Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06-20, #609
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06-20, #609. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06-20, #609. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 49, 3 Sapar Taun Je 1862, 20 Juni 1931, Taun VI
Kajawèn
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [753] ---
Ăngka 49, 3 Sapar Je 1862, 20 Juni 1931, Taun VI
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.
Pasanggrahan 't Loo' nagari Walandi
[Grafik]
Kangjêng Sri Maharaja Putri Wilhèlminah kagungan pasanggrahan wontên ing Apeldoorn, nagari Walandi. Ing nginggil punika gambaripun.
--- 754 ---
Rêmbagipun Garèng lan Petruk
Bab Botên Têpang Nuwuhakên Gêgêthingan
Sambêtipun Kajawèn nomêr 47.
Garèng: Truk, Truk, lagi dina Rêbo kang kapungkur anggonku ngêntèni nganti cêngklungên, kowe jêbul ora katon cungurmu, wah, sadhiyanane kanggo kowe nganti kapiran kabèh, yaiku: êndhog pindhang wukan, jadah wis ayit, wajik bisa mlaku-mlaku dhewe, wedang tèh ...
Petruk: Wiyah, wong nyadhiyani sadulure kok sing kira-kira ora kêna dipangan mêngkono. Anggonku dina Rêbo ora sănja mrene kuwi jalaran saka ora kobêre. Mara ta pikirên bae, esuk tumêkane awan kapêksa kudu plêsir, barêng têkan ngomah saka sayahe banjur mapan turu, tangi turu nonton bal-balan, saka nonton bal-balan banjur têrus nyang gambar idhup.
[Grafik]
Garèng: We, hla sêmbrana, nèk caramu sing kaya mêngkono kuwi ora jênêng kowe ora kobêr, nanging wêktumu sing kok ècrèt-ècrèt tanpa ana gunane. Ora, Truk, lagi anu kae sabênêre aku rak arêp ambantah rêmbugmu, kowe jêbul ngajak lèrèn, ajaa kowe rak sida rê ... muk têmênan. Kayadene kowe anjupuk paribasan Inggris: Time is money, kang atêgês: waktu iku dhuwit. Mungguh karêpe paribasan kiyi rak: kowe kuwi aja sok nganggur, timbangane kowe thênguk-thênguk nganggur, luwih bêcik kok gawenên nyambutgawe, kang bakal anuwuhake asil alias phulus. Yak, Truk, nèk paribasan sing kaya ngono kuwi, iya ora kêna yèn ta dicakake nyang wong-wong bangsane inyong kiyi. Jalaran, băngsa Inggris lan liya-liyane sing padha tunggal sèh, kuwi sandhung jêgluk sing diimpi-impi rak mung: dhuwit, awit rumasane: sing bisa gawe kuwasa ana ing donya, gawe mukti, gawe sênêng, sarta ing sarèhning bojone kudu mung siji, sing kêna kanggo sarana gawe ngrèntèngi nganti sapirang-pirang kang tanpa nganggo disahake nyang pangulune, kuwi ora liya iya mung: dhuwit. Mulane anggone daya-daya golèk dhuwit, iya sok dilakoni nganti kolu nyang bapa biyunge dhewe. Iya jalaran kang mangkono kuwi, mulane banjur ana tuwuh
--- 755 ---
paribasan kaya ing ngarêp mau. Beda karo bangsane dhewe, Truk, nèk dhuwit kuwi dianggêp: rêrêgêding donya, kang ngisruh-isruhi nyang laku kautaman. Kowe apa ora kèlingan pangandikane Sunan Kalijaga nyang Adipati Sêmarang, kuwi ana sing mangkene:
Jêng sunan nyauri aris | kiyai sampun mangkana | tan sae dintên akire | sampun amangeran donya | donya dadya brahala | tan manggih swarga rahayu | yèn mangeran lawan donya ||
Donya kuwi karêpe dhuwit, nèk kowe arêp ngrêti, Truk. Hara, wis ana unèn-unèn kaya mangkono, nèk wong Jawa nganti mêthik paribasan sing karêpe dikon mati-matian golèk dhuwit, yak, kiyi jênênge rak salah wèsêl sing bingkanane kae.
Petruk: Hara, Kang Garèng kiyi rak banjur kaliru surup. Anggonku mêthik paribasan Inggris kuwi mung kanggo tuladan bae, aku ora ngandhakake cocogku nyang paribasan mau. Mungguh anane mangeran nyang dhuwit, ora ngêmungake nyang dhuwit bae, sanadyan nyang apa-apa, anggêr jênêng mangeran, iya mêsthi bisa ene. Mungguhing panêmuku, Kang Garèng, tumrape jaman saiki kiyi, dhuwit kuwi dicêdhaki bangêt-bangêt ora kêna, nanging yèn nganti didohi bangêt nyang dhuwit iya ora bêcik. Sababe wong kuwi yèn dicêdhaki bangêt-bangêt ing dhuwit, yèn ora kandêl-kandêl imane, pancèn iya nyata, kadhang-kadhang sok banjur lali nyang laku kautaman, iya sabab saka kêgubêl dening dhuwit mau. Kosokbaline, yèn didohi bangêt-bangêt nyang dhuwit, saka kagodha dening gêgodrilane wêtênge, iya sok bisa uga ngungkurake kautaman. Mulane nèk mungguh panêmuku, wong urip ana ing donya kuwi iya kudu diwajibake golèk phulus, malah nèk bisa iya sing nganti olèh ukih kae. Mung bae niyating golèk dhuwit mau, aja kok sêdyakake arêp ditumpuk-tumpuk supaya mêngkone kanggo disojahi, nanging anggone golèk dhuwit mau, ing têmbe arêp kanggo sangu ngibadah, têgêse kanggo sangu nindakake kautaman. Nèk aku ora kaliru gajêg-gajêge ana unèn-unèn mangkene: sêngkutên anggonmu golèk dhuwit, awit elinga yèn uripmu kuwi isih pirang-pirang atus taun. Pêngên ênggonmu ngibadah, awit durung kinaruwan yèn kowe bisa mênangi dina mêngko bêngi. Nanging bab kiyi padha ditutup samene bae, saiki padha ambanjurake rêmbuge ing ngarêp. Anggonku ing ngarêp aku amrayogakake supaya bangsane dhewe padha nyilih têmbung-têmbunge băngsa sêdulur-sêdulure dhewe, kuwi mangkene upamane, aku arêp nganggo têmbung paribasan: thênguk-thênguk nêmu kêthuk, isbating ngèlmu, golèk gêni anadamar,[1] lo, kuwi mungguh cara Sundha, cara Madura utawa Bali kapriye. Mangkono sabalike, kudu padha surup-sinurupan, utawa kudu padha sumurupe.
Garèng: Iya wis ngrêti aku saikine karêpmu, Truk, nanging kowe sajake ora ngèlingi nyang modhêne jaman saiki. La kuwi nèk omong satêmbung rong têmbung ora nganggo disalundhingi nganggo basa mănca, kuwi ngêse rada kurang. Kaya ta: mrentah sopir motor supaya lakune [laku...]
--- 756 ---
[...ne] rada digawe alon sathithik, lo, kuwi nèk anggone mrentah mangkene upamane: alon sopir, ngêse ya kurang bangêt, seje yèn anggène prentah mangkene: langsam, pir, langsam, wah, sajake kok le luwês. Malah aku wis tau krungu omong-omongane uwong, saka anggone kêpengin arêp pamèr basa mănca, ing măngka ora bisa, kuwi banjur ngapalake jênêng-jênêngane tămba, kaya ta: burwatêr, karbol, yodhuporêm.
Petruk: Wiyah, kok le ora mèmpêr, Kang Garèng kiyi. Sing kok kandhakake kuwi rak mung kanggo gêguyon bae. Ora, Kang Garèng, sanyatane mono pancèn iya têmênan, băngsa Jawa kuwi kurang bangêt sêsurupane mungguh kaanane ing Pasundhan, mangkono uga kosokbaline. Dongèng Jawa upamane, kuwi akèh sing pêthikan saka ing tanah mănca, nanging mèh ora ana sing saka tanah Sundha, kajaba layang Panji Wulung, tur sing didongèngake mau lêlakon ing nagara mănca. Kosokbaline băngsa Sundha iya kurang nyumurupi kaanan-kaanan ing Jawa Têngah. Hla, saikine mungguhing panuwunku marang para priyayi-priyayi sing pancèn bisa, ambok ya padha mêrsudi paring sêsurupan nyang băngsa-bangsane dhewe mungguhe kaanane Pasundhan. Upamane bae diwiwiti mêthik dongèng-dongèngane, jalaran, ora ngêmungake sing slopan jalinggring utawa nganggo karembong sutra, sanadyan dongèng-dongèngane ing Pasundhan kuwi, iya akèh sing ambalindrik, kaya ta: dongèng Lutung Kêsarung, Pangeran Kurnèl, lan isih akèh manèh tunggale. Mêngkono uga sabalike, priyayi-priyayi Sundha padha marsudia marang kaanane kajawan. Wis, wis, Kang Garèng, rêmbug kiyi padha dilèrèni samene bae, seje dina padha rêmbugan bab liya manèh.
[Grafik]
Kados ingkang sampun nate kawartosakên bab imbakipun museum ing Majakarta. Ing sisih punika gambaripun griya museum Majapait dipun tingali saking ngajêngan.
--- 757 ---
Jagading Wanita
Parêpatan Sarekat Istri Jacatra
Kala ing dintên Ngahad tanggal 14 wulan punika, pakêmpalan wanita Sarekat Istri Jacatra damêl parêpatan wontên ing gêdhong pêrmupakatan ing Gang Kênari Batawi.
Ingkang ngrawuhi ing parêpatan wau kathah, tumrap golongan putri namung sawatawis. Jam 9 langkung parêpatan dipun wiwiti dening pangarsa Nyonyah S.Z. Gunawan. Sasampuning ngaturakên pambagya dhatêng ingkang sami rawuh sadaya, lajêng amêdhar sabda, sanadyan wontêning para putri ingkang rawuh botên sapintêna, ananging mênggahing pangajêng-ajêng, inggih badhe manggih wohipun, awit para putri wau tamtu badhe kaparêng anularakên wartos dhatêng para putri sanès-sanèsipun.
Mênggah ancasing pakêmpalan punika badhe ngrakêtakên golonganing wanita ingkang pangajaran kalihan ingkang botên. Ngawontênakên papan kangge sinau padamêlan tangan, olah-olah tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi punika ugi badhe ngawontênakên wulangan ing bab agami Islam tumrap dhatêng para putri. Lan malih sarèhning ing bab babagan agami, punapa malih tumrap ingkang gêgayutan bab wayuh, punika tansah nuwuhakên darêdah, mila ing parêpatan ngriku prêlu miji panjênênganipun Tuwan Achmad Soerkattie, supados angandharakên sêsorah ing bab wayuh.
Ing sadèrèngipun ngandharakên sêsorah bab wayuh, pangarsa ngacarani nyonyah Suwarsa, supados sêsorah ing bab ancasing pakêmpalanipun ingkang nama Roekoen Istri. Nyonyah Suwarsa lajêng mêdhar sabda ing bab ancasing sêdyanipun pakêmpalan Roekoen Istri, badhe nindakakên rekadaya ngudi kamajênganing wanita, tuwin ngudi icaling tindak kanisthaning wanita, sarana ngadani ngawontênakên papan kangge ngupakara lare lola, ingkang wosipun nênuntun murih sampun wontên tindak botên prayogi tumrap kadadosanipun ing têmbe. Măngka ing bab tindak makatên punika tumraping golongan băngsa sanès sampun sami nindakakên, dados tumrap golongan Indhonesiah kêgolong kantun piyambak, mila ing sapunika nêdya badhe dipun adani.
Sêsorahipun Nyonyah Suwarsa punika sagêd nênangi dhatêng panggalihaning ngakathah, ing wêkasan wontên ingkang sami kaparêng paring darma, ingkang gunggunging arta angsal f 50.-. kajawi punika taksih wontên ingkang nyagahi urun sabên wulan utawi sabên taun. Nyonyah Suwarsa ngaturakên gênging panuwun dhatêng ingkang sami mirah ing panggalih wau.
Lajêng gêntos Tuwan Achmad Soerkattie, sêsorah bab wayuh mêndhêt wêwaton Islam. Nanging sarèhning tuwan wau botên patos lêbda dhatêng basa Malayu, sêsorahipun dipun tindakakên dening tiyang sanès minăngka juru basa.
Sêsorahipun tuwan wau sakalangkung panjang, cêtha awijang, mênggah wosing sêsorah, jalaran saking sae saha ngadilipun, wêwênangipun tiyang jalêr wayuh, ngantos angèl dipun têtêpi ingkang manut [manu...]
--- 758 ---
[...t] pêpathokanipun, dados kenging kadrêba, lăngka tiyang sagêdipun anêtêpi. Limrahipun ingkang pinanggih ing tindak wayuh, namung kabêkta saking dêrêng angkaraning manah.
Sêsorahipun Tuwan Achmad Soerkattie wau, nuwuhakên ebahing panggalihanipun ngakathah, lajêng nuwuhakên usul warni-warni, dene suraosipun, wontên ingkang nglairakên suka sukur, dene ing bab punika lajêng sagêd gumêlar kasumêrêpan ingakathah. Wontên ingkang nêdha katrangan sèlèhipun ingkang yêktos. Wontên ingkang mastani tindak adil punika botên wontên, dados ingkang dipun wastani adiling tiyang wayuh wau, inggih botên sagêd badhe lêrês. Tuwin taksih wontên usul sanès-sanèsipun malih.
Ing ngajêng pancèn sampun dipun kajêngakên dhatêng Tuwan Achmad Soerkattie, badhe lêga anampèni pitakenan ing bab sêsorahipun. Mila usul-usul ingkang prêlu dipun wangsuli, inggih wontên ingkang dipun têrangakên wontên ing ngriku, wontên ingkang sampun dados pamarêm. Nanging tumrap pitakenan ingkang langkung panjang tuwin warni-warni, botên sagêd lajêng dipun wangsuli sanalika wontên ing ngriku, saking sampun botên nyêkapi wancinipun, nanging Tuwan Achmad Soerkattie, badhe botên pisan-pisan angêmohi dhatêng pitakenan-pitakenan wau. Malah mrayogèkakên, supados pitakenan wau dipun êwrata ing cathêtan, mangke badhe dipun wangsuli kanthi têtela, tumrap ingkang badhe pitakèn wau, purun dhatêng ing panggenanipun Tuwan Achmad Soerkattie utawi ngundang, punika sami katampi kanthi lêgawaning manah.
Sasampunipun punika pangarsa angaturakên panuwun dhatêng para pamêdhar sabda tuwin dhatêng ingkang sami rawuh sadaya, dene kaparêng mrêlokakên rawuh wontên ing parêpatan. Ing wêkasanipun mratelakakên, ing bab malangi tindak wayuh, ing sapunika nama sawêg sami dados rêmbag, dene kêlampahanipun, namung gumantung ing priya tuwin wanita, inggih punika manawi priya botên nêdya kagungan tindak makatên, tuwin wanita lumuh dipun makatênakên.
Wusana parêpatan kabibarakên. Wilujêng ingkang pinanggih.
[Grafik]
Dèrèng dangu Pagoejoeban Toeloeng Tinoeloengan Istri ing Pandhegêlang, Bantên, ngawontênakên pahargyan, minăngka mèngêti satauning adêgipun. Ing sisih punika gambaripun pangrèh tuwin warganipun pakêmpalan wau. Mugi widadaa gêsangipun.
--- 759 ---
Bab Têtanêman
Pangolahing Jengkol utawi Piguna Sanèsipun.
Sami-sami bangsaning wowohan, jengkol punika kalêbêt kapering piyambak, kenging dipun wastani dipun sirik ing tiyang, tumrap golonganing băngsa alusan, nêbihakên sangêt dhatêng jengkol, malah tiyang nêdha jengkol wau dipun anggêp saru.
Nanging ingkang samantên wau lajêng kenging kagêrba manjing dhatêng kalimrahan, têgêsipun limrah wontên golongan ingkang gadhah panganggêp makatên, nanging tumrap golongan sanès, upaminipun tiyang Batawi, malah nganggêp, jengkol punika satunggiling têtêdhan ingkang mikantuki sangêt, sagêd adamêl ecanipun tiyang nêdha, sarana kangge lalab. Kacariyos raosipun kêmriyak, gurih. Mila wontênipun ing Batawi, jengkol punika manawi nuju usum, dhatêngipun ngantos grobagan, botên ngantos lumèbèr dhatêng sanès nagari.
Manawi mirid kawontênaning jengkol wontên ing Batawi kados makatên punika, têtela manawi dados padagangan lumayan. Lan tumrapipun tiyang ing Batawi inggih lajêng gadhah kawruh pangolahing jengkol.
Sayêktosipun manawi dipun padosi sababipun, anggèning jengkol dipun sirik punika namung jalaran anggadhahi daya awon, mila tumrapipun ingkang kikrik, lajêng botên purun nêdha, awit kadadosaning gănda jengkol ngantos kawawa anduwa gandaning karbol ingkang namung tipis-tipisan. Mênggah kadadosaning gănda wau, sumêgrakipun pinanggih wontên ing jengkol ingkang dipun têdha mêntahan, inggih punika ingkang kangge lalab. Ing sadèrèngipun nyariyosakên pangolahing jengkol, prayogi nyariyosakên kanggenipun lalab rumiyin.
Tumraping kangge lalab, jengkol punika wontên warni tiga, inggih punika jengkol ênèm, sêpuh tuwin kumkuman. Ingkang nama jengkol kumkuman punika jengkol sêpuh dipun kum, dadosipun lajêng anjêbèr tipis-tipis. Tumrap ingkang doyan, jengkol makatên wau dipun wastani ingkang eca piyambak, nanging inggih punika, kadadosaning gandanipun inggih kiyat piyambak. Mênggah pangolahipun.
Wontênipun ing Batawi, manawi pinuju usum jengkol, lajêng kathah lêlawuhan utawi panganan jengkol, kados ta:
Krawon jengkol, punika jengkol sêpuh dipun godhog wongsal-wangsul dipun santuni toyanipun, ngantos ical gandanipun. Sasampunipun matêng dipun oncèki kulitipun ayam, dipun sigari, panêdhanipun mawi klapa parudan dipun sarêmi, raosipun pulên cêmênil kados gayam.
Kangge lêlawuhan, sarananipun inggih dipun godhog rumiyin, sasampunipun tanak, lajêng kenging kaolah sakaparêngipun, kangge ampas.
Êmping jengkol. Salugunipun inggih namung pangolah satunggal punika ingkang sagêd manjing dados [dado...]
--- 760 ---
[...s] padagangan, pandamêlipun: jengkol wau sasampunipun dipun godhog tanak, lajêng dipun sigari. Sasampunipun makatên, sadhiyaa têlênan sela alus, tuwin gandhik inggih ingkang alus, jengkol ingkang dipun godhog wau, kapêndhêta satunggal-satunggal (sapalih), katumpangna ing têlênan, lajêng dipun thuthukana gandhik ngantos tipis sangêt, manawi sampun lajêng dipun susuki dipun pe, wujudipun lajêng kados lèmpèng. Sasampunipun garing, kenging kagorèng, panêdhanipun kalihan sarêm lêmbat.
Têtêdhan ingkang kados makatên punika, kenging dipun rimat ngantos dangu, kadosdene caranipun ngrimat êmping ingkang taksih mêntah. Limrahipun wontên ing Batawi, panyadenipun dipun bêngkêki, sabên sabêngkêk isi sadasa, rêginipun sabenggol. Mila tumrapipun tiyang Batawi, jengkol punika dipun anggêp pawêdaling pakêbonan ingkang lumayan, malah manawi gadhah wit jengkol kathah, sagêd kangge anyêkapi kabêtahan agêng.
Nanging jengkol punika wontên manèkipun sakêdhik, manawi tiyang nêdha ingkang mêntah ngantos kêladuk sagêd nuwuhakên sêsakit, ingkang dipun wastani jengkolên, inggih punika sakit botên sagêd toyan. Limrahipun saras dening dipun urus-urusi.
Kosokwangsulipun, saking cariyosipun tiyang ingkang sampun nate nindakakên, toya jengkol (pandamêlipun, jengkol kaparut lajêng dipun pêrês), dipun abêni adas pulawaras, punika kenging kangge jampi ambancarakên toyan.
Bab jengkol punika sanadyan nama kawruh sapele, sagêd ugi migunani dhatêng ingkang sami dèrèng sumêrêp pigunanipun kados ingkang kapratelakakên ing nginggil.
[Grafik]
Ing nginggil punika gambar palabuhan ing Kaapstad. Dene kithanipun Kaapstad wau katingal ing sawingkingipun dumunung ing sukuning rêdi Meja (Tafelberg) Aprikah Kidul.
--- 761 ---
Ulah Raga
Kagunan Anglangi
Kagunan anglangi punika manawi dipun manah sabrebedan namung kados kasênêngan kemawon, awit limrahipun namung pinanggih ing lare-lare ingkang nuju bingah-bingah ngambah ing toya, babarpisan botên wontên pangajaran ing bab anglangi. Dados sagêdipun anglangi wau namung saking kulina anêniru, manawi dipun pitakèni, pathokanipun tiyang nglangi, namung dipun wangsuli sarana ngebahakên tangan lan suku.
Sarèhning nglangi punika babagan toya, limrahipun ingkang sagêd nindakakên inggih namung tiyang ingkang cêlak kalihan toya, kados ta tiyang ingkang cêlak lèpèn agêng, limrahipun dipun wastani tiyang minggiran, cêlak talaga-talaga tuwin cêlak sagantên. Mila tumrap tiyang ingkang têbih kalihan toya, limrahipun botên sagêd anglangi.
Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, kagunan anglangi punika sajak botên patos dipun bêtahakên, awit nama namung dados kabêtahanipun tiyang ngambah toya. Nanging manawi dipun manah lêrês, pamanggih kados makatên punika kalèntu sangêt, botên angèngêti bilih toya punika ugi wontên kalamangsanipun adamêl bêbaya, kados ta manawi nuju bêna, ngambah lèpèn tuwin sanès-sanèsipun, punika manawi botên sagêd anglangi, lajêng dados tiyang kacipuhan, saha lajêng rumaos manawi kasandhung ing pakèwêd sayêktos. Dados para maos inggih botên kêkilapan bab wontênipun tiyang kalap utawi kêblabak ing toya, punika sababipun botên sanès inggih namung jalaran saking botên sagêd anglangi.
[Grafik]
Manawi tumrapipun băngsa kilenan, nglangi punika dipun wastani satunggiling ulah raga, sami dipun sinau ing têtiyang jalêr èstri, dados botên namung katindakakên ing tiyang ingkang cêlak toya kemawon, sanadyan papan ingkang têbih toya, inggih dipun wontênakên pasiraman, ingkang prêlu kangge suka-suka dhêdhasar ulah raga sarana nglangi. Jalaran saking majênging pangudi, tumraping nglangi wau ngantos wontên tiyang kadugi nglangi anyabrangi toya ingkang têbih panglanginipun ngantos adamêl eraming ngakathah, wontên malih ingkang damêl pangeram-eram, nglangi dipun raos kados tiyang lêlangên wontên ing dharatan, salêbêtipun anglangi dipun sambi êsês tuwin maos sêrat kabar.
--- 762 ---
Kawruh makatên wau dangu-dangu inggih tumular dhatêng băngsa Indhonesiah ngriki, kathah para neneman ingkang rêmên lêlangên wontên ing pasiraman sarana nindakakên kagunan anglangi.
Nanging manawi dipun manah, bab kagunan anglangi wau, ing pundi-pundi ingkang wontên toyanipun lêbêt, inggih wontên tiyangipun ingkang sagêd anglangi, namung kaot botên sumrambah dhatêng sabên tiyang, dados kagunan wau ing pundi-pundi wiwit kina mila sampun wontên.
Mirid kawontênaning jaman nalika dèrèng kados sapunika, kagunan anglangi wau tumrapipun têtiyang minggiran, botên namung tumănja kangge kasênêngan kemawon, nanging ugi piguna kangge mitulungi tiyang andon lampah ingkang marginipun kalangan lèpèn, pratikêlipun sarana nyabrangakên.
Ingkang nama nyabrangakên wau botên sarana baita utawi gèthèk, sarana ananting tiyang ingkang dipun sabrangakên, kabêkta nglangi ing toya lèpèn, tur limrahipun manawi nuju toya agêng, dados tiyang ingkang dipun sabrangakên inggih kêproh, nanging tumindakipun wau nama pitulungan agêng, awit ingkang kêkesahan makatên punika, limrahipun tiyang badhe dhatêng pêkên, lajêng botên kandhêg anggènipun mangupajiwa. Makatên ugi wêwatêkanipun tiyang minggiran, ing bab dhatêng kawontênaning toya, punika inggih beda kalihan ingkang sanès tiyang minggiran, upaminipun wontên kasangsaran ing toya, tiyang kêcêmplung utawi tiyang kèli, têtiyang minggiran wau pambiyantunipun bêbasan kados êtoh pêjah, purun anêmpuh pakèwêd ingkang wosipun namung nêdya têtulung, ngrumaosi manawi laladan ing toya punika kados dados têtanggêlanipun.
Nanging mênggahing sajatosipun, wontênipun gadhah wêwatêkan kados makatên punika, botên sanès inggih saking jalaran adhêdhasar gadhah kagunan anglangi.
Ingkang makatên punika lajêng katingal, inggih kagunan anglangi punika pancèn agêng paedahipun, sapisan, adamêl kasarasan, kaping kalih sagêd dados pêpagêring badanipun piyambak, tuwin katiganipun kenging kangge mitulungi kasangsaraning tiyang sanès.
Kawruh Sawatawis
Angin Gêndhing
Sambêtipun Kajawèn nomêr 48.
Mila kabêkta saking kawontênan ingkang makatên, lan beda sangêt kalihan padunungan-padunungan sanès, nadyan sami-sami tanah pasisir, angin wau lajêng katêlah nama: angin gêndhing, wiwit kina dumugi sapriki.
Kajawi saking punika, katêrangakên malih, mirid andharan ing nginggil, angin wau arah-arahipun asli saking rêdi Lemongan, dados inggih wontên èmpêripun saupami angin wau dipun sêbut: angin lemongan, ananging kadospundi
--- 763 ---
nalar-nalaripun dene lajêng katêlah karan angin gêndhing, punika katranganipun makatên:
Saurutipun margi agêng wiwit saking Prabalingga mangetan ngantos dumugi Paiton, punika sok tiyanga kraos katêmpuh ing angin agêng ngêmungakên wiwit saking wêwêngkon dhistrik Gêndhing sapangilèn. Nanging mênggah sajatosipun, ing Gêndhing ngriku lêrês botên wontên kaelokan punapa-punapa, agêngipun wontên guwa punapa susuh angin, punika botên. Dados têtela bilih angin wau kabêkta saking dayanipun rêdi latu Lemongan punika.
Sapunika gêntos angraosakên bab panganggêping tiyang, prakawis angin gêndhing wau inganggêp awon, punika pancèn kapara nyata, nanging inggih ngêmungakên tumrap tiyang ingkang katêmbèn ngambah ngriku yèn nuju măngsa kasêbut nginggil. Wangsul tumrap têtiyang ingkang sampun kulina manggèn inggih botên punapa-punapa, amargi bab wau kaanggêp kawontênan limrah kemawon. Dados inggih botên anèh yèn ta tumrap tiyang botên kulina, sagêd nuwuhakên sêsakit, inggih punika badan karaos pating priyang, botên beda kados ing tanah-tanah parêdèn manawi pinuju wontên angin agêng lêlajêngan tanpa kèndêl, malah sawênèhipun nganggêp bilih punika angin dede sabaènipun.
Sanadyan sampun cêtha awon, nanging mênggahing angin gêndhing wau inggih mêksa wontên saenipun, inggih punika: ing pundi-pundia ingkang nama tanah pasisir makatên hawanipun langkung bêntèr tinimbang parêdèn. Dados saiba pasambating têtiyang ing ngriku, saupami botên wontên angin ingkang kados makatên. Amila inggih mangrêtosa bilih angin wau dayanipun sagêd anglarud hawa bêntèr, ingkang tumrapipun dhatêng badan saya kirang prayogi.
Pramila yèn kapirid saking kawontênan ingkang kados makatên wau, sarta manawi tiyang purun angothak-athik, ing ngriku lajêng sagêd manggih wêwadosing alam punika, inggih punika: sakathahing panganggêp awon ingatasing pamanggih piyambak punika, trêkadhang inggih prayogi ingatasing asanès, makatên ugi kosokwangsulipun, mila samăngsa badhe nyundhukakên kalihan raos, punika sadaya kêdah sarana ngèngêti ing papan lan êmpan. Dados awon lan sae wau salaminipun tansah dados têtimbangan.
Wasana namung dumugi samantên bab andharaning angin gêndhing, lowung minăngka wêwah-wêwahing wêwaosan.
Nirrasa.
Mênggahing bab angin ingkang kados makatên punika dhatêngipun manut măngsa, tumrapipun ing tanah Medhan, dipun wastani angin bohorok, ing Cirêbon tuwin Têgal: kombang, ing Pasuruan: gêndhing, ing Makasar broeboe, dene tumrap ing parêdèn ing Jawi Têngah limrahipun mastani angin brubuh.
Red.
Pawartos saking Rêdhaksi
Radèn Suparjana. Karangan panjênêngan bab impèn botên kapacak, kamanah botên sapintêna pigunanipun.
Lêngganan nomêr 4523 ing Serang. Pamrayogi panjênêngan punika sampun nate karêmbag, nanging botên sagêd kasêmbadan.
Lêngganan nomêr 3170 ing Purwakêrta. Panjurung panjênêngan botên kapacak, awit lêrêsipun botên kapacak ing Kajawèn.
Lêngganan nomêr 5244 ing Purwakêrta. Pandangu panjênêngan punika langkung prayogi pados katrangan dhatêng priyantun guru. Bale Pustaka botên sade sêrat kados ingkang panjênêngan dangokakên. Damarwulan II dèrèng wontên.
Radèn S. ing Sêmarang. Gambar kintunan Panjênêngan botên kapacak, amargi kirang cêtha, sampun cuwa ing panggalih.
--- 764 ---
NGOBROL DINTÊN SABTU
Uba-rampening kamardikan.
Sabên tiyang, inggih ingkang luhur utawi ingkang asor, punapadene ingkang utami utawi ingkang nistha, punika sadaya têmtu sami ngajêngi dhatêng kamardikan. Makatên ugi sabên bangsa, botên ngêmungakên bangsa ingkang sampun luhur drajatipun, sanadyan bangsa ingkang taksih nistha, malah ingkang taksih wuda blêjêd pisan, têmtunipun inggih mêksa melik dhatêng kamardikan. Nanging sajatosipun, ingkang dados ubarampening kamardikan punika botên gampil. Upaminipun kemawon mênggahing kamardikanipun tiyang limrah, punika botên cêkap dumèh sampun bawa piyambak, lajêng badhe sapurun-purun, nanging mêksa inggih taksih katangsulan dening kuwajibanipun ngagêsang ingalam donya punika. Mangga, samangke sami ngrêmbag ing bab raos mardika rumiyin.
Mênggahing kula ingkang dipun wastani raos mardika, punika raos sakeca ingkang sagêd dipun tindakakên kanthi botên nyolok mripat, têgêsipun: sadaya panindakipun kanthi sakeca, botên kuwatos bilih ing têmbe badhe dipun saru utawi dipun cênthulani ing sanès. La, sagêdipun makatên punika, sangunipun têmtu botên sakêdhik, nanging mêsthi inggih kathah tuwin angèl-angèl, kados ta upaminipun: waras, pintêr, andhap asor, sae manahipun, têmên tuwin sasaminipun. Sukur bage sagêd sugih arta, punika saya utami malih, awit lajêng sagêd anggampilakên punapa ingkang badhe katindakakên ing salêbêting raos kamardikan wau. Nanging mênggahing kula, ingkang kula anggêp pêrlu piyambak punika inggih gangsal prakawis kasbut nginggil, manawi salah satunggalipun ngantos gothang, raosing kamardikan têmtu badhe kithal. Kados ta upaminipun: wontên satunggiling bangsa mudha pintêr, tiyang inggih bangsaning Meester, thik andhap asor, dados botên pêtontang-pêtontong dumèh wêdalan pamulangan luhur, tur têmên, botên tukang main apus, kawêwahan sae manahipun, têgêsipun: purun suka payung tiyang kêjawahan, suka têkên tiyang kêlunyon, tuwin purun suka obor tiyang kapêtêngan, nanging ndilalah kagodha ing sêsakit krowak, ngantos ambêtipun blarongan dhatêng pundi-pundi. Ingkang makatên punika rak inggih lajêng nyuda raosing kamardikanipun. Jalaran saking ambêtipun ingkang botên kantên-kantênan wau, ing wusana wontên ing pundi-pundi lajêng anggadhahi rikuh, awit rumaos dipun sigèni ing tiyang. Makatên ugi manawai kadunungan waras, andhap asor, sae manahipun sarta têmên, nanging bodho, têmtunipun sandyan wontên ing pundi-pundi anggènipun mapakakên badanipun sagêd kanthi mardika (sakeca), nanging jalaran bodhonipun wau wontên ing pundi-pundi inggih namung dipun pupuk bawang kemawon, têgêsipun: botên dipun opèni.
Sapunika waras, pintêr, sae manahipun tuwin têmên, nanging clohak-clohok botên mangrêtos dhatêng tatakrama, têmtunipun inggih lajêng dipun anggêp bangsanipun dhidhong. Ing wusana tiyang ingkang badhe ngêmpali inggih lajêng rumaos wêgah. Makatên sapiturutipun.
Samantên mênggahing pamanggih kula ing bab raos kamardikan tumrapipun tiyang limrah. Dados amrih sagêd gêsang mardika, punika botên cêkap dumèh sampun sugih arta tuwin sagêd bawa piyambak, nanging ugi kêdah sampun gadhah sangu warni-warni, supados gêsangipun wau sagêd wilujêng botên manggih rubeda punapa-punapa.
Kadospundi samangke mênggahing satunggiling bangsa murih sagêdipun angsal kamardikan. La, punika saya êmbahning angèl malih. Botêk cêkap, bilih ingriku sampun kathah têtiyangipun ingkang sampun pintêr-pintêr, sampun kathah bangsanipun Meester, Indinyur, dhoktêr-dhoktêr sawarnining kawruh, kados ta: dhoktêr ing bab kawruh basa, kawruh jampi-jampi, ilmu-alam, ilmu bumi, punapadene dhoktêr-dhoktêr ing bab kawruh ... dhomino utawi tayub. Nanging ugi sampun kêdah sagêd nyêkapi punapa ingkang dados kabêtahaning praja.
Samangke mênggahing tanah Indhonesia. Kula botên badhe maibên dene bangsa kula têtiyang Indhonesia sami daya-daya ngudi dhatêng kamardikanipun tanah wutah-rahipun, lan kula pitados bilih sêdyanipun wau danguning dangu mêsthi badhe kalêksanan. Nanging sadaya wau kêdah katindakakên kanthi pramana lan waspada, awit sajatosipun mênggahing tanah Indhonesia ing samangke taksih kathah kêkiranganipun murih sagêdipun madêg mandhiri kanthi sampurna. Para maos têmtunipun sami botên kêkilapan, bilih satunggiling nagari punika murih sagêd anyêpêngi kamardikanipun kanthi sayêktos, gêsangipun sampun ngantos gumantung dhatêng sanès praja. Ing mangka mênggahing samangke tanah Indhonesia punika gumantungipun dhatêng sanès praja, taksih ragi sangêt. Kados ta: pangangge, punika taksih kapêksa andhatêngakên saking sanès nagri, dalasan uwos kemawon têka ingkang katanêm ing tanahipun piyambak dèrèng anyêkapi kangge kabêtahaning têtiyangipun, ingkang anjalari ugi lajêng kapêksa andhatêngakên saking sanès praja. Kabêtahaning nagari sanès-sanèsipun, kados ta: opsir-opsir kapal, ingkang anuntun baita-baita ambêkta barang dhatêng saindênging jagad, tuwin liya-liyanipun, ingriki botên pêrlu kacariyosakên. Ingriki cêkap kaandharakên, bilih ing samangke ing tanah Indhonesia taksih kathah sangêt kêkiranganipun murih sagêdipun
--- 765 ---
mardika ingkang kathi wilujêng. Amila andadosakên bingahing para nasionalis sadaya, dene samangke pambudidayanipun dhatêng kamardikan punika, para têtiyang tanah Indhonesia botên sami kasupèn anggènipun ugi ngudi dhatêng karaharjaning tanah wutah-rahipun wau. Awit para nasionalis sami anguningani, sanadyan nagarinipun sagêd mardika, manawi ra'yatipun mlarad, ngantos sadaya pamêdalipun nagari kacêpêng ing tanganipun bangsa manca, mardikanipun wau rak nama botên sampurna.
Mênggah pambudidayanipun têtiyang tanah Indhonesia dhatêng karaharjaning nagarinipun, punika botên ngêmungakên adamêl bingahing para kaum bangsanipun piyambak kemawon, sanadyan bangsa Walandi pisan, ingkang pancèn rêmên dhatêng têtiyang Indhonesia ugi sami anjumurungakên. Buktinipun: nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral amêdhar sabda wontên ing Raad kawula, ugi ngandika makatên:
... golongan Europa, saya malih golongan pribumi, ugi katingal sangêt anggènipun sami angudi indhaking kawilujênganipun ngakathah ing bab punapa kemawon.
Kawontênan wau umumipun, saya malih tumrap jaman rêkaos ingkang sapunika, pancèn kenging kawastanan adamêl bingahing manah. Awit yêktosipun gêsang ing tanah Indiya-Nederland punika sasampunipun tatanan praja dipun ewahi, botên kenging botên kêdah dipun inggilakên: wêwatêkan, kawruh tandang kêdah kaudi cêkapipun, ngantos sagêd timbang utawi babag anggènipun sêsrawungan kalihan tanah utawi bangsa manca. Samukawis tindak ingkang tujunipun badhe anyêkapi kabêtahan wau tumrapipun jaman samangke kêdah dipun alêmbana, awit manawi angèngêti kapêrluanipun praja sarta kawula, pancèn inggih prêlu sangêt.
Makatên mênggah dhawuh pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Dhawuh pangandikadalêm wau botên namung wontên ing lathi kemawon nanging inggih mawi bukti, inggih punika sarana ngawontênakên priyantun-priyantun ingkang kapatah anênuntun ajêngipun pakêmpalan-pakêmpalan cooperatie-cooperatie wau kenging nyuwun rechtspersoon pribumi. Nanging kadosdene padatanipun, kathah-kathahing tiyang têmtu lajêng wontên ingkang nyudyanani dhatêng wontênipun rechtspersoon cara pribumi wau, inggih punika jalaran wontênipun pranatan: salaminipun lampahing pakêmpalan cooperatie dèrèng sagêd sae, tansah dipun awat-awati dening para ambtenaar ingkang kajibah ngawat-awati cooperatie wau. Ewasamantên ingkang makatên punika inggih botên kenging dipun paibên, kadar punika satunggiling ada-ada enggal, têmtunipun inggih wontên kemawon ingkang nyujanani utawi nguwatosakên. Nanging mênggah salêrêsipun, wontênipun para ambtenaar wau anitipriksa tuwin ngawat-awati mênggahing pakêmpalan-pakêmpalan cooperatie, punika botên sanès amrih sagêdipun sae tuwin wilujêng tumindakipun. Dene manawi pancèn sampun têtela sae tumindakipun, para ambtenaar wau inggih prasasat botên ngaru-biru malih.
Minangka mungkasi obrolan kula ing dintên punika, kula ping kalihi anggèn kula nglahirakên bingahing para têtiyang tanah Indhonesia sadaya, dene samangke kathahing têtiyang ingkang sami ngudi dhatêng karaharjaning tanah wutah-rah dalah têtiyangipun saya dangu saya ngrêbda, inggih punika kenging katitik saking kathahing pakêmpalan-pakêmpalan cooperatie tuwin toko-toko, inggih ingkang agêng-agêng sarta ingkang alit-alit, ingkang pating jrêdhul pating jrêdhil tuwuh wontên ing tanah Indhonesia ngriki. Mênggah sajatosipun adamêl ada-ada punapa-punapa punika pancèn inggih angèl sangêt, nanging langkung angèl malih anggènipun sagêd nglêstantunakên punapa ingkang sampun kaadêgakên wau. Dados ngadêgakên toko upaminipun, punika pancèn inggih nama angèl, nanging saya angèl malih anggènipun ngudi murih toko wau sagêda lêstantun gêsang, sukur gêsangipun sagêd saya ngrêbda. Sarananipun botên sanès, inggih sampun ngantos lena, têgêsipun lêbêt wêdaling arta, sanadyana namung saêndhil pisan kêdah dipun cathêti wontên ing buku. Mênggah sayêktosipun anyathêt-nyathêti sadaya lêbêt wêdaling arta punika satunggiling kawruh dagang ingkang mênjila. Manawi angsal tuntunan buku ingkang sae, pancènipun kawruh wau botên angèl. Mangga nyobia kemawon mundhut buku dhatêng kantor Bale Pustaka, ingkang dipun namani: wêwarah panyêkêle buku dagang. Rêginipun tur namung f 0.80, salajêngipun panjênêngan sagêd nindakakên padagangan panjênêngan kathi saèstu. Makatên mênggah aturipun pun Pêthul
KATUR REDACTIE SEDYATAMA
Wontênipun Kajawèn manawi mêthiki pêkabaran botên mawi dipun pratelakakên namanipun sêrat kabar ingkang dipun pêthik, jalaran sampun dipun têrangakên: pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès. Mugi kawuningana.
--- 766 ---
Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès
Indhonesiah.
Banthèng Indhonesiah
Salêbêtipun pêkên dalu kabangsan ing Surabaya, komite angawisi, kalawarti Banthèng Indhonesiah botên kenging dipun sade ing ngriku, jalaran kaanggêp botên cocog kalihan kayakinanipun komite.
Persatoean Indonesia.
Wontên pawartos, sêrat kabar Persatoean Indonesia, gadhahanipun Nyonyah Sukarna, badhe dipun wêdalakên sabên Minggu.
Paprentahan Mandhiri.
Andhi Odhang Arumatewah ing Wajo, Andhi Makarakah Ranrang Bete Polah, Andhi Makulau Ranrang Talotènrèng, Andhi Ninongrangrang Tuwah saha Andhi Taipatolah ing Wajo, katêtêpakên dados pangagêng praja Mandhiri ing Wajo, ondêr apdhèling Wajo, apdhèling Bone, gupêrmèn Sêlèbês tuwin wêwêngkonipun.
Kopêrasi ing Ambarawa.
Ing dhistrik Ambarawa samangke kirang langkung wontên pakêmpalan kopêrasi sakawan wêlas, kopêrasi kabêtahan padintênan (verbruikscooperatie) saha kopêrasi sambut-kapisambut (credietcooperatie), ingkang kathah kopêrasi kabêtahan padintênan.
Kasingkirakên.
Tiyang nama Gee Liep Giap, umur 37 taun, tilas jongos toko saha tilas warga kwomintê ing Surabaya, kalairan ing Hokciah, propinsi Hokian Tiongkok, sasampunipun têlas anggènipun nglampahi ukuman, dipun têtêpakên badhe kawêdalakên saking tanah Indhonesiah, prêlu kangge anjagi tata têntrêmipun ngakathah.
Sarekat Chauffeur Indonesia.
Benjing tanggal 21 Juni ngajêng punika pangrèh agêng S.C.I. ing Surabaya, badhe dhatêng Tulungagung, angabsahakên pang S.C.I. king ngrika. Tanggal 27 Juni lajêng badhe dhatêng Jêmbêr saha Lumajang, damêl propagandhah.
Ama Andhapan.
Ing kampung Batur, dhistrik Kaloran, kabupatèn Têmanggung, kathah tanêman pantun risak, jalaran kaparag ama andhapan.
Bang Nasional.
Benjing têngah-têngahanipun wulan Juni ngajêng punika ing Ngayogya badhe dipun wontêni pang Bang Nasional Indhonesiah, mawi pawitan 20 000 rupiah.
Ama Tikus.
Wêkdal samangke ing Blimbing, Gunungkidul, kathah tanêman risak, jalaran kaparag ama tikus.
Tukang Damêl Arta Palsu.
Pulisi ing Surakarta mêntas nyêpêng tukang damêl arta palsu. Tiyang wau sampun lami anggènipun nindakakên pakrêtinipun wau, botên namung wontên ing Surakarta kemawon, ugi wontên ing Pathi, Kudus, Pêkalongan saha Batang. Tiyang wau băngsa Tionghwa, ngangge nama Jawi: Harjasanjaya.
Pamulangan ăngka kalih enggal.
Benjing tanggal 1 Juli ngajêng punika: 1. ing Solok, ondêr apdhèling tuwin apdhèling Solok, 2. ing Pasirtalang, ondêr apdhèling Solok, 3. ing Pauh Kêmbar, ondêr apdhèling Pariaman, 4. ing Anamlingkung saha Pêkandhangan, ondêr apdhèling Pariaman apdhèling Padhang, 5. ing Batukambing, ondêr apdhèling Maninjo, apdhèling Agam badhe dipun wontêni pamulangan ăngka kalih.
Rantaman Taun 1932.
Tumrap taun 1932 ngajêng punika rantamaning arta mêdal wontên 808 yuta rupiyah. Dene rantamaning arta malêbêt (paos sapanunggilanipun) 716 yuta rupiyah, dados kirangipun watawis 91 yuta rupiyah. Kêkiranganipun wau badhe kaungkrêd dados 73 1/2 yuta rupiyah, sarana ngindhakakên paos.
Dr. Satiman.
Dr. Satiman wangsul angajawi. Watawis tigang taun anggènipun sinau babagan ngèlmi kukum wontên ing pamulangan luhur ing Lèdhên, nagari Walandi. Tanggal 23 Juni ngajêng punika dumugi ing Tanjungpriuk numpak kapal Jêrman. Rumiyin piyambakipun sinau wontên ing pamulangan luhur kadhoktêran ing amsêtêrdham.
Dintên agêng ing Taun 1932.
Dintên agêng opisil tumrap taun 1932 dipun têtêpakên kados ing ngandhap punika:
1. taun baru Walandi ... Jumuwah, 1 Januari.
2. taun baru Tionghwa ... Jumuwah, 1 Januari.
3. Grêbêg Pasa (Idul Pitri) ... Sênèn, 8 Pèbruari saha Salasa, 9 Pèbruari.
4. sedanipun ingkang wicaksana Kong Hu Cu, Kêmis 24 Marêt.
--- 767 ---
5. sedanipun Kangjêng Nabi Ngisa (goede Vrijdag), Jumuwah, 25 Marêt.
6. kalih dintênipun Kangjêng Nabi Ngisa wungu saking seda (tweede Paasdag) Sênèn 28 Marêt.
7. Cingbing ... Salasa, 5 April.
8. Grêbêg Bêsar (Idul Kurban) Ngadad, 17 April
9. wiyosan dalêm Paduka Ingkang Minulya Pangeran Hèndrik, Salasa, 19 april.
10. wiyosan dalêm Paduka Prinsès Yulianah, Sêtu, 30 April.
11. Mekradipun Kangjêng Nabi Ngisa (hemelvaartsdag) Kêmis, 5 Mèi.
12. tumurunipun Rohkul Kudus, dintên ingkang kaping kalih (tweede Pinksterdag), Sênèn 16 Mèi.
13. Suran ... Sênèn, 16 Mèi.
14. Grêbêg Mulud, Sêtu, 16 Juli.
15. wiyosan dalêm paduka ibu dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri, Salasa, 2 agustus.
16. wiyosan dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah, Rêbo, 31 Agustus.
17. miyosipun Ingkang Wicaksana Kong Hu Cu, salasa 27 Sèptèmbêr.
18. mekradipun Kangjêng Nabi Mohamad, Sêtu 26 Nopèmbêr.
19. miyosipun Kangjêng Nabi Ngisa, dintên ingkang kapisan (eerste Kerstdag), Ngahad 25 Dhesèmbêr.
20. miyosipun Kangjêng Nabi Ngisa, dintên ingkang kaping kalih (tweede Kerstdag), Sênèn 26 Dhesèmbêr.
Măngsa Malèsèt ing Wanagiri, Sala.
Kawartosakên, wulu pamêdal ingkang dados bakuning têdhanipun tiyang siti ing bawah Wanagiri, botên wontên ajinipun, gaplèk satunggal dhacin padatan f 3.- sapunika f 0,50, uwos. f 9.- sapunika f 3.-, jagung f 0.75 kacang f 1.- tuwin wulu pamêdal sanèsipun. Dene para dagang ingkang sami tandho gaplèk tuwin uwos, wiwit wulan Januari ngantos sapriki sami susah dening kaplèsèting gagasanipun, dene samukawis ingkang dipun tandho namung dados têdhanipun bubuk. (R.S.)
Tuwan Mr. V.J. Feldman
Tuwan Mr. F.J. Feldman kawisudha dados akpokat[2] saha prokurir Hooggerechtshof Indhia Nèdêrlan.
Taman Siswa ing Jêmbêr.
Benjing malêm Minggu tanggal 20/21 Juni punika pamulangan Taman Siswa ing Jêmbêr badhe damêl pahargyan sawatawis, kangge mèngêti anggènipun sampun tigang taun ngadêg.
Pamulangan Luhur Tèhnik.
Benjing tanggal 4 Juli ngajêng punika pamulangan luhur tèhnik ing Bandhung umuripun sawêlas taun. Dhawahipun dintên wau ing ngriku badhe dipun wontênakên pahargyan sawatawis.
Pakêmpalan Punggawa Nagari Enggal.
Dèrèng dangu para punggawa ing dhepartêmèn panggaotan nagari (Gouvern.-Bedrijven) ngadêgakên pakêmpalan. Pakêmpalan punika badhe malêbêt dhatêng Verbond van Landsdienaren (pakêmpalanipun para punggawa nagari).
Pamulangan Enggal ing Imagiri.
Benjing wulan Juli ngajêng punika ing Imagiri, Ngayogya, badhe dipun wontêni pamulangan enggal tiga, inggih punika: Pamulangan Dhusun (gadhahanipun kasultanan), H.I.S. saha sêkakêl sêkul (gadhahanipun Mohamadiyah).
Asiah
Presidhèn Tiongkok.
Kala tanggal 15 Juni ingkang kapêngkêr Cang Kai Sèk kapilih malih dados presidhèn ing Tiongkok.
Pêrang Kadang ing Tiongkok.
Wontên prajurit Mansuri sèkêt èwu pacak baris dhatêng ing sacêlakipun Pèping. Sanadyan miturut katranganipun parentah Mansuri anggènipun pacak baris wau namung nama mindhah pabarisan, nanging panampinipun ngakathah Mansuri kaanggêp badhe mitulungi Nanking saha ngalang-alangi para panuntun militèr Mansuri sampun ngantos ngrencangi Kanton.
Eropah
Cacah Jiwanipun Praja Itali.
Miturut petangan cacah jiwa kala tanggal 21 April, praja Itali cacah jiwanipun watawis wontên 41 yuta.
Têdhak Dhatêng Paris.
Kala tanggal 16 Juni ingkang kapêngkêr Kangjêng Sri Maharaja Putri Wilhèlminah sakulawarga rawuh ing Paris, dipun tampèni ing para pangagêng. Saking kaparêng dalêm Kangjêng Maharaja Putri Presidhen Doumer kapathêdhan bintang grootkruis in de Orde van den Nederlanschen Leeuw.
Paduka Tuwan Jhr. Mr. B.C. de Jonge.
Kala tanggal 15 Juni ingkang kapêngkêr Paduka Tuwan Jhr. Mr. B.C. de Jonge, badhe gêgêntosipun Ingkang Wicaksana Kangjêng Gupêrnur Jendral Jhr. Mr. A.C.D. de Graeff mriksani ing pamulangan têngahan têtanèn. Museum têtanèn saha kursus gêndhis ing dhepèntêr, nagari Walandi.
--- 768 ---
Wêwaosan
Dhêndhaning Angkara
20.
Prabu anèm: Hèh, ayo kowe gênti malêsa.
Abdullah: Wajibe aku isin nandhