Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-17, #78
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-17, #78. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-17, #78. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 22, 25 Pasa taun Jimakir 1858, 17 Marêt 1928, Taun III.
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu
Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên
Sêngsêming Lèpèn Brantas, Sacêlakipun Malang
[Grafik]
Lèpèn ingkang kathah selanipun, nandhakakên manawi lèpèn tanah parêdèn, pating janggênêking sela ingkang kakum ing toya, anumusi kados atising manahipun tiyang ingkang ningali.
--- 422 ---
Raos Jawi
Bab kamardikaning lair lan batos
Ing jaman samangke têmbung: mêrdika punika asring dados rêmbagipun ngakathah, prasasat kêsandhung jêkluk mungêl: mêrdika, wahing nyêbut: mêrdika. Kados sampun kabêkta saking ingêring jaman, bab kamardikan wau tansah dados ancêr-ancêring sadaya lampah ingkang katindakakên dening sadaya băngsa utawi golongan.
[Grafik]
Pandhita ingkang panggalihanipun sampun mardika.
Mênggah têgêsing têmbung: mêrdika punika manawi kamanah tuwin katlusur sarana alusing angên-angên ingkang sawatawis mênêb, jêmbar tur lêbêt sangêt suraosipun. Pancènipun mêrdika punika manawi katiti kanthi tataning manah, kalêbêt ewonipun sarananing gêsang, inggih punika gêsangipun sadaya maujud ing ngalam punika sadaya, kados ta upaminipun: băngsa kewan utawi têtuwuhan ingkang gêsangipun botên mêrdika, tartamtu botên sagêd sae utawi botên sagêd lêstantun gêsangipun.
Wondene kamardikan ingkang dados ancêr-ancêring sadaya lampah ingkang katindakakên dening sadaya băngsa punika, rêringkêsanipun kenging katata kados makatên: 1. kamardikaning nagari utawi paprentahan, 2. kamardikaning pangupajiwa, 3. kamardikaning gêgriya, lan 4. kamardikaning badan utawi raga. Punika sadaya kawastanan: kamardikan babagan ing lair.
--- 423 ---
Mênggahing raos Jawi, ingkang dipun wastani mardika punika para pandhita, awit sampun kalis godhaning donya.
Kamardikaning lair punika warni-warni rekaning tiyang anggènipun anggayuh, manut ingkang dados kamantêpaning manah kanthi sêsêrêpanipun piyambak, namung tiyang ingkang jêmbar kawruhipun anggèning anggayuh kamardikan wau sarana tlatos, botên kêkathahên rêmbag nanging ajêg anggènipun lêstantun tumindak kanthi tata têntrêm botên adamêl kapitunaning sanès. Kamardikaning lair punika prêlu sangêt dipun gayuh ingkang ngantos kalêksanan. Mila ugi nami: wajib, awit punika dados sarana kasampurnaning gêsang kita wontên ing ngalam donya.
Mênggah suraosing têmbung: mêrdika punika ingkang lugu namung: ngêrèh, liripun botên ngêrèh utawi kalêndhih dening patrap utawi dayaning sanès, sadaya kabêtahan botên gumantung saking sajawining wêwêngkon piyambak, mila ugi kenging katêmbungakên: jumênêng pribadi. Mandar sagêd ngêrèh utawi kadhêsêk.
Manusa ingkang sampun kasêmbadan sagêd manggèn wontên ing alam kamardikaning lair, punika punapa sampun cêkap tumrap kasampurnaning gêsangipun. O, taksih dèrèng. Manut wêwatêkanipun donya ingkang gumêlar punika, sadaya kawontênan masthi ngalih warni ingkang watakipun kosokwangsul. Pramila bilih wontên kamardikaning lair, inggih wontên kamardikaning batos. Kamardikaning lair tuwin kamardikaning batos punika kêdah kaudi sêsarêngan, awit manawi namung kamardikaning lair kemawon ingkang kagayuh, kamardikaning batos botên, punika taksih dèrèng nyêkapi tumrap kabêtahaning kasampurnanipun gêsang, jalaran manawi gothang salah satunggal, wêkasanipun sagêd andadosakên kapitunan ingkang agêng.
Wondene kamardikaning batos punika langkung rumpil, alus tur lêbêt sangêt katranganipun tinimbang kamardikaning lair. Mila sagadug-gadug kula sawatawis badhe kula jalèntrèhakên, kados makatên: sampun nyata sangêt bilih ingkang nami batos punika panggenanipun wontên ing lêbêt, alus ingkang botên kenging ginrayang utawi kasat mripat, mila kados sampun mathuk saupami namung kula anggêp: hawa kemawon. Ing salêbêting hawa punika wontên barang alus malih ingkang nami: napsu, ingkang dados pirantos gêsanging manusa utawi kewan, ingkang limrah kawastanan: hawa napsu. Bedanipun kewan kalihan manusa, bilih manusa kasinungan pirantos sanèsipun malih ingkang nami: ngakal budi. Hawa napsu punika gunanipun kangge sarana nuwuhakên daya kakiyataning manah utawi batos awujud kêkarêpan ingkang sagêd ngêlairakên solah-bawa, pakêrti lan sasaminipun, awon utawi sae. Dene ngakal budi punika ingkang madhangi tuwin ingkang nuntun dhatêng hawa napsu supados lampahipun botên kêsasar utawi nunjang-nunjang. Awon saening lampahipun hawa napsu punika gumantung dhatêng santosanipun ingkang ngêrèh utawi tlatosipun ingkang nuntun, ingkang lajêng nuwuhakên sadaya pakulinan lan wêwatêkan. Manawi hawa napsu punika botên kaêrèh, tumindakipun lajêng sapurun-purunipun, manut punapa ingkang dipun karêmi utawi ingkang langkung
--- 424 ---
dipun sênêngi. Pramila ubaling hawa napsu ingkang makatên wau inggih tansah wontên salêbêting pêtêng, lajêng sagêd ngêndhih dayaning ngakal budi ingkang dados juru panuntun punika, mahanani cupêting nalar tuwin cêthèking pikir, têmahan mujudakên tindak rêsah, jail, drêngki, dahwèn lan sasaminipun. Hawa napsu ingkang sampun tutut, têgêsipun sampun kenging dipun êrèh, punika lajêng manggèn ing: hawa ingkang sampun dados panggenanipun ingkang mêsthi, botên andhêsêk ngêndhih ingkang sanès dunungipun, mahanani ombèr utawi lêga dhatêng hawa ingkang dipun bênggangi. Ombèr utawi lêganing hawa punika kawancah dados: lêgawa, lah punika ingkang têtêp nama: kamardikaning batos.
Mênggah hawa napsu punika bêtahipun namung dhatêng raos eca lan sakeca, kados ta: nêdha, tilêm, suka-suka, mimpang utawi unggul, dipun aji-aji dening sasami, ngêrèh lan sasaminipun. Tumandanging hawa napsu amrih pikantuk raos ingkang dados kabêtahanipun wau bilih tanpa pangrèh lan panuntuning ngakal tuwin pêpadhanging budi, masthi inggih lajêng tanpa milih margi ingkang mêsthinipun kêdah dipun ambah, watonipun ugêr ingkang dados kêkajênganipun sagêda tumuntên kacandhak, sanajan lampahipun wau sagêd andamêl kapitunaning sanès, inggih botên dipun paèlu.
Tiyang ingkang sampun sagêd manggèn ing kamardikaning batos punika, watakipun lugu, botên gampil kenging panggèndèngipun dayaning sanès ingkang nyêbal saking pranataning kautamèn, panimbanipun adil, botên ela-èlu, ingkang dipun lairakên rujuk kalihan kawontênaning batosipun, paribasan: lir godhong kurêb lan lumahipun. Sadayaning lampah botên melik dipun alêmbana utawi botên murih dipun cacad, lugu namung nêtêpi punapa ingkang dados wajibipun.
Ing wasana andharan kula bab kamardikaning lair lan batos punika kula jugag namung dumugi samantên kemawon, pangajêng-ajêng kula, bilih wontên lêpating pangikêtipun ukara utawi klèntunipun sêsêrêpan kula, mugi panjênêngan sadaya kêrsa paring pangaksama, sukur sèwu manawi kêrsa maringi pêpadhang malih ingkang langkung cêtha. Matur nuwun.
