Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-11, #70
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-11, #70. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-11, #70. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 12, 19 Ruwah Taun Jimakir 1858, 11 Pèbruari 1928, Taun III.
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabdhu[1]
Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.
Wêwangunaning Candhi ing Bali
[Grafik]
Ing nginggil punika griya padewan ing Pèjèng, kêbak wêwangunan kina.
--- 222 ---
Raos Jawi
Kawruhipun Tiyang Sêpuh
Mênggah kawruh sêpuh ingkang badhe kula andharakên ing ngriki, sanès kawruh sêpuh ingkang limrahipun dados gêgêbênganipun băngsa kita Jawi ingkang sok kawastanan ugi ngèlmu kasampurnaning pêjah, ananging ngèlmi sêpuh, cara Jawi Wetanan: êndhèk-êndhekan, tumrap băngsa kita Jawi ingkang taksih sakêdhik sêsêrêpanipun kados kula punika saha ingkang prêlu nyumêrêpi.
Manusa kala dèrèng diwasa, wiwit: bayi, lare, diwasa lan sapiturutipun, punika masthi badhe nglampahi dados sêpuh. Bayi manawi sampun mindhak sêpuh dados lare, lare mindhak sêpuh dados diwasa, makatên salajêngipun ngantos dumugi sêpuh thuyuk-thuyuk. Sarèhning sadaya manusa punika sangsaya lami botên saya ênèm, ananging mandar sangsaya sêpuh, pramila bab anggènipun dados sêpuh ugi kêdah nyumêrêpi ngèlminipun sêpuh, paribasan sampun ngantos sinêbut: tuwa tuwas, prêlunipun supados saya lampah ingkang masthi dipun tindakakên botên tuna dungkap utawi sawatawis sagêd ngènthèngakên tumrap awrating sêsanggèn. Tiyang sêpuh ingkang taksih ngangge ngèlmunipun lare, kawastanan: kapilare, punika sok dipun ewani dening sasaminipun, amargi botên nêtêpi dhatêng sêpuhipun.
Manusa punika sangsaya sêpuh ingkang limrah botên sangsaya sakeca, ananging sangsaya rêkaos, amargi têtanggêlan utawi kuwajibanipun sangsaya mindhak kathah tur awrat. Kathahing têtanggêlan saha kuwajiban, awrating sêsanggèn ingkang mêsthi dipun tindakakên, punika manawi cotho utawi botên mangrêtos ngèlminipun, sagêd andadosakên wêwah rêkaos saha awratipun, malah sok dados rubeda.
Bayi utawi lare punika taksih kawêngku dening bapa biyung, ananging bilih sampun mindhak sêpuh dados diwasa, punika manut pranataning donya kêdah lajêng pisah saking wêwêngkoning tiyang sêpuh têgêsipun kêdah sagêd nyêkapi punapa ingkang dados kabêtahaning badanipun piyambak tanpa pitulunganing bapa biyungipun. Manusa wiwit diwasa ingkang waunipun namung mikir kabêtahan tumrap badanipun piyambak, lajêng wêwah mikir kabêtahanipun: rayat, anak, putu lan sasaminipun ingkang masthi dados kuwajiban salêbêting wêwêngkonipun.
Mênggah sakathahing kuwajiban tumrap para manusa wiwit diwasa ngantos dumugi sêpuh thuyuk-thuyuk, urut-urutanipun kenging katata ingkang ringkês, makatên: 1. bab gêgriya, 2. mêngkoni rayat, 3. dhatêng anak, lan 4. sanès-sanèsipun ingkang kalêbêt dados wêwêngkon. Ing salêbêtipun nindakakên kawan prakawis ing nginggil, kêdah asêsarêngan nindakakên kuwajiban ingkang ăngka kalih inggih punika: 1. tumrap dhatêng bapa biyung lan marasêpuh, 2. dhatêng sanak sadhèrèk, 3. pranataning mêmitran utawi tăngga têpalih, lan
--- 223 ---
4. pranatan udanagari.
Mênggah sakathahing kuwajiban lan pranatan wolung prakawis ing nginggil, sagêdipun tumindak namung sarana băndha yatra lan ngèlmi utawi kawruh. Bab yatra ingkang kangge wragad, manawi anggènipun ngupados tanpa ngèlmi, kajawi èwêd pikantukipun inggih sok lêpat marginipun, makatên ugi sanajan sampun gadhah yatra, ing măngka anggènipun ngêcakakên ngawur tanpa kisruh,[2] tartamtu inggih lajêng muspra ing wusana botên kalêksanan ingkang sinêdya.
Wondene ngèlminipun gêgriya, prêlu sangêt dipun sumêrêpi, ingkang dados jêjêr: murih griya punika sagêd mathuk tumrap kasarasaning badan, bab sae lan asrining tiningalan, punika namung kadamêl prakawis kaping kalih.
Dene bab: rayat, ingkang sampun mangrêtos ing ngèlminipun, jujuganing pamilih sanès endahing warni, ananging ingkang katitipriksa rumiyin bab kasarasan, wêwatêkan saha kapintêranipun, dene prakawis sanès-sanèsipun namung kaanggêp imbêt kemawon. Pamêngkunipun dhatêng rayat, nêtêpi ingkang nama: jodho utawi timbangan, paribasan sakit satunggil sakit tiyang kalih, satunggil-satunggilipun mangrêtos dhatêng kuwajibanipun.
Bab anak, punika sami-sami ngèlmi, rumpil saha gawat sangêt. Jêjêr ingkang prêlu dipun sumêrêpi, bilih Gusti Allah anggènipun nitahakên manusa punika: sae, tanpa kuciwa, suci manahipun. Wontênipun manusa lajêng dados asor utawi luhur, awon saening wêwatêkan lan sapanunggilanipun, punika namung gumantung ingkang dados lantaran, inggih punika bapa lan biyungipun. Nglêngkara sangêt manawi Gusti Allah ingkang maha luhur, maha suci, maha... maha sadayanipun, yêyasanipun sagêd kuciwa, awon, asor sapiturutipun. Sawêg dêdamêlanipun sasami manusa kemawon ingkang tanpa: maha, kados ta: para prophesor, Ir. Dr. Mr. lan para pinunjul sanèsipun, punika sadaya sampun kenging dipun wastani mèh tanpa cacad, têgêsipun kathah saenipun, beda kalihan barang padamêlanipun manusa ingkang taksih bodho. Sawênèhing băngsa kita Jawi taksih kathah ingkang mastani kanthi mantêping manah, bilih awon saening manusa punika sampun pinasthi ing sadèrèngipun tumitah ing ngalam donya, tuwin sampun botên kenging kaewahan malih. Ingkang makatên punika mujudakên kirang santosanipun anggèning nênuntun utawi anggulawênthah dhatêng anak supados dados sae kalakuan utawi sanès-sanèsipun. Manahipun sok kêmba, jalaran pangintênipun: sanajan dikayangapa bae anggone marsudi, yèn wis tinakdir ala iya dadi ala, makatên sasaminipun. Takdir punika pancèn kêdah kita pitados sangêt, ananging kadospundi êmpan saha jalèntrèhipun kita kêdah mangrêtos.
Prakawis ingkang kalêbêt dados wêwêngkon: tiyang sêpuh utawi sanak sadhèrèk, rencang, ingkang sadaya kabêtahanipun dados tanggêlan, limrahipun inggih nunggil sagriya. Rencang utawi abdi punika sanès pirantos, nanging inggih manusa sasami, sanak sadhèrèk kaurut nèm sêpuhipun, [sêpuh...]
--- 224 ---
[...ipun,] dene tiyang sêpuh pamêngkunipun gandhèng lan wujuding tumindakipun angabêkti.
Wondene kawan prakawis ingkang tumindakipun asêsarêngan kalihan ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil punika, 1. dhatêng bapa biyung lan marasêpuh, sadaya patrap ingkang katindakakên adhêdhasar: sumungkêm, 2. dhatêng para sanak sadhèrèk kêdah mangrêtos ingkang kaprênah ênèm utawi sêpuh, tuwi-tinuwi, sakathahing patrap adhêdhasar tulung-tinulung, paribasan manawi kathah sadhèrèk punika inggih langkung kiyat, 3. pranatan dhatêng pawong-mitra utawi tăngga têpalih: punika ing bab sêsrawunganipun, sampun ngantos kêrakêtên, kêdah kadamêl samadya kemawon, tulung-tinulung inggih tuwi-tinuwi, sadayaning lampah adhêdhasar botên ambedakakên. Ingkang kaping 4 bab pranatan udanagari, punika kêdah langkung mangrêtos tata utawi caranipun, sadaya patrap kalampahakên adhêdhasar botên narajang ing awisan.
