Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
3. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
4. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
5. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
6. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
7. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
8. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
9. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
10. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
11. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
12. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
13. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
14. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
15. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
16. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
17. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
18. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
19. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
20. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
21. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
22. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
23. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
24. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
25. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
26. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
27. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
28. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
29. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
30. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
31. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
32. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
33. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
34. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
35. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
36. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
37. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
38. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
39. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
40. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
41. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
42. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
43. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
44. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
45. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
46. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
47. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
48. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
49. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
50. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
51. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 29, Stu Wa, 8 Sapar Jimawal 1869, 9 April 1938, Taun XIII
Kajawèn
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [437] ---
Ăngka 29, Stu Wa, 8 Sapar Jimawal 1869, 9 April 1938, Taun XIII
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.
Isinipun: Pangungsêt - Pajagèn Bêbaya ing Gêgana - Marsudi Gêndhing Jawi - Kawontênan ing Jêrman Sapanunggilanipun - Pakon Barêng Linakon - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.
Pangungsêt
Sindhènan ingkang akajêng lêbêt.
Wontên sindhènan talèdhèk kangge ulêr kambang, ungêl-ungêlanipun makatên: carang wrêksa, wrêksa wilis tanpa patra. Têbusanipun: Nora gampang (angsal dening: pang) wong urip (angsal dening kayu urip) nèng ngalam donya.
Tumrap tiyang ingkang rêmên anggothak-gathukakên basa, ungêl-ungêlan kados makatên wau lajêng tinampi lêbêt, botên dupèh ungêling talèdhèk. Nanging manawi dipun manah, punika sanès bangsaning anggothak-gathukakên, nyatanipun salugu nyuraos basa ingkang akajêng: tiyang gêsang wontên ing ngalam donya punika pancèn angèl.
Mênggahing panyuraos lajêng kenging dipun grayang wiwit saking wadhag dumugi ing alusipun, kados ta:
Angèling gêsang wontên ing ngalam donya punika botên kadosa, wajibipun kêdah pados têdha, măngka rêkaosipun tiyang pados têdha (nyambut damêl) punika sampun cêtha. Ing mangke manawi sampun sagêd nyambut damêl, lajêng ngraosakên rêkaosipun tiyang nata bêtah, botên wontên petang ingkang sagêd nocogi kangge metang kabêtahanipun. Saupami sampun sagêd nata bêtah, inggih dèrèng kantênan sagêd srêg anggèning nata prajanipun, cêkakipun tansah lêlajêngan sarwa: ora gampang.
Ing sapunika lajêng dipun punggêl, kainggahakên dhatêng gêsanging batos, ingkang gampil dipun lampahi tanpa ngrêgiyêg, têgêsipun tanpa nyambut damêl sagêd tumindak, salêbêting mlarat inggih sagêd anglampahi, awit ingkang kangge pawitan namung batos, sagêd pinanggih tanpa waragad.
Nanging nyatanipun sarêng sampun dipun lampahi, malah saya langkung angèl, ing kalaning nandhang kêmlaratan wontênipun namung pêt-pêtan. Wusana pantog ing panggagas, padhanging kêbatosan punika pancèn kêdah sêsandhingan donya. Nanging ing ngriku kêsupèn, bilih kadonyan wau kanggenipun wontên ing jaman lair, kajêngipun inggih namung badhe ambanting angingêl-ingêl kados ingkang kasêbut ing nginggil.
Dados mênggahing pamawas, kalih pisan wau kêdah angênggèni, nanging kêdah sumêrêp dhatêng watês-watêsipun.
Kados makatên nyataning angèlipun tiyang gêsang wontên ing ngalam donya. saupami botên nyêbal ing kalimrahan, tamtunipun wontên têtêmbungan: luwih gampang wong mati nèng ngalam donya.
Cêkruktruna.
--- 438 ---
Pajagèn Bêbaya ing Gêgana
Sambêtipun Kajawèn nomêr 25.
Gas Racun Kangge Dêdamêl Pêrang.
Anggunakakên gas racun kangge ngrisak mêngsah ing paprangan punika bătên gagrak enggal-enggalan mawon. Ing jaman kina tiyang sampun anyampur bubukan wêlirang kalihan obat kadamêl bom mawi sumbu, ingkang kauncalakên ing salêbêting bètènging mêngsah.
Gas racun ingkang katamakakên agêng-agêngan, ingkang ngantos dados orêging jagad, punika ingkang pinanggih kala tanggal 22 April 1915, wontên wêwêngkon nagari Eipêrên ing tanah Bèlgi, wêkdal pêrang donya taun 1914 - 1918. Kirang langkung wontên saradhadhu Prancis tuwin Inggris cacah 5000 sami tiwas tuwin 15000 sakit. Mênangipun băngsa Jêrman ingkang samantên agêngipun wau botên sanès, jalaran băngsa Prancis tuwin Inggris ing wêkdal punika dèrèng manah dhatêng akal pêrang ingkang mawi gas wau, dados botên sadhia kangge ihtiyaripun panulak.
Makatên ugi wêkdal Sultan Abdulkarim golongan Raphkhabilên ing Aprikah lèr, ambela mêngsah Sêpanyê, kapêksa pasrah jiwa awit kamêngsah mawi gas racun ingkang botên dipun mangrêtosi panulakipun.
Ludhêsipun prajurit Ngabêsi, ingkang dèrèng nate sumêrêp gas racun, ugi dipun dhawahi mostêr gas dening băngsa Itali. Grimis mostêr gas dipun wastani borotan motor mabur kemawon, wusana badanipun tiyang Ngabêsi sami lonyoh.
Mênggah kawontênanipun gas pêrang ingkang sampun kasumêrêpan ing ngakathah, punika kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:
Miturut dayaning gas ingkang angrisak peranganipun badaning manusa, gas-gas wau kaperang dados 4 golongan:
1. Golongan gas ingkang ngrisak paru, wusana tiyang botên sagêd ambêgan (verstikkende gassen).
2. Golongan gas-gas ingkang adamêl raos pêdhês, pating trêncêm lan bêntèr wontên kulit, irung, mripat, cangkêm (prikkelende gassen).
3. Gas-gas adaya wisa (gigtige gassen).
4. Golongan gas-gas ingkang adamêl mlênthunging kulit, wusana lajêng ngruwêk ing kulit daging (blaartrekkende gassen).
Pêprincèn ingkang kasêbut ing nginggil punika botên sagêd kadamêl cèplês sangêt, awit wontên gas-gas golongan kaping 1 ingkang ngrisak paru, ingkang manawi tumama raosipun kados gas-gas golongan kaping 2, dados nuwuhakên pêdhês, bêntèr, pating trêncêm. Makatên ugi gas-gas golongan kaping 4, manawi lumêbêt ing paru têmtu adamêl risak.
Gas-gas golongan kapisan, ingkang angrisakakên paru (verstikkende gassen), kaperang dados kalih inggih punika:
1. Gas-gas ingkang tumamanipun adamêl sakit,
a. chloor. | b. chloor pikrine.
Warninipun gas punika kados pêdhut sêmu ijêm punika jalaran saking langkung awrat katimbang hawa, lampahipun [la...]
--- 439 ---
[...mpahipun] gêmolong, têtuwuhan ingkang kalangkungan lajêng alum. Sadaya bolongan, luwangan sami kisèn ing gas wau.
[Iklan]
Ambêtipun kados: bleekpoeder (kapur kangge damêl pêthak sandhangan) utawi: caporiet (ingkang kangge ngrêsiki gêndul utawi damêl rêsik toya lèdhêng). Tumanjaning dhatêng tiyang damêl pêdhês mripat lan nuwuhakên watuk, ambêgan lajêng sêsêg, utawi malih sagêd damêl jêlèh tuwin mutah.
2. Gas-gas ingkang tanjanipun alus inggih punika:
a. phosgeen lan b. perstof.
Gas wau tanpa warni. Sagêd damêl raos pêdhês lan pating trêncêm, manawi wontênipun ing awang-awang sangêt kandêl, nanging limrahipun tiyang botên kraos kalêbêtan hawa racun wau salêbêtipun napas. Titikanipun gas wau ambêtipun kados sukêt bosok, kados bawang, kados bosokanipun sawo manila, punika miturut păncadriyanipun tiyang piyambak-piyambak.
Tiyang ingkang sampun nyêrot: phosgeen lan perstof wau, sakesahipun saking panggenan gas botên kraos punapa-punapa, badan kraos sêgêr. Namung sawatawis jam malih nandhang sakit. Mênggah ingkang anjalari makatên:
Pirantos ingkang kangge ambêkan punika, wiwit saking irung, gurung agêng lan alit kèndêlipun wontên ing gombyokan kanthongan salêbêting paru. Kanthongan punika kulitipun tipis, nèmpèl mêrgining rah ingkang alus sarambut-rambut. Hawa zuurstof ingkang wontên kanthongan salêbêting paru kasêrot noblos ing kulit kanthongan wau manjing ing rah. Hawa koolzuur ingkang kabêkta rah asli saking badan lumêbêt dhatêng kanthongan paru, têrus kawêdalakên, punika nama ambêkan.
R. Pringgadiharja, Leider gas sectie G.G.D Bat
Pawartos saking Redhaksi
K 1373, ing Sêmarang, Sl, W. 5 Sawal Jimakir 1842 dhawah 17 Sèptèmbêr 1912. 27 Bêsar Dal 1847 dhawah A. Rê.[1] 14 Oktobêr 1917 botên R Pn. A. P. 11 Sawal Be 1845 dhawah 21 Juli 1918.