S.m.r. Siswamiharja. Pasuruan.
Bab Lakirabi
Mênggah tiyang gêsang punika limrahipun kêdah nglampahi lakirabi, ingkang akiripun badhe anurunakên anak, turun-tumurun ngantos bêbranahan, dene prakawis bobot, bibit, bèbèt, ing ngriki botên prêlu kula têrangakên, gumantung ingkang sami gadhah anak utawi ingkang badhe nglampahi piyambak.
Bilih manut ing ilmu kasarasan, murih prayoginipun, badhe anjodhokakên anak punika, sasagêd-sagêd kêdah ngèngêtana umuripun, sampun ngantos taksih kêlarenên, inggih punika tumrap: lare jalêr sakêdhikipun umur
--- 425 ---
23-25 taun. Lare èstri sakêdhikipun umur 18-20 taun. Jalaran lare jalêr ingkang sampun umur samantên punika, kajawi sampun prigêl ing pandamêlan, ugi sampun ngrêtos kuwajibanipun tiyang rabi, madosakên naphakah dhatêng tiyang èstri utawi rayatipun, makatên ugi lare èstri umur samantên punika sampun ngrêtos ing bab nyêpêng bale griya, utawi kuwajibanipun ngupakara dhatêng anak.
[Grafik]
Mantu ingkang sêtya dhatêng marasêpuh.
Saking takdiripun ingkang Maha Kuwasa, manungsa punika sagêd tumangkar utawi nurunakên anak, murih sagêda sae turunipun, mila kajagia kadospundi ihtiyaripun, punika kula sumanggakakên dhatêng para mudha.
Lakirabi punika kenging kaupamèkakên kadosdene tiyang tanêm têtuwuhan, upaminipun nanêm wiji pantun utawi sanèsipun ingkang dèrèng ngumur, punika kirang sae badhe pamêdalipun, utawi gampil sangêt kenging ing ama. Makatên ugi tumrap jêjodhoan (lakirabi), manawi kirang ngumur (taksih kêlarenên) sanadyana sagêd gadhah turun anak, ewasamantên inggih kirang saras badanipun (ringkih), gampil kataman ing sêsakit.
Ananging wujudipun ngantos sapriki, kenging dipun wastani taksih kathah kemawon, têtiyang padhusunan anindakakên tatacara anjodhokakên anakipun kapetang taksih kêlarenên, nitik wujuding jênggêrêngipun lare jalêr lan èstri katingal taksih alit-alit. Mênggah taksiran umuripun, lare jalêr kintên-kintên sawêg umur 15-16 taun, lare èstri kintên-kintên umur 13-14 taun.
Makatên wau upami tinakenan, têka wangsulanipun sakeca kemawon: mumpung wêkdal punika gadhah wragad, sabab pinuju panèn, utawi sukur dene anak sampun wontên ingkang mêntas, nyuda dhatêng têtanggêlan. Pancèn limrahipun tiyang padhusunan punika manawi gadhah damêl mantu, nyunatakên utawi sanès-sanèsipun, kadhawahakên ing măngsa panèn pantun, ananging sawênèhing pangantèn jalêr utawi èstri wau wontên ingkang taksih kêmpal dhatêng tiyang sêpuhipun piyambak (dèrèng pikantuk kêmpal tilêm, jalaran taksih katingal kêlarenên), namung prêlunipun kala măngsa salah satunggalipun badhe dipun êpèk damêlipun, upami pun mantu jalêr dipun purih rêrencang macul ing sabinipun. Kosokwangsulipun mantu èstri dipun purih rêrencang nutu utawi sanès-sanèsipun, ingkang botên mawi bayaran, namung cêkap kasukanan têdha kemawon. Dene tatacara ingkang makatên tumrap têtiyang kitha kapetang sampun botên sapintêna, jalaran limrahipun têtiyang [têti...]
--- 426 ---
[...yang] kitha sampun kathah kawruhipun tinimbang têtiyang padhusunan.
Bilih manut ing agami Islam, panci botên wontên alanganipun, anjodhokakên anakipun èstri ingkang dèrèng akir balèg (kirang ngumur), waton kemawon, wontên walinipun bapa piyambak, utawi yèn bapakipun pêjah inggih êmbahipun lare èstri. Ewasamantên toh botên wontên awonipun, upaminipun kula sadaya manawi badhe anjodhokakên anak, sampun ngantos taksih kêlarenên, ingkang wosipun prasasat badhe anggodha dhatêng kasarasan.
Gêgandhengan bab kasbut ing nginggil, kados-kados kangjêng gupêrmèn taksih kèwêdan badhe nyêgah tatacara ingkang makatên wau, jalaran badhe nyulayani prentahing agami, mila lajêng kapêndhêt têngah-têngahipun kemawon, têgêsipun, angalang-alangi inggih botên karsa, upami badhe kalastantunakên inggih kawratan, namung kemawon samangke asajak radi dipun êngèl-êngèl, bilih punika tumrap ningkahakên anak èstri ingkang dèrèng ngumur nanging gadhah wali bapa. Bab punika murih gamblangipun, mugi-mugi para maos karsaa sami amriksani buku polêk almênak Jawi wêdalan Bale Pustaka taun 1928, bab lakirabi taksih kêlarenên, ing kaca 258 dumugi 268.
Wasana panuwun kula mugi-mugi sadhèrèk kula padhusunan, karsaa amigatosakên bab punika, ingkang uwosipun tumuju ing kautamèn.
Kula pun S. Pramu Suharja.
Kantor Bang Escompto ing Wèltêprèdhên.
[Grafik]
Bang punika nindakakên simpên utawi nyambutakên arta.
--- 427 ---
Bab Wulang Sae
Bab kuwajibanipun ngagêsang
Mênggah ingkang dipun wastani kuwajibanipun ngagêsang punika, sadaya lampah ingkang sadhengahing tiyang mêsthi kêdah sami nindakakên, manawi botên purun nindakakên, tartamtu nêmahi sangsara utawi nandhang kapitunan ingkang agêng. Tiyang ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng kuwajibanipun, kajawi sangsara tumrap gêsangipun piyambak ugi sok sagêd adamêl kapitunaning sanès. Satunggiling padamêlan ingkang sanès nama kuwajiban, punika wontên ingkang prayogi dipun lampahi tuwin wontên ingkang botên. Dene ingkang prayogi linampahan wau bilih sagêd nindakakên inggih langkung utami.
[Grafik]
Angudi murih ewahing wêwatêkan awon ing salêbêting pakunjaran
Ingkang dados kuwajibanipun ngagêsang punika kathah sangêt, mila inggih kêdah dipun sumêrêpi. Ing sêrat-sêrat piwulang sampun kathah sangêt ingkang mratelakakên bab kuwajiban wau, tuwin para guru utawi para sugih kawruh inggih sampun asring nyêthakakên. Mila ing ngriki kula namung badhe nêrangakên sawatawis ingkang băngsa kita Jawi limrahipun botên ngopèni utawi botên patos mrêlokakên, prasasat kadosdene sampun botên dipun anggêp dados wajib, inggih punika: 1. ngudi kawruh lan mêncarakên kawruh, 2. ngajak-ajak dhatêng lampah sae lan nyêgah dhatêng lampah ingkang awon. Mênggah katranganipun kados makatên:
Bab ngudi kawruh: punika dados kuwajibanipun manusa wiwit mêcah păncadriya utawi nalaripun ngantos dumugi pêjah. Rekanipun tiyang ngudi kawruh punika warni-warni, kados ta: sarana sinau wontên ing pamulangan, mêmaos, nênitèni ebah-ebahing kawontênanipun ngalam ingkang gumêlar punika, tuwin sarana lampah sanès malih ingkang mathuk dhatêng nalar tuwin ngakalipun. Băngsa Eropah kenging kangge tuladha anggènipun nêtêpi ingkang dados wajibipun: ngudi kawruh wau. Santosa utawi kasrêgêpanipun prasasat tanpa wontên ingkang nyamèni, jalêr utawi èstri, sêpuh utawi anèm, sadaya sami rêmên lan tlatos anggènipun ngindhakakên kawruhipun. Mandar sawênèh wontên ingkang tiwas margi saking nglabuhi indhaking sêsêrêpanipun, mila tanah Eropah punika dados panggenanipun tiyang ngangsu kawruh warni-warni. Beda sangêt katimbang dhatêng băngsa kita Jawi ingkang limrahipun anggèning ngudi kawruh namung saking lantaran pasinaon ing pamulangan Jawi ăngka 2,
--- 428 ---
manawi sampun mêdal saking pamulangan, katingalipun sampun marêm, rumaos kawruhipun sampun nyêkapi. Bab mêmaos katawis botên dipun têngênakên. Titikanipun băngsa ingkang nami majêng punika: karêm mêmaos.