Kawruh sêpuh punika sadaya tiyang kêdah mangrêtos, awit masthi badhe ngambah wontên ing ngalam kasêpuhan. Sintên ingkang ngambah ing satunggiling margi utawi laladan ingkang taksih dèrèng sumêrêp lêkak-lêkiking kawontênanipun ing ngriku, masthi sok manggih kapitunan.
S.m.r. Siswamiharja.
Pasuruan.
Ekonomi
Ulam Kutuk
Sami-sami ulam loh ing toya tawa, tumrapipun ing tanah Indhiya ngriki, ingkang mèh sabên nagari wontên, punika ulam kutuk. Mênggah ulam kutuk gêsang wontên ing kalèn, lèpèn, dene ingkang pinanggih kathah piyambak wontên ing rawa-rawa.
Limrahipun ulam kutuk punika botên dipun ingah ing tiyang, awit sagêd ngrêbda piyambak wontên ing toya ingkang papanipun wiyar, lan makatên malih, mênggahing ulam kutuk, manawi dipun ingah tunggil lan ulan sanès băngsa, sagêd mênangan piyambak, purun măngsa ulam alit-alit ingkang tunggil sapanggenan, mila ingkang kathah ulam kutuk punika manggènipun namung anggrombol nunggil sapanggenan, limrahipun ing rawa.
Kutuk punika ingkang agêng sagêd ngantos sakempoling tiyang sêpuh, nanging ingkang sampun samantên wau raosipun sampun botên eca, tinimbang gurihipun, kathah sêpanipun, ulam kutuk punika pancèn golonganipun ulam ingkang botên eca, nanging mênggahing nyatanipun, ulam wau tumrapipun kangge padagangan, malah katingal majêng piyambak, dening lêmês kenging dipun reka-reka tuwin kenging kasimpên lami.
Ing tanah Jawi Kilèn, ulam kutuk punika panyadenipun wontên ing pêkên-pêkên dipun wadhahi ing kranjang rapêt isi toya, dados taksih gêsang, manawi wontên ingkang tumbas sawêg dipun pêndhêt, wontên ingkang ngantos rêgi mitung kêthip. Limrahing [Limrah...]
--- 225 ---
[...ing] pangolahipun kangge duduh-duduhan. Malah tumrapipun tiyang Jawi Kilèn, kenging dipun wastani karêm dhatêng ulam wau, ngawonakên dhatêng ulam rawa sanès-sanèsipun, kados ta: lele, bêthok tuwin sanès-sanèsipun, limrahipun aslining ulam wau saking rawa ingkang pancèn dipun piyara ulamipun, mila kathahipun ulam rawa ingkang dipun sade wontên ing pêkên, ngantos wontên papanipun piyambak.
[Grafik]
Tumrap nagari-nagari ingkang awis toya, bilih nuju ing măngsa katiga, tamtu kathah ulamipun kutuk, awit nagari ingkang kados makatên wau, adhakan wontên toyanipun ingkang ngêbêng ngantos dumugi ing măngsa katiga, dangu-dangu lajêng asat. Samăngsa asat, ing ngriku wancining usum ulam kutuk. Kados ta ing lalandan kabupatèn Lamongan tuwin Dêmak, punika manawi nuju usum ulam kutuk, ing pêkên-pêkên kathah sangêt tiyang ingkang sade, nanging limrahipun sampun dipun lêngkur, inggih punika kutuk wau dipun panggang, kulitipun ngantos garing, dangu-dangu dagingipun ing nglêbêt ngantos kraos koplak. Ulam ingkang sampun dipun angge makatên wau kuwawi dipun rimati ngantos dangu, nama namung simpên ulam taksih badhe, awit kenging taksih dipun olah malih manut sakajêngipun ingkang ngolah.
Wontên malih ingkang dipun krese, inggih punika dipun dhèndhèng, dipun pêcaki sarêm saha dipun pe, punika dadosipun sagêd ngindhakakên gurihing ulam, nanging ingkang purun nindakakên makatên wau tumrapipun têtiyang siti saksat namung sambèn kemawon, bokmanawi taksih wêgah dhatêng waragad panumbasing sarêm, utawi inggih jalaran dèrèng sumêrêp dhatêng caraning pandamêlipun ulam asin.
Ing măngka mênggah salugunipun, asinan ulam kutuk punika sawênèhing padagangan ingkang agêng sangêt, mèh ing sabên nagari tamtu wontên ingkang sade, inggih punika ingkang dipun wastani balur kutuk, ingkang sade băngsa Tiyonghwa. Dene wontênipun ing băngsa Tiyonghwa balur wau dados padagangan [pa...]
--- 226 ---
[...dagangan] ingkang pêng-pêngan sayêktos, awit mèh sabên tiyang nêdha balur, saya tumrapipun para sadhèrèk padhusunan, bangsaning balur punika ngantos dipun anggêp dados lawuh baku, awit sakêdhik kemawon sagêd nyêkapi kangge lawuh nêdha.
Salugunipun tumraping têtiyang siti, dhatêng kawontênaning padagangan ingkang kinintên sapele, nanging lugunipun mikantuki, malah kenging dipun wastani angosok-wangsul dhatêng pangintênipun wau, kathah sangêt. Ingkang sampun kêtingal inggih ulam kutuk wau, têtiyang siti dèrèng sagêd anindakakên dadosipun padagangan ulam asin, nanging inggih sampun lowung dene sampun sagêd tumut ngêmori nênêmpil sumêrêp raosing among dagang sawatawis, sukur bilih dangu-dangu saya sumêrêp dhatêng lampahing pangupajiwa, awit punapa kemawon, pundi ingkang nama pamêdal, punika inggih dados padagangan.
Kawruh Warni-warn
Gugon-tuhon punika pêpalang agêng
Gugon-tuhon punika, têgêsipun anggêga utawi mituhu dhatêng kawontênan lăngka, ingkang dipun anggêp wontên yêktos, upaminipun anganggêp dhatêng kawontênaning lêlêmbat, lêmah sangar, kayu aèng sapanunggilanipun.
Manawi dipun manah makatên, sayêktosipun gugon-tuhon punika pinanggih wontên ing nagari pundi-pundi, tuwin mèh sabên băngsa inggih gadhah gugon-tuhon. Dados manawi dipun pirid saking kêlimrahipun wau, gugon-tuhon punika tuwuhipun malah sampun ngrumiyini, mila pundi nagari ingkang têtiyangipun taksih kandêl gugon-tuhonipun, inggih dèrèng dipun wastani majêng.
Salugunipun gugon-tuhon punika kêrêp adamêl kapitunanipun tiyang kathah, botên ngêmungakên kapitunaning arta tuwin băndha, ugi kapitunan anggening arta tuwin băndha, ugi kapitunan anggening kecalan ngakal budi, dados ngakal budinipun wau ingkang dipun kawonakên dening gugon-tuhon. Măngka sasagêd-sagêd, ngakal budi punika malah ingkang wajib tumindak kangge mêcah pêpêtênging gugon-tuhon, upaminipun makatên: manawi wontên pawartos ingkang nyêbal saking nalar, kados ta lare dipun gondhol ing wewe, punika lajêng sampun anggêga kemawon, kêdah lajêng dipun gathukakên kalihan nalaripun, gathuk punapa botên. Sintên ingkang sampun sumêrêp dhatêng warnining wewe, lan yèn wontêna, dunungipun wontên ing pundi, lan prêlunipun andhêlikakên punika kintên-kintên badhe kangge punapa. Manawi sakintên kanalaran ingkang kados makatên wau botên sagêd gathuk, tamtunipun inggih botên nyata, dene prakawis icaling lare, kenging dipun pitados, nanging sasampunipun pinanggih, punapa inggih nyata pun lare dipun dhêlikakên wontên sangandhaping kopèk wewe kados cariyosing têtiyang kathah, kintên-kintên inggih botên, icalipun tamtu [ta...]
--- 227 ---
[...mtu] jalaran saking bingung kêplantrang ing lampah tuwin nalar sanès-sanèsipun.
Ingkang tansah andadosakên pamanahan, punika mênggah anggèning têtiyang kathah rêmên nêtêpakên wartos ingkang lugunipun namung saking gêthok tular, trêkadhang malah lajêng dipun wêwahi ingkang saya langkung elok.
Lan malih tumrap tuwuhing kapitunan, punika mèh kêlimrah, ingkang botên mangrêtos lajêng dados têdhanipun ingkang mangrêtos, kados ta manawi wontên wêwarnèn ingkang anèh sakêdhik kemawon, upaminipun pisang atuntut anjêbos uwit, tiyang lajêng amastani Bok Dana Murah aliyas Blorong, ingkang dhatêng lajêng andalidir sami nyukani sêkar borèh tuwin arta, ingkang wusananipun dados meliking tiyang ingkang gadhah wit pisang. Ingkang makatên punika taksih akalan kasar, wontên malih ingkang botên ngantos kênyana, nanging wantuning akalan, inggih lajêng nêmahi manggih pidananipun, cariyosipun makatên:
[Grafik]
Dhuh Nyai Dana Murah, punika pisang ayu, sêkul wuduk ulam lêmbaran, kula nyuwun sugih. Ucap makatên punika salugunipun namung lalawora.