K. 3408 ing Kuthaarja, Mijil Sulastri sapanunggilanipun, punika gêndhing. R.W. 17 Rabingulakir Alip 1834 dhawah 21 Juni 1905. 17 Dulkangidah 1836 punika taun Ehe sanès Jimawal.
K. 1319. dhawah 16 Oktobêr 1912.
--- 440 ---
Kagunan Jawi
Marsudi Gêndhing Jawi.
Nuwun wiyosipun, miturut wara-wara kawrat kalawarti Kajawèn, ingkang kawêdalakên tanggal 30 Marêt 1938 ăngka 26, kula kapatah ngawontênakên karangan nyinau gêndhing cara ing Ngayogyakarta.
Angèngêti ing wêkdal punika kathah para sadhèrèk Jawi ingkang sami kapengin sinau nabuh găngsa, măngka manawi badhe sinau kêdah andhatêngakên guru ingkang lêbda dhatêng prakawis găngsa, ingkang adhakan (gampil) lajêng andhatêngakên wiyaga. Nanging wiyaga wau dèrèng tamtu sagêd nyukani tuntunan, kadospundi caranipun mulang ingkang wiwitan, saha ingkang gampil dipun mangrêtosi.
Ing sasumêrêp kula ugi sampun kathah buku tuntunan nut găngsa ingkang kawêdalakên dening toko buku tuwin sanès-sanèsipun, nanging saupami nut găngsa wau dipun cakakên kangge nuthuk makatên, taksih ambêtahakên katrangan kathah, dados kenging kawastanan sawêg balunganipun.
Kaping kalihipun, taksih nama dèrèng nyêkapi sawêtah, jalaran tumrap nut gerong uran-uran, tuwin urut-urutanipun dèrèng karakit pisan.
Wontênipun karangan kula punika atêgês botên badhe ngewahi nut-nut ingkang sampun wontên, nanging sêdya kula punika namung sagêda saya anggampilakên dhatêng sadaya sadhèrèk ingkang bêtah ngalap paedah.
Ewasamantên, ing têmbe wingking sagêd ugi para lêbda wontên ingkang badhe nyampurnakakên malih. Nanging dumugi titimăngsa punika kados sampun lowung kagêm wiwitan sinau, awêwaton sêsêrêpan kula ingkang kula tuntunakên dhatêng sadhèrèk-sadhèrèk.
Kajawi punika prêlu kula têrangakên, sarèhning pasinaon kula bab găngsa wiwit alit dumugi sêpuh wontên Ngayogyakarta, dados ingkang kula sumêrêpi lan kula mangrêtosi inggih thuthukan cara Ngayogyakarta.
Wusana manawi wontên kêkiranganipun sawatawis, sarta bilih wontên lêpating atur kula, para maos mugi sampun kirang ing pangaksama.
Pasinaon ingkang wiwitan.
Marsudi gêndhing Jawi.
Sadèrèngipun nabuh găngsa, sadaya ingkang sami badhe sinau kêdah ajar gerong utawi uran-uranipun rumiyin, gêndhing punapa ingkang badhe dipun sinau. Upami ingkang badhe dipun sinau ungêlipun gêndhing Pangkur. Punika kêdah sinau kadospundi lagunipun gerongan utawi uran-uranipun gêndhing Pangkur. Wiwitan dumugi satêlasipun (sapada), utawi saêgongan, mawi tuntunan larasing găngsa, ingkang gampil sagêdipun lajêng mangrêtos, kêdah pawitan gadhah peranganing găngsa, inggih punika saron isi 6 wilah. Manawi dèrèng
--- [441] ---
gadhah, prayogi mundhut tumbas saron barut[2] tosan, wêdalan pêkên, kintên-kintên pangaos 10 sèn, mawi mastani ingkang laras slendro. (Tumrap ing Ngayogyakarta kathah sangêt ingkang sade). Sinau lagu gêndhing pangkur wau kêdah dipun wongsal-wangsuli ngantos apil.
[Iklan]
Manawi gerong sarta uran-uranipun sampun sagêd, lajêng dipun wiwiti sinau nabuh, wontên bêbasan Jawi: lair iku utusaning batin.
Dados sagêdipun nabuh kalayan runtut punika sakawit inggih saking rêngêng-rêngêng rumiyin.
Yèn badhe mangrêtos dhong dhingipun, badhe katrangakên ing wingking.
Dene patrapipun nabuh saron punika, caranipun, tabuh saron kacêpêng ing tangan têngên, ingkang kiwa nyêpêng wilahan kangge mathêt, sasampunipun wilahan katabuh.
Upami, mêntas nabuh satunggal wilah, tabuh saron mangkat minggah, wilahan ingkang mêntas katabuh lajêng kapathêt tangan kiwa. Nanging pamathêtipun mawi antawis, inggih punika tabuh saron badhe nuthuk malih, prêlunipun kangge nyilahakên swara, satunggal lan satunggalipun wilahan.
Manawi sampun sakintên mangrêtos dhatêng thuthukan laguning gêndhing pangkur sawêtah, lajêng dipun mupakatakên dhatêng para ingkang lêbda dhatêng gêndhing, punapa thuthukan sarta lagu kasêbut nginggil punika sampun lêrês.
Yèn sampun lêrês, lajêng nyobi nabuh sêsarêngan dhatêng pakêmpalan nabuh pradăngga ing ngriku lajêng sagêd priksa iramanipun thuthukan, wilêd sêsêg, tamban, tanggêl sarta wilêd rangkêp, sapanunggilanipun. Badhe kasambêtan.
R. Ng. Pringgaardana.
--- 442 ---
Kawontênan ing Jêrman Sapanunggilanipun
Raos gêtêr ingkang tuwuh jalaran saking kawontênanipun Jêrman, ing sapunika sampun wiwit sirêp, saha kenging dipun wastani manunggiling nagari kêkalih, Jêrman kalihan Ostênrik sampun lulus tanpa kara-kara.
Manawi miturut kawontênan, golongan nasi ing Ostênrik punika cacahipun dèrèng nyamèni kalihan golongan sanèsipun, nanging jalaran kadunungan wantêr tuwin kêbombong saking Jêrman, sagêd adamêl mirising golongan sanès-sanèsipun.
[Grafik]
Gambar agêng, dhatênging wadya Jêrman ing Ostênrik.
[Grafik]
Gambar bundêr, wangsulipun Sang Hitler saking Ostênrik.
Kasêmbadaning sêdyanipun Jêrman ingkang kados makatên wau sanadyan ing sapunika sampun katingal asrêp, ugi dèrèng sagêd damêl marêming praja sanès, tuwin botên sagêd lajêng namung kèndêl kemawon. Tumrap Tsjecho Slowakije ingkang pinanggih tansah nyamarakên dhatêng Jêrman, ugi lajêng katingal sagêd gathuk, ingkang ing sêmu botên ngawontênakên sănggarunggi. Saya sarêng Tsjecho Slowakije nyumêrêpi unduring wadya Jêrman ingkang wontên ing Ontênrik,[3] lajêng pinanggih saya ayêmipun.
Ing bab manunggilipun Jêrman kalihan Ostênrik punika lajêng mujudakên indhaking kasantosanipun Jêrman, tamtu kemawon sawarnining tindak ingkang pinanggih ing Jêrman, ugi badhe pinanggih wontên ing Ostêrik. Mênggah dayaning ebah-ebahan punika
--- 443 ---
sanadyan raosipun asrêp, mêksa dados pamanahan, mila botên anèh bilih nagari pundi-pundi lajêng sami nyantosakakên dêdamêlipun. Ing sapunika ing bab kawontênaning băngsa Yahudi ingkang pinanggih wontên ing Ostênrik, rumaos manawi kêtungkêp ing bêbaya langkung agêng. Wontênipun makatên, awit manunggiling Jêrman kalihan Ostênrik punika atêgês damêl apêsipun băngsa Yahudi ingkang sampun têntrêm manggèn ing Ostênrik.
Ing ngajêng sampun kalampahan para băngsa Yahudi ingkang sami manggèn wontên ing laladan Jêrman dipun kuya-kuya supados sumingkir saking laladan ngriku, saha kalampahan, kenging dipun wastani ing Jêrman sampun botên wontên băngsa Yahudi. Ing sapunika kadospundi tumrap wontênipun ing Ostênrik sarêng kados makatên.
Tumrap băngsa Yahudi wau lajêng rumaos sami bingung, lajêng sami badhe sumingkir dhatêng pundi. Măngka miturut pèngêtan, băngsa Yahudi ing Ostênrik punika wontên 170.000 sami manggèn ing kitha Wenên, inggih punika kitha karajanipun Ostênrik. Cacah jiwanipun băngsa Yahudi ing ngriku punika tansah minggah mandhap. Dene tata panggêsanganipun inggih kalêbêt ngrêkaos, malah wontên ingkang gêsangipun sangsara, saha kêpêksa angsal pambiyantu saking golonganipun. Dados pinanggihipun ing sawatawis taun ingkang kapêngkêr, panggêsanganing băngsa Yahudi ing ngriku punika ugi dados têtanggêlanipun nagari. Nanging tumraping băngsa wau wontênipun ing ngriku inggih taksih kêgolong sakeca, awit ugi taksih kêpilih sagêd dados narapraja. Namung dangu-dangu, sagê-[4]
[Iklan]
--- 444 ---
[Grafik]
Gambar ing nginggil punika Kangjêng tuwan ingkang wicaksana punapadene putri-pitrinipun lan para pandhèrèk sadaya nalika wontên ing pakaryan pamêlikan ing Bangka - Biliton badhe mriksani dhudhukan ing nglêbêt siti ingkang lêbêtipun 200 mètêr.
