5 Moh. Sjah Sapi'i, 6. Dr. Subrata, dhukun kewan modhèrên, kathik wêton sêkolahan ing Holan, 7. Suri, iki lanang, sanadyan jênêngane ayu. 8. Abas, 9. Parma Iskandar, tukang mulang muruk, 10. R. Suwandi, rèpêndharis, lan 11. Iskandarbrata, lid gumintê rad.
Dene sing dadi juru pêmisah: Dr. Tumbelaka mandhore para dhoktêr.
Nèk nitik pangkat-pangkate, para jago tuwa iki băngsa mêthènthèng kabèh sarta băngsa sing ora tau kêndhile mêngkurêb. Mulane iya pantês ingalêmbana, dene padha krêsa ngagêm panganggo sing padha. Kaya ta: jago-jago Parindra, panganggone sarwa putih, nganti yèn sinawang saka mandrawa prasaksat... kêthèk Anoman. Dene jago-jago V.I.J. panganggone klambi abang clana putih, saupama ora lali kêthune iya warna mêngkono mau, banjur
--- [636] ---
sinawang saka mandrawa, lir pendah kadya... badhut sirkus.
Ing kene aku ora niyat arêp gawe palapuran karampungane têtandhingan main bal mau, awit, kajaba aku dudu ahli main bal, kang bisa anjalari palapurane salah wèsêl, kala samono pamaine pating kruntêl, nanging iya pating slêbar, jalaran saka iku iya banjur angèl anggone arêp gawe pêrslah sing urut. Mulane ing kene aku mung arêp anggambarake tandang-tanduke para jago tuwa sawatara bae, nèk-nèke ana gawene.
[Grafik]
Kaya wis jamak lumrah tandang tanduking manusa, kuwi manut pakulinane sabên dina. Kaya ta bangsane guru upamane, pakulinane sabên dina mulang bocah, jalaran saka iku tandang-tanduke, anggêr kêtêmu uwong, iya sok arêp diwulang. Priyayi pangrèh praja, kuwi pakulinane sabên dina awèh prentah nyang lurah, prabot lan wong desa, mulane tandang-tanduke, anggêr kumpul uwong, karêpe iya arêp mrentah. Mêngkono uga jurnalis, dupèh sabên dina rumasa awèh pêpadhang, awèh pitutur, lan andêdongèngi wong akèh, watak-watake sabên uwong iya arêp di... pêthènthèngi. Mêngkono sabanjure.
Jalaran saka iku, mulane iya ora anggumunake, dene para jago tuwa kasêbut ing dhuwur, akèh sing nalikane padha main bal, banjur anggawa pakulinane sabên dina ana ing kono. Coba, tak gambare tandang-tanduke para jago tuwa sawatara ing kene. Dene yèn ana kalirune, aku nyuwun sêpora akèh-akèh, lan pasrah bongkokan.
Ing golongan Parindra, sing jaga gul (goal keeper) Tuwan Mr. Kuncara. Priyayine lêncir kuning lan sumèh, tandang-tanduke anêngsêmake. Nalikane mungsuh têka anyawatake bal, panjênêngane prayitna, nanging ngati-ati bangêt, bal banjur trangginas dicandhak, nanging kanthi alon-alon lan ngati-ati bangêt, sabanjure bal mau banjur kayadene di... lela-lela. Ora maido, sabab Tuwan Mr. Kuncara mêntas bae kagungan putra.
Kosok-bali karo jaga gul golongan V.I.J. Tuwan Abdurrahman, malaekat omah ing kutha Batawi kene. Yaiku: priyayi sing diwajibake nitipriksa omah sing arêp digawe. Dhasar priyayi gagah prakosa, gêdhe lêmu, anggone mêthukake bal iya bisa ngêpas, jangkahe: [jang...]
--- [637] ---
[...kahe:] ja-gling, ja-gling, sajaglingan kira-kirane iya cèplês samètêr. Iki bokmanawa saka pakulinane ngukuri lêmah sing kudu diprêsèkake nyang... gumintê kanggo ngambakake dalan jarene.
Bèg (panjaga gul), golongan Parindra, Tuwan Dahlan Abdullah, dêdêg piadêge mono rasêksa upamane, nanging rasêksa apik atine, liyane: ha-ha-ha-hak, ora ana. Mulane nêndhang bal kêna iya: ha-ha-ha-hak, luput panêndhange iya: ha-ha-hak, malah tumbukan karo kancane, iya: ha-ha-hak.
Bèg, golongan V.I.J. Tuwan Dr. Muwardi, dhasar dhoktêr populèr, bagus rupane, anom dhasare, liyane mèsêm ora ana. Pakulinane sabên dina: nambani wong lara: mèsêm, nyuntik: mèsêm, ditakoni sing duwe kuwajiban, apa pênyakite sing lara, iya mèsêm. Barêng mrasuk busana: klambi abang, clana putih, nanging ora kêthon abang putih, iya mèsêm têrus-têrusan. Ing sarèhne papanku nonton rada adoh sawatara, apa sajêrone ngoyak bal, nêndhang bal, mèsêm têrus-têrusan, hla, iki êmbuh, ora wêruh.
Tuwan Suratna, kaya sing wis tak kandhakake ing dhuwur, dadi jendrale padpindhêr, mulane sabên dina kirane iya tansah diwêdèni dening para padpindhêr kabèh, nganti bale bae iya wêdi, mulane barêng bale mara, arêp ditêndhang, saka wêdine banjur nlusup ing sangisore sikile, sarta ujug-ujug arêp andhèrèkake ana ing burine.
Tuwan Mr. Adi, dhasar ahli kukum, pangkat repêndharis, kathik ngrangkêp dadi wèt odhêr, dadi iya pangkat luhur têmênan. Mêsthine pakulinane sabên dina lênggah karo sapa bae, iya sagêd sasêkecane, ora prêlu sok kudu ngapurancang kayadene aku upamane, mulane barêng main bal, playune iya sakêpenakiranèki, malah kalane mlayu bantêr, ora kaya aku playune wungkuk, dadi sirahe sing nyang ngarêp, malah kala mlayu mau sing nyang ngarêp jêbul... padharane.
Tuwan Suwandi, repêndharis, irstê klas ing dhepartêmèn ondêrwis. Priyayi iki, sanadyan pangkate luhur, nanging andhap-asor bangêt, iya karo sapa bae, tansah andhap-asor, lan angajèni. Êmbuh ora wêruh, panggonanku rada kadohan, nanging kiraku, kalane main bal mau, anggêr nyêdhaki bal, luwih dhisik iya ngandika:... nuwun sèwu, lagi: dhêng, nêndhang bale.
Tuwan Patah, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, baurêksane bibilotik museum, têgêse pakulinane sabên dina iya anjaga lan ngolak-alik buku-buku bae. Nalikane main bal sêmune pakulinane sabên dina digawa mrono. Buktine: nalikane ngoyak bal, lakune nganggo: mindhik-mindhik. Saupama wong lumrah mono, tak arani mindhik-mindhik kaya arêp... ngincup kinjêng. Ing sarèhne baurêksane bibilotik, anggone mlampah mindhik-mindhik mau, bokmanawa kala samono kemutan anggone ngindhik-indhiki... coro sing lagi plêsir ana ing tumpukaning buku.
Wis, samene bae panyandraku, yèn tak banjur-banjurake, mundhak saya akèh sing tungkul amleroki karo Si Petruk.