Nuju rame-ramening pagêblug kolerah, ing sawênèhing nagari têtiyangipun sami giris, dening wontên wartos, sintên ingkang kadhatêngan kolerah lajêng dipun ukur badanipun, tamtu lajêng ical nyawanipun. Dene wujuding kolerah wau tiyang-tiyang mangangge sarwa pêthak barukut, tanganipun mawi ambêkta siwur, siwur wau ingkang kangge ngukur.
Saking girisipun, têtiyang lajêng rêrêmbagan, manawi dalu ngajak kalêmpakan dados satunggal, supados botên kadhatêngan kolerah, ugi kêlampahan wontên satunggaling papan ingkang kangge kalêmpakan, manawi dalu sabawanipun tiyang rêmbagan ngantos gumrênggêng.
Sarêng sampun sawatawis dalu, nuju lingsir dalu, yêktos, jêdhul wontên kolerah kêtingal, lampahipun sakeca murugi dhatêng panggenaning têtiyang ingkang sami tilêm, saha lajêng dipun ukuri plak-plêk, ingkang taksih mêlèk inggih malah reka-reka tilêm, labêt saking ajrih, wusana kolerah lajêng kesah, nanging botên adamêl [ada...]
--- 228 ---
[...mêl] pêjahipun ingkang sami dipun ukur. Dangu-dangu kapurunanipun kolerah saya mindhak, tiyang taksih mêlek inggih lajêng dipun ukur purun kemawon, lan dangu-dangu malah lajêng kathah tiyang alok kecalan. Ing ngriku wiwit wontên tuwuhing panggraita kalêbêtan durjana julig, saha nêdya badhe dipun nyatakakên. Yêktos, sarêng dalu nalika pun kolerah dhatêng, wontên ingkang namatakên, sarampunging ngukur, sarêng kolerah badhe oncat dipun kodhol, nanging mêksa kêtingal kemawon, inggih lumampah kados tiyang limrah, tiyang ingkang ngodhol saya mêmpêng. Wusana pun kolerah mlangkah pagêr temboking capuri pakuburan, ugi dipun tututi, kolerah sampun botên sagêd angoncati malih, saha lajêng andheprok tuwin wicantên: kula tiyang sayêktos, sanès lêlêmbat. Tiyang ingkang ngoyak saya grêgêtên, badaning kolerah kamanusan lajêng dipun galedhah, jêbul pinanggih wontên udhêngipun kathah, wasana pun cidra amanggih pidananipun.
Mênggahing têtelanipun, tiyang punika wajib sangêt kêdah nyingkiri gugon-tuhon, awit mênggahing tiyang pancènipun botên prêlu ngawontênakên gugon-tuhon, awit mênggah lêpasing budi, punika sampun botên kasamaran dhatêng kawontênan ingkang sanyata, dados saupami taksih sagêd kataman kawontênan ingkang kados makatên, nandhakakên bilih pangulahing budinipun tansah taksih kandhêg wontên ing pêpêtêng, tangèh sumêrêpa dhatêng ingkang dipun wastani manah padhang, tuwin gadhaha panjăngka punapa kemawon, inggih tangèh kalêksananipun.
Cariyos Wigatos
Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati
Candhakipun Kajawèn ăngka 11
VI.
Pêthikan saking Sêrat Kabar A. I. D.
Gugur-gunung tuwin pajêg
Jalaran antawisipun ing taun 1913 lan 1927, inggih punika antawisipun taun 1919 lan 1922, punika buku sêtatistik (buku cathêtan) botên anyêbutakên punapa-punapa, amargi kala punika têtiyangipun sami kakirangan têdha. Ananging Tuwan Baars lajêng anêksèni piyambak, kadospundi awoning kadadosanipun jalaran saking gegeran saha pranatan makatên wau, tumrap tanah-tanah, ingkang têtanènipun gumantung dhatêng siti ingkang sagêd koncoran ing toya.
Sadaya yêyasan, ingkang tansah kêdah dipun upakara, [u...]
--- 229 ---
[...pakara,] sami risak. Ingkang sampun-sampun saha samangke, yêyasan wau ingkang kathah lajêng dipun dandosi malih sarana gugur-gunung, sampun mêsthi sarêng paprentahanipun ical, lajêng botên wontên tiyang satunggal-satunggala ingkang sami purun nyambutdamêl mriku. Ing ngriku pambrontakan ngatingalakên trangginasipun anggèning sakêdhap kemawon sagêd ngrisak dêdamêlaning tiyang, ingkang panggarapipun kanthi sabar pintên-pintên taun laminipun. Ing taun 1921 dèrèng wontên sapradasanipun siti-siti ingkang kabagian toya, namung pasabinan ingkang dunungipun cêlak kalihan wadhuk-wadhuk ingkang dèrèng risak babarpisan, punika ingkang sagêd angsal toya sawatawis, ing ngriku têtiyang lajêng sami nanêmi gandum, prêlunipun sakêdhik-sakêdhik sagêda nêdha, lan salajêngipun botên wontên tiyang ingkang amanah sumêdya nanêm kapas.
Kawontênanipun ing panggenan irigasi ingkang agêng-agêng, botên langkung sae, malah kadhang-kadhang sok langkung awon.
Inggih lêrês, bilih yêyasan-yêyasan pondhêmèn, salêbêtipun sawatawis taun dipun lêmparakakên punika botên sami risak, anananging[3] susukan-susukan ingkang sami mlêsêk botên sami dipun upakara, dados ilining toya inggih lajêng namung sakêdhik. Kajawi punika botên wontên tiyang ingkang purun amêrduli dhatêng ilining toya, janji sitinipun piyambak sagêd kilenan toya, punika sampun cêkap. Jalaran saking punika kawontênaning siti-siti irigasi ingkang agêng ing sakidulipun Paschkent lajêng malih dados rawa, ingkang jalaran saking pangridhuning lêmut saha sêsakit malariah anglangkungi awonipun tinimbang ing empang-empang ing tanah pasisir lèripun tanah Jawi. Upami têtiyang Indhiya sumêrêp kawontênanipun ing ngriku, kadosdene ingkang dipun sumêrêpi dening Tuwan Baars kala ing taun 1921, Tuwan Baars gadhah pangintên, bilih têtiyang wau sakêdhap lajêng sami tuwuh gagasanipun saha kanthi kuwatos ing manah sami rêraosan, sapintên agênging bêbayanipun tumrap tanah-tanahipun piyambak, upami irigasinipun ngantos karisak kados makatên punika.
Malah ing sapunika, ingatasipun kawontênan ingkang rumiyin-rumiyin sampun dipun dandosi malih, lan amtênar-amtênar watêrsêtat sampun ngulat-ulatakên malih kawontênanipun irigasi, saha pangrèh dhusun kajibah ambantu amtênar-amtênar wau, ewasamantên inggih mêksa taksih wontên lampahan-lampahan ingkang botên lêrês ingkang adamêl pitunanipun para tani sadaya. Kala tanggal kaping 29 Nopèmbêr wontên sêrat kintunan saking kokasês dhatêng sêrat-sêrat kabar Sophyèt ingkang isi pangangluh kados ing ngandhap punika:
Anggènipun pakaryan, irigasi yasa wangan sêmpalan saha wangan dhusun punika dipun lêmparakakên, sabên tiyang sagêd mêndhêt toya saking wangan agêng saangsalipun kemawon, pranatan toya botên wontên babarpisan. Manawi wontên sagolonganing tiyang tani adamêl ilèn-ilèning toya kaprênah nginggil, pasabinan-pasabinan ing ngandhap ujug-ujug lajêng botên angsal toya, kajawi punika sitinipun enggal sangêt angêmur sarêm, jalaran botên wontên tiyang ingkang amarduli dhatêng ilining toya.
