Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05-29, #290
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05-29, #290. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-05-29, #290. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 43, 19 Bêsar Taun Alip 1859, 29 Mèi 1929, Taun IV
Kajawèn
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [661] ---
Ăngka 43, 19 Bêsar Taun Alip 1859, 29 Mèi 1929, Taun IV
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu
Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêphrèdhên.
Sawangan ing Talaga Ngêbêl, Panaraga, ing Wanci Sontên
[Grafik]
Sasmitaning hyang arka ngoncati | ungak-ungak nèng sêlaning mega | mulat jagat saisine | pêtêng saya manaput | lir amboyong cahyaning ari | kang kalêson ing siyang | têmah tidhêm têdhuh | amung santosaning arga | kang nyaguhi rumêksa mring ganing ratri | mrih dinohan rubeda ||
--- 662 ---
Bab Kasarasan
Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus
Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.
Puhaning lêmbu punika botên beda kalihan toya susu tiyang, kadadosan saking pêthaking tigan, sarêm, gêndhis lan gajih, namung bageyanipun pêthaking tigan lan sarêm langkung kathah tinimbang ingkang wontên ing toya susu tiyang. Nanging bageyanipun gêndhis lan gajih kirang.
Puhan lêmbu ingkang sae warninipun punika pêthak sulab biru, manawi kadêmèk plikêt, ambêtipun gurih raosipun ragi lêgi, manawi mêndhêt satètès kacêmplungakên ing toya lajêng kêlêm, lan manawi katètèsakên ing kuku sagêd bundêr.
[Grafik]
Patrap ningali awon saening puhan.
Puhan lêmbu ingkang badhe kaombèkakên lare alit punika kêdah kagodhog rumiyin, lan kaêjogan toya, sabên toya susu 100 gram, melksuiker 1 sendhok tèh, patrapipun makatên:
1. Salêbêtipun 3-4 dintên ingkang kawitan puhan ¼ toya (tajin) ¾.
2. Salêbêtipun minggu ingkang kapisan puhanipun 1/3 toya 2/3.
3. Salêbêtipun minggu kaping kalih, kaping tiga lan kaping sakawan, puhan toya kadamêl palihan.
4. Salêbêtipun wulan ingkang kaping kalih lan kaping tiganipun, puhan 2/3 toya 1/3.
5. Salêbêtipun wulan ingkang kaping sakawan lan kaping gangsal puhan ¾ toya ¼.
6. Salêbêtipun wulan ingkang kaping nêm lan kaping pitu, puhan murni.
7. Bayi umur 8-9 wulan adatipun sampun mêdal untunipun, punika sampun kenging nêdha bubur utawi pisang. Bayi ingkang sampun umur 10-11 wulan kenging nêdha bubur utawi sêkul lêmês kalihan duduh daging utawi toya sop tuwin sapanunggilanipun.
Prayoginipun kêdah gadhah gêndul lan dhot ingkang kathah, lan manawi badhe kangge kêdah dipun rêsiki rumiyin mawi toya matêng.
Manawi ngombèkakên gêndul wau kêdah dipun cêpêngi, upami larenipun pinuju lumah-lumah
--- 663 ---
botên kenging gêndulipun namung dipun galethakakên kemawon. Sisaning puhan ingkang wontên ing gêndul, jalaran botên têlas dipun ombe, punika kêdah dipun bucal kemawon.
Patrap angrêsiki gêndul lan dhot ingkang kula aturakên wau kêdah dipun èstokakên, manawi gêndul lan dhot botên rêsik saèstu punika sagêd anuwuhakên sakit wêtêngipun lare lantaran wêtêng mulês, lare tansah nangis kemawon.
Wontên ugi lare sakit wêtêng jalaran saking toyanipun susu biyung. Ing măngsa nêsêpi punika, biyung pancèn kirang sae, saupami: kêkathahên nêdha pêdhês, sangêt sayah, susah manahipun, saya malih manawi biyung piyambak pancèn sawêg sakit. Ananging lare sakit wêtêng ingkang jalaran nêsêp biyungipun piyambak punika langkung awis tinimbang manawi dipun dhot.
Lare alit ingkang sakit wêtêng mawi nuntak-nuntak lan mèncrèt, punika prayogi kapriksakakên dhoktêr, manawi botên sagêd enggal katulungan dhoktêr prayogi dipun pêdhot anggènipun nêsêp, sawatawis 24-36 jam dangunipun, gêntos dipun ombèni pêthakipun tigan. Pandamêlipun makatên:
Mêndhêta pêthakipun tigan ayam kalih iji, kaêworana toya matêng kintên-kintên sagêlas, lajêng kaubêg ing piring jêgong ngangge sendhok utawi porok, sasampunipun makatên lajêng kalêbêtna ing gêndul dhot, lan kaombèkakên dhatêng lare wau saking sakêdhik, kajawi punika inggih kenging dipun ombèni tajin.
Wêtêngipun lare wau kêdah angêt, dados prêlu dipun balêbêd ing sinjang utawi gurita, manawi lare katingal lêmês ugi prayogi dipun ombèni anggur pait, sasêndhok tèh. Kalamăngsa lare alit punika kenging sêsakit ingkang dipun wastani ''stuip'' badan-badanipun kakên, mripatipun pacicilan, molak-malik lajêng sêmaput. Sêsakit makatên wau manawi botên tumuntên kêtulungan sagêd aniwasi. Mênggah thukuling sêsakit wau ingkang limrah saking sangêting bêntèr. Dene patrap anggènipun nulungi makatên: lare wau kêdah karêndhêm toya mangêt-mangêt ing èmbèr, kintên-kintên dangunipun 5 utawi 6 mênit, sirahipun dipun siram toya asrêp. Ananging ingkang ngrêndhêm wau saenipun kêdah dhoktêr piyambak. Manawi sampun lajêng kêdah dipun kêmuli ingkang kandêl. Sanajan sampun dipun rêndhêm, saha sêsakit wau lajêng ical, ananging manawi sababing sêsakit taksih kados ta: malariya, cacingên sapanunggilanipun, inggih taksih sagêd kumat malih.
Rèhning bayi punika dèrèng sagêd wicantên utawi dèrèng gadhah panêdha punapa-punapa, upami ngêlak, luwe, badhe nêdha botên sagêd, sagêdipun namung lajêng nangis, dados tangisipun bayi punika mratandhani gadhah panêdha dhatêng biyungipun. Nanging manawi botên ngêlak utawi luwe, ing măngka nangis, punika mêsthi wontên sabab ingkang pinanggih ing badanipun bayi. Manawi wontên bayi ingkang makatên punika, pun biyung kêdah madosi punapa ingkang anjalari nangis. (Badhe kasambêtan)
--- 664 ---
Bab Rajakaya
Kasarasaning Kewan
Sambêtipun Kajawèn nomêr 42
Ing nagari agêng kadosdene Sêmarang, gêdhoganing kapal sampun katêtêpakên kados conto ingkang kadamêl dening gêmintê. Ing sarèhning ngriku limrahipun pasewan dhokar kapalipun kathah, dados gêdhoganipun griya lajuran, ingkang langkung sae malih kasinggêd-singgêd sacêkapipun kapal satunggal, singgêdanipun tembok, punika ugi kangge anjagi samăngsa salah satunggiling kapal ing ngriku wontên ingkang kenging sêsakit nular, kados ta: bolor, botên sagêd nular wradin dhatêng sanèsipun, utawi gampil anggènipun mêjahi wiji sêsakit ingkang kantun ing ngriku, sarta namung sapanggenan, botên prêlu sadaya dipun bongkari.
[Grafik]
Kapal-kapal wontên ing kandhang pangumbaran.
Nalika kula wontên ing ngriku wontên tiyang ingkang anggadhahi kapal dhokaran kirang langkung 90 iji. Sarêng salah satunggiling kapal wontên ingkang sakit bolor, tiyang wau botên lapur, kuwatos gêdhoganipun dipun tutup, kapal-kapalipun botên kenging mêdal, dados ingkang sakit kadhêlikakên nganton [nganto...]
--- 665 ---
[...n] sapêjahipun, nanging lêt sawatawis dintên wontên ingkang sakit malih. Sarêng ingkang pêjah sampun wontên 16 iji, sawêg lapur. Kapal sanèsipun tumuntên kapriksa sarta kathah ingkang kapanggih sakit. Kajawi nularipun saking magêpokan utawi linta-lintuning pirantos ingkang kangge ing ngriku, gêdhogan tilas panggenaning kapal sakit wau gêntos-gêntos dipun ênggèni kewan ingkang saras, kakintên lan botên mangrêtos yèn wijining sêsakit botên kantun ing ngriku. Makatên punika andadosakên pitunanipun piyambak, dene botên lapur utawi nêdha pitêdah dhatêng băngsa ahli. Măngka sêsakit bolor, punika gampil sangêt nularipun, sarta botên kenging kaajêng-ajêng sarasipun. Pratikêl kangge anjagi kasarasaning kapal sanèsipun botên sanès kajawi kapal ingkang sakit wau enggal dipun pêjahi, inggih punika mêjahi wiji sêsakit ingkang kantun. Awit para ahli dèrèng sagêd manggihakên jampi lan panulaking sêsakit wau.
Dene maesa sanajan karêmênanipun wontên ing pajêblogan lan tahan dhatêng angin, ugi botên wontên awonipun yèn dalu kakadhangakên ing papan ingkang mawi payon saha kagêdhegan. Ing dhusun-dhusun sok taksih wontên kandhang kêmpalan kangge maesa, inggih punika maesa-maesa gadhahanipun tiyang sakampung ngriku kakandhangakên dados satunggal wontên ing papan ingkang namung dipun pagêri kiyat, tanpa payon, ingkang sami gadhah manawi dalu giliran anjagi. Sanajan makatên punika anggampilakên panjagèn dhatêng tiyang ingkang sumêdya awon, nyolong utawi ambacok, nanging awonipun samăngsa salah satunggiling kewan wau wontên ingkang katrajang sêsakit nular, anggampilakên nularipun dhatêng sanès, pramila prayogi kakandhangakên piyambak-piyambak. Dene manawi salah satunggiling kewan wontên ingkang sakit, tumuntên enggal kapiyambakna, kapisah kalihan sanèsipun, langkung prayogi ingkang saras kadamêlakên kandhang sanès, ingkang lami botên kangge malih, sarta enggal lapur lan nêdha pitêdah dhatêng priyantun ingkang wajib, supados kajagi sampun ngantos nular, awit kathah sêsakit kewan ingkang gampil nularipun, sarta sakitipun namung 1-2 dintên, trêkadhang namung jam-jaman lajêng pêjah. Tujunipun para ahli sampun manggihakên panyêgahing panularipun sêsakit wau sarana dipun suntik, kuciwa sawêg sabageyan.
Suryadi. Keurmeester Panaraga.
[Grafik]
Têtiyang èstri ing pulo Seram sisih kilèn dalah pirantosipun nênun, ingkang kapitontonakên ing Pacific Congres ing Bêtawi.
--- 666 ---
Pawartos Sanès Praja
Kawontênan ing Praja Afghanistan
Tarunging dêdamêl ing praja Afghanistan, tumraping pamawas saking liyan praja kêtingal botên sapintêna ramenipun, awit mirid wontênipun pawartos tèlêgram kêtingal botên patos wontên, nanging tumrap ing nagari ingkang kablabagan, pinanggihipun pancèn taksih pêpêrangan tanpa kèndêl. Dene ing bab wontêning pêpêrangan wau yèn ta dipun petani, pinanggihipun pancèn ruwêd sangêt, awit ing ngriku lajêng kêtingal wontên adêgan kathah, nanging sarèhning mulabukanipun bab pêpêrangan punika, nyariyosakên Prabu Amanoellah, inggih punika nata ingkang kèngsêr saking prajanipun, tuwin lajêng kêtingal, bilih ingkang dados jalaran tuwuhing ura-uru punika Bacha Sakao, mila ingkang kenging kacariyosakên inggih namung sang prabu tuwin Sang Bacha.