--- 638 ---
KABAR WARNI-WARNI
Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.
TANAH NGRIKI.
Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, M. Pratikto, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi veldpolitie ing Magêlang, Paresidenan Kêdu, dados asistèn wêdana Paresidenan Kêdu.
Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Sukmoadi, mantri pulisi Paresidenan Bêsuki, dados mantri pulisi Paresidenan Kêdiri. R.M. Kustomo, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidenan Kêdiri, dados tijd. we. asistèn wêdana Paresidenan Kêdiri. Sumodirêjo, juru sêrat klas 1 Paresidenan Bêsuki, dados mantri pulisi Paresidenan Bêsuki.
Pisungsung dhatêng Sono Budoyo. Museum Sono Budoyo ing Ngayogyakarta tampi pisungsung saking Tuwan Hendrik, administrateur kabudidayan Gondang Lipura, awarni grobag kajêng surungan damêlan Jêpara ing jaman kina.
Ariwarti enggal. Ing Tasikmalaya badhe wontên ariwarti enggal basa Sunda nama Timbangan. Dados sapunika ing Tasikmalaya badhe wontên ariwarti kalih, ingkang satunggal nama Tawêkal.
Kabudayan Jawi Java Instituut ing Bali. Benjing Congres Java Instituut ingkang kawontênakên ing Bali, Ngayogya badhe ngêdali têtingalan Jawi saking pakêmpalan Krido Bêksa Wiromo, inggih punika satunggaling kagunan Jawi ingkang dipun asta ing panjênêngan dalêm G.K.P.H. Tejokusumo tuwin B.K.P.H. Suryodiningrat. Ingkang badhe kapitongtonakên awarni bêksan, tuwin niyaga alit-alit saking pakêmpalan Siswa Swara, inggih punika pakêmpalaning para mudha murid Taman Siswa ingkang dipun pangagêngi dening R.M. Subroto Dewantoro.
Werkcentrale tumrap para pangajaran. Wiwit benjing tanggal 1 Juli ngajêng punika, ing Surakarta kawontênakên Werkcentrale kangge para neneman pangajaran, apawitan f 25.000.-. Dene ingkang badhe dipun tampèni nyambut damêl ingriku para neneman ingkang gadhah diploma H.I.S. minggah, ing sabên wulanipun angsal arta jajan f 5.-. Ingkang dados panuntun babagan padamêlan R.M. Hatmohudoyo tuwin Tuwan Sumarno.
Daya pitulunganing motor mabur. Ing Bula, Nieuw Guinea mêntas wontên tiyang sakit blindedarm rêkaos. Ingriku lajêng sagêd angsal pitulungan saking motor mabur ingkang nuju wontên Serui ambêkta Dr. De Hartog saking Babo. Wanci jam 7 sontên sagêd ambêdhèl, pinanggih wilujêng.
Kêbon Raja ing Bogor sampun 120 taun. Adêging Kêbon Raja ing Bogor kala tanggal 18 wulan Mèi punika sampun 120 taun. Ing tanggalipun 22 Mèi Directeur Kêbon Raja wau ngawontênakên lêlênggahan ing dalêmipun antawising jam 7 dumugi jam 9. Dados pèngêtan wau namung kadamêl ing sapêrlunipun kemawon.
Laboratorium wacucal. Miturut wartos, laboratorium wacucal (leerlooierij tuwin damêl sêpatu) ing afdeeling Nijverheid ing Bogor badhe kapindhah dhatêng Ngayogya. Manawi kasêmbadan pindhahipun wontên têngah-têngahaning taun punika.
Dados patih ing Jombang. Miturut wartos R. Murteja wêdana ing Madiun, katêtêpakên dados patih ing Jombang, Paresidenan Surabaya.
Utusan Volkenbond. Benjing tanggal 6 tuwin 7 Juni ngajêng punika, utusan Volkenbond babagan panulaking sêsakit malaria badhe dhatêng ing Ngayogya, pêrlu badhe papriksa dhatêng Adikarta ing panggenan-panggenan ingkang pêrlu ingatasing babagan punika.
Kêpala durjana kaukum. Pangadilan Landraad ing Cileungsi sampun mriksa prakawisipun kêpala durjana nama Paih bin Langkin, ingkang kadakwa ngoyok ing pintên-pintên panggenan ing bawah Bogor. Saksinipun wontên 11, inggih punika têtiyang ingkang sami kêkoyokan, tuwin asistèn wêdana ingkang nyêpêng. Papriksanipun ngantos lungse ing wanci. Karampunganipun Paih kaukum kunjara 8 taun.
Pamulangan luhur Dhoktêr. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan Abdulhalim, Liem Khoen Kiem, Lim Peng Lam tuwin Muryawan.
Kathah punggawa saking ngamanca. Ing salêbêtipun satêngah taun kêpêngkêr, ing Tanjungpriok kathah bêbau bangsa Tionghoa tuwin Walandi, amargi kathah panggaotan agêng Walandi andhatêngakên punggawa saking nagari Walandi, dene kapal-kapal ingkang dhatêng saking Tiongkok sami ambêkta kuli-kuli bangsa Tionghoa.
Balapan baita ing sagantên. Dèrèng dangu mêntas kawontênan lampah rikat tumrap baita motor saking Banyuwangi dhatêng Anyêr, têbihipun 1398 km., dipun tindakakên dening Van Hamert. Lampahipun pinanggih sae. Kala ing wulan Mèi taun 1935 ugi wontên tindak makatên, ing sapunika pinanggih langkung rikat. Bidhalipun jam 12 siyang, enjingipun jam 10.3 mênit dumugi Anyêr. Rikatipun ing dalêm saêjam 69.4 km. Ing dalu katêmpuh ing jawah. Wontên ing margi kawontênakên panitipriksan pintên-pintên panggenan.
Padvinder ingkang badhe dhatêng jamboree. Miturut wartos saking Hoofdkwartier Padvindersbond, K.T. Ingkang Wicaksana kaparêng angêmori damêl babagan padvinder tanah ngriki ingkang badhe jamboree dhatêng nagari Walandi. Benjing tanggal 15 Juni ngajêng punika kaparêng badhe nitipriksa, inggih punika nalika badhe bidhaling padvinder wau kirang sadintên, pamriksanipun wontên plataran Koningsplein, Batavia Centrum.
Papriksa dhatêng Manokwari, Digul tuwin Marauke. Kala tanggal 16 wulan punika motor mabur Dornier sampun wangsul saking papriksa tanah Manokwari, Digul tuwin Marauke. Ingkang tindak papriksa wau residèn Haga tuwin edeleer Visman, salajêngipun wangsul dhatêng Surabaya nitih motor mabur pambucal bom T 16.
Sata tanah Karajan Jawi angsal rêgi. Miturut wartos, rêgining sata saking tanah karajan Jawi mindhak, inggih punika ingkang pinanggih wontên lelangan ing Amsterdam, sata wêdalan ing Surakarta. Kala ing taun kêpêngkêr ingkang rêrêgèn 25 utawi 30 sèn, ing sapunika pajêng 80 sèn.
Volontair Ir. Dèrèng dangu Gemeente ing Bandung masang pariwara ing bab lowonging volontair Ir. blanja f 50.-, dene ingkang dipun têdha ingkang gadhah diploma T.H.S. Bandung utawi Delft, utawi diploma ingkang sami ajinipun, kapilih ingkang wêdalan ing taun 1929 dumugi sapunika. Pinanggihipun ingkang nglamar padamêlan wau sampun wontên tiyang 9. Tamtunipun taksih wontên pilihan malih.