--- 230 ---
Ingkang makatên punika satunggiling idham-idhamanipun têtiyang ingkang tansah mikir dhatêng badanipun piyambak, murih anyêkapi dhatêng kabêtahanipun sarana adamêl karugianing sanès. Samangke têtela, bilih sadasa taun sasampunipun wontên gegeran, taksih wontên têtiyang ingkang makatên padatanipun, inggih punika purun nyolong panggêsanganing kenca-kancanipun,[4] inggih sami-sami têtiyang tani kadosdene piyambakipun piyambak. Kajawi punika panggarapipun siti ingkang tanpa pranata wau, anjalari salêbêtipun sawatawis taun sitinipun dados risak babarpisan amargi saking sarêm. Ingkang makatên punika satunggiling alangan ingkang agêng sangêt tumrap pasabinan-pasabinan ingkang pikantuk toya ing tanah Ruslan. Siti ing tanah ngrika punika kathah sarêmipun, pintên-pintên èwu taun ingkang kapêngkêr, siti wau sajatosipun dhasaring sagantên, Asiah ingkang sisih têngah, ingkang dangu-dangu lajêng dados garing, saha samangke ingkang taksih awujud sagantên namung kantun sagantên, Kaspi lan sagantên, Aral saha sagantên kalih-kalihipun wau kathah sarêmipun. Dene manawi siti wau anggènipun ngêlêbi toya kêkathahên, ananging kirang anggènipun ngilèkakên, punika sarêm ing siti sagêd lajêng campur kalihan toyanipun ingkang wusananipun lajêng ngukus wontên ing pasabinan, saha salêbêtipun sawatawis taun sarêm wau lajêng apêprongkolan wontên ing siti, awarni pêthak tuwin gilap. Pasitèn pêthak ingkang makatên punika, ingkang sitinipun sampun risak babarpisan, sampun kasumêrêpan dening Tuwan Baars kala ing taun 1921 pintên-pintên kathahipun. Lan sanadyan kadadosanipun ing pundi-pundi botên kasangêtên makatên, ewadene sitinipun inggih mêksa saya awon, jalaran saking minggahing sarêm amargi anggènipun ngêlêbi toya saha ngilèkakên wadu kirang sagêd. Têtanèn wontên ing pasitèn, irigasi, punika padamêlanipun gêgayutan kalihan tiyang kathah, beda kalihan pananêmipun gandum cara Rus, ingkang lêpating tindak saha katledhoraning satunggal-satunggalipun tiyang, namung dados têtanggêlanipun piyambak. Ananging pangêlêbipun pasabinan jalaran saking lêpating tindakipun tiyang satunggal kemawon, sagêd adamêl kacilakanipun pintên-pintên dhusun, amila tindaking pranata kêdah dipun kêncêngi.
Tumraping tanah-tanah Turkistan saha Kokasus, kalanipun pangêlêban toya ingkang saperangan agêng risak, têtiyangipun taksih sagêd wilujêng saking bêbaya kirang têdha, dening anggènipun anggarap siti parêdèn, amargi ing ngriku tanêman gaga taksih sagêd gêsang. Siti ing ngriku kirang sangêt tiyangipun, amila ing parêdèn-parêdèn tiyang taksih sagêd amanggih siti mluwa ingkang kenging dipun garap. Ananging tumrap tanah Indhiya, ingkang sampun kathah sangêt têtiyangipun, saha pangulahing têtanèn mèh sadaya gumantung dhatêng kawontênanipun irigasi, punika kisruhing nagari dening wontênipun gegeran ingkang anjalari risaking irigasi, badhe andamêl pêjah saha kaluwèn dhatêng têtiyang sabagian agêng.
(Badhe kasambêtan)
--- 231 ---
Jagading Wanita
Ulahraga
[Pangkur]
ing sayêkti tan prabeda | panduming Hyang kang gumadhuh mring èstri | tan kadi tatèng kapungkur | ing lumrahing pangira | èstri iku sarwa ringkih ananipun | tan sayogya yèn nulada | kadya sacaraning laki ||
[Grafik]
saya tan pisan kasrambah | mring caraning ngudi sarasing dhiri | kang ingaran sêport iku | yèku ulahing raga | kang ngêngudi murih angga bakuh kukuh | têmah mawèh kasarasan | mring angga gêng mikantuki ||
amung jatining pangrasa | sanggyèng janma yêkti wus nyumurupi | lamun wanodya puniku | uga darbe karosan | apan kabèh wanodya ingkang tinêmu | wignya ngangkat barang karya | tan pae rosaning laki ||
ananging kang wus kêlumrah | mung tumrap mring bangsaning èstri langip | yèku golonganing buruh | nèng madyèng pasasaran | yèn wanodya kang ginolong mèrêk alus | maksih lăngka kêlakona | tumindak tatèng pangudi ||
beda lan kaananira | para kênya kang wus limrah pinanggih | anèng Eropah puniku | wiwit dèrèng diwasa | wus ginulang mrih talatèn dadya atul | kulina mring ulahraga | malah kang kawarnèng tulis ||
wênèh ing kênya pêparab | nonah Hudson kêgolong băngsa Inggris | lan mitrane uga wadu | nonah Gleitze ranira | karo pisan sêdyanira nabrang laut | nèng supitaning Gibraltar | sinangkan sing Tangêr nagri ||
panyabrangira mung lawan | karosaning angga sarana nglangi | dene ta ing têbihipun | kang arsa sinabrangan | tigang dasa nêm kilo mètêr ngêlangut | marma dupi kadêngangan | dening para kang Arabi ||
dahat kampitèng tyasira | sêmu cingak wusana wacana ris | sêdyanta makatên iku | yêkti wèh kagawokan | nadyan tumrap kêlumrahing janma jalu | tan ana pisan kêduga | nabrangi agunging warih ||
nadyan kang sarwa santosa | parandene adarbe samar ugi | panêmpuhing ulam [ula...]
--- 232 ---
[...m] cucut | dahat mawèh bêbaya | pilih-pilih janma kang tinêmu lulus | nonah kang kataman ucap | wusana mangsuli ririh ||
pan sarwi mulungkên asta | andikanta iku kêlimrah ugi | nêpakkên kadi kang sampun | nanging punapa beda | lêngên kula ugi kiyat kadi watu | lawan santosaning angga | baya tan prabeda yêkti ||
andika kalawan kula | yêkti samya bakuh kukuh kapati | dene ta bêbayanipun | ananirèng samodra | iku datan dadya pamikiring kalbu | awit ananing bêbaya | tan kêni sinănggarunggi ||
wong Arab ingkang têtanya | sanalika dahat ngungun ing ati | mung dêrênging tyas tan surut | wau ingkang wanita | nulya gêbyur narajang ombaking ranu | kadi umumbul kêbuncang | nut robing kang jalanidhi ||
nanging katêmahanira | karosaning wanita kang linuwih | kalamun tinimbang tuhu | kalawan krodhanira | alun muluk kang pindha tirta kinêbur | kasor ing karosanira | lir kambanging sarah aking ||
marma Gleitze sanalika | karasèng tyas tan kwawa nanggulangi | ing sêdyanira umirut | anggung kêtulak ombak | têmah larut binuncang ing alun kukuh | tan pisan măngga puliha | wêkasan cangkelak bali ||
ing măngka dènnya tumandang | wus tumindak rolas satêngah êmil | lan dupi tinêmu wangsul | nulya suka pawarta | dènnya wangsul tan saking jrih ulam cucut | mung jalaran saking ombak | kang agêng kagiri-giri ||
[Grafik]
amung santosaning manah | maksih kêncêng datan nêdya ngunduri | ing têmbe samangsanipun | surut agunging ombak | yêkti arsa angambali sêdyanipun | sêdyanira kang mangkana | pantês pinèt ing palupi ||
--- 233 ---
Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk
Bab pangudinipun dhatêng pangupajiwa
(Candhakipun Kajawèn ăngka 11)
Sêmar : Mungguh anggone para panuntuning pakumpulan padha ambudidaya ngêdêgake sêkolahan warna-warna, kuwi mula pantês ingalêmbana, amarga dalane mênyang kamajuan ora ana liya manèh, luwih dhisik kudu ngudi mênyang pangajaran, mung bae...
Garèng : Hara ta, dadi iya isih ana sing dipaido, jalaran pangandikane, isih ana têtêmbungane: mung bae. Dadi isih ana sing ora andadèkake dhanganing ginjêle.
[Grafik]
Petruk : Rèng, Rèng, wis dadi jamak lumrah priyayi sêpuh kuwi dhêmên maido. Tumrape awakku dhewe bae, dumèh aku ora dêduwean, banjur diundhat-undhat sakrêsanèki, jarene: blanjane sathekruk, anggone mangan têka krekesan, utange rindhil, anggone omah-omah mempe we owa, sabanjure nuli nyritakake salirane dhewe, sanajan balanjane dhèk biyèn mung sathithik, ananging ora tau kêkurangan, nèk kabênêr ana ing pasamuan katon brêgas, ora kèri karo sapadhane. Ananging para sêpuh kang mangkono mau ora ngèngêti pisan-pisan, yèn jan-jane kuwi saya suwe rak iya saya owah, kanggo upamene bae dhèk biyèn bêras sadhacin mung rêga f 6.- saikine f 10.- nganti f 15.- Lan isih manèh sabab liya-liyane, apa manèh nèk wis ngrêmbug bab agama, la kuwi anggone ngala-ala rêsik pêcêrèn têmênan, jarene: wong nom jaman saiki sing diburu mung kadonyan lan kasênêngan bae, rumasane sajêge arêp urip nèng donya, ora pisan-pisan mikir marang patine. Hara, ing măngka anggone nglakoni sêmbahyang iya salawase pènsiyun iki bae, kalane isih cêkêl gawe kaya-kaya anggone sêdhêkah dhuwite kanggo karoyalan warna-warna, pirang-pirang bangêt, tandhane saiki isih ana lorodane biyèn, sanajan anggone sêmbahyang mantêp, ananging yèn ana wong pèi utawa dhomino, ora mung banjur kênduk-kênduk bae, malah iya isih gêlêm angguyubi.
