Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-20, #564
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-20, #564. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1930-09-20, #564. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 76, 25 Rabingulakir, Taun Jimawal 1861, 20 Sèptèmbêr 1930, Taun V
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50. Bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.
Ngobrol ing Dintên Sabtu
Bab icaling gugon tuhon, pangaji-aji lan sasaminipun.
Cara-caranipun băngsa Jawi ngudi dhatêng kamajêngan nyara kilenan, punika samangke sampun kenging dipun wastani: nyamlêng. Botên ngêmungakên, bilih kathahipun têtiyang Jawi ingkang cas-cus, sagêd cara Walandi, sampun bal-balan, nanging sapunika malah wontên ingkang sampun sagêd anggayuh kawruh kilenan ingkang mêncit piyambak, kados ta: propesor, sanadyan sapunika sawêg wontên sapêthil, insinyur, dhoktêr, adpokat, lan sasaminipun.
Mênggah wontênipun têtiyang Jawi sami ngudi dhatêng kawruh kilenan punika, sajatosipun agêng sangêt bathinipun. Botên ngêmungakên sagêd mindhak kawruhipun kemawon, nanging jalaran saking dayaning kawruh kilenan wau ugi sagêd anjalari ewahing wêwatêkanipun, upami lajêng: mindhak kêndêl, têbih saking manah gugon tuhon, nyuda dhatêng watak pangaji-aji, kados ta dhatêng wêsi aji, papan ingkang dipun anggêp angkêr lan sasaminipun, ngirangi watak andhap asor ingkang kêladuk, botên gumun dhatêng barang ingkang dipun cariyosakên anèh, makatên sapiturutipun. Măngga sami dipun andharakên saking satunggal mênggah bathining watak ingkang makatên wau.
Mindhak kêndêl, ingkang jalaran saking dayaning kawruh kilenan. Sajatosipun, watak ajrih lan jirih punika kabêkta saking botên sumêrêp utawi botên mangrêtosipun. Upaminipun: sawênèhing tiyang, lumêbêt wontên ing rèsturan, ingkang katingalipun: rêsik, gêmrining, punika ajrih. Ajrihipun wau, botên sabab kuwatos yèn botên sagêd ambayar, nanging sabab saking botên sumêrêpipun, dipun kintên bilih rèsturan ingkang makatên punika ngêmungakên kangge para Walandi, priyantun, lan sasaminipun. Nanging manawi sampun kaping kalih utawi kaping tiga lumêbêt mriku, inggih lajêng ical raosing manah ajrih wau, sarta lajêng anggadhahi ucap-ucapan makatên: yak, aku kiyi nèk ora mangan nang rèsturan kana kae, atiku kok ora marêm.
Makatên ugi tiyang ajrih dhatêng băngsa Walandi upaminipun, punika sababipun botên sanès, inggih jalaran saking botên sumêrêpipun, dipun wastani, bilih sadaya Walandi punika mêsthi: tukang mabuk, tukang mêrdhom, lan sasaminipun. Sarta botên pisan-pisan gadhah pangintên, bilih băngsa Walandi ingkang sok makatên punika, sajatosipun băngsa Walandi ... klas menda, têgêsipun: bangsaning Walandi urakan. Nanging băngsa Walandi ingkang sugih kawruh, asal, tuwin pangajaran, inggih alus tur jatmika, trêkadhang malah sok purun mitulungi barang.
Dados atur kula ing ngajêng, bilih kawruh kilenan sagêd ngindhakakên kêkêndêlanipun têtiyang Jawi, punika rumaos kula kados inggih lêrês, jalaran, margi saking kawruh kilenan wau, botên ngêmungakên tiyang Jawi lajêng sami sumêrêp kawruh-kawruh kilenan, ingkang sungil-sungil sarta ingkang gawat-gawat, nanging ugi nyumêrêpi kawontênanipun băngsa kilenan ingkang sawèntèh-wèntèhipun. Têgêsipun: [Têgêsi...]
--- 1212 ---
[...pun:] lajêng sagêd nyumêrêpi, bilih băngsa kilenan punika: wontên ingkang pintêr, nanging ugi wontên ingkang bodho, wontên ingkang unggul budinipun, nanging ugi wontên ingkang asor sangêt, ngantos purun this-thisan turut kampung, makatên ugi sagêd nyumêrêpi, bilih băngsa kilenan punika wontên ingkang alus, nanging ugi wontên ingkang kasar ngungkuli wataking dênawa. Ing sarèhning kawruh sadaya wau sakêdhik-sakêdhik sampun sagêd anyakup, dados prasasat botên wontên prakawis ingkang dipun rikuhi, rak inggih layak kemawon, manawi kakêndêlanipun lajêng mindhak.
Nanging emanipun, dene sawênèhing para mudha, ingkang sampun anyakup dhatêng kawruh kilenan wau, sok wontên, ingkang anggènipun ngêcakakên kakêndêlanipun kanthi tanpa dugi-dugi, ingkang anjalari: para Walandi lajêng sami ewa, lan bangsanipun piyambak sami kirig-kirig. Awit ing ngriku lajêng namung ngêgungakên kapintêranipun kemawon, kanthi botên ngèngêti, bilih băngsa kilenan punika ugi anggadhahi unggah-ungguh, tatakrama tuwin udanagara. Dipun kintên manawi sampun sagêd mungêl: dhah, mênir, utawi: nit tuwin ya wèl, ya wèl sampun cêkap, sarta inggih lajêng kenging nyak-nyakan kemawon. Lo, manawi makatên punika, ingkang dipun tiru rak lajêng sanès băngsa kilenan ingkang pantês dipun tiru ing băngsa kula sadaya, nanging băngsa kilenan klas êmbèk kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng. Lan malih tiyang ingkang makatên punika, inggih lêrês dipun wastani: pintêr, nanging pintêripun wau clola-clolo tanpa tatacara, punapa malih manawi dhatêng caranipun piyambak ngrumaosi sampun kasupèn, punika clola-clolonipun mawi dipun lanjari: clila-clili.
Samangke kawruh kilenan ingkang adamêl sudaning manah gugon tuhon, salêrêsipun makatên, botên amung ing kawruh kilenan kemawon, sanadyan ing agami pisan ugi ngêwrat piwulang-piwulang ingkang manawi dipun wigatosakên yêktos, ugi sagêd anjalari sudanipun gugon tuhon. Kados ta: piwulang ingkang nyariyosakên bilih mêmêdi punika salêrêsipun botên wontên, lan wontênipun tiyang dipun ajrih-ajrihi ing mêmêdi punika, sajatosipun tuwuh saking angên-angênipun piyambak.
Ewasamantên mênggahing pamanggih kula, botên amung gumantung saking ungguling kawruh kilenan utawi mantêping anggènipun nindakakên agaminipun, nanging ugi gumantung dhatêng kaantêpaning manahipun. Tandhanipun kula piyambak gadhah pitêpangan ingkang sampun unggul sayêktos kawruhipun kilenan, sarta kêrêp sangêt nyariyosakên, bilih mêmêdi punika botên wontên, nanging ing satunggiling dalu, sarêng piyambakipun piyambak kapêksa kêdah lumampah anglangkungi pakuburan ingkang dipun kabarakên kathah mêmêdinipun, jêbul lumajêng sipat kuping kanthi cincing-cincing sanginggiling dhêngkul, rumaosipun, bilih mêmêdi punika ajrih kalihan tiyang ingkang cincing.
