Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-30, #324
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-30, #324. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-30, #324. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 96, 27Jumadilakir Taun Ehe 1860, 30 Nophèmbêr 1929, Taun IV
Kajawèn
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [1507] ---
Ăngka 96, 27Jumadilakir taun Ehe 1860, 30 Nophèmbêr 1929, Taun IV
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu
Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.
Palabuhan B.P.M. ing Plaju
[Grafik]
Ing nginggil punika gambar palabuhan B.P.M. ing Plaju, manggènipun wontên sapinggiripun lèpèn Musi. Dipun gambar saking gêgana. Ingkang katingal pêthak-pêthak pating palênthu, punika tang wadhah lisah pèt. Gambar punika asli saking pakaryan anggêgana militèr, saha sampun maringi palilah.
--- 1508 ---
Bab Kasarasan
Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus
(Candhakipun Kajawèn ăngka 95)
Korèng pathèk punika botên sagêd enggal saras piyambak, manawi saras ing salêbêtipun 3 wulan punika bêlangipun awon katingal pating jêngkêrut.
Bêgja sangêt dene sapunika sampun wontên jampinipun ingkang mustajap inggih punika neo salvarsan ingkang manggihakên Prof. Dr. Ehrlich (Duitsch) sasampunipun kasuntikakên ingkang sakit pathèk, salêbêtipun sawatawis dintên (3-5) sampun sagêd gogrog saras.
[Grafik]
Tiyang sêpuh pathèkên, enggaling sarasipun prasasat dipun sulap.
Kula sampun nate anjampèni prawan umur 17 taun, putra priyantun ingkang sampun gadhah pacangan, prawan wau rainipun kêbak korèng pathèk. Tiyang sêpuhipun utawi ingkang sakit wau inggih susah sangêt, awit badhe laki rainipun makatên. Manawi calon bojonipun sumêrêp pacanganipun risak rainipun makatên, sagêd ugi sande ngrabi. Mila tiyang sêpuhipun nêdha tulung kula, supados anakipun ingkang badhe laki kula jampèni, awit kuwatos manawi katampik calon bojonipun.
Ingkang sakit wau sampun kula suntik neo salvarsan kaping tiga lan kasuntik kwik kaping gangsal, ing salêbêtipun gangsal minggu sampun kalimis, manawi dipun pupuri sampun botên katawis, samangke sampun tigang taun, rainipun botên katawis manawi rumiyin pathèkên.
Katrangan ing nginggil punika minăngka kangge tuladha bilih jampi neo salvarsan punika mustajab sangêt kangge jampi pathèk, manawi sampun saras, bêlangipun rêsik, klimis kemawon, beda kalihan pathèk ingkang botên dipun jampèni neo salvarsan, punika bêlangipun awon kulitipun katingal pating jêngkerut.
Nagari sampun damêl pranatan ing pundi-pundi kitha, dhistrik, ondêr dhistrik, ngawontênakên polikliniek lan ing griya-griya sakit, tiyang-tiyang ingkang sakit pathèkên kajampenan suntikan neo salvarsan.
Ananging rèhning Indhia Nèdêrlan punika jajahanipun wiyar sangêt, lan jiwanipun yutan, măngka cacahipun dhoktêr taksih dèrèng nyêkapi, mila dèrèng nyêkapi saèstu kangge nulak sêsakit pathèk wau.
--- 1509 ---
Raos Jawi
Wêwalêripun Tiyang Sêpuh
Sampun kêtêlah dumugi jaman sapunika, wêwalêripun tiyang sêpuh punika taksih tumindak dipun lampahi ing para neneman, nanging sadaya wêwalêr ingkang dipun samar wontên ing pasêmon, anggènipun anglampahi sampun botên tilar nalar. Dados wêwalêr ingkang dipun manah botên mantuk ing nalar, inggih awrat anglampahi, awit mênggahing jamanipun para mudha, samukawis ingkang nyêbal saking nalar, nama botên prayogi manawi lajêng dipun lampahi kemawon. Nanging kosokwangsulipun wêwalêring tiyang sêpuh ingkang rumaosipun sampun botên dipun angge, punika kêrêp dipun tindakakên, lan pikantukipun inggih damêl wilujêng sayêktos.
Lan malih mênggahing para sêpuh, limrahipun wêwalêr wau mawi dipun dèkèki têtuladan, prêlunipun kangge tăndha saksi, yèn wontên tiyang narajang wêwalêr kados makatên wau pinanggihipun botên prayogi, kados ingkang pinanggih wontên ing pasaksèn wau.
Kados ta bab tiyang sêpuh ngawisi: aja maca layang kalane nuju mangan. Wêwalêr makatên punika limrahipun botên kaprasajakakên mênggah kajêngipun, namung kacêkak atêgês botên sae. Dene ingkang kangge pêpindhan mirid lêlampahanipun Arya Panangsang kala ing jaman Dêmak, inggih punika nalika nuju dhahar tampi sêrat panantang saking mêngsah, anggènipun dhahar kèndêl maos sêrat, sakala lajêng sangêt ing dukanipun, sanalika ngriku brabat lajêng ngêdali dhatêng paprangan, wêkasan sang arya nêmahi tiwas.
Manawi mirid nalar saking lêlampahanipun Arya Panangsang wau, têtela manawi sang arya satunggiling tiyang brangasan, paribasan botên kenging mambêt tantang, sampun tamtu kemawon tiyang ambêg brangasan punika ical wêwekanipun, adhakan manggih pituna ing wingking, awit sadaya tindakipun namung sarwa kirang titi, namung pawitan băndha purun, têmahanipun inggih kados makatên punika. Dados têtuladan ingkang ngangge pêpindhan Arya Panangsang punika inggih sampun mantuk sangêt manawi dipun encokakên dhatêng tiyang ingkang ambêg brangasan, limrahipun ing sapunika dipun wastani tiyang kapala angin.
Nanging mênggah wêwalêr wau, kados botên namung gadhah kajêng ingkang ngangge pêpindhan kados makatên, sanadyan tumrapipun tiyang ingkang botên ambêg brangasan, inggih botên prayogi manawi nuju nêdha dipun sêlani maos sêrat, gampilanipun inggih botên prayogi kasêlan ing bab punapa kemawon. Sapisan, tiyang nêdha punika samăngsa kasêlan mêmikir ing bab sanès, panêdhanipun lajêng botên eca, kaping kalihipun, tiyang nêdha manawi kêsêlan maos sêrat, manawi suraosipun sae, sêngsêming manahipun lajêng ngicalakên ecaning raos anggènipun nêdha, dene manawi sêrat wau botên sae suraosipun, upami pawartos bab kasusahan, punika
--- 1510 ---
ing sanalika ngriku saya lajêng botên prayogi, awit lajêng ngraosakên susah, sampun tamtu kemawon badhe kandhêg panêdhanipun, cêkakipun têtela botên sae. Manawi mirid pinanggihing awonipun ingkang kados makatên punika, dados têtela bab wêwalêripun tiyang sêpuh ngawisi tiyang maos salêbêtipun nêdha, punika mêngku kajêng prayogi sangêt.