Sêmar : E, gênahe kowe kuwi arêp mêlèh-mêlèhake nyang aku. Hêm, bocah ênom kuwi le sok cêkak panêmune, pancèn iya angèl ladènane bocah saiki kiyi, yèn ana wong tuwa mênêng, jarene: wong tuwa kathik mung jublêg bae, ora duwe tutur lan ora duwe sêmbur. Nèk sugih pitutur, diunèkake: wong tuwa rèwèl. E, iya pancèn ngewuhake. Ngrêtia Truk, kowe aja guru-guru kliru surup mangkono. Anggone wong tuwa tansah tutur-tutur kuwi, rak saka trêsna lan pangemane marang anak, jalaran saupama
--- 234 ---
wong nom kuwi mung tiru-tiru polahe wong tuwa sing dianggêp ora bênêr lan ora bêcik mau, sing mêsthi rak saya bakal kasurang-surang uripe. Kajaba kuwi, aku ora sumêdya mukir yèn lêlakonku dhèk biyèn ora utama kabèh. Iya jalaran saka akèhe lêlakon-lêlakon sing wis dak awaki, sababe aku banjur bisa ngrasakake têmênan, lan bisa nimbang, iki dadi cilaka, iki dadi kapenak, iki dadi bêcik, iki dadi ala, mula iya bênêr ana piwulang Walănda kang unine mangkene: piwulang kang utama kuwi yèn wis dilakoni dhewe. Bokmanawa rada ngèmpêri lêlakonku dhèk Narayanane, dene anggonku nglakoni mangkono mau ora jalaran aku ngêmohi marang pitutur bêcik, ananging marga saka kuranging pangajaran, balik bocah saiki pangajarane rak padha cukup. Karo manèh, apa iya kêna dipêsthèkake, yèn kowe bica nglakoni kaya aku, têgêse: tansah pinayungan ing Pangerane, yaiku tumêkaning tuwa ginanjar slamêt, ing sarèhning kabèh-kabèh mau wis ngawaki, dadi yèn ana wong ênom arêp nindakake lêlakon sing bakal bisa ambêbayani tumrap awake, wis dadi wajibing wong tuwa kudu mituturi. Prêlune apa dadi wong tuwa, yèn ora bisa tutur sing bênêr lan bêcik, mulane kowe aja padha banjur gawe cara ambêkunung sajak nyapèlèkake wong tuwa.
Garèng : Modar cocotmu ora, Truk, anggonmu nyêpèlèkake wong kuwi kathik ora mari-mari. Hamara, dumèh ana uwong ora bisa Hollan sêprèkên bae, banjur moh kumpul, jarene kapintêrane isih cèthèk bangêt, wis, Ma. Ora prêlu amanggalih panyaruwene Si Petruk, dak aturi ambanjurake pangandikamu dhèk mau.
Sêmar : Tak balenane omonganaku, anane sêkolahan warna-warna aku mula iya anjumurungake bangêt, mung bae bocah-bocah sing padha wis rampung pasinaone, kuwi sing akèh mung ngudi mênyang pagawean priyayèn bae, arang bangêt sing banjur padha ngudi nyang pagawean liya, kaya ta: patukangan, têtanèn lan sapadhane.
Garèng : Mara, Ma, aku tak nyuwun priksa marang panjênêngane Rama, manawa kabênêr ana krameyan tayuban upamane, milih êndi Rama, dadi sing ngibing nganggo sampur, apa sing dadi tukang nabuh gamêlan.
Sêmar : Wiyah, pitakon kok sing ora-ora ngono, kuwi rak bisa nglalèkake pamacane kulhu têmênan, ewadene nèk gêndhinge ditabuh majêmuk (ning kiyi dudu majêmuk bangsane kitab munjiyat, lo) iya mêsthi sênêng sing ngibing, dhasar anggone anggarudha têlung gongan, banjur ditibakahe[5] têrus lampah sêkar. La kuwi nikmate prasasat sèwu dadi siji têmênan.
Garèng : Hara, ing măngka wong katiban sampur kuwi sok kelangan dhuwit, dene tukang nabuh gamêlan, kuwi kêna dipêsthèkake yèn bakal nămpa dhuwit, ewadene Rama milih ngibinge, kuwi sababe ora liya mung arêp ngudi kapenak, [ka...]
--- 235 ---
[...penak,] sêmono uga bocah wêton sêkolahan, kuwi sing diudi sabisa-bisa iya pagawean sing kapenak, măngka tata laire pagawean sing kapenak kuwi ya mung pagawean kantor.
(Badhe kasambêtan)
Waosan Lare
Dongèng Dèwi Mênurseta
XII. Dèwi Mênurseta dibêkta kondur ing sang ratu.
[Dhandhanggula]
ing saiki ingsun uwis ngrêti | jalaran sing andadèkke tiwas | kiraku mêsthi mangkene | bênêr kaya kandhamu | lawan manèh dadine urip | iya saka jalaran | anggone kêglundhung | nalika barêngi tiba | pêpanganan kang kandhêg anêniwasi | mêtu saka gorokan ||
abdi banjur ketok miling-miling | sarta nuli matur we la nyata | gusti makatên yêktose | punika wujudipun | kang têtêdhan gumlundhung siti | warni sêmburat abang | tamtunipun racun | manawi makatên nyata | dhawah kula dados warni mitulungi | sugênging Mênurseta ||
sang aprabu bingah ing panggalih | nuli dhawuh mênyang Mênurseta | wis ta gêndhuk saikine | têntrêmna ing atimu | sira arêp ingsun boyongi | kondur mênyang nagara | kacarita mau | ora antara kêtungka | ing têkane abdi kang padha golèki | ing tindake sang nata ||
awit mau sakabèhing abdi | nalikane ana têngah ngalas | kêpisah karo gustine | sauwise kêtêmu | sang aprabu adhawuh nuli | hèh saikine padha | sadhiyaa kondur | lawan padha mirantia | tandhu kanggo amboyong wong wadon iki | digawa nyang nagara ||
para abdi sajêroning ati | bangêt gumun dene ana ngalas | nêmu putri tur mung dhewe | dhasar warnane ayu | padha ngira apa putri jim | awit yèn ta manungsa | mokal bangêt iku | ing wusana nuli budhal | Mênurseta anèng tandhu mingklik-mingklik | diiring ing sang nata ||
yèn disawang katon bangêt asri | kaya ratu kang unggul ing pêrang | lan anggawa boyongane | ing lakune gumrudug | tanpa lèrèn tambur lan suling | muni sadalan-dalan | nganti gawe bingung | mula têkane nagara | akèh bangêt wong nonton padha dalidir | alok pangantèn liwat ||
barêng padha sumurup yèn gusti | bangêt sukur karo surak-surak | suwarane nganti rame | lawan padha anggrubyug | lanang wadon pating jalêrit | nanging jêriting bungah | kocapa sang prabu | mau tindake mèh têkan | ing kadhaton dipêthuk ing para abdi | nganti tanpa wilangan ||
Mênurseta banjur ditampani | abdi wadon sang nata ngandika | bocah wadon putri kiye | prênahna ing kadhatun | lan rêksanên [rêksanê...]
--- 236 ---
[...n] ingkang abêcik | iku gustimu padha | aja ewah-ewuh | lan sanadyan nêmbe têka | aja pisan ana uwong kumawani | kalawan Mênurseta ||
ing saiki Mênurseta mukti | lan ayune dadi saya mundhak | kaya rêmbulan sing gêdhe | samêngko sang aprabu | ing karsane kaparêng krami | amundhut Mênurseta | nulia dhêdhawuh | marang kang abdi warata | yèn saiki kaparênge Mênurputih | arêp dipundhut garwa ||
sang aprabu dhawuh angundhangi | mênyang abdi sajroning nagara | dalah ing salaladane | makajangana kumpul | lawan manèh uga ngulêmi | nyang para ratu tăngga | kaparênga rawuh | anjênêngi gone krama | dhèk samana nuli orêg para abdi | mêtu andum gawean ||
Kabar Sanès Praja
Kadadosanipun ngrika tuwin ngriki
[Grafik]
Pangeran Yang Koeang trah Konghucu ingkang kaping 75. Sang Minulya wau pados sawunging kamajêngan ing bab pangajaran ing Tiyongkok.