Bab mêncarakên kawruh: punika inggih warni-warni rekadayaning tiyang, kados ta: sarana kawulangakên, sêsorah, nganggit utawi ngarang lajêng kaimpun dados sêrat supados gampil sumêbaripun. Mênggah saking pangintênipun băngsa kita Jawi ingkang gadhah kuwajiban mêncarakên kawruh punika namung guru kemawon, ingkang makatên wau mujudakên rêndhêtipun sumêbaring kawruh, tular-tumularipun botên tumuntên waradin. Malah sawênèh wontên ingkang taksih rêmên ngêkêr kawruh, kadamêl wados ingkang rêmit sangêt. Purun mêdharakên, nanging mêksa kawujudakên pralambang, saloka utawi cangkriman, kados ta upaminipun: randhu alas mrambat pare, kênya apêputra, makatên sasaminipun. Ingkang makatên punika tumraping jaman samangke kirang mathukipun, sadaya kêdah sarwa: gampil, cêtha, cekat-cèkêt, para juru nyêbar agami Islam saking tanah Arab, agami Buda saking tanah Indhustan, agami Kristên saking tanah Eropah, punika bab kasantosaning lampah anggènipun tlatos nêtêpi wajib mêncarakên kawruh, kenging kapirid dados tuladha. Ananging kabêkta saking dayanipun kamajênganing jaman, băngsa kita Jawi inggih sampun kathah ingkang purun sawatawis niru rekadaya ingkang katindakakên dening băngsa Eropah ingkang sugih kawruh punika.
Ngajak-ajak dhatêng lampah sae: punika botên namung sarana pisanjanging lesan kemawon, ingkang andayani sangêt inggih punika: nuladhani. Dene anggènipun nuladhani utawi misanjangi, punika kenging katindakakên asêsarêngan kalihan anggènipun mêncarakên kawruh kasêbut ing nginggil. Langkung santosa lan pintêr anggènipun ngajak-ajak, paribasan: ngapencutakên, inggih langkung kathah pikantukipun, mahanani wêwahipun tiyang ingkang purun ngêlampahahi sae, wêkasan adamêl rahayuning praja.
Dene bab nyêgah dhatêng lampah ingkang awon, punika ugi asêsarêngan kalihan anggènipun ajak-ajak ingkang sae. Limrahipun ingkang nindakakên nyêgah prakawis ingkang awon punika namung para: pulisi kemawon, tiyang sanès rumaos botên kuwajiban, punapa malih manawi panuju ingkang nindakakên awon punika sanès: sadhèrèk utawi kulawarga, mitra, băngsa utawi têpanganipun, lah punika lajêng sangsaya nêbih utawi botên mrêduli, ingkang makatên punika lajêng sagêd nuwuhakên asringipun wontên bêbaya. Saiba prayoginipun saupami patrap nyêgah dhatêng lampah awon punika asêsarêngan kalihan para pulisi, mêncarakên kawruh asêsarêngan kalihan para guru, amasthi kamajênganipun praja ingkang adhêdasar tata têntrêm inggih tumuntên sagêd manggèn ing tataran ingkang nama mulya.
S.m.r. Siswamiharja. Pasuruan.
--- 429 ---
Bab Kasarasan
Bab anyaèni kampung
[Grafik]
Kalèn ing Pêtojo, Batawi, ingkang sampun dipun dandosi, wujudipun sarwa prayogi.
[Grafik]
Punika wujudipun pakampungan ing Kêbon Jae, Batawi, ingkang dèrèng dipun dandosi.
[Grafik]
Sarêng sampun dipun dandosi lajêng santun sipat.
Para maos ingkang sampun sami anjajah ing kitha agêng-agêng, kados ta: ing kitha Batawi, Bandhung, Sêmarang, Surabaya lan sasaminipun, têmtunipun sami anguningani perang-peranganing kitha, ingkang sae-sae sawanganipun, inggih punika: griya-griyanipun sami dipun pranata kanthi sae-sae, saha ingkang kathah sami griya tembok utawi pagêr gêbyog, payonipun gêndhèng utawi sèng, dene pakaranganipun dipun piara punapa mêsthinipun, ngantos ing ngriku griya-griya dalah pakaranganipun katingal sami rêsik-rêsik ingkang sayêktos adamêl rêsêping paningal. Sintên tiyangipun ingkang botên kêpengin dêdunung wontên ing griya ingkang dipun piara makatên, tuwin malih, sintên tiyangipun botên kêpengin anggadhahi pakarangan lan griya ingkang rêsik gumrining kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil wau. Kadospundi raosing manahipun, saupami tiyang mêntas anyambutdamêl mantuk dhatêng griyanipun piyambak ingkang katingal sae tatananipun, rêsik pakaranganipun, ing ngriku têmtu lajêng sagêd angraosakên kanikmatanipun têtiyang
--- 430 ---
gêgriya. Jalaran sasampunipun mantuk saking padamêlanipun wau, tuwan romah lajêng sagêd ngasokakên badanipun alèlèh-lèlèh wontên ing èmpèr utawi ing salêbêting griya, dados manahipun kajawi tansah sênêng, inggih ugi lajêng botên sumêdya kêkesahan jalaran botên gadhah bosên wontên ing griya, wusananipun inggih lajêng nyuda dhatêng lampah kaborosan.
[Grafik]
Padusan tuwin papan umbah-umbah ing Batawi, toyanipun saking lèdhêng, bêning akinclong.
[Grafik]
Rêrêgêd sakitha dipun kalêmpakakên dados satunggal, mila kawontênaning pakampungan tuwin margi-margi sami rêsik gumrining.
Ananging manawi lajêng ningali kawontênanipun perangan kitha ingkang dipun dunungi dening para sadhèrèk ing kampung-kampung, ing ngriku lajêng anuwuhakên gagasan ingkang botên sakeca, awit bedanipun ing ngriki kalihan ingkang kacariyosakên ing nginggil wau, prasasat kados bumi kalihan langit. Sanadyan botên katêrangakên bedanipun wau, para maos têmtu sampun sami anguningani piyambak. Ewadene ing ngriki kapêksa anêrangakên kawontênanipun ing kampung-kampung sawatawis, ingkang pantês dados panggalihan.
--- 431 ---
Manawi lumêbêt kampung ing măngsa jawah, ingkang marginipun ciut-ciut, tur botên waradin, punika jêblogipun ngantos prasasat leleran, dados tiyang ingkang ngambah ing ngriku mèh sami kemawon kalihan tiyang lumampah ing pasabinan ingkang mêntas dipun waluku. Ingkang lumampah wau, sampun têmtu calana utawi sinjangipun lajêng kenging balêthok jalaran saking cipratan. Manawi lumêbêt ing kampung ing măngsa têrang, marginipun tanpa dhapur, têgêsipun: kathah jêglonganipun, lan katingal êmbahipun rêgêd anyêyêpêti mripat. Bilih ing wanci dalu, tiyang ingkang angambah margi wau, lampahipun sami cênunukan kados tiyang lumêbêt ing guwa kiskêndha, jalaran botên wontên ingkang pasang lampu kangge amadhangi margi wau.