Lan malih wêwalêr ingkang kados makatên wau ugi atêgês mêngku kajêng dhatêng kasarasan, upaminipun kemawon manawi panêdhanipun kêsasar, inggih dados botên prayogi, măngka adhakanipun tiyang nêdha kêsasar punika manawi salêbêtipun nêdha nyarêngi anggagas punapa-punapa.
Lajêngipun malih ing bab nêdha ingkang lèrègipun dhatêng kasarasan, punika tiyang sêpuh ugi damêl wêwalêr: manawi nêdha sampun rikat-rikat, mindhak dipun rencangi setan. Bab makatên punika kajawi lèrèg dhatêng bab kasarasan, ugi lèrèg dhatêng kasusilan, awit tiyang nêdha sarwa sarèh punika kajawi lêmbat samukawis ingkang dipun têdha, caranipun Jawi dipun wastani mriyayi. Kados para maos sagêd anggalih piyambak mênggahing awonipun tiyang kêsêrêtên manawi nuju nêdha wontên ing pasamuan.
Wêwalêr ingkang kados makatên wau, manawi kulina dipun tindakakên, dadosipun ing têmbe inggih prayogi, mila tumrapipun băngsa Jawi kaladuk ing ginêm, manawi nêdha ngantos jam-jaman.
Gosat-gosoting wêwalêr wau lajêng sagêd amor kalihan tatacara sanès, dadosipun inggih sagêd mantuk kemawon, namung kantun ngewahi sakêdhik-sakêdhik.
Dados kajêngipun karangan punika namung ngêtingalakên bab wêwalêring tiyang sêpuh ingkang lèrègipun manjing kasusilan Jawi, manawi sagêd nindakakên, badhe botên wontên awonipun, dene encokipun dhatêng ing raos, mênggahing para sêpuh namung anggêgulang, murih anak putu punika landhêp panggraitanipun, mila punapa kemawon ingkang mêngku kajêng lajêng dipun gambarakên wontên ing pasêmon, salajêngipun kêtêlah dipun wastani: wong Jawa goning sêmu.
Jagading Wanita
Raos Pamanahaning Èstri
Sambêtipun Kajawèn nomêr 95.
Punapa malih manawi prasêtyanipun wau namung lêlamisan kemawon, inggih punika namung kangge ngecani pamanahaning èstri, punika saya tangèh sangêt bilih sagêda têtêp, jêr namung wontên lair keman,[1] amargi sampun dados padatanipun para priya ingkang kathah-kathah pancèn makatên, sampun kêlimrah. Dadosipun ugi sampun botên anggumunakên bilih priya asring cidra ing ubaya, sarta botên têtêp saginêmipun. Tuwin malih sanadyan namung ginêm padatan kemawon ingkang kathah-kathah ugi sampun botên sagêd têtêp. Kados ta saupami jagong dalu, sanjang bilih jam kalih badhe
--- 1511 ---
mantuk, wusana malah ngantos jam gangsal enjing dèrèng mantuk, punika dados sampun ambalenjani ginêmipun piyambak tigang jam. Ananging ingkang makatên wau inggih sampun dados padatan sarta ugi kêlimrah, dadosipun inggih namung priya limrah kemawon.[2] Ananging bilih wontên priya ingkang ngênggèni sabda pandhita ratu, inggih punika ingkang sêjatosing priya ingkang sakalangkung utami.
Mênggah Prabu Anglingdarma punika saking pamanggih kula ugi lêrês kemawon anggènipun botên nêtêpi prasêtyanipun, jêr sedanipun ingkang garwa punika lantaran saking pabên punapa, inggih punika prakawis aji Suleman. Bokmanawi punika ingkang andadosakên rênggangipun Prabu Anglingdarma, saha botên nêtêpi prasêtyanipun wau. Tuwin malih bokmanawi namung lêlamisan, pramila sarêng ingkang garwa nyêmplung latu inggih namung dipun sawang kemawon.
Dene mênggah Dèwi Banowati punika punapa inggih sampun kenging dipun wastani awon. Amargi sanadyan botên sêtya dhatêng Prabu Ngastina, ananging rak inggih taksih anggadhahi kasêtyan ugi, inggih punika dhatêng Radèn Janaka, awit sampun sakawit mila ingkang dados èsthining manah namung Radèn Janaka, dene anggènipun purun anglampahi krama angsal Prabu Ngastina, punika amung saking nuruti dhawuhipun para sêpuh, pramila trêsnanipun dhatêng Prabu Ngastina inggih namung wontên lair kemawon, botên têrus ing batos. Makatên malih ugi sampun prasêtya bilih sabibaring pêrang Bratayuda badhe dados garwanipun Radèn Janaka. Pramila sarêng sabibaring pêrang inggih lajêng dipun têtêpi saèstu, ingkang makatên punika punapa
--- 1512 ---
botên dipun wastani mantêp saha sêtyatuhu ing wacana. Punapa malih nalika Dèwi Banowati badhe dhaup kalihan Prabu Ngastina, gadhah bêbana (patiba sampir) liman pêthak ingkang sagêd tata jalma, wusana Prabu Duryudana lajêng mundhut tulung dhatêng Radèn Janaka supados dipun padosakên, inggih sagêd angsal malah putri ingkang kagungan liman pêthak wau inggih tumut. Ing sêrat pakêm sarta ringgit padhalangan, putri srati wau nama Rêtna Kasimpar. Sarêng Dèwi Banowati uninga bilih ingkang sagêd angsal liman pêthak wau sajatosipun Radèn Janaka, saya prasêtya sangêt salêbêting panggalih, malah ugi sampun kêlair dhatêng Radèn Janaka bilih kêbatosan têtêp dados garwanipun satriya Madukara. Amargi ingkang sagêd minangkani punapa sapanêdhanipun wau, amung ing lair kemawon dados garwanipun natèng Ngastina, dados manawi ngatên tumrap Radèn Janaka, Dèwi Banowati punika sêtya sangêt, dadosipun inggih dèrèng kenging bilih dipun wastanana awon.