[Grafik]
Sisih kiwa ingkang Minulya Graaf Grandville, wakil Inggris. Sisih têngên, ingkang Minulya Mehmed Essad Bey wakil Turki, sami sowan ing Sri Bagendha Kangjêng Sri Maharaja Putri ing Nèdêrlan, ngaturakên kasugêngan ing taun baru.
--- 237 ---
Kabar Warni-warni
Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès
Cap Gomèk ing Batawi ing taun punika botên patos rame, têtiyang ingkang sami damêl arak-arakan botên giyak kados ing taun kêpêngkêr. Têtanggapan ingkang sami idêr dhatêng pacinan, sami sambat botên sapintêna angsal-angsalanipun. Ingkang kêtingal ngramèni namung swaraning musik barangan, pating jlêgur ing saênggèn-ênggèn. Dene salêbêting arak-arakan Cap Gomèk wau kathah para among dagang ingkang adamêl reklamê padagangan tuwin nyêbar wara-wara.
Salêbêtipun Cap Gomèk ing Batawi, pulisi anjagi kêncêng, angawisi tiyang ambêkta dêdamêl wontên ing papan karamean. Wontên têtiyang sawatawis ambêkta dêdamêl, lajêng dipun cêpêng ing pulisi.
Opsir yustisi ing Batawi nyuwunakên ukuman 10 taun, dipun longi nalika wontên ing tahanan, pasakitan nama H.W. Johannes tilas 1e klèrêk kantor lelang ing Cirêbon, prakawis salingkuh arta.
Kawartosakên, wontênipun dagangan èstri Tiyonghwa ing Batawi, sapunika saya kirang, awit tanduk makatên wau botên adamêl kabêgjan.
Ing salêbêting tangsi ing Mèstêr Kornèlês, wontên sawênèhing bojon saradhadhu karêm main, sambutanipun kathah sangêt, nanging ingkang jalêr botên sumêrêp. Sarêng ingkang jalêr dipun tagih, muring-muring. Ingkang èstri lajêng dipun bacok kalewang ing rainipun. Rahayu saradhadhu lajêng kenging kacêpêng, saha lajêng dipun krêpus. Dene ingkang èstri kabêkta dhatêng griya sakit.
Saking papriksanipun Tuwan Propesor Dhoktêr Bakêr, bilih pamulangan Walandi ing Serang, muridipun ingkang sakit mripat tragum wontên 18%. Sapunika sampun sami dipun tampèni tuwin kenging anglajêngakên sêkolah.
Tuwan residhèn ing Bantên mêntas maringakên ganjaran-ganjaran bintang saking Sri Bagendha Kangjêng Sri Maharaja Putri wontên ing kabupatèn Pandhegêlang, ganjaran wau taksih gêgayutan prakawis ramèn-ramèn kala samantên. Ingkang tampi ganjaran wau wontên sawênèhipun sustêr nama Ysselstein.
Ing malêm tanggal 7 wulan punika, gudhang agêng gadhahanipun Tuwan Lie Soe Foeng ing Serang, kêbêsmèn, jalaran saking latu long, nanging latu lajêng kenging kasirêp ing para tandang, kapitunan dèrèng kasumêrêpan.
Rad pan yustisi ing Padhang sampun andhawuhakên paukuman 10 taun dhatêng kapala nagari Aèrluwah, nama Dhatuk Pamuncak, jalaran kadakwa ambêbaluh têtiyang murih bêrontat.[6]
Dhotêr[7] Ratulangi kawartosakên anglamar pangkat burgêrmèstêr ing Mênado. Nanging golongan bêstir gêmintê rad băngsa Mênado, ingkang dipun tuntun dening Dhoktêr Singal, andhêsêk dhatêng ing parentah, murih botên misudha Tuwan Ratulangi.
Ing dhusun Banaran sacêlakipun Babat, pinanggih wontên pabrik arak pêtêng, panyambutdamêlipun rintên dalu, ingkang gadhah kongsi băngsa Tiyonghwa. Pangagêngipun kongsi wau dipun cêpêng dalah kulinipun tiyang kalih wêlas.
Ing bab prakawis warisanipun suwargi Pangeran Sumêdhang ing Bandhung, sampun dipun ambali kapriksa malih ingkang kaping tiga. Nanging landrat kêpêksa ngundurakên malih, jalaran saksi-saksi wontên ingkang botên dhatêng.
Juru motrèt tuwin juru damêl pilêm nama Tassilo Adam ingkang sampun misuwur ing Ngayogya, wontên ing Amerika ngatingalakên, bilih piyambakipun dhoktêr ing bab Etnologie, tuwin nyariosakên, piyambakipun nate gêsang wontên salêbêting wana ing Indhiya 30 taun laminipun. Warni-warni ingkang kacariyosakên wontên ing Amerikah. Tuwan wau asli băngsa Dhit, sakawit nyambutdamêl wontên ing kabudidayan sata ing Dhèli, Namusuru tuwin sanès-sanèsipun, wusana lajêng wontên ing Ngayogya, bikak dados juru potrèt tuwin adamêl pilêm.
Kawartosakên, bilih ing bab rancangan tuwin nyobi ngêcap pos sègêl ing Topografische dienst sampun rampung saha sampun kaaturakên dhatêng nagari Walandi, dipun êntosi karampunganipun. Manawi pos sègêl wau kacithak piyambak wontên ing ngriki, waragadipun langkung mirah tinimbang dipun cithak wontên ing nagari Walandi. Tuwin bilih pinanggih prayogi, arta krêtas inggih badhe dipun êcap wontên ing ngriki.
Jalaran saking dêrêsing jawah ing rêdi Marapi, andadosakên bêna agêng, para luhur Ngayogya ingkang nêmbe sami kondur jagong saking karaton Surakarta, sarêng dumugi margi Surakarta - Ngayogya sacêlakipun ing Klathèn sami wangsul amargi marginipun kêlêban. Sawênèhing tembok ing pabrik gêndhis Gondhang Winangun jugrug. Ing bab kaprêluwaning irigasi sisih kidul sami sirna dhadhal. Margi-margi sêpur ugi katrajang toya, lampahing sêpur Sêmarang - Ngayogya, nêrak toya ngantos dumugi ing rodha.
Ing Surakarta dipun adani kêncêng badhe ngadêgakên N.V. lelangan ngawontênakên bis tuwin sanès-sanèsipun kangge watêrlèdhêng, tuwin pamarentah ugi sanggêm aparing subsidhi 30 èwu rupiyah.
--- 238 ---
Ing bab prakawisipun bupati ing Brêbês, rampunging pamriksanipun kintên-kintên wontên ing pungkasanipun wulan Marêt. Para asistèn wadana ing bawah Brêbês sawêg sami da katrangan warni-warni katur dhatêng tuwan residhèn.
Golongan wadyabala ing Gombong badhe rame-rame pèngêti[8] adêging tangsi ing ngriku sampun 50 taun. Wiwit tanggal 8 Pèbruari, laminipun tigang dintên.
Benjing 14 wulan punika, pangrèh agêng Muhammadiyah badhe damêl tèntunsêtèlêng bayi, wiwit umur 6 wulan dumugi kawan taun, sadhengah tiyang kenging tumut, pamanggènipun wontên ing papan konggrès, ing alun-alun lèr. Sintên ingkang sae piyambak pangupakaranipun, badhe angsal ganjaran. Tuwin badhe wontên sêsorah panggulawênthah.
Komite konggrès Muhammadiyah dumugi sapunika tansah tampi pasumbang warni-warni saking grup ing padhusunan, sawênèh wontên ingkang nyukani lêmbu. Waragadipun kintên-kintên wontên kalih ewonan.
Dhepartêmèn yustisi punapa malih Hoofd afdeeling tucht.-en opvoedingswezen, amigatosakên dhatêng kawontênaning lare-lare ingkang sami klambrangan ing kitha-kitha agêng. Ing bab punika sampun dipun damêlakên rêrancangan ing sêrat sêbaran kanthi wêwaton, murih kalampahanipun art. 45 ing Wetboek van Strafrecht dipun ewahi. Sêrat sêbaran wau kakintunakên dhatêng para pangagêng nagari.
