Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12-29, #45

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12-29, #45. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-12-29, #45. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 52, 4[1] Rêjêb Taun Jimakir 1858, 29 Dhesèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [941] ---

Ăngka 52, 5 Rêjêb Taun Jimakir 1858, 29 Dhesèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 Wèltêprèdhên.

Patamanan ing Wèltêprèdhên.

[Grafik]

Patamanan rêrêngganing kitha Wèltêprèdhên punika manggèn sawetaning alun-alun Gambir, yasanipun gêmintê, nama Fromberg-Park. Ing ngriku tanpa kêndhat tansah kadhatêngan para among sênêng.

--- 942 ---

Kawontênanipun Tanah Koreah.

[Grafik]

Pangeran Rigin, ing Koreah sakalihan wontên ing Dhênhah.

Gambar ingkang kacêtha ing sisih punika, gambaripun Sang Pangeran: Rigin ing Koreah kalihan ingkang garwa, kalanipun lêlana wontên ing Dhênhah (nagari Walandi), kadosdene para nata tuwin para luhur sanès-sanès praja, makatên ugi tindakipun sang pangeran dhatêng nagari Walandi wau, inggih prêlu badhe anjêmbarakên kawruhipun. Ing sarèhning ing samangke kathah para têtiyang Koreah ingkang sami ngumbara ngêjawi, saha limrahipun asring ngakên băngsa Jêdhang[2] kados botên wontên awonipun, upami ing ngriking[3] kacariyosakên sawatawis mênggah kawontênanipun tanah saha băngsa Koreah sawatawis.

Tanah Koreah punika peranganing siti Asiyah sisih wetan ingkang nglojok. Kala rumiyin tanah Koreah punika tanah mêrdika saha anggadhahi raja piyambak, ananging samangke dados siti bawahipun karajan Jêpang, sarta kanamakakên: Khosèn. Mênggah sitinipun ing ngriku perangan ingkang agêng wadhas, saha kathah rêdinipun latu. Ing sisih wetan tanah parêdèn ingkang urut têpining samodra Jêpang, ing kilènipun ingkang sisih lèr tanahipun radin. Hawanipun kalêbêt asrêp, saha kathah jawah, punapa [pu...]

--- 943 ---

[...napa] malih ing wulan Juli lan Agustus, ing ngriku jawahipun tansah anggrêjih kemawon.

Mênggahing tiyangipun ing Koreah punika, turunipun băngsa Mongul (băngsa kulit jêne). Kabudayanipun asli saking băngsa Cina, amila miturut babadipun, ing kinanipun nagari Koreah punika kalurugan saha katêlukakên ing băngsa Cina. Dhatêngipun băngsa Cina ing nagari Koreah, sanajan băngsa Koreah kapêksa dados têtêlukanipun, ewasamantên inggih kenging kawastanan satunggiling kabêgjan, amargi wontênipun băngsa Cina wau adamêl tata têntrêm saha raharjaning praja, bab têtanèn tuwin kabudayan lajêng majêng, makatên ugi kabudayan saha kasusastran Cina ugi katindakakên wontên ing ngriku. Kajawi punika băngsa Koreah, ingkang suwaunipun anggadhahi kapitadosan piyambak, saking dayaning băngsa Cina wau lajêng sami angrasuk agaminipun, inggih punika agami Konyucu. Wusananipun sarêng agami Buda saya dangu saya ngrêda, băngsa Koreah lajêng sami kelut dhatêng agami enggal wau, ingkang wusananipun lajêng sami angrasuk dhatêng agami Buda, ngantos dumugining dintên samangke punika, ewadene rumasukipun agami Buda botên patos lêbêt sangêt, amila ing samangke sanajan băngsa Koreah punika kêcêluk băngsa ingkang angrasuk agami Buda, ananging taksih wontên cara-caranipun, ingkang gêgayutan kalihan kapitadosan kala kinanipun. Kajawi agami kasbut nginggil, ing wêkdal samangke ugi sampun kathah ingkang sami angrasuk agami Kristên.

Wontênipun sapunika tanah Koreah punika kabawah ing karajan Jêpang, saha ing ngriku dipun wontêni guprênur jendral, minăngka wêwakilipun sang nata ing Jêpang amarentah ing laladan Koreah ngriku, dados sajakipun kadosdene tanah Jawi kabawah ing praja Walandi punika. Ewasamantên ing tanah Koreah ngriku inggih taksih wontên turunipun para raja rumiyin, kadosdene ingkang kacêtha ing gambar sisih punika, lan dumugining dintên samangke taksih tansah kinurmatan saha ingaji-aji.

Mênggah gêsangipun têtiyang Koreah punika, ingkang kawigatosakên sangêt inggih punika ing bab têtanèn, amila ing ngriku pamêdalipun siti ingkang prêlu piyambak, inggih punika: uwos, ing sisih kilèn lan kidul, kathah tiyang ingkang sami nanêm: gandum, juwawut, kêdhêle lan kara, ing sisih lèr sitinipun perangan ingkang agêng têtanêmanipun: kênthang. Kawontênanipun rajakaya katingal majêng, punapa malih lêmbu, ing ngriku katingal sae-sae, makatên ugi kapal, babi lan sanès-sanèsipun, kajawi punika kawontênanipun tiyang misaya ulam ugi katingal majêng. Kajawi sutra, kabudidayan sanèsipun katingal kirang sangêt. Ingatasing dêdagangan perangan ingkang agêng kacêpêng ing têtiyang Jêpang.

Makatên mênggah kawontênanipun ing tanah Koreah samangke. Salamining Koreah kabawah ing karajan Jêpang, băngsa Koreah ugi sampun asring anyobi adamêl gegeran sumêdya angêbrukakên paprendahan[4] Jêpang, ananging sadaya wau cabar ing damêl.

--- 944 ---

Kolerah.

Sami-sami sêsakit, sêsakit kolerah punika sabên tuwuh wontên sawênèhing nagari lajêng kados damêl gègèr, dening panêmpuhipun pancèn anggêgirisi, gampil sangêt tular-tumularipun. Nanging tumrapipun ing jaman sapunika, sanadyan damêla gègèr, ramenipun wau namung saking ombyaking tiyang ingkang sami nêdya ajêjampi suntik dhatêng dhoktêr, inggih punika ingkang dipun wastani suntik kolerah. Wontênipun lajêng sami pating grubyug wau, nandhakakên bilih ing sapunika têtiyang sampun sami pitados dhatêng dayaning suntikan wau. Punapa malih ing samangke tiyang sampun pitados sangêt dhatêng kawruhipun dhoktêr.

[Grafik]

Patrapipun dhoktêr nyuntik.

Ingkang sampun sumêbar ing pawartos, dèrèng dangu punika ing Batawi kaambah ing sêsakit kolerah, ingkang aslinipun tularan saking tanah sabrang, utawi inggih sampun manggih tăndha yêktinipun, yêktos wontên tiyang ingkang katrajang sêsakit kolerah.

Ing sanalika wau pamarentah golongan kasarasan lajêng anindakakên rekadaya kangge sarana panulaking sêsakit wau, inggih punika suntik kolerah, ing salêbêting kitha dipun wontênakên papan kangge nyuntik ngantos pintên-pintên panggenan, malah tumraping panggenan ingkang kathah tiyangipun, kados ta ing kantor-kantor, dipun dhatêngi ing dhoktêr piyambak. Panyambut damêlipun dhoktêr kenging dipun wastani tanpa kèndêl, dene dhatênging tiyang ing papan panyuntikan ngriku tansah anglur ewon-ewon, mila salêbêtipun sawatawis dintên kemawon, kawontênanipun tiyang ingkang dipun suntik mèh sampun waradin ing saparesidhenan Batawi. Dene wohipun rêp-sirêp saking karsaning Allah, pun kolerah lajêng oncat saking Batawi, sirna tanpa lari. Malah lajêng wontên wara-waraning pamarentah, bilih ing Batawi sampun botên wontên sêsakit kolerah. Sukur, alkamdulillah.

Bab piandêling têtiyang dhatêng suntikan punika ugi dados tăndha yêkti mênggahing piandêlipun dhatêng dhoktêr, punika inggih andadosakên kabêgjan mênggahing praja. Beda sangêt kalihan kawontênanipun jaman nalika pribumi dèrèng gadhah kapitadosan dhatêng dhoktêr, sabên tuwuh sêsakit kolerah lajêng ngămbra-ămbra botên kantênan, awit saking taksih sangêting anggènipun karakêtan watêk gugon [gugo...]

--- 945 ---

[...n] tuhon, pitados dhatêng kawontênaning lêlêmbat, malah lajêng mastani manawi kolerah punika tuwuhipun saking pandamêling băngsa lêlêmbat. Mila ing ngriki prêlu kacariyosakên sakêdhik mênggahing bab piandêling tiyang Jawi dhatêng lêlêmbat, murih kêtingal bilih piandêlipun wau sajatosipun botên mantuk ing nalar, malah lajêng adamêl karugian agêng.

Ing jaman nalika dhoktêr dèrèng kathah kados ing jaman sapunika, tumrap tiyang ing pakampungan kenging dipun wastani dèrèng sumêrêp punapa ingkang dipun wastani satunggal-satunggaling sêsakit, mila manawi wontên sêsakit nular, namung dipun wastani pagêblug. Dene ing bab sakit kolerah têtiyang Jawi inggih sampun dangu tumut ngangge têmbung wau, nanging amastani manawi kolerah punika wadyanipun Kangjêng Ratu Kidul, ingkang dipun utus ngupados tiyang, amargi Kangjêng Ratu badhe kagungan damêl, sapunika prêlu badhe ngagêm bêbau kathah.

Piandêl ingkang kados makatên wau lajêng nuwuhakên cêcariyosan warni-warni. Wontên ingkang cariyos ngakên sampun nate kêpêthuk kolerah wontên ing margi, wujudipun inggih kados tiyang limrah, kolerah wau kalihan ambêkta gêndul isinipun toya, sabên dipun ombèkakên, tiyangipun ingkang ngombe lajêng nuntak wawratan, wusana lajêng dipun aran dhatêng sagantên kidul. Wontên malih ingkang cariyos, bilih wontên tiyang ingkang dipun bêkta kolerah saraganipun. Sawênèh wontên ingkang cariyos sampun nate nglampahi piyambak, wicantênipun mêmpêng:

Tujune, tujune, barêng aku têkan ngarsane Kangjêng Ratu Kidul banjur eling. Batinku: Lha, aku iki mêsthi dipangan kolerah. Ana kanane aku banjur dipasrahi pagawean dikon asah-asah piring, nanging pijêr pras-prês pêcah, pancèn tak jarag. Lan aku sabên olèh cadhong ora tak pangan. Klekak-klèkèk aku pijêr ambêlèhi pitik bae, la wong doyanaku pancèn panggang pitik. Barêng patrapku mau konangan, aku banjur ditundhung. Aku banjur lunga arêp mulih. Satêkanku ngomah, jêbul aku wis dipitungdinani, biyangne thole lagi ngujubake sêdhêkahku. Aku banjur muni: Aku ora mida[5] mati. Wis ayo aku milu ngêpung, ujube slamêtan bali urip.

[Grafik]

Ombyaking tiyang ingkang sami dhatêng nêdha dipun suntik.

Cêcariyosan ingkang lăngka kados makatên wau limrahipun lajêng dipun anggêp nyata. Hêm.

Ing sapunika kados tumrapipun tiyang kathah sampun [sampu...]

--- 946 ---

[...n]

botên prêlu dipun sêsorahi ing bab kawontênan ingkang anjalar sakit kolerah punika, namung dipun sampe kemawon sakêdhik, bilih sêsakit punika asli saking baksil wijining sêsakit ingkang botên kasatmata kalêbêt ing badaning manusa, amor kalihan rah, lajêng dados sakit wau.

Tumrap pangrêksaning kasarasan, manawi nuju wontên sêsakit kolerah, kêdah sarwa rêsikan, kikrik ing têtêdhan, ngombe kêdah toya matêng, wowohan ingkang botên gampil ajuripun wontên ing wêtêng sampun katêdha. Punapa-punapa ingkang magêpokan ing bab têdha, kakumbaha wedang.

Panulakipun, manawi wontên ingkang sakit murih botên nular, kêdah rêsikan sangêt, panggenaning rêrêgêd kasirama karbol, kreolin utawi gamping. Pangangge ingkang mêntas kangge ing tiyang ingkang sakit, kagodhoga saha dipun kêlanthang.

Dene ingkang sae piyambak mênggahing pangrêksa, anêtêpana bêbasan: pêpayung sadurunge udan. Inggih punika samăngsa wontên pawartos sêsakit kolerah prayogi lajêng nêdha kasuntik dhatêng dhoktêr. Insaallah wilujêng. Dene dayaning suntik wau namung 6 wulan.

[Iklan]

--- 947 ---

Gajah lan Ngakal Budi.

Mêmèngêt mring pra taruna | mrih uning ring ngakal budi | mênggah ing kayêktènira | janma kang sipat linuwih | nadyan mung sarwa ringkih | katon ing kaananipun | nanging darbe kawasa | ngluwihi samèng dumadi | kang widagda ngluluh isining bawana ||

Kadya kang aran kawasa | sato-sato ing wanadri | kang misesa pindha raja | ngratoni sato sakalir | yèn galak sima yêkti | kinêkêsan satru mungsuh | yèn kang gagah prakosa | liman tan ana madhani | parandene maksa kawisesèng janma ||

Kawasaning budidaya | kang kinanthèn ngakal budi | tan lyan mung anèng manungsa | wênang misesa sasami | bangsaning kang kumêlip | yêkti kasor dayanipun | yèku upama gajah | kang wus kaloka ngajrihi | mung linuluh kadi ngêluk lung katela ||

Nadyan ucape ing kina | tumrape ing băngsa Jawi | wus wiwit duk jaman purwa | kongsi tumêkèng samangkin | dipăngga iku yêkti | kasor dening sratinipun | malah tumraping sabrang | liman mung inganggêp mundhing | pan pinardi dadya rong wang nambut karya ||

Ananging kang dèrèng wikan | gumune kapati-pati | awit ngatasing manusa | ingkang amung cilik mênthik | kawasa angêrèhi | mring kewan kang agung luhur | dene ta nyatanira | tan lyan mung sing ngakal budi | ingkang ngringkês karosane kang kawasa ||

Saya dahat mawèh ebat | tumraping gajah kumidhi | dene bangkit amêmadha | satindak-tanduking janmi | ingkang mangkono yêkti | mung tansah mawèh pangungun | lan iku datan lăngka | pantês ingaran linuwih | mêmunjuli ing lyan ing pangêrèhira ||

Kadi ta ingkang kacêtha | anèng gambar kang sumandhing | dipăngga ingajar lênggah | kang pinrih sinau nuli | nabuh piano amrih | mawèh sukanirèng kalbu | katrap[6] ingkang mangkana | tumrap gajah kang nglakoni | aran têtêp kasoran daya prabawa ||

Măngka kalamun sinawang | agung luhure tinandhing | lan janma ing sandhingira | tan pisan janma madhani | mung mirib sikil siji | pinidaka bae rêmuk | nanging wantuning janma | sinung akal budi mintir | karosaning dipănggga [dipăngg...]

