Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08-04, #191
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08-04, #191. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-08-04, #191. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 62, 16 Sapar Taun Alip 1859, 4 Agustus 1928, Taun III.
Kajawèn
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [1101] ---
Ăngka 62, 16 Sapar Taun Alip 1859, 4 Agustus 1928, Taun III.
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu
Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.
Surabaya.
[Grafik]
Ing Kajawèn nomêr 61 ngêwrat gambaripun kitha Surabaya. Ing nginggil punika ugi gambar kitha Surabaya malih, nanging ingkang saperangan, saha sarwa enggal.
--- 1102 ---
Raos Jawi
Gurisa mawi Urut Dêntawyanjana, Lêkasanipun Pada Lingsa, Ha-nipun Miring, Pungkasanipun Pada Lingsa, Ha-nipun Jêjêg, Sapiturutipun Makatên Ngantos Dumugi Nga.
1. Amiwiti aksara ha | ananira urip wruha | aywa amung ina mlaha | apan angèl eling saha | arêp aja taha-taha | angur apik tinêmaha | ati alus dèn anggoa | atul amot ing nugraha ||
2. namanira aksara na | namatna mring uwong kuna | naracak kèh kang sampurna | nênangia dohna lena | nasar iku nora kêna | namung kêdah wus pramana | nalar mêsthi klakon pana | nanging ingkang wruh wusana ||
3. cathêtane aksara ca | cacah akèh kang winêca | caranira mrih sakeca | calak dohna ywa maleca | cacad yèn lir nênging rêca | carukane kang têrwaca | carêm kadya ngilo kaca | cakrak wêruh mring kang murca ||
4. raras ramya aksara ra | racak samya nora dora | rakêtên kang tan katara | rasakna lan kira-kira | rapale ywa mung nglêmpara | racutên mrih padha mara | rasanira trus sarira | rasul rasa wus katara ||
5. kajuwara aksara ka | kabêgjane nuli nungka | kaslamêtan gung jinăngka | kaluwihan wus kaloka | kêkarêpan nora murka | katarik doh mring sumêngka | kaanan kang mulya têka | katarima banjur têka ||
6. dadya mangke aksara da | dadakan lanèng rubeda | dangu-dangu sêpên arda | darajade gêng tan suda | dadarane aja mada | dalan anggung mung waspada | dadinira wus bineda | damêl sae mrih widada ||
7. tatalêse aksara ta | tatas-titis kita nyata | tabêri ing bêcik sarta | tatarane wêruh tata | têtampikan watak buta | tatag-têtêg tapa brata | têtali tyas ambêg marta | tamatna trang tlênging mata ||
8. sapunika aksara sa | sadaya mung ywa kasêsa | sawiji wus tunggal măngsa | sarana wor wruh ing rasa | salawase samya krêsa | sayêkti sing darbe karsa | salugune sarèh mirsa | sajati ingkang kawasa ||
9. wawarahe aksa wa |[1] watakira uwong Jawa | wadi wuruking pra tuwa | wêwalêran aja ngiwa | wani bênêr nora cuwa | waras-wiris tur kawawa | wahanane wruh ing tawa | wasana kang sarwi sarwa ||
10. lagya iki aksara la | lamun pêrlu kudu lila | labuhana aja gêla | lawas wuruk kala-kala | laku lakar mrih malela | larasên ingkang mêntala | labêtira amung mula | lalis aywa nganti ala ||
11. patut mapan aksara pa | panutan wong Jawa tapa | patrap ala kipa-kipa | panêmu kang uwis têpa | padhanging tyas uning apa | pasêksèn kèh lir sanepa | parane wruh rupa-rupa | patitis pan saka sapa ||
--- 1103 ---
12. dhadhapukan aksara dha | dhangan nora bisa padha | dharakalan kèh kang madha | dhapurira ijèh mudha | dhadhag-dhadhug wis dhinadha | dhamang tur tan tidha-tidha | dhasar wasis olah kridha | dhadhal padha kang anggodha ||
13. jajah jêro aksara ja | jamake wong jaman praja | jaragan jro tyas sinêja | japanira puji-puja | jablas bêcik dèn sêngaja | jatine kang bisa rêja | jalukane mrih raharja | jajalên ingkang prasaja ||
14. yakin iya aksara ya | yatin gayuh mrih sadaya | yatun melik angupaya | yae saka kraya-raya | yakun payakun tan liya | ya rasulollah kang daya | Yasin surat daya-daya | yasan iki ywa sulaya ||
15. nyamarake aksara nya | nyawang alus marang sonya | nyatakna ywa nganti onya | nyathêt entuk gêng kawruhnya | nyadhang kabèh anyar ênya | nyamlêngira anèng donya | nyatitèkna ingkang munya | nyamati mring uwong kênya ||
16. mapan mathuk aksara ma | manah manuh mrih katrima | manawa gung palimarma | manut bisa koma-koma | marêm dipun dama-dama | marang ala tan tumama | malah asih ing sasama | maedahi mung sadêrma ||
17. gathuk gamblang aksara ga | gagasan ywa gawe ringga | garisira trus tinêngga | gadhangan mung kang prayoga | gamane gêng duga-duga | gananing tyas gung sumăngga | gawat kliwat tlênging marga | gêgayuhan ing suwarga |
18. baku barès aksara ba | babarane wong kang blaba | batin cêtha wèh rêruba | bakalira ywa kagrêba | bêbasan tan kêna coba | bathi barkah kang sinuba | baut entuk sih tumiba | bablas bathon mring Kang Murba ||
19. tharikane aksa tha |[2] tharik-tharik lir nèng motha | tharithikan ywa wong kutha | tharuthukan sring wikatha | tharêthêkan sok lêkatha | tharathakan moh wis cêtha | thathithilan entuk pêtha | thathukulan kang waskitha ||
20. ngatas tamat aksara nga | ngaku ngakon aja ringa | ngalah ngadoh ngadad lunga | ngarani mrih nganggo donga | nganani ingkang uninga | ngati-ati ywa tumênga | ngalami wus bisa mênga | ngamal ingong jinurunga ||
Pun Gurisa
Kawruh Sawatawis
Ngajêngakên Dagangan lan Panggaotan (advertentie sarta reclame).
Sagêdipun tiyang angsal pangupajiwa punika warni-warni sangêt, wontên ingkang dados bau suku, dagang, têtanèn, kriya lan ngêdêgakên panggaotan warni-warni. Murih sagêd kacêkap gêsangipun, wajibipun namung tansah ngudi kadospundi sagêdipun majêng, margi kamajêngan wau uwohipun badhe ngindhakakên kathahing pamêdal utawi kauntungan. Sintên ingkang ngajêng-ajêng dhatêng mindhaking pamêdal, măngka kasêpênan [kasê...]
--- 1104 ---
[...pênan] ing pangudi, bêbasanipun ngêntosi kambanging sela itêm.
