Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-07, #240
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-07, #240. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-07, #240. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 63, 1 Mulud Taun Ehe 1860, 7 Agustus 1929, Taun IV
Kajawèn
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [981] ---
Ăngka 63, 1 Mulud Taun Ehe 1860, 7 Agustus 1929, Taun IV
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu
Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.
Sawangan ing Albani
[Grafik]
Albani punika satunggiling karajan ing tanah Balkan. Ing ngriku kathah sangêt sêsawangan ingkang nêngsêmakên. Para maos sagêd nguningani piyambak mirid saking wujuding gambar ing nginggil punika.
--- 982 ---
Badan Sapata Angidêri Buwana
Sêdyaning lampah saking Indhonesiah, dhatêng Eropah, Mêsir, Amerikah, Jêpang, Tiongkok, tuwin Hindhustan.
(Kakarang dening Mustapha, wontên ing kapal "General Metzinger")[1]
Kula sampun tampi Kajawèn No. 45, ngêwrat prakawis badhe lampah kula angidêri buwana. Sangêt bingahing manah kula dene Kajawèn sampun anggiyarakên pikajêngan kula, nanging kauningana, kula kalilana matur, sadhèrèk ingkang ngarang lêlampahan kula wau ragi kêladuk anggènipun nyariyosakên. Kados ta wontên têtêmbungan: kados sintên kemawon sagêd amastani bilih piyambakipun kêdunungan tekad ingkang linangkung. Lha, punika ah botên wontên tekad linongkang-linangkung, malah kula mastani, sanadyan sintên kemawon manawi gadhah kêkêndêlan tuwin purun, tamtu sagêd anglampahi.
[Grafik]
Ing nginggil punika gambar margi prapatan ing kitha Singgapura.
Para maos bokmanawi sampun nate maos sêrat: Met een kwartje de wereld rond utawi Met een dubbeltje de wereld rond, dene ing sapunika manawi wilujêng para maos badhe sagêd nguningani cêcariyosan:
Badan sapata angidêri buwana.
Sapunika kula badhe miwiti nyariyosakên lêlampahan kula sadumugi kula ing Singgapura. Tanggal 31 Mèi, kapal Siberg bidhal saking
--- 983 ---
Tanjungpriuk, tanggal 2 Juni wilujêng dumugi ing Singgapura.
Sarèhning kula dèrèng gadhah têtêpangan satunggal-tunggala, dados lajêng anjujug ing hotèl rumiyin, nanging namung sadintên, bayaraning hotèl sadintên $ 2.- (kalih dholar), kintên-kintên f 2.80. Saking hotèl kula lajêng pindhah dhatêng griyaning satunggalipun padpindêr ing ngriku, laminipun 7 dintên. Wusana pindhah malih dhatêng Volunteer Club (pakêmpalan militèr preman Vrijwillegers), wontênipun kula sagêd manggèn ing ngriku awit kathah Volunteer ingkang dados pangagênging padpindêr.
[Grafik]
Saking Singgapura dhatêng Malaka sagêd alampah sarana margi sêpur saha têtumpakan sanès-sanèsipun.
Sadumugi kula ing Singgapura, kula lajêng sowan ing pangagênging padpindêr ingkang dêdalêm ing Johore, matur punapa pikajêngan kula, tuwin nyuwun pitulungan saprêlunipun. Nanging kula ragi alit ing manah, amargi mirêng manawi pangagênging padpindêr mêntas tampi tilgram saking Bandhung, inggih punika saking padpindêr N.I.P.V. manawi kula botên prêlu kabiyantu, awit Jong-Java Padvinderij dèrèng Internationaal tuwin kula kapratelakakên satunggaling: Communist.
Bab makatên wau botên namung damêl susah kemawon, ananging ugi damêl gumun, dene wontên padpindêr ing Indhonesiah ingkang gadhah pamanahan makatên, măngka padpindêr N.I.P.V. manawi kula botên kêlintu, adêgipun sampun langkung 10 taun, sabên dintên kawulangakên: Een padvinder is een vriend van een anderen padvinder, onverschilig tot welke maatschappelijke klasse die andere behoort. (Têgêsipun: padpindêr punika kêdah mêmitran kalihan sanèsing padpindêr, saha botên kenging amawang têtiyanganipun). Ewadene sanadyan wontên kula ing Singgapura nama wontên nagari mănca tuwin tanpa kănca, nanging manah kula têtêg kemawon.[2]
(Badhe kasambêt)
--- 984 ---
Bab Rajakaya
Nangkarakên Rajakaya tuwin Amblastêrakên
Sarèhning ngingah kewan punika prêlu kapilala asilipun, kados ta: kangge tarikan, tumpakan, pragatan, kapêndhêt puhanipun, wulu lan sapanunggilanipun, pramila kêdah pados ingkang sagêd anyêkapi kabêtahan wau.
[Grafik]
Lêmbu Bênggala
Kangge tarikan kêdah ingkang badanipun kiyat, bêbalunganipun agêng, pupuk daging, botên nakal, botên asring ambêrung, yèn lêmbu ingkang punukipun agêng, badan bagean ngajêng prakosa, lan sapanunggilanipun.
Kangge tumpakan ingkang gêgêripun kiyat saha cêlak, sukunipun trincing, dhadhanipun jêmbar, gulunipun kandêl, daging tuwin otot-ototipun kiyat.
Kangge pragatan ingkang gampil sagêdipun lêma.
Kangge pêrêsan ingkang dêrês puhanipun.
Kajawi sagêd anyêkapi kabêtahan ing nginggil, ugi kêdah kababarakên supados sagêd dados kathah, inggih punika sarana kajodhokakên. Dene ambabarakên wau supados taksih sagêd anyêkapi kabêtahan ing nginggin[3] [nginggi...]
--- 985 ---
[...n] kêdah ngupados bibit ingkang dipun kajêngakên.