Kapal Singkêp, gadhahanipun Rotêrdham Loid, nalika bidhal saking Tanjungpriyuk badhe ngangkatakên tiyang minggah kaji malih tiyang 800. Nubruk kapal Hèkêrên, gadhahanipun Praowên Pir tuwin Tihtêr Waja sawatawis, kapitunan f 1000.- wontênipun pinanggih lêlampahan makatên, amargi dalu wau pêtêng sangêt tuwin ombakipun agêng.
Botên dangu malih ing Bogor badhe dipun êdêgi pamulangan kangge guru èstri ing griya panggulawênthah, ingkang badhe dipun wulangakên, ing bab padamêlan nyêpêng bale griya, pedhagogik wiwitan, tuwin silkindhê. Ingkang ngadani wau Nyonyah Schmutzer, garwaning lid polêksrad.
Ing Bandhung badhe dipun wontêni malih griya kangge panggulawênthah lare-lare ingkang gadhah kalakuan awon. Griya wau badhe sagêd ngêwrat tiyang 250.
Bêstir Yarmarêk ing Surabaya sampun damêl pêrgadring, nêtêpakên Yarmarêk taun punika dhawah wontên ing tanggal 22 Sèptèmbêr dumugi Oktobêr.
Ing bawah Kasari ing taun kêpêngkêr sampun sagêd nyirnakakên bajing 60.000 iji, saupami kapetang sabên bajing satunggal ngrisak kalapa 1 rêgi 5 sèn, sampun adamêl kapitunan f 219.000. Tuwin sampun nyirnakakên tikus sabin 11.000 tuwin tikus lêmah 30.000.
Juru kabar Kajawèn ing Purwakêrta, martosakên, kala tanggal 5 Pèbruari, M.Ng. Jayasugita mêntas damêl sêsorah basa Jawi kina tuwin kawi wontên ing gêdhong Normaalschool Purwakêrta, ingkang sami mirêngakên sadhèrèk-sadhèrèk guru bantu (Cersisten P.G.H.B.) saha guru-guru N.S.
Benjing tanggal 12 wulan punika, pang P.G.H.B. ing Purwakêrta badhe ngwontênakên pakêmpalan warga (leden vrij:) manggèn wontên ing pamulangan ăngka II No.1. Kajawi badhe ngrêmbag kaprêluawan-kaprêluwan kangge dhatêng konggrès, ugi badhe ngrêmbag bab: bang koopêrasi, ingkang badhe sêsorah Tuwan R.H. Soebroto.
Paprentahan Jawi ing Ngayogya adamêl pursêtèl anyaèkakên pêkên-pêkên kewan ing Gamping, Prambanan, Kutha Gêdhe, Pandhak tuwin Pangawih. Pêkên wau badhe dipun wujudakên los tosan, kalèn-kalèn tuwin sanès-sanèsipun. Ing bawah Rêdi Kidul kathah rajakaya ingkang sumêbar ing bawah Ngayogya. Taun ingkang kapêngkêr.
Miturut bêslit gupêrmèn dhawuhakên:
A. Bilih gupêrnur-gupêrnur tuwin para rêsidhèn ingkang dados pangagênging nagari, manawi nuju tindak lêlayaran ing bawahipun, kaparêngakên ngangge bandera:
1. Tumrap gupêrnur: bandera Walandi mawi pasagèn pêthak ing pojok nginggil sisih kiwa, ing nglêbêtipun mawi undêran abrit kêkalih, dipun kibarakên wontên ing tiyanging baita ingkang wingking. Manawi baitanipun atiyang tiga. Wontên ing ngajêng, manawi tiyang kalih, angsal pakurmatan ungêling mriyêm 13 rambahan.
2. Tumrap rêsidhèn: sêtandar, ing sisih kiwa mawi sêtrip oranyê, pangibaripun sami kados gupêrnur. Angsal pakurmatan ungêling mriyêm 11 rambahan.
B. Bandera wau manawi dipun pasang ing sêkoci, wontên ing ngajêngan.
Katêtêpakên dados ondêr pursitêr landrad ing Tanjungbale tuwin Bêngkalis, Sumatrah sisih wetan, Radèn Mas Prajakusuma.
Kawisudha dados guru klas III ing H.I.S. Sêmarang. M.H. Rambitan.
Saking Ngayogyakarta kawartosakên, benjing tanggal 13, 14 tuwin 15 wulan punika, ing karaton Ngayogya minăngka pakurmatan kramanipun putri dalêm têtiga tuwin kalih sadhèrèk dalêm ingkang sinuhun kangjêng Sultan dipun wontêni lêlangên ringgit tiyang.
--- 239 ---
Wêwaosan
Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba
14. Pharaoh adamêl susah kula sadaya
Orme amangsuli: ambok ya sing sabar, ta, ing ngarêp kang andadèkake alanganku kabèh kaya wis cukup, aja kok banjur diwuwuhi apa-apa manèh. Yèn aku kabèh wis angliwati wong-wong Fung, rak isih akèh mangsane kanggo ngrampungake prakara iki.
Sasampunipun Orme mengo aningali dhatêng Shadrach saha wicantên: he, kănca, saiki iki dudu wayahe kanggo rêmbugan kang mrêkitikake kuping. Kowe iku juru tuduh dalan kanggo sakancaku kabèh, têrna nyang êndi sakarêpmu. Ananging elinga, yèn nganti tumêkane pasulayan, jalaran saka pamilihe kănca-kancaku iki, aku kang dadi têtindhihe. Lan ana manèh sing kowe aja pisan-pisan lali, yaiku aturmu besuk samăngsa ngadhêp ratumu dhewe, Sang Putri Walda Nagasta. Saiki wis ora kêna rêmbugan manèh, aku kabèh ngêtutake mênyang ngêndi paranmu, dadi sing nyăngga têtanggungane ya kowe.
Shadrach amirêngakên kanthi mangkêl, saha lajêng manthuk, salajêngipun piyambakipun nuntên nindakakên punapa ingkang dados kuwajibanipun, inggih punika sasampunipun nyawang Higgs sadlèrèngan kanthi sêngit.
Sêrsan Quick nglairakên gagasanipun makatên: pancène rak luwih bêcik, yèn dhèwèke mau tak têmpilingana. Tumrap dhèwèke rak bêcik bangêt, lan bokmanawa bae bisa ngalang-alangi pakewuh pirang-pirang. Amarga aku ora ngandêl babarpisan mênyang si trayoli kae.
Sasampunipun piyambakipun nuntên mangkat sumêdya ningali unta-unta tuwin sanjatanipun. Dene kula sadaya lajêng sami malêbêt ing pakuwon badhe tilêm, samantên punika manawi botên karêridhu ing lêmut. Sanadyan kula sumêrêp margi sanès, kangge lumêbêt dhatêng Mur ingkang langkung nguwatosi tinimbang ingkang badhe dipun tindakakên, ananging sarèhning kula sadaya punika samangke ambêkta momotan ingkang awrat-awrat kathah, lan ambêkta unta pintên-pintên makatên, kula inggih mêksa mêlang-mêlang ing manah, kadospundi wusananipun, sagêdipun narajang têtiyang Fung ingkang kanthi wilujêng. Kajawi punika kula kraos ing manah, dene Shadrach kêkah pikajêngipun, supados mêdal margi punika. Ingkang makatên punika punapa jalaran saking badhe anggêga kajêngipun piyambak. Punapa wontên sababipun sanès ingkang pêtêng. Ing ngriki têtela bilih kula sadaya wontên panguwasaning piyambakipun, amargi cara-caranipun nalika kula lumêbêt saha mêdal saking kitha Mur wau, anjalari kula botên pisan-pisan sagêd dados juru panêdahing margi kănca-kănca kula sadaya. Saupami kula gadhaha panêdha dados juru têdah margi, tamtunipun Shadrach tuwin têtiyang Abati sanès-sanèsipun lajêng sami nilar kula sadaya, makatên ugi pangrêksaning unta-unta samomotanipun, inggih tamtu lajêng kapasrahakên dhatêng kula sadaya. Kenging punapa têtiyang wau botên anglampahi ingkang makatên punika, jalaran kula sadya tamtunipun inggih botên sagêd anglêpatakên têtiyang wau wontên ngarsaning rajanipun.
Nalikanipun Sêrsan Quick ambiyantu kula ngêpak-êpaki, piyambakipun wicantên makatên: bandara dhoktêr, sajatosipun kula botên cocog sangêt dhatêng kawontênanipun samangke punika, kula botên pitados babarpisan dhatêng pun Shadrach, kănca-kancanipun anyêbut dhatêng piyambakipun kucing, tumraping piyambakipun satunggaling nami ingkang mathuk sangêt. Piyambakipun samangke ngêtingalakên kukunipun, jalaran piyambakipun sêngit sangêt dhatêng kula sadaya, lan sêdyanipun kapengin badhe wangsul dhatêng Pur utawi Mur kadospundi lêrêsing namanipun nagari punika, botên kanthi kula sadaya. Upami panjênêngan priksaa kadospundi piyambakipun anggèning nyawang dhatêng bandara Higgs, bok waunipun bandara kapitan angidini kula nêmpiling sirahipun sakêdhik, kula anamtokakên, bilih langkung sae kawontênanipun.
Bokmanawi inggih sampun dados takdiripun, bilih Shadrach punika kêdah dipun têmpilingi, nanging lampahipun sanès. Mênggah andharanipun makatên: alang-alang dipun bêsmi, miturut cariyosipun Shadrach prêlu sangêt kangge suka sasmita dhatêng bangsanipun. Ananging kula piyambak yakin, bilih ingkang makatên wau inggih kangge mripating sanès. Salajêngipun kula sadaya lajêng pangkat, sadalu muput lampahipun lajêngan kemawon, sarana pêpadhanging lintang-lintang, marginipun gênah margi sampun kawak sangêt, lan samangke margi wau dipun uwakakên babarpisan.
Sarêng enjing kula sadaya anilar margi wau saha lajêng ngaso wontên ing têngah-têngahing kitha lami ingkang sampun risak, tanpa pinanggih ing tiyang satunggal-tunggala, sarta botên dipun sapa ing tiyang. Kula kajibah jagi ingkang rumiyin piyambak, lan sanès-sanèsipun sami mapan tilêm, inggih punika sasampunipun sami nêdha têtêdhan asrêp-asrêpan, amargi wontên ing ngriku kula sadaya sami ajrih
--- 240 ---
damêl latu. Sarêng srêngenge sampun miyak pêtênging pêdhut, kula lajêng sumêrêp, bilih kula sadaya dumugi ing panggenan ingkang kathah sangêt têtiyangipun, lan ing ngandhap têbihipun botên ngantos nêmbêlas pal, sarana kèkêr kula, kula sumêrêp cêtha dununging kitha Harmac. Kala lampah kula wontên ing tanah ngriku kala rumiyin, punika kalêrês ing wanci dalu, dados kula inggih botên sumêrêp punapa-punapa.
Wujuding kitha punika kadosdene salimrahing kitha-kitha ing Aprikah têngah sisih kilèn, inggih punika mawi pêkên agêng-agêng saha margi wiyar-wiyar, ing pundi-pundi wontên griyanipun cèt pêthak, lan griya-griya ingkang agêng-agêng sami kinubêng ing pakêbonan. Sakubênging kitha wontên tembokipun sela kandêl. Ing sangajênging gapura-gapura, ing ngriku kula sumêrêp wontên gapura kalih, wontên manaranipun pasagi agêng-agêng, bokmanawi inggih saking ngriku punika dununging pajagènipun gapura-gapura wau. Pasitèn sajawining kitha, punika loh, lan dipun tanêmi sae-sae. Lan ing sarèhning ing tanah ngriku ngajêngakên măngsa bêntèr, tanêman jagung saha palawija sanès-sanèsipun sampun sami trubus.
Sarana kèkêr kula, kula sagêd ningali ing sajawining pasitèn wau kapal saha rajakayanipun kathah wontên ing pangenan, lan sasêlanipun rajakaya wau kêtingal wontên kewan-kewanipun alasan. Ingkang makatên wau satunggaling pasêksèn, nyatanipun bilih têtiyang Fung punika botên anggadhahi sanjata latu. Kadosdene ingkang sampun kacariyosakên dening tiyang Abati ingkang sampun-sampun. Upami gadhaha, menda-menda alasan wau tamtu katêbihakên saking ngriku. Lan têbih malih prasasat ing prênah tancêbing langit, kula sumêrêp pintên-pintên kitha lan dhusun, dados têtela sangêt, bilih ing ngriku kathah têtiyangipun, ingkang punika langkung utami upami sampun mastanana, bilih têtiyang wau kalêbêt botên tata. Amila inggih botên anggumunakên, bilih băngsa Abati ingkang têtiyangipun namung sakêdhik, ajrih sangêt dhatêng băngsa wau, sanadyan padununganipun wau kaalang-alangan ing jurang ingkang lêbêt-lêbêt sarta santosa.
Sarêng jam 11 Kapitan Orme gêntos jagi, dene kula lajêng mapan tilêm. Upaminipun kula botên patos sayah makatên, kintênipun tilêm kula inggih botên sagêd jênak, jalaran bêbaya ingkang angancam dhatêng kula sadaya kathah sangêt. Dalunipun malih kula sadaya kêdah mundhuk-mundhuk anglangkungi têtiyang Fung, lan enjingipun kakintên sagêd lumêbêt ing kitha Mur, dene manawi pangetangipun makatên wau lêpat, kula sadaya têmtu lajêng dados tawananipun têtiyang ingkang tanpa tata wau, lan sampun têmtu lajêng dipun pilara warni-warni, ingkang wusananipun lajêng dipun pêjahi.
Ananging sagêd ugi kula sadaya dumugi ing kitha Mur tanpa sambekala punapa-punapa, amargi kula sadaya anggadhahi juru panêdah margi pintêr, kajawi punika marginipun sêpi sangêt, miturut wicantênipun Shadrach têtiyang ingkang sami jagi, sami tumut pista. Shadrach yakin, bilih grombolan kula sadaya ingkang alit punika, sagêd langkung margi wau kanthi wilujêng, ananging têmênipun Quick kalihan kula botên pitados babarpisan dhatêng Shadrach, malah rajanipun băngsa Abati piyambak, miturut panyawangan kula, sajakipun inggih nyocogi kula sadaya.
Cêkakipun, panjênênganing nata sadèrèngipun kula nilar kitha Mur, ngandikakakên, bilih Shadrach ingkang pancèn kapilih tumraping kêkesahan punika, jalaran piyambakipun punika kêndêl saha cikat, sarta satunggiling tiyang ingkang kapetang namung sakêdhik sangêt antawising kawulanipun, ingkang kala alitipun sampun anjajah ing sagantên wêdhi saha sumêrêp margi-marginipun. Salajêngipun sang putri kanthi nyata anglajêngakên pangandikanipun: ananging dhoktêr, panjênêngan kula aturi ngawasakên piyambakipun kanthi sayêktos, jalaran, punapa piyambakipun punika botên dipun sêbut: kucing? Amila piyambakipun panjênêngan awasakên. Bojo tuwin anakipun sami kula tahan minăngka dados têtanggêlanipun, lan upami kula botên yakin sayêktos, manawi piyambakipun punika botên melik sangêt dhatêng siti ingkang kula ganjarakên, tamtunipun panjênêngan botên badhe kula pitados dhatêng piyambakipun punika.
Sasampunipun ngalami lêlampahan warni-warni salêbêting kêkêmpalan kalihan piyambakipun, Quick kalihan kula inggih lajêng cocog sangêt kalihan pamanggihipun sang putri wau.
Kalanipun Quick ngundang kula kapurih ngaso, piyambakipun wicantên makatên: măngga panjênêngan priksani Shadrach punika bandara dhoktêr. Lho, panjênêngan priksani punika. Salajêngipun Quick lajêng nudingi Shadrach ingkang kala punika nuju linggih sangandhaping wit-witan saha wicantên calumak-calumik sajak wigatos kalihan kancanipun, rainipun kêtingal nyênyêngit.
Wicantênipun Quick: manawi Pangeran nitahakên manusa bajingan, inggih piyambakipun ingkang linggih ngrika punika. Kintên kula kalanipun wontên Zeu, piyambakipun punika kapengin murih ical kula sadaya, prêlunipun sagêda nyolong barang darbèk kula sadaya, mugi-mugi piyambakipun mangke dalu sampun ngantos nindakakên pratingkah makatên malih. Măngga, dalah sagawon punika kemawon, ugi botên rêmên babarpisan dhatêng piyambakipun.
Sadèrèngipun kula sagêd amangsuli, pawicantênan ingkang kantun piyambak punika têka anêmahi, jalaran Pharaoh ingkang kintên-kintên mirêng swara kula sadaya punika, lajêng muncul saking pojokan papan ingkang dipun tilêmi, saha lajêng murugi dhatêng kula sadaya kanthi ngopat-ngapitakên buntutipun. Ananging sarêng sagawon wau dumugi ing sacêlakipun Shadrach lajêng mandhêg kanthi anggêrêng, tuwin wuluning gêgêripun sami anjêgrig.
(Badhe kasambêtan)
--- [241] ---
1 | Sabtu. (kembali) |
2 | kawruh. (kembali) |
3 | ananging. (kembali) |
4 | kănca-kancanipun. (kembali) |
5 | tibakake. (kembali) |
6 | bêrontak. (kembali) |
7 | Dhoktêr. (kembali) |
8 | mèngêti. (kembali) |