Wontênipun panggaotan sudagaran, punika nyawisi kabêtahanipun tiyang kathah, manawi namung nyêpaki bêtahipun tiyang satunggal kalih, tamtu botên sapintêna bêbathènipun. Manawi daganganipun sarta panggaotanipun kasumêrêpan ing ngakathah, inggih kathah ingkang numbasi utawi ingkang lajêng sami dados lênggananipun. Andhap-andhaping rêrêgèn sarta saening barang botên sapintêna dayaning kamajênganipun, manawi botên kasumêrêpan sumrambahipun dhatêng ngakathah. Mirid punika, para sudagar lan ingkang angadêgakên panggaotan, prêlu sangêt kêdah tansah pados rekadaya, murih daganganipun sagêd kasumêrêpan lumêbêt dhatêng kalanganing umum. Manawi kathah ingkang sumêrêp sarta kulina dhatêng daganganipun, sagêd kathah lêlayananipun ingkang anjalari dados lan larisipun, inggih larising daganganipun punika ingkang damêl kamajênganipun.
[Grafik]
Makatên caranipun Bale Pustaka adamêl reklame.
Sarananipun sagêd kasumêrêpan ing ngakathah punika warni-warni sangêt, inggih punika sarana nawèkakên, idêr, andhasarakên lan sapanunggilanipun. Nanging tumrapipun sudagaran agêng sarta panggaotan agêng, botên cêkap manawi namung mawi reka makatên kemawon, sabab cara ingkang makatên wau namung sagêd katindakakên ing sakukubaning wêwêngkon ngriku kemawon, nglanjakipun dhatêng sanès panggenan dèrèng ragêd nyêkapi. Măngka ingkang nama panggaotan agêng, lêlayananipun tarkadhang kalihan sanès nagari, sanès pulo utawi nglanjak dhatêng tanah mănca punapa. Sagêdipun jêmbar jajahanipun, mratah dhatêng sanès-sanès nagari, sarananipun botên sanès kajawi mawi macak wara-wara (advertentie) lan reka sanèsipun ingkang nunggil laras.
Wara-wara punika tawi dagangan, dêdamêlan sarta panggaotan sanèsipun ingkang kapacak wontên ing sêrat kabar. Manawi nglêbêtakên wara-wara dhatêng sêrat kabar punika mawi wragad, kathah sakêdhikipun gumantung dhatêng rêrêgèn ing sabên satunggil-tunggiling sêrat kabar, ingkang sampun mawi pramasthian. Dene limrahipun sêrat kabar ingkang agêng, têgêsipun kêrêp mêdalipun, kathah lênggananipun sarta wiyar sumêbaripun, rêrêgènipun wara-wara wau inggih awis, kosokwangsulipun wara-wara ingkang kapacak ing sêrat kabar ingkang alit, sakêdhik lênggananipun, awis-awis mêdalipun tuwin ciyut têbanipun, rêrêgèning wara-wara mirah kemawon. Sêrat kabar punika sumêbar dhatêng pundi-pundi, tarkadhang sagêd mêdal dhatêng tanah mănca punapa, mila wara-wara ingkang kapacak ing ngriku, inggih sagêd sumêbar dhatêng pundi-pundi, malah
--- 1105 ---
tumrapipun panggaotan ingkang agêng-agêng, anggènipun macak wara-wara, botên trimah namung ing sêrat kabar satunggal kalih kemawon, ing pangangkah daganganipun sagêda saya jêmbar têbanipun.
Wara-wara punika malah botên namung tumrap kangge kabêtahanipun para dagang utawi panggaotan sanèsipun kemawon, nanging ugi dados kabêtahanipun sintên kemawon, ingkang prêlu kasumêrêpan ing umum, upaminipun: madosi waris ingkang ical, pados punggawa, ngupados padamêlan, nglairakên suka panarimahing manah, ngaturakên panuwun, nyewakakên barang lan sanès-sanèsipun. Malah ing samangke sampun wontên tiyang pados jodho sarana nglêbêtakên wara-wara.
Mirid kawruh nglêbêtakên wara-wara ingkang sêdyanipun badhe damêl majênging dagangan sarta panggaotan, miturut pamanggihipun tiyang ingkang kalêbêt mangrêtos, makatên:
Nglêbêtakên wara-wara dhatêng sêrat kabar lan sapanunggilanipun, tumrapipun băngsa kita taksih nama kuciwa sangêt tinimbang kalihan sudagar mănca. Mênggah kuciwanipun wau, botên namung saking sakêdhikipun ingkang sampun mangrêtos kemawon, kalêbêt bab cara-caranipun damêl wara-wara, dèrèng paja-paja sampurna. Amargi botên dupèh sampun damêl wara-wara kemawon, manawi botên ambobot dhatêng agêng aliting dagangan, utawi sanajana asring damêl wara-wara, manawi botên mikantuki dhatêng prêlu lan kawontênanipun, nama namung ambucal waragad ingkang botên sakêdhik kemawon. Kados ta lêpating damêl wara-wara, sagêd ugi malah damêl munduring daganganipun, saking pikantukipun botên timbang kalihan pambayaring waragad, babagan ingkang makatên, ugi prêlu kêdah dipun sumêrêpi.
Kathah kemawon ingkang gadhah pangintên, dupèh sampun kathah masang wara-wara, wani ambayar waragad kathah, nêmtokakên badhe agêng pituwasipun. Pangajêng-ajêng ingkang makatên wau, manawi dèrèng paham dhatêng cara-caranipun damêl wara-wara, pancèn asring kacelik. Awit macak wara-wara punika, botên gumantung saking kathahing wêdalipun waragad, sarta kêndêl damêl wara-wara kemawon, nanging kêdah kanthi kasagêdan, kadospundi akal utawi ubat-ubêtipun supados pamasangipun wau, mikantuki dhatêng majênging daganganipun. Têtelanipun kathah kemawon damêl wara-wara ingkang ngandhar-andhar anglawèr, ngantos nêlasakên waragad pintên-pintên atus rupiyah, nanging uwohipun kawon kalihan wara-wara ingkang cêkak mêntês, nanging pandamêlipun ukara utawi modhèlipun ngangge tatanan sarta kasagêdan.
Tiyang maos sêrat kabar, ingkang dipun prêlokakên botên wara-waranipun, nanging dhatêng isinipun sarta kabaripun, saya malih dhatêng pakabaran utawi ungêl-ungêlan ingkang botên sagêd narik manah, pamaosipun dipun sêmadosi mangke-mangke, malah tarkadhang kasupèn botên kawaos. Makatên ugi tumrapipun tiyang damêl wara-wara, pêpiridanipun kêdah botên tilar rekadaya, supados têtêmbunganipun sagêd narik manah, wujudipun sagêd damêl rêsêping paningal.
Ingkang maos sêrat kabar, botên ambêtahakên [ambêtaha...]
--- 1106 ---
[...kên] tiyang ngalêmbana daganganipun, sarta botên bêtah dhatêng tiyangipun ingkang damêl wara-wara, ingkang dipun prêlokakên anggènipun lêngganan sêrat kabar, badhe anjêmbarakên sêsêrêpan sarta ngindhakakên kawruhipun, dados kabêtahanipun beda kalihan tiyang ingkang nglêbêtakên wara-wara. Măngka angkahipun ingkang damêl wara-wara, supados wara-waranipun dipun waos. Sabab wara-wara ingkang botên dipun waos, saminipun ambucal arta ingkang tanpa tănja.