--- 948 ---

[...ga] satêmah sirna ||

Kang kawuryan mung karênan | mawèh sukaning sasami | kang samya kêpung umiyat | ing kagunan kang linuwih | dene kang antuk puji | mênggahing sajatinipun | mung janma kang mêmulang | dene bangkit ngêrèh èsthi | tan ginagas liman kalangkunganira ||

Dadya têtêp kang ingaran | punjul iku amung janmi | marma sagunging manusa | lamun umèngêta yêkti | yèn kêgadhuhan luwih | dayaning budi pinunjul | baya kaananira | mung têtêp sarwa kêdugi | tan uninga mring lumuh sabarang karya ||

Pahargyan.

[Sinom]

Sumêngka pangawak braja | atur kula kang kawijil | katur mring Bale Pustaka | tumuju mring kalawarti | Kajawèn kang sêsilih | kalawarti sabên Minggu | dintên Kêmis mêdalnya | Wèltêprèdhên kantornèki | kang ngêmudhi para sarjana nimpuna ||

Praptèng tamating carita | dêdongengan kang linungit | Prabu Tristan winursita | satriya kang bêg linuwih | pantês dados palupi | dhatêng para mudha punggung | kalangkung trênyuhira | dhatêng para kang udani | langkung rame adamêl sêngsêming driya ||

Tata titining carita | Prabu Tristan kang utami | gènnya labuh mring sasama | tan mawi amilih janmi | eklas trus jroning galih | datan darbèni panggayuh | dhatêng wêwalêsira | ingkang sampun dèn tulungi | namung tansah apasrah karsèng Hyang Sukma ||

Ing manah kula graita | dhatêng para kang marsudi | ing sastra ukara cêtha | kadya Bale Pustakadi | kawignyan sungil-sungil | gampil sangêt arsa wêruh | lamun purun kecalan | anyrêmpil pamêdalnèki | gangsal kêthip ing dalêm sawulanira ||

I nyata mirah rêginya | ingatasing kalawarti | ingkang makatên punika | yêkti agêng mikantuki | kenging yèn dèn wastani | sasat mung suka pitulung | dening rêrêgènira | kalangkung mirah kapati | mirah malih ing taun ngajêng punika ||

Maturnuwun ing ngarsanya | dhumatêng para marsudi | kita angsal sih kadarman | miturut wara kang wingi | wêdalnya kalawarti | Kajawèn ing têmbenipun | ing Januari ngarsa | badhe mêdal kaping kalih | rêgi ajêg tambah sae isinira ||

Gita kula tur pahargyan | saking kumêdahing batin | angaturkên urmat kula | dhumatêng pra kang udani | pra maos lan rêdhaksi | lan malih administratur | kalangkung bodho kula | kathah têmbung ingkang sisip | apuranta sadaya ing kalêpatan ||

Rinampungkên gènnya nurat | ing ari Anggara Manis | tanggalira kalih dasa | Dhesèmbêr wulan nyarêngi | sèwu sangangtus warsi | pitu likur langkungipun | sinêrat pun Suprapta | dhêdhukuh ing Imagiri | angêgungna samodra ing pangaksama ||

[Pocung]

kongsi galur sasat kadi bapak pucung | pahargyan andika | kêladuk nguyah asêmi | namung sukur dene rêna ulah sastra ||

yogyanipun ingkang têbêri[7] ngêngimpun | lan namat-namatna | mring traping ukara bêcik | mrih sambada uning kithaling ukara ||

Red.

--- 949 ---

Pamoring Srêngenge, Siyang lan Dalu.

Ingsun iki srêngenge, lir Kajawèn jiwane, nêdya pamit lan sira, hèh ari saikine, kariya anèng kene, ingsun pan arsa muksa.

[Grafik]

Ngapuranta dhuh dina, jiwèngsun anggung ngrasa, mèngêt ing dhèwèke, kang wus nunggal sawarsa, karênan lawan sira, tanpa pisah mangkene.

Mung ingsun mêksa mirud, pêtêng kang arsa napud, dening kêsundhulan taun, kang wus katon nyakêti, wimbaning Januari, sumarma aywa gêtun.

Ingsun iki pan awan, pindhane kang lêngganan, dhuh karsanta srêngenge, ingsun tan nêdya kari, ing saparan tut wuri, yèn karia kapriye.

Sun ngrasa trêsna yêkti, wus nunggal ing sawarsi, sira anggung mirêngna, kadi paran yèn pisah, tyas ingsun dahat rudah, dhuh arka èlingana.

Kalawan wus pinasthi, ingsun tan kêna kari, saparan gêgandhengan, aranira wus cundhuk, salami tansah gathuk, srêngenge lawan awan.

Ingsun pêtênging dalu, kang pindha kyai juru, panitra kang ngarang, kang nyimpêni jiwane, rasanirèng srêngenge, kang tan kêndhat nênawang.

Ywa samya samar ati, mring kaanan ta yêkti, padhanging kang srêngenge, kalawan sira awan, lulusa abêbrayan, sun kang mikir apike.

Ingsun samono uga, nadyan pisah sadhela, ing tyas anggung anggagas, mula ayo saiki, tunggalan dadi siji, murih Kajawèn brêgas.

--- 950 ---

Klinik Sêsakit Mripat Muhamadiyah ing Surakarta.

Saya dangu saya cêtha sangêt mênggah saening Muhamadiyah. Dumuginipun sapunika wohipun saya kêtingal sangêt, pintên-pintên adêging pamulangan warni-warni dhêdhasar Islam, ingkang dipun adani dening Muhamadiyah, sapintên sumêbaring buku-buku Muhamadiyah ingkang migunani dhatêng para umat Islam, saha ugi sampun ngadani ambikak klinik pitulungan dhatêng sintên kemawon ingkang nêdya jêjampi mriku. Cêkakipun kenging dipun wastani, bilih Muhamadiyah punika ancaging sêdyaipun kasêmbadan.

[Grafik]

Gambar kawontênaning têtiyang ingkang sami jêjampi.

[Grafik]

Dhoktêr Radèn Suratman (ing sisih têngên) nalika nuju anjampèni kalihan pambantunipun.

Sampun sawatawis wulan punika, Muhamadiyah ing Surakarta ambikak klinik sêsakit mripat, ingkang dipun pangagengi dening panjênênganipun dhoktêr Radèn Suratman, dhoktêr ing bab sêsakit mripat.

Sanadyan klinik wau dèrèng sapintêna dangunipun, ewadene dhatêngipun tiyang ingkang sami jêjampi mriku kathah sangêt, botên ngêmungakên tiyang salêbêting kitha kemawon [kemawo...]

--- 951 ---

[...n] sanadyan saking sajawining Surakarta inggih kathah. Dene adêging klinik wau kathah ingkang sami ambiyantu kangge nyantosakakên, malah sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ugi kaparêng aparing kadarman arta.

Miturut papriksaning dhoktêr Radèn Suratman, ingkang pinanggih wontên ing Surakarta, kathah tiyang ingkang nandhang sakit tragum, inggih punika sawênèhing sêsakit mripat ingkang sagêd nular.

Mila wontênipun klinik sêsakit mripat wau, tumrap têtiyang ing Surakarta rumaos manggih kabêgjan agêng. Pangajêng-ajêngipun, mugi wontênipun sêsakit ingkang kados makatên wau tumuntêna sagêd sirna.

Kajawèn ugi tumut mangayubagya sangêt, tuwin mêmuji mugi adêging klinik wau sagêda dados jalaran kabukaning manahipun têtiyang ing Surakarta, sumêrêp dhatêng ajining kasarasan, ingkang mikantuki kangge ngudi dhatêng kamajêngan. Punapa malih mêmuji dhatêng kasugênganipun para ingkang mandhegani sadaya. Amin.

Pawartos Saking Administrasi.