Sapunika kawruh kilenan ingkang nyuda dhatêng watak pangaji-aji, upaminipun dhatêng wêsi aji, papan ingkang angkêr lan sasaminipun. Bab punika botên prêlu dipun jalèntrèhakên kanthi panjang. Băngsa kilenan umumipun pancèn botên pitados dhatêng wêsi aji utawi papan angkêr, makatên ugi botên purun angaji-aji dhatêng tatacara kina, ewasamantên ing ngriki kula badhe nyariyosakên sakêdhik wontênipun tatacara kina, ingkang dumuginipun samangke dening băngsa Inggris, inggih punika salah satunggiling băngsa Eropah ingkang majêng sangêt, taksih dipun tindakakên.
Ing parêpatan Lagerhuis - manawi wontên ing tanah Jawi ngriki bokmanawi punika bangsaning polêksrad - pangarsanipun têmtu nyêpêng sawarnining têkên mawi krun, ingkang dening băngsa Inggris dipun wastani mace. Wiwit kina makina cara makatên wau tansah dipun tindakakên ngantos dumuginipun dintên samangke. Miturut adat tatacara ngriku, manawi pangarsa sampun ngasta têkên wau, sadaya warga wajib ambangun turut, sintên ingkang ambăndakalani, punika dipun wastani: botên mangrêtos adat, botên tata lan sasaminipun. Dados ing ngriku cêtha, bilih pangarsaning Lagerhuis punika, manawi sampun ngasta têkênipun wau, inggih sayêktos agêng sangêt panguwasanipun, kosokwangsulipun, manawi têkên wau kaglethakakên, sanalika punika panguwasaning pangarsa inggih lajêng ical. Kathah tuladha-tuladha ingkang nelakakên agênging pangaji-ajinipun băngsa Inggris dhatêng tatacara kina wau, nanging badhe kêpanjangên obrolan kula, manawi kula aturakên ing ngriki sadaya, amila inggih namung kula punggêl samantên kemawon, ing ngriki kula namung badhe ambuktèkakên, sanadyan băngsa Eropah pisan, inggih mêksa taksih wontên tatacara kina, ingkang dumuginipun dintên samangke taksih dipun aji-aji.
Jalaran saking dayaning kawruh kilenan wau, samangke pancèn sampun kathah para mudha Jawi ingkang sampun suda pangaji-ajinipun dhatêng: wêsi aji, lêlampahan ingkang anèh-anèh, tatacara kina, papan angkêr lan sasaminipun. Malah wontên ingkang wicantênipun sampun botên pitados babarpisan. Nanging lairipun punapa inggih pancèn cocog kalihan kabatosanipun, hla, punika taksih nama satunggilipun pitakenan. Buktinipun:
Kula gadhah kănca, ingkang kenging dipun wastani sampun tigang prapat Walandi, omongipun sampun botên pitados babarpisan kalihan lêlampahan-lêlampahan ingkang botên lumêbêt ing nalar wau. Satunggilipun wêkdal mirêng kabar, yèn wontên tiyang dipun surupi dening Radèn Bagus Cêmêthi. Sanalika punika kănca kula wau kula ajak ningali, inggih lajêng sagah, lan wontên ing margi piyambakipun tansah sumbar-sumbar makatên: Hêh, wong Jawa ki pancèn kakehan prêtèngsèng, rak iya ora klêbu nalar babarpisan, ana wong têka kêsurupan dhêmit kang jênêng: Dèn Bagus Cêmêthi. Wong dhêmit kuwi rak ora ana. Dilalah, sarêng dumugi ing ngajêngipun tiyang ingkang kasurupan wau, kănca kula dipun aruh-aruhi dening ingkang kasurupan makatên: He, Amad, ana apa kowe têka mrene. Kala punika kănca kula têka lajêng biru kêcu, dene wangsulanipun krama, thik malih [ma...]
--- 1213 ---
[...lih] gurawalan: bê ... bê ... bê ... botên, dê ... dê ... Dèn Bagus Cê ... Cê ... Cêmêthi. Lo ingkang makatên punika punapa jalaran saking botên pitados, punapa sakêdhik-sakêdhik taksih wontên dhasaripun pitados, hla, punika kula namung nyumanggakakên dhatêng para maos.
Minăngka mungkasi obrolan kula punika, samangke kula badhe ngaturakên, kawruh kilenan ingkang ngirangi andhap asor ingkang kêladuk. Mênggah sudaning patrap andhap asor ingkang kaladuk, punika kula lair batos pancèn inggih cocog, namung panuwun kula, ingkang gadhah ada-ada ing bab punika wau, inggih kêdah ingkang sagêd nêtêpi punapa ingkang dados idham-idhamanipun. Têgêsipun, anggènipun gadhah ada-ada makatên punika, sampun salaminipun dados êlêpsêkripêr utawi juru sêrat kemawon, nanging sarêng dados asistèn wadana ngraosakên dipun sêmbah dening para lurah, lajêng manggut-manggut, ing batos: We, hla, kok gurih ya, wong disêmbah kiyi. Lo, sampun makatên, sanadyana dados bupati pisan, ada-adanipun wau malah saya dipun kêncêngakên. Manawi para ingkang sami botên nocogi dhatêng tatakrama ingkang kaladuk wau, ada-adanipun anggèning badhe ngewahi tansah ajêg kemawon, lan pangkat luhur ingkang dipun sambutakên dening ingkang Kuwasa, botên adamêl mêndêming sariranipun, kula pitados, yèn ing têmbe mêsthi badhe sagêd kalêksanan saèstu. Nanging angèlipun wontên ing donya, dene dipun sêmbah, dipun dhodhoki punika kenging dipun ibaratakên: sèwu enak, sèwu kêpenak, sèwu sêgêr, didadèkake siji.
Pênthul.
Kagunan Jawi
(Sambêtipun Kajawèn nomêr 54)
Sêkar Surarêtna, la 12, pê 4-8, dhawah Ginonjing, pe, pa, barang
[Notasi]
Lajêng katampèn ing gêndhing Lagu geronganipun kados ing ngandhap punika.
[Notasi]
Ginonjing punika sanèsipun, pe, pa, barang, ugi kenging, inggih punika kadamêl salendro, pa, manyura, gongipun sami jăngga 2.
[Notasi]
Sêkar Rêtnamulya, la, 12, pê, 4, 4, 4, dhawah ladrang Sriwidada, pe, pa, barang.
[Notasi]
Lajêng katampèn ing gêndhing Lagu geronganipun kados ing ngandhap punika.
[Notasi]
Sêkar Madurêtna, la, 12, pê, 5,7, dhawah ing gêndhing Lobong, sle, pa, manyura.
[Notasi]
Lajêng katampèn ing gêndhing Lagu, geronganipun kados ing ngandhap punika, ciri [S sindhèn, èstri H]
--- 1214 ---
Wara-wara badhe wêdalipun Kajawèn mawi kawêwahan waosan lare, sayêktosipun namung nyariyosakên: isinipun nênarik manah, tur: rêginipun mirah.