Margi saking ingkang makatên wau, sintên ingkang ambêtahakên masang wara-wara, kêdah sagêd pados rekadaya, kadospundi akalipun murih para maos sêrat kabar, salêbêtipun sakeca sawêg maos, sarana botên kajarag sagêd katarik manahipun dhatêng satunggiling wara-wara. Makatên punika jalaranipun tarkadhang katarik saking warninipun, wujudipun utawi saking ukaranipun. Inggih makatên punika ingkang dados wêwadosipun, ingkang kêdah tansah dipun udi dening para tiyang ingkang ambêtahakên damêl wara-wara wontên ing sêrat kabar lan sapanunggilanipun.
Saking kasampurnanipun sarta kasagêdanipun nata wara-wara, sagêd ngawonakên dhatêng pakabaran ingkang prêlu, ingkang jalaranipun katarik saking sagêdipun damêl wara-wara kemawon. Warni-warni sangêt rekanipun damêl wara-wara, murih murugakên damêl majêngisun , kados ta: ing salêbêtipun gambar idhup, ing papan umum sanès-sanèsipun, nyêbar wara-wara lan sapanunggilanipun.
Panunggilanipun sarana ingkang kangge ngajêngakên malih, inggih punika ingkang kawastanan ing têmbung mănca reklame (reclame). Reklame punika kajêngipun botên sanès badhe: ngatingalakên, ngalêmbana utawi mamèrakên daganganipun, supados sagêd kasumêrêpan ing ngakathah. Saking warni-warninipun damêl reklame, ing ngriki namung badhe kaandharakên sawatawis, supados sakêdhik-sakêdhik sagêd anggêpok punapa ingkang dipun kajêngakên têmbung wau.
Ing sabên sêtatsiun, kamar bolah, ing pêkên, griya kumidhèn, saurutipun margi-margi, ing kitha-kitha agêng alit, asring kapasangan gambar utawi sanès-sanèsipun, ingkang mratelakakên dhatêng dagangan sarta sêsadean warni-warni, punika inggih kalêbêt reklame.
Sabên wontên pasar malêm utawi panunggilanipun, kathah para sudagar utawi kabudidayan sanès-sanèsipun, sami mitongtonakên barangipun, sêsadeanipun utawi panggaotanipun, prêlunipun supados kasumêrêpan ing ngakathah, punika inggih kalêbêt minăngka reklame.
Panyadening daganganipun dipun sudakakên, ginantungan bêbingah (letre), nyukani lêlahanan dhatêng tiyang kathah, ngwontênakên arak-arakan tuwin sanès-sanèsipun, inggih dados reklame.
Dados punapa ingkang dipun kajêngakên sarana damêl reklame wau, pandudut manah utawi pangiming-iming dhatêng tiyang kathah, supados kapengin dhatêng punapa ingkang dipun tawèkakên, ingkang wusananipun sagêd damêl majêngipun.
Wasana namung samantên atur kula.
K.M. Sasra Sumarta.
--- 1107 ---
Ekonomi
Lombok Jêmpling utawi Jêmprit.
Sadaya tiyang tamtunipun sami ngawuningani bilih lombok punika raosipun pêdhês, munpangatipun dhatêng badan botên sapintêna, malah manawi tiyang kêkathahên nêdha lombok, padharanipun mulês, mripat ambaliyur, utawi sok ambalobok. Ing kawruh kadhoktêran, tiyang punika ingawisan nêdha lombok (pêdhês). Ananging rèhning sampun kadhung kabêkta saking kulinanipun tiyang Jawi sami nêdha lombok, inggih punika namung kangge adon-adoning bumbu olah-olahan cara Jawi, tuwin sêgêr-sêgêran nêdha sêkul (kangge sambêl), mila inggih kados wontên prêlunipun saupami bab lombok jêmprit wau kawrat ing udyana ngriki.
Ambokmanawi para maos ugi sampun asring nyumêrêpi lombok ingkang thukul ing gowok utawi tunggak-tunggakan kajêng lan kajêng growong ing rêrungkudan. Mênggah sagêdipun thukul ing panggenan ngriku punika jalaran saking dayanipun pêksi ingkang sami nêdha lombok wau, lajêng nêlèk ing ngriku, wasana thukul ngantos mêdal wohipun.
[Grafik]
Lombok jêmprit.
Dados sapunika sampun gênah saha têtela manawi gêsangipun lombok jêmpling punika botên tampik papan, saha gêsangipun sae sarana rinabuk ing têlèk pêksi utawi ayam. Pramila mênggahing pamanggih, manawi sangandhap papringan botên sagêd nanêmi bangsaning krowodan, prayogi katanêmana lombok alit kemawon, inggih punika: lombok jêmpling utawi jêmprit, impling, gambir tuwin malam utawi japlak.
Mênggah rekanipun nanêm makatên: miliha pasitèn ingkang botên bacêk kapaculana ngantos dhayung utawi mawug dipun kèndêlakên watawis ½ wulan, nuntên karabuk mawi rêrêsah kombong ayam utawi pêksi, botênipun talethong lêmbu utawi mahesa inggih sae, panyarubipun rabuk kêdah ingkang ngantos waradin saèstu, sasampunipun lajêng kakèndêlakên watawis ½ wulan malih, manawi papanipun radi wiyar prayogi kagulud, dene yèn namung sakêdhik kenging lajêng kauluran winih, [wi...]
--- 1108 ---
[...nih,] panjanging winih watawis 15 c.M. miliha ingkang saras (sae), lêting pananêm watawis ½ M. dados sampun kêkêrêpên. Prayoginipun ing măngsa kawolu (lêbaring tanêm pantun ing sabin), dados sadangunipun nahan siti paculan laminipun sawulan wau kêdah damêl papan pangipukan (papan bedhengan) rumiyin, jagèn kangge winih.
Manawi tanêman sampun umur ½ wulan ing sangandhaping wit dipun cocoh, nanging sampun ngantos adamêl pêdhoting oyodipun, yèn wontên rumputipun kêdah kadhangir, dipun aragi ngantos rêsik. Umur kintên-kintên sawulan, lombok wau sampun sêkar, têrus awoh, ngrêsiki rumputipun sangandhaping wit kêdah ajêg. Bilih ing măngsa katiga kêdah kasiram, panyiramipun ing wanci enjing utawi sontên supados botên alum. Lombok ingkang kasêbut nginggil punika manawi sampun purun awoh, botên kêndhat, dene kêndhatipun, yèn măngsa awis jawah utawi kêkathahên jawah. Pratikêl makatên punika, gêsangipun wit lombok wau sagêd ngantos umur 3 utawi 4 taun, utawi langkung. Ananging sabên ing măngsa rêndhêng rabuk wau prayogi kacolok malih, (dipun wêwahi malih), murih damêl ajêging sêgêripun wit.