[Grafik]
Sang Bacha Sakao ingkang nêmbe unggul ing jurit.
Prabu Amanoellah saya kêtingal grêguting galih, lan cêtha sangêt bilih linggaripun saking praja botên jalaran saking ngucira, ing sapunika malah kêtingal yèn sri nata wau satunggiling prajurit ingkang sampun kêbêk isi panggalihan wiyar, mangrêtos dhatêng ebahing praja ingkang sakalangkung wigatos. Kêtingalipun makatên wau sarêng sang prabu ngêtog kêkiyatan angrabasa kitha Kaboel ingkang sampun dipun rêgêm ing mêngsah. Tindakipun sang prabu botên nyêngka, kêtingalipun malah namung kados sasakecanipun, nanging grêmêting panêmpuh tansah kawêwahan kiyating otot bayu, inggih punika kêkiyataning wadyabala. Wontênipun kacariyosakên makatên, awit nyata kathah golongan ingkang lajêng anggolong dhatêng sang prabu.
--- 667 ---
Panêmpuhing wadya Amanoellah ing kitha Kaboel ngantos salêbêting kalih minggu. Mirid kawontênan ingkang makatên punika, atêgês wadyanipun sang prabu saya sagêd ngangsêg, nanging ugi gadhah têgês, bilih kasantosaning mêngsah ugi linangkung. Ing bab punika taksih kandhêg dados pikiran.
Mirid saking kawontênaning sabab-sabab ingkang anjalari kirang têntrêming manahipun kawula, inggih punika among dagang ical, têtanèn botên kobêr nindakakên, satêmah lajêng nuwuhakên tindak rêsah, ingkang jalaran saking prakawis ngudi kêcêkaping têdha. Punika sagêd dados sêsulak, bilih karsanipun Prabu Amanoellah angrêbat praja taksih lăngka kalampahanipun, awit kawon dhêdhasar tekad kalihan Bacha Sakao, ingkang pancèn sampun dhêdhasar purun sakit tuwin kêndêl nêmpuh dhatêng sawarnining pakèwêd.
Pangintên ingkang kados makatên punika botên lidok, sapunika kasantosaning wadyanipun Bacha Sakao saya kêtingal, campuh kalihan wadya ing jawi, inggih punika wadyanipun Prabu Amanoellah, sagêd unggul ing jurit. Kawontênan ingkang kados makatên wau tamtu kemawon lajêng adamêl orêg, ngêtingalakên asor unggulipun ingkang sami pêpêrangan, lan ugi ing sakala punika Sang Bacha kados pêpindhaning sawung kaluruk wontên ing kalangan. Ing wusana wontên pawartos, bilih wadyanipun Prabu Amanoellah kêsêsêr, saya angunduri saking têlênging kitha ingkang badhe dipun rêbat.
Sampun dilalah, mênggah lampahing jagad pêpêrangan, pundi ingkang unggul tansah angsal daya ingkang mêwahi kasantosanipun, inggih punika Sang Bacha angsal pambiyantu saking golongan Islam ingkang kêplajêng saking tanah Ruslan, amargi dipun tundhung dening kaum Sopyèt.
Ucap ing ngajêng bab asoring aslinipun Sang Bacha anaking juru ngangsu, malah angosokwangsul dados pangalêmbana linangkung. Dados têtela bilih manah prajurit punika sagêd thukul wontên ing sintên kemawon, botên mawang asor luhuring darajat. Dumugi samantên mênggah kawontênanipun praja Agfhanistan.[1]
Waosan Lare
Sadulur Tunggal Suson
XIII. Pangeran Warsaya Kacêpêng ing Prabu Surawani
[Sinom]
Mêngko gênti kacarita | lakune prau wis minggir | ombaking banyu sagara | sing nêmpuh ing parang curi | swarane gêgirisi | kaya galudhug jumêgur | lan angine kumrasak | agawe muntabing ati | sang pangeran sabalane surak-surak ||
sang pangeran ora ngira | yèn sapinggiring [sa...]
--- 668 ---
[...pinggiring] pasisir | wis ana baris sing mapag | kuwat gone anjagani | ananging malah dadi | gambiraning mungsuh mau | lakune saya nyêngka | barêng wis têkan ing pinggir | bêbarêngan kabèh nuli padha mêntas ||
prajurit saka nagara | ing niyate angadhangi | nanging ketok rada samar | awit ngira durung mêshi | yèn ta sing têka kuwi | apa ya têmên yèn mungsuh | wusana barêng cêtha | yèn kangjêng pangeran pati | têtindhihing prajurit rada sumêlang ||
banjur lapur Ratu Sêngkan | yèn pangeran kang nindhihi | sanalika banjur muntab | angabani mênyang baris | supaya anandhingi | prajurite iya maju | mung ki patih kewuhan | awit wêruh mungsuh gusti | yèn ngantia kabanjur gawe sangsara ||
mulane agawe reka | balane tansah diudi | supaya bali nèng dalan | wusana kang ngono kuwi | ratune iya ngrêti | mula bangêt gone nêpsu | banjur aba asantak | kowe kuwi priye patih | wis ta ayo kabèh padha ajokêna ||
kagèt ki patih dadakan | balane diprentah wani | banjur têmpuh rêrukêtan | akèh wong tatu lan mati | kocap pangeran pati | tansah nyawang mênyang mungsuh | sing dadi tindhih sapa | barêng priksa Surawani | sanalika mak bêl bangêt gone duka ||
awit èngêt dhèk nalika | nundhung bok ban gawe isin | tumuli diangsêg cêdhak | sing kêtrajang padha nisih | mak cêg dicandhak wani | tangan dipithês mak jêthut | tumuli angandika | lah tamatna sapa iki | iya aku mungsuhmu Pangran Warsaya ||
aku gênah ora samar | kowe kuwi Surawani | wong kang ambêg nganiaya | biyungku ko-wêwêdèni | ya aku sing mrinani | ayo katogna budimu | ing kono sanalika | duka Prabu Surawani | sang pangeran dijêngkangke êmèh dhawah ||
galayar nyat ngagsêg cêdhak | mapan Prabu Surawani | nudingi karo ngandika | ah kowe bangsaning cindhil | yèn kowe durung ngrêti | iya aku iki ratu | lah kowe arêp apa | wani-wani anyêdhaki | wis nyingkira ora patut yèn nyêdhaka ||
pangeran rada anggragap | dikintên yèn ing saiki | ing Tanjunggunung wis ana | sing jumênêng anggêntèni | nanging ya ora ajrih | malah ngangsêg-ngangsêg ngêsuk | karo ngandika sora | nadyan ratu ora wêdi | awit aku ngrêti yèn ratu rêrekan ||
wis ayo nuli sèlèha | yèn lumuha kowe mêsthi | kêlakon katiban pêdhang | pangeran ngunus mak sripit | gumêbyar amêdèni | Prabu Sura iya ngunus | angandika tibakna | pangeran nyabêt nywara cring | ditangkis ing Prabu Sêngkan lan ngandika ||
o jênênge kowe bocah | umurmu isih sathithik | arêp ngayoni wong tuwa | sing wis warêg lêgi asin | yèn tak suduka mêsthi | ambarodholi wadhukmu | aku aja ko-kira | uwong kang loro sadhuwit | kulinaku nigasi guluning raja ||
kang mangkono pancèn nyata | mungguh Prabu Surawani | nalika dadi niyaka |[2] pancèn rada pilih tandhing | sasat sing nyantosani | nagara ing Tanjunggunung | dadi anggone nyêngka | dadi ratu saka wani | ing têgêse iya ora pati mokal ||
lan yèn tandhing sang pangeran | kapara mênang sing mêsthi | mung sarèhning lumuh pêrang | awit saka dudu tandhing | banjur ngangsêg sathithik | mung murih tumuli rampung | astane sang pangeran | digêblèg pêdhang anjondhil | pêdhang tiba banjur dicandhak kang asta ||
pangran ora [o...]
--- 669 ---
[...ra] bisa obah | nuli animbali patih | ayo iki talenana | bocah bae arêp wani | pangeran kêmpis-kêmpis | karo muwun sênggruk-sênggruk | ki patih barêng têka | nalèni ya karo nangis | wis dilalah kudu ambănda bandara ||
jêng pangeran durung priksa | yèn sing ambănda Dèn Palih | mung kêtungkul ngêsah-êsah | patih arêp clathu wêdi | Prabu Sura tumuli | nyêdhaki karo dhêdhawuh | aranmu isih bocah | mung kêburu wani ati | wêwêlake anèng kono rasakêna ||
wise nuli dikunjara | pêrangane sirêp nuli | ing kono saya katara | yèn Sang Prabu Surawani | ketok anguwasani | ing nagara Tanjung Gunung | ing saiki kocape | bangêt susah Patih Palih | wis rumasa dadi wong gêdhe cilaka ||
babarpisan ora ngira | jêbul kon ambănda gusti | atine mung krasa samar | wusana barêng ing bêngi | nyalamur Patih Palih | mênyang nagara lumêbu | sowan nyang kapatihan | dhèk samana kyai patih | nuju lênggah piyambakan nèng pandhapa ||
barêng ana dhayoh têka | wis priksa yèn Patih Palih | banjur ajumênêng urmat | Palih prêk andheprok nuli | gumujêng kyai patih | bok wis kene padha lungguh | jênêng sapadha-padha | awit kowe iya patih | Palih matur o kula patih punapa ||
kula sampun asrah tobat | tarimah dados pun Palih | kula ngaturi uninga | mêngsah ingkang andhatêngi | sayêktosipun gusti | jêng pangeran ingkang rawuh | êmèh kemawon tiwas | pun sedani Surawani | sapunika wontên ngrika pun kunjara ||
kang ambănda inggih kula | lah punika kadospundi | ki patih alon ngandika | hara kapriye ta kuwi | kathik pating balandhit | banjur kapriye karêpmu | kuwi rada rêkasa | nganti angêntèkke pikir | wis balia ing manise wis tak tata ||
Panglipur Manah
Priya Candhala
Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.
[Gambuh]
Nyatane durung wêruh | mung sasmita sajêroning turu | lah ênggonên kêthu abang gombyok langking | sakarêpmu pan tinurut | wus kaidèn mring Hyang Manon ||
mula yèn padha rujuk | mêngko bêngi dijajal rumuhun | mênyang pasar mlêbu warung jajan bakmi | aja samar milu aku | padha mangana sing katog ||
sawise padha rujuk | nuli mangkat gumrubyuk mring warung | Amad nganggo kêthu abang ana ngarsi | diiring pra mitranipun | nèng dalan sami gêguyon ||
satêkane ing warung | banjur mlêbu lungguh jèjèr salu | Amad nuli ngatag para mitra sami | lah wis kono sakarêpmu | padha jaluka sing dodol ||
sawatara wus rampung | padha bungah sênêng jroning kalbu | wus rumasa warêg wêtênge tan ngêlih | ajak-ajak sami mantuk | mitrane pating palênggong ||
lamun nyata satuhu | wêtêng warêg mangan nora tuku | mlêbu warung nora bayar mangan bakmi | yèn mangkono Amad iku | bêjane saênggon-ênggon ||
--- 670 ---
wasana padha kèlu | nora wêruh rêmbuge ing mau | ana wong nom dhasar anake wong sugih | diugung sakarêpipun | mring wong tuwanira karo ||
wong anom iku mau | praptèng wisma nêdya jaluk kêthu | wong tuwane sakarone anuruti | kêthune Amad tinuku | satus rupiyah karopyok ||
kocap wong anom iku | suka tyase katularan gêmblung | kêthu abang gombyok irêng digo miring | sayêkti tan wêruh ing dur | daludur melik kang melok ||[3]
[Durma]
sanalika wong anom tyase gambira | sênêng kapati-pati | rumasaning nala | kêna tinêbas arta | kasênêngane salami | nora dinalar | nyatane diapusi ||
kacarita anuju sawiji dina | wong anom angulêmi | sagunging pra mitra | kinumpulkên sadaya | prêlune ingajak sami | jajan mring pasar | anjajal kêthu abrit ||
wus kawruhan kadibyaning kêthu abang | marmane sukèng ati | nora was sumêlang | lakune gya ginêlak | têka pasar warung bakmi | mapan sadaya | nèng salu tharik-tharik ||
padha mangan kaya adat sabênira | sawuse rampung sami | tumuli pamitan | bali mulih mring wisma | nyat ngadêg bubaran mulih | anggone jajan | tan pisan dibayari ||
ingkang dodol sakala kagèt tyasira | tumuli anututi | tinêmu nèng marga | gancang anggone nyandhak | ingajak bali tumuli | mring warung pasar | tinanya gênti-gênti ||
wus satata padha omong êntèkira | ginunggung dadi siji | jinalukan bayar | êntèke gone jajan | para janma mudha sami | padha kèmêngan | dene tan gawa dhuwit ||
amangsuli jaluka sing kêthu abang | iku kang ambayari | wus pasrah nèng kana | dene kang kêthu abang | sêntak saurira bêngis | hèh kawruhana | apa sira tan uning ||
sapa wonge ingkang nganggo kêthu abang | dhasar gombyoke langking | iku lamun jajan | sayêkti nora bayar | iku ujare kang wangsit | sasmitaning Hyang | dadi bêja wak mami ||
dene sira têka wani jaluk bayar | tan wêdi mring Hyang Widhi | tuk sikuning Suksma | pancèn janma musibat | mangsuli lan milang-miling | matamu picak | apa kang tak go iki ||
ingkang dodol kaku atine sakala | nyandhak alu kinardi | mênthung kêthu abang | bubar pating salêbar | lumayu aniba tangi | abilulungan | rame pating jalêrit ||
pan ing kono wong anom padha kalaran | sambat aku mati |[4]
mlayu jêranthalan | kêthetheran nèng dalan | dènirarsa angoncati | sakala prapta | ing wisma ting karêmpis ||
sambat-sambat adhuh mati aku bapak | laraku dipênthungi | marang wong ing kana | kang dodol ana pasar | garêjêg anjaluk dhuwit | bayar le mangan | jajan nèng warung bakmi ||
yèn mangkono Si Amad iku rak cidra | kêthune diijoli | agawe sangsara | bêja nora palastra | sing tuwa nyambungi aris | anggèr wruhanta | kowe kurang satiti ||
mung kalingan anggonmu angkara murka | nuruti ati budi | tan manut ing warah | tuture wong atuwa | wajib rasakna saiki | tinêmunira | iku lupute kaki ||
bapa babu nuruti atine bocah | cacad nora satiti | wèh tiwasing anak | sapa ingkang kajibah | tan liya mung yayah wibi | bêcik elinga | benjang ing buri kari ||
--- 671 ---
ing samêngko Si Amad gênti tak oyak | pan arêp tak pênthungi | măngka walêsira | gone gawe sangsara | kang marang anakku iki | lah wis mênênga | tak burune saiki ||
wong tuwane anggawa alu sakala | kêbat dènnya lumaris | nora tolih wuntat | kacipta mung Si Amad | mung arêp winalês gênti | ginêcak-gêcak | alu kanggo mênthungi ||
pan tinêmu Si Amad lagi nèng tăngga | cinandhak dipênthungi | gègère ing ngomah | Si Amad gêlangsaran | sêsambat ajêrit-jêrit | anyipta pêjah | polahe niba tangi ||
dhèk samana barêngi wanci pêtêngan | Amad bisa lumaris | luwar sing bêbaya | tan wruh paraning marga | ciptane mung ngungsi urip | mlayu blusukan | anasak-nasak têgil ||
dumadakan tan wruh rumpiling kang marga | pêtêng kapati-pati | tiwas tibèng jurang | jêmpalik ngathang-athang | dadi bathang ana siti | tanpa kukupan | pantês dadya palupi ||
pêpiridan ginawe têpa tuladha | kaki dèn padha eling | lamun lali lena | larut praptaning laya | yèn wong anon[5] tan mraduli | tuturing bapa | papa tumêkèng pati ||
pan pinunggêl rampunge dènnya manitra | ing sasi Januari | wanci jam asthenjang | Akad Wage tumapak | tanggal kaping nêm lumaris | angkaning warsa | gatra nêmbah trus gusti=1929 ||
Pak Jaya. Ing Pajawaran, Banjarnagara.
Kawontênaning Têtiyang ing Indhonesia
Tumraping ngakathah, wontêning Pacific Congres punika sagêd anyumêrêpi wujud, kagunan tuwin tatacaranipun têtiyang ing Indhonesiah, saya tumrap têtiyang ing ngriki, kawontênan ingkang kados makatên wau sami dipun anggêp têtingalan ingkang awis wontênipun, mila ing wêkdal wontên konggrès wau untaping tiyang ningali kathah sangêt, wontên ingkang dhatêng ing moseyum, wontên ingkang namung nyêgat ing margi, ningali nalika langkung badhe amitongtonakên jogèdipun wontên ing kêbon binatang.
[Grafik]
Gêdhong museyum ing Batawi ing perangan ngajêng, nalika nuju wontên têtingalan Pacific Congres. Têtiyang ingkang ningali kathah sangêt, ing dintên sakawit ngantos mangsulakên tiyang ningali.
Tumrap tiyang ingkang ahli mêmikir, kawontênaning băngsa-băngsa wau kenging kangge titikan dhatêng undha-usuking [undha-u...]
--- 672 ---
[...suking] pasrawungan, kagunan tuwin bêbudènipun, sanadyan botên dipun cariyosna, tiyang tamtu mangrêtos dhatêng bêbudènipun tiyang ingkang taksih mangangge sarwa prasaja sangêt tinimbang ingkang jangkêp saha sampurna.
[Grafik]
Băngsa Jailolo, Halmahera
Dene tumrap para tamu ngamănca, kawontênaning konggrès ingkang kados makatên punika sagêd dados jalaran wênganing wawasan ingkang sakalangkung wiyar, mila wontêning rêmbag-rêmbag inggih sakalangkung wigatos.
[Grafik]
Băngsa Ambon mangangge sandhangan badhe anjogèd parisi.
[Grafik]
Băngsa Ambon main cakalele. Mênggahing băngsa Ambon, mainan ingkang kados makatên punika sampun kêrêp kapitongtonakên sabên nuju wontên karamean agêng.
--- 673 ---
Rêmbagipun Garèng lan Petruk
Palapuranipun Petruk dhatêng Garèng, Bab Anjênêngi Pista ing Jendral Motor ing Tanjungpriuk
Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.
Garèng : Wis Truk, banjurna caritane anggonmu calangkèk ana ing Jendral Motor ing Tanjungpriuk.
Petruk : Sadurunge aku ambanjurake caritaku kiyi, aku arêp ngelingake nyang kowe, yèn para jurnalis sing padha anjênêngi pistane Jendral Motor mau, sing akèh Walănda, jurnalis Tiyonghwa kira-kira ana nêm utawa pitu, dene jurnalis băngsa sa-Indhonesia mung ana rong blindhi, yaiku: sobatku kêras Si Culik, lan Mas Ngantène Petruk kiyi.
[Grafik]
Garèng : Hêk, hêk, hêm, Petruk adol umuk, têka pintêr cluluk, duk ana ing Priuk, sing athênguk-thênguk, mung Culik lan Petruk, kuwi têtêp umuk, ....
Petruk : We, hla, kurang ajar, ana anggonku crita dak lakoni ngêdên-ngêdên mêngkene, konone têka mung disambi têmbangan ana ini bae, thik nganggo dijogèdi mincêg-mincêgage irunge sing kaya kuwih maha kuwi. Saya manèh ngarani aku umuk, gênahe mono apa ora prêcaya, yèn aku bênêr-bênêr ana ing pistaning Jendral Motor.
Garèng : Awit pucuking rambut tumêkaning jêmpol sikil pisan, aku mula iya prêcaya, yèn kowe nunggoni pistaning Jendral Motor. Mung bae, yèn jurnalise băngsa Indhonesiah mung kowe lan Culik dhewe, hla, kuwi atiku tak kon prêcaya, ujug-ujug kok banjur anjaluk dirapak bae. Awit sumurupa Truk, sanadyan aku ora kalêbu bangsaning têlèk, nanging aku iya sok maca layang kabar. Durung suwe kiyi aku iya mêntas maca salah sawijining layang kabar Indhonesiah Tus, ing Batawi kene, kang ngêmot palapurane dhirèktur up rêdhakture anggone mèlu pista ana ing Jendral Motor ing Tanjungpriuk, malah nèk aku ora kliru, gajêg-gajêge ana sing ngandhakake kira-kira mêngkene: sing dadi gagasanaku ora ngêmungake untal-untalan sing gandêm-gandêm, utawa sing nyamlêng-nyamlêng, nanging kapan bisane bangsaku Indhonesiah kiyi bisa anduwèni pabrik kaya Jendral [Jendra...]
--- 674 ---
[...l] motor. Hara, wong bisa ngocèh mêngkono kuwi, têmtune rak iya mèlu nyang kono. Nèk ora têka dhewe, hla, prêlune apa crita kang kaya mêngkono mau. Êmbuh nèk ana tuwuhing lêlakon ing donya sing gawat manèh. Awit kaanehaning donya kuwi tumêkaning saiki durung musna kabèh.
Petruk : Kang dadi pasêksènku: Si Culik, redhaktur ing Keng Po, yèn ora ana jurnalis Indhonesiah liyane kang mèlu pista nyang Jendral Motor, kajaba Culik lan aku. Ewadene omongmu mau bokmanawa ana bênêre, yèn kaanehaning donya kuwi durung ilang kabèh. Kajaba kuwi, dhirèktur up rêdhaktur nulis nyang korane sawijining tindakan kang ora dilakoni dhewe, kuwi bokmanawa anduwèni sêdya kang gawat bangêt, upamane: 1e arêp nuduhake nyang langganane, kang sajake dianggêp wong bodho kabèh, yèn si up rêdhaktur mau sawijining wong kang gêdhe panguwasane, gêdhe pangaruhe lan unggul drajate, tandhane: ana apa bae mêsthi diulêmi, mêsthi diaturi, 2e dhirèktur up rêdhaktur ngarang utawa angalêmbana sawijining bêbadan padagangan ing korane, kuwi ing batin bisa uga anduwèni pangarêp-arêp, nèk-nèke sing dialêm mau banjur anduwèni wêlas, banjur pasang adpêrtènsi ana ing korane, kuwi rak rêjêki bêsar arane.
Garèng : Lho, hla nèk ana up rêdhaktur duwe patrap rong prakara kang wus kok kandhakake mau, kuwi rak nandhakake kuranging bêbudène lan durung ngrêti marang lungguhing kajurnalisane. Murih utama lan undhaking drajate jurnalis, kuwi ora mangkono dalane, nanging kudu bisa nyakup marang kridhaning wawasan, lan jêmbaring pikirane, kang klawan wêwaton bênêr, lugu, ora cara goroh-gorohan mêngkono. Lan manèh apa rumasane wong-wong sing padha maca koran kuwi padha bodho kabèh, sanyatane sing kaprah, wong kuwi anggêre wis gêlêm maca koran, iya mêsthi wis duwe pangrêti, têgêse akal budine wis urip. Dene nèk mula têmênan, anggone ngarang lan angalêmbana mau mung arêp golèk adpêrtènsi, dadi golèk undhaking rêjêki, kuwi rak banjur ora cocog karo unine dhewe, kang tansah disêbar sabên dina ana ing layang kabare, kaya ta anggone nguman-uman utawa ngala-ala priyayi sing padha dhêmên golèk pêndhok aliyas anjilat marang lêlurahe, kuwi nganti êntèk amèk kurang golèk. Carane priyayi mangkono kuwi rak iya ora beda karo trajange up rêdhaktur sing golèk adpêrtènsi mau.
Petruk : Mulane aku tansah gumun, awit aku ngawaki lan nyipati dhewe, kabèh sing padha diulêmi lan sing padha têka, kuwi padha năndha tangani jênênge dhewe-dhewe ana ing buku tamu kang disadhiyakake ana ing kono, ing măngka gênah bangêt, yèn awake up rêdhaktur mau ora katon kumpul ana ing kono, lan jênênge uga ora ana ing buku tamu mau, lho kok sae-saene muni.
Garèng : Lho bokmanawa bae pancèn nyata, yèn kaanehaning donya iki durung ilang babarpisan. [ba...]
--- 675 ---
[...barpisan.] Kaya ta: dhèwèke bisa nyiluman, kabèh padha ora wêruh, wêruh-wêruh pasuguhane: limun, bir lan iwak kakap diantêm krama nyang dhèwèke.
Petruk : Utawa bokmanawa saking landhêping pikirane, nganti wêruhe mau mung saka anggone maca layang kabar bae, rumasane nglakoni dhewe, sabab rumasane wêtênge iya krasa warêg, ilate iya ngogèl, gurunge iya têlês dening bir, malah rumasane anggone gunêman karo dhirèkture Jêndral Motor cuwas-cuwis cara Inggris, măngka up rêdhaktur mau, bisane cara Inggris mung rong têmbung, yaiku: made karo in.
Garèng : Yah, kuwi rak cara Inggris ana ing klonthongan rèk kae, wis, wis, sêmene bae, aja kêdawa-dawa. (Badhe kasambêtan)
Kabar Warni-warni
Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès
Dhirèktur pinansiên angsal panguwaos saking parentah amaringi subsidhi gunggung f 2500- dhatêng Nederl. - Indische Groot-Loge van de Internationale Orde van Goede Tempelieren ing Batawi, tuwin dhatêng Anti-opium vereeniging f 1500.-, prêlu kangge ngajêngakên propagandhah panyêgah madat.
Wontên pawartos, Paduka Tuwan M. B. van der Jagt gupêrnur Surakarta badhe pêrlop dhatêng Eropah, malah lajêng wontên pawartos malih badhe kèndêl. Kawartosakên malih Paduka Tuwan J.C. Jasper, gupêrnur Ngayogya benjing wulan Oktobêr ngajêng badhe pêrlop sangang wulan dhatêng Eropah.
Lulus Iksamên wêkasan, Middelbare Landbouwschool ing Bogor, golongan Landbouwkunde: Alwi, Radèn Bunyamin Căndra Wardaya, Hoemala Harahap glr. St di Angkola, W.J.L. Lilipaly, Pong Kim Lian, Sugyarta, Sastra Admaja, Mas Sukriyan Arjadiwirya, Suparma Amongwardaya, Mas Ciptawasesa Tirtakusumanata. Golongan Boschbouwkunde: Radèn Arismunandar Suma Atmaja, Chadik Alzahir Radèn Martaya, Mas Surasa, Sukawiyana, Radèn Sunggana, Mas Sutarya.
Tuwan C.W.P. Vogelpoel ingkang anggadhahi kêbon binatang ing Dhago, Bandhung, mêntas ambêbêdhag gajah dhatêng Mênggalah, Sumatra, sagêd angsal balêdug satunggal tuwin mêjahi gajah sawatawis, wontên gajah ingkang panjanging gadhingipun 1.25 m. Balêdug wau sampun kabêkta dhatêng Dhago, saha ugi ambêkta kewan sanès-sanèsipun.
Pawartos saking Administrasi
Lêngganan nomêr 1290 ing Pasar Lêgi, Sala. Lêrês.
Lêngganan nomêr 833 ing Thêngklik, sami kemawon botên suda.
Lêngganan nomêr 1004 ing Majakêrta. Kalih pisan wiwit 1/4 - '29
Lêngganan nomêr 1707 ing Mangkudiningratan. Pundhatipun sataun kirang f 3,-.
Lêngganan nomêr 1108 ing Pare. Sampun katampèn, nuwun.
Lêngganan nomêr R. Ng. Manitrarêya ing Ngayogya. Ingkang lêrês nomêr 1022.
Wangsulan saking Redhaksi
S. Rusiyah, karangan panjênêngan bab ringgit botên kapacak, èngêt-èngêtan bab punika sampun nate wontên ingkang ngêdalakên.
Tuwan Sinta ing Ngawèn, karangan kalih bab botên kapacak, bab kados makatên punika sampun kêkêrêpên kapacak ing Kajawèn.
Tuwan Samsin, Ngayogya, gambar 3 iji botên kapacak, amargi kamanah kirang wigatos, utawi sampun kasèp. Gambar kakintunakên wangsul.
Tuwan K. Dijaya, ing Jalatundha. Eman sangêt dene karangan panjênêngan botên sagêd kapacak malih, nanging bokmanawi panjênêngan mangrêtos, bilih bab kados makatên punika ragi kalêbêt ing pangothak-athik.
--- 676 ---
Wêwaosan
Pêpisahan 27 Taun
Karanganipun Mw. Asmawinangun ing Jatilawang, Purwakêrta
33.
Wêkdal ingkang kaajêng-ajêng dening Dhoktêr Atmadi sampun dumugi, kados punapa bingahing manahipun, tur anggènipun sinau sagêd tamat, sagêd pikantuk sêsêbutan Dr. kados ingkang dados pangajêng-ajêngipun. Dhoktêr Atmadi mrêlokakên dhatêng kroningên pamitan dhatêng Nyonyah I. Kerpestein lan inggih mrêlokakên pamitan dhatêng sadaya para mitra-mitranipun, dhatêng tuwan tuwin Nyonyah Hèldhêring sampun kantênan, sasampunipun tapis sawêg atata-tata, sarta ing wêkdal ingkang sampun katêtêpakên... minggah dhatêng baita badhe wangsul dhatêng tanah Jawi.
Kala tanggal 20 wulan Sèptèmbêr 1888, watawis jam sakawan sontên kapal ingkang dipun tumpaki Dhoktêr Atmadi labuh ing palabuhan Tanjungpriuk, Dhoktêr Atmadi mandhap, nyipêng wontên ing hotèl sadalu, enjingipun bidhal dhatêng Banyumas ngampiri Bok Sura, wontên ing Banyumas ugi namung nyipêng sadalu, enjingipun lajêng dhatêng Ngayogyakarta. Kala wontên sêtatsiun Kuthaarja kintun têlegram dhatêng Dhoktêr Prang, mila kala dumugi sêtatsiun Ngayogyakarta Dhoktêr Prang jalêr èstri pinanggih wontên ing ngriku prêlu mêthuk.
Dhoktêr Prang tabikan kalihan pitakèn: papah karo mamah apa padha sugêng.
Dhoktêr Atmadi mangsuli: ora kêkurangan sawiji apa.
Idhah kapriye.
Idhah samono uga.
Sukur.
Mungguh wong kang ko-ngandikakakên biyèn kae kapriye.
Wis waras.
Kapriye wasanane.
Pancèn wis dak takoni akèh-akèh. Nitik saka wangsulan lan katrangane kaya ora bakal kêliru, wis mêsthi iku wong tuwamu. Wis, Di, cukup samene bae dhisik, saiki ayo padha bali, gampang prakara kuwi dirêmbug ana ngomah mêngko.
Sadaya lajêng sami numpak dhokar, sarêng dumugi ing griyanipun Dhoktêr Prang sami mandhap. Dhoktêr Atmadi enggal adus sarta santun pangangge, makatên ugi ingkang èstri tuwin Bok Sura. Jam satêngah wolu sami nêdha, bibar nêdha sami jêjagongan wontên ing ngajêngan. Dhoktêr Atmadi takèn: saiki kapriye, apa isih ana kurang prayogane saupama ngrêmbug wong kuwe.
Dhoktêr Prang mangsuli: ora. Iya, aku ngrêti yèn kowe kapengin bangêt enggal sumurup marang prakara iku. Mulane bêcik padha dirêmbug saiki bae.
Mula pancèn mangkono.
Ingkang èstri sumambung: malah wiwit tampi sêrat panjênêngan rumiyin punika botên kèndêl-kèndêl anggènipun gadhah pangajêng-ajêng, bok inggih sagêda enggal pinanggih kalihan piyambakipun.
Botên maibên.
Punapa ing sapunika tiyang wau sampun saras saèstu.
Wicantên kula dhatêng ingkang raka kala wontên sêtatsiun wau botên gêgujêngan, piyambakipun pancèn sampun saras saèstu.
Sukur.
Dhoktêr Atmadi pitakèn: saiki ana ngêndi.
Isih ana romah sakit.
Apa ana pakewuhe saupama aku nêmoni dhewe ing saiki uga.
Ora prayoga bangêt, bêcik disrantèkake nganti sesuk-esuk.
Mau kowe kăndha, ora bakal kêliru, wong mau mêsthi bapakku, katrangane kapriye.
Nalika dhèwèke dak takoni aran lan pinangkane apa manèh sababe kapriye dene têka banjur kluyuran mangkono. Wangsulane: arane Jayasuwignya, malah isih anduwèni sêsêbutan radèn, omahe ing Karanganyar Bagêlèn, pagawean dadi mantri panjuwal. Ing mau uripe tansah kanthi sênêng, nanging ing wêkasan kacandhak kasusahan gêdhe, bojone tinggal donya, tinggal anak lanang siji watara umur têlung taun, dadi isih cilik bangêt. Sarèhning ora bisa ngrumati dhewe, anake mau digawa mênyang Somagêdhe bawah Banyumas, dipasrahake mênyang adhine kang dadi sudagar supaya diopèni kang bêcik, sabên sasi dikirimi dhuwit minăngka kanggo sêmbulih ing kangelane.
Lêt sataun saka tinggal donyane mau dhèwèke omah-omah manèh karo sawijining wong wadon, nanging katitik yèn bojone kang kari iku kurang bêcik atèn-atène, dene kalair têmbunge: êmoh ngrumati anak kuwalon, bênêr têmbunge ora cêtha, nanging karêpe mangkono, mulane anake kang ana Somagêdhe lêstari ora diparani. (Badhe kasambêtan)
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
1 | Afghanistan. (kembali) |
2 | nayaka. (kembali) |
3 | mêlok. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: sambate aku mati. (kembali) |
5 | anom. (kembali) |