Wasana sadaya atur kula punika bilih wontên lêpatipun mugi sami angêgungna pangaksama. Saha sêdhèrèk Siti Suharti sampun kirang pangapuntên.
Kula lare Surakarta. Siti Rusiyah.
Kawruh Sawatawis
Kawontênan ing Măngsa Kanêm
Dhawahing jawah măngsa kanêm, sanadyan dèrèng ngarêcèh, kalêmpakaning toya sampun wiwit kenging kangge ulah têtanèn. Para tiyang tani sampun wiwit maluku sabin, pating kêcopak wontên ing toya, ing sêmu katingal ayêm, ngrumaosi bilih ing sapunika sampun wiwit ngancik măngsa rêndhêng. Sanadyan taksih wontên bêthatan, nanging botên kuwatos badhe kêkirangan toya, awit dewaning jawah tansah kêklêmpak mêndhung badhe dipun wutahakên ing bumi. Kawontênan ingkang kados makatên punika têtêp nama wanci tuwuhing kasênênganipun para among tani, lan wajib pinuji lulusa ing kasênênganipun, awit lulusing kasênênganipun tiyang tani, wohipun badhe murakabi dhatêng ngakathah, inggih punika sadaya badhe sami tumut ngraosakên kaskayanipun ingkang warni têdha.
Kêkajêngan-kêkajêngan ingkang sampun dangu gêsang wontên ing măngsa katiga, katingal ngarang kados pindhanipun tiyang sakit, pinanggihipun wontên ing sawangan katingal botên damêl rêsêping pandulu, tumusipun dhatêng tiyang ugi mahanani kirang sakeca. Nanging sarêng dhawahing măngsa labuh kapat, wit-witan ingkang sampun ngarang mèh pêjah, kados kasiram ing toya gêsang, lajêng wiwit sêmi tuwuh godhong enggal malah karaos kados tumitah wontên ing jaman kaneman malih. Cêthaning pasêmon ingkang kados makatên wau pinanggih wontên ing wit asêm, kalanipun ing măngsa labuh, kapat lajêng katingal ijêming [i...]
--- 1513 ---
[...jêming] godhongipun, kados ungak-ungak saking padhusunan. Ngalelaning wujudipun sagêd anuwuhakên ucaping tiyang ingkang botên sumêrêp ing măngsa, mungêl: o, wis măngsa kapat.
Nyandhakipun ing măngsa gangsal, wit-witan sampun mèh waradin katingal ijêm angrêmbuyung, malah kasarêngan sêkar tuwin sampun pêntil. Tumraping para tiyang ingkang sami gadhah pakarangan, ngêjibakên badhe ngundhuh nipkahing wit-witanipun taun, bakul-bakul woh-wohan sampun sami andhèdhèki badhe nêbas wohipun.
[Grafik]
Panglocitanipun tiyang nêdha durèn: ora anèh yèn jênênga madu lèrèn.
Sarêng awaling măngsa kanêm, talêbik-talêbik sampun wiwit wontên wowohan ingkang kasade, nanging ingkang kathah namung saking kabujêng sêlak bêtah, mila sanadyan sampun kathah wowohan, raosipun botên eca, kêcutipun adhakan damêl mulêsing wêtêng. Nanging sarêng sampun nêngah-nêngahi măngsa kanêm, sampun wontên wowohan sêpuh, rambutan katingal abrit ambranang, pêlêm bawuk-bawuk, durèn têmpak êrinipun, manawi kenging angin dhawah gêdêbug, kados nyabawa: gilo wis tuwa. Wanci ingkang kados makatên wau adamêl asri tuwin ramening pêkên, saênggèn-ênggèn katingal wowohan gumêlar amenginakên. Makatên ugi pun jongkol pête, botên purun kantun sami anyarêngi wêdaling wowohan sanès-sanèsipun, mripatipun pating pêndêlo kados sasmita-sasmitanan badhe kados pundi kadadosanipun, awit angrumaosi, sanadyan dipun pilala ing tiyang, ing têmbenipun [têmbenipu...]
--- 1514 ---
[...n] botên sande dipun garunêngi ing tăngga têpalihipun tiyang ingkang milala.
Tumrapipun tiyang cêpêng damêl, măngsa jawah punika tansah damêl grênêng, manawi jawah enjing dipun wada mêmalangi tiyang badhe blêbêt dhatêng padamêlan. Manawi jawah siyang dipun wastani nyiksa tiyang luwe, awit wancinipun mantuk kêpalangan jawah. Manawi nêngah-nêngahi nyambut damêl mêndhungipun pêtêng, sambat: apa bisa nyambut gawe ana pêtêngan ngene, ewadene manawi dipun sukani dilah mêksa mungêl: niyat nyambutgawe bêngi ane. Nanging sakecanipun wontên, inggih punika manawi malêbêtipun kêsiyangên, sagêd cariyos dhatêng pangagêng, jalaran jawah, saya manawi mantuk saking padamêlan mawi mompar-mampir, sadumugining griya, taksih wontên ing nglatar, dèrèng ngantos dipun pitakèni ingkang èstri sababipun kasèp anggènipun mantuk, sampun mungêl rumiyin: udan. Dene ingkang têtela nuwuhakên sêsambat, bab wontênipun bêthatan jawah, têtiyang sami ngaruara dening sangêt bêntèripun, rumaos kados dipun godhog sabên dintên.
Nanging sarèhning ing donya punika namung isi kawontênan ingkang damêl prayogining isinipun, sadaya inggih namung badhe pinanggih sae, mila kawontênanipun măngsa kanêm, katingal anyasmitani badhe damêl wilujênging bumi saisinipun.
Cariyos Kina
Cariyosipun Dhusun Sirapan utawi Pasirapan, Salêbêtipun Ondêr Dhistrik Sumbang, Dhistrik Sukaraja, Kabupatèn Banyumas, Sababipun Botên Kenging Kalêbêtan Priyantun
Kacariyos, kala jamanipun Prabu Brawijaya, nata ing Majapait, sang prabu kagungan putra asma Radèn Patah, malêbêt agami Islam. Andhèrèk piwulangipun Kangjêng Sunan Ampèl, ing Surabaya.
Radèn Patah matur dhatêng Kangjêng Sunan Ampèl manawi botên sênêng kabawahakên ingkang rama ingkang taksih ngrasuk agami Buda.
Kangjêng Sunan Ngampèl ngandika: Thole, kowe aja pisan duwe pikiran mangkono, sabab ramamu ora ganggu gawe marang agama Islam. Lan manèh prakara agama iku jênêng piyandêle wong dhewe-dhewe, mung Allah kang uninga bênêr lan lupute, dadi wong ora kêna ngluputake marang agamane wong liya, dene yèn kowe ora sênêng marang rama, bêcik kowe mlanaa ing êndi kang kosênêngi.
Radèn Patah lajêng mlana mangilèn kalihan ingkang paman ingkang nama Radèn Găndakusuma. Sarêng dumugi sukuning rêdi Slamêt, Radèn Patah rumaos sênêng. Radèn Găndakusuma lajêng yasa pondhok kangge tapa. Panggenan wau ing sapunika dados [dado...]
--- 1515 ---
[...s] padhukuhan nama Dhukuh Găndatapa, atêgês Găndakusuma têtapa.
Kacariyos Radèn Patah dados rencangipun tiyang tani ingkang tanêm pantun gaga, nama Kyai Batasari, nanging botên ngakên aslinipun utawi asmanipun ingkang lugu, namung ngakên lare blayangan ingkang alit mila botên sumêrêp dhatêng bapa biyungipun. Sabên dintên nulung padamêlan ing pagagan, nanging sabên sontên botên purun tumut wangsul kalayan Kyai Batasari, sanadyan kaajak inggih mêksa botên purun.
Satunggaling dintên, Kyai Batasari badhe nyumêrêpi punapa ingkang dipun lampahi Radèn Patah, lajêng pamit api-api badhe wangsul, nanging lajêng nyalingkêr prêlu nginjên lêlampahanipun Radèn Patah.
Radèn Patah ngintên manawi Kyai Batasari sampun wangsul saèstu, lajêng numpuki kajêng garing lajêng kabêsmi ngantos murub angalad-alad. Radèn Patah lajêng malêbêt salêbêting latu murub wau sarwi ngosoki sariranipun kados siram ing toya.
Kyai Batasari sarêng sumêrap lêlampahan punika, lajêng ngajèni sangêt dhatêng Radèn Patah, cariyos dhatêng semahipun sadaya ingkang sampun kasumêrêpan sarta ngintên manawi Radèn Patah sanès lare sambarangan. Sarêng Radèn Patah wangsul, lajêng dipun aji-aji sarta kaaturan pasareyan sarta dhahar ingkang prayogi.
Botên antawis lami Radèn Patah pindhah dhatêng dhusun Legok ingkang têbihipun kirang langkung 2 pal saking panggenanipun Kyai Batasari. Wontên ing Legok manggèn ing griyanipun tiyang nami Kyai Endrajaya, sarta lajêng dipun pundhi-pundhi dening tiyang kathah.
Lami-lami Radèn Patah rumaos kagungan panguwaos, lajêng karsa ayasa nagari, lan badhe saya dalêm agêng tuwin masjid. Sampun ngêmpalakên kajêng kathah, ingkang kapilih badhe kangge dalêm, satunggaling wana. Panggenan ingkang sampun kangge ngêmpalakên balabak badhe kangge sirap, lajêng kanamakakên Pasirapan.
Kacariyos karsanipun Radèn Patah punika dèrèng ngantos kalampahan, kasaru dhatêngipun gandhèk saking Majapait animbali Radèn Patah. Radèn Patah sangêt sêkêl ing panggalih, dene botên kalêksanan anggènipun badhe yasa nagari, sarta kagungan kuwatos manawi kalêpatakên dening ingkang rama anggènipun badhe yasa nagari tanpa palilah. Sarêng badhe pangkat lajêng tilar pangandika dhatêng tiyang-tiyang ing ngriku, manawi panggenan punika botên kenging kalêbêtan bangsaning priyantun. Sintên ingkang malêbêt ing Sirapan punika masthi kacuwan manahipun kadosdene sariranipun.
Kacariyos sarêng Radèn Patah dumugi Majapait lajêng kaparingan nagari Bintara dening Prabu Brawijaya, asma Adipati Bintara.
Sarisakipun nagari Majapait: Radèn Patah jumênêng nata ing Dêmak jêjuluk Kangjêng Sultan Sah Ngalad[3] Akbar, sinêngkalan: nir suci catur jalmi.[4]
Ingkang ngaturi cariyosan punika tiyang nami Maya Sadrana ing Dhusun Sirapan.
Atmadipura. K. 178.
--- 1516 ---
Bab Kamajênganipun Băngsa Jawi wontên ing Tanah Ngamănca
Kajêng kula ing ngriki prêlu badhe nyriyosakên bab kamajêngan, inggih punika kamajênganipun băngsa Jawi ingkang manggèn wontên ing tanah sabrang Makasar. Dene limrahipun jaman sapunika, inggih punika sami ngawontênakên pakêmpalan, kangge tăndha rukuning ngagêsang utawi minăngka lantaranipun indhaking sêsêrêpan.
[Grafik]
Kitha Makasar sacêlakipun palabuhan.
Ing makasar punika sanadyan tanah sabrang, ananging kawontênanipun botên kraos kakên sangêt-sangêt, têgêsipun: bab pakêmpalan, bab lêlangên ugi wontên, kados ta: bab tayub, gamêlan saringgitipun sampun wontên, ringgit wacucal, ringgil tiyang lan kêthoprak, ugi wontên, ananging sadaya lêlangên wau sami madêg pakêmpalan piyambak-piyambak. Sasumêrêp kula kathahing pakêmpalan ing Makasar manawi botên lêpat 1 Rukun Sêtyahati, punika mligi namung kangge ambiyantu bab kasripahan. 2 Sahati (sus), punika satunggaling panggenan kangge angenggar-enggar panggalih, kinanthenan main bolah, maos koran lan langên bêksa sabên minggu. 3 Langên Budiswara, punika satunggaling pakêmpalan ambiyantu dhatêng kasripahan, kinanthenan sabên minggu lêlangên bêksa ringgit tiyang lan kêtoprak. Dene băngsa muslimin samantên ugi inggih sami pêpanthan piyambak-piyambak, kados ta: 1 Muhamadiyah, 2 Sirotolmustakim, 3 Yong Eslamitênbon, lan sanès-sanèsipun.
Sadaya pakêmpalan wau, upami karingkês sami nunggil, wah iba agêngipun lan katingal saiyêg, kadosdene: Rukun Sêtyahati anunggil kalihan: Langên Budiswara. Băngsa muslimin samantên ugi nunggil sami muslimin.
Botên langkung manawi wontên galap-gangsuling anggèn kula ngarang nyuwun gunging samodra pangaksama.
K. 4541
Kajênging karangan punika, ngêtingalakên mênggah raosing manahipun băngsa Jawi wontên ing tanah ngamănca, lajêng saya karaos bêtahipun ngudi karukunan. Raos ingkang makatên wau kados ugi sagêd anumusi dhatêng panggalihanipun băngsa Jawi sanès-sanèsipun. Wosipun badhe nuwuhakên sêdya nunggil. Kajawi punika, tumrap panjênênganipun lêngganan nomêr 4541 piyambak, tamtu inggih sagêd manggalih murih wiyaring têbanipun Kajawèn wontên ing laladan Makasar, punika inggih badhe agêng pigunanipun.
Red.
--- 1517 ---
Panglipur Manah
Kalangkungan Kilenan
Cêcariyosan ingkang tanpa tăndha saksi punika limrahipun dipun wastani umuk, kados ta: juru silêm sagêd nyilêm ing toya ngantos jam-jaman, punika dipun wastani umuk, awit dèrèng manggih tăndha yêktinipun. Malah trêkadhang taksih dipun wêwahi: samêdalipun saking toya mawi nyangking upêt kalihan sês taksih kêmpas-kêmpus, latunipun botên pêjah. Punika saya umuk. Wontên malih tiyang cariyos: wong maling krambil kuwi yèn mudhun saka uwit nganggo ngêmpit balarak kiwa têngên, banjur nyalorot mudhun, nuju panggonan sing sêpi. Punika inggih umuk malih. Ewadene sarêng dipun paibên malah saya nglantur, wangsulanipun: kowe aja maido, wong aku dhewe wis mrangguli wong maling krambil, malah barêng nylorot kêprêgok aku, banjur mumbul manèh. Punika saya êmbahipun umuk.
[Grafik]
Nanging sarêng tiyang sagêd numpak pit ing kawat, wontên tăndha yêktinipun, inggih punika tiyang kumidhi, tiyang ingkang ningali namung andomblong. Sarèhning pasaksèn punika nyirnakakên pamaibên, ing ngriki nyariyosakên: ing Cigago wontên tiyang nguwot tangsul inggil sangêt, mawi sagêd jêjogedan napa, kados ing gambar.
Sanadyan kawontênan punika elok, tamtu dipun tulad băngsa kula ing ngriki, awit kamajênganing jaman, samukawis ingkang katingal sagêd niru.
--- 1518 ---
Rêmbagipun Garèng lan Petruk
Bab Dhasar lan Ajar
Sambêtipun Kajawèn nomêr 93
Garèng : Wis, Truk, ayo saiki padha ambalèni rêmbugane lagi anu kae ing bab dhasar lan ajar. Kala samono aku rak wis ngomong, yèn wong urip ana ing dănya kuwi ora kêna nyirik kêkumpulan, prêlune cikbèn bisa: algêmin onwikêl, wèwèh, kok mèh lali cara Jawane, kuwi mau ala-ala cara Walănda, mungguh têgêse kira-kira: sugih kawruh. Wong sing ora nyirik kêkumpulan karo sauwong-uwonge, rak iya wis mêsthine ta, nèk sugih kapintêran, upamane bae kabênêr ana ing pasamuwan sing dianani dhangsah, ing sarèhning wis kulina kêkumpulan karo băngsa Walănda, sanadyan mèlua mubêng-mubêng angganjrêt, iya mêsthi pantês. Kèri-kèri diulêmi trêbangan, kok banjur dianani dhanah-dhanah, anggêr trêbange wis muni: plak kêthaplak, plak, plak, kêthaplak, ing sarèhne kenene wis kulina kumpul karo băngsa Arab, iya banjur bisa mèlu ngadêg karo muni: wa nauyatan, saaltuga akrinilana ... lan anggone nibakke sikil ya bisa barêng karo unining trêbang sing mak plak, ngono kae. Apa manèh yèn kulina kêkumpulan karo Mas Ajêng Manggis, Mas Ajêng - e nas - Mis Hèrlaut, kok banjur diulêmi uyu-uyu, nèk kono ana sing mundhuti gêndhing Sarayuda upamane, kenene mêsthi bisa ambawani nganggo Dhangdhanggula Turulare. Wadhuh, apa iya ora liyêr-liyêr rasane.
[Grafik]
Petruk : Lho, tumrap wong sing kêncêng pikire utawa sing luhur bêbudène, ya pancèn bêcik. Yèn bisa kumpul karo sadhengahing uwong. Ning sing akèh bangsaku kuwi wêwatêkane lelar-lelur, gampang kèlune karo wong-wong sing dikumpuli, buktine: pirang atus uwong bangsaku sing kapêksa kudu diplêsirake nyang Dhigul, jalarane rak durung kinar yèn pancèn anggêgêgi kaya kinane dhewe, rak bisa uga mung kèlu saka kêkumpulane bae. Ing Layang Wulangrèh, anggitan dalêm Ingkang Sunuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV ing Surakarta, ana unèn-unèn, gêndhinge Kinanthi thik nganggo kêsandhung-sandhung, lho, mangkene:
yèn wong
--- 1519 ---
anom pan wis tamtu | manut marang kang ngadhêpi | yèn kang ngadhêp akèh bangsat | datan wurung bisa juti | yèn kang ngadhêp kèh durjana | nora wurung bisa maling ||
sanadyan ta nora milu | pasthi wruh solahing maling | kaya mangkono sabarang | panggawe ala puniki | sok wêruha nuli bisa | yèku panuntuning eblis ||
Mara ta Rèng, ing kono rak wis cêtha, yèn wong kuwi kêkumpulane ya kudu milih-milih, ora kêna sacandhak-candhake bae. Apa manèh akèh-akèhing wong kuwi ora ngrêti mênyang luhur utawa cêkake bêbudène dhewe, dadi cêkakane sing akèh wong kuwi ora ngrêti mênyang cacade dhewe.
Garèng : Lho, Truk, wong ora ngrêti mênyang cacade dhewe kuwi wis lumrah, tandhane tanggaku Mas Ajêng Jakob kae, kulitane irêng anjêgadhêl, ulêsing lambene ngrêmpêla, ewadene nèk manganggo, wadhuh: klambine ya kudu kuning kapurănta, tapihe latar putih, dalasan pupure bae sing dipilih kok pupur kuning, dadi kaya lele bumbu rujak.