Manawi sagêd makatên, têtiyang ingkang gadhah papringan punika wau sagêd pikantuk asil malih sanèsipun saking asiling dêling. Wasana namung nyumanggakakên.
Nirasa Nitiatmaja, Tumpang, Malang.
[Grafik]
Umbul Ganawêlang.
Umbul punika toyanipun kala rumiyin dados toya pangunjukan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta, nanging sarèhning sapunika toyanipun kirang sae, lajêng botên kagêm.
--- 1109 ---
Waosan Lare
Trêsna ing Wong Tuwa.
V
Sêtya dadi tawananing mungsuh.
[Pocung]
ing dhèk mau Sêtya sawise kêmu |[3] ngrasa bangêt bungah | saiki mung kari mikir | lêstari lan têtêpe gone ngawula ||
lawan sok nyut eling adhine sing katut | digawa ing brandhal | dene pêt têkan saiki | durung tau pisan-pisan olèh warta ||
yèn kapetung malah wis sapuluh taun | cêkakaning citra | gone pisahan lan adhi | kêtêmua mêsthi wis dadi wong tuwa ||
mêngko mupus tiwas-tiwas nganti kawus | ngrêrusak pikiran | tanpa kêndhat ngangin-angin | pawartane adhine sing ora ana ||
nanging gidhuh atine si Sêtya ewuh | awit loking pasar | yèn rêrusuh wiwit umrik | tansah nêmpuh mênyang desa-ingadesa ||
mula gugup ing tekade arêp ngukup | biyunge ing desa | aja tansah nguwatiri | bokmanawa nêmahi nêmu sangsara ||
banjur matur nyang lurahe sêmu kuwur | lurah kaparênga | kula badhe atêtuwi | biyung kula lan kula boyongi pisan ||
kula bingung saking botên tega biyung | nêdha botên nêdha | manawi sagêd anunggil | sampun tansah damêl manah mêlang-mêlang ||
dhèk angrungu ki sudagar mangu-mangu | arêp malangana | rumasa ewuh ing ati | awit jênêng anak trêsna ing wong tuwa ||
ning yèn entuk pancèn rada ora mathuk | awit ki sudagar | cêtha ing bab kabèh kuwi | pancèn nyata padesan lagi gegeran ||
mula banjur alon-alon awèh tutur | iya iya Sêtya | aku bangêt anjurungi | mung bêcike bok iya dipikir dawa ||
ora luput ing kandhamu kabèh turut | mung kowe ngrêtia | yèn sing bakal kolakoni | bêbasane kutut dikon nyundukana ||
wêruhanmu mêntas ana wong kêtêmu | karo aku sambat | bab kêkêndêlaning baris | panêmpuhe ora nganggo pilih măngsa ||
ngono iku mungguh saka panêmuku | bêcik sarèhêna | bèn rada têntrêm sathithik | dadi ora pisan kêparan tutuhan ||
karo besuk aku sing saguh amêthuk | kowe ora usah | dadak nganggo tilak-tilik | kêcukupe kabèh aku kang kêduga ||
Sêtya dhingkluk ing batine ora mathuk | mula nuli kăndha | nuwun ingkang pamrayogi | nanging kyai awrat mênggah manah kula ||
têmtunipun yèn pun biyung inggih sampun | kalangkung nalăngsa | kêpisah lan anak kalih | salêbêting manahipun iba-iba ||
malihipun yèn ta kula lajêng purun | têgêl anegakna | namanipun kadospundi | lan kêsupèn ing ngatasing trêsna kula ||
milanipun kula kalilana sampun | prêlu badhe ngrêbat | biyung kang sawêg prihatin | kêtungkêpa ing mêngsah măngsa-boronga ||
--- 1110 ---
saka iku lurahe kêpêksa ngaku | kasoran ing tekad | bênêre wong anglabuhi | katrêsnaning anak kang mênyang wong tuwa ||
mulane mung ora liwat amanjurung | slamête ing dalan | wêkasane Sêtya nuli | rêrikatan budhal arêp mênyang desa ||
kaya gugup kudu-kudu sêlak ngukup | mênyang wong atuwa | lali nyang bêbaya pati | ing lakune disêngka bèn enggal têka ||
nanging bingung barêng desa akèh suwung | samana dilalah | kêtêmu êmbokne nuli | prêmbèh-prêmbèh wis mèh ora bisa kăndha ||
banjur ngrangkul karo kăndha grathul-grathul | thole tulungana | aku dang gawanên ngungsi | uwakanmu Si Rana uwis dibănda ||
iki mau êmbuh bae sapungkurku | sanalika Sêtya | mak parêmpêng muring-muring | pangrasane mung wani nêmpuh bêbaya ||
nuli cancut ing lakune arêp bacut | nêdya nandhingana | mênyang wong sing ambêg drêngki | dilabuhi wani arêp tangkêp dhadha ||
nanging banjur saya usrêkan kêbawur | lakune barandhal | mak garêdêg nêmpuh wani | ana siji mak cêg anyandhak Si Sêtya ||
nanging mak pluk uwonge kêna disampluk | lagi krengkang-krengkang | banjur mak plêk disusuli | têndhang rosa lan mingêr nyotho sing liya ||
kêna ambruk dene liyane angêbyuk | nanging Jaka Sêtya | tanggon anggone nadhahi | nganti riwut mungsuhe pating karengkang ||
Sêtya liwung nganti lali karo biyung | pijêr lincak-lincak | karo plak-plêk anangani | sasêlane nepang ngrampalake uwang ||
ana mungsuh awake gêdhe apêngkuh | wêtênge balêndhang | ingkuk-ingkuk anyêdhaki | mak sut mênthung Sêtya mak sêt endha ngiwa ||
banjur ngêsuk mak cêk tangane dibêkuk | grèwèl pênthung tiba | nanging Sêtya mèh dipithing | kêtujune kêsikut wêtênge kêna ||
nganti mak nguk mungsuhe kêlumah ambruk | Sêtya malah nyêdhak | watir yèn mungsuhe tangi | ing saiki malah wani sumbar-sumbar ||
e la gêmblung la kok jêbul Si Jalêmbung | malik dadi brandhal | aku mêsthi ora pangling | dadi aku iki mau mungsuh tăngga ||
hèh dêrohun ayo tangi aja gêtun | o rupamu nyata | kaya gênjik dikêbiri | pantês bae yèn gêdhemu ora rosa ||
kono banjur akèh mungsuh padha mundur | sêmu rada samar | dene ana uwong sêkti | ora kêna dicêdhaki sawatara ||
wise mau ana manèh mungsuh maju | uwonge nonoman | sajak tanggon kaduk wani | nuli kăndha: uwis ta bêcik nututa ||
Sêtya nêsu mak parêmpêng banjur maju | anibani tangan | Sêtya lena ing pamikir | ora wêruh yèn uga uwong uligan ||
Sêtya ngangsur ambêgane saya nglantur | wis kapara sayah | mulane banjur mak ciyit | arêp băngga banjur dibyuk mungsuh têka ||
kêna dibut lan sat-sêt banjur diêrut | biyunge sêsambat | dhuh anakku priye kuwi | malah ana sing clathu: cêkêlên sisan ||
wise rampung brandhal nuli mangkat mamprung | karo surak-surak | ramene anggêgirisi | nganti gawe pêdhoting ati sing maras ||
--- 1111 ---
Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk
Bab Wêwatêkaning Satriya
V
Sêmar : Ayo Nala Garèng utawa Petruk, saiki padha ambanjurake anggone rêrêmbugan mungguhing bab watêkaning satriya. Wêwatêkaning satriya kang ăngka 5 iya iku: kudu duwe kalangênan manuk prêkutut.