Ing antawising margi-margi wau, katingal kathah griya pondhok-pondhok ingkang dipun dunungi ing têtiyang kampung. Griya pondhok wau ingkang kathah namung saking dêling, payonipun rapak, pagêripun gêdhèg, dene pakarangan tuwin pakêbonanipun botên wontên, dados namung pas-pasan kemawon. Kawontênanipun griya-griya pondhok wau tanpa pranatan babarpisan, inggih namung saajêng-ajêngipun kemawon, amila dununging griya-griya wau inggih sami malang-megung botên kantên-kantênan. Griya-griya pondhok wau, ing nglêbêt dipun guthêg-guthêg utawi dipun singgêt-singgêt mawi kepang. Ingkang saperangan kangge papan palinggihan utawi papan patilêman, saperangan malih kangge pawon. Dene pakiwan saha padusanipun prasasat mèpèt kalihan griya ingkang dipun dunungi wau, tur kêmpalan tiyang kathah dados satunggal. Tiyang ingkang manggèn ing griya ingkang makatên wau, sampun têmtu kêrêp sakitên, jalaran sabên dintên tansah kenging hawa ingkang botên sae, kados ta: ambêt-ambêtan dhoplonyo sarining pête jengkol ingkang sami mêmbleg-mêmbleg wontên ing kalèn sakiwa têngên utawi ing sangajênging griya-griya wau. Punapa malih manawi kalêrês wontên sêsakit ingkang nular, kados ta: kolera, pès lan sasaminipun, manggèn wontên ing griya-griya ingkang makatên wau botên prayogi sangêt. Amila punapa inggih kenging dipun paibên, bilih kalêrês wontên bagêblug, kathahing tiyang ingkang sami tiwas, prasasat tanpa wilangan.
Makatên mênggah kawontênanipun ing pakampungan. Samangke gêmintê sawêg ambudidaya kadospundi murih saenipun.
Mugi-mugi budidayanipun gêmintê ingkang sakintên badhe murakabi sangêt dhatêng para sadhèrèk kampung, tumuntêna kalêksanan dipun adani, sampun ngantos ing têmbe wontên tamu saking jawi amastani, bilih ing kampung Kwitang upaminipun, manawi masa jawah, tiyang sagêd kados wêlut utawi lele.
--- 432 ---
Panglipur Manah
Raosing sêpuh lan anèm
[Dhandanggula]
manising tyas tumalawung kongsi | lir nênangi rasaning karênan | wruh rarasing kaanane | sujanma kang wus sêpuh | kadi ingkang kawarnèng tulis | Tuwan Jon namanira | kang kasub misuwur | mliyonèr ing Amerikah | pan wus yuswa wolung dasa wolu warsi | maksih sarwa santosa ||
pan mangkana dayaning ngaurip | yèn rinakêt agunging kabagyan | yêkti mikantuki bae | mawèh dawaning umur | bêbasane sacipta dadi | mung rinakêt karênan | satêmah nênungtum | maring katêntrêmanira | ngrumasani dènnya tinitah nèng bumi | cinakèt ing Pangeran ||
[Grafik]
kang kadyèku pan nyatane ugi | tinêmune ing kaananira | tan lyan nguni duk anome | bêtah abanting balung | lan tan kendhat angulah budi | ngêngudi dadinira | aluwihanipun | tan pisan angêndhonana | tumêkaning diwasa maksih umintir | kari nêmu sakeca ||
awit nyata donya kang lêstari | tumaruntun kang têka tan kêndhat | têtela abot êtohe | kudu tlatèn anggilut | kang tumindak kalawan titi | wusing sarwa sambada | aran tumaruntun | kadi ilining kang tirta | kang lumintu cinawuka nuli pulih | tan ana tabêtira ||
lulus ingkang sambekala kalis | lumastari têkaning diwasa | tanpa towong ing têkane | nanging akèh kang kliru | angarani dadining luwih | tan kanthi lara-lapa | mung kari anêmu | yèn ta nyata kalakona | yèn kabêgjan mung asli pangguhan pasthi | tan lulus ananira ||
lawan janma uga anggung lali | lamun lumrah ingaran kawula | datan langgêng lêlakone | nadyan kang sarwa luhur | miwah ingkang tinitah sugih | uga datan prabeda | antuk rasa giyuh | kadi ta ingkang kawarna | ananira dahat katon mêmunjuli | mring pêpadhaning janma ||
nanging dupi wus andungkap prapti | antaraning pantoging diwasa | ngrasa suda ing sênênge | kadonyan kang amumbruk | wasanane mung arsa kari | datan milu ginawa | ing sumarmanipun | tinêmuning kang karênan | tan karasa kukuh dènnira ngênggoni | anèng kadonyanira ||
--- 433 ---
tan angrasa kaanan kang kèksi | wus lumungsur kadayane suda | dene kang tinêmu mangke | ing sukanira amung | alêlangên mèt hawa rêsik | myang anon rêsbinira | punang bawana gung | kocap ing sawiji dina | sang mliyonèr duk lumampah wanci enjing | lêlangên urut marga ||
anon lare ingkang maksih alit | ingkang lagya umur kalih warsa | nulya rinakêtan ake |[1] linungan asta tundhuk | ingèsêman arasa manis | lare tan kêndhat mulat | sêmunira gumun | pamandênge kêdhèp têsmak | măngka tăndha tan pisan miris ing ati | malah sumèh ing netra ||
sang awrendha[2] nulya ngucap lirih | sira iku ngaran bocah anyar | ing kaananira thole | adoh kalawaningsun | wusing ngucap wau sang luwih | nulya tuwuhing cipta | kang rasa ngêlangut | mangkana ing batosira | wus ngêlangut gon ingsun tumitah iki | adoh antaranira ||
yèn upama kaananing rawi | wus andungkap umanjing bawana | dene bocah mau kae | lagya bae umungup | umulat mring langêning bumi | yêkti kaananira | sarwa maksih nglangut | lagya aran ajar-ajar | wruh rasaning panas pêrihing dumadi | miwah rasaning suka ||
dhuh sanyata rasaning ngaurip | wus sun rasa anane tan kêndhat | mung ganti-gumanti bae | kalane ingsun nêmu | kanugrahan kang luwih-luwih | sarasaning tyas pindha | ing sajagad punjul | nanging kalaning kataman | kaduhkitan kadi sanalika ugi | larut sadayanira ||
lawan anggung ing salami-lami | ngrasa bingung dènnya mamèt prênah | kang ngudi mrih kapenake | awit sajatinipun | jroning urip janma pan yêkti | tan nate ngrasa nrima | amung jujul wuwul | mung ngono salaminira | kang wus luwih paripaksa kudu luwih | dinohan panarima ||
mangkya ingsun wus rumasa yêkti | anjajah mring kaananing donya | dadya wajib ingsun kiye | narima kudu ngluluh | dene nyata wus katog yêkti | lan gambare wus ana | kadya bocah iku | kang arsa murwèng lêlakyan | ciptaningsun kumênyut têrus ing ati | wêlas mring dhèwèkira ||
awit nyata kaanane pasthi | bocah iku wêruh ananira | papa sangsara ki kene | kang dakat[3] angalangut | kang kêpêksa kudu ngidaki | riwusira mangkana | lampahira laju | têmah sumèlèh ing driya | ngrumasani antuk marêm sawatawis | wèh sèlèhing panrima ||
yèn rinasa ananing palupi | lir umirip lakuning kaanan | kadi rina lan wêngine | dene ta kyai sêpuh | lir angganing diwasèng rawi | arsa angoncatana | têmbene sinusul | wimbanirèng punang surya | kang umungup nèng têntrêming wanci enjing | arsa ambabar praba ||
Ewah-ewahan Pananggalan
Rancangan ingkang dipun ajêngakên dhatêng polkênbon, ing dalêm sataun wontên 13 wulan, lan ing dalêm sawulanipun isi 28 dintên.
Mozes B. Cotswarth angajêngakên rancangan dhatêng polkênbon, murih ewahing pananggalan ingkang tumindak ing sapunika. Miturut rancangan wau, pranatan enggal punika langkung ringkês tuwin anocogi dhatêng kawigatosaning kabudidayan, among dagang tuwin bab gêgayutanipun.
--- 434 ---
Ing Zakenwereld amratelakakên ing bab rancangan ewah-ewahan wau.
Pananggalan enggal punika, ing dalêm sataun kaperang dados 13 wulan, tuwin ing sawulanipun isi 28 dintên.
Nama-namaning wulan têtêp kados ing sapunika, namung dipun wêwahi wulan Sol. Wulan Sol wau manggèn ing antawising wulan Juni kalihan Juli.
Ing sabên wulan tanggalipun sapisan wiwit ing dintên Ngahad, tuwin tanggalipun 28 ajêg dhawah ing dintên Sêtu. Sawarnining dintên agêng anggadhahi tanggal ingkang ajêg.
Dados saupami tanggal 1 ing wulan Januari dhawah ing dintên Ngahad, tanggalipun 1 ing wulan sanèsipun ugi dhawah dintên Ngahad.