Nanging manawi botên lêngganan, panggalih badhe growah.
Cêkakaning atur: Arta f 1.50 (kalih têngah) ingkang kakintunakên sapunika, badhe dados bingahing putra.
--- 1215 ---
Raos Jawi
Cocoging Raos.
Tiyang punika pakarêmanipun beda-beda, upaminipun ing bab têdha, pamirêngan, sawangan tuwin sanès-sanèsipun. Upaminipun tiyang ingkang karêm pêpêdhês, sagêd ngêlêm dhatêng sumêlèting lombok, kosokwangsulipun tiyang ingkang botên doyan, botên ngêmungakên botên purun nêdha kemawon, malah taksih mawi ngawontênakên pamada barang, makatên salajêngipun. Dados tumrap tiyang ingkang doyan pêdhês wau, têgêsipun cocog dhatêng raosing lombok. Dene tumraping pamirêngan utawi sawangan, kados ugi makatên.
[Grafik]
Al Jolson tukang mênyanyi băngsa Aprikah ingkang misuwur.
Ing nginggil wau nama sawêg raos ingkang taksih kêgolong kasar, dene alusipun, inggih punika raos lêbêt. Gampilanipun raosing manah, tumraping tiyang sami tiyang, manawi mêmanahanipun cocog, kenging dipun wastani cocog raosipun.
Mênggah cocoging raosipun tiyang, punika kenging kagêrba jalaran saking cocoging wêwatêkan, mila saupami tiyang mardi dhatêng tiyang sanès badhe nocogakên kalihan tiyang sanèsipun malih, inggih lăngka sagêdipun kalampahan, kajawi ingkang pancèn sampun cocog dhêdhasaraning wêwatêkanipun. Bab punika, tiyang sagêd nitik dhatêng lampahing jêjodhoan, kados punapa pamardining tiyang sêpuh murih anakipun rukun anggènipun jêjodhoan, nanging manawi pancèn botên condhong, inggih tansah bêngkrik kemawon, tanpa kêndhat tansah pabên, dene jalaranipun botên sanès, inggih saking botên cocog raosipun wau.
Tumrapipun jêjodhoan, punika pancèn angèl sangêt, mila wontên ucap-ucapan, jodho punika saking kaparênging Pangeran, tiyang botên sagêd andamêl. Têtêmbungan makatên wau manawi dipun raos, pancèn lêrês, mênggahing kajêngipun botên ing bab anggènipun anggathukakên, nanging ing bab gathuking pamanahan, inggih ing bab cocoging raosipun manah.
Caraning kina, kojuring tiyang jêjodhoan, dening pamilihipun kawêngku ing tiyang sêpuh, tur botên tiyang sêpuh badhe nglorobakên anak, nanging sarèhning jodho punika gêgayutan cocoging manah, mila inggih asring pinanggih sulaya. Nanging tumraping jalêr ragi gadhah pamênang sakêdhik, awit sagêd nindakakên pamilih. Mênggahing kalimrahan,
--- 1216 ---
bakunipun milih warni, mila kojur sangêt mênggahing tiyang èstri, babarpisan botên sagêd ngawontênakên pamilih, saya tumrap ingkang kuciwa ing warni.
Dangu-dangu jamanipun saya majêng, ngakal budining para mudha ingkang badhe jêjodhoan sagêd nindakakên panglèlèr, têgêsipun sagêd sami nyumêrêpi wêwatêkanipun, bilih tiyang sêpuh kantun rumojong kemawon.
Sayêktosipun tiyang ngantos kêkilapan dhatêng kajênging jodho, têgêsipun cocoging raos, upaminipun tiyang sumêrêp tiyang jêjodhoan, ingkang èstri ayu, nanging ingkang jalêr awon, makatên kosok-wangsulipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika namung adamêl gumun, dene ingkang mênang sawangan têka purun anglampahi. Kasupèn manawi rukunipun jalaran saking cocoging raos.
Tumraping băngsa Jawi, kêtariking raosing tiyang sanès, limrahipun namung wontên ing warni, awis ingkang katarik saking sanès-sanèsipun. Nanging tumrapipun băngsa Eropah, bakunipun ingkang dados daya panarik tuwuh saking kalangkungan, dene kalangkungan wau warni-warni, wontên ingkang tuwuh saking karosan, upaminipun juru boksên, wontên ingkang saking swara, upaminipun juru manyanyi. Mênggah kalangkunganipun wau ugi sagêd anjalari manggih kamulyan. Ing karangan punika wontên gambaripun băngsa Aprikah nama Al Jolson, mênggahing wujud, tumrap ingkang sanès băngsa, tamtu araos gila, ananging kauningana, tiyang wau juru manyanyi, saening swaranipun anggêgirisi, ngantos dados kondhanging kidung, wêkasan sagêd manggih kamulyan, sarana saking swaranipun dipun cocogi ing tiyang.
[Grafik]
Nyonyah Lindberg Morrow saha putranipun ingkang taksih alit.
Wontên malih Tuwan Linberg ingkang mêntas dados ucapipun tiyang sajagad, jalaran sagêd angêgana sarana mêsin mabur anglangkungi sagantên Atlantick.
Misuwuring namanipun tuwan wau, sagêd anênarik raosing manahipun putraning miliunèr ing Amerikah, nama Morrow, wusana kalampahan kamantu, kanthi dipun bruki bandhanipun, lulus kanthi cocoging manah.
Sayêktosipun tumrap cocoging raos, băngsa Jawi ugi botên beda, nanging taksih mawi winêngku tata ngadat kina, nyirik ingkang dipun wastani dèrèng kêlimrah, upaminipun saening swara, tuwuha ing jalêr utawi èstri, inggih taksih kêgolong drajat andhap, dene pinanggihipun ing têmbe kadospundi, taksih kados cangkriman, nanging mênggah cocoging raos, sèlèhipun sami kemawon.
Ha.
--- 1217 ---
Kawruh Sawatawis
Pratikêlipun Malitur
Ing Kajawèn ăngka 64 saha 65 kula sampun maos karangan ing bab pratikêlipun malitur gandhèngipun kalihan pangirit. Ing sarèhning karangan wau dèrèng nêrangakên cara-caranipun ngabêni plitur, amila murih saya sagêd têrang, kula badhe nêrangakên sawatawis miturut sêsêrêpan kula ingkang sampun kula tindakakên, kados ing ngandhap punika:
Plitur ingkang sampun dados utawi ingkang sampun dipun abêni saking toko punika manawi kangge mlitur mèbêl (bangsaning meja kursi) pinanggihipun botên prayogi, jalaran ingkang adhakan kemawon dangu sangêt sagêdipun garing, manawi dipun lênggahi sagêd krakêt dhatêng sinjang, limrahipun plitur damêlan saking toko makatên angêmungakên kangge mlitur barang dandosan Jawi bangsaning gêbyog, patangaring tuwin sapanunggilanipun. Dene plitur ingkang prayogi kangge mlitur meja kursi saha sasaminipun punika prayogi damêl utawi ngabêni piyambak. Pratikêlipun: mundhuta sêpirtus sagêndul, rêgi f 0.20, lajêng kacêmplungana sarlak pangaos f 0.25, sarlak makatên sagêd mundhut ing toko-toko, sasampunipun lajêng kaêpea ing bênteran sawatawis dangunipun, manawi sarlakipun sampun ajur, sêpirtus wau sampun kenging dipun wastani nama plitur. Inggih plitur makatên wau ingkang nama prayogi, manawi dipun cakakên sagêd tumuntên garing saha botên plikêt.
Limrahipun mèbêl makatên warni-warni plituranipun, ingkang limrah dipun rêmêni ing ngakathah plituran sawo matêng saha jêne. Pratikêlipun supados plitur wau sagêd dados wujud sawo matêng saha jêne, kêdah mawi campuran malih, inggih punika kêdah dipun campuri mawi koyan cêmêng, bubukan cèt abrit, saha bubukan atal, sadaya wau sagêd mundhut wontên ing toko-toko, rêginipun mirah sangêt, sabungkusipun rêgi f 0.05. Dene pratikêlipun ngabêni:
Mundhuta blèg tilas wadhah mèlêk utawi sanèsipun, karêsikana ingkang ngantos rêsik, sasampunipun kailingana plitur kintên-kintên wontên ¼ gêndul, upami badhe damêl sawo matêng, mundhuta bubukan cèt abrit ± 2 sendhok nêdha, koyan cêmêng 1 sendhok nêdha, lajêng kadadosakên satunggal kabuntêl ing suwekan ingkang ragi awis saha rêsik, lajêng kacêlup-cêlupna ing plitur ingkang wontên ing blèg wau, prêlunipun kangge nyaring, supados samăngsa plitur wau dipun cakakên botên karaos ngêrês jalaran saking ampasing bubukan koyan saha cèt. Dene manawi badhe damêl jêne, sabên plitur ¼ gêndul, bubukan atal ± 4 sendhok nêdha saha bubukan cèt abrit 1 sendhok nêdha, pratikêlipun ngabêni sami kalihan ingkang kasêbut nginggil. Dene plitur sanèsipun, sawo matêng saha jêne, upaminipun abrit utawi pêthak, mêsthinipun inggih kêdah [kê...]
--- 1218 ---
[...dah] ngangge abên bubukan cèt abrit saha pêthak, woworanipun tumrap satunggal-satunggaling warni sagêd dipun kintên-kintên piyambak miturut punapa ing sakarsanipun ingkang badhe mlitur.
Murih têrangipun saha botên andadosakên sêling sêrêpipun ingkang kaparêng badhe ngêcakakên, pratikêlipun malitur kenging kados plitur ingkang kula aturakên ing nginggil, prêlu kula têrangakên ing ngriki, inggih punika sasampunipun kajêng utawi kursi ingkang badhe kaplitur wau dipun amril ngantos alus, plituripun sawêg kenging kaêcakakên mawi kuwas. Namakakên plitur kapisanan punika nama sawêg andhasari, mila anggènipun ngusarakên sampun ngantos katurutakên sêratipun kajêng, ananging kêdah malang, prêlunipun supados gampil rumêsêpipun. Sasampunipun garing lajêng kagosoka amril pêjah (damêl amril pêjah makatên amril kagosokakên sami amril, pinanggihipun botên kasar), prêlunipun dipun amril, manawi anggènipun ngusarakên plitur kandêl tipis, lajêng sagêd wradin. Sasampunipun dipun amril lajêng dipun usari plitur saha dipun amril malih, ananging pratikêlipun ngusarakên, beda kalihan usaran ingkang sapisanan, usaran ingkang kaping kalih saha sapiturutipun kêdah katurutakên sêratipun kajêng saha botên kenging kasêsa, usaran ingkang kaping tiga amung plitur thok, tanpa woworan, sagaringipun ugi kêdah dipun amril. Usaran ingkang kaping sakawan plitur thok kawoworan bubukan găndarukêm sawatawis, ugi kêdah kasaring, prêlunipun kangge ambabar supados sagêd gilap, ananging anggènipun ngusarakên kêdah ngangge kuwêlan kaos, paedahipun supados sagêd alus saha wradin. Sasampunipun makatên nama sampun ambabar utawi sampun dados, barang wau mêsthi katingal mêncèrèt utawi gilap, murih prayoginipun barang wau kasumênèkna salêbêtipun 1-2 dintên, sampun ngantos dipun angge utawi sampun ngantos dipun lênggahi rumiyin, prêlunipun supados botên pating blêntong.
Sapunika gêntos ngrêmbag pamlituripun barang ingkang sampun lami. Ngenggalakên plituran lami makatên manawi pancèn botên prêlu nyantuni pulasipun, upami ingkang suwau plituran sawo matêng lajêng badhe dipun enggalakên ugi sawo matêng, punika botên prêlu dipun sodhah, ananging barang wau namung cêkap dipun rêsiki mawi suwekan saha dipun amril ngangge amril pêjah kemawon. Tindak makatên punika nama sampun nyuda dhatêng wêdalipun wragad. Ing sarèhning barang wau nama sampun wontên dhasaripun plitur, inggih punika plituran lami, tumrap tumindakipun nyampuri ragi wontên gèsèhipun wau inggih punika plitur ingkang badhe dipun tamakakên ingkang kapisanan, sasampunipun dipun wori pulas, koyan, bubukan cèt, sapanunggilanipun wau prêlu sangêt dipun colok ing bubukan găndarukêm sawatawis, sasampunipun makatên sawêg kenging katamakakên, cêkap namung 2 rambahan kemawon, ananging sampun ngantos kasupèn, sabên barang wau mêntas dipun tamani plitur, manawi sampun katingal garing ugi kêdah dipun amril ngangge amril pêjah. Dene anggènipun ambabar cêkap namung ngangge plitur [pli...]
--- 1219 ---
[...tur] thok kausarakên mawi kuwêlan kaos kaangkah sagêdipun alus saha wradin, sasampunipun makatên barang wau mêsthi katingal mêncèrèt utawi gilap. Makatên ugi tumrap barang ingkang suwaunipun plituran jêne, sagêdipun damêl jêne saha sawo matêng botên sarana kasodhah, saha sadaya wau sagêd dipun tindakakên miturut wêwarah ing nginggil.
Namung punika sêsêrêpan kula bab malitur, lêrês lêpatipun kula sumanggakakên.
Sudarma Sumaatmaja.
Bèji.
Bab Kasarasan
Usada.
Panu, panu punika saking pamanggih kula sanès bangsaning sêsakit, awit sajatosipun tiyang panunên punika raosipun pancèn inggih botên sakit, namung kalamăngsa asring gatêl. Lêrês sanadyan botên sakit, nanging saru dinulu, manawi kringêtên lajêng mlêtuk pêthak, makatên malih manawi dumunung wontên ing kulit ingkang cêmêng, saya cêtha blêntong-blêntongipun pêthak. Panu punika gampil sangêt sagêdipun nular, upami nyambut rasukanipun tiyang panunên, punika sagêd ugi kêtularan. Panu punika ingkang kathah dumunung tiyang ingkang botên rêsikan, miturut gotèkipun tiyang ingkang ahli panu, panu punika wontên kalih warni, inggih punika walur kalihan kêmbang. Panu walur punika wujudipun brêkotok sêmu abrit sajak anggêdabul, punika ingkang kêrêp gatêl, dene panu kêmbang punika wujudipun: mlêtuk pêthak, botên patos gatêl, mênggah usadanipun gampil kemawon, inggih punika tumbasa walirang pangaos satêngah sèn, atal saha sêkar kênanga ijêm pangaos nyatunggal sèn, kalihan godhong pandhan wangi kintên sapapah alit, lajêng dipun pipis mawi kawoworan toya sawatawis, supados sagêd litrêg-litrêg, sasampunipun makatên lajêng sabên badhe mapan tilêm sontên, dununging panu-panu wau dipun lèlètana usada ingkang ngantos waradin, lajêng kaagêmana rasukan ingkang awon-awonan kemawon (manawi rasukan sae eman-eman, mindhak anggănda walirang). Rambah kaping sakawan dados inggih sakawan sontên, insaallah sampun mantun. Namung tumrap panu walur punika sadèrèngipun dipun lèlèti usada, kêdah dipun gosok godhong kêtèpèng rumiyin ingkang ngantos abrit, enjing sontên kêdah siram lan kosokan ingkang rêsik.
Cêguk.
Cêguk punika botên sakit nanging saru saha ngribêdi, ingkang ribêd punika botên namung ingkang cêgukên, dalasan ingkang mirêngakên ugi ribêd, sabên-sabên gak-guk, tanpa irama. Cêguk makatên beda kalihan cêkik, tiyang cêkikên punika
--- 1220 ---
adatipun jalaran saking kaduk anggènipun nêdha pêpêdhês, upaminipun nêdha sambêl sapulukan saprungkal, dados pêdhêsipun ngêgèt, lajêng cêkikên, suwaranipun mak koik-koik, botên kenging dipun ampêt, nanging samăngsa pêdhêsipun sampun suda utawi lajêng dipun ombèni: mantun. Beda kalihan cêguk, cêguk punika asring botên kasumêrêpan jalaranipun, trêkadhang tangi tilêm, trêkadhang bibar nêdha lajêng cêgukên, gak-guk gak-guk, ngantos tiga utawi sakawan dintên dèrèng mantun, salêbêtipun tilêm inggih gak-guk ngribêdi. Cêguk makatên punika usadanipun gampil kemawon, angêmuta toya sakêbaking tutukipun, lajêng lomponganing talingan kalih pisan dipun buntêtana sarana driji panuduhipun piyambak ingkang ngantos rapêt sangêt, ngantos botên mirêng barang-barang, sasampunipun botên mirêng barang-barang, toya ingkang sampun kaêmut wau dipun ulua kangke[1] tigang clêgukan, dilalah saking daya patrap makatên wau kathah-kathahipun kaping kalih rambahan sampun sagêd waluya.
Kula nun, anggèn kula nyêla-nyêla punika bêbasanipun namung nêtêpi wajibing ngagêsang, têmbungipun Arab amar makrub.
Wassalam, saking kula Pakne Gumbrêg.
Ing dhusun Kuwiran, Banyudana.
Pinggir sagantên Jawi Kilèn
[Grafik]
Ing nginggil punika gambaripun margi saantawisipun Anyêr - Mêrak.
--- 1221 ---
Rêmbagipun Garèng lan Petruk
Bab Sumbangan.
Sambêtipun Kajawèn nomêr 75.
Garèng: Mungguh kandhamu kang kapungkur, sumbangan nuwuhake: ati kêmlungkung, karoyalan, jor-joran, lan sapiturute, kuwi pancèn iya ana bênêre, nanging nèk nitik mulabukane ana sumbangan, pancène utama bangêt. Awit anane sumbangan kuwi mung arêp ngatonake karukunan, karêpe arêp amitulungi wong kang sèkèng, mulane carane nyumbang iya ora sarana nganak-anakake, nanging mung sakolure bae. Nèk duwene mung bêras, sing disumbangake iya bêras, duwene pitik, iya pitik, dene yèn ora duwe apa-apa, sing disumbangake iya bau-sukune.
[Grafik]
Petruk: Pancèn iya akèh lêlakon ing Kajawèn kene sing mulabukane katon bêcik bangêt, nanging wusanane mêlok bangêt: Bathari Durgane. Kaya ta upamane: dhèk biyèn ing tanah Jawa kene diêdêgake pakumpulan campuran, têgêse: sing dadi warga kuwi iya băngsa mănca, iya băngsa wong bumi, tur wonge bumi sing akèh băngsa luhur-luhur bae. Ing sakawit sêdyaning pakumpulan mau pancèn iya bêcik bangêt, yaiku: arêp agawe têntrêming praja, arêp ngajokake wong bumi, arêp ngumbulake darajading wong bumi, lan sapiturute, cêkake sing disêdyakake kabèh kuwi agawe ngilêring wong bumi, nanging saikine jêbul katon mêlok bangêt, yèn sêdyaning pakumpulan mau ora liya mung: Lela-lela wis turua | wong abagus sira ywa tangi-tangi | cik êbèn tansah lumintu | mêmitran lawan ingwang | ... ||
Garèng: Wiyah, iya ora jangji aku, yèn banjur ngrêmbug sing ora-ora mêngkono. Wong ngomongake bab sumbangan, kok banjur: mampir mas, mampir yêm, mêngkono. Wis, saiki padha dibanjurake rêmbugane, dadi ing mulabukane, yèn ana wong duwe gawe, nèk pancèn ora duwe apa-apa, iya kêna nyumbang bau-sukune.
Petruk: Ora mung jaman biyèn bae, Kang Garèng, sanadyan saiki pisan, iya isih ana wong sing sok nyumbang bau-suku. Nanging dayaning jaman [jama...]
--- 1222 ---
[...n] mata dhuwitên kiyi, wong nyumbang bau-suku iku, sanadyan sok mèlu kangelan têmênan, sing akèh-akèh ora kok banjur katrima, nanging nèk ora kabênêran malah sok dierang-erang. Upamane bae dening sing duwe gawe diucapake mangkene: Kang Naya kae, rak ora rewang ora rèwèng, nanging mung ngêndon mangan bae, malah nèk kalimpe sok anggawani mulih.
Garèng: Saakèh-akèhaning uwong têmtune iya ana sing duwe tindak mêngkono kuwi, nanging rak iya ora kabèh, sing akèh-akèh anggone rewang iya kanthi sucining ati, dadi sing duwe gawe mau wajibe iya kudu tarima kasih, ora mêsthine yèn banjur ngerang-erang, anganggêp anggone nyumbang bau-suku mau jalaran saka sêpining phulus. Wis, Truk, padha dibanjurake manèh. Dadi ing sakawit anane sumbangan kuwi pancèn bêcik, lan murakabi tumrape wong akèh, apa manèh tumrape wong sing pancèn sèkèng, mula ya gêdhe bangêt gunane. Nanging suwe-suwene wong-wonge banjur padha golèk kapenake, katimbang lunga jagong nyangking barang, bêras, pitik, lan sapêpadhane, rak luwih ringkês nyangking dhuwit. Nang pandêlêngan iya ora katara, tur brêgas, barêng sumbangan warata wus awujud dhuwit, suwe-suwene banjur thukul: tindak kêmlungkung, gagah-gagahan, jor-joran. Rumasane saya akèh dhuwit sing disumbangake, saya katon: brêgas, garang, sugih, prawira, andhèthèng.
Petruk: Apa manèh, Kang Garèng, yèn sing disumbang kuwi pandhuwurane, wèh, anggone nyumbang iya saya diantêp têmênan. Rumasane kiraku, saya akèh sumbangane, iya saya katrima pagaweane. Mulane ing jaman biyèn kuwi, nèk dadi priyayi gêdhe, kok banjur duwe gawe, iya kêna dilakoni têmênan. Hla, kêpriye, wong sumbangan têkane ngarêp buri. Aku dhewe wis tau ngalami, Kang Garèng, ana wêdana kagungan gawe, wah, kuwi pancèn iya kêpenak bangêt larase. Sasasi sadurunge kagungan gawe, anggêre ana wong bawahe sing ngadhêp, banjur didhawuhi mangkene: besuk dina anu tanggal anu, aku arêp ngijabake anakku wadon, Radèn Ajêng Mas Mirah, lo, kuwi masa bodhoa kowe kêpriye mêngkono. Hara, Kang Garèng, turne mung ngandika mêngkono, nanging barêng saminggu sadurunge anggone kagungan gawe, iya wis pating jrêdhul sing padha sowan, iya: sapi, kêbo, wêdhus, pitik, kobis, sayuran, bêras, lênga lan sapiturute, nganti sabubare kagungan gawe, dèn ayune wêdana sêtaun ora tau ngambah pasar, iki durung kêpetung sing awujud: glindhing, glindhing ...
Garèng: Iya, iya, nèk jaman biyèn pancèn iya bisa kalakon kang kaya mangkono kuwi, awit kalane jaman samono, wong cilik tumrap priyayine isih kumawula bangêt, ngrumasani yèn priyayine dadi bapa babune, ngrumasani: rina wêngi tansah dijaga barang darbèke, diayomi, diêmong lan sapiturute, mulane barêng bapa babune mau kagungan gawe, iya padha mrêlokake ambantu sakuwat-kuwate minăngka nuduhake katrêsnan lan kumawulane marang bapa babune mau. Nanging nèk saiki ana priyayi duwe
--- 1223 ---
tindak mangkono, iya sida dibêskwèl urip-uripan têmênan.
Petruk: Kang Garèng, omongmu kiyi arane ora urus bangêt, awit kowe banjur sajak andakwa marang priyayi jaman saiki, yèn wis ora dadi bapa babuning wong cilik manèh. Kok dakwa, yèn wis ora ngayomi, ora ngêmong utawa ora anjaga barang darbèke wong-wong kukubane manèh. Kliru, Kang Garèng, kliru, yèn mangkono pandakwamu. Pagaweane priyayi saiki karo biyèn kuwi ora ana bedane: ya kudu ngayomi, ngêmong, anjaga, nata tata têntrême kukubane, lan sapiturute. Bedane priyayi saiki karo biyèn kuwi mung saêbab, yaiku kabèh kabrêgasan, kaprawiran, kabagusan, kacanthasan, kuwi kabèh dhèk biyèn sing kagungan ngêmungake: dara priyayi. Nanging nèk saiki sing dimonopoli dening priyayi, têgêse: sing dadi haking priyayi dhewe, kuwi: kabèh sing ora kêpenak ora kêpenak bae. Wis pagaweane kêtêkuk ringkêl satêngah mati, kathik dening sawênèhing bangsane dhewe didakwa sing ora enak ora enak, kanthi ora dipikir kaya apa ing têmbe burine, yèn jalaran saka pangerang-erang mau, bangsane dhewe banjur padha ngêmohi marang pangkat kapriyayèn, kang anjalari banjur băngsa liya sing kudu dadi priyayi. Nanging rêmbuge padha dilèrèni samene dhisik, liya dina tak caritani alane wong nyumbang cara jaman modhèrên kiyi, yaiku sumbangan sing awujud Cadeautjes.
[Grafik]
Ing nginggil punika sêsawanganing palabuhan ujung Surabaya.
--- 1224 ---
Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès
Indhonesiah.
Arta salaka
Wontênipun arta salaka ingkang kakintunakên saking nagari Walandi dhatêng Indhonesiah tansah lumintu. Kapal Insulinde ambêkta f 800.000. Kapal Baloeran ambêkta f 600.000.-, tuwin kapal Prins der Nederlanden ambêkta f 2.000.000.-. Sadaya sami katujokakên dhatêng kantor arta nagari Surabaya, badhe kabage dhatêng Indhonesiah sisih wetan. Ingkang sampun, Makasar angsal f 1.000.000.-, Mênadho f 400.000.-, tuwin Banjarmasin f 200.000.-. Makatên ugi bab nyirnakakên arta gobog ing Bali, sapunika sampun angsal 120.000 kilogram, saha sampun kaluluh.
Parêpatan kabangsan Jawa
Kala ing dintên Ngahad tanggal 7 wulan punika, pakêmpalan kabangsan Jawa ing Madiun parêpatan wontên ing Panaraga, damêl propagandhah umum, manggèn ing griya P.H.I.S. Kathah ingkang sami anjênêngi.
Bab sudaning pamêdal
Residhèn ing Malang nindakakên papriksan ing bab sudaning pamêdal tumrap têtanèn ing parêdèn, kapiridakên saking mandhaping rêrêgèn kopi. Mirid saking asil siti pribumi kemawon sampun suda f 700.000.-, manawi kagêlêngakên kalihan sudaning panyadean gêndhis, ing taun 1930 punika sudaning pamêdal wontên f 1.000.000.-
Lindhu ing Mênadho.
Kawartosakên, kala tanggal 11 wulan punika ing Amurang wontên lindhu, laminipun 1½ mênit. Têtiyang ingkang manggèn ing pasisir sami lumajêng, wontên pasitèn sacêlaking sungapan ambêlêg. Ing dalu tansah karaos lindhu, ngantos andhawahakên barang ingkang gumlethak. Tanggal 12 dalu, antawisipun jam 2 tuwin 4 sasampunipun wontên jêblosan, katingal wontên latu ing sagantên, katingalipun urut-urutan, lajêng wontên lindhu malih dipun sarêngi swara gumludhug salêbêting siti. Wontênipun lindhu sampun kaping 40. Asistèn residhèn Oberman papriksa dhatêng ing Amurang. Wontên pintên-pintên pakampungan ingkang têtiyangipun sami kesah, padhusunanipun lajêng dipun jagi ing pulisi. Kasangsaran botên wontên, sababing lindhu kakintên jalaran saking rêdi latu salêbêting sagantên utawi saking rêdi latu sisih kilèn.
Tamu warga-warga parlêmèn Jêpan ing rad kawula.
Kala ing dintên Sabtu kapêngkêr wontên warga parlêmèn Jêpan cacah 7 dipun irid ing kongsul, para tamu dhatêng gêdhong rad kawula, dipun panggihi dening pangarsa rad kawula paduka Tuwan J.W. Meyer Ranneft. Jam satêngah satunggal para tamu wau dipun aturi dhahar kêmbul wontên ing sositit kongkordhiah. Sabibaring dhahar, para tamu lajêng bidhal wangsul dhatêng Jêpan. Para tamu dhatêngipun ing ngriki prêlu anjêmbarakên sêsêrêpan.
Odhènsi.
Benjing dintên Rêbo tanggal 1 Oktobêr, kangjêng tuwan ingkang wicaksana lênggah odhènsi wontên ing pura konêngsêplèin, wiwit jam 9 enjing. Sintên ingkang nêdya badhe sowan, ing sadèrèngipun kêdah ngaturi sêrat dhatêng Adjudant van Dienst kasèp-kasèpipun wontên ing tanggal 26 Sèptèmbêr, mratelakakên nama ingkang cêtha tuwin punapa sêdyanipun.
Lampahing sêpur kilat karikatakên.
Wontên pawartos, wiwit benjing tanggal 1 Nophèmbêr 1930 lampahing sêpur kilat ingkang mangetan kaajêngakên 25 mênit, dene ingkang mangilèn kaajêngakên 15 mênit, sagêdipun tumindak makatên, jalaran ngirangi wancining kèndêl ing sabên sêtatsiyun, saya tumrapipun wontên ing Kroya, sudanipun kathah, sagêd anggampilakên sambêtipun kalihan sêpur sanès. Wontênipun sêpur ingkang mangetan sagêd langkung suda kathah, awit wontênipun ing tanah Priyangan lampahipun mangandhap, kosokwangsulipun ingkang mangilèn lampahipun minggah.
Ngawisi mêndhêt kuli malih.
Wontên kêkancingan saking gupêrnur jendral, anyuwak kêkancingan ingkang marêngakên mêndhêt kuli tumrap kabudidayan limbaran tuwin ubèrta, gadhahanipun kiltirmatsêkape Indrapura, Sumatrah. Dados wiwit sapunika botên kenging ngintunakên tiyang.
Bang kabangsan Indhonesiah.
Ing bab anggèning bang kabangsan Indhonesiah nyuwun kapriksa dening Centrale Kas, adamêl tuwuhing panggagasipun tiyang kathah. Nanging mênggah sajatosipun, bab badhe tindak makatên wau namung prêlu kangge mêlèhakên panggrunêngipun sêrat kabar pêthak, dening nguwatosakên dhatêng arta ing bang wau gadhahanipun tiyang kathah. Dados anggèning bang kabangsan nêdha dipun priksa, prêlu nyingkiri pandakwa awon, awit wontênipun namung sarwa ngêblak.
Kraman alit.
Ing dhusun Klêpu, ondêr dhistrik Sudimara, Pacitan, wontên kêmpalaning tiyang kèrêm ing agami, ingkang dpun pangagêngi tiyang nama Kramadirêja, [Krama...]
--- 1225 ---
[...dirêja,] nyariyosakên, bilih piyambakipun linangkung, botên mêmpan dêdamêl, tuwin ngakên utusaning Pangeran. Jalaran saking pamiluta, kathah tiyang ingkang sami korup. Wontên tiyang jalêr 40 èstri tuwin lare-lare 90 sami dipun ajak dening Kramadirêja dhatêng pucak rêdi alit, badhe dipun wulang bab agami.
Asistèn wadana ingkang ambawahakên, sarêng mirêng bab punika lajêng nyatakakên, nyarêngi kala badhe bidhalan, saha suka pêpèngêt, nanging tanpa damêl. Ing ngriku Kramadirêja kêtingal nyêpêng dhuwung ligan, tiyang sanès-sanèsipun sami sikêp dêdamêl. Wusana lajêng kalapurakên dhatêng pangagêng nagari. Asistèn residhèn tuwin ingkang bupati sami rawuh, kanthi punggawa sanès-sanèsipun. Dumuginipun ing papan kraman, têtiyangipun sami wontên ing guwa, Kramadirêja lajêng mêdal, ngakên nama Ratu Darawati, saha nantang-nantang pulisi. Pulisi lajêng nubruk, Kramadirêja nandhingi, wusana Kramadirêja kenging kapêdhang, andadosakên tiwas. Pulisi sanèsipun, lajêng malêbêt ing guwa, tarung kalihan tiyang ingkang taksih wontên ing guwa, wontên pulisi agèn kalih tuwin juru sêrat dhusun nandhang tatu. Golongan kraman tiwas satunggal. Sanès dintên tuwan residhèn Panaraga rawuh. Wusana têntrêm malih.
Miyarakên têbaning J.I.B.
Kala tanggal 17 wulan punika, Tuwan Kasman, pursitêr tuwin Tuwan Muhamad Rum, komisaris J.I.B. sami sêtudhèn pamulangan luhur dhoktêr, bidhal dhatêng Sumatrah, prêlu badhe miyarakên têbaning J.I.B. Kathah nagari ingkang badhe dipun dhatêngi. Kajawi prêlu wau, ugi nindakakên damêl ingkang gêgayutan kalihan pangajaran.
Pangiritan atêgês munduring kabudidayan.
Kabudidayan karèt ing Cimatis, Sidhanglangka tuwin Pasirbogor, sami bawah Sukabumi, nyuwak tumindaking nêrês karèt, mawi angèndêli punggawa tiyang siti 50 dumugi 70 prêsèn. Makatên ugi kabudidayan karèt gupêrmèn ing Sêrpong, ugi badhe ngèndêli punggawa sapratigan, sami punggawa juru têrês.
Asiah.
Băngsa Kurdhistan kèngsêr.
Angora 15 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wadya Turki sagêd ngèngsêrakên băngsa Kurdhistan ing rêdi Ararat ingkang sami ambalela. Tindaking wadya Turki kados waringutên, tansah anglajêngakên ngubêr-ubêr.
Eropah.
Pambalela mawa tatanan.
Parijs 15 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa). Wontên katrangan saking parentah, bilih wontênipun pambalela ing Anam lèr panglawanipun katingal anggawokakên, têtela botên ngêmungakên anggènipun damêl arak-arakan kemawon, nanging panêmpuhipun dhatêng kitha-kitha, kalêbêt kitha Vinh ugi sae. Tindakipun wau kakintên saking dipun bêbaluhi juru bêbaluh saking Moskou.
Tindak nyirnakakên madat.
Geneve 15 Sèptèmbêr. Kintên-kintên benjing taun 1931 dipun wontênakên konprènsi wigatos kaping 2, sapisan ing bab ngirangi pandamêling cocaine, morphine tuwin sanès-sanèsipun, ingkang bangsaning ambêbayani. Kaping kalihipun anindakakên langkung kêncêng nyêgah sês candu ing Asiah Wetan. Konprènsi wau badhe katindakakên sasampunipun tampi palapuran saking komisi Volkenbond ingkang ugi badhe dhatêng ing tanah Jawi.
Wangsulan saking Redhaksi
Lêngganan nomêr 508 ing Tanjungpriuk, tanggal 16 Siyam Be 1848 dhawah ing dintên Rêbo Paing, tanggal 26 Juni 1918.
Lêngganan nomêr 4425 ing Wanagiri. Adrèsipun sêrat kabar Jênggala, Djamboeweg 64, Surabaya.
Lêngganan nomêr 4759 ing Banjarmasin. Tanggal 11 Sura Be 1832, dhawah dintên Ngahad Lêgi tanggal 20 April 1902.