[Grafik]
Petruk : Bab kiyi aku pancèn pitaya bangêt Ma, tandhane saking karême wong mênyang anggunging prêkutut, nganti banjur bisa nuwuhake gêndhing kang diarani prêkutut manggung, wah, la kuwi rasane lêr-lêran têmênan Ma, saking anglêre nganti sok bisa nglalèkake utang utawa anggone kudu bayar pajêg. Mara, Ma, jajal dak tirokne sathithik, apa iya ora anglês rasane: hê, hê, hêm, sore-sore prêkutute jaluk ngombe, jambu apa jêruk aku mèlu, apa entuk tak lela-lela anglela putrane sapa, ja ... rik lu ...
Garèng : Wis, wis, Truk, aja kok têrus-têrusake mundhak ngrusakake agama. Wong sajêrone kowe rêngêng-rêngêng mau, aku bingung bangêt anggonku ngrasakake Si Rama, apa iya lagi dhikir, apa lagi pacak gulu.
Sêmar : E, bocah kiyi, anggone sêmbrana kathik ora mari-mari. Rak iya wis dadi padataning uwong, yèn wis tuwa sok banjur buyutên, kok diarani pacak gulu.
Garèng : Masa iya, ana buyutên peranganing badan liya-liyane kathik padha melu obah, kaya ta: pundhake jêngat-jêngit, dalasan bokonge bae kathik melu jalêntrak-jalêntrik, la kuwi arane rak buyutên kabêsusan, têgêsing tuwuhing buyutên mau, jalaran saka katarik dening dayaning gêndhing prêkutut manggung. Ora, Ma, mungguh pangandikamu, satriya kudu duwe kalangênan manuk prêkutut, kuwi aku mupakat bangêt, awit ingon-ingon prêkutut pancèn kalêbu sawijining kamuktèn gêdhe tumrap wong urip ana ing donya kene. Mara pikirên bae: sore-sore lêlungguhan karo sing wadon ana ing pandhapa, ngadhêpake meja wedangan, tekone bingsing, cangkire cupon, gulane batu, tèhe cap Sêmar. Barêng prêkutute manggung, ahur kêtêkung, banjur nyandhak cangkire anyripit wedange: sripit. Mara, apa ora jênêng mukti kaya mêngkono kuwi.
Sêmar : Lho, lho, ana wêwatêkan têka banjur dilêbokake mênyang kamuktèn, pancène ngono iya nyata, yèn ngingu prêkutut kuwi sawijining kamuktèn sing mat bangêt tumrap băngsa Jawa, nanging sarèhning aku lan kowe isih akèh bangêt butuhe lan sing dipikir, apa kamuktèn mangkono [mangko...]
--- 1112 ---
[...no] kuwi ora bakal andadèkake kapitunaning uripe. Mara padha ngèlingana wêkase wong tuwa-tuwa kuna: aja padha angêntèkake kamuktèn, angèlingana anak putune. Kuwi karêpe rak iya dikon padha mikir butuhe utawa nganggoa kira-kira, sabab saupama ana apêse, sangsarane mau prasasat ditêmaha utawa digawe dhewe. Lah, yèn mangkono harak banjur sinêbut wong tuna ing budi. Saiki ambalèni wêwatêkaning satriya kang ăngka lima, yaiku: kudu duwe kalangênan manuk prêkutut, kuwi ora kok banjur atêgês ngingu manuk prêkutut, ananging: ngibarat sauni-unine anuju prana tur anêngsêmake.
Petruk : Lho, Ma, lagi anu kae kowe awèh piwulang, jare wong kuwi dipênging aja sok dhêmên anggugu ujar lêlamisan, apa kuwi kudu ditindakke wong sauni-unine anuju prana tur anêngsêmake. Jarene wong kang mangkono kuwi sok mêngku karêp kang ora kapenak, tandhane: pira kèhe wong-wong sing jalaran saka kèlu uni kang mêngkono kuwi, wusanane banjur padha didhigulake.
Sêmar : E, la, sêmbrana, kok banjur diwalik wolak grombyang, mungguh kandhamu kuwi iya ana bênêre, nanging bab kuwi gumantung ana wong-wongane, yèn sing duwe wêwatêkan mangkono kuwi pancèn wong ahli apus krama, têgêse têmbunge mau mung tumuju marang pamrih kang agawe cilaka utawa kasangsaraning liyan, kuwi atêgês kawasisaning dakjal lanat. Wong kang mangkono, wis pantêse kudu disingkiri nganti têlung atus pal dohe. Ananging yèn kaya karêpku, sing diarani: sauni-unine anuju prana tur anêngsêmake mau, ora mêngkono karêpe, ananging mangkene: sarêmbug-rêmbuge agawe lêganing liyan, gawe pêpadhang, gawe kaslamêtan lan mung dumunung pitutur utawa pikiran utama. Dadi karêpku sing bisa nuju prana tur nêngsêmake mau, ana patilasane bêcik lan slamêt.
Garèng : Hêm, kok iya angèl manèh. Barêng tak gagas-gagas têka andadèkake kodhênging pikirku, dene kok ora ana lêlakon bêcik kang ditindakake sarana kêpenake, kabèh-kabèh mêksa nganti kangelan, anggonku anggagas mêngkono kuwi, wiwit aku dilairake saka guwa garbane si biyung, nganti bisa ambrangkang, nganti bisa mlaku, nganti bisa jêlumpêt, nganti di-Islamake, nganti dirabèkake, nganti duwe anak siji, duwe anak loro, duwe anak tê ...
Sêmar : Wiyah, kok banjur gawe pêrslah tumitahe ana ing donya. Lah yèn panggawe bêcik kuwi mula wiwit kuna-makuna pancèn rêkasa lan angèl dilakoni dening wong lumrah. Upama gampanga nèh ora ana: kitab Koran, Injil utawi Torèt, apa manèh ora ana buku Wulangrèh utawi buku Wèt, awit uwong-uwonge mêsthi padha apik bêbudène kabèh. Ananging lumrahe, sing akèh-akèh mêsthi kêlimput marang panggodhaning donya. Kaanan sing gumêlar iki tumrap wong kang waskitha dadi tuladha, nanging tumrap aku lan kowe wong cobolo, dadi pangăngsa-ăngsa, [pangăng...]
--- 1113 ---
[...sa-ăngsa,] kang banjur nuwuhake rêmbug utawa gunêm lêlamisan mau, manising gunême saka anggone arêp anyukur gundhuling liyan, mula wong urip kuwi saolèh-olèh kudu sing ahli nênitèni, supaya kasinungan pikir waskitha, suwe-suwe bisa sinêbut sarjana sujana.