Kados ingkang sampun kêlimrah, sawulan punika wontên kawan minggu, tuwin saminggu punika wontên 7 dintên. Mila ewah-ewahan wau nêtêpakên, sawulan punika ajêg wontên 28 dintên. Dados botên nama anèh, bilih tanggalipun sapisan dhawah dintên Ngahad, saha tanggalipun sapisan ing wulan ngajêngipun inggih dhawah dintên Ngahad malih.
Ing pamerangipun pananggalan sapunika, pinanggih ing pranatanipun kathah ingkang botên ajêg, wontên wulan ingkang dintênipun Ngahad sakawan, tuwin wulanipun malih dintênipun Ngahad pinanggih gangsal.
Nanging manawi pananggalan sapunika dipun limrahakên, pranatan ingkang botên ajêg wau badhe ical, awit kawontênaning dintên-dintên Ngahad, ing dalêm sawulanipun pinanggih ajêg. Upami dintênipun taun baru dhawah dintên Ngahad, ing sanèsipun taun tuwin salajêngipun, dintênipun inggih badhe dhawah Ngahad.
Ing etangan pananggalan sapunika, sabên kawan taun sapisan dhawah ing wulan Pèbruari, wontên ingkang umur 29 dintên.
Nanging ing pananggalan enggal punika botên wontên, namung sabên kawan taun sapisan, ing wulan Dhesèmbêr badhe kapetang 29 dintên.
Ing kina-kinanipun, tiyang angangge pananggalan miturut etanganipun tiyang Mêsir (Egypte), wusana dipun ewahi miturut etangan Julius tuwin ingkang tumindak ing sapunika miturut etangan Gregorius.
Dados manawi ewah-ewahan pananggalan wau dipun limrahakên, botên nama ewah-ewahan ingkang nganyar-anyari. Pananggalan ingkang kêlimrah ing sapunika, tumindak wiwit ing taun 1582.
Dene pananggalan enggal wau, sampun dipun sayogyani ing polkênbon, (P.S.).
Pangajêng-ajêng
Pangajêng-ajêngipun tiyang sakit, tumuntêna saras. Pangajêng-ajêngipun tiyang pados sambutan, tumuntêna angsal arta. Pangajêng-ajêngipun tiyang sinau, tumuntêna pintêr. Dene pangajêng-ajêngipun para lêngganan Kajawèn, sêlak kapengin sumêrêp Kajawèn nomêr lêbaran. Malah bokmanawi sagêd ugi nênarik dhatêng panggalihipun ingkang dèrèng lêngganan.
--- 435 ---
Pambalêdhosan Pabrik Êlong ing Kudus
[Grafik]
Kados ingkang sampun kapratelakakên ing Pakabaran Warni-warni, ing nginggil punika gambaripun pabrik ingkang sirna, sadaya waradin lan siti.
[Grafik]
Saperanganing pabrik ingkang sirna. Sangandhaping jugrugan pinanggih mayit 8.
--- 436 ---
Cariyos Wigatos
Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati
Candhakipun Kajawèn ăngka 21
XVI.
Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.
Tatananing pamarentah
Ing sêrat-sêrat kabar inggih sok wontên panyaruwe dhatêng warni-warnining ada-ada tuwin tiyang, ananging salami-laminipun badhe botên wontên panyaruwe satêmbung kemawon dhatêng para punggawa tuwin pranatan-pranataning parte. Têtiyang punika sagêdipun kapranan namung dening para pangrèhing parte ingkang langkung inggil saha ingkang jajahanipun langkung agêng. Salaminipun têtiyang wau taksih sami kabantu, panguwasanipun inggih agêng sangêt, ing parêpatan-parêpataning parte, ingkang têtiyang wau sami dipun pilih kanthi opisil, sampun tamtu botên badhe sagêd kalampahan, bilih wontên tiyang ingkang ngalang-alangi dhatêng prentahing komite ingkang langkung inggil, ingkang anuding dhatêng tiyang ingkang kapilih wau. Kajawi sekrêtaris ingkang têtêpipun kanthi dipun pilih, ing ngriku wontên para amtênaripun ingkang sajati dasanan cacahipun, amtênar-amtênar wau botên sami kapilih, ananging katêtêpakên dening parte, kadosdene caranipun juragan limrah. Lan ugi amtênar-amtênar punika tumut botên kenging kacacad.
Kawontênanipun pambantahan ing salêbêting parte, ingkang sakêdhik-sakêdhik sok wontên ingkang lajêng mêdal dhatêng jawi, punika lajêng sagêd nuwuhakên pangintên-intên, kadospundi anggènipun sami ambrêkunung saha botên sabaran ing golongan-golonganing têtiyang, ingkang ing parte ngriku kaanggêp inggil piyambak pangajaranipun. Para ingkang sami anggèsèhi rêmbag, ingkang sami botên purun prasêtya dhatêng sadaya sêsêratan ingkang kaanggêp dening para pangagênging parte ingkang inggil piyambak, lêrês tuwin sae, sami dipun awon-awon saha dipun ujar-ujari ingkang botên pantês. Dene ingkang dados gèsèhing rêmbag punika prakawis alit sangêt, têtiyang ing sajawining tanah Ruslan têmtunipun botên mangrêtos punapa ingkang andadosakên pasulayan wau. Ananging manawi Stalin, cêkakipun manawi para pangagêngipun parte anyariyosakên, bilih tumindaking pranatan nagari ing Ruslan miturut ancas sasami-sami sadaya sae, punika manawi wontên tiyang anggadhahi sêmang-sêmang dhatêng wontênipun katrangan wau, lajêng kemawon dipun anggêp badhe anglawan dhatêng pamarentah, sarta sampun tamtu lajêng kalêbêtakên ing griya pakunjaran, manawi tiyang wau kumawani anyariyosakên ing kosokwangsulipun. Namung Stalin saha para panganjuring parte ingkang inggil-inggil, ingkang sami paham saha mangrêtos dhatêng punapa ingkang mêsthi dipun rêmbag. Ananging sapintên tumindakipun amarentah ingkang sarwi sawênang-wênang wau ing golongan ingkang andhap-andhap, saha punapa ingkang sampun kadhêdhêr wontên ing ngriku murih sagêdipun angadhahi manah angêdir-êdirakên ingkang tanpa wangênan, sarta ingkang dipun anggêp kawruh utami ingkang inggil piyambak, punika botên kenging kacariyosakên kanthi cêkakan. Malah miturut cariyosipun Tuwan Baars sadaya lêlampahan ingkang kasar-kasar, pangolok-olok tuwin tindak sawênang-wênang wau, tiyang botên badhe sagêd anggambar papêthanipun, manawi botên anyumêrêpi kawontênanipun ing ngriku piyambak.
Manawi tiyang sagêd anuruti saha angalêmbana dhatêng manah ingkang angêdir-êdirakên wau, sampun tamtu lajêng sagêd kinabulakên punapa sêdyanipun. Botên wontên ingkang nglangkungi gampilipun kajawi dados liding parte ingkang sêtya mawi pangajêng-ajêng murih sagêd enggal minggah pangkatipun, inggih punika sarana anggunggunga pangrèhing parte sasagêd-sagêdipun, sampun tamtu inggih lajêng sagêd enggal majêng. Amila ing pundi-pundi botên wontên panggenan ingkang têtiyangipun sami rêmên mupakatan ingkang botên sae, rêmên angawon-awon ing sanès tuwin tumbak-cucukan kados ing ngrika. Ingkang makatên punika Tuwan Baars sampun ngalami piyambak, sadaya ingkang kalapurakên dhatêng pangrèhing parte saha dipun lêbêtakên ing buku-buku ngriku, punika katindakakên sapêngkêripun tiyang ingkang kalapurakên wau, dados tiyangipun piyambak inggih botên badhe sumêrêp punapa-punapa, ngantos dhumawah ing wancinipun, lajêng nyobi migunakakên sadaya wau kangge adamêl cilakanipun tiyang wau.