[Lanjutan dari hlm. 443 : Kawontênan ing Jêrman Sapanunggilanipun]
d ugi jalaran saking kububan daya saking Jêrman, panggêsanganipun băngsa Yahudi ing ngriku saya rupêg, cacah jiwanipun saya suda-suda. Wusana sarêng sapunika têtela Jêrman anggadhahi panguwaos ing ngriku, băngsa Yahudi ing ngriku lajêng rumaos tanpa kêlik, kêpêksa pados pangungsèn dhatêng sanès nagari.
Ing bab tilas kansêlir Schuschnigg sapriki ugi taksih dados rêmbag, awit kawontênanipun tansah taksih gêgayutan tuwin dados wiraosaning ngakathah. Miturut wartos, sarêng wadya Jêrman malêbêt dhatêng Ostênrik, Schuschnigg lajêng oncat saking praja. Ing sapunikanipun lajêng badhe dipun ajêngakên dhatêng ngarsaning pangadilan, dene kalêpatanipun Schuschnigg nêrak anggêr-anggêring praja, inggih punika bab pamilihing rakyat, punika kêdah katêtêpakên dening kabinèt sadaya, măngka ing bab punika Schuschnigg namung ngangge kajêngipun piyambak, botên nêdha panimbang dhatêng para ministêr sanès-sanèsipun, saya malih botên suka sumêrêp dhatêng ministêr babagan salêbêting praja, inggih punika Seiss Inquart.
Miturut wartos papriksanipun badhe wontên ing gêdhong pangadilan luhur Leipzig, ingkang rumiyin kangge papan mriksa prakawisipun Van der Lubbe gêgayutan prakawis kabêsmèn Rijksdag. Bab-bab ingkang kangge panyêrêg wontên gangsal prakawis, ingkang sadaya dados jalaraning kalêpatan agêng.
Miturut kawontênan ingkang taksih kados makatên punika, sanadyan manunggiling nagari kêkalih wau pinanggih sampun têntrêm, nanging ugi taksih wontên kemawon sabab ingkang thukul.
--- 445 ---
Wulang Sae
Pakon barêng linakon.
[Pangkur]
Nganggêp rèh tanaga kuna | ana uga kang kêna kanggo mikir | prakara kang wus kêpungkur | kiraning pamatara | kang prayoga lawan dêduganing laku | kang padha lagya linakyan | bênêr luputing pamilih ||
dimèn datan tuna dungkap | pakolihe tan kilap ala bêcik | titike tan bisa klèru | larasaning panglimbang | nadyan silih dèn buwanga sêbrang-sêbrung | barang kawak kuna êngkak | nora enak dèn lakoni ||
nanging tindake kêpenak | aywa kongsi kasêpèn ing pangèksi | kang bênêr lawan kang luput | ala bêcik trêwaca | wursitane pratitis pamatrapipun | pinrênah êmpane mapan | têpaning panandhing milih ||
tumrap pranataning cara | winicara kang gagrag anyar kèksi | kasêlanan salin lagu | lêgan salaga enggal | paninggale sing wus lawas nora worsuh | pakewuhe kinawruhan | anyarong sinaring wêning ||
winêngan wanuh wuninga | nora ilang ambuwang nulya manggih | manggone ing bênêr luput | tan limut bêcik ala | aja isin aja rikuh aja ewuh | napak tilas kang wus lawas | luwasa amituwasi ||
wos-wose yogya ginawa | kanggo jantu ing tuju bênêr bêcik | nèng sajroning jaman maju | juru pangayubagya | bokmanawa bisa muwuhi mring kawruh | warah wor dolanan bocah | ugêr paedahing urip ||
lan mungguh kang para priya | kudu kêndêl wani ing lara pati | ulah atosing bêbalung | kêncênging otot kuwat | kulit mulêt saka kukume kang umum | pangkat angkat junjung awrat | watêse mikul myang nyunggi ||
budi jêmbar jangkah ămba | têmên mantêp marang sabarang jangji | mituhu manut miturut | pranataning parentah | kang kêlumrah dadi wêwatoning laku | kawêngku ing paugêran | anggêr sagolongan tunggil ||
rukun sih rêksa-rumêksa | marang rowang kulawăngsa nyrawungi | pawong karuh kang kinancuh | kang kêdah bèncèng cipta | ing salampah mung tansah wêngku-winêngku | pangrêngkuhing pirukunan | kinancing dening prajangji ||
rojong samya sinanggêman | nganggo ngadat wêwaton tataning nagri | têturutan kang tiniru | karana nora nana | wong aurip kang nora kawêngku kukum | lire kêbawah kêprentah | pranatan sajroning urip ||
tangi lungguh turu mangan | lan liyane sanadyan muna-muni | pinêsthi manut miturut | têtêping pamranata | kang wus padha dadi pêpancèning idhup | ngidhêp tuladhaning praja | kapurba nèng rajaniti ||
upama wong turu mangan | pan wus ana watone kang matêsi | tata ngadat tindak-tanduk | kudu miturut prentah | nora kêna kinarya sakayun-kayun | kaya ta karêp priyăngga | mung dupèh kanggo pribadi ||
mêmangan tanpa dèn mamah | cara sarpa sarap têmbunging bukti | turu karo mlaku-mlaku | glènggèng nyinom Logondhang | lamun lungguh andhingkluk sinăngga bathuk | kang mêngkono apa ana | wong nylênèh nganèh-anèhi ||
anuhoni tata janma | manjing dadi [da...]
--- 446 ---
[...di] pasaksèn kang amursid | sipat wong kudu kawêngku | kawasèng tata ngadat | anêtêpi wêwaton witing tumuwuh | uwohing paniti raja | kang maharja bumi-bumi ||
gantya kang para wanodya | sadayanya ana ugêring dhiri | ingkang parawadu kudu | angulah solah tingkah | gandês luwês parigêl satandang tanduk | kèwês aruming wicara | acarêm ngrêsêpke ati ||
jatmika aparikrama | sarèh rèrèh rarasing silastuti | satata bêtah pilungguh | sumèh sêmuning netya | sanityasa niti nastiti ing petung | gêmi atêgên ing karya | mugên arigên pêpanti ||
pantês panutaning donya | baku dadi bakuning sarwa dadi | kurbaning jagad arjayu | dumunung ing wanodya | panas pêrih pait gêtir ngêrês linu | nora larang linuhurna | kang para tinitah janmi ||
jamu-jamu kudu wikan | kaanane pangupakara siwi | rêti mring pangruktinipun | panata bale wisma | wus sêmono pamuwus wosing tumuwuh | ing mangkya nulya micara | carane jaman kariyin ||
kayatnaning budi wrêdha | angadani dolananing raryalit | lan linut liding tumuwuh | mawor mawèh warsita | sotaning rèh rinaras pinrih rumasuk | sadurunge wruh ing gita | nging wus nglakoni ing gati ||
yèn mungguh kang para priya | jor jelungan bênthik lan kêndhi gêrit | ing jangji têtêp mituhu | atut nurut pranatan | yèn jelungan kang dadi kudu amburu | dera kudu bisa nyandhak | kancane kang padha dhêlik ||
tan ngetang pringganing marga | lara têmah pati tanpa tinolih | kang buru lan kang binuru | sêtyane padha uga | durung cara cidra culika ing laku | kang nyandhak lan kang cinandhak | wania nêrak prajangji ||
tanpa gantungan pidana | suprandene wêdi kêpati-pati | poma kang dadi mu[5] tunggu | ngêbrok nèng gon jelungan | ngenak-enak thênguk-thênguk karo ngantuk | sing mlayu sêmono uga | bok ya manut bae uwis ||
tuwase mung tiwas sayah | kêcandhaka ya gene wong tan sakit | kacidran mêngkono mau | dhèk kuna durung ana | kabèh bocah wantah atine mung lugu | nglungguhi têtêping bocah | paracidra isih têbih ||
beda lan jaman samangkya | akèh bocah wus sugih akal budi | ngungkuli wong kang wus pikun | mungguhing jaman kuna | kang wus bisa ngingêr basa laku dudu | duwèke wong kang wus tuwa | dening wruh ala lan bêcik ||
mulane kêpara cidra | dera kudu lumaku golèk bêcik | nanging malah kosokwangsul | jêbule olèh ala | lamun bocah lumrahe mring cidra lumuh | dening tan wruh bêcik ala | ing dosa durung darbèni ||
gantya dolanan wanodya | kabèh mêsthi winarah mrih nyrambahi | panganggo ugêring wadu | kaya ta jêjamuran | cublak suwêng gula ganthi lan jaratu | mantenan anak-anakan | dhakon gathèng sêbar jênthik ||
dyan samya ngadi busana | mastawaring endahing suwarna sri | purbaning swara raras rum | nênarik rèh pirêna | pranèng para pamyarsa myang kang samya wruh | nawung sêmuning wasita | tataning wong winongwong sih ||
P.
Pawartos saking Redhaksi.
R.S. ing pabrik Mojoagung. Ingkang kados karsa panjênêngan punika, kasambadanipun namung tumrap ingkang sampun katingal kawêkêlanipun. Ingkang sampun sawêg kaanggêb cobèn-cobèn.
Tuwan S. Suryabrantan 19. Gambar punika kamanah botên sapintêna pigunanipun.
--- 447 ---
Rêmbagipun Garèng + Petruk
Bab Suryawirawan.
III
Garèng : Anggonmu anêrangake ing bab têgêse: Suryawirawan, wis gamblang, Truk. Wèh, bangsane dhewe kuwi pancèn sugih pêlambang, wong prasaksat apa-apa iya nganggo pêlambang, luwih manèh tumrape băngsa Jawa. Mara pikirên, jarene iya wis jênêng pêlambang, yèn ana wong tuwa duwe... prawan lêmu.