Petruk : Lho, kok banjur nyandhak mangkono, kuwi rak gambare won sing ora bisa matrapake panganggone. Sing dikarêpake cacad mau, cacade bêbudène. Wong urip ana ing donya wajibe kudu sumurup cacading bêbudène dhewe mau.
Garèng : Wah, Truk, iki rak jênêng omong kosong. Wis lumrah, nèk wong urip kuwi nyang cacade dhewe wis mêsthi ora sumurup, tandhane sobatanaku Mas Bèi mantri candu kae, nèk wis nang tayuban, anggone gojèg karo tlèdhèk ya nganti ngisin-isinake têmênan, ewadene mêksa ya ora ngrêti yèn tingkahe mau sajatine saru wijaya, rumasane: lha wong aku, sapa ta sing ngluwihi brêgas utawa sugihku, cêkake nèk aku kiyi: jagung bakarane, sèh. Lha, saikine kêpriye, Truk, bisane sumurup ing cacade dhewe mau.
Petruk : Nèk mungguhing panêmuku saranane ana patang warna, yaiku: 1e kudu puruhita mênyang guru kang waskitha ing pangulahing bêbudèning manusa, lan waspada ing păncabayane sing luwih samar.
Garèng : Ya wis ngrêti aku, Truk, prêlune puruhita mênyang guru kaya sing kok kandhakake kuwi, sabab guru sing kaya kono mau, têmtune bisa paring pituduh nyang muride, mungguh tuwuhing bêbudène sing kurang bêcik.
Petruk : Ya ora mung mêngkono bae, muride wajib miturut lan nindakake apa piwulanging guru mau. Aja kaya sawênèhing bocah nom jaman saiki, nèk kêtunggon wong tuwa upamane, kuwi sêmbayange ya tanpa ana towonge, nanging nèk adoh karo wong tuwane, banjur andadak rêkès nyuwun pêrlop bètên bêswar pan dhêlandhe, - lho, anggone nglakoni limang wêktu, rumasane: wong tuwa toh ora sumurup, sèh.
Garèng : Lho, kok banjur rono parane, luwih bêcik caritakna ihtiyar kang kaping pindho, dalane supaya bisa sumurup ing cacade dhewe mau.
Petruk : Kapindhone: golèk mitra sing têmên, sing waspada, tur sing ahli agama, prêlune [prê...]
--- 1520 ---
[...lune] supaya bisa mandêng ing saparipolahmu.
Garèng : Yah, nèk aku kok ora mathuk duwe mitra sing kaya ngono kuwi. Sabab aku duwe têpungan sing duwe mitra kaya unimu mau, rêrasanane jare mangkêlake bangêt, awit ora bisa kêmingkang sathithik, mêsthi tansah ditutwuri, apa manèh nèk kabênêr arêp lèngsêng, lha kuwi...
Petruk : Lho, kuwi rak dudu jênêng mitra, nanging osar-asir, têmtune têpunganamu mau digolongake wong sing ambêbayani tumrap tata-têntrêming praja, mulane ana osar-asir sing tansah tutwuri, prêlu anjaga aja nganti têpunganamu mau saya agawe rusak marang lakuning katêntrêman.
Garèng : We, lha, kojur, jêbul kaliru surup, wis, ah, saikine tak mênêng bae, tak ora mangsuli apa-apa, mung bae panjalukku, supaya cangkêmku aja budi, ênêng-ênêngana nganggo: klengkam, opyês, ora-orane ya nganggo mut-mutan liyane.
Petruk : Yak, kok kaya bocah cilik nganggo diênêng-ênêngi barang. Mulane kudu golèk mitra sing têmên, sing waspada, tur sing ahli agama, awit mitra sing mangkono kuwi kaprahe mêsthi mangrêti marang sasrapataning liyan, mula mêsthi wêruh marang ala bêciking mitrane, lan bisa nuduhake bênêr luputing tindake. Apa manèh rèhning ahli agama, kanthi sucining atine, marga saka pangemane, iya banjur gêlêm awèh pituduh murih bêcike aja kongsi kabanjur-banjur, sabab saupama kongsi kalakon dadi ala, mitra sing mangkono mau mèlu kelangan kabêcikan utawa kautaman. Dadi mitrane mau yèn mangrêtia mono tansah diluhurake. Aja kêliru surup, kandhaku kiyi mung anjupuk katatalane sing wis padha dak alami. Wusana samene bae dhisik, seje dina dibacutake rêmbugan manèh.
Kabar Warni-warni
Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès
Sêtatitênipun pakêmpalan punggawa sêpur tuwin tram India ing Bandhung sampun tampi kêkancingan saking parentah angsal rèh pêrsun.
Kala tanggal kaping 25 wulan punika wanci enjing, ing Bogor wontên bikakan griya sakit enggal, manggèn ing Kêdhungalang. Pambikakipun dipun jênêngi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.
Kala dintên Ngahad wontên kapal labuh ing Tanjungpriuk ambêkta pangeran adipati têtiga putranipun sultan ing Dhèli, Asahan tuwin Sêrdhang, prêlu badhe anjajah ing tanah Jawi. Tindakipun dipun dhèrèkakên Tuwan Bach asistèn residhèn saking Sumatra, dene wontênipun ing Batawi kadhèrèkakên asistèn residhèn Mistêr Kornèlês Tuwan A.E. Catalani. Para pangeran wau sami ambêkta oto piyambak-piyambak.
Wontên pawartos, pamênang lotre ingkang f 75.000.- dhawah ing Bandhung. Ingkang tumbas lot kêmpalaning punggawa radhio cacah tiyang 10.
Kawartosakên, Tuwan J.R. Burghardt redhaktur sêrat kabar de Critiek badhe kapriksa prakawisipun wontên ing pangadilan, kadakwa ngawon-awon warga rad kawula tiyang siti têtiga.
Wontên pawartos, dhepartêmèn pangajaran andhawuhakên dhatêng insêpèktur sêkolahan-sêkolahan andhap tuwin têngahan, supados nitipriksa: punapa sakintên sagêd ngicali garapan ing griya tumrap murid sêkolahan andhap, tuwin ngirangi garapan ing griya tumrap murid sêkolahan têngahan. Dhepartêmèn ugi niyat badhe rêmbagan kalihan para bêstiring pamulangan partikêlir, manawi sagêd ugi supados nindakakên makatên.