Ing Mosko Tuwan Baars pinanggih kalihan têtiyang bumi pintên-pintên, ingkang sami wangsul dhatêng tanah wutahrahipun, saha samangke sampun sami mantuk saking pangintên-intênipun, (pangintên-intên bab saening komunismê), anggènipun mantun wau jalaran saking rêmbagipun ing salêbêting parte ingkang awon-awon, inggih punika amargi têtiyang wau sampun kalêpatan, sami pasulayan kalihan bangsanipun ingkang sami apangkat inggil. Ing ngriku janji wontên tiyang kirang urmatipun kemawon dhatêng para ingkang sami rêmên dipun urmati wau, lajêng kemawon tumindaking pitnahan wiwit kalampahan. Sadèrèngipun tiyang gadhah gagasan punapa-punapa, sampun kasêrat ing sêrat-sêrat [sêrat-sêra...]
--- 437 ---
[...t] palapuran winados, kadosdene têtiyang ingkang dipun samarakên, salajêngipun tiyang wau dening panganjuring parte lajêng dipun alang-alangi sarana margi warni-warni, pungkasanipun inggih lajêng kawêdalakên saking ngriku. Rak inggih gampil ngakèn tiyang anggarap padamêlan, ingkang piyambakipun botên sagêd anggarap kanthi salêrêsipun. Lan malih parte wau anggadhahi wênang mrentah para warganipun dhatêng ing pundi kemawon, saha tiyang ingkang nampi prentah wau tanpa kenging mangsuli punapa-punapa kêdah nurut kemawon. Tumrap tiyang ingkang dede liding parte, sampun nama bêgja sangêt manawi namung kapêcak saking padamêlanipun tuwin lajêng botên dipun arubiru dening pulisi sandi (gepeoe).
Sagêd ugi bilih cara ingkang makatên punika nama satunggiling kamajêngan upami lajêng kasamèkakên kalihan kawontênanipun tanah Ruslan kala taksih kaprentah ing raja. Ingkang makatên wau satunggiling pitakenan ingkang Tuwan Baars botên sagên[4] amangsuli, lan ingkang ugi botên prêlu dipun wangsuli wontên ing ngriki. Ingkang mêsthi, inggih punika: tumraping tanah Indhonesiah, ingkang cara pamrentahipun taksih têbih sangêt kalihan kawontênanipun paprentahan sasami-sami, punika caranipun paprentahan Sèpyèt[5] wau malah badhe damêl munduripun, botên badhe angajêngakên.
(Badhe kasambêtan)
Kabar Warni-warni
Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès
Bab tumindakipun siyam ing Surakarta, miturut dhawuhing pangandika dalêm ingkang sinuhun dhumatêng pêpatih dalêm, awit saking unjuking abdi dalêm pangulu ing Surakarta, wiwiting siyam wontên ing dintên Kêmis, nanging garêbêgipun botên ewah dhawah ing dintên Jumuwah Kliwon tanggal sapisan Sawal. Dados siyamipun namung 29 dintên.
Jalaran saking kathahing jawah, para tiyang tani ing Imagiri, Ngayogya, nguwatosakên manawi anjalari sudaning pamêdal pantun ing sapunika sawêg mêtêng. Saya malih ing sapunika kasarêngan wontên ama mênthèt tuwin ama ingkang sawarni bêluk, inggih punika oyoding tanêman sami bosok, dêlêging wit garing kados damèn, mawi dipun rubung ing kewan alit-alit bangsaning wêrêng.
Juru sêrat wadana ing Karangkobar Banjarnagara, dipun kèndêli saking padamêlanipun, jalaran damêl dheklarasi wontên kuwitansinipun ingkang palsu.
Kawartosakên, konggrès Muhammadiyah benjing taun ngajêng badhe manggèn wontên ing Surakarta, dene tatananipun inggih badhe mirid kados nalika wontên ing Ngayogya.
Griyanipun Tuwan M.F. Seedi ing Purwasari, Surakarta, dipun pilih badhe kangge palêrêmanipun Sri Nata ing Siyêm, tuwin santana ênêm, dene pandhèrèk sanès-sanèsipun manggèn ing Hotèl Dhone.
Sampun wontên kêkancingan malih ngangkatakên golongan kumunis pintên-pintên dasa saking Batawi dhatêng Dhigul.
Lulus kandhidhat, iksamên bagian kalih ing pamulangan luhur pangadilan, Radèn Sujana.
Sawênèhing băngsa Tiyonghwa nama Hong Ti ing Sragèn, kadênangan ing pulisi anggènipun nindakakên gadhe pêtêng, ing salêbêtipun papriksan katindakakên, băngsa Tiyonghwa wau dipun tahan wontên ing kampêmèn pulisi.
Angsal sêsêbutan Indisch Arts Tuwan Muhamad Husin, asli saking Palembang, tuwin Radèn Ita Purwasubrata, asli saking Purwarêja.
Salah satunggiling toko mas intên ing Pasar Baru, Batawi, kecalan barleyan wosèn kathah, jalaran kêsupèn, barleyan wau dipun bungkus kadèkèk ing meja, sadaya rêgi f 2000.-.
Ing Bali wontên pakêmpalan kalih golongan, ingkang sêdyanipun badhe nglawan dhatêng pamarentah. Kawartosakên ugi wontên băngsa Bali pangkat agêng ingkang tumut ing pakêmpalan wau. Sawênèhing băngsa Jawi ingkang dados panuntun sampun dipun cêpêng. Aluraning prakawis punika sawêg dipun padosi. Sapunika dipun wontêni pajagèn militèr 3 brigadhê.
Ing bab pandamêling palabuhan kapal pêrang ing Madura, sawetanipun Kamal, ingkang katampèn badhe anggarap Nedam kalayan waragad f 604.300.
Radhio saking Pulo Panjang martosakên, kajawi ebahing bumi, ing salêbêting sagantên ugi kêtingal wontên hawa gas ingkang manthêr kalih panggenan.
Sawênèhing tiyang nama Musa ing Tanah Abang, Batawi, nganyut tuwuh jalaran saking kêjudhêgên ngraosakên sakitipun bêntèr, sampun dangu botên saras-saras.
--- 438 ---
Ing Hotèl Tugu Ngayogya, mêntas kapondhokan Walandi saking Malang nama Tuwan W. Ing dalunipun inggih tilêm limrah kemawon, nanging enjingipun botên tangi-tangi, sarêng kapriksa ing dhoktêr, katranganipun nandhang sakit tilêm, Walandi wau lajêng kabêkta dhatêng griya sakit, taksih têrus tilêm kemawon.
Dèrèng dangu Wd. dhirèktur dhepartêmèn têtanèn kanthi tuwan-tuwan sanèsipun mariksa kolonisasi I.E.V. ing Gisling, Lampung. Miturut pikantuking papriksan, wohipun kolonisasi wau badhe sae. Sambêt kalihan bab punika, ing ngriku badhe dipun wontênakên kursus têtanèn. Ing Gisling badhe dipun tuntun dening lanbao lerar.
Wontên têtamu băngsa Jêpang 6 sami dhatêng Batawi, sadaya sami ahli dagang, dhatêngipun ing tanah Jawi prêlu badhe ngulinakakên dhatêng lampahing dagangan. Wontên ing Batawi inggih badhe mitongtonakên barang-barang daganganipun, wontên ing Japansche Clubgebouw.
Ing taun punika badhe wontên pèngêtan adêging Pakêmpalan B.O. ingkang dipun adani dening para murid Stovia sampun 20 taun. Ing taun 1918 sêtudhèn-sêtudhèn Indhiya ing nagari Walandi inggih sampun ngêdalalên buku. Ing taun punika kathah para sagêd ingkang manjurung karangan kangge isining buku ingkang badhe kawêdalakên punika, inggih punika Propesor Radèn Arya Husin Jayadiningrat, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Dhoktêr Rajiman, Radèn Mas Arya Suryaningrat, tuwin Radèn Slamêt. Ing Surakarta benjing tanggal 6 - 8 April badhe dipun wontênakên konggrès.
Sampun dangu ing Têgalgănda, Surakarta, parentah kasunanan, dipun adêgi pamulangan tani alit, ingkang sinau ing ngriku sami lare-lare wêdalan saking pamulangan ăngka kalih. Lare ingkang sampun lulus saking pasinaonipun, lajêng kadadosakên mandhor tani utawi mantri tani, ingkang dipun wajibakên nênuntun dhatêng têtiyang tani ing dhusun, tumindakipun sadaya wau kanthi dipun pangagêngi ing Landbouwvoorlichtingsdienst ingkang dipun wontênakên dening gupêrmèn. Kawontênan makatên punika adamêl kamajêngan, benjing ing wulan April ngajêng punika, ing ngriku badhe dipun wontênakên iksamên kangge nglêbêti dhatêng pamulangan wau.