Petruk : Wiyah, têka ora mèmpêr mêngkono, ana wong tuwa duwe prawan lêmu, kathik wis kalêbu ing pêlambang. Pêlambang apa, Kang Garèng, mara caritna[6] nyang aku.
Garèng : Iki pêlambange wong tuwa sing kêndho atine, Truk. Saka dening kêndhone atine mau, anak wadon andina-dina anggayêmi, têgêse: ora lèrèn-lèrèn anggone mil-milan, iya kêna-kêna bae, plêsir-plêsir, nênonton nganti wêngi, piknik-piknik (darmawisata) karo kănca-kancane jarene, nganti pirang-pirang dina, iya dijorake bae, dadi sing dadi prawan, wong iya ora ana prihatine, nanging mung sênêng-sênêng bae, mulane iya lêmu.
Petruk : Rak iya ora dadi ngapa, ta Kang Garèng, kadar saiki wis jaman modhèrên, anggêre sing lêmu kuwi bae aja... wêtênge. Ora, Kang Garèng, nèk kaya ngono kuwi dudu pêlambang arane, nanging wohe wong duwe anak wadon dijor sakarêp-karêp. Nèk apa-apa kok anggêp pêlambang, mêngko ana wong mripate kriyip-kriyip, banjur kok unèkake: pêlambange wong... dhêmên main.
Garèng : Iki arane rak banjur mung golèk-golèk bae, Truk. Wis, bab kiyi padha dicuthêl samene bae. Saiki aku arêp takon saprakara manèh, gênahe apa iya pêlambang manèh, ya kuwi: ing pundhak jase Suryawirawan kathik ana cêlèrète têlung warna: ijo, abang, lan putih, iku mungguh têgêse apa, Truk.
Petruk : Iki sanyatane mono iya pêlambang manèh, Kang Garèng, mungguh ijo: kuwi karêpe urip, abang: wani, dene putih kuwi karêpe sukci. Dadi karêpe ing kono, wong dadi Suryawirawan kuwi, kudu: wani urip kang...
Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, iki rêmbug kang ora mathuk babar pisan, wong ditakdirake ana ing donya kuwi mêsthine iya wani urip. Sêtun têmên nèk kaya bêndara Janaka ka2- [ka...]
--- 448 ---
[...2-] sêlagine nandhang wirang, hla, watak sing kaya ngana kae pantês diudi. Awit kowe rak iya sok krungu dhewe kalane ndara Janaka nandhang wirang, kuwi pangangluhe mêsthi mangkene: Dewa, tinimbang nandhang wirang kaya mangkene, aluwung jabutên nyawaku bae, dadi karêpe: timbangane isin, aluwung mati. Rak iya mêngkono sing jênêng satriya kuwi. Hla nèk wong têrus-têrusan wani urip, kuwi bakale langganan di: siya-siya, lan disawiyah-sawiyah. Kaya ta: dipisuh-pisuhi, digêthaki, dikêlèti, lan sapadhane, mung: nrima, anggêre urip, iya kaya ngono kuwi wong sing wani urip, mara, apa ora langganan ngosèk aliyas dadi andhapan, ajêgan.
[Grafik]
Petruk : Kaliru tămpa kowe, Kang Garèng. Kayadene pangangluhe bêndara Janaka yèn nandhang wirang, banjur ngandika: Aluwung mati katimbang wirang, iki nèk mungguh panêmuku, kadhangkala iya kêna diunèkake pêngpêngan, nanging bisa uga nandhakake asoring budine. Wong wirang banjur anyut tuwuh, takunèkake bisa uga pêngpêngan, yèn ing kono duwe sêdya anak putune aja nganti kêcorengan alane mau. Utawa yèn disaranani anyut tuwuh mau, anak putune bakal linuwaran saka alaning kalakuane mau. Nanging yèn anggone anyut tuwuh mau, sabab wêdi nglakoni urip sing nalăngsa lan rêkasa, iki jênêngane tindak kang asor, Kang Garèng.
Garèng : Dadi saupamane aku kiyi wong sugih bangêt, dumadakan aku banjur kobongan, kang anjalari bandhaku labas babarpisan, yèn aku banjur nyêmplung kêdhung...
Petruk : Bisa nglangi apa ora dhisik.
Garèng : Wayah, kathik nganggo pitakonan sing anèh-anèh mêngkono. Nyêmplung kêdhung msthine iya mati ta, lo, iki pêngpêngan apa ora.
Petruk : Wong sing wis kulina urip mambrah-mambrah, urip kang ora tau kêkurangan, dadi cêkake: kulina urip sênêng, kuwi nèk ujug-ujug tiba kêmlaratan, mêsthine sabanjure uripe bakal nalăngsa lan rêkasa bangêt. Yèn ing wusana banjur anganyut tuwuh, kuwi têgêse: wêdi lan awang-awangên arêp anglakoni urip kang rêkasa lan sangsara mau, iki apa ora jênêng wong kang cupêt budine. Mulane anggone anyut tuwuh sarana nyêmplung kêdhung mau, takunèkake: tindak kang asor lan nistha, sabab iki têtela wêdi urip, ya urip kang nalăngsa lan rêkasa mau.
--- 449 ---
Seje karo Suryawirawan, diunèkake wêdi urip. Kuwi karêpe: sanadyan bakal urip: susah, rêkasa, nalăngsa, lan sapêpadhane, ora andadèkake cilik lan gigriging atine, nanging arêp dilakoni kanthi sênêng, mantêp, lan kêncênging ati. Tur kathik nganggo didhasari: putih, kang atêgês: sukci.
Garèng : Wèh, nèk prakara sukci kiyi: gampang, Truk. Anggêre wulu, yaiku muni: nowètu wudu a... ènsopurt, karo kicah-kicih, ngumbah tangan, rai, sukur karo kupinge pisan, lan ngêpyok-êpyok êmbun-êmbunane kaping têlu, ngumbah tangane têkan ing sikut, ngumbah sikil, lan sapadhane, rak iya wis sukci, apamanèh yèn banjur têrus gêlêm anggantung wulu têrus-têrusan, têmtune iya banjur langganan sukci ajêgan.
Petruk : We, hla, caklatane. Bênêr, wong wudu kuwi mula jênêng sêsuci, nanging rak sêsukci ing lair, sing prêlu kuwi sêsukci batin.
Garèng : Iya, Truk, ngrêti, ngrêti aku, kanggone aku sêsuci ing batin, mula wis tak ajêgake sabên têlung sasi sapisan, malah kadhang-kadhang sok rong sasi sêpisan, yaiku yèn kadhangkala kakehan mangan rujak.
Petruk : Wayah, kuwi cara Mlayune rak: cuci pêrut aliyas: urus-urus. Mungguh sing diarani sêsukci ing batin, ya kuwi nyucèni atine. Dene wong sing sukci atine, kuwi wong sing tansah nêtêpi kuwajibane, ora melikan, ora drêngki lan sapadhane. Dadi cêkake: wong slamêt. Karêpe: wong kang tansah ngudi nyang kaslamêtan.
[Iklan]
Garèng : Ngrêti aku saikine, Truk. Wong sing tansah diudi mung kaslamêtan, mêsthine iya: lumuh padu, lumuh rêgêjêgan, lumuh golèk prakara, lumuh ngakali uwong, kosokbaline: tansah arêp têtulung, arêp gawe bêcik, arêp gawe sênêng, arêp ngayêm-ayêm marang sapêpadhaning umat. Apa iya ngono, Truk.
Petruk : Bênêr, Kang Garèng, wong sing tansah ngudi slamêt kaya sing mêntas dirêmbuk iki kiyi, mêsthine rak iya ora ana sing arêp ngaru-biru, awit karêpe ing kono wong mung arêp bêcik ajêgan, iya sing kaya ngonono[7] kuwi sing pantês diunèkake wong kang adhêdhasar sukci, iya sing tumrape Suryawirawan digambar clèrèt putih mau.
Garèng : Wah, cêtha saikine aku mungguh karêpe ijo, abang lan putih kuwi mau, liya dina andharna liyane manèh kang gêgayutan karo Suryawirawan mau, sing nganti gamblang, Truk.
--- 450 ---
KABAR WARNI-WARNI
(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).
TANAH NGRIKI.
Kasangsaran ing Lamongan. Ing Babat, Lamongan wontên los ingkang sampun sêpuh ambruk ngêbruki têtiyang ingkang sawêg ngaso wontên ingriku. Wontên tiyang ingkang tiwas 10, nandhang tatu 15. Ing nalika ngriku dados papriksaning pangagêng nagari, têtiyang ingkang sakit lajêng kabêkta dhatêng C.B.Z. ing Surabaya. Tiyang ingkang gadhah los wau lajêng dados papriksanipun ingkang wajib.
Dr. Tumbelaka dhatêng Garut. Ingajêng wontên wartos bilih ing griya sakit ing Garut wontên tiyang sakit dipun pisakit ing tiyang ewah ngantos dumugi ing tiwas. Ing bab punika Dr. Tumbelaka, pangagênging griya sakit tiyang ewah dhatêng papriksa dhatêng Garut.
[Grafik]
Paargyan dhauping pangantèn. Dèrèng dangu punika ing Kabupatèn Situbondo kawontênakên rêsèpsi maargyan dhauping pangantèn putra kapenakanipun ingkang Bupati R.A. Mutmainah kalihan R. Susito (kacêtha ing gambar), kathah para bupati punapadene priyagung sanèsipun ingkang sami rawuh.