Kabar Warni-warni
Pêthikan saking sêrat kabar sanès.
Kapal Garut ingkang ngêmot tiyang mandhap kaji sampun dugi ing Tanjung Priuk ambêkta tiyang 850, ing Jedah taksih wontên baita 3 malih. Kapal-kapal ingkang saking Jedah sami dipun lêbêtakên karantinê ing Sabang, amargi ing Jedah tuwuh sêsakit tipus tuwin bèri-bèri. Ing salêbêtipun wontên ing margi kalih dasa dintên wontên tiyang ingkang ngajal 50, jalaran sakit utawi sêpuh. Ing salêbêtipun wontên kapal, ingkang numpak sami angsal panggenan sakeca tuwin sagêd angsal têdha tuwin toya punapadene sanès-sanèsipun kanthi gampil.
Tuwan Surya Atmaja, lulus kandhidhat iksamên bagiyan kalih ing pamulangan luhur pangadilan.
Radèn Suwarsa, asistèn wadana ing Losari, ingkang rumiyinipun jaksa sing Têgal kasêrêg ing prakawis jalaran nalika pasrah-pasrahan padamêlan dhatêng jaksa enggal, kasumêrêpan wontên kisruhan arta f 1000.- ingkang katindakakên wiwit taun 1925 dumugi 1928.
Pulisi ing Cirêbon nyêpêng băngsa Tiyonghwa ingkang badhe anggantosakên anting-anting barliyan sarakik, kintên-kintên rêgi f 1200.- barang wau kakintên asli kadurjanan gadhahanipun tiyang ing kampung Pamujudan, Cirêbon.
Kabudidayan Malabar-hoeve ing Pangalengan, Priyangan, sampun dipun tumbas ing băngsa Jêpan kangge nindakakên kabudidayan ulêr sutra. Ing ngriku wontên têtuwuhan bangsaning murbèi godhongipun alit-alit, inggih punika ingkang dados têdhaning ulêr, dipun cangkoki saha dipun lakèkakên kalihan murbèi ingkang godhongipun wiyar-wiyar, asli saking Jêpan. Lare-lare êstri Sundha dipun wulang dhatêng padamêlan punika, manawi kasêmbadan tamtu badhe dados kabudidayan agêng.
Ing bab kadurjanan ing Sêmarang, sapunika rêsèrse sampun wêwah angsal katrangan malih, cacah kadurjanan wolung panggenan, sami ing griyanipun băngsa Eropah, sarana pangrisak, ingkang nindakakên Hasan sakancanipun, tuwin Hasan ugi ngakêni prakawis kadurjanan-kadurjanan ing Medhan punapadene Surakarta, kathah barang-barang ingkang kêcêpêng.
Ing bab wangsulipun tiyang minggah haji saking Mêkah, punika sadumuginipun ing Tanjung Priuk kathah ingkang dipun papagakên ing sèh-sèh dipun papanakên ing pasipêngan ingkang botên prayogi, tur wragad langkung awis tinimbang sipêng wontên ing hotèl. Patraping sèh wau ugi kagolong bangsane ngapusi, awit punapa cariyosipun ingkang damêl sênêngipun tiyang ingkang dipun papag, sadaya botên nyata.
Badhe pandamêling gêdhong guprênur ing Surabaya sampun karancang waragadipun f 790.000, saha rancangan wau sampun dipun aturakên dhatêng Batawi, nanging dhirèktur B.O.W. mrayogèkakên supados kasuda, langkungipun saking f 700.000 sampun kathah-kathah.
Tuwan A.K. Pringgadigda mêntas lulus iksamên dhoktor pangadilan, wontên ing nagari Walandi.
Wontên pawartos, benjing dintên wiyosan dalêm Sri Bagendha Kangjêng Raja Putri, Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, putri dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta, badhe ngêdali bêksa srimpi wontên ing gupêrnuran Surakarta.
Benjing wulan Agustus ing Ngayogya saèstu badhe dipun wontênakên kantor urusan panggaotan ambabar lan damêl sinjang, saking panyuwuning ngakathah dhatêng pamarentah, kantor wau supados dipun êdêgakên wontên plataraning tangsi sisih kidul kilèn, salèr kantor bang.
Kasêbut ing sêrat kêkancingan saking paduka tuwan gupêrnur ing Ngayogya, samăngsa Radèn Dwijasewaya kèndêl saking anggèning dados warga Rad Kawula sarta dados gêdhêlêgirdhên, măngka dèrèng kaangkat malih, punika sadèrèngipun angsal padamêlan, angsal kamirahan arta paring dalêm Kangjêng Sultan, sabên wulan f 50.-.
Pabrik gêndhis ing Bêdhawung, Băndawasa, mêntas ambikak poliklinik, kathah para agêng ingkang rawuh anjênêngi pambikakipun.
Sarèhring griya sewan gêmintê ing Bandhung sampun mèh kêbak dipun ênggèni ing tiyang, mila gêmintê badhe ngadani damêl griya malih, sagêd ugi rampung ing salêbêtipun taun 1929.
--- 1114 ---
Ingkang Sinuhun ing Surakarta têdhak dhatêng tanah wetan, nitih sêpur sênèl sadumuginipun ing Majakêrta nitih mobil dhatêng Pasuruan, Tosari, Probolingga tuwin Băndawasa. Kondur dalêm badhe rawuh mriksani patilasan karaton Majapait ing Trawulan.
Pakêmpalan Muhamadiyah golongan pangajaran ing Batawi, mêntas adamêl parêpatan kalihan para têtiyang sêpuhing murid wontên ing Kramat, ngrêmbag prakawis wulangan tuwin bab panggulawênthah, ing ngriku ugi ngrêmbag bab ancas badhe ngêdêgakên pamulangan Mulo, kintên-kintên sagêd kalampahan wontên ing taun 1930. Para tamu ugi dipun acarani mriksani kawontênaning sêkolahan tuwin griya pamondhokan.
Golonganing băngsa pangajaran sawatawis ing Batawi, gadhah sêdya ngawontênakên Taman Pustaka, manggèn wontên ing Indonesische Clubgebouw ing Kramat. Mistêr Sunarya tuwin Tuwan Saerun ugi tumut ambiyantu. Ing sapunika sampun sagêd anglêmpakakên arta f 400.- kajawi punika ugi wontên ingkang badhe paring kadarman buku. Ing wiwitan sampun sagêd ngawontênakên buku 300 iji, ingkang kathah buku-buku prakawis ekonomi.
Tuwan L.A.J. de Haas amtênar topograp ing Malang, mêntas kapriksa ing rad pan yustisi ing Surabaya, kadakwa natoni tiyang, karampunganipun kaukum dêndha f 50.- piyambakipun dèrèng narimah, lajêng apèl dhatêng pangadilan luhur, wusana tampi karampungan, dakwa katêtêpakên kaukum kunjara tigang dintên.
Tuwan Tonneyck wakil guru klas 1 lan kapala guru ing pamulangan Walandi andhap ing Kêndhal, dipun tindakakên prakawisipun ing bab arta. Ingkang dados wigatosipun ingkang prêlu, botên prakawis arta, nanging bab wontêning tindakipun salingkuh.
Pambantu Kajawèn ing Tumpang martosakên, kala ing tanggal 14-7'28 ing Tumpang katawis wontên jawah awu nanging botên sapintêna, kakintên saking rêdi Sêmèru. Mila kathah têtiyang sami watuk, dene ing tanggal 19-7'28 jawah toya sawatawis.
Wiwit tanggal 1-7'28 ing Tumpang sampun botên wontên kontroliripun, dene ing Malang wiwit titi măngsa punika sampun miwiti tumindakipun ewah-ewahan priyantun. Inggih punika ing Malang wontên residhèn 1 asistèn residhèn B.B. kalih saha A.R. van Politie satunggal.
Ada-ada bab badhe wêdalipun kalawarti Jangêt, ingkang dipun adani dening Tuwan Dhoktêr Sukiman, Mistêr Suyudi, Tuwan Rujita, Driyawăngsa tuwin Tejasumarta, sakawit gadhah sêdya badhe sade andhil, nanging sarèhning prêlu badhe gadhah pangêcapan piyambak, bab wau kasandèkakên, saha badhe tumbas pangêcap anggêntosi pangêcapan asli gadhahanipun pakêmpalan P.K.I. ing Surakarta, ingkang sapunika dados gadhahanipun Kaji Anwar ing Ngayogya, pambayaripun sarana nicil, saha katanggêl dening Mistêr Suyudi tuwin dhoktêr Sukiman. Bilih kasêmbadan, dhoktêr Sukiman tuwin Tuwan Rujita katêtêpakên dados dhirèktur, Mistêr Suyudi up redhaktur, tuwin Tuwan Tejasumarta pêr Anwur dhêlêk redhaktur.
Sarêng guru-guru dhusun ing kasultanan Ngayogya angsal indhakan balănja, para juru sêrat pangrèh praja ugi sami gadhah usul nyuwun indhakan balănja, nanging kados badhe botên sagêd kalampahan, awit golongan juru sêrat punika gadhah pangajêng-ajêng minggah pangkat.
Mas Suparwi, Adj. Gouv. Veearts kaparêngakên anglajêngakên sinau dhatêng pamulangan luhur dhoktêr kewan ing Utrecht.
[Grafik]
Ing Gorontalo punika kathah rêdi-rêdinipun ingkang manglung sagantên, mila pinanggihipun wontên ing sawangan sagêd adamêl sêngsêm, kados pêpindhaning rêdi angilo ing paesan.
--- 1115 ---
Wêwaosan
Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.
60
Pêjah kalirên.
Botên watawis dangu wontên rencang-rencang dhatêng malih, ambêkta têtêdhan ingkang langkung eca tinimbang sop, têtiyang wau ngirid satunggaling dhoktêr. Kula sadaya lajêng pitakèn warni-warni, nanging botên dipun wangsuli. Bokmanawi tiyang wau tampi prentah botên kenging wicantên punapa-punapa, makatên ugi têtiyang wau ambêkta toya kangge rêrêsik, utawi waja balebekan, ingkang dening têtiyang Abati dipun pigunakakên kangge pangilon, wontên ing pangilon ngriku kula sagêd aningali warni kula sadaya ingkang anggêgilani saha kêmpong, rai kula sadaya wau kêtingal dados tandhaning tiyang mêntas luwar saking bêbaya kalirên.
Ananging sanadyan têtiyang Abati ingkang anjagi kula sadaya punika botên cariyos punapa-punapa, ewadene jalaran saking solah-tingkahipun, sagêd katingal bilih kula sadaya wontên salêbêting bêbaya agêng. Têtiyang wau anggènipun ningali dhatêng kula kadosdene kucing ningali tikus, samăngsa mêdal lajêng dipun tubruk, kajawi punika, Roderick ingkang pamirêngipun landhêp, mirêng wicantênaning têtiyang Ababti kêkalih pating klêsik wontên ing jawi, mênggah wicantênanipun wau makatên:
Kapan rampunge panjagaku kabèh marang asu-asu buda iki. Ingkang dipun takèni mangsuli: Saikine durung ana karampunganing rad, kiraku bae sesuk utawa suk êmbèn, manawa wong-wong kae wis kuwat. Wah bakal ana tontonan gêdhe têmênan.
Sontênipun, sasêraping srêngenge, kula mirêng panjêlihipun rakyat Abati makatên: Kaparingna têtiyang buda punika, anggèn kula sadaya ngêntosi sampun sayah. Têtiyang wau wêkasanipun dipun usir ing para prajurit.
Kula sadaya lajêng sami rêrêmbagan, lan karampunganing rêmbag wau kula botên sagêd punapa-punapa. Kula sadaya botên anggadhahi mitra satunggal-satunggala, kajawi sang putri, dene sang putri wau kêtingalipun inggih dipun lawan botên beda kula sadaya. Ingkang punika sang putri inggih lajêng botên sagêd pasrawungan kalihan kula sadaya, kula sadaya botên sagêd nyumêrêpi, kadospundi ing têmbe badhe karampunganipun, lan botên gadhah pangajêng-ajêng babarpisan sagêdipun linuwaran saking bêbaya punika.
Higgs wicantên sêmu ngênês: Wah iki ora gawe sênêng, malah luwih susah, saupama aku kabèh iki padha matia ana growongan sangisoring lêmah, kuwi rak luwih bêcik tinimbang dipatèni dening rêrêgêding wong Abati.
Iya. Makatên wicantênipun Olivier angangluhakên sang putri. Anane si kewan-kewan kang anjijèni kae nguripi aku kabèh, prêlune arêp ngukum pati aku kabèh, jalaran dianggêp kaya wong-wong laku cidra.
Kula awicantên: Padha rungokna mitra-mitraku, ing kene aku isih simpên apa-apa yèn ana kêpèpète, sanalika kula lajêng ngêdalakên satunggaling gêndul alit, ingkang isi pil racun sawatawis, saha lajêng kula sukakakên mitra-mitra kula nyatunggal, kula nuntên anglajêngakên wicantên kula makatên: mungguh wêlingku saiki mangkene, samăngsa ing têmbe kowe sumurup, yèn kowe bakal dikaniaya utawa sarana liya-liyane manèh, kowe banjur enggal nguntala pil mau bae, kaya dene kang arêp tak niyatake iki, prêlune bisaa luwar saka panganiayane wong-wong Abati.
Propesor Higgs awicantên: O, iya, kăndha ngono gampang bae, ananing salawase aku durung tau nguntal pil tanpa banyu, lan kewan-kewan kae ora bakal nguwèhana banyu mênyang aku kabèh, ewadene ya bèn pile tak sêrote bae. Hêm, saupama isih ana bêgja sing nêkani, lan saupama isih ana kabêgjan sapisan êngkas kang tumiba ing awakku kabèh.