De Jeer sawênèhing Walandi ingkang kêsangkut prakawis bêrontakan ing wulan Juli taun kapêngkêr, sapunika pindhah saking griya sakit ing Bogor, dhatêng pakunjaran Cipinang. Rad pan yustisi aparing palilah nahan tuwin nindakakên prakawisipiun kadakwa malsu authentieke acten nglêbêtakên kapenakakanipun dipun akên anakipun piyambak, dhatêng amtênar burgêlêkên sêtan, tuwin kadakwa andêlikakên Samudra lan tiyang sanès-sanèsipun, ingkang kêsangkut prakawis bêrontakan ing wulan Juli 1927.
Dhepartêmèn pangajaran martosakên, bilih ing taun punika, kathah-kathahing murid ingkang dipun tampèni malêbêt ing pamulangan palajaran namung 10. Lare ingkang malêbêt eggal, dipun wulang wontên ing P.H.S. ing Wèltêprèdhên, ing kalih taunipun angsal wulangan wontên ing kapal gupêrmèn Wega. Tumrap lare ingkang botên cêkap, bayaranipun sagêd suda utawi botên bayar babarpisan. Lare ingkang dipun wênangakên malêbêt ing pamulangan ngriku namung lare ingkang nalika wontên pamulangan Milo ing klas pungkasan, bijinipun bab wiskêndhê wontên 6.
Kala Ngahad kêpêngkêr, ing Bogor dipun adani ngêdêgakên pakêmpalan nama: Budiharja, dipun pangagêngi ing panjênênganipun Tuwan Dwija Sewaya. Kajênging pakêmpalan wau badhe suka pêpadhang dhatêng têtiyang, ingkang limrahipun dèrèng sumêrêp dhatêng pranatan-pranatan ingkang dèrèng dipun mangrêtosi ing bab kabêtahaning ngagêsang, murih suda anggènipun dados têdhaning pokrul-pokrul bambu, tuwin tinindhês ing golongan liyan. Pitulunganipun namung badhe tumindak lêlahanan, upaminipun ing bab badhe damêl griya ingkang gêgayutan kalihan pranataning gêmintê. Ing bab tiyang gadhah prakawis, sadaya mawi dipun wontêni tiyang ingkang ahli.
Kawartosakên, up bêstir Muhamadiyah angsal panyaruwe saking Paduka Residhèn Jasper ing Ngayogya, supados ing benjing malih sampun ngantos wontên sabab-sabab malih kados nalika wontên konggrès. Awit wadana pulisi anglapurakên, nalika konggrès wontên ingkang sêsorah nyênyêngit, ingkang ngèngingi agami Kristên, tuwin pulitiking pamarentah ing bab agami Kristên kalihan Islam.
Rêsèrsê ing Sêmarang sampun sagêd nyêpêng têtiyang 11 sami golonganing durjana, ingkang nindakakên kadurjanan wontên Jawi Têngah, inggih punika ing Kêndhal, Pakalongan, Surakarta tuwin Ngayogya, tumindakipun kadurjanan wau sampun wiwit taun 1924 dipun pangagêngi ing băngsa Walandi nama Thomas.
Mr. de Wit ingkang kawartosakên kenging prakawis, sapunika linuwaran saking sêrêgan.
Kala dintên Sêtu kêpêngkêr, anakipun Tuwan Trauerbach, algêmènê onpangêr ing Kuthaarja, umur 16 taun, dhawah saking anggènipun mêmènèk, wusana dados lan ngajalipun, jalaran utêkipun ewah.
Pamêlikan arêng sela ing Sawah Lunta tuwuh prakawis kabêsmèn malih. Ing bab punika dipun kintên tuwuh saking pandamêl awon. Wontên pawartos susulan malih, ingkang kabêsmèn wau pamêlikan ing Sawah Rasoh 4, ingkang kêbêsmi kajêng, kêlukipun kathah sangêt, wusananipun inggih sagêd sirêp, botên wontên kasangsaran.
--- 439 ---
Wêwaosan
Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba
24. Ayang-ayanganing kasangsaran
Pangeran Josua lajêng kêtingal abrit kados sangkêlat tuwin lajêng ngandika makatên: kadospundi, badhe dipun papanakên wontên ing pamondhokan, ingkang makatên punika rak nyêbal saking cara. Dhuh, sang putri, panjênêngan punika kêdah angèngêti, bilih panjênêngan punika dèrèng palakrama. Kajawi punika kula botên manggèn wontên ing karaton, dados botên sagêd tansah anjagi ing panjênêngan.
Sang putri namung amigatosakên aturipun Pangeran Josua ingkang wêkasan saha ngandika makatên: kula inggih pancèn sampun nguningani ing panjaginipun paman nalika wontên ing papan waradin wau. Sajatosipun kula piyambak sagêd anjagi dhatêng badan kula piyambak, tamu-tamu kula punika badhe kula papananakên ing panggenan ing Mur ngriki, ingkang botên nguwatosi piyambak, lan kajawi ing griya wau botên wontên. Paman wau angandika, bilih paman nandhang tatu sangêt, ingkang lajêng botên karsa prang tandhing kalihan Sultan Barung, amila paman kula aturi jêngkar saking ngriki saha ngaso, mangke dhoktêr karaton kula dhawuhanipun anuwèni panjênêngan. Sampun, andhèrèkakên sugêng kemawon, paman. Dene manawi panjênêngan sampun dhangan babarpisan, mangke kula utusan tiyang ngaturi paman tindak ngriki, amargi taksih kathah prakawis-prakawis, ingkang kêdah kula rêmbag kalihan panjênêngan. Sampun, botên prêlu amanggalih kathah-kathah dhatêng kula, amargi kula botên kenging angêndhêg dangu-dangu dhatêng panjênêngan. O, paman, mugi sapunika enggala mapan sare, lan sampun supe sukur ing Pangeran, dene paman sagêd pinaringan luwar saking bêbaya kathah wau.
Mirêng pangandikanipun sang putri ingkang raos pangerang-erang wau, Pangeran Josua lajêng pucêt sangêt, ing sadèrèngipun sagêd matur punapa-punapa, sang putri lajêng lumêbêt ing gapura karaton wau, amila tumrap Pangeran Josua botên punapa-punapa malih kajawi amêmisuh dhatêng kula sadaya, langkung malih dhatêng Sêrsan Quick, amargi sampun anjalari dhawahipun sang pangeran saking titihanipun. Cilakanipun, dene Sêrsan Quick sanadyan botên mangrêtos dhatêng basa Arab, ananging dhatêng kajênging pamisuhipun wau mangrêtos, amila botên dangu Quick wicantên makatên: he, mênêng, babi, mripatmu sing digadhuhake dening kang Kuwasa ana ing raimu kuwi bok koênêngake bae, mêngko mundhak ilang.
Pangeran Josua saya sangêt kêbrangas, saha lajêng pitakèn: tiyang kapir punika wicantên punapa. Sanalika punika Orme tangi saking kanggenipun kumat ngalêntuk, saha lajêng amangsuli ngangge basa Arab makatên:
O, pangeraning para pangeran, omongipun tiyang wau, anênuwun dhatêng panjênêngan, supados panjênêngan kaparêng anutupi tutuk panjênêngan ingkang utami wau, lan panjênêngan kaparênga nglêrêm makatên tingal panjênêngan ingkang luhur wau wontên cangkoronganing tingal, awit mangke paningal panjênêngan mindhak ical. Mirêng têtêmbunganipun Orme ingkang makatên wau, têtiyang Abati kêkalih ingkang ngadêg wontên sacêlakipun sang pangeran, sami gumujêng latah. Dados têtiyang Abati punika inggih taksih rêmên gêgujêngan.
Sasampunipun Orme andadak karaos sakit malih. Ingkang punika kula kêpêksa lajêng tansah ngawat-awati Orme kemawon. Kala punika gapuranipun lajêng katutup, lan kula sadaya lajêng dipun irit dening abdi-abdi ingkang mangangge maneka warni dhatêng papan pondhokaning tamu wau.