Ing Kajawèn ăngka 48 tuwin 49 kawrat wara-wara: sintên ingkang sagêd angsal langganan sakawan iji, badhe kacaosan Kajawèn lêlahanan. Dene laminipun inggih manut lamining anggènipun langganan têtiyang ingkang dipun lêbêtakên wau. Samangke Bale Pustaka sampun kathah anggènipun nampèni sêrat saking sanak-sadhèrèk ingkang sumêdya dados agèn, ananging sêmunipun sadaya wau sami dèrèng mangrêtos cêtha mênggah kajêngipun wara-wara wau katitik saking sêrat-sêratipun, namung nêrangakên nami-namining tiyang ingkang badhe dados langganan thok, dados botên ngangge ngintunakên yatra rêgining langganan. Măngka kajêngipun wara-wara wau: nyukani langganan dalah yatranipun pisan. Amila kalayan wara-wara punika, administrasi nyuwun dhatêng para ingkang sami kêparêng dados agèn, mugi nêtêp para dhatêng kuwajibanipun, inggih punika: nyukani langganan dalah yatranipun pisan. Sabên gangsal langganan, ingkang kêdah kabayar 4, dados ingkang 1 gratis, minăngka pituwasing agèn.

Kajawi punika ngaturi uninga, bilih nalika tanggal kaping 23 kapêngkêr punika, administrasi sampun ngintunakên bêlangko pos wisêl dhatêng para prayantun langganan, minăngka pamêthuking yatra langganan tumrap kuwartal I ngajêng punika. Amrih sampun andhatêngakên kapitunan ngrika-ngriki jalaran katêlasan Kajawèn, para prayantun mugi kêparênga ngintunakên yatra langganan wau ing salêbêtipun wulan Januari 1928 ngajêng punika.

Bale Pustaka - Wèltêprèdhên.

--- 952 ---

Bab Pigunaning Ulah Raga.

Kala rumiyin, mênggahing pamulangan-pamulangan andhap dèrèng wontên pasinaon ulah raga, wontênipun namang[8] lugu sinau ulah pikir thok, ewadene tumrap pamanggihipun tiyang ingkang sampun andungkap dhatêng raosing ulah raga, sampun sagêd amastani bilih murid-murid sêkolah punika prasasat sampun ulah raga sabên dintên, inggih punika kapiridakên saking ajêging tindakipun, tilêm, tangi, adus, lajêng lumampah, punapadene nêdhanipun sami ajêg. Mila mênggahing murid-murid sêkolah, badanipun inggih sami saras-saras. Pangintên makatên wau inggih sampun wontên èmpêripun sakêdhik, tindak-tanduk sabên dintên ingkang ajêg punika inggih nama ulah raga, nanging manawi dipun timbang kalihan ingkang dipun wastani ulah raga yêktos, punika lajêng beda sangêt kawontênanipun, awit ingkang nama ulah raga punika inggih ingkang kêtingal anggèning ngulahakên raganipun.

Dangu-dangu lajêng wontên caraning lare gandhulan, ngangkat awrat, punika têtêp nama ulah raga, nanging ulah raga ingkang kados makatên wau namung tuwuh saking kajênging lare piyambak, wontênipun taksih manasuka.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun para murid kursus guru dhusun ing Kêrtasana sami ulah raga.

Ing sapunika lajêng wontên ulah raga ingkang baku kangge mulang ulah raganing para murid sêkolah, ingkang dipun wastani ulah raga cara swid. Mênggah caraning ulah raga wau kêtingal sangêt ebah-ebahing badan sakojur, lan kawontênanipun mikantuki sayêktos.

--- 953 ---

Darmawisatanipun Petruk.

Petruk : Kang Garèng, upama anggonku lêlana nyang Jawa Têngah kuwi dakcaritakna kabèh, têmtune iya ora bakal rampung-rampung, sanajan saiki kowe anjupuk bojo ênom, nganti duwe anak, anakmu korabèkake iya nganti duwe anak manèh, putumu mau korabèkake, iya nganti duwe anak, mêngkono satêruse nganti ana sadhosin rambahan, iya ora bakal rampung-rampung, mulane anggonku crita saiki arêp dak jugag bae, dak critake sing prêlu-prêlu bae, apa manèh pamawasanaku sajêroning lêlungan kiyi.

Garèng : Hêm, wêwatêkanmu dhêmênyar kuwi kok ora mari-mari. Tandhane kalane anyar-anyaran olèh êmbokne Si Kamprèt, wah, anggone trêsna lan ora gêlêm pisah-pisah prasasat Mimi Mintuna têmênan, barêng anggone jêjodhoan ganêp sêsasi bae, bojone ora kêna salah sathithik, jangan mung kurang asin utawa nyambêl kurang trasi bae sing koanggo kêmbang lambe: tak pêgat, tak talak pitu, ayo sowan nyang mas pêngulu. Saiki kokatonake manèh anggonmu dhêmênyar mau, kowe biyèn rak kăndha, yèn kabèh anggonmu lêlana nyang Jawa Têngah, arêp kok critakake, saiki durung olèh saparo bae, wis banjur arêp kojugag, kang mangkono kuwi apa ora dhêmênyar arane. Ing măngka samubarang gawe kuwi sadurung-durunge kudu dipikir kanthi matêng, dadi yèn wis wiwit ditindakake, iya kudu dibanjurake nganti rampung. Kajaba ta yèn banjur ana alangan gêdhe, kang anjalari kowe kapêksa ora bisa ambanjurake kang arêp kolakoni mau.

Petruk : Pancèn iya ana alangane, upama dak critakna kabèh nganti sesuk êmbèn iya ora bisa rampung, mula aku iya: dhiêm-dhiêm sajah. Ing saiki tak banjurne caritaku, ananging tak cêkaki bae. Saka Kêbumèn aku thuwit nunggang sêpur liwat Ngayogya mênyang Magêlang. Ana ing Magêlang aku banjur: trèthèk, trèthèk sowan ingkang bupati. Sauwise banjur: thok, thok nêmoni panggêdhene kantor boswèsên, saka kono banjur: blang gêdhumplak, blang gêdhumplak anêmoni para priyayi lan partukulir liya-liyane.

Garèng : Ora Truk, aku arêp takon, ana unèn-unènmu: trèthèk, trèthèk, thok, thok lan blang gêdhumplak, blang gêdhumplak, kuwi mungguh karêpmu kapriye.

Petruk : Lho, kuwi mangkene, sing sapa arêp nêmoni ing sawiji-wijining golongan, kuwi

--- 954 ---

sabisa-bisa kudu sing ngrêti anggone ngêtrapake awake, aja nganti diunèkake wong kang kurang tata. Dadi upamane kowe sowan nyang para luhur Jawa, sing wajib kourmati, kowe iya kudu nganggo tata Jawa, yèn prêlu iya aja lali sêmbah dhodhoke, anggonmu anindakake tingkahmu iya kudu sing alus, gambare alus mau: trèthèk, trèthèk. Dene yèn kowe anêmoni para luhur Walănda, ing sarèhning băngsa Walănda kuwi racake: cikat, tandang, lan sapadhane, kowe iya ora kêna lali andhap-asormu, ananging sabisa-bisa kudu anulad cikat tandhange, dadi aja banjur klelat-klèlèt kaya wong sing katagihan kacubung, ananging kudu ngatonake: cikat, tandang lan trêngginasmu, gambare: thok, thok, thok. La nèk katêmu karo wong-wong sajajarmu, la kuwi akèh prèine, dadi anggonmu nêmoni, iya bisa sakêpenake.

Garèng : Adhuh, anggone awèh katrangan sajake kok kaya propsor.

Petruk : Wiyah, kathik kaya wong ngombe bir, dicopot prope, banjur diêsorake, sauwise rampung kaprêluanaku ana ing Magêlang, aku banjur anêrusake lakuku, yakuwi nyang Sêmarang, Gubug, Surakarta lan Ngayogyakarta, sauwise rampung banjur bablas ngênthir nyang Bêtawi manèh, nganggo mampir sawêngi ana ing Purwakêrta. Saka pandongamu lungaku mau iya olèh gawe. Wuwuhing lêngganan Kajawèn rada lumayan.

Garèng : Lha wong gawe pêrslah kathik dicêkaki sakarsanèki ngono, nèk dêlêng dêdêge kaya pare pêlus ngono, pancène yèn andongèng iya dawa ngalur-alur, jêbul-jêbul cêkak angaprêt kaya buntut wêdhus. Ya uwis, critakna bae saiki panêmumu sing klêbu anèh.

Petruk : Sing dak dêlêng banjur agawe gumuning atiku kuwi, dene sawiji-wijining kutha wong-wonge têka beda-beda solah tandange, êmbuh wêwatêkane aku ora êruh, solah tandange mau sajak kagawa saka papan padunungane. Kaya ta: wong-wong ing Sêmarang, kuwi solah tandange sajake: cikat, tandang, trêngginas, ora duwe kêsêl lan sapanunggalane, kang mangkono kuwi apa sabab kagawa saka kuthane, amarga kutha Sêmarang kuwi kutha dagang, dadi wong-wonge iya padha ngudi bangêt nyang padagangan, wong-wonge ing kono sajake ngrêti, yèn ambuwang wayah iya ambuwang băndha. Kosokbaline wong-wong ing Surakarta, kuwi sajake padha alus-alus, padha andhap-asor, padha anyatriyani, kang mangkono kuwi apa kagawa sabab wong-wong ing kono cêdhak lan ratune. Dene wong-wong ing Ngayogya sajake ngênggoni solah tandange kutha karo pisan mau, yaiku: ya alus, andhap-asor, nanging tandang saha trêngginas, kang mangkono mau bokmanawa kagawa saka cêdhak ing ratu, lan kajaba angakoni turuning prajurit, bokmanawa uga saka luwih kulina sêsrawungane karo băngsa Walănda, sing seje dhewe ngono solah tandange wong Magêlang, kuwi sajake kathik: prasaja, barès tur ngayang batin.

Garèng : Kathik banjur ngalêm dhangkane dhewe.

--- 955 ---

Jagading Wanita.

Guru

Tumrap tiyang ingkang taksih klèntu sêrêp, mênggah ingkang kawastanan: guru, punika namung tiyang ingkang padamêlanipun mulang wontên ing pamulangan kados limrah punika kemawon. Sayêktosipun, sadaya tiyang punika inggih guru, malah sadhengahing wujud ing ngalam donya punika, kenging kaanggêp dados guru. Paribasan basa Latin: natir iku guru. Guru punika ingkang dados lantaraning sumêrêp dhatêng sêsêrêpan, dene sêsêrêpan utawi kawruh punika, wontên ingkang sae-sae wontên ingkang awon, ingkang sae prayogi dipun angge, ingkang awon kêdah katilar. Wondene nalaripun, dene sadhengahing wujud punika kenging kaanggêp dados guru, jalaran makatên upaminipun: sagêdipun manusa lajêng mangrêtos dhatêng sêsakit ingkang nama malariah, punika namung saking maguru dhatêng lêmut. Sagêdipun lajêng gadhah pirantos mabur, maguru dhatêng solahbawaning pêksi. Sumêrêpipun dhatêng miring utawi waradinipun lumah, maguru dhatêng ilinipun toya, makatên sapiturutipun.

Guru sasami, inggih punika manusa sami manusa, ingkang sampun angsal sêsêrapan saking anggènipun maguru dhatêng sadhengahing wujud punika, lajêng katular-tularakên dhatêng tiyang sanès. Tular-tumularipun saking sakêdhik, ngantos sabên tiyang gadhah sêsêrapan warni-warni. Wontên ingkang awon wontên ingkang sae, guru sasami wau kenging kaperang dados kalih perangan, inggih punika: guru saking lêbêt, kados ta: piwulang saking bapa biyung, lan guru saking jawi, inggih punika piwulang ingkang tukipun saking anggènipun ningali, nitipriksa utawi niru kawontênan ingkang wontên sajawining wêwêngkoning griyanipun. Piwulang ingkang saking jawi punika mutawatosi sangêt. Guruning manusa sangalam donya punika sajatosipun jêjêr namung bapa lan biyungipun. Awon utawi saenipun manusa luhur utawi asoripun, punika gumantung piwulanging bapa biyung. Manawi bapa biyung punika kirang kawruhipun tumrap mulang dhatêng anak, punika ingkang limrah lajêng nêdha tulung dhatêng tiyang sanès, kapurih mulang. Guruning manusa ingkang wiwitan punika: [puni...]

--- 956 ---

[...ka:] biyungipun, dene bapa namung nyantosani lan mêwahi kêkiranganing piwulangipun biyung. Dados ingkang andhasari kapintêran utawi wêwatêkan dhatêng anak punika: biyung. Pramila watêking manusa punika botên têbih saking wêwatêkaning biyungipun. Dhêdhasaring wêwatêkan ingkang sae sanajan katumpangan utawi kawêwahan wêwatêkan enggal ingkang awon, punika taksih gampil ewah-ewahanipun. Kosokwangsulipun ingkang sampun adhêdhasar watak awon, sanajan katumpangan wêwatêkan ingkang sae, mêksa wontên kalamangsanipun wêwatêkan ingkang awon punika, sagêd ngawonakên ingkang sae. Mila têtanggêlanipun biyung punika awrat sangêt. Ngulinakakên watêk ingkang sae dhatêng anak punika botên trimah namung kanthi kawulang kemawon, ananging ingkang prêlu sarana katuladhanan. Tuladha langkung andayani tinimbang piwulang, mila sêsêbutanipun guru, dipun gugu piwulangipun lan dipun tiru tuladhaning lampahipun.

Mênggah sêdyanipun tiyang sêpuh anggènipun mulang lan anggulawênthah dhatêng anak punika, sapisan: anakipun supados saras badanipun, kaping kalih: supados pintêr, kaping tiga: supados sae watêkipun. Ngagêsang punika manawi botên gadhah sangu tigang prakawis: saras, pintêr, lan wêwatêkan sae, amasthi botên wilujêng salaminipun.

Wondene ingkang kasêbut piwulang saking jawi punika mutawatosakên, jalaran tuking piwulang warni-warni, 1. saking sasami ingkang dipun pasrahi mulang, inggih punika juru pamomong utawi guru sêkolah, 2. saking mitra sêsrawunganipun utawi tindaking sanès ingkang dipun raos dados panujuning manahipun. Mila bapa biyung kêdah milih sayêktos tumrap tiyang ingkang badhe dipun pasrahi dados guruning anakipun. Dene bab sêsrawungan, sampun dados paribasan: sing sapa sêsrawungan marang wong ala, masthi kalepetan ing alane. Mila sadaya ngagêsang kêdah sami ngèngêtana bilih inggih dados guru, ugi dados murid, sarta mulang lan nêdha wulang. Tiyang utawi lare ingkang panuju nindakakên patrap ingkang botên sae, punika kajawi badanipun piyambak nêmahi cilaka, tiyang sanès inggih sagêd ugi nandhang kasangsaran, bilih ingkang niru punika tiyang ingkang kirang sêsêrêpanipun. Sarèhning ngagêsang punika inggih dados guru tuwin ugi dados murid, mila manawi wêwatêkan utawi sêsêrêpanipun punika awon, dados tular-tumularipun inggih botên sae.

Pun S Siswamiharja, Pasuruan.

Tabêri iku wêkêling panyambut-gawe kang ajêg, sanadyan mung sathithik nanging tumindak. Nastiti iku tumindaking panyambutgawene, aja nganti kêliwatan. Dening ngati-ati iku ngarah panyambutgawene aja nganti luput. Mung nyatane: gampang mungguhing uni, angèl dilakoni.

--- 957 ---

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Sêrat kabar Soer. Hbld. Amartosakên, bilih pungkasaning taun 1928 Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara badhe tindak dhatêng Eropah, prêlu ajênêngi konggrès bab kagunan kawula, ingkang badhe dipun wontênakên benjing ing wulan Dhesèmbêr taun 1928 ing kitha Prah.

Wontên pawartos, bilih ingkang kangge papan pambucalipun Kyai Caringin, inggih punika: Cianjur, dene pangkatipun kyai wau kala dintên Kêmis ingkang kapêngkêr punika. Sadaya batihipun sampun pintên-pintên wulan manggèn wontên ing Tanah Abang (Wèltêprèdhên), Minggu ingkang pungkasan piyambak punika, Kyai Caringin ugi kaparêngakên manggèn kêmpal kalihan batihipun wontên ing Tanah Abang. Mantunipun jalêr Kyai Caringin, nama: Haji Ahmad Khatib ingkang ngapalani anggènipun tata-tata adamêl gegeran wontên ing Caringin, sampun sawatawis lami kasingkirakên dhatêng Dhigul, sêsarêngan kalihan Ilman, kapala komunis lan ingkang ngêdêgakên Pakêmpalan Rukun asli ing Serang. Dene anakipun kyai, nama Haji Asêp Emid, samangke taksih ngêntosi putusanipun nagari.

Dèrèng dangu punika ing Bandhung mêntas dipun êdêgakên pakêmpalan tumrap para wanita pribumi, ingkang dipun namakakên: Putri Indhonesiyah. Pakêmpalan punika cabangipun Pakêmpalan Jong-Indonesia apdhèling Bandhung tumrap para wanita. Mênggah sêdyaning pakêmpalan angajêngakên sêsrawunganipun satunggal lan satunggilipun, tuwin angudi dhatêng kaprêluanipun tiyang nyêpêng bale griya.

Wontên kabar, bilih têtiyang pasakitan ingkang katahan wontên ing griya pakunjaran ing Glodhog, samangke sami dipun bagi dhatêng pakunjaran sanès-sanèsipun, inggih punika 180 kakintunakên dhatêng griya pakunjaran ing Sragèn, lan 250 kakintunakên dhatêng Madura, dados samangke ingkang taksih katahan wontên ing Glodhog taksih wontên pasakitan 1450. Pangintunipun pasakitan-pasakitan dhatêng Madura kanthi dipun jagi saradhadhu inpantêri kalih brigadhê saking Mistêr Kornèlis, ingkang ngapalani satunggiling opsir. Miturut kabar kawat, pangintunipun dhatêng Madura wau, katindakakên kanthi sidhêman, wijulêng botên kirang satunggal punapa. Botên dangu malih para saradhadhu ingkang angêtêrakên pasakitan-pasakitan wau, kenging kaajêng-ajêng enggal wangsul dhatêng tangsinipun malih sarana numpak sêpur.

Saking Ngayogya kawartosakên, bilih komite konggrès P.S.I. badhe angwontênakên parêpatan ingkang sêdyanipun murih pasulayaning rêmbag Pakêmpalan Muhamadiyah lan Ahmadiyah sagêda kasirêpakên.

Wiwit ing sapunika kintunan sêrat tuwin kothakan ingkang mawa rêgi tumrap dhatêng Mêkah tuwin Juddah dipun tampèni, rêginipun botên kenging langkung f 960.-.

Pulisi sagêd nyêpêng candu pêtêng wontên salêbêting kapal van Heutsz, wawrat 6000 tail, rêgi f 175.000.-, candu wau dipun umpêtakên wontên sangandhaping palinggihan ing sêkoci.

Wartos saking Ngayogya ingkang katampi ing Yafabodhê, martosakên, bilih ing Ngayogya wêkdal punika sawêg nênimbang ing bab badhe adêgipun Sultanaatstudiefonds. Mênggahing kajêngipun, nêdya mragadi para neneman băngsa Jawi ingkang asli saking Ngayogya, ingkang badhe sinau dhatêng pamulangan têngahan ing Indhia utawi dhatêng nagari Walandi.

Ingkang sagêd angsal pitulungan punika namung para neneman, ingkang tiyang sêpuhipun tuwin ingkang nanggêl gêsangipun, botên kiyat babarpisan, utawi ragi kirang kiyat maragadi lare wau, lan bilih ing têmbe badhe cêpêng damêl ing kasultanan.

Ingkang angsal pitulungan wau, ing têmbe dipun wajibakên cêpêng damêl wontên ing kasultanan sakêdhik-sakêdhikipun gangsal taun, tuwin kêdah mangsulakên waragading pasinaonipun, kacêngklong saking balanjanipun, sabên wulan 10%.

Kawartosakên, dèrèng dangu Kangjêng Pangeran Arya Surabrata bidhal saking Surakarta dhatêng Ngambon, ingkang nguntapakên dhatêng Sêmarang, ingkang paman, Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, tuwin ingkang rayi, Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata.

Kawartosakên, ing dhusun Bugêl, ondêr dhistrik Panjatan, Kulon Praga, katrajang ing wangwung ama klapa, sami nêdhani blarak. Bêgja dene botên lajêng ngrêbda. Saking pangintêning ngakathah, ama wau asli saking uwuh-uwuh sauruting margi lori.

Dèrèng dangu gripir landrad ing Banyuwangi dipun pêjahi ing tiyang Arab ewah wontên ing kantoripun.

--- 958 ---

Sopiripun Tuwan Yohengkam lid polêksêrad, mêntas karampungan ing pangadilan kaukum dhêndha f 100,- jalaran anglampahakên oto wontên ing Nurwèk dumugi ing Batawi lampahipun ± 50 KM. Ing dalêm saêjam. Nalika pulisi nêdha sêrat pikêkah sopir, Tuwan Yohengkam akèn dhatêng sopiripun supados anglajêngakên lampah dhatêng kantor gupêrnur. Pulisi ngoyak saking wingking. Tuwan wau inggih badhe kapriksa ing yustisi, prakawis botên miturut prentahing pulisi.

Ing bab wartos badhe pambucalipun dhoktêr Cipta dhatêng Bandhah, ingkang sapunika taksih manggèn wontên ing Ojungbrung, sampun dipun sukani sumêrêp ing pulisi, bilih pungkasaning wulan punika badhe kabidhalakên dhatêng papan padununganipun enggal.

Kawartosakên, Pakêmpalan Muhamadiyah ing Pakalongan, sabên malêm Jumuwah dipun wontênakên dhebat umum wontên ing griyanipun R.H. Murad Afandhi, dhebat wau namung bab pitakenan agami Islam.

Tuwan Sanusi, lanbao konsulèn, sampun angsal palilah saking pamarentah, kaparengakên anglajêngakên pasinaonipun dhatêng pamulangan luhur têtanèn ing Wagêningên. Prêlopipun kapetang wontên salêbêting taun 1929.

Kawartosakên, bilih ingkang badhe jumênêng gupêrnur Jawi Wetan Tuwan Hardeman rêsidhèn ing Surabaya. Tuwan van Gulik rêsidhèn ing Sêmarang, jumênêng gupêrnur Jawi Têngah. Dene tuwan rêsidhèn van der Jagt botên kagungan pangajêng-ajêng jumênêng gupêrnur ing sajawi ing karajan Jawi.

Tuwan Kloprogge rêsidhèn ing Rêmbang badhe wangsul dhatêng nagari Walandi kanthi pènsiyun. Kathah para priyantun ing Rêmbang, tuwin ugi rêsidhèn ing Sêmarang, sami martuwi ing dalêmipun, prêlu ngaturi kasugêngan badhe konduripun dhatêng nagari Walandi. Tindakipun badhe nitih kapal api Prinêsdhèr Nedêrlandhên.

Prakawisipun para sêtudhèn India ing nagari Walandi, ingkang kadakwa badhe damêl gegeran, badhe kapriksa ing pangadilan, wontên ing têngah-têngahaning wulan Januari.

Kawartosakên, ing Surakarta ing wêkdal punika nuju usum sêsakit bèlèk, mèh ing sabên pakampungan wontên tiyang sakit mripat.

Propagandhis Sarekat Ambon, nama Tuwan Pati, ingkang kasingkirakên dhatêng Bêngkulên, miturut bêslit gupêrmèn, sapunika katêtêpakên manggèn ing Palembang.

Panyuwunipun S.S. badhe mêwahi panjanging margi tram Krawang-Rengasdhengklok, dumugi Batujaya, panjangipun 20 K.M. sampun katampèn.

Sekretaris gupêrmèn panjênênganipun Tuwan Èlêp aparing wartos dhatêng Indische Pers Comite sasampunipun dipun timbang-timbang lêbêt, kangjêng tuwan ingkang wicaksana aparing dhawuh karampungan, bilih nyuwak kawontênaning pèrês konpêrènsi. Andhêging konpêrènsi ing salêbêtipun parêpatan polêksêrad, andadosakên sudaning wigatosipun pêpanggihan wau. Kajawi punika konpêrènsi wau inggih botên anêrusi kados saraosing panggalih dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana. Suwakan wau miturut pamanggihing tiyang kathah, ngintên bilih jalaran saking botên nocogi kalihan kawontênaning praja. Dene kangjêng tuwan ingkang wicaksana taksih kaparêng anampèni rêmbaging pèrês.

Kawisudha dados pisê kongsul ing Mêkah, Radèn Mas Tabri Danusaputra, Jaska klas I ing Mèstêr Kornèlis. Sapunika sampun bidhal dhatêng Mêkah.

Miturut pawartos, ing salêbêtipun Minggu kêpêngkêr, landrad ing Batawi sampun angluwari tiyang tahanan băngsa komunis 50. Wontên 6 ingkang badhe kapriksa. Bilih tanpa pambêngan, ing têngah-têngahaning wulan Januari ngajêng punika, ing bab prakawis komunis papriksanipun sampun rampung sadaya. Tiyang komunis 70 ingkang taksih wontên pakunjaran, ingkang sabagean badhe kakintunakên dhatêng Dhigul, ingkang sabagean malih dèrèng karampungan. Saking Mèstêr Kornèlis kawartosakên, wontên tiyang 12 ingkang badhe kabidhalakên dhatêng Dhigul, tuwin 8 ingkang badhe kapriksa.

Pawartos saking rêdhaksi

Lêngganan nomêr 2627. Prayogi pitakèn piyambak dhatêng N.V. Tabakmaatschappij Dobbelman ing Wèltêprèdhên.

Lêngganan nomêr 1204. Bab gambar ingkang kapacak wontên ing kalawarti Kajawèn, punika botên mawi mawang ukuranipun, nanging alit-alitipun kêdah 9x12 c.M. wujudipun kêdah ingkang cêtha, tuwin ingkang landhêp, dene pituwasipun 1 gambar kathah-kathahipun f 2.50, bab cacriyosanipun botên kapetang ing bayaran.

R. Sasrasumarta, guru normal sêkul ing Prabalingga. Panimbang panjênêngan ing bab murih pêpak tuwin saening isinipun Kajawèn, kula tampi kanthi gênging panuwun. Punika nocogi kados sêdyaning Kajawèn.

--- 959 ---

FEUILLETON

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

2. Sêsupe wontên ing nagari Inggris.

Tuwan kaptin wau nêmbe wangsul saking Aprikah Kidul, mêntas anglampahi tumut pêrang. Piyambakipun lumêbêt dhatêng golongan preiwiligêr, bagean sêni. Wontên ing paprangan, tuwan kaptin wau kalêbêt ing golonganing băngsa militèr ingkang pintêr. Kajawi sadaya ingkang sampun kula aturakên wau, kula wêwahi katrangan malih, bilih saking pamanggih kula pasêmonipun tuwan kaptin punika kados tiyang ingkang nandhang susah, sarta katingal bilih botên kacêkapan. Ingkang makatên punika anuwuhakên, kula lajêng gadhah raos rêsêp dhatêng piyambakipun. Bokmanawi inggih jalaran kula piyambak ugi nandhang kêkirangan sampun pintên-pintên taun laminipun punika.

Kacariyos, kala samantên Tuwan Higgs kèndêl angènipun ningali gulungan dalancang utawi barang sanèsipun sarta ningali kula ngadêg ing pêtêngan, nuntên pitakèn, wicantênipun sêmu wêngis, swaranipun alit, awit manawi nêpsu swranipun pancèn lajêng ewah: sampeyan punika sintên, tuwin wontên karsa sampeyan punapa rawuh ing ngriki.

Tiyang nènèman ingkang linggih wontên ing sacêlakipun nuntên wicantên: Kalawau abdi panjênêngan èstri sampun matur, bilih wontên mitra panjênêngan ingkang kêpengin kapanggih kalihan panjênêngan.

Tuwan propesor: Lêrês mitra, kula kêsupèn, nanging kula botên èngêt, sintên mitra kula ingkang warni saha godhèg tuwin jenggotipun kados menda berok punika. Suwawi nyakêt mriki, mitra. Sami wilujêng rawuh sampeyan ing ngriki.

Kula nuntên nyakêt sarta kasorotan ing padhanging lampu listrik.

Tuwan propesor wicantên malih: Sintên, ta, Sampeyan punika? Kula têka kêsupèn, manawi mèmpêr-mèmpêripun kados dhoktêr Adams, nanging mokal, awit piyambakipun sampun sadasa taun punika tilar donya. Kula mirêng kabar, dhoktêr Adam kacêpêng dening para kalipah,[9] pramila sampeyan lajêng karsa awalèh, nama sampeyan sintên?

Kula mangsuli: O, Tuwan Higgs kula botên prêlu nyêbut nama kula, margi sampun panjênêngan pangandikakakên. Kula botên pangling dhatêng panjênêngan, awit rema panjênêngan botên dados pêthak kados rambut kula.

Tuwan propesor: O, sariramu iku jêbul Tuwan Adams, bênêr pangandikamu iku, rambutku abang bangêt, mulane ora bisa enggal dadi putih. Atiku bungah bangêt bisa katêmu manèh karo sariramu iki. Kajaba iku kabênêran bangêt, awit sariramu ora karsa mangsuli layangku kang surasane nyuwun katrangan saka ngêndi anggomu olèh êcap-êcap ing jaman ing Mêsir miwiti ana karajan iku, jalaran akèh wong kang ora pracaya manawa êcap-êcap mau tulèn.

Sasampunipun wicantên makatên tuwan propesor nuntên nyandhak tangan kula sarta nyukani tabik kalihan bingah. Satêmah tuwan propesor ningali sêsupe ingkang kula angge, wicantênipun: ali-ali apa kang ko agêm iku, mênawa ali-ali kang anèh, nanging bêcike têrangna mêngko bae sawise dhahar. Saiki anêpungna karo mitraku Tuwan Kaptin Orme, iki mangrêtos uga basa Arab, samêngko ngarsakake wiwit sinau basa Mêsir.

Kaptin Orme nuntên nyakêti kula sarta nyukani urmat sarana andhingkulakên badanipun sawatawis, wicantênipun: kula Tuwan Orme.

Tuwan propesor nyêlani, wicantênipun: Bênêr pangandikamu iku, Tuwan Orme utawa Kaptin Orme, iku padha bae. Dene karsane tuwan kaptin iku anelakake yèn sarirane ora ana ing sajroning dhinês militèr kang têtêp, sanajan sarirane uga mèlu pêrang nanggulangi băngsa Bur nganti têkan ing wêkasaning paprangan, sarta nganti nandhang tatu kaping têlu. Lah, iku anggone sadhiya dhahar sop wis rampung. Nyonyah Reid sadhiyaa piring siji manèh. Aku wis luwe bangêt, satêmêne ora ana pagawean kang bisa anjalari gêlis luwe kaya ambukaki mummie, marga pancèn rada rêkasa. Ayo mitra-mitra padha dhahar dhisik, mêngko sawise dhahar ambanjurake ngandikan manèh.

Kula lan mitra-mitra kula wau nuntên sami nêdha sop. Tuwan Higgs anggènipun nêdha kathah piyambak, ingkang makatên wau kula botên gumun, margi manawi nêdha salaminipun pancèn kathah, bokmanawi saking anggènipun botên purun ngunjuk inuman punika. Sabibaripun dhahar Tuwan Higgs lajêng ngisèni pipanipun panjang, kalihan sata ingkang kawadhahan ing tilas wadhah jantungipun salah satunggiling tiyang Mêsir. Sasampunipun ngisèni pipanipun, Tuwan Higgs nuntên wicantên, têmbungipun: Tuwan Adams,

--- 960 ---

saiki sariramu dakaturi nêrangake kapriye mula bukane, dene bisa bali mrene iki.

Kula nuntên anglolos sêsupe saking ing dariji kula, ingkang tansah dipun awasakên dening tuwan propesor punika. Sêsupe wau êmbananipun êmas sarta kandêl, kados sêsupe ingkang limrah kaangge ing tiyang èstri. Mripatipun sela biru (safier) mawi sinêratan ing aksara kina. Kula nêdahakên sêratan wau dhatêng Tuwan Higgs sarta pitakèn punapa piyambakipun sagêd maos.

Tuwan Higgs mangsuli sarta mêndhêt surya kăntha, têmbungipun: Mêsthi bae aku bisa maca tulisan iki. Apa sariramu ora priksa. O, iki basa Yahudi kuna, mulane kang sarira iya ora sagêd maos, saiki aku wêruh.

Tuwan Higgs nuntên maos, ungêlipun makatên: Ganjaran saking Nabi Suleman, rajaning - o, ora mangkono - panggêdhening băngsa Israil, kêkasihing Allah, marang Maqueda, rajaputri ing Seba, putri turuning para ratu, putri turuning para wicaksana lan endah ing warna.

Tuwan propesor: Mêngkono unine tulisan kang tinulis ing ali-ali iki, Adams. Satêmêne ali-ali iki bagus bangêt. -- Rajaputri ing Seba, Bath-Melachin têgêse putri turuning para raja, -- sarta nyata yèn barang kuna têmênan.

Tuwan propesor: lajêng andilat êmbananing sêsupe punika mawi dipun gêgêd sakêdhap, satêmah wicantên makatên: Hêm, saka ngêndi sariramu olèh ali-ali tiron kang gaweane bagus bangêt iki, dhoktêr.

Kula mangsuli kalayan gumujêng: Anggonku olèh ali-ali iki kalawan gampang bangêt, yaiku anggonku tuku saka sawijining wong ing Mêsir, rêga têlung puluh rupiyah.

Tuwan propesor: Apa têmênan pangandikamu iku, dhoktêr, awit rêgane mripate bae, sanajan sakaa gêlas pisan, mêksa luwih saka samono, marga panggaraping tulisane pèni bangêt. Satêmêne sariramu arêp anglorobake aku. Kiraku sariramu saiki wis sêpuh sarta wis mangrêtos, manawa ora bakal bisa anglorobake aku. Ali-ali iki nyata yèn tiron, nanging sapa kang anulis basa Yahudi kuna ing mripate iku. Satêmêne wong kang anulis iku pancèn wong pintêr.

Kula mangsuli: Kang mangkono mau aku ora wêruh, wêruhku manawa tulisan kang ana ing ali-ali iku basa Yahudi kuna, iya sawise sariramu maos mau. Aku mung sumurup manawa ali-ali iku kagunganing sawijining wanita băngsa luhur, asmane Walda Nagasta, turuning Nabi Suleman lan rajaputri ing Seba. Ali-ali iku disambutake marang aku.

Tuwan Higgs nuntên mêndhêt sêsupe wau saha dipun tingali malih, satêmah dipun lêbêtakên ing kanthonganing rompinipun sarwi wicantên makatên: Mitra, aku ora bakal maido pangandikamu iku, saupama kang carita iku dudu sariramu, wis mêsthi dak arani gorèh, marga sabên bocah sakolah bisa wêruh, yèn têmbung: Walda Nagasta iku basa Ethiopisch têgêse: turuning para ratu, padha lan têmbung: Bath-Melachin ing basa Yahudi kuna.

Sarêng tuwan kaptin Orme mirêng wicantênipun Tuwan Propesor Higgs ingkang makatên wau lajêng gumujêng latah, wicantênipun: Mitra, anggonmu maringi katrangan mungguhing têgêse basa-basa ngamăca iku kaya carane wong alasan kang migunakake wadung watu. Mulane ana ing kalanganing para ahli barang-barang kuna sariramu ora pati kondhang.

Tuwan propesor: Kaptin Orme, luwih bêcik sariramu kèndêla bae, tinimbang lan tumut urun rêmbug kang anelakake kacingkranganing sêsêrêpanmu iku. Awit wong kang wis migunakake wadung watu utawa gêgaman watu liyane iku, wis ora nunggal jaman karo wong alasan. Uwong-uwong iku wis luwih pintêr sarta wis alus bêbudène. Saka panêmuku, luwih bêcik dhoktêr Adams diaturi ambanjurake anggone cariyos, sawise, sariramu banjur sagêd anggalih marang kang dicariyosake mau.

Kula nuntên wicantên: Bokmanawi tuwan kaptin botên karsa mirêngakên dongèng ingkang badhe kula cariyosakên punika.

Tuwan kaptin: Tuwan dhoktêr, manawi panjênêngan botên anggalih rikuh sarta pitados dhatêng kula kados kapitadosan panjênêngan dhatêng tuwan propesor, kula inggih kêpengin mirêngakên.

Kula botên enggal anjawab wangsulanipun tuwan kaptin wau, nanging mawi manah-manah sakêdhap, jalaran wontên sababipun anggèn kula botên pitados dhatêng tiyang sanès, kajawi dhatêng tuwan propesor ingkang sêtya punika. Nanging kawontênanipun Tuwan Kaptin Orme, makatên ugi mripatipun ingkang adamêl sumèh ing polatanipun wau, anarik manah kula sarta nukulakên kapitadosan kula dhatêng piyambakipun, satêmah kula mangsuli makatên: tuwan kaptin, kawontênan panjênêngan, saha anggèn panjênêngan mêmitran kalihan tuwan propesor punika, sampun sagêd damêl thukuling kapitadosan kula dhatêng panjênêngan, pramila manawi panjênêngan karsa tumut mirêngakên cariyos ingkang badhe kula pratelakakên punika, botên wontên pambênganipun, nanging panyuwun kula, sadaya cariyos ingkang badhe panjênêngan mirêngakên, sampun panjênêngan cariyosakên dhatêng tiyang sanès.

Tuwan kaptin: Sampun tamtu kemawon kula badhe anglampahi kados ingkang panjênêngan karsakakên punika, dhoktêr.

Tuwan Higgs nuntên nyêlani rêmbag, wicantênipun: Saka panêmuku kasagahane tuwan kaptin iku wis cukup, sariramu rak iya ora karsa akon sumpah marang aku lan marang tuwan kaptin ta, dhoktêr, mulane sariramu enggal karsa acariyos, ali-ali iki anggonmu olèh saka ngêndi, lan manèh sajroning rolas taun kang kapungkur, sariramu ngumbara mênyang ngêndi, dene saiki mêntas rawuh saka ngêndi?

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


5. (kembali)
Jêpang. (kembali)
ngriki. (kembali)
paprentahan. (kembali)
sida. (kembali)
patrap. (kembali)
tabêri. (kembali)
namung. (kembali)
§ Kalipah punika pangagênging băngsa Kabil ing Aprikah sisih lèr utawi ing Maroko. (kembali)