Sampun têtela yèn sadaya turun punika kawontênanipun mêndhêt saking bapa lan saking biyung, kathah sakêdhikipun botên ajêg, nanging limrahipun mèh sami, kangge upami inggih punika: lêmbu Jawi golonganing lêmbu alit, sarta wulunipun abrit sêmu jêne, yèn kablastêrakên kalihan lêmbu Bênggala, golonganing lêmbu agêng lan wulunipun pêthak, punika turunipun dados langkung agêng tinimbang lêmbu Jawi sarta wulu kathah ingkang pêthak tinimbang jênenipun.
Kapal sandêl golonganing kapal alit, badanipun singsêt lan sukunipun trincing, wangunipun sae, plajêngipun bantêr, yèn kablastêrakên kalihan kapal Ostrali, golonganing kewan agêng, turunipun dados agêng, wangun lan warninipun wontên antawisipun kewan kalih wau, makatên ugi kalakuanipun. Dados botên ngêmungakên wangun lan warninipun kemawon.
Lêmbu Walandi utawi Ostrali èstri punika ingkang kêlimrah dêrês puhanipun, lêmbu Jawi botên. Manawi lêmbu wau kapacêk dening lêmbu jalêr Jawi, yèn nurunakên èstri benjing wêdaling puhan sok kirang dêrês katimbang biyungipun, samantên ugi kosok-wangsulipun, yèn lêmbu èstri Jawi kapacêk dening lêmbu jalêr Walandi, yèn nurunakên èstri benjing langkung dêrês puhanipun katimbang lêmbu Jawi asli.
Dene kapal ingkang nakal, purun nyakot, manawi kangge tarikan asring mogok, utawi ambêrung, punika turunipun ugi sok makatên, pramila tumrap tiyang ingkang sênêng nangkarakên rajakaya kadosdene tiyang bumi Madura ingkang sampun kula têrangakên, ngupados bibit punika dados pikiran ingkang prêlu piyambak. Lêmbu pêmacêk ingkang sampun nate niwasakên ingkang gadhah utawi pangènipun jalaran kasundhang, utawi yèn kakêrabakên asring mlèncèng plajêngipun, punika kathah ingkang botên purun macêkakên.
Kajawi sabab-sabab ingkang tuwuh saking pun bibit, ugi wontên sabab susulan, upaminipun pêdhèting lêmbu Ostrali utawi Walandi ingkang dados bajang, ingkang asri[4] kula sumêrêpi ing kandhang pêrêsan tanah Jawi ngriki, punika sababipun saking kirang saening pamiyara, kirang puhan ingkang kasukakakên jalaran prêlu kasade, sarta kirang sae têdhanipun, utawi botên sagêd subur jalaran botên cocog hawanipun.
Lêmbu èstri Jawi ingkang kapacêkakên lêmbu Bênggala, pêdhètipun trêkadhang botên dados agêng, punika sagêd ugi nalika wontên ing kandhutan biyungipun kirang sae pamiyaranipun, utawi salah satunggiling wiji ngriku wontên ingkang kadunungan sêsakit.
Ugi wontên kapitadosan nalikanipun biyung ngandhut, kagodha dening salah satunggiling sabab kados ta: kaplêngkang, ingkang lampahipun lajêng dados ekar, utawi kajarag lan kagiri-giri, ingkang lajêng dados giras, punika benjing lajêng tumus dhatêng pun anak ingkang taksih kakandhut.
Suryadi.
(Badhe kasambêtan)
--- 986 ---
Jagading Wanita
Bab Olah-olah
Karang winanci
Amêndhêta ulam ayam sakaparêngipun, dipun kêthok-kêthoka. Ulam dhadha mênthok satunggal punika kakêthok-kêthoka dados 4 têngkêl. Manawi sampun lajêng angrajanga brambang, bawang sacêkapipun, lajêng kagorènga ing lisah klêntik wontên ing wajan waja, tuwin kadèkèkana kêthokan lombok abrit, anggènipun ngêthoki sabên lombok 1 dados kalih. Manawi anggènipun anggorèng wau sampun satêngah matêng, ulam ayam kêthokan wau kauworna sarta lajêng kagorèng malih, tuwin dipun tutupi. Manawi ulamipun sampun ragi sawatawis jêne lajêng kaêsurana ing toya tawa sacêkapipun, sarta kabumbonana: sarêm, mrica, pala, gêndhis, sami kaulêga ingkang lêmbat lajêng kabumbokakên, tuwin kadèkèkana kecap, cokak, manis jangan dipun wêtahakên sakêdhik, cêngkèh 1 jodho. Lajêng kagodhog sarta dipun tutupi malih. Manawi umobipun sampun molak-malik, tuwin kantun nyêmêk-nyêmêk, tumuntên kadèkèkana mêrtega sawatawis lajêng kaêntasa.
Dadar bèrtun
Manawi damêl dadar ingkang dipun wastani dadar bèrtun punika makatên: anyacaha ulam ayam ingkang lêmbat, sakaparêngipun, sarta soon ingkang sampun dipun wedangi, kakêthok-kêthoka ingkang cêlak-cêlak, ngantos kados dipun rajang, lajêng kabumbonana: brambang, bawang, mrica, jintên, tumbar, kêmiri, pala, traos, gêndhis, kunir bakaran sakêdhik. Bumbu wau inggih namung mawa-mawa kathah sakêdhikipun ingkang dipun olah kemawon, kaulêga ingkang lêmbat, lajêng kacarupna ing ulam tuwin soon wau, tumuntên kagăngsaa ing lisah klêntik sakêdhap. Manawi sampun lajêng kadèkèkana santên kanil sakêdhik sarta kagodhoga, kawêwahana godhong jêram purut 1 lêmbar, irisan bonggol sêre sakêdhik, salam tuwin laos sakêdhik. Manawi sampun êsat lajêng kaêntasa rumiyin. Tumuntên ngublaka tigan ayam, sakaparêngipun. Lajêng kadadara ingkang tipis wontên ing wajan waja, ingkang sadèrèngipun sampun dipun usar-usari lisah utawi mêrtega. Manawi sampun kadadar tipis, olah-olahan ulam tuwin soon wau kadèkèkna ing sanginggiling dadaran wau sarta kabuntêlna ingkang ngantos botên kêtingal, lajêng kawolak-walika, manawi sampun lajêng kaêntasa. Wondene bonggol sêre, godhong jêram purut, salam laos wau ing sakdèrèngipun kêdah kabucal rumiyin.