--- 639 ---
Pindhahan pangarsa Landraad. Mr. Suwarso Tirtowiyogo, pangarsa Lanraad[9] ing Pamêkasan, kapindhah dados pangarsa Landraad ing Nganjuk. Mr. Suwarso punika anggèning wontên ing Pamêkasan sampun 7 taun.
Parêpatan golongan Landbouwconsulent. Ing Bêtawi mêntas wontên parêpataning para Landbouwconsulent tuwin Nijverheidconsulent satanah ngriki, dipun jênêngi ing panjênênganipun Directeur Economische Zaken. Para Consulent wau sami sêsorah gêntos-gêntos ing bab angsal-angsalanipun sêsêrêpan-sêsêrêpan ingkang gêgayutan kalihan panggêsanganing kawula. Tumrap Landbouwconsulent ing Makasar ngandharakên bab baita, ing Mênado bab siti tuwin sambut-apisambut, ing Sumatra Kidul bab karèt, ing Samosir bab wowohan, sayuran tuwin tênun, ing Bênkulên, Palembang tuwin Lampung ambiyantu bab paboyongan.
Anjêmbarakên pabrik gas. Jalaran saking kathahing indhakipun têtiyang ngangge gas ing Surabaya, Ned. Ind. Gas Mij. gadhah sêdya badhe njêmbarakên pabrikipun. Tumrap Ngagel badhe dipun dèkèki wadhah gas ingkang agêngipun 10.000 mètêr pasagi, ngungkuli ing Gembong. Wadhah punika tumrap tanah ngriki kapetang ingkang agêng piyambak.
Paargyan jumênêngan Nata Inggris ing Pamanukan tuwin Ciasêmlandên. Administrateur bangsa Inggris ing Pamanukan tuwin Ciasêmlandên mêntas ngawontênakên paargyan jumênênganipun Nata Inggris. Paargyan wau agêng-agêngan, mawi ngulêmi Gupêrnur Jawi Kilèn, Directeur Economische Zaken, Bupati Krawang tuwin commandant garnizoen. Mawi sontit mêdharakên kasugênganing Nata Walandi tuwin Nata Inggris sakalihan pramèswari, kanthi ngungêlakên lagu kabangsaning kalih nagari.
Malsu umur kangge pados kindertulage. Raad van Justitie ing Bêtawi mêntas mriksa prakawisipun Mas A. jalaran kadakwa malsu umuring anakipun pêrlu kangge nglajêngakên murih têtêp angsal kindertulage. Jawabing dakwa, anggèning gadhah tindak makatên punika jalaran saking kathah ingkang dipun manah. Karampunganipun kadhawahakên sanès dintên. Punika kenging kangge pèngêt.
Barang-barang saking Cirêbon. Marêngi ungêling gangsa Sêkatèn ing Ngayogya, museum Sono Budoyo mitongtonakên barang-barang saking Cirêbon, warni sinjang bathik, gangsa si Megamêndhung, ringgit golèk gagrag kina, dalong (blencong), barang-barang praboting griya awarni: enthong, pagantenan, tuwin sanès-sanèsipun kathah sangêt. Barang-barang wau kintunan saking priyantun pangrèh praja.
Congres Parindra. Parindra kalampahan sampun ngawontênakên congres wontên ing Bêtawi, manggèn ing gêdhong kabangsan Gang Kenari. Ngantos dumugining wêkasan pinanggih wilujêng.
Parêpatan agêng Al Islam. Ing tanggal 23 dumugi 25 Mèi punika, Al Islam badhe ngawontênakên parêpatan agêng manggèn ing Surakarta.
EROPA.
Tilas Nata Inggris. Benjing tanggal 3 Juni ngajêng punika, Hertog van Windsor, tilas Nata Inggris badhe krama angsal Mrs. Wallis Warfield, wontên ing kasteel Cande, Parijs. Nikahipun badhe katindakakên dening burgermeester ing Mont Mercier. Tamunipun namung mêndhêt tiyang-tiyang ingkang kulina kalihan Hertog Windsor tuwin badhe garwanipun ing kala wulan kêpêngkêr. Tumrap kulawarga karajan botên wontên ingkang badhe anjênêngi, tamunipun kintên-kintên namung 25.
Kala jumênêngipun Nata Inggris, George VI, Hertog Windsor kaparêng mirêngakên sêsorah upacara wontên radio. Panjênênganipun mêling film jumênêngan, dalunipun dhatêng, lajêng kamainakên. Hertog Windsor kaparêng maringi sêrat pamudyarja dhatêng rayi nata.
Nêrak prajanjian. Prancis kadakwa nêrak prajanjian, amargi mêntas wontên motor mabur Sêpanyol cacah 16 saking Barcelona mandhap laladan Prancis, têrus dhatêng watês Sêpanyol. Ing bab punika Itali badhe nganggêp dhatêng Prancis nêrak prajanjian, awit mênggah lêrêsipun kêdah dipun êndhêg lampahipun, malah wajib dipun cêpêng.
Waragad pêrang Italie. Miturut petang, waragadipun Italie nalika pêrang kalihan Ngabêsi wontên 11.350.000.000 lire. Salire punika kintên-kintên 50 sèn.
Pêpacangan. Pangeran Karel ing Zweden, kapenakan Nata Prabu Gustaf, sadhèrèk suwargi Pramèswari Astrid, pêpacangan kalihan Gravin Elsa von Rosen, putranipun Graaf Engen von Rosen. Nanging wontên wartos, sang pangeran dipun icalakên anggèning kagungan hak kaprabon, amargi garwanipun wau sanès darah ratu.
ASIA
Campuhan rame ing tapêl watês. Ing tapêl watês tanah Indu lèr kilèn mêntas wontên campuhaning wadya Inggris golongan campuran kalihan golongan ebah-ebahan. Ing laladan Sham dipun kêpang, wêdya Inggris nêmpuh saking gêgana. Golongan ebah-ebahan manggih karisakan agêng.
NAGARI WALANDI
[Grafik]
Sinau wontên ing panggenan salju. Inginggil punika gambar murid-murid ing salah satunggaling sêkolahan ing nagari Walandi ingkang sinaunipun wontên ing panggenan salju.
--- 640 ---
Wêwaosan
Saribang
Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy.
61
Papan ingkang kangge kèndêl punika, têbihipun saking sagantên kirang langkung namung wontên pitulasan mètêr, amila jumlêguring ombak sagêd kamirêngan cêtha. Sopêlin tuwin Dhèsgas, kanthi kairit dening para prajurit, lajêng menggok nêngên, kintên-kintên lajêng ngambah ing margi ingkang anjog dhatêng gubug wau. Dene tiyang Yahudi sakreta tuwin kapalipun kantun wontên ing margi agêng.
Kanthi ngatos-atos sangêt, malah sarana brangkangan, sang putri ugi menggok dhatêng margi ingkang nêngên wau. Murih sampun ngantos kadêngangan, tindakipun sang putri wau kapêksa kêdah miyos turut garumbulan, kajawi punika ugi botên kenging nyuwara babarpisan. Jalaran saking ingkang makatên wau, kados inggih sampun layak kemawon, bilih wadana lan astanipun lajêng sami nandhang tatu. Tujunipun ing sauruting margi alit wau, ing kiwa têngên wontên pagêripun, lan ing sawingkinging pagêr wontên kalenanipun ingkang asat. Inggih ing kalenan wau anggènipun sang putri andhêlik, ingkang anjalari sang putri sagêd nyakêt ngantos tigang mètêr têbihipun, tanpa kasumêrêpan ing tiyang, saking panggenanipun Sopêlin kala suka parentah para punggawanipun wau.
Têmbungipun Sopêlin kirang langkung makatên: Mara, saiki kandhakna nyang aku, ing ngêndi gubuge Blangkar kuwi.
Kopral ingkang mangagêngi prajurit wau amangsuli: Saking ngriki, mêdal margi alit punika, kirang langkung wolung atus mètêr.
Sopêlin: Bêcik. Kowe saiki sing dadi cucuk. Sadurunge kene budhal, bêcike kowe kanthi alon-alon anjujuga dhisik nyang gubug kana, lan ngintipa, apa si kêparat-kêparat golongan sêtya raja isih padha ana ing kono. Ngrêti prentahku kiyi.
Kopral: Inggih, sampun ngrêtos, tuwan.
Salajêngipun Sopêlin nuntên suka parentah dhatêng para prajurit sadaya makatên: Kabèh padha ngrungokna, awit ing mêngko bokmanawa ora kobêr rêmbugan manèh. Mulane wigatèkna têmênan kandhaku iki, anggêpên, yèn nganti lali, bisa uga tiwas jiwamu. Lan pancèn iya mêngkono sing sapa ora migatèkake kandhaku kiyi mêsthi bakal tiwas.
Dhesas[10] amangsuli: Kula sadaya badhe mirêngakên kanthi tumêmên, tuwan. Kalihan malih sampun dados wajibipun prajurit republik, botên badhe supe dhatêng sadaya dhêdhawuhan.
Sopêlin: Kowe, kang kudu nyêdhak nyang gubuk, kudu nyoba ngintip ing sajêrone kono sing nganti cêtha bangêt. Yèn wong Inggris sing tak karêpake ana ing kono sakănca-kancane golongan sêtya raja, yaiku wong Inggris sing dêdêg piadêge gêdhe dhuwur, utawa wungkuk prêlune mung arêp kanggo nyamarake dhuwure mau, kowe enggal-enggal ngunèkna sêmpritan, minăngka sasmita marang kănca-kancamu. Salajêngipun Sopêlin nuntên wicantên dhatêng para prajurit sadaya makatên: Yèn ana suwara sêmpritan, kowe kabèh kudu enggal-enggal lumêbu ing gubug kono lan siji-sijining wong kudu wêruh wajibe dhewe-dhewe, yaiku nyêkêli wong-wong sing padha ana ing kono sadurunge ana siji-sijia sing kobêr nyandhak gêgamane, utawa kobêr nglawan, dadi cêkak aos, anggone nyêkêl mau dikagètake, dadi saka bingunge kana nganti ora kobêr kapriye-kapriye. Ewadene yèn ana salah siji nêdya nglawan, bêdhilên sikile utawa tangane, nanging wong Inggris sing gêdhe dhuwur, aja pisan-pisan nganti kopatèni. Kowe kabèh apa padha ngrêti.
Sadaya amangsuli: Sampun, tuwan.
Sopêlin: Wêruha, wong Inggris iki rosa bangêt, kiraku nganti wong papat utawa lima sing bisa ngêndhakake dhèwèke mau.
Salajêngipun kèndêl sakêdhap, ing wusana Sopêlin anglajêngakên wicantênipun makatên: Yèn para golongan sêtya raja mau durung karo panuntune, kowe awèha wêruh marang kănca-kancamu, lan kowe kabèh banjur padha andhêlika ing saburining karang-karang ing sakubênge gubug kono, ana ing kono padha ngêntènana têkane si dhuwur băngsa Inggris. Nèk Si Inggris kiyi wis gênah lumêbu ing gubug kono, kowe kabèh banjur padha nêmpuha barêng-barêng. Nanging kudu tansah ngèlingana, tumindakmu ati-atinên bangêt, pêpindhane kayadene luwak kang arêp nyolong pitik. Amarga saupama ana unining pistul utawa bêdhil, utawa suwara jêlih-jêlih lan sapadhane, iku bisa anjalari si dhuwur banjur ora mênyang gubug kono. Ing măngka karêpku, ing bêngi iki uga Si Inggris dhuwur iku bisa kacêkêl.
Wangsulanipun: Sandika. Sadaya dhawuh panjênêngan badhe katindakakên kanthi tumêmên.
Sopêlin: Wis, saiki tumuli padha mangkata kanthi kang ngati-ati bangêt, aku nêdya tut buri lakumu. Badhe kasambêtan.
--- 77 ---
No. 20, Taun VIII.
TAMAN BOCAH
INGKANG NGÊMBANI BU-MAR
KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM
RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.
MANGSULI LAYANG
Srikunmaryati Bojonêgoro, Bandiyah Paree, Sukatman Kras, Sri Mastuti Surakarta, Sumarsih Kêbumèn. Suyati Grati Pasuruan, Sutrisno Pêkalongan, Rubigdo Malang, Sridaliyah Kêdungwuni, Suwarti Kasêgêran, S. Daiman Bêgalon Surakarta, Mulyati Genteng (Banyuwangi), Sri Mandiki Surakarta, K.S. Penjol, Suparjo Têgal. Batanganmu cangkriman bênêr kabèh. Mula 1248 kêliru pangêcape, mêsthine kudu 1348. Aja pisan dadi atimu, layang-layang iki takwangsuli dadi siji, awit akèh bangêt layang-layang sing isih kudu dakwangsuli. Kiriman karangan lêlucon utawa cangkriman utawa dêdongengan, wis daktampa kanthi bungah.
Sutarsih Purbolinggo lan Armini Tayu. Layangmu anêpungake wis daktampa kanthi sênênging atiku. Sumarsih, muga-muga kowe bisa munggah nyang klas 7. Gang Budding iku kira-kira rong pal dohe saka Gang Bungur Jawa.
Suryadi lan Surtiyah Gunung Wungkal Taju. Suryadi, andadèkake bungahku kowe mêrlokake ngirimi layang anêpungake nyang Bu Mar. Surtiyah, yèn kancamu arêp nglayangi aku, ya sukur bangêt, dakarêp-arêp. R.A. Suwarsi iku Bok Petruk, dalême nunggal karo aku. Dene Petruk iku mula kangmasku.
Isindinah Surakarta. Layangmu isi wangsalan wis daktampa, bangêt panrimaku. Wiwit saiki sing ngati-ati anggonmu nulis adrès. Sabêne sanajana mung Batavia-C. bae, kok têkan.
Subagyo Pathi, Asminah Prabanan, Srihutani lan Subali Balikpapan, R.A. Siti Wahyunah Japara, Sanyoto Balapulang, Muh Sugih Pathi, Niek Pekalongan, Susmiyati Purwokêrto, Kus lan Sup Pulung, Ponorogo. Bangêt andadèkake sênênging atiku kowe padha mêrlokake ngirimi layang têtêpungan nyang Bu Mar. Karangan-karangan wis daktampa kanthi bungah. Bocah sing ngirimi gruten nyang Oom sarta tante Petruk, wis dakaturake, padha ngandika bangêt panrimane.
Tuti lan Srinarti Purwokêrto. Sênêngku tanpa upama barêng tampa layangmu. Sri, yèn kowe arêp milu ngisèni T.B. ya kêna. Tênan lo Tuti, ibumu kirimana potrèt, aja mung janji bae. Kowe Sri, takon apa Bu Mar wus tau tindak Purwokêrto, ya wis sêring bangêt. Malah nyang Grujugan Rempoah aku ya wis tau, mlaku lo Sri, kaya kowe kabèh. Tuti, nyang Kalibacin aku ya wis tau, malah wis tau adus ing kono barang. Salame Indinah wis daktampa kanthi sênêng.
Sudarto Baturadèn Purwokêrto. Barêng iki aku awèh wêruh yèn ora salah D.V.G. Bandhung wis ora golèk bocah wêton sêkolahan angka II. Pêrkara batangan cangkrimanmu Volksalmanak Jawa, aku ora wêruh apa-apa, bab iku tanggungane administratie.
Sri Wulan lan Sri Surartri Purwokêrto. Satêmêne prentbriefkaart sing saka Singapura iku dudu saka aku. Aku dhewe uga tampa, nanging ora ngêrti saka sapa, awit tèkêne ora cêtha. Apa iku dudu salah sawijine kancamu sing lunga nyang Singapura lan mendha-mendha dadi Bu Mar.
R.M. Surarkono Surakarta lan Supartono Purwokêrto. Wah wis sawatara lawas aku ora krungu kabarmu. Lêluconmu wis daktampa kanthi bungah. O, mêsakake têmên kowe, Surar, dadi êntas tiba saka sêpedha. Nanging rak ora tatu rêkasa ta? Sukur, yèn saiki wis rada waras. Sing ngati-ati bae, ya, yèn nênunggang nang dalan kang rame.
Handini Pacitan. Layangmu karo-karone wis daktampa, bangêt panrimaku.
R. Nurwandana Bantul, Ngayogya. Andadèkake sênêngku tampa layang pitêpungan sarta isi karangan lêlucon saka kowe. Kowe takon pira anakku. Wah pirang-pirang bangêt, nganti ora kêna dietung, wis gêdhe-gêdhe lan uga akèh sing isih cilik-cilik. Nanging ora padha nunggal saênggon, sumêbar ing ngêndi-êndi, kaya ta sabrang, Surabaya, Ngayogya, Surakarta, Madiun, Rêmbang lan liya-liyane. Salah siji uga ana sing nang Bantul, yaiku Nurwandana, saiki uga wis dadi anak kêponakan.
Sri Aminah Purworêjo lan Surti Sêmarang. Layangmu isi recept dhaharan wis daktampa kanthi bungah. Batangan cangkriman bênêr kabèh, Surti.
Doremi Batang, Supratirilah Tulungagung, M. Ouderous lan Markasim Batang. Bangêt bungahku kokirimi layang pitêpungan sarta isi cangkriman warna-warna.
Layang liya-liyane bakal takwangsuli Sêtu ngarêp.
Ibumu Mar.
--- 78 ---
GAGAK LAN MLIWIS
Ana gagak mêmitran karo mliwis. Anggone mêmitran wis sawatara lawas kanthi rukun, ora tau cêla-cinêla.
Nuju sawiji dina, mliwis tilik gagak, mitrane. Gagak bungah bangêt, dene mliwis mêrlokake tilik. Sawise bage-binage, banjur rêrêmbugan rupa-rupa, agawe sênênge sakarone. Ora suwe, mliwis calathu mangkene: "Gagak! Têkaku mrene iki, kêjaba tilik, iya ana pêrlune liya."
Gagak mangsuli: "Ana pêrlune apa? Coba kandhakna, bokmanawa aku bisa nulungi."
Mliwis: "Manawa lêga atimu lan kabênêr duwe, aku utangana dhuwit saringgit bae. Karo jarene dhuwit iku yèn diutangake bisa manak. Yèn nyata, ing têmbe rak bakal gawe kasugihanmu."
Gagak: "Iya bêcik, besuk yèn anake akèh, kowe dakwènèhi sêparo. Iki dhuwite, tampanana."
Mliwis sawise nampani dhuwit, banjur pamit. Lêt sawatara sasi, mliwis têka karo mènèhi kêthip siji.
Gagak calathu: "He, dhuwit apa iki. Apa utangmu saringgit kae mung kobayar sakêthip?"
Mliwis mangsuli: "Ora, ringgitmu biyèn manak. Iki anake dakêtêrake mrene. Dene êmboke isih ana ing kana."
Gagak: "O, ngono! Bangêt panarimaku mliwis."
Mliwis nuli mulih. Liya sasi mliwis têka manèh. Gagak barêng wêruh yèn mliwis têka, enggal anggone mêthukake, karo kêsusu takon mangkene: "Apa ringgitku uwis manak manèh. Êndi anake?"
Mliwis mangsuli: "Pancène wis wayahe manak manèh. Nanging rèhning ringgitmu wis mèh sêsasi iki lara, mulane ora bisa manak. Manawa lêga atimu, aku utangana sasuku bae. Prêlune kanggo nambakake ringgitmu, sabab yèn kêbanjur mati, eman-eman."
Gagak: "Iya bêcik, anggêr anggonmu ngopèni tumêmên. Supaya enggal mari."
Mliwis mulih kanthi bungah, sabab entuk dhuwit sasuku. Ora antara lawas, mliwis têka manèh. Kandha yèn ringgit sing lara wis mèh mari. Supaya enggal mari, kudu ditukokake tamba manèh. Mulane mliwis njawab utang dhuwit manèh, pêrlu kanggo tuku tamba. Rèhning gagak mau dhasar bodho, mulane sapanjaluke mliwis dituruti bae. Mliwis mulih karo anggawa dhuwit satali. Nganti sawatara lawas mliwis ora ana mara, gagak bangêt anggone ngarêp-arêp. Barêng mara, digawe sajak kaya wong susah, karo nangis prêmbèh-prêmbèh. Calathune: "Dhuh gagak mitraku. Kapriye aku iki. Sapa sing bakal nulungi."
Gagak mangsuli: "Ana apa, mliwis, apa anak bojomu padha lara?"
Mliwis: "Ora, gagak, ringgitmu dhèk mau esuk mati. Saiki wis dakpêndhêm. Aku wêdi yèn kosrêngêni."
Gagak: "Apa iya! Ringgit bisa mati. Ora ngandêl."
Mliwis: "Yèn ana ringgit bisa lara lan bisa manak, mêsthi ana ringgit bisa mati."
Gagak rumasa kalah gunême, mulane mênêng bae. Dene mliwis banjur mulih.
Buntarta, Sêmarang.
LÊLUCON
Guru: "Ti, Amerika karo lintang adoh êndi?"
Marti: "Têmtunipun têbih Amerika."
Guru: "Ngêrtimu yèn adoh Amerika tandhane apa?"
Marti: "Tandhanipun Amerika botên kêtingal saking ngriki, dene lintang rak katingal."
S. Har, Surakarta.
Guru: "Ngaranana siji-sijine suwaraning kewan. Kowe, Dirun!"
Dirun: "Sawung kluruk."
Guru: "Bênêr, manèh kowe Siman."
Siman: "Kapal mbêngingèh."
Guru: "Bênêr, saiki kowe, Sêbul."
Sêbul: "Tikus singsot."
Siswomartono, Purwokêrto.
PITUTUR BÊNÊR
'- "Aku iki bisane kinasih karo bêndara kudu piye?"