Sampun langkung tigang dintên, ewadene pangajêng-ajêngipun Higgs wau botên kalêksanan, malah kosokwangsulipun, kabêgjanipun nyingkiri dhatêng kula sadaya. Kula sadaya angsal têtêdhan eca saha migunani, ingkang anjalari kêkiyatan saha kasarasan kula sadaya punika enggal wangsul, botên kadosdene pangintên-intên kula.
Ewadene gagasan kula, kula sadaya botên gadhah pamanahan manawi badhe sami pêjah. Pamanahan ingkang makatên punika tuwuhipun bokmanawi jalaran saking kathah lêlampahan-lêlampahan, ingkang sampun sami linampahan kula sadaya wau, cêkakipun kula sadaya sami nêdha kanthi sêsakecanipun, angasokakên badan wontên papan ing nglêbêt ngriku tuwin nindakakên punapa kemawon, prêlunipun supados enggal angwangsulakên kêkiyatan, ingkang prêlu sangêt kangge kula sadaya wau. Namung Olivier Orme kêtingal susah sangêt, awit piyambakipun tansah ngraosakên dhatêng kawontênanipun [ka...]
--- 1116 ---
[...wontênanipun] sang putri, lan tansah inggih kèndêl angraosakên sang putri, kosokwangsulipun anak kula, kêtingalipun ayêm piyambak, sampun pintên-pintên taun piyambakipun tansah amêng-amêngan nyawa, dados kawontênan ingkang kados makatên punika inggih botên adamêl aliting manahipun.
Wicantênipun Roderick asêmu bingah: Sadaya-sadaya wau wêkasanipun badhe sae, bokmanawi sang putri piyambak ingkang badhe ngêdalakên kula sadaya saking baya pakèwêd punika, sang putri punika bantêr, manawi dipun cêpêng ing Pangeran Josua tamtu badhe sagêd dipun kipatakên, bokmanawi kemawon kadadosanipun ing têmbe badhe botên makatên.
Kula pitakèn: Lho, kapriye mungguh panêmumu Roderick.
Roderick amangsuli: O, kula botên sumêrêp, kintên kula kemawon têtiyang Fung tamtu badhe dhatêng. Awit mênggahing lêlampahanipun têtiyang Fung rak dèrèng rampung, punika mêsthi badhe wangsul mriki, pangajêng-ajêng kula, mugi têtiyang Fung wau sampun ngantos ambêkta bojo kula, ananging kula sadaya samangke harak dèrèng pêjah, angsal têdha ingkang eca-eca tuwin ngasokakên badan kanthi sêsakecanipun saking growongan sangandhaping siti punika.
Enjingipun dhawahing dintên ingkang ngrampungi badan kula sadaya.
Nalikanipun kula sadaya sawêg kemawon rampung anggènipun sami sarapan, ujug-ujug korinipun dipun wêngakakên, saha wontên prajurit sawatawis ingkang lumêbêt ing ngriku, sami amangangge kados sacaraning abdinipun Pangeran Josua, para prajurit wau dipun pandhegani satunggiling upsir, ingkang lajêng suka prentah supados kula sadaya ngêtutakên dhatêng piyambakipun.
Orme apitakèn: Kula sadaya badhe kairid dhatêng pundi.
Upsir wau mangsuli kanthi kasar makatên: Prêlune diirid ajêng kon ngrungokake karampunganing rade sang putri, prakara anggèn sampeyan êmpun mêjahi ing para kawulane sawatawis.
Higgs wicantên: Yèn ngono ya kêbênêran, yèn sing dadi pangarsane pangadilan sang putri piyambak, kêna tak pasthèkake yèn aku kabèh padha linuwaran saka paukuman, sanadyanta luware mau jalaran saka dayane si Orme.
Kula lajêng ambisiki Higgs makatên: Kowe aja banjur buru-buru mêsthèkake mangkono, kaanane saiki iki nyalênèh bangêt, lan pikirane wong wadon iku sok molah-malih.
Adams. Makatên wicantênipun Higgs sarana nyorotakên bêlinging kaca mripat dhatêng kula, yèn kowe duwe ratu kang kaya ngono, kowe mêsthi dadi mungsuhku, panggalihane sang putri ora bakal molah-malih, gagasanmu kang kaya mangkono iku, kêna tak arani pangina gêdhe, aja nganti Orme krungu kang kaya mangkono kuwi, apa kowe lali yèn sang putri iku kasmaran bangêt marang si Orme.
Kula amangsuli: Ora, ananging aku uga sumurup yèn Pangeran Josua iku kasmaran bangêt marang sang putri, lan saiki sang putri dadi tawanane Pangeran Josua.
XX. Karampunganing rad saha sasampunipun.
Wontên ing nglêbêt papan tahanan kula sadaya dipun jèjèr-jèjèr saha kakêpung prajurit rangkêp, kadosdene gagasan kula sadaya, prêlunipun sampun ngantos minggat, ananging botên watawis dangu malih kula sadaya lajêng sami mangrêtos, bilih pajagèn ingkang makatên wau prêlunipun kangge anjagi supados kula sadaya sampun ngantos karangsang saha dipun picis ing rakyat Abati. Samargi-margi saking papan kula tahanan ngantos dumugining papan pangadilan, inggih punika papan gêgêntosing karaton ingkang sampun kêbêsmi, kathah tiyang sami rubung-rubung sêmu ngontog, sami ajêlih-jêlih nêdha êrah kula sadaya, malah têtiyang èstri ingkang panganggenipun pèni-pèni tuwin lare-lare sami ngidoni dhatêng kula sadaya, rainipun sami kêtingal mangar-mangar jalaran saking nêpsunipun.
Kula sadaya lajêng dumugi ing pangadilan, ing ngriku para pangagênging agami sawêg sami mriksa prakawis-prakawis piawon. Kula sadaya lajêng kairid langkung sangajênging para luhur tuwin para prajurit, ingkang salêbêtipun kula sadaya sawêg langkung wau sami amêmoyok, saha lajêng dumugi papaning pangadilan, ingkang kala punika sampun kêbak têtiyang ningali, lampah kula sadaya sami ngênêr dhatêng têngah, ing ngriku dipun sadhiyani panggenaning pasakitan tuwin adpokatipun, dene ing sawingking ngriku mèpèt tembok, palênggahaning juru pangadilan.
Ingkang lênggah ing parêpatan ngriku wontên warga gangsal malah satunggaling warga wau Pangeran Josua, dene ingkang lênggah ing têngah-têngah minăngka pangarsaning pangadilan, sang putri, kala punika mangagêm pangagêman kaprabon, tuwin wadananipun dipun kudhungi.
Sukur ing Pangeran dene panjênêngane sang putri isih sugêng. Makatên garundêlanipun Orme.
Higgs awicantên: Iya, ananging kêna apa panjênêngane lênggah ana ing kana, panjênêngan-panjênêngane rak kudu lênggah ana ing bangku papaning para pasakitan.
(Badhe kasambêtan)
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
1 | Kurang satu suku kata: Wawarahe aksara wa. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: tharikane aksara tha. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: ing dhèk mau Sêtya sawise kêtêmu. (kembali) |