Dadar krêtês
Mêndhêta daging ulam ayam dipun cacah ingkang lêmbat, lajêng ngulêga bumbu: brambang, bawang, sarêm, mrica,
--- 987 ---
sami sawatawis, lajêng kabumbokna ing cacahan ulam wau. Tumuntên ngublaka tigan ayam sakaparêngipun dipun bumboni bawang sarta sarêm sakêdhik. Ulam wau lajêng kauworna dados satunggal, tuwin kaublaka malih, manawi sampun lajêng kadadara ingkang kandêl. Anggènipun anggorèng wontên ing wajan waja, sarta mawi martega.
Dadar sitrun.
Dadar sitrun punika makatên: ngublaka tigan ayam sakaparêngipun, nanging jêne sarta pêthakipun dipun piyambakakên, dados kaublaka piyambak-piyambak. Manawi sampun lajêng ngulêga bumbu, inggih punika: sarêm, bawang, mrica, sami sawatawis, lajêng kabumbokna ing tigan wau. Tumuntên ngrajanga brambang ingkang ragi kathah, saupami tiganipun tiga, anggènipun ngrajang brambang 12 iji, lajêng kagorènga ing wajan waja mawi lisah klêntik. Manawi sampun satêngah matêng kaêntasa, kauworna ing ublak-ublakan tigan wau, sarta pêthak tuwin jênenipun kauworna dados satunggal lajêng kaublaka malih, ingkang ngantos mumbluk. Lajêng kadadara mawi lisah utawi martega.
Lapis ulam.
Amêndhêta daging lêmbu wawrat sakati dipun gêpuki, lajêng kadhèndhènga ingkang tipis-tipis, sarta kabumbonana, inggih punika: bubukan mrica 1 sendhok alit, gêrusan sarêm 2 sendhok alit, bubukan pala ½ sendhok alit, ngrajanga brambang 20 iji, kecap 1 sendhok agêng, toya jêram pêcêl 1 iji, manawi botên inggih cokak 1 sendhok alit. Bumbu-bumbu punika sadaya lajêng kaulêta dados satunggal kalihan daging wau, sarta dipun dèkèki martega. Lajêng katataa wontên ing wajan waja dipun wur-wurana bubukan roti bêskuwit lajêng katutupana sarta kalatonana, manawi sampun dipun wolak-walik lajêng kasirama duduh kaldhu. Tumuntên kagorenga malih ngantos bumbunipun rumasuk, nuntên kaêntas.
Risolês.
Anggodhoga ulam ayam 1, manawi sampun lajêng kapêndhêtana dagingipun sarta kacacaha ingkang lêmbat. Tumuntên ngrajanga brambang 10 iji dipun gorèng mawi martega 2 sendhok agêng, glêpung gandum 1 sendhok agêng dipun worakên anggăngsa lajêng dipun suri kaldhu (godhogan ulam) kadèkèkana bubukan mrica 2 sendhok alit, cokak 1 sendhok agêng, sarêm sacêkapipun. Manawi sampun sat lajêng kabuntêlana ing dadaran tigan. Dene dadaran tigan wau ingkang kadamêl namung tigan kaublak kadekekan sarêm sakêdhik, anggènipun ambuntêli agêngipun sak rèk dipun gupak-gupakakên ing bubukan roti bêskuwit. Lajêng dipun gorèng ing wajan waja mawi lisah klêntik.
Pun, Rus.
--- 988 ---
Kawruh Sawatawis
Kawilujêngan ing Margi
Kabêkta saking majênging jaman, ing pundi-pundi ingkang nama margi agêng, tamtu katingal rêja, kajawi jalaran saking kathahipun tiyang lumampah, ugi jalaran saking kathahing têtumpakan kareta, dhokar, pit, oto tuwin sanès-sanèsipun.
[Grafik]
1. Tataning pulisi jagi ing margi.
Bab rame saha rêjaning panggenan ingkang kados makatên wau sagêd mikantuki dhatêng lampahipun tiyang pados têdha, wêkasan sagêd adamêl tata têntrêming nagari, awit nama sampun dados kanthinipun, dhatênging têdha punika sarana nyambut damêl.
Mênggahing tata têntrêming nagari punika tansah dipun galih murih lêstantunipun dening ingkang wajib, inggih punika parentah, kados ta manawi nuju wontên sêsakit, dipun udi murih têtiyangipun sami sêgêr kasarasan, sarana nindakakên panulak dhatêng tiyang utawi sarana rêrêsik papan panggenan tuwin bab sanès-sanèsipun. Lajêng kenging dipun cêkak, wosipun ngudi katêntrêman.
Ing sapunika ngrêmbag bab ingkang gêgayutan kalihan kawilujêngan ing margi, kosok-wangsulipun ing bab kasangsaran, kados ta tiyang kêtumbuk têtumpakan, punika tumrapipun ing jaman sapunika kalêbêt limrah, sabên dintên botên wontên lowongipun, sêrat-sêrat kabar sami ngêwrat bab kasangsaran ingkang kados makatên wau. Makatên ugi parentah inggih tansah nindakakên rêrigên caraning nyêgah kasangsaran wau, inggih punika matah pulisi jagi wontên ing margi ingkang rame, saya malih ing prapatan, punika sabên ing kitha tamtu wontên.
Nanging kadospundi malih, kasangsaran tiyang ingkang jalaran kêtumbuk têtumpakan punika tansah wontên kemawon, mila ing bab rêrigên tumindaking panjagi inggih tansah dipun udi sampurnanipun.
Dene sabab ingkang gêgayutan kalihan bab wau wontên tigang prakawis, inggih punika: pulisi jagi, tiyang ingkang nglampahakên têtumpakan, tuwin tiyang ingkang lumampah inggih tiyang ingkang manggih kasangsaran. Pancènipun tigang prakawis punika manawi sagêd tumindak lêrês, bokmanawi sagêd nêbihakên [nêbiha...]
--- 989 ---
[...kên] dhatêng kasangsaran.