Pabrik gêndhis ingkang badhe giling malih. Pabrik gêndhis gadhahanipun Cultuur Mij. Voorstenlanden benjing ing taun 1939 ngajêng punika badhe wontên ingkang giling malih, inggih punika ing Kalibong, Kaliwungu, Kadhaton Plèrèt, Padokan tuwin Sudono.
Bab tentoonstelling Sonobudoyo. Kados ingkang sampun kawartosakên, benjing sêkatèn taun punika, museum Sonobudoyo badhe ngawontênakên tentoonstelling dêdamêl. Ing bab punika saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, badhe maringi sumbangan kangge anjangkêpi barang-barang wau. Kajawi punika Tuwan Gall, tilas consul Oostenrijk ugi badhe ambiyantu. Tuwan Gall punika satunggiling bangsa Eropa ingkang misuwur rêmênipun dhatêng dêdamêl Jawi.
Asib angsal biyantu saking Muhammadiyah. Asib saking Surabaya angsal pambiyantunipun Muhammadiyah, ingkang pinanggihipun sagêd adamêl kamayaranipun Asib.
Lulus saking Nias. Lulus pandadaran saking Nias ing Surabaya, Tuwan-tuwan Umar Salèh, asli saking Bawean, R. Marsaid Susilo Sastrodiharjo, asli saking Surakarta, Sucipta, asli saking Bumiayu, Sumarno Sosroatmojo, asli saking Rambipuji.
Ukuman ingkang gunggungipun kathah. Pangadilan Landraad ing Bogor mêntas ngrampungi prakawisipun para pasakitan ingkang sami nyoyok tuwin gadhah tindak siya wontên ing bawah Bogor. Karampunganipun, pasakitan nama Lias, ingkang dados kêpalanipun, kaukum 16 taun, Asib 14 taun, Rais 12, Naim 15, Mamat 12, Nasan 10, Garun 11, Dogol 14, Gouw Eng San 11 tuwin Juman 10 taun. Ukuman sadaya wau gunggungipun wontên 125 taun.
Bom ingkang dhawah ing pamulangan. Ingajêng wontên wartos bilih satunggiling pamulangan ing Surabaya kêdhawahan bom kangge anjar-ajar[8] saking anggêgana, awarni sêmèn, andhawahi lare ngantos andadosakên ing sakitipun. Ing bab punika lajêng dados pitakènanipun warga Raad Kawula Tuwan Prawoto ing bab lênggahng[9] prakawis. Ing sapunika sampun wontên katrangan saking parentah bilih dhawahing bom wau botên kajarag, namung jalaran saking mrosot, botên nutup candhela ingkang mêsthinipun dipun tutup, dados nama botên dipun jarag. Ing salajêngipun kawontênakên dhawuh supados manawi ngawontênakên ajar-ajaran botên wontên sanginggiling kitha ingkang kathah griyanipun.
Beya wêdaling padagangan mindhak 7 yuta. Miturut taksiran, ing bab indhaking beya 2 procent ingkang angèngingi barang-barang ingkang mêdal saking tanah ngriki, kintên-kintên wontên 11 yuta rupiyah. Nanging pinanggihipun malah langkung 7 yuta rupiyah malih tinimbang taksiran wau. Indhakipun ngantos samantên wau jalaran saking saening paniti tuwin jalaran saking mindhaking rêrêgèn barang.
Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus artsexamen perangan kalih, R. Sukasah Surasaputra, artsexamen perangan kapisan M. Susanto Mangunsuponco tuwin R. Sucipto.
Babagan dhoktêr. Tuwan Kasmola Paulus, Ind. Arts dienstverbandleerling Nias. Kabantokakên ing padamêlan babagan malaria ing Jawi Wetan. Ida Bagus Rai, Ind. Arts dienstverbandleerling Nias. Surabaya, katêtêpakên wontên ing Praja, Lombok. Lulus indisch Arts examen perangan kaping kalih, Tuwan-tuwan Marsaid, Sucipto tuwin Sumarno Sosroatmojo.
Mas ing lèpèn Boyolali. Ing sacêlakipun Banyudono, Boyolali, kathah tiyang sami manggih barang mas wontên ing sapinggiripun lèpèn Pepe tuwin lèpèn Têgalganda.
--- 451 ---
Pamêlikan ing Pacitan. Ing ngajêng sampun nate kawartosakên bilih pamêlikan ingkang dipun tindakakên dening Ishihara, ing Pacitan, sanadyan dèrèng manggih wohipun, nanging tindakipun kalajêngakên. Malah bêbadan wau gadhah panyuwun malih dhatêng ingkang wajib badhe mêlik têmbaga ing bawah dhistrik Têgalamba. Nanging panyuwunipun wau dèrèng kaparêngakên.
Pêrsêkutuan Militair Molukken. Golongan militèr bangsa Molukken ing Bêtawi adamêl ada-ada badhe ngêdêgakên pakêmpalan nama Pêrsêkutuan Militair Molukken, warganipun mêndhêt saking golongan Onderofficier, kopral tuwin saradhadhu ingkang asli saking Molukken. Ancasing pakêmpalan wau kajawi ngudi kamajêngan sapanunggilanipun, ugi badhe ngêdêgakên studiefonds.
Mriksa têdha ing Ambon. Wontên wartos, awit saking kaparênging parentah, benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika badhe utusan mriksa têtêdhan ingkang pinanggih umum ing Ambon. Têdha wau tumraping Ambon ingkang nama umum: sagu. Bab punika badhe kapriksa mênggah ing daya kêkiyatanipun têdha wau.
Badhe ambikak pagantosan wontên tanah sabrang. Benjing taun ngajêng punika wontên rancangan, parentah badhe ambikak pagantosan wontên ing tanah sabrang. Ingkang karumiyinakên ing Bornoe, kintên-kintên wontên nêm panggenan. Salajêngipun ing sanès-sanès panggenan.
Luchtvaart Afdeeling badhe madêg piyambak. Kawartosakên, Departement Paprangan badhe usul supados Luchtvaart Afdeeling , inggih golongan wadya nggêgana, sagêd madêg golongan piyambak.
Guwa yasan. Wontên kêpala guru pamulangan Jawi sawatawis ing Ngayogya badhe damêl guwa yasan kangge andhêlik samangsa wontên bêbaya gas. Papaning guwa wau wontên ing pakarangan pamulangan, dene ingkang ngawaki nyambutdamêl para muridipun ingriku.
Pakêmpalan bêgja. Ing Kêndal wontên pakêmpalan enggal nama Bêgja, ingkang dipun adani dening para Walandi ingkang ulah têtanèn. Rancanganipun badhe nindakakên caraning sade tinumbas rumiyin.
Gunggunging murid pamulangan dhusun ing Bogor. Miturut pêpetangan saking Regentschap ing Bogor, cacahing murid pamulangan dhusun ing laladan ngriku wontên 19.045, cacah samantên wau ingkang pinanggih ing taun pangajaran 1938.
Congres Pêrsatuan Arab Indonesia. Ing taun punika Pêrsatuan Arab Indonesia badhe ngawontênakên congres manggèn ing Sêmarang, dhawah wontên ing tanggal 14 dumugi 18 April punika.
Arta kas dhusun Boyolali. Tumrap bawah Kabupatèn Boyolali kasipun dhusun anggadhahi arta kathahipun ing taun 1937 f 243.978.03. Arta samantên wau sumimpên wontên ing Algemeene Spaarfonds ing Surakarta. Ing taun 1937 tampi sarêman f 1572.-.
Prabeya sêrat kabar. Miturut wara-wara saking Pakaryan Post, tumrap ariwarti ingkang sabên wulanipun ngêdalakên waragad pangintun langkung saking f 25.-, sagêd lêngganan dhatêng kantor post kanthi ambayar kantun. Kajawi punika taksih angsal sudan 25%.
NAGARI WALANDI.
Tilas Nata Jerman botên gêrah. Miturut wartos ingkang sumêbar, tilas Panjênêngan Nata Jerman ingkang lêrêm wontên ing Doorn, gêrah. Mênggah nyatanipun botên punapa-punapa, namung salêbêting hawanipun awon, botên nate miyos, dene ing sapunika sampun miyos malih kados padatan, lêlangên wontên ing pakêbonan sapanunggilanipun.
[Iklan]
Tilas Directeur Departement Têtanèn seda. Miturut wartos saking Den Haag, Dr. H.J. Lovink, tilas Directeur Departement Têtanèn ing tanah ngriki seda, yuswa 72 taun.
Ambiyantu dhatêng Roode Kruis Tiongkok. Comite ingkang badhe suka pitulungan dhatêng Tiongkok ing Den Haag sagêd nglêmpakakên arta kathahipun f 10.000,-. Arta samantên wau lajêng katumbasakên pirantos mitulungi têtiyang sakit warni-warni saha lajêng kakintunakên dhatêng tilas wêwakil nagari Walandi ingkang wontên ing Hongkong.
EROPA.
Wêwakil nagari Jerman ing Ankara. Parentah Jerman gadhah panêdha dhatêng Parentah Turki, supados nayogyani pangangkatipun Von Papen, tilas wêwakil Jerman ing Weenen, dados wêwakil Jerman wontên ing Ankara, minangka gêgêntosipun Keller ingkang sampun pensiun. Ing sapunika parentah Turki sampun nayogyani.
Ngawisi tiyang damêl arak-arakan. Miturut wartos parentah ing Tsjecho Slowakije ngawisi tiyang ingkang damêl arak-arakan, mindhak pinanggih botên prayogi.
ASIA.
Rêrêgèn barang mindhak sangêt. Miturut wartos saking Tokio jalaran saking indhaking pajêg, sawarnining rêrêgèn barang-barang ing toko-toko sami kaindhakakên 10 dumugi 15%.