--- 1521 ---
Pulisi ing Ngayogya mêntas manggihakên katrangan prakawis kadurjanan ingkang aluraning prakawis makatên: wontên tiyang jêjodhoan gadhah anak taksih bayi: pêgatan. Ingkang jalêr lajêng malêbêt kuli kontrak dhatêng Dhèli, saha sampun kakintunakên dhatêng Sêmarang. Ingkang èstri sangêt susahipun, lajêng nusul badhe malêbêt kuli kontrak, nanging dipun tampik, amargi gadhah anak taksih bayi. Saking judhêging manah, tiyang èstri wau kesah malêbêt ing patêbon, anakipun dipun pêjahi, saha lajêng wangsul dhatêng panggenaning mandhor wèrêk, cariyos manawi anakipun sampun dipun titipakên marasêpuhipun. Ing wusana bab wontênipun raja pêjah punika kasumêrêpan ing pulisi, lajêng dados papriksan panjang. Lêlampahan prakawis raja pêjah punika enggal dangunipun sampun tamtu pinanggih dakwanipun.
Sampun dangu ing Pamalang kathah lare-lare sêkolahan ingkang namung nglajo saking griya ingkang têbih dunungipun, andadosakên prihatosing tiyang sêpuh. Awit larenipun rêkaos tuwin anjalari kiranging majêng dhatêng pangajaran. Ingkang makatên wau para guru ing Pamalang rumaos prêlu ngawontênakên pamondhokan. Nalika tanggal 1 wulan punika kalampahan sagêd ngêdêgagên pamondhokan wau, lare satunggal kakengingakên bayaran f 9.50 ing dalêm sawulan, nalika sawêg malêbêt mawi entre f 10.- prêlu kangge tumbas pirantos, kados ta patilêman sapanunggilanipun, benjing manawi lare sampun mêdal badhe kabêktakakên. Ingkang kapilih dados pangarsa Tuwan M.A. Kadir, panitra M. Atmawardaya, warga sanès-sanèsipun kakung putri sawatawis. Wontênipun pamondhokan wau têtela agêng pigunanipun, kajawi murid botên rêkaos ing lampah, ugi angsal panggulawênthah prayogi. (W)
Pakêmpalan Muhamadiyah ing Grêsik nindakakên komite pados darma kangge mitulungi kasangsaran kabêsmèn ing Grêsik. Miturut katrangan angsal-angsalan saking celengan-celengan wontên f 1086.79, saking panyadean karcis f 265, saking sêrat kalowongan ingkang dipun idêrakên wontên f 469.42, darma ingkang dhatêng piyambak f 124.44, gunggunging arta sadaya wau sampun dipun bage-bage dhatêng tiyang ingkang kasangsaran.
Miturut sêrat dhawuh kakancingan nata, arta pitulungan saking nagari tumrap militèr India wetan utawi kilèn ingkang ngajal salebêting wajib, kapetang sami kemawon.
Wontên pawartos, katingalipun anti wukêr ing Sêmarang pêjah, ing Cirêbon pêjahipun sampun dangu. Sapunika ingkang taksih kantun ing Bandhung, Ngayogya tuwin Têgal.
Wontênipun băngsa Tionghwa saking Tiongkok, ingkang dhatêng ing Indhonesiah ing taun punika, kirang sangêt manawi dipun timbang kalihan taun kêpêngkêr. Dene ingkang dhatêng sapunika ingkang kathah namung èstri tuwin lare-lare sami nusul ingkang sampun wontên ing ngriki.
Miturut papriksaning komisi kasangsaran ing sagantên pasisir Inggris ingkang mêntas kalampahan, kapuk ingkang prayogi piyambak kangge isèn kambang punika kapuk wêdalan tanah Jawi.
Kawartosakên, sêrat kabar Fadjar Asia ingkang sampun sawatawis dangu botên mêdal, dipun tumbas Tuwan Cakra Aminata, kangge kabêtahaning P.S.I.
Benjing malêm Sênèn tanggal 1 Dhesèmbêr, pakêmpalan ringgit tiyang Marsudi Bêksa ing Batawi, badhe mitongtonakên ringgit tiyang wontên ing Stadsschouwburg, lampahanipun Sri Dênta, rêgining panggenan wiwit f 0.60 dumugi f 1.20.
Ing Rêdikidul, Ngayogya wiwit kêkirangan têdha, lare-lare ingkang sami kêluwèn grumutan wontên pêkên nêdha kulit năngka. Ing pinggir-pinggir margi kathah têtiyang ngombe saênggèn-ênggèn, jalaran saking kaluwèn mêntas pados padamêlan. Kathah tiyang ingkang malêbêt kuli kontrak. Mênggah jalaraning tuwuh kêkirangan têdha, kajawi saking tanêman botên kêmêdalan, ugi jalaran ing ngriku botên wontên tandhon têdha, sampun sami kasade.
Ing griya sakit militèr Malang wontên tiyang sakit ingkang adamêl gumuning dhoktêr, inggih punika tiyang sakit bêntèr ingkang timbanganing bêntèripun ngantos 43 ½ grad Celsius, sarèhning peranganing grad-gradan namung dipun damêl dumugi 42 grad Celsius, dados ingkang kangge ngukur chmeische tèrmomètêr. Anèhipun tiyang ingkang sakit wau taksih gêsang, măngka limrahipun manawi bêntèripun 42 grad Celsius, tiyang sampun pêjah.
Wangsulan saking Redhaksi
Tuwan Slamêt ing Silindha. Panjênêngan prayogi ngaturi sêrat dhatêng bupati ingkang ambawahakên panggenan panjênêngan rumiyin, kanthi katrangan ingkang jangkêp.
Lêngganan nomêr 4023 ing Biyang Bali. I Kajawèn nomêr 88 sampun kakintunan. II redhaksi Kajawèn kasupèn pitakenan panjênêngan. III pitakenan dhatêng Kajawèn prayogi basa Jawi. IVa. Bab wontênipun băngsa Eropah (ingkang agami Kristên) nganggêp nomêr 13 awon, sawênèhing kaol nyariyosakên makatên: nalika Gusti Kangjêng Nabi Ngisa (Yesus) nuju dhahar kêmbul kalihan sakabat kalih wêlas, dados tiga wêlas kalêbêt Gusti Kangjêng Nabi piyambak. Kala samantên wontên tiyang nama Judas Iskariot wêwadul dhatêng mêngsah saha anjalari kacêpêngipun Gusti Kangjêng Nabi ngantos kasedanan. Wiwit wau lajêng tuwuh wontên panganggêp, sawarnining petangan punapa kemawon, ingkang dhawah 13 awon. Nanging wontên sawênèh kaol malih, bab wontênipun panganggêp awon cacah 13 punika sampun wiwit kala jaman kadewan. IVa. Wontênipun tiyang dhuwungan botên dipun angge kalanipun ambêbucal, punika wosipun nindakakên pangaji-aji.
--- 1522 ---
Wêwaosan
Sirwenda lan Danurwenda
Anggitanipun Muhamat Dohiri
12
[Pangkur]
wus sirna raning manungsa | kapat pisan bali ring sunyaruri | langgêng ing kaananipun | nêngna kang wus pralaya | kawarnaa nulya na gara-gara gung | udan dêrês salah măngsa | gumrojog saking wiyati ||
dhèdhèt erawati ngakak | lêliwêran gumêbyar kilat thathit | ing awiyat angêndhanu | mêndhung pêtêng limêngan | bayu bajra sindhung riwut guntur kêtug | kadi anglêbur bawana | banjir bandhang angin-angin ||
sasirêping gara-gara | nulya ana swara ririh kapyarsi | dumêling asung pêpemut | hèh ta sira Pragola | wong tan dosa parandene pinrih lampus | samangkya ingsun tarima | benjang arsa malês mami ||
yèn Pasantenan ana prang | lah ing kono sun manjing ing lêlungit | jajanta arsa sun butul | dimèn manggya lir ingwang | nulya mênêng suwara datan kaprungu | tan lama manèh kapyarsa | dumêling asung pêpeling ||
hèh hèh Dipati Pragola | wruhanamu samêne ingsun manjing | ing kêrènta waja iku | nanging benjing manawa | Pasantênan ana prang gêdhe dèn emut | lah ing kono walês ingwang | krana ingsun masthi ngalih ||
lamun sun katêmu kakang | kang dumunung anèng pucaking lungit | nanging ing sadurungipun | sun arsa malês sêtya | lamun ana brajaning mungsuh tumanduk | ugêre dudu pun kakang | raganta ingsun alingi ||
cêp mênêng datan kapyarsa | Dyan Pragola miduwung jroning galih | lêmês anggane ngalumpruk | mangkana sinêngkalan | tataning kang netra ngobahkên rat sagung |[5] etanging surya sangkala | patine kapat pineling ||
riwuse enjang pinêtak | sang dipati adhawuh kinèn nyandhi | anèng dununge kang lampus | mangkana cinarita | ing nagara kêni wêlaking Hyang Agung | apacêklik larang pangan | têtanduran padha mati ||
sawah-sawah padha asat | katrajang ing mênthèk lan walang sangit | wong desa pating bilunglung | lêlara warna-warna | kèh wong mati lara sore esuk lampus | marma Rahadyan Pragola | ing tyas sakalangkung kingkin ||
rinasa saya karasa | linalipur mêksa tan bisa pulih | marma mangkya karsanipun | sumêdya enggar-enggar | nèng pratapan sowan risang mahawiku | tan winarna anèng marga | pulo Upih sampun prapti ||
kinakurmat pinisuka | sang dipati ri sampune ngabêkti | maharsi ngandika arum | dhuh anggèr sang dipatya | kadingarèn dene lami nêmbe rawuh | saking petanging pun bapa | mèh kalih têngah warsèki ||
punapa karananira | sang dipati umatur mring sang yogi | dhuh bapa sang mahawiku | mugi paring aksama | dene lami tan marak ngaras jêjêngku | saking dahat karibêdan | rubedaning kanang nagri ||
anjola sang pinandhita | èsmu gugup dènira ngandika ring | sang dipati kaduk giyuh | dhuh anggèr paran warta | rubedanya kang ngribêdi ing kadhatun | Radyan Pragola manêmbah | kawuningana sang yogi ||
duk nguni amba wus mangkat | arsa marak ngarsa paduka rêsi | kêpengin nyuwun pituduh | dene jroning tyas amba | adrêng nêdya umadêg pribadi mêngku | nagari ing Pasantênan | tan ngèdhêp Mataram Aji ||
dupi anèng têngah marga | raosing tyas kêpati kêdah bali | pinênggak-pênggak tan keguh | wasana wosing sêdya | dadya amba cangkelak tumuntên wangsul | saprapta amba ing pura | wontên pakèwêd sayêkti ||
nulya tinutur sadaya | purwa madya wasana datan kari | maharsi kalangkung ngungun | anjêngêr tan ngandika | ngêrês ing tyas miris myarsa aturipun | lêlakon kang wus kalakyan | wasana ngandika manis ||
8. Adipati Pathi ambalela dhatêng Mataram.
Dhandhanggula
lah ta anggèr dene gêgirisi | têka dadak mungkur ing rèh tama | măngka ta kalamun supe | ing galih ywa kalimput | mamrih ayu ingkang pinanggih | dadi nora mangkana | tataning pangruruh | dumèh mênang gya gumampang | nora nimbang patrap ala miwah becik | rusak tataning prentah ||
sasat buta butêng bêtah kaki | mangrurah ing madyèng wanawasa | wit-witan binêdhol kabèh | abubrah kabarubuh | tanpa sêbut matêmah dadi | mawut mawur wurahan | mumut ajur mumur | patrape gung adiguna | nêniwasi kalamun dèn uja kaki | lah yogya dèn candhêta ||
witing lêpat saking kirang titis | yèn kasrakat têmah lagya tobat | gêtun kang kalakon kabèh | lah makatên pukulun | patrap tuwan kang wus kawuri | sêmbrana tan prayitna | buru-buru nêpsu | amurang krama utama | pan tinutuh lumuhing pakewuh rêmit | măngka wajibing nata ||
kêdah darbe watak surya kaki | lire wataking surya mangkana | panase sinangkan sarèh | dadi tan grusa-grusu | panasira saka sathithik | lama-lama kumlanthang | nglinthing garingipun | tan kadya panasing brama | gêni blarak mrakatak agêlis mati | sirna awu anggana ||
yèn makatên patraping paniti | grusa-grusu enggala kalêgan | kapiduwung wêkasane | beda anggèr kalamun | tinaliti saking sathithik | paran karananira | Juru Taman mlêbu | anèng jroning kênya pura | lamun nyata nêdya darbe laku silip | yogya tămpa pidana || (Badhe kasambêtan)
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
1 | kemawon. (kembali) |
2 | § Titising pangandikanipun anggèr Siti Rusiyah punika kasumanggakakên dhatêng para priya limrah. (kembali) |
3 | Ngalam. (kembali) |
4 | Tanggal: nir suci catur jalmi (S 1440). Tahun Masehi: 1518–9. (kembali) |
5 | Tanggal: tataning kang netra ngobahkên rat (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. (kembali) |