Bab wajibing pulisi ingkang jagi, punika botên prêlu kapratelakakên mênggahing cara-caranipun, awit pancèn sampun nindakakên wajib sarana pathokan ing bab suka tăndha, nanging tumraping ngakathah kêdah nyumêrêpi kajêng-kajênging tăndha ingkang katindakakên dening pulisi wau, kados ta:
1. Manawi tangan dipun acungakên manginggil lêrês, atêgês têtumpakan ingkang wontên pundi kemawon kêdah kèndêl (upaminipun pulisi ngadêg ing prapatan, têtumpakan ingkang saking ngajêng wingking, kiwa têngên kêdah mandhêg sadaya). Punika tiyang kêdah mangrêtos, awit pulisi ingkang jagi wau nindakakên prêluning kawilujêngan, sampun kanthi pamanahan ingkang amrih wilujêng. Wajibipun sadaya inggih sami mandhêg.
2. Tangan ingkang dipun acungakên dhatêng ngajêng lêrês, suka tăndha têtumpakan ingkang dhatêng saking lêrêsing tangan wau kêdah kèndêl.
3. Tangan ingkang dipun acungakên utawi dipun ebah-ebahakên ngiwa nêngên, suka tăndha bilih têtumpakan ingkang lampahipun sami kalihan ênêring tangan wau kenging lumampah.
4. Tangan ingkang kaebahakên minggah mandhap, nandhakakên lampahing têtumpakan kêdah alon.
Ing bab nginggil wau tiyang kêdah mangrêtos dhatêng kajêngipun (mriksanana gambar 1).
[Grafik]
2. Caranipun kusir nyukani tăndha.
Tumrap tiyang ingkang nglampahakên têtumpakan, inggih kêdah nindakakên tăndha:
1. Manawi badhe menggok ngiwa, kêdah ngacungakên tangan dhatêng sisih kiwa.
2. Manawi badhe menggok nêngên, kêdah ngacungakên tangan dhatêng sisih têngên.
3. Manawi badhe kèndêl, ngacungakên tangan manginggil lêrês.
4. Manawi badhe lumampah alon, tanganipun kawêdalakên lan kaebah-kaebahakên minggah mandhap.
Sadaya wau dados tăndha prayogi sangêt tumrap dhatêng sadayanipun (mriksanana gambar 2).
Sapunika tumrap tiyang lumampah, punika pancèn wajib sangêt anyumêrêpi tuwin mangrêtos dhatêng cara-cara ingkang kados makatên wau, awit mênggahing limrahipun, ngrêtosipun wau namung saking kulina, botên sarana dipun sumêrêpakên, beda kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, pulisi lan juru nglampahakên, pancèn kawajibakên sumêrêp. Dados saupami têtiyang lumampah mangrêtos dhatêng tăndha-tăndha wau nama manggih pitulung agêng. (Badhe kasambêtan)
--- 990 ---
Waosan Lare
Nagara Mirasa
IX. Rêrusuh ing Nagara Karangagung
[Gambuh]
saiki saya mumbul | wis misuwur bupati pinunjul | sarupaning pagawean angrampungi | mênyang pangadilan putus | nyang kaprajuritan manggon ||
radèn tumênggung mau | bangêt olèh êsihe sang prabu | tan alèrèn angandika rina wêngi | prakara sing prêlu-prêlu | kabèh bisa rampung maton ||
lêlakon ngono mau | nganti gawe gumune sing krungu | ingatase wong anyar dadi bupati | ing samubarang kacakup | mung tumindak kanthi alon ||
nadyan akèh sing mathuk | mêsthi ana sing rada marêngguk | kang mangkono uwis lumrah ngêndi-êndi | sabên ana wong sing entuk | mêsthi ana wong sing ngontor ||
mung yèn dipikir jujur | ora ana bêgja tiba ngawur | salawase kabêgjan sing anêkani | tumibane mêsthi mathuk | uwis têtêp lan amanggon ||
mung sing wêruh sok blawur | ora ngrasa yèn atine kuwur | awit buthêk rasaning ati sing bêning | têmêne mangkono mau | kalêbu pikiran groboh ||
bênêr mungguh panêmu | gagasane sing mêmikir mau | yèn dilaras lan rasaning pikir drêngki | bangêt gone ora mathuk | kabêgjan gêdhe samono ||
awit nyatane mungguh | yèn golèka ya ana sing saguh | anggêr uwong gêlêm kon dadi bupati | lan bab wêruhe ing prêlu | sabên uwong bae enjoh ||
pikir sing ngono mau | salawase mêsthi tansah kliru | awit mêsthi lumuh bangêt angèlingi | bêciking wong sing dirêmbug | mung ala bae sing ketok ||
kocap ana tumênggung | yèn ing kono uwis aran dhênggung | samubarang gawe apa bae ngrêti | mung yèn karo patih têluk | dening kabèh sarwa kasor ||
mungguh bupati mau | ing batine bangêt kurang mathuk | mênyang Wêkêl anggone dadi bupati | mung ewa sabên kêpêthuk | nadyan alon nanging mlengos ||
sangsaya barêng wêruh | nyang sang prabu bangêt gone wanuh | gumlêdhêging ati nganti kaya gêni | upama wênanga nyuduk | mêsthi wani nyuduk ngênggon ||
panasing ati wuwuh | dhèk bupati mau nuju wêruh | Wêkêl mundur saka ngêndikan kêtitik | gêmbèlènge saya kaduk | sasat ngasokake uwong ||
ambarêngi dhèk mau | bupati sing ewa lagi nuju | caos ana sajêroning sri manganti | nganti dhèhèm barêng wêruh | karo ngampirake alon ||
Tumênggung Wêkêl wêruh | yèn nèng kono ana sing ruh-aruh | banjur mingêr mêndhêg mung kaya nganthuki | lan tumuli mara saguh | mlaku anggalèlèng alon ||
sawise mapan lungguh | bupati sing caos aruh-aruh | taksih enjing adhi wau saking pundi | dene kêtingal kêsusu | mêdal saking ing kadhaton ||
wis dadi watak mathuk | sastra wursitane iya entuk | wong kang salin busana iku sing mêsthi [mê...]
--- 991 ---
[...sthi] | wiragane salin katut | salin asma salin batos ||
mungguh karêping têmbung | wong yèn salin sandhangane iku | sapolahe sok ketok nganyar-anyari | apês tangane sok ngêsut | jarik sing tiba ing bokong ||
yèn salin jênêng iku | ing têgêse munggah pangkat dhuwur | mêsthi bae ing ciptane iya salin | nanging mungguh Wêkêl mau | saline ora mangkono ||
mung salin cipta punjul | ing têgêse ati ora jujul | mula barêng ana pitakonan kuwi | parêmpênge iya mêtu | nuli amangsuli alon ||
inggih kamas tumênggung | anggèn kula kêtingal kêsusu | awit saking kulina wiwit ing alit | botên sagêd klunah-klunuh | kêdah rikatan kemawon ||
dene pandangunipun | kamas wau sajak sêmu gumun | dupèh taksih enjing kula ngambah ngriki | punapa ing galih sêmu | nyamarakên ing kadhaton ||
yèn mênggah têmênipun | angandikan lan kangjêng sinuhun | sintên ingkang lumuh pun timbali gusti | sanadyan ta têngah dalu | kêdah bingah lair batos ||
anggone clathu mau | karo mandêng tanpa obah bakuh | bupati sing caos banjur anakoni | lêrês pun adhi tumênggung | pancèn kulina ing kraton ||
kula mung sèwu sukur | dene kula agadhah sadulur | rintên dalu sagêd kagêm dhatêng gusti | mung sakêdhik kula nyaru | yèn tindak bok ragi alon ||
sukur ragi tumungkul | awit tumrap ingkang sampun atul | yèn sumêrêp tiyang ngambah sri manganti | kang sajak botên tumungkul | katingalipun kok awon ||
saya tumrap tumênggung | ingkang sampun anama prayagung | pantês sangêt ing patrap kêdah ngewahi | Wêkêl nalikane ngrungu | parêmpênge bangêt ketok ||
mangsuli alon sêru | e, e dados pun kula kêsiku | dipun cacad ragi kirang tatakrami | inggih sakalangkung nuwun | ewaha benjing kemawon ||
wis ora nganggo ewuh | Wêkêl banjur mundur tanpa cluluk | karo nyêmbah: dene sing disêmbah kuwi | dudu bupatine mau | nanging nyêmbah nyang karaton ||
barêng wiwit lumaku | gêmbèlènge malah kaya wuwuh | bupati sing caos saya ngigit-igit | nanging wêkasane nglunthung | mung rumasa tansah kasor ||
ing suwe-suwe rikuh | lan tumuli duwe atur konjuk | yèn kaparêng nyuwun mingsêr nyang prajurit | tumuli kalakon rampung | tuwin mingsêr dadi mayor ||
kocapa ing dhèk mau | ana warta ing jaba kêrungu | yèn saiki ana rêrusuh andadi | tular-tumulare wuwuh | mèh ngangsêg cêdhak kadhaton ||
nuli sang prabu dhawuh | ngundurake ramening rêrusuh | dene mungguh sababe mangkono kuwi | awit nuju ora mêtu | têgal garing sawah lowoh ||
dadi uwonge bingung | padha ngungsi agolèk pangan mung | nanging sabab saka bangête le ngêlih | dadi panêmpuhe mau | êmbuh mung anggêre ngêmplok ||
wadyabala sing mlaku | ngundurake rêrusuhan mau | yèn mangalor: sing kidul nuli miwiti | yèn ngungsir sing sisih kidul | umrik manèh sing sisih lor ||
tindak kang mangkono mau |[5] nganti suwe durung bisa rampung | nadyan dudu pêpêrangan gawe pati | ananging ya ora wurung | ora nêntrêmke karaton ||
malah ing samar tuwuh | ora wurung dadining rêrusuh | mêsthi bakal tegan-tegan gawe pati | mula ing mêngko sang prabu | ing galih tansah kuwatos [kuwato...]
--- 992 ---
[...s] ||
nuli ngandika mlêbu | kyai patih Wêkêl iya katut | sang aprabu nuli angandika lirih | priye bapa panêmumu | ing bab rêrusuh sing ngradon ||
ki patih alon matur | ing sasagêd inggih dipun êsuk | awit nyata tiyangipun nyênyamari | sami têgêl lan apurun | ngatên aturipun mayor ||
sang prabu manthuk-manthuk | lan ngandika bênêr ngono mau | awit lumrah mungguh wataking wong cilik | yèn diêmong sok ngêlantur | ratune arêp diêmplok ||
priye sira tumênggung | Wêkêl nuli nyêmbah alon matur | inggih lêrês pancèn makatên pun alit | kêdah pun kaduki gêbug | mindhak mung tuman kemawon ||
ananging yêktosipun | saupami ratu botên landhung | namung sêrêng dupèha sarwa kêdugi | têmbenipun botên wurung | damêl awoning lêlakon ||
mênggah prayoginipun | ing sarèhning sababipun namung | bab prakawis wêtêngipun sami pêrih | yèn sirnaa pêrihipun | inggih lajêng sagêd manggon ||
mênggah sarananipun | ing sasagêd ratu kêdah andum | kêmirahan waradinipun rijêki | bokmanawi sagêd tulung | tiyang kathah sami ngrêtos ||
sang prabu nuli dhawuh | kaya bênêr panêmumu iku | wis ta patih kang bisa nindakke nuli | lan mataha si tumênggung | anindakna bèn kalakon ||
tumuli padha mundur | rêrêmbugan padha nganti galur | ing bisane kalakon kang kanthi bêcik | sawise matêng ing rêmbug | Wêkêl nuli mundur bodhol ||
Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)
Pênthul : Hêm, wancine isih esuk, kêpenake kudu mêthêngkruk, lungguh anèng kursi dhudhuk, ombèn-ombènane wedang bubuk, pacitane gêthuk, wah, rasane wis mêsthi mathuk. Sasuwene thênguk-thênguk, dilalah ana răndha têka thumuk-thumuk, rupane ayu lêmu ginuk-ginuk. Bungahing atiku sagumuk, awit dadia timbanganaku ya mêsthi mathuk, aku banjur bae wotak-watuk, nanging barêng tak ingak-inguk, gêgêr sing katon ngrênggunuk, jêbul punuk, tur ora mung lara watuk, malah rada kaworan mêngguk.