'+ "Kudu ngêrti tatakrama."
'- "Aku warahana tatakrama, kang, yèn ndara lagi dhahar, aku kudu piye?"
'+ "Kudu ngingêtake puluke, yèn wis diêmplok, kowe ya mangapa têrus ngulu idu, clêguk."
'- "La, yèn wis bar dhahar?"
'+ "Kowe kudu korèt-korèt."
'- "Yèn bêndara mapan sare?"
'+ "Kowe thakur-thakura lêmah têrus nggloso mapan turu."
'- "We-la apa niyate dipadhakake asu, apa piye."
Cakil.
BATANGAN CANGKRIMAN SING KATULIS ING KEJAWEN No. 33.
I
Jênênge manuk wulung.
Cara mlayune êlang.
Disalini i dadi ilang.
II
Aksara - - - 1 - 2 - 3 - 7 - 8 - = Ngaya.
Aksara - - 1 - 2 - 5 - 7 - 8 - 9 - = Ngoyak.
Aksara - - - - 4 - 5 - 6 - 8 - = Yoga.
Aksara - - - - 1 - 3 - 4 - 8 - = Naya.
Aksara - - - 9 - 10 - 11 - 12 - 13 - = Karta.
Aksara - 7 - 8 - 9 - 10 - 12 - 11 - 13 - = Yakatra.
Aksara - - - - 10 - 11 - 12 - 13 - = Arta.
Dadi jênênge kutha: Ngayogyakarta. Sing bisa ambatang: Sri Kunmaryati, Bandiyah, Sukatman, Sri Mastuti, Sunarsih, Suyati Grati, Sutrisno, Rubigdo, Sri Daliyah, Suwarti, S. Daiman, Mulyati, Sri Mandiki, K.S. Penjol, Suparjo. Surti Sêmarang.
--- 79 ---
TUNGGAL BAPA BIYUNG.
[Grafik]
Ing dhuwur iki gambare bocah sasêdulur tunggal bapa biyung cacahe 15, anake wong ing desa Callander, Canada, nagara Amerika. Dêlêngên, bocah-bocah mau lagui dikon ngadêg jèjèr urmat marang bapa biyunge.
CARITANE KANCIL
(Candhake)
Baya: "Aha, Raja Kancil! Yèn kowe nulungi aku, bakal dakaku sêdulur ing donya acherat."
Kancil: "Apa kandhamu iku kêna tak pitaya?"
Baya: "Yèn aku goroh, aja pinaringana slamêt lan aku nyuwun, supaya aja diparingi umur dawa."
Kancil: "Sabab kowe wis wani supata, aku arêp tulung kowe, yaiku mangkene: "Yèn mêngko banyune rob, kowe mlakua mundur karo nahan ambêkan."
Ora antara suwe kaline rob, lan baya kasilêm ing jêro banyu. Enggal-enggal baya nurut prentahe kancil, mlaku mundur sarta nahan ambêkan. Dumadakan baya banjur bisa uwal saka wit cangkring.
Ananging sawise baya mau bisa uwal saka kasangsaran, dhèwèke ora rumasa yèn ditulungi dening si kancil, malah pangrasane sabab saka akal budine dhewe, awit kancil ora milu ngrewangi. Mula rumasa ora kapotangan kabêcikan, banjur ora niyat malês si kancil, mung arêp sujud ping têlu kanggo nandhakake kaurmatane nyang si kancil.
Kancil gêla atine dene baya ora ngrêgani mênyang pitulungane, apa manèh barêng baya kandha, yèn ora pisan-pisan arêp malês apa-apa, ngêmungake mènèhi hurmat nganggo sujud kaping têlu ing ngarêpe si kancil. Baya nyêdhaki nubruk si kancil, ananging si kancil enggal mlumpat mènèk wit-witan. Baya nuli pitakon: "Genea kowe mlayu?"
Si kancil mangsuli: "Yèn kowe arêp nandhakake kaurmatanmu, sujud kaping têlu, bêcik aku ana ing dhuwur, lan yèn kowe arêp nyêmbah nyang aku, bêcik saka kadohan bae. Sabab yèn kowe cêdhak-cêdhak aku, bisa uga didukani Kangjêng Nabi Suleman."
Baya banjur ngandhani, supaya kancil aja cilik ing ati sarta aja kuwatir, sabab mung arêp ngurmati bae, mulane njaluk supaya kancil mundhun saka wit-witan. Kancil nuli nurut apa panjaluke baya, banjur mudhun, barêng têkan ngisor, kancil calathu: "Aku wis ngêrti karêpmu, nyatane kowe kêpengin mangan aku, iya kêna bae, nanging aku njaluk pêrjanjian dhisik, yaiku kowe mêngkurêba malang ing têngah-têngahe kali, sabab aku arêp ngukur dawane awakmu, awit pangrasaku awakku luwih dawa tinimbang awakmu, dadi aku kuwatir saupama aku komangsa, mêngko andadèkake kacilakanmu dhewe."
Baya uga nurut kandhane kancil, mêngkurêb ing têngah-têngahe kali. Dawane awake lan buntute nganti luwih ing pinggir kali. Kancil banjur enggal-enggal munggah ing gêgêre baya sarta ethok-ethok mlaku ngukur karo ngetung dawane awake baya.
Nalika kancil anggone mlaku têkan buntut kang cêdhak pinggiring kali, banjur mlumpat ing dharatan sarta calathu mangkene: "He baya, saiki kowe kêna nyêkêl aku, aku iki ora wêdi karo kowe, ayo mrenea, dakêntèni ing kene, yèn kowe isih murka kêpengin aku."
Baya krungu calathune kancil kaya mêngkono, bangêt larane atine. Ana candhake.
--- 80 ---
SÊDULUR AKON-AKON.
(Candhake)
Bok Mangun iku sawijining wong wadon kang sêtya sarta alus budine. Sabên dina tanpa kêndhat anggone mikir-mikir kapriye bisane sing lanang bali dadi wong bêcik manèh. Sawijining dina Bok Mangun nêmu akal kang prayoga, nêdya nulungi ipene. Kabênêran ing kampung kono, ana sawijining wong tuwa duwe asu sing kurang cukup pangrumate, nganti kuru bangêt awake. Bok Mangun tuku asu iku lan sawijining sore dhèwèke kongkonan wong supaya asu iku dipatèni. Sawise asu mau mati, Bok Mangun akon bature supaya diênggoni kopyah lan klambi banjur didokok ing ngarêp lawang buri. Lan uga kabèh bature diwanti-wanti, ora kêna ambukakake lawang ngarêp, manawa Mangun bêngi-bêngi bali karo gloyoran.
Kacarita Mangun baline nyang omahe wis wayah bêngi kira-kira jam têlu. Nalika samono panuju tanggal tuwa, dadi ing wayah iku langite pêtêng bangêt, mangka ing dalan-dalan sajabaning kutha ora ana diyane. Mangun lakune gloyoran, nalika têkan ngarêp lawang, lawange wis dikancing. Sawise dhèwèke thothok-thothok kaping-kaping, ora ana wong sing ambukakake. Mulane banjur mlaku nuju lawang buri.
Barêng Mangun têkan ing ngarêp lawang buri, kagèt, awit sikile kêsandhung, rasane kaya nyandhung wong kang lagi turu. Nalika Mangun arêp anggugah wong iku, karo tangane gagap-gagap, ora nyana bangêt yèn awake wong mau gupak gêtih. Mangun krasa tangane kêna gêtih, mêndême banjur dadi ilang sêparo, saking kagète sarta enggal-enggal thothok-thothok, njaluk diwêngani lawang. Nalika lawange diêngakake dening bojone, Mangun banjur ambêngok: Astagafirulahharalim. Aku wis suwe anggonku thothok-thothok lawang ngarêp, nanging ora ana wong tangi, aku banjur nyang lawang buri, ora ngira bangêt, kok ana wong ngglethak ing ngarêp lawang kene, mangka adus gêtih, ora kêwêruhan sapa sing matèni, utawa bisa uga ana wong sing arêp nganiaya kowe lan aku."
Bojone mangsuli: "Yèn ana pêrkara kaya ngono, iku kudu enggal-enggal dipriksa, yèn ora, aku kuwatir, yèn ana wong wêruh mêsthi pêrkara iki dadi kêbanjur-banjur. Sabab iku barang wadi, batur-batur ora kêna diwènèhi wêruh. Ananging kanggo ngêlih wong iku kudu wong loro. Yèn Kang Mangun dhewe, takkira ya ora bisa."
Mangun krungu kandhane bojone, dhèwèke ora ngluputake sarta banjur kèlingan sêdulure akon-akon, Sastra lan Parta. Bokmanawa padha gêlêm tulung, awit saiki Mangun lagi ana sajrone kasusahan. Apa manèh sabab Sastra lan Parta wis sok janji, sanajana jêro gêni utawa banyu utawa alas grêng ora bakal nampik têtulung Mangun.
VI. SÊDULUR TÊMÊNAN DADI BÊCIK MANÈH KAYA MAUNE.
Sanalika iku Mangun mlayu nyang omahe Sastra. Sastra nêmbe bae mapan turu. Barêng krungu pangundange Mangun, banjur ngira yèn têkane mau arêp ngajak plêsir manèh, mulane enggal-enggal mbukak lawang karo calathu: "Kang Mangun, ayo padha minum manèh, sanajan arak turahan mau, ora dadi apa, awit yèn kurang ya gampang anjupuk nyang toko manèh, aku ya gêlêm kokongkon njupuk."
Mangun mangsuli: "Ora arêp minum mangkono! Aku pêrlu awèh wêruh: Mau, nalika aku bali, ing ngarêp lawang buri ana uwong kang adus gêtih, rupa-rupane kaya wis mati. Aku njaluk tulung marang kowe, ngêlih wong iku lan sadurunge wayah esuk sabisa-bisa wis dipêndhêm, supaya ora kawêruhan pulisi.
Sastra nuli mangsuli: "O, kakang, wiwit cilik aku duwe lara kagetan lan gêmêtêran. Saiki aku krungu mêngkono, laraku dadi kambuh." Sawise Sastra calathu mangkono nuli enggal-enggal mlêbu. Mangun banjur ngêrti, yèn Sastra sênênge bêbarêngan karo Mangun mung yèn sênêng-sênêng bae, nanging yèn Mangun nêmu susah, ya ora gêlêm milu ngrasakake. Nalika iku Mangun arêp enggal mulih bae, nanging banjur kèlingan Parta, bokmanawa ora bakal nampik panjaluke dhèwèke. Saka ngomahe Sastra têrus enggal-enggal anjujug omahe Parta. Ananging andadèkake cuwaning atine Si Mangun, barêng krungu wangsulane Parta mangkene: "Aja pisan dadi atimu, Kang Mangun, aku ora bisa nuruti panjalukmu, awit bangkekanku iki lagi lara, ora bisa mlaku adoh sarta ora bisa njunjung barang kang abot." Mangun ngunjal napas karo ing batine calathu mangkene: "Sêdulurku angkat dadi ora ana sing kêna diêndêl. Saiki kêpriye, yèn aku bali dhewekan, bojoku mêsthi bakal takon, genea sêdulurku angkat ora ana sing gêlêm milu bêbarêngan. O, aku mula kliru panêmuku, wong loro iku bêcike karo aku yèn arêp entuk."
Wis sawatara suwe Bok Mangun anggone ngêntèni têkane sing lanang, nanging durung bali-bali. Barêng sêtêngah lima, Mangun têka tanpa anggawa kanca. Bojone banjur takon: "Sabab apa kok Sastra utawa Parta ora milu mrene?"
Sing lanang mangsuli: "Wong loro iku ora padha bisa têka, sabab awake lagi ora kêpenak. Kapriye saiki akale, wong wadon, wis mèh wayah esuk, yèn nganti kawêruhan pulisi, aku lan kowe mêsthi bakal kêluputan gêdhe, awit ora ana sêksine." (Ana candhake.)
--- [0] ---
Babaran Enggal
Panji Narawăngsa
Têtêdhakan saking buku sêrat tangan ingkang sumimpên wontên ing gêdhong musium Batawi.
Cêkakaning cariyos:
Samurcanipun Dèwi Căndrakirana, ing Jênggala wontên tiyang èstri dhatêng, ngakên Dèwi Căndrakirana. Warninipun awon, awit kenging sêsikuning dewa. Radèn Panji katingal wêlas dhatêng Căndrakirana tiron wau. Sang prabu ugi sakalangkung bingah, dene ingkang putra Radèn Panji têtêp trêsna dhatêng Dèwi Sêkartaji, sanajan warnipun[11] malih awon. Saking karsanipun sang prabu, panggihipun ingkang putra wau badhe dipun wiwaha malih agêng-agêngan. Ki patih kadhawuhan mirantos.
Kocap Dèwi Căndrakirana ingkang murca saking kadhaton, awit saking karsaning dewa badhe kangge lampahan. Samangke wontên ing wana nandhang sungkawa. Hyang Narada tumurun. Dèwi Căndrakirana dipun dadosakên jalêr, nama Kudanarawăngsa. Sarta dipun jatèni bilih ing Jênggala wontên tiyang èstri ingkang ngakên-akên Căndrakirana. Kudanarawăngsa dipun dhawuhi suwata[12] dhatêng Jênggala, bidhal, katampi pangawulanipun. Badhe kadadosakên patah.
Sang Panji sakalangkung asih dhatêng Narawăngsa, malah ingangkên kadang. Kudanarawăngsa tansah anacad dhatêng Cèwi[13] Căndrakirana tiron. Ewadene Sang Panji mêksa taksih asih kemawon dhatêng Sêkartaji tiron, ngantos kalampahan dipun dhaupakên malih. Kudanarawăngsa saya sangêt anggènipun mêmoyok. Lami-lami Kudanarawăngsa badhe kêwiyak wêwadosipun, yèn sajatosipun Dèwi Căndrakirana. Mila lajêng nglugas raga badhe kondur dhatêng Kadhiri. Mawi tilar sêrat dhatêng Radèn Panji. Radèn Panji sarêng maos sêratipun Dèwi Căndrakirana sajati, sakalangkung ngungun, lajêng dhawuh dhatêng kadean kapurih nyirnakakên Dèwi Căndrakirana tiron. Dèwi Căndrakirana tiron lajêng dipun sêndhal mayang dhatêng Bathari Durga, kawangsulakên dhatêng asalipun.
Radèn Panji oncat saking praja, nusup-nusup wana, pados margining pêjah, botên karsa nusul ingkang garwa dhatêng Kadhiri. Wontên ing wana Radèn Panji kêpapag banthèng agêng, lajêng dipun pêjahi. Banthèng babar dados tiyang, nama Kudabêbangah, anakipun Bagawan Sukarti. Radèn Panji sowan Bagawan Sukarti, dipun wulang sakathahing ngèlmu, sarta dipun dhawuhi namur kula, ngawula dhatêng ingkang paman ing Ngurawan, awit Sang Prabu Ngurawan samangke kadhatêngan mêngsah saking sabrang nama Kalanasewandana. Punika ingkang anjalari sagêd kapanggih malih kalihan Dèwi Căndrakirana. Radèn Panji mituhu, lajêng bidhal.
Kacariyos Dèwi Căndrakirana, sawêdalipun saking kêdhaton Jênggala badhe kondur dhatêng Kadhiri, wontên ing wana, kêpapag punggawa sabrang nama Tumênggung Sumbanggita. Sang dèwi dipun takèni ngakên nama: Citralangên, dipun boyong manut kemawon. Badhe dipun aturakên dhatêng Kalanasewandana.
Kacariyos sang prabu ing Ngurawan utusan kiyai patih pados sraya ingkang sagêd nyirnakakên mêngsah saking sabrang, ki patih lajêng bidhal. Wontên ing margi kêpanggih kalihan Ki Undhakan Madurêtna (Radèn Panji), dipun sraya sagah, lajêng dipun aturakên dhatêng sang prabu. Sang prabu sakalangkung bingah, Madurêtna dipun paringi nama Tumênggung Cakranagara. Sarta dipun dadosakên senapati. Wadya Ngurawan lajêng campuh kalihan wadya sabrang.
Ing wanci dalu, Tumênggung Cakranagara lumêbêt dhatêng pasanggrahan sabrang, badhe nguningani tata rakitipun, ing ngriku kêpanggih Dèwi Căndrakirana inggih Citralangên, lajêng dipun bêkta kondur. Klanasewandana sangêt dukanipun, mangsah prang, wusana nêmahi tiwas. Wadya sabrang sakantunipun ingkang pêjah sami wangsul dhatêng nagarinipun.
Sang Prabu Ngurawan sakalangkung suka ing galih. Mêngsahipun sirna tur sagêd kapanggih putra. Radèn Panji sakalihan garwa lajêng kondur dhatêng Jênggala.
Sami-sami cariyos Panji mawi sêkar, Sêrat Panji Narawăngsa punika kalêbêt ingkang nêngsêmakên piyambak. Rêginipun namung f 0.70
Wêdalan-Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.
--- [0] ---
Langêndriya
Sêrat Langêndriya punika ingkang sampun mêdal wontên: 6 jilid, inggih punika lampahan:
1. Jumênêngipun Dèwi Kancanawungu.@2. Pêjahipun Rănggalawe.@3. Gunjaran (Radèn Watangan lan Radèn Buntaran katawan ing mêngsah).@4. Pêjahipun Menak Jingga.@5. Damarwulan jumênêng nata.@7.[14] Panji Wulung dhatêng Majapait.
Jilid 6, babonipun sampun kalaksanan angsal. Sawulan kalih wulan malih mêdal. Ingkang sampun kalajêng mundhut jilid sanèsipun, botên kalajêng-lajêng cuwanipun. Ingkang dèrèng têmtu lajêng katarik panggalihipun.
Lampahan Langêndriya punika sabên têlas salampahan, golèk mêdal, sindhènipun ambak-ambing ragi kenging dipun raosakên.
Pakêm padhalangan ringgit krucil, cariyos lampahanipun: Radèn Damarwulan. Babon saking Ngayogyakarta, anggitan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi.
Gêndhing ayak-ayakan, suwuk, lagon, kinanthi jăngga, kêndhangan căndra, golèk anjogèd anggrudha mawi ura-ura Kinanthi:
kanthi-kanthining pangidung | ngudang dadining pudyadi | prawèndyaning langêndriya | wandaya wêwêding èdi | wit karsa Jêng Gusti Pangran | Adipati Mangkubumi ||
Litnan kolnèl jidan gupnur | pan sêtaph èstuning puji | mring raka jêng sri narendra | kluhuran yogya lêstari | sagarwa putra santana | têkan liyaning sanagri ||
Ngayugyakarta kadhatun | pra andêl nayaka wrêsni | sumrambaha kasênêngan | wadyaning nata gêng alit | mituhuning kasadarman | darma amonging dumadi ||
jêr pangudining pangidung | ngêngudang dadining pamrih | tan lyan mrih arjaning lampah | kudu waspadèng pra widi | aninggahi kawadakan | ngudi dadining utami ||
krana sutamèng tumuwuh | mêmanuh langgêngi tokid | anir deya dèn kawangwang | wanguning kaanan jati | lir warna sajroning kaca | manjing ingkang aningali ||
dhawah mas ginonjing, golèk anjogèd, nyambêr lajêng nglana. Rêp. Ura-ura malih, gêndhing Sinom Grandhèl:
kakang Gambyong prayoganya | aja katungkul ing kapti | luwih bêcik angupaya | pangrêti praboting urip | apa kang sira pilih | gramèn myang ngabdi pyayi gung | (Gambyong): raning bandhul baita | kayu gung rineka jalmi | karbèn apa nganggo golèk kang kangelan ||
(Golèk): kakang Gambyong aja wangkal | kudu ora anglakoni | jêr iku wus ingran lumrah | panguripan dèn ulati | tan kêna anyinggahi | luwih luput yèn katungkul | (Gambyong): babo gèr pagêr wayang | lamun ta bodho lir mami | apa dadak banjur nora kêdadean ||
(Golèk): kakang Gambyong kayaparan | durung ngrêti wis madoni | gonmu urip iku apa | ora lawan nyandhang bukti | yêkti iku tan prapti | kalamun ora linuru | (Gambyong): mas mirah kothak jêpan | kapithing kang sabèng sabin | apa dadi wong ayu pêpasthèn ilang ||
(Golèk): kakang Gambyong bênêr sira | mula nyata nganggo pasthi | nging tan tinggal pangupaya | jêr witing ana pinurih | ana dadi kinardi | rasakna iki ujarku | (Gambyong): walang ijo larira | rak arèndèn imbuh lami | êmbuh-êmbuh kudu sun sukak gambyongan ||
(Golèk): kakang Gambyong lamun sira | tan mituhu ujar mami | luwih bêcik pêpisahan | tanpa gawe sun ladèni | kêrêp ngudur sayêkti | wit wus sulayèng panêmu | (Gambyong): mas mirah sêmut abang | raning jendraling wong Ngarbi | aku gêmang yèn pisah kalawan sira ||
Jogèd macak, suwuk, prêpêkan. Golèk ical, suwuk, bibaran.
Kajawi punika, Sêrat Langêndriya samangke kamirahakên. Rumiyin f 1.- utawi f 0,80 sajilidipun, samangke racak namung rêgi a f 0,30.
1 | Ingkang. (kembali) |
2 | kêmpus-kêmpus. (kembali) |
3 | Hindenburg. (kembali) |
4 | Dilanjutkan pada hlm. 631. (kembali) |
5 | yèn. (kembali) |
6 | aturakên. (kembali) |
7 | kodrat. (kembali) |
8 | nambut. (kembali) |
9 | Landraad. (kembali) |
10 | Dhèsgas. (kembali) |
11 | warninipun. (kembali) |
12 | suwita. (kembali) |
13 | Dèwi. (kembali) |
14 | 6. (kembali) |