Lêngganan nomêr 4450 ing Sêmarang. Tanggal 17 April 1895 dhawah dintên Rêbo Paing tanggal kaping 21 Sawal Wawu 1824. Sêrat Yudagama botên kasade, namung kangge bibliotik. Graaf de Monte Cristo, wontên nêm jilid, sadaya rêgi f 3.-
Kawigatosna.
Miturut pawartos ingkang kenging dipun pitados, waragading lampah minggah kaji saking Judah dumugi wangsulipun dhatêng Judah malih katêtêpakên dados 22 paon (jini). Arta sêsêgah ingkang kêdah kabayarakên dhatêng sèh badhe kaindhakakên, ingkang rumiyin 6 paon, dados 8 paon. Bab punika supados dipun wigatosakên dhatêng para ingkang sami minggah kaji, sampun ngantos kacupêtan sangu wontên ing Mêkah.
--- 1226 ---
Wêwaosan
Sêrat Ramayana
15.
[Pangkur]
myang ngucap maring kukila | wêwartaa marang Rama tumuli | dènnya dhinustha ing diyu | nata yaksa ing Langka | tan antara sang putri mulat Jathayu | yèku nataning garudha | kang lagya nendra nèng uwit ||
sang putri nulya sêsambat | natèng kaga mrih suka mitulungi | garudha nulya sumêbut | ngêtut lampahing rata | lan mêminta mring Rawana pinrih emut | nanging Rawana sakala | malah akrodha mawrêdhi ||
kang paksi nulya tinrajang | dadya rukêt apêrang silih ungkih | Jathayu asor kasambut | gumêbrug nèng bantala | Sri Rawana bablas anglajêngkên laku | sumêbut marang ing Langka | yayah sumiyut ing angin ||
saya èmêng Dèwi Sita | tanpa daya dènira mèt pambudi | saking kawasaning diyu | singa arsa lumawan | tan antara wus kèlês kasoran pupuh | kadi nataning kukila | datan pisan mitayani ||
Sita nulya darbe cipta | andhawahkên binggêl tumibèng siti | myang sangsangan êmas murub | rinucat saking jăngga | binucal mring kisma mrih janma sumurup | lan kêni minăngka tăndha | katur marang Rama nuli ||
Sang Sita nulya umiyat | kang wre gangsal samya anèng wanadri | Sita nulya ngrucat kudhung | sutra jênar kumilat | sinawatkên kumaleyang lir dinamu | kang wre pinrih angalapa | mring kudhungira sang putri ||
lawan nuli dèn aturna | mring Sang Rama mrih gita anututi | miwah wruh tujuning laku | dènnya Sita dhinustha | ing wusana lampahing rata sumiyut | mindha alap-alap ngampat | nulya anjog Langka puri ||
sang putri nulya pinrênah | anèng pura adi kang wus pinilih | rinêksa parêkan diyu | tan pisah lan Sang Sita | dahat suka Sri Rawana duk ing wau | dene mangkya kalampahan | gampil andhustha mêmanis ||
VII. Sang Sita wontên ing Langka.
[Dhandhanggula]
Dèwi Sita dahat ing kaswasih | anèng pura raos kinunjara | cèthi kang dadya kanthine | tan pisan wèh pangimur | rêrêngganing pura kang adi | malah mangkin angrisak | mring panggalih ngêjur | tanapi swara araras | mung arasa bêbêndu ngrêrusak ati | saya karasa-rasa ||
Sang Rawana dupi wanci enjing | wus angira kalamun sang rêtna | mangkya lipur panggalihe | awit ing ciptanipun | Sita mangkya karêgêm aji | tangèh darbea cipta | bangkit antuk tulung | tan wun mung srah jiwa raga | mring sri nata marma Rawana mrêpêki | kanthi sumèhing netya ||
nulya nabda ririh mring sang putri | ingaturan anjajah mring pura | mrih uninga sadayane | punang kadhaton agung | kang kèbêkan sarwa mêmanik | rinêngga-rêngga ing mas | cahyanira mancur | ngupayaa tribawana | datan ana kang nyami tanapi mirib | lawan pura ing Langka ||
Sri Rawana pratela tumuli | ananira pura praja Langka | samya kancana sakane | jandhela nyêla mungkul | katon mêmplak sakala putih | ingapit gadhing seta | araras dinulu | gapuranira rinêngga | sarwa sotya sumirat ambalêrêngi | rêbut sorot lan surya ||
têtemboking pura anyoroti | gêbyar-gêbyar tan pae sêsotya | rinêngga-rêngga asae | yèku gêdhah winangun | gêgambaran mawarni-warni | yêkti tanpa kuciwa | sagon-ênggon murub | sawarnining palênggahan | sarwa êmas rinêngga-rêngga sotyadi | miwah sarwa salaka ||
linambaran ing baludru abrit | ngêngrêngira mawèh kasamaran | ing sêmu ambagèkake | maring kang lagya rawuh | kaparênga nuli nglênggahi | tindakira Rawana | duk samana rawuh | unggyaning bangsal kancana | kang umèsi dhampar palênggahan aji | dahat raras rinêngga ||
dhamparira gêgadhing ingukir | sinêlanan kang sarwa kancana | munjuli dhampar kabèhe | Rawana nulya muwus | marang Sita sarwi nêdahi | yayi sira parênga | nămpa dhampar iku | măngka palênggahanira | lan tampanên donya sajêroning puri | agêmên kalangênan ||
nulya laju sang putri dèn iring | maring taman dahat rarasira | tan măntra-măntra ginawe | kadi taman tumurun | datan pae raras swargadi | kèbêkan sarwa sêkar | kang adi kalangkung | anggănda amrik angambar | samya nêdhêng umêkar arum mratani | kadi angukup taman ||
sagon-ênggon wowohan andadi | pêlêm-pêlêm ambiyêt dhompolan | wus samya ajêne-jêne | kadya minta dèn undhuh | jambu abrit pindha ngèsêmi | maring kang lagya prapta | pang-pang kang tumiyung | kèbêkan pêksi sasaba | samya ngocèh araras ngênani ati | lir nambrama Sang Sita ||
Sri Rawana nulya angrungkêbi | mring padaning sang dèwi lan ngucap | dhuh-dhuh gustiningsun dhewe | kabèh kaananipun | purèng Langka sun srahkên yêkti | lamun sira sambada | dadya garwaningsun | dhuh-dhuh yayi sumurupa | amung sira wanodya kang ingsun pundhi | sun puja pindha dewa ||
apan lagya katêmbèn puniki | ingsun tundhuk marang ing wanodya | kang pancèn dudu bênêre | yèku sajatinipun | saking dahat gon ingsun asih | sakala Dèwi Sita | mung sumèh ing sêmu | tan pisan katon tan rêna | nanging panggah datan arsa nambadani | kaparênging narendra ||
sabdanira wruhanta sun iki | garwanira sang satriya Rama | kang têtêp ing salawase | paran gon ingsun nurut | marang sira kang tindak juti | hèh Rawana èngêta | ingsun wèh pêpemut | sira yogya ngèlingana | aywa adrêng dènira atindak sisip | sira datan kawawa || (Badhe kasambêtan)
--- [1227] ---
1 | kangge. (kembali) |