Wadya Jêpan ingkang tiwas wontên paprangan. Miturut wartos, wadya Tionghwa ingkang nêmpuh ing Shantung Kidul, sagêd adamêl tiwasing wadya Jêpan 10.000.
Olympiade. Miturut wartos saking Tokio, bab badhe wontêning Olympiade katêtêpakên wontên ing tanggal 21 Sèptèmbêr dumugi 6 October 1940. ingkang dados Olympiade Comite Prins Tokugawa, sampun kintun sêrat dhatêng nagari-nagari sanès 61 nagari.
--- 452 ---
Wêwaosan
IV Lêlampahanipun Sêtayor lan Dèwi Wasilisah.
65
Nanging Wasilya lajêng munjuk makatên: Dhuh, sang prabu, kawula botên kapengin anggadhahi kitha Kiyèph. Ingkang kawula suwun botên sanès kajawi namung putra kapenakan nata, inggih punika Dèwi Sabawa.
Samangke sang prabu botên anaros malih dhatêng Dèwi Sabawa, ngêmungakên lajêng dhawuh tata-tata ngawontênakên pahargyan andhaupakên sang putri kalihan utusanipun Prabu Kaliyên. Sasampunipun pahargyan wau laminipun kalih dintên, ing tigang dintênipun para pangagênging agami sami dipun kêmpalakên ing salêbêtipun kadhaton, prêlu kadhawuhan ngijabakên pangantèn. Nanging dumadakan ing kala punika badhe pangantèn jalêr katingal sêmu prihatos, amila sang prabu lajêng andangu makatên:
He, Wasilya, genea sira têka sajak nandhang susah.
Badhe pangantèn jalêr umatur:
Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, kawula botên sagêd matur mênggah sabab-sababipun, nanging ujuk-ujuk raosing manah kawula têka mêlang-mêlang kadosdene tiyang nilar bayi wontên ing sapinggiripun sumur. Minăngka kangge panglêlipur manah kawula punika, dhuh gusti, punapa ing golonganing abdi paduka botên wontên salah satunggiling wiraswara, ingkang sagêd angrumpaka ing bab kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun satriya ing jaman kina-kina.
Prabu Wladhimir lajêng dhawuh nimbali para wiraswara, ingkang sami misuwur saening swaranipun, tuwin ingkang wasis angrumpaka tuwin panabuhipun calêmpung. Nanging sadaya wau botên wontên satunggal ingkang sagêd adamêl lêjaring manahipun tiyang ingkang ngemba utusanipun Prabu Kaliyên saha ingkang ngakên nama Wasilya wau. Ing wusana Wasilya lajêng matur dhatêng sang prabu makatên:
Dhuh, sang prabu, mugi sampun pisan andadosakên panggalih paduka, dene para abdi paduka wiraswara botên wontên satunggal-satunggala ingkang sagêd ngicali ingkang dados pêpêtênging makah kawula punika. Miturut pawartos ingkang kawula mirêngi, ing ngriki wontên tiyang nama: Sêtayor asli saking Cèrnigop, ingkang mênggahing kasagêdanipun angrumpaka tuwin nabuh clêmpung saindênging bawana tanpa wontên ingkang nyamèni. Mugi wontêna kaparêng nata andhawuhi tiyang wau ngatingalakên kasagêdanipun wontên ing pasamuwan ngriki.
Mirêng aturipun Wasilya ingkang makatên wau, sang prabu lajêng dhawuh dhatêng salah satunggiling abdi, supados sanalika punika ngluwarana Sêtayor saking gêdhong pêtêng, sarta tumuntêna kairid wontên ing ngarsanipun sang prabu. Dhawuhipun sang prabu wau lajêng enggal-enggal dipun pituruti, lan botên watawis dangu malih Sêtayor kairid lumêbêd ing bangsal ngriku saha kapapanakên ing papan palinggihanipun para wiraswara. Ing sarèhning Sêtayor wau sampun watawis dangu wontên ing salêbêtipun gêdhong pêtêng, sarêng wontên ing pêpadhang ing sakawit mripatipun inggih lajêng kriyip-kriyip jalaran saking sulap, nanging botên watawis dangu inggih lajêng kulina kados ing suwau-waunipun malih. Salajêngipun Sêtayor nuntên nyandhak calêmpung agêng ingkang kaulungakên dening salah satunggiling abdi, saha lajêng sanalika miwiti anggrambyang calêmpung wau. Lan botên watawis dangu malih ing salêbêtipun bangsal ngriku kamirêngan suwara ingkang êmpuk sarta mêlung-mêlung ingkang adamêl gambiraning para tamu ingkang sami mirêngakên. Dene têtêmbanganipun ingkang dipun rumpaka prakawis kitha Kiyèph, ingkang kacariyosakên sae-saening kitha ing saindênging nagari Kristên, bab kawontênanipun kitha Cèrnigop, kitha dagang ingkang sugih, inggih punika papan padununganipun ingkang èstri piyambak, ingkang kacariyosakên dumuginipun samangke tansah angêntosi wangsulipun ingkang jalêr, inggih awakipun piyambak wau. Salajêngipun nuntên angrumpaka ing bab kawontênanipun kitha karajaning nata ingkang dumunung wontên ing kikisipun samodra cêmêng, saha nyariyosakên kawontênan ingkang èdi-èdi lan anèh-anèh ingkang pinangih wontên ing măncanagara.
Para pangeran tuwin mantri bupati sami mirêngakên kanthi wigatos, saha sami gumun dhatêng suwaranipun neneman ingkang langkung nêngsêmakên punika. Dalasan para prajurit kemawon ingkang kulina wontên ing paprangan inggih kanthi sênêng mirêngakên têtêmbanganipun wiraswara enggal punika, malah umumipun sami gumun dhatêng suwaranipun ingkang êmpuk lan sakeca wau.
Nanging tiyang ingkang ngemba utusanipun Prabu Kaliyên, rumaos sakalangkung katarik manahipun dening suwara, punapadene rêrumpakanipun Sêtayor wau. Amila sarêng sampun rampung, Wasilya ujug-ujug lajêng mênyat saking palinggihanipun, murugi Prabu Wladhimir, saha lajêng umatar[10] makatên:
Dhuh, sang prabu. Salaminipun gêsang kawula dèrèng nate mirêng suwara ingkang makatên punika, salajêngipun kawula botên nêdya melik bulubêkti paduka, saha kawula nêdya anyandèkakên panyuwunan kawula, dhatêng putra kapenakan nata Dèwi Sabawa, manawi paduka krêsa amaringakên tiyang punika dhatêng kawula. Badhe kasambêtan.
--- 57 ---
No. 15, 10 April, Taun IX
TAMAN BOCAH
INGKANG NGÊMBANI: BU MAR
KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.
MANGSULI LAYANG.
S. Saring p/a Toko Westerling, Magêlang. Layangmu isi karangan wis daktampa, ora liya bangêt panarimaku, dakpikir-pikire dhisik, kêpacak utawa orane.
Katiyah c/o Sudarsa, Badran, Solo. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sokur dene kowe arêp milu lêlumban ing Taman Bocah.
Sukardanu, Leerling 7e kl. H.I.S. Trênggalèk. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, nanging aja pisan dadi atimu ya, ora bisa kapacak. Coba ngirimana karangan liyane kayata dêdongengan, dolanan kang luwih apik.
Amin p/a Yunus, Poncol No. 23, Sêmarang. Pêrkara kowe isih dikirimi, kuwi dudu tanggunganku. Yèn kowe arêp pitakon bab iki, bêcik nglayangana Administratie. Yèn Bu Mar ora kapasrahan bab pangirime T.B., dadi ora wêruh bab iku mau.
S. Ekasêdiyawati, G. Sêpanjang. Aku wis tampa layangmu pitêpungan lan nandhakake kêsênênganmu maca isining T.B. Mula eman bangêt, dene kowe lagi ngêrti saiki, dadi kokira, Bu Mar kuwi mung apus-apusan bae, we la kojur! Kapan kowe ngirimi layang manèh nyang Bu Mar milu nguruni isèn-isèn ing T.B.
M. Satriyani, Blitar. Karcismu wis daktampa, nanging karangan-karangan durung. Pancène adrèsmu wis arêp dakkirimake nyang Sri Sasanti, nanging barêng kowe nyêthakake manawa aja kêpacak ing T.B., mula ya ora sida, dadi mung njaluk adrèse Sri Sasanti. Ach kok ana-ana bae, kowe kuwi.
Prapta, Blitar. Aku wis tampa pitêpunganmu, bangêt panarimaku. Kowe ora susah wêdi-wêdi milu urun-urun ngisèni T.B. Ora mung kowe bae sing wêton saka pamulangan Vervolgschool, akèh kancamu. Sing ngisèni T.B. kuwi ora dakpilih wêton pamulangan dhuwur. Sapa sing gêlêm milu urun ya kêna, mêngko kari milihi, sing kira-kira pantês kapacak. Sanajana saka pamulangan Mulo pisan, yèn karangane ora apik ya ora kapacak, saka pamulangan Vervolgschool, yèn apik, ya kapacak. Dadi kowe yan coba-coba milua urun dongèng utawa liyane.
Sri Sasanti, Surakarta. Aku njaluk adrèsmu sing cêtha. Awit M. Satriyani arêp kirim layang nyang kowe.
Sutikna, Blitar. Aku bungah tampa layang pitêpungan saka kowe lan kowe gêlêm mblakakake panêmumu bab karangane Uncla Sum. Pancèn wiwit Sêtu buri wis ora dakpacak maneh, jalaran ana ugi sing ngirimi layang kaya kowe kuwi, ora ngêrti lan sapanunggalane. Yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B. iya prayoga, coba-coba, idhêp-idhêp kanggo sinau, ora susah wêdi-wêdi, nanging poma aja tansah nyritakake awake dhewe, mundhak sing maca gêla, bosên.
Waijah, Sêmplon, Magêlang. Yèn kowe arêp tuku buku "Widoerileergang", iya mung ngirimi dhuwit nyang Bale Pustaka f 0,80, dnne[11] sing maragadi Bale Pustaka dhewe.
Musthikowati, Subah. Bangêt panarimaku kowe ngabari Bu Mar, yèn Sri Sadiyah kasripahan ibu lan kangmase. Upama kowe ora ngabari, aku ya durung krungu, jalaran Sri Sadiyah dhewe durung kobêr ngirimi layang nyang aku. Wah kok mêsakake têmên, ya!
Parikêsitty, Blitar. Bangêt bungahku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang Bu Mar. Nanging aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak, nyoba gawea liyane sing luwih apik, ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.
Kadarwatri, Magêlang. Sarèhne saiki aku lagi kêbanjiran têmbang-têmbang, mula kirimanmu daksimpên, gêntenan papan.
Mochamad Madiyana, Têmanggung. Kowe mangkono uga, sarèhne Bu Mar lagi kêbanjiran rêrêpèn, kirimanmu daksimpên dhisik, besuk gêntenan papan.
End. Rêsminingsih. Yèn kowe arêp njaluk katrangan bab pambayar lan nomêr-nomêr, bêcike ngirimana layang nyang Administratie. Sokur dene kowe arêp milu urun-urun ngisèni T.B. Yèn ngirimi karangan cêndhak nganggo postblad ya cukup, dene yèn dawa nganggo franco f 0,10, ditulis "Document", lan aja ditutup (dilim).
Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.
Bu Mar.
--- 58 ---
JOGÈD TAYUB BOCAH LANANG.
[Grafik]
Ing dhuwur iki bocah-bocah saka "Paguyuban Bêksa Anak-anak" lagi padha mitongtonake jogèd tayub. Ing Salatiga ketoke bocah-bocah padha ngajokake bangêt nyang kagunan Jawa. Malah wiwit sasi Februari bocah-bocah P.B.A. padha sinau wirèng.
Saka kiwa 1 Ciep Sing Tan Giok Ien, 2. Wiyoso Sukahar, 3. Sudarmaji Mangunatmaji, 4. Kismoyo Kismadi.
KATRÊSNANING SÊDULUR.
Ana sawijining wang[12] Turki kang dadi batur tukon. Dhèwèke srêgêp bangêt. Lêt sawatara taun dhèwèke bisa nglumpukake dhuwit f 500,-, banjur sowan bêndarane, dhuwit mau dicaosake pêrlu kanggo nêbus kakangne kang uga dadi batur tukon ing kono.
Bêndarane takon: "Geneya kok ora koênggo nêbus awakmu dhewe?".
Wangsulane: "Kakang kula punika tiyang botên gadhah kasagêdan, punapadene botên badhe sagêd kêklêmpak arta ngantos sagêd nêbus awakipun piyambak. Sarêng kula, manawi nyambutdamêl, sawatawis taun malih, mêsthi sagêd ngêmpalakên arta kangge nêbus badan kula piyambak.
Barêng bêndarane krungu kang mêngkono mau ing batin ngalêm bangêt marang katrêsnane wong mau, marang sêdulure. Wong loro mau banjur dimardikakake kabèh.
Froggie, Purbolinggo.
GUNUNG KÊLUT.
Nalika taun 1919 gunung kêlut njêblug, ngêtokake lahar, nganti gawe karusakan akèh bangêt. Tumêkane saiki gunung mau isih kumêlun mêtu kukuse kayadene Mêrapi. Mirid dongèng babad, panjêbluge gunung Kêlut mau wis dipêsthèkake, sabên 4 taun, dene mulabukane mangkene:
Sang Nata Brawijaya kagungan putra putri, asma Dèwi Sêkar Kêdhaton. Wis akèh putra liya nêgara lan satriya-satriya kang nglamar, nanging durung ana kang kêtampan. Pawarta mau kêprungu dening Prabu Maesasura, ratu sêkti binathara ing Blambangan. Sang nata banjur tindak ngêbun-êbun esuk, ngudan-udan sore.[13] Satêkane ing Mojopait banjur sowan Prabu Brawijaya, ananging sarèhne Nata Majapait wêdi marang kasêktène Maesasura, dadi ora wani nampik, banjur nganakake sayêmbara. Yèn sajrone têlung dina bisa ndhudhuk sumur ana pucake gunung Kêlut, nganti mêtu banyune, Maesasura iya bakal kaganjar Dèwi Sêkar Kêdhaton.
Ratu Blambangan wiwit nyambutgawe, ndhudhuk sumur. Wis rong dina suwene, durung mêtu-mêtu banyune, mangka wis jêro bangêt. Sang nata tansah kuwatir, yèn nganti têlung dina ora mêtu tuke mêsthi nêmahi pati, katigas janggane. Dina kang ping têlune mêksa durung mêtu banyune. Prabu Brawijaya mriksani saka ing pucak didhèrèkake abdi pirang-pirang. Ing galih rada kuwatir, yèn nganti bisa mêtu banyune, putrane mêsthi digarwa Maesasura, ing mangka Prabu Brawijaya gêthing marang Ratu Blambangan, lah wong sirahe, êndhas kêbo, dadi ora rupa manungsa, asungu barang, ananging kasêktène angungkul-ungkuli. Saka ing pucak sing ketok mung bolongan jêro bangêt, pêtêng ndhêdhêt, sing kêprungu mung ambêgane Prabu Maesasura. Dumadakan Prabu Brawijaya mirêng surake Maesasura, alok yèn krungu banyu têka.
Prabu Brawijaya ajrih ing galih, abdi-abdi banjur didhawuhi ngurugi sumur gunung Kêlut nganggo watu sakiwa-têngêne. Maesasura kurugan watu ora bisa uwal, mati ana ing sajroning sumur. Ora lêt suwe Prabu Brawijaya mirêng swara:
E, Brawijaya, ratu ala, rasakna piwalêsku. Anakmu Sêkar Kêdhaton ora olèh takgarwa, lah kok matèni Ratu Blambangan. Sabên patang taun sapisan aku ngêtokake lahar, gêni, watu, nagaramu Mojopait bakal tumpês, saka panjêbluge gunung Kêlut.
Sis Ngayogya.
--- 59 ---
MULA BUKANE ANA JÊNÊNG GÊDHANG KLUTHUK.
Dhèk jaman kuna, mbarêngi karo adêge candhi Prambanan, ing tanah Jawa kene isih akèh alase kang gêdhe-gêdhe.
Setan Roban, dhêmit pri prayangan, dhanyang pênyenyengan lan widadari ya isih akèh.
Ing sawijining alas kang gêdhe-gêdhe iku mau, ana alas siji kang sinêngkêr ing para widadari. Dene prênah panggonane ing tanah Jawa Têngah, yaiku kang diarani alas gêdhang. Mulane diarani alas gêdhang, jalaran ing kono akèh wite gêdhang. Gêdhange gêdhe-gêdhe tur lêgi-lêgi lan gandane arum. Sapa wonge sing mangan mêsthi tuman takon tunggale, lagi wêruh rupane bae, kalamênjinge wis baris, munggah-mudhun, songkolan, nandhakake yèn kêpingin. Ing alas gêdhang iki mau, uga akèh munyuke. Barêng para widadari ngêrti yèn gêdhange sok dicolongi si munyuk, banjur padha digusahi dikon lunga saka alas gêdhang mênyang alas liyane, awit para widadari padha sumêlang, manawa ora kumanan wohe gêdhang kang sinêngkêr mau.
Kocapa munyuk-munyuk barêng digusah banjur padha pating blulung glarahan, ngulandara padha golèk alas kang kirane kêna diênggoni sasuwene ana ingalam donya. Ora suwe banjur nêmu alas cilik, padunungane ora pati adoh saka alas gêdhang mau. Nanging wowohan mèh ora ana, mulane ditêba sasasi bae wis êntèk, banjur pating blulung ngupaya pangan, nanging ora ana siji-sijia kang olèh woh gêdhang. Paribasane: lunga ngetan bali ngulon, tiwas edan ora klakon. Ing sawijining dina panganjure munyuk-munyuk mau nglumpukake kancane kabèh gêdhe cilik nom tuwa lanang wadon. Pênganjur munyuk banjur nyaritakake wiwit mêtune saka alas gêdhang nganti saiki sarta anggone kêlara-lara.
Dumadakan banjur takon marang kanca-kancane: "Kapriye kanca-kanca, karêpmu saiki, ing kene wis ora ana gêdhang ora ana pangan, kowe kabèh mêsthi padha mati kalirên. Aku saiki nekat yèn padha gêlêm lan cocog êndang lakonana, yaiku padha ngrampungi widadari, kabèh ditumpês aja ana kang kari siji-sijia. Kêbangêtên nggone siya-siya, ora ngêrti sapadha-padhaning tumitah, dumèh kinacèk karo sapadha-padhaning titahing Pangeran."
Ana munyuk tuwa nyêlani: "Mêngko ta mêngko, aja guru-guru ngumbar hawa nêpsu. Wis jamak lumrahe yèn awake dhewe siningkang-singkang mring pra widadari, sabab padha dene golèk gêdhene wêtêng, mangka awake dhewe dhasar kalah, arêpa muni-muni wani kae ya kalah. Mula saka pamrayogaku mêngkene bae, ayo saiki padha golèk klênthêng sing akèh, mêngko bêngi yèn widadari wis padha turu, padha digrumut, gêdhange padha diisèni klênthêng. Yèn widadari mangan, banjur nanggori klênthênge rak nuli dilêpèh, awit ora doyan." Para munyuk kabèh padha mupakat.
Wayahe srêngenge surup, kêthèk-kêthèk wis padha nglumpuk kabèh. Ing têngah wêngi padha mangkat. Barêng wis têkan ing alas gêdhang, banjur tumandang kabèh, gêdhang padha diisèni klênthêng ora ana kang kliwatan. Sawise rampung nuli padha mulih.
Kocapa sawiji dina gêdhange ana sing matêng, para widadari gugup ênggone arêp mangan, nanging... nanging... barêng mangan kêmluthuk akèh isine, mangka maune tanpa ana isine siji-sijia, padha ora doyan, banjur padha ngalih saka alas gêdhang kono mênyang alas liyane kang prayoga diênggoni para widadari kabèh. Barêng kêthèk-kêthèk krungu lan ngêrti yèn para widadari wis padha lunga, banjur padha ngalih mênyang alas gêdhang manèh.
Têkan ing kono rêbutan nggone arêp mangan, awit wis suwe ora wêruh rasane gêdhang. Swarane patin gklêthuk mbrêbêgi kuping, banjur diarani "gêdhang kluthuk," nganti saprene.
Handoyo, Paninggaran.
NGARAHAPA.
I. Hèh pra mitra piyarsakna | Lamun sira sayêkti amarsudi | Nggayuh geyonganing kayun | Kayungyun dadya tama | Dèn tabêri nastiti lawan tuwajuh | Aywa sira Ngarahapa | Supadya tulus utami.
II. Sêdyakna dèn kongsi bisa | Kalakone nggonira amarsudi | Ywa pisan-pisan sirèku | Kêcandhak ing lêlara | Ngarahapa sayêkti pênyakit ampuh | Tumrap mring kang puruita | Hingkang nambut-karya ugi.
III. Tumrap mring kang puruita | Ngarahapa wis njalari kèri | Sabarang wulanging guru | Wêkasan datan bisa | Nyêmbadani kudanganing tiyang sêpuh | Putra kinèn puruita | Supadya dadya utami.
IV. Dene lamun nambutkarya | Aja pisan sirèku darbe pikir | Ngarahapa dadi racun | Kathah tuladhanira | Dèn pracaya nyêkêl arta karyanipun | Ngarahapa ngangge arta | Dadi buroning pulisi.
Sri Palupi, Solo.
--- 60 ---
ANANE DÊGAN DADI DULANG BAYI.
Ing jaman biyèn ana sawijining satriya putra ratu ing Jênênggala jêjuluk Radèn Sêputra kagungan garwa endah ing warna kêkasih Dèwi Limaran.
Kacarita Dèwi Limaran wus anggarbini ênèm sarta sakarone tansah sih-sinihan. Ing sawijining dina sang putri katarik anggone anggarbini mau, kêpenging bangêt kagungan dolanan kidang kêncana. Radèn Sêputra bangêt prihatos anggalih panyuwune sang putri. Upama ora dituruti mêmêlas amarga sang putri tansah ngêmbêng waspa, ananging upama anurutana gèk ingêndi panggonane kidang kêncana. Pêpuntone Radèn Sêputra nekad karsa lolos saka kasatriyan. Sang putri priksa karêntêging pênggalihe Radèn Sêputra. Barêng Radèn Sêputra miyos ing wayah wêngi sang putri nututi sapurug-purug.
Satêngahing alas tarataban, Radèn Sêputra kraos sayah, nuli lèrèh ing sangisore wit gurda. Ing kono priksa saklebatan playune kidang mawa cahya. Mungguh panggalihe Radèn Sêputra mangkene: "E, ladalah, bokmanawa iki kang dadi idham-idhamane garwaku. Kidang aja kagèt, ya sanajan mlayua mênyang Suralaya aku bakal nututi lakumu, êntènana aku!" Barêng Radèn Sêputra mênyat saka palênggahan nêdya nututi lakune kidang mau, kêsaru panjêrite sang putri saka buri: "Dhuh, kakangmas, kula botên sagêd kantun." Radèn Sêputra kagèt mirêng panjêlihe sang putri, nuli ngraos sarirane kaya dilolosi, sêpisan anggalih wêlas marang kang garwa, kapindhone ngrumaosi bakal koncatan lacaking kidang kêncana.
Pangandikane Radèn Sêputra: "O, yayi mêmêlas bangêt dene kowe kêraya-raya milu nusup-nusup ing alas kene. Aku ora nêdya ngoncati kowe, bakal nggolèki kang dadi pamundhutmu, yayi. Wus mênênga dakkira ora bakal suwe kidang kêncana ana ing astamu. Dhèk mau aku wêruh kumlebat ana ing ngarêpku, arêp dakburu kêsaru panjêritmu."
O, inggih kangmas, manawi makatên mangga sami dipun padosi tiyang kalih.
Radèn Sêputra bêbarêngan karo Dèwi Limaran nuli nusup-nusup ing alas kono, barêng wus rada sayah, karo-karone padha ngawuningani kumlebating kidang kêncana rêrikatan. Radèn Sêputra enggal-enggal arêp nututi kidang mau, nanging ora bisa, amarga sang dèwi ora bisa lumayu rêrikatan. Wusana kidang ilang manèh, lumêbu ing sajroning grumbul. Radèn Sêputra kakên pênggalihe.
Dèwi Limaran arêp ditinggal ora kêrsa sarta uga nguwatiri upama pisah karo panjênêngane, ananging upama ora pêpisahan mêsthi langka bisane nyêkêl kidang kang luwih dening kêsit mau, têmahan karo-karone padha tansah tangis-tangisan. Adrênge Dèwi Limaran bisane entuk kidang mau nganti prasêtya aluwung seda katimbang ora bisa katurutan kêrsane. Anglês raosing panggalihe Radèn Sêputra dene durung ana wêwêngan saka Ingkang Murbèng Dumadi kapriye mungguh bisane kasêmbadan apa kang dadi karsane garwane. Sakarone wus padha sayah amarga têlung dina ora padha dhahar, mangkono uga tansah ora bisa sare amarga saka kèhing buron galak kang tansah saliwêran ana ing sacêdhake kono. Sajatine sakabèhing buron galak mau, kabèh babar pisan ora padha duwe krêntêg arêp munasika gêdhene mangsa marang raja putra sakarone, malah mungguh tataha padha manêmbrama marang Radèn Sêputra sakalihan, têmbunge: "Dhuh, radèn têka mêmêlasarsa kawontênan paduka kalihan wontên ing padunungan amba ngriki. Punapa ta ingkang dipun karsakakên, mugi karsa dhawuh dhumatêng pun abdi, mangke pun abdi ingkang sagah anyêkapi punapa ingkang dados pamundhut panjênêngan." Iku ature si macan gembong karo anggêro sêsêngoran agawe mrindinge githok. Mangkono uga patrape macan utawa kewan galak liyane pating glêrêng agawe judhêging panggalihe Radèn Sêputra.
Dene para ibêr-ibêran sapanunggalane ana sing gawe kumpulan kayadene "muziekvereeniging" kayadene bocah-bocah yèn pinuju kumpul padha anggawa suling, gitar, mondharmonica lan sapanunggalane banjur padha diunèkake, sanadyan wêtune swara rada ora kêpenak, nanging mungguh kanggo kupinge kang nglakoni ya wus rumasa pating cruwit agawe lilihe Radèn Sêputra sêkalihan, nadyan ora ngrêtos kêkarêpane manuk-manuk mau, tinimbang mirêng panggêmbore macan aluwung mirêngake swarane manuk-manuk mau. Si Kukukbêluk uga ngaturi hurmat, panggraitane: "Mêsthi-mêsthine wong bagus iki bangêt ngêlihe. Upama dakkirim panganan saiba bungahe." Sanalika iku dhèwèke mumbul ing awang-awang milang-miling mangisor. Kabênêran wêruh ana ula kayu pinuju mangsa kodhok. Wah bêgja kêmayangan manawa ula disaut, kodhok mêsthi katut.
Ula kanggo wong bagus, kodhok kanggo wong ayu. Sawuse ula kêna digondhol kokokbêluk, banjur diruntuhake ing ngarsane Radèn Sêputra sêkalihan, têmbunge si kokokbêluk mungguh tataa: "Mangga Radèn, suwawi kadhahar luwung kagêm sarat ngêlih." Dene wêtune swara ya mung "gug gug bêlug" bae. Radèn Sêputra sarta ingkang garwa kamigilên mriksani kaanan kang kaya mangkono mau. Ana candhake.
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
Babad Giyanti.
[Sudah diketik pada Kajawèn ăngka 61, 31 Juli 1937]
--- [453] ---
1 | Pa (= Paing). (kembali) |
2 | barung. (kembali) |
3 | Ostênrik. (kembali) |
4 | Dilanjutkan pada hlm. 444. (kembali) |
5 | mung. (kembali) |
6 | caritakna. (kembali) |
7 | ngono. (kembali) |
8 | ajar-ajar. (kembali) |
9 | lênggahing. (kembali) |
10 | umatur. (kembali) |
11 | dene. (kembali) |
12 | wong. (kembali) |
13 | § Têtêmbungan iki karêpe wangsalan. | Êbun esuk iku jênênge: awun-awun. | Udan sore iku jênênge: rêrabi. | Dene karêpe: Ngêbun-êbun esuk, ngudan-udan sore, iku: Nyuwun rabi. Red. (kembali) |