Kamar kula sadaya asrêp saha inggil, cètipun burêng lan rinêngga-rêngga ing kajêng ukir-ukiran. Kula sadaya nyumêrêpi, bilih pondhokaning tamu wau, misah babarpisan saking dalêm agêng, saha anggadhahi kori piyambak, margi sêsambêtanipun dhatêng kadhaton botên wontên babarpisan. Ing sangajênganing griya wontên patamananipun alit, lan ing wingking wontên pakaranganipun ingkang wontên griyanipun alit-alit piyambak, ing ngriku kenging kangge papan ngandhangakên unta-unta kula sadaya.
Kala punika Orme ngraos botên sakeca sangêt, ewadene botên purun enggal-enggal ngaso. Sadèrèngipun anyatakakên, punapa barang bêbêktanipun sampun jangkêp.
Piyambakipun wicantên: he Sêrsan Quick, mara etungên, pira pak-pakane.
Sanalika punika Quick inggih lajêng nacahakên.
Wicantênipun pun Quick: sasumêrêp kula pak-pakanipun kados inggih sampun jangkêp sadaya, bandara kapitan.
Orme awicantên malih: iya bêcik, sêrsan. Lawang kuwi nuli gêmbokên lan kuncine gawanên.
Quick inggih nuntên angèstokakên malih punapa parentahipun Orme. Ananging upsir băngsa Abati, ingkang nyumêrêpi
--- 440 ---
lêlampahan wau, badhe angalang-alangi. Kala punika Quick mèh kemawon anrajang dhatêng upsir wau, salajêngipun upsir wau gadhah pamanggih aluwung kesah kemawon, lan ugi lajêng kesah kalihan ngangkat pundhak, bokmanawi kemawon nêdya ngabari dhatêng pangagêngipun.
Dagu-dangu Orme sawêg lajêng purun mapan tilêm. Orme wau asêsambat, bilih sirahipun ngêlu sangêt, sarta botên purun nêdha punapa-punapa kajawi namung ngombe puhan kalihan toya. Sasampunipun kula titipriksa, lan sampun yakin, bilih botên wontên tandhanipun ingkang nguwatosakên, piyambakipun lajêng kula sukani jampi tilêm saking wadhah jampi kula. Lêt kalih dasa mênit malih piyambakipun sampun tilêm kêpatos, anggènipun tangi malih sasampunipun tilêm pintên-pintên jam dangunipun.
Dene Quick kalihan kula lajêng sami rêrêsik, nêdha punapa-punapa ingkang dipun sêgahakên dhatêng kula sadaya, saha ing dalu punika lajêng gêgêntosan anjagi Orme. Enjingipun jam nêm Orme anglilir saha lajêng nêdha ngombe. Sasampunipun ngombe sagêlas kanthi rêrikatan, lajêng wiwit andalêming. Bêntèripun lajêng kula ukur, ing ngriku pinanggih 42 grad, sasampunipun Orme lajêng tilêm malih, ananging sakêdhap-sakêdhap tangi lan tansah nêdha ngombe.
Sang putri andangu kawontênanipun Orme ngantos kaping tiga, inggih punika ing dalunipun kaping kalih, enjingipun sapisan. Ewadene inggih dèrèng marêm ing galih, amargi sarêng kintên-kintên jam sadasa, sang putri rawuh malih mawi dipun dhèrèkakên ing kênya kêkalih lan tiyang jalêr sêpuh satunggal, jenggotipun sampun ragi pêthak. Wontên ing ngriku sang putri andangu kawontênanipun ingkang sakit, saha angandikakakên, bilih tiyang sêpuh wau dhoktêr karaton.
Sang putri andangu sajak kasamaran ing galih: punapa kula kenging nuwèni piyambakipun.
Kula amangsuli suka, nanging bokmanawi têtiyang wau badhe kèndêl kemawon. Salajêngipun sang putri saha pandhèrèkipun wau lajêng kula lêbêtakên ing kamar, ingkang dipun damêl pêtêng. Quick ngadêg anjêjêr kados rêca wontên lêrês sirahing patilêman, saha lajêng ngangkat tangan kanthi kèndêl-kèndêl kemawon. Sang putri lajêng mriksani rainipun Orme ingkang mangar-mangar jalaran bêntèr, saha namatakên gêsêng ing bathukipun, ingkang jalaran saking pambalêdhaging dhinamit. Kula sumêrêp tingalipun sang putri ingkang blalak-bêlalak kêbak êluh. Kala punika sang putri ujug-ujug miyos saking kamar ngriku saha paring tăndha sarana astanipun dhatêng abdi, kadhawuhan ngêntosi.
Salajêngipun sang putri nuntên andangu dhatêng kula makatên: punapa kintên-kintên piyambakipun sagêd gêsang.
Kula lajêng amangsuli ngaturakên punapa kawontênanipun: bab punika kula botên sumêrêp, manawi sakitipun punika ngêmungakên jalaran saking bêntèr utawi sayah kemawon, kados-kados inggih sagêd mantun. Ananging manawi tatuning sirah ugi angèngingi utêkipun, la punika...
Sang putri nyêla pangandika kanthi garunêngan: o, bok inggih panjênêngan tulungi. Manawi sagêd wilujêng, panjênêngan kula ganjar punapa sagêgadhahan kula. Dhuh mugi kaparênga paring pangapuntên dhatêng kula, dene kula kami purun anjanjèni dhatêng mitranipun piyambak. Ananging panêdha kula mugi kaparênga mitulungi.
Kula amangsuli: dhuh gusti, niyat kula inggih badhe kula jampèni ing sasagêd-sagêd kula, dene mantun utawi botên, punika botên gumantung wontên ing kula. Kala punika pandhèrèkipun sang putri dhatêng anyakêt, anggènipun ngandikan lajêng dipun kèndêli.
Ingkang adamêl pêgêling manah kula punika dhoktêr kraton, sadintên muput tansah ngoyak-oyak kula kalihan ngoyok-oyokakên jampinipun, ingkang kalanipun jaman têngahan kemawon sampun nama botên kangge. Cara-caranipun anjampèni dhoktêr wau ingkang botên patosa andadosakên sabab, inggih punika kula kêdah nyêmir sirahipun Orme kalihan martega, lan sasampunipun kapurih nyèlèhi balunging bayi ingkang pêjah lair, saha kapurih ngombèni jampi-jampi ingkang sadèrèngipun sampun dipun dongani dening panuntuning agami. Kajawi punika taksih wontên pitêdah-pitêdah sawatawis, ingkang sagêd adamêl pêjahipun Orme salêbêtipun saêjam kemawon.
Tumrap kula rumaos judhêg sayêktos, dene botên sagêd sumêrêp kadospundi badhe kawusananing sakitipun Orme punika, bokmanawi para dhoktêr-dhoktêr neneman punika sagêd sumêrêp ing bab wau. Ananging kula punika wêdalan pamulangan dhoktêr kina. Kajawi punika, mèh tigang taun laminipun, kula tansah mubêng-mubêng ing sagantên wêdhi kemawon.
Sapunika sampun kêlampahan tigang dintên, kula kuwatos bilih utêkipun kêtotog, ingkang anjalari piyambakipun sagêd pêjah utawi lumpuh babarpisan. Ananging Quick botên nocogi dhatêng pamanggih kula punika, wicantênipun, bilih piyambakipun sampun mêningi tiyang kalih ingkang makatên punika, ingkang jalaran saking pambalêdhosing dhinamit agêng ing sacêlakipun têtiyang wau, ewadene tiyang kêkalih wau sami mantun sadaya, sanadyan ta ingkang satunggal lajêng dados gêndhêng.
Inggih sang putri punika ingkang paring pêpadhang rumiyin piyambak dhatêng kapêtêngan kula. Tigang dalunipun sang putri rawuh malih, saha lajêng lênggah sakêdhap wontên sacêlakipun Orme. Sarêng sang putri badhe tindak malih netyanipun katingal bêning sajak bingah. Kula lajêng nyuwun priksa mênggah ingkang andadosakên sabab-sababipun.
Wangsulanipun sang putri: o, piyambakipun badhe gêsang.
Kula lajêng nyuwun priksa malih, sabab-sababipun dene sang putri kagungan panggalih makatên punika.
(Badhe kasambêtan)
--- [493] ---
1 | age. (kembali) |
2 | awrêdha. (kembali) |
3 | dahat. (kembali) |
4 | sagêd. (kembali) |
5 | Sopyèt. (kembali) |