[Grafik]
Wiyah, kok banjur dhêmên anggagas-gagas, kaya wong sing pikirane ora waras, luwih bêcik nêmbanga mêsthi iya brêgas, nèk-nèke banjur ana prawan atur-atur bêras, têkane tur sarwa macak kêras, tapih lan kulambine katon laras, wicarane tatas, têmbunge nèng aku thik, ngêmas, êmas, wadhuh, nang ati le mak kranyas. Bawane wong pangajaran, sanajana arêp têtêmbangan, iya kudu sing mathuk karo jaman kamajuan, nanging sarèhning băngsa kêjawan, yèn arêp ngêtokake uran-uran, kudu ora ngêmungake ing bab kalairan, iya [i...]
--- 993 ---
[...ya]
kudu ora kêna lali ing bab kabatinan, awit sing diarani uripe olèh kasampurnan, kuwi wong sing nyukupi mungguhing kadonyan, lan sing nyumurupi dalane mênyang jaman kalanggêngan. Wis tak wiwitane gonku ura-ura, bêcike tak milih Dhangdhanggula, supaya sabên uwong bisa ngrasa, apa karêpe sing sanyata. Ing sarèhning pakeanku cara Lănda, tur dudu Lănda ala-ala, ning Lănda sing ngudi nyang kridhaning angga, mulane sing tak anggo ura-ura, ing bab padpindêr kang sêtya, awit ing saindênging bawana, lakuning padpindêr saiki kang lagi dialêmbana.
[Grafik]
Awit asmaning kang Maha Asih | prasêtyaku lair batin tênan | nganti salawas-lawase | aku nglakoni kudu | nyang sabarang sing jênêng wajib | Allah karo nagara | ping pindho têtulung | wong kang nêmoni bêbaya | ora nganggo ngèlingi awan lan bêngi | ping têlu nurut prentah.
Têmbêm : Brênti, brênti, tidhak bolih bikin rame-rame dhi sini, ini dhi kota Bêtawi, têmpat orang igama sêjati, tidhak bolih nyanyi-nyanyi, mêlainkên sêmbayang dhan mêngaji, dhunia musti dhijauhi, cuma akerat yang dhiingini.
Pênthul : E, kathik cara Mlayu, anggone elik-elik nyang aku, ya wis mêngkono saradane bangsaku, lagi lêlungan ing taun kang kaping têlu, omong Jawa wis tidhak mau.
Têmbêm : Hi hi hi, apa ya Pênthul ta kiyi, tiwas tak cara Mlayu Batawi, sapa wonge sing ngrêti, wong rupane dadi malih saiki, rada kaya sapi sing digêbiri, ning dudu awake sing gêdhi, mung irunge mligi. Tak sawang-sawang ya layak, yèn kiyi Pênthul alias Bancak, ning yèn andêlêng anggone macak, angèl anggonku matak, apa iya wong sing kawak, apa anak-anak, nèk dêlêng sadhuwuring awak, êndhase buthak, raine rusak, irunge bundêr kaya kluwak, cangkême mangap kaya cangkêm mênyawak, ya katon kaya wong sing wis kaplak, nanging nèk dêlêng jase bukak, kathoke cêndhak, pancèn kaya isih anak-anak, mula iya wis dadi watak, saiki kiyi jamane walik-wolak, wong tuwa ngemba anak. Akèh bae nyonyah sing wis anak-anak, ora ming siji ning têrlalu banyak, panganggone lêngêne cêndhak, roke cêkak.
Pênthul : Kang Dhoyok kiyi kok wis kulina, dhêmên ngala-ala, marang sapadha-padha, bok iya ngelingana, yèn mangkono iku dosa. Nanging wus dadi saradane wong nang donya, nèk dosane wong liya, sanadyan mung sathithika, enggal banjur dikăndha, nanging gêdhening dosa, sing têmèmplèk nang awaknya, sanadyan gêdhe sagunung Muria, ora pisan-pisan rumasa. Upamane tak căndraa, Kang Dhoyok manganggo cara Lănda, pancèn iya ora kêna diwada, panganggone sarwa tata, tur sajak luwih saka prasaja. Nèk sinawang sêpatunya, wis kapara nyata, yèn wêton Surabaya,
--- 994 ---
nèk dêlêng clananya, wis katara, dudu wêton tanah Jawa, kombor-kombor têtela, yèn wêton nagara Cina. Jase bukak nyara Amerika, dhasine dawa, sajak ngilat baya, thik ora lali nganggo kêmeja, kancinge lima, topine wis nyata, wêton Paris kana, nèk nitik panganggonya, pancèn tan kêna dèn wada, iku kapara nyata, yèn wujude Walănda blaka, mung ana prakara sawatara, kang gawe beda, karo băngsa Lănda, yèn diaranana kaya ta: lumrahe yèn mripat Lănda, kuwi siwêr kaya mutiara, mripate Kang Dhoyok ambaliyut katara, irunging Lănda, kuwi bangir lan dawa, irunge Dhoyok rada beda, têka trèpès sajak disêtrika, kok sajak kulina, akèh-akèhe wong Jawa, yèn wis manganggo cara Lănda, ora eling-elinga, yèn Si Wănda nyata beda.
Têmbêm : Wis, wis, Bancak kiyi pancèn wong najis, yèn ana wong manganggo katon prêsis, cangkême banjur muni ngêcuwis. Wêruha kabèh kiyi bêstelan saka Paris, mulane nèk dianggo katon nècis, ora pantês yèn kowe banjur criwis, mundhak katara yèn watêkmu sajatine: phis. Mara saiki kowe tak takoni, gajêge kowe biyèn ngawula kangjêng gusti, ing Mangkunagaran nagri, saiki kowe jêbul cêlila-cêlili, têka ana ing Batawi, apa kowe pancèn diusir wani, apa diutus ing kangjêng gusti, mara têrangna nyang aku saiki.
Pênthul : Mungguh sanyatane, têkaku ana ing Batawi kene, ora saka karêpku dhewe, nanging saka dhawuhe kangjêng gusti pêpundhène, kawula Mangkunagaran sakabèhe. Mungguh dhawuh dalêm mangkene: e, Bancak pangkata dina kiye, mênyanga Batawi kuthane, jujuga omahe Petruk arane, kang nyambut gawe ing Kajawèn jênênge, rewang-rewangana pagaweane, supaya mundhak bêcik isine, kalawarti Kajawèn arane. Bawane wong dadi abdi, apa dhawuhe tak sêndikani, sanadyan ing sajroning ati, rumasa ora kêconggah nglakoni, mulane saka panuwunku saiki, muga-muga para kang nupiksani, kalawarti Kajawèn iki, yèn ana galap lan gangsuling ukara lan isi, dèn padha kasdu aparing pangaksami.
Kabar Warni-warni
Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès
Sarekat Ambon ing Surabaya mêntas parêpatan, ngrêmbag bab badhe ngêdalakên organ, dipun jênêngi dening Mr. Lotuharhary tuwin Dr. Tomohela. Organ dipun namakakên Haloean.
Kantor pabeyan ing Surabaya mêntas nahan buku basa Jêpan ing bab pêrgêrakan kaum buruh. Buku wau pancèn kangge coban-coban kalêbêtakên ing kitha ngriku. Buku wau sapunika kakintunakên dhatêng Batawi badhe kapriksa.
Pawartos ing bab anggèning Gupêrnur Pormosah badhe dhatêng Indhonesiah, punika botên wontên pawartosipun malih, amargi gupêrnur ingkang jumênêng sapunika badhe lèrèh.
Pambantu Kajawèn ing Kudus kintun pawartos, wontên lare nama Sudarman, umur 14 taun, ing kampung Dhalangan, dipun têtakakên, ngêdalakên rah langkung kathah, wusana andadosakên ing tiwasipun.
--- 995 ---
P.N.I. apdhèling Ngayogya mêntas damêl parêpatan umum, ingkang dhatêng ing parêpatan kirang langkung wontên tiyang 1500. Mr. Suyudi mêdhar sabda, ing bab wartos ing sêrat-sêrat kabar Walandi, bab panjênênganipun dipun cariyosakên dados adpisiring S.K.B.I. punika dora, nanging lêrês panjênênganipun nindakakên prakawis partikêlir prêluning warga-warga S.K.B.I. Tuwin mêdhar sabda sanès-sanèsipun ing bab prêluning P.S.I. Mr. Sastra Amijaya mêdhar sabda ing bab tumindakipun pakêmpalan Indhonesiah.
[Grafik]
Ing wêkdal punika tumrap para ulah raga ing tanah Jawi, tansah umyung angraosi dhatêng têmpuhipun sawung putbal Loh Hua team kalihan sawung-sawung ing tanah Jawi. Ing nginggil punika gambaring para sawung Loh Hua team nalika dhatêng wontên ing palabuhan Tanjungpriuk.
Tèntunsêtèlêng têtanèn ing Sukabumi sampun kalampahan kabikak. Ingkang kapitongtonakên ing ngriku: pêpêthak kêbon tèh, kinah, karèt, jagung tuwin sayuran warni-warni, sadaya sami plêk kados kêbon sayêktos. Wontên malih satunggiling krêtêg, ing kiwa têngênipun wontên balumbangan-balumbangan ingkang dipun ingahi ulam gêsang. Ing sisihipun wontên patamanan sêkar mawi umbul mancur sakalangkung nêngsêmakên. Kajawi punika ugi mitongtonakên caraning ngupakara asil siti kados ta: karèt, tuwin tèh, tumrap tèh, wiwit nanêm ngantos dumugi dipun ombe. Kajawi punika ugi mitongtonakên ing bab kagunan sanès-sanèsipun.
Muhamadiyah bagian P.K.O. ing Banjarnagara mêntas nindakakên anêtaki lare-lare yatim, wragadipun kanthi dipun padosakên darma.
Kaangkat dados asistèn wadana tèrbêskiking ing kantor Adviseur Inl. zaken Mas Irlan Sastradijaya, Asistèn Wadana Pacèt, Cianjur, dados ing sapunika wontên amtênar tèrbêskiking kalih, anggêntosi wadana Harun Al Rasid, satunggalipun jaksa Jombang. Dene bab pisê kongsul Walandi ing Jedah kathah ingkang sami gadhah panuwun, ingkang kathah amtênar saking golongan pangrèh praja, jaksa, ajung jaksa tuwin wontên ingkang wêdalan saking pamulangan luhur pangadilan.
Kêmpalaning tiyang ing Tarakan, Borneo mêling songsong mas saking toko Sida Maju ing Surakarta rêgi f 1809,- Songsong wau sapunika sampun rampung, badhe kapisungsungakên dhatêng Sultan ing Bulungan, anyarêngi jumênêngan.
Wontên usul saking satunggiling warga rad kawula, punapa botên wontên ingkang kenging kangge wêwaton ing bab ngawontênakên milisi Tiyonghwa, ing sasampunipun băngsa Tiyonghwa ing Indhonesiah kasamèkakên kalihan băngsa Eropah. Prêlunipun manawi wontên bêbaya pêrang sagêd ngajêngakên amtênar sipil băngsa Tiyonghwa. Lan ugi wontên warga sanès-sanèsipun usul supados dipun wontênakên milisi tiyang siti. Tumrap warga sanès-sanèsipun botên nayogyani dhatêng wontênipun milisi tiyang siti. Sagêd ugi jalaran saking gêgayutan kêkirangan arta.
--- 996 ---
Wêwaosan
Sêrat Bayan Budiman
Karanganipun Mas Arjawiraga
17.
[Kinanthi]
nanging adiling Hyang Agung | dènira paring pêpeling | kacarita ing kadhatyan | kèh janma pating jalêrit | anangisi sang kusuma | anandhang gêrah kapati ||
dene ta ing purwanipun | cinakot sarpa sang dèwi | kang dahat wèh kasamaran | kataman ing wisa mandi | kawuryan wus tanpa daya | kadi kapati aguling ||
dupi uninga sang prabu | dahat kampitèng ing galih | kyai patih tinimbalan | enggal-enggala ngupadi | kang dadya usadanira | mrih nulya waluya jati ||
ki patih alon umatur | nuwun nuwun inggih gusti | kawula namung sandika | mung rèhning kalangkung gati | kêdah nuntên kalêksanan | yèn kadangon nêniwasi ||
dene ing pangintên ulun | ingkang bangkit ngusadani | datan wontên liyanira | kajawi janma ing nguni | kang manggihakên kalpika | punika tamtu ngrampungi ||
nanging amba rangu-rangu | lamun kongsi tan kadugi | amargi paduka cidra | datan nêtêpi ing janji | andhaupkên lawan putra | karsa tuwan kadospundi ||
sang aprabu nulya dhawuh | patih dhawuhna tumuli | yèn nini putri waluya | ingsun dhaupkên tumuli | kyai patih dyan umentar | lan pangeran wus pinanggih ||
nulya andhawuhkên sampun | pangeran ugi nyagahi | nanging badhe têtarosan | minta panimbang kang titi | maring sangyanirèng kănca | ing wusana golong sami ||
pangeran nulya malêbu | ingirid sowan sang putri | dupi pangeran uninga | dahat wêlas ing panggalih | kocap janma kanthinira | kang asli sarpa ing nguni ||
sanalika santun wujud | dadya sarpa lan nyêlaki | pasareyannya sang rêtna | kang tatu cinucup nuli | apan sirna sanalika | sanggyaning wisa wus mijil ||
sang putri wungu angungun | mung kadi arasa ngimpi | lan dupi uning pangeran | karaos lingsêm ing galih | sri narendra nulya prapta | angrangkul maring sang putri ||
nulya angandika arum | bangêt sukur ingsun nini | dene ta sira waluya | janma iki kang nulungi | mula nuli kalakona | angêmong mring sira nini ||
mangkana cinêkak sampun | apan wus dhaup sang putri | danguning kang pasamuan | kongsi kawan dasa ari | lulus tanpa sambekala | ing têmbe gumantya aji ||
wus palêstha dongèngipun | bayan awacana aris | punika nyai wus cêtha | janma kang sêtya ing ati | marang ing tindak utama | bagyanira atut wuri ||
upami pangeran lumuh | yêkti mung tansah nêmahi | winasuh salaminira | mila sayogi pun galih | ing bab têtêping kotaman | ywa kongsi manggih tan manis ||
9. Putri nata ingkang tansah nyedani kakungipun.
[Dhandhanggula]
Nyai Jenab anggung amèngêti | mring sadaya critaning kukila | dahat agung pakolèhe | tan kêndhat antuk tutur | kang nênuntun amurih eling | nanging wantuning daya | kang tuwuh mring luput | kalamun dipun tandhinga | rosanira tindak luput tansah ngêndhih | gampil ing tuwuhira ||
marma lamun kongsi dèn oncati | siningkiran pêpèngêt kotaman | cêpak cakêt tan wurunge | makatên yêktinipun | nadyan Jenab tansah ngèngêti | mring sanggyèng tutur nyata | kang dèn ucap manuk | ananging ing kalanira | katamaning rasa luput anumusi | karasa sanalika ||
punang bayan wus ngrasa ing ati | mulat maring sêmuning bandara | yèn tuwuh panggraitane | nulya ririh amuwus | kang araras lagon ngèlingi | maring kyai sudagar | kongsi nganyut-anyut | nyai sudagar karasa | dyan anyakêt lawan alon mitakoni | sira lêlagon apa ||
bayan alon dènira nyauri | inggih nyai mung kangge sambenan | timbang mikir kana-kene | pituwasipun suwung | lah ta măngga lênggah ing ngriki | kula arsa carita | punapa ta kêsdu | mirêngkên caritanira | putri nata kang anggung amêmatèni | marang ing kakungira ||
nyi sudagar dahat sukèng ati | bayan nulya miwiti carita | nguni wontên ratu gêdhe | darbe putri linangkung | yèn padosa lumahing bumi | tan wontên nimbangana | dene putri wau | pan wus wongsal-wangsul krama | lan pangeran kawan dasa kirang siji | nanging samya sinedan ||
datan pisan wontên kang andugi | paran ingkang dadya karsanira | dene ta tega-tegane | mênggahing patrapipun | kalanipun nyidra ing laki | dèn êrut kang sarira | wusing singsêt kukuh | têgêl bae sinedanan | datan pisan wanita ajrih ing gêtih | malah dadya karênan ||
gêntos kocap wontên ratu luwih | darbe putra kakung mung sajuga | sri nata dahat asihe | samana pangran ngrungu | lamun wontên putri linuwih | têgêl nyedani garwa | pangeran kumênyut | apan arsa angèngêtna | bokmanawa tindakira mitulungi | têmbe lulus anggarwa ||
saking dahat sru ciptaning galih | rajaputra sowan ingkang rama | lamun sri nata marêngke | karsa nglamar sang ayu | lan ginarwa salami-lami | sri nata duk miyarsa | tan rêna ing kalbu | malah anggung kasamaran | umèngêt mring pra pangeran kang nêmahi | seda asiya-siya ||
sri narendra nulya mêmalangi | nanging datan pisan ngêndhihêna | marma tinurutan mangke | samana budhal sampun | sang pangeran lir lampah grami | lampah ingkang baita | tinut angin tulus | dupi praptaning dharatan | sang pangeran datan laju mring nagari | nulya masuh sarira || (Badhe kasambêtan)
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
1 | § Kajêngipun anggènipun ngarang nuju wontên salêbêting kapal General Metzinger, inggih punika lampahipun saking Singgapura dhatêng Marseille. Red. (kembali) |
2 | § Tuwan Mustapha mugi sampun angèngêti dhatêng ewah-ewahan sêratan punika, tuwin sampun dados panggalih dene dipun ewahi sawatawis. Ingkang prêlu namung anglairna saraosing panggalih, sampun cêkap. Red. (kembali) |
3 | nginggil. (kembali) |
4 | asring. (kembali) |
5 | Lebih satu suku kata: tindak mangkono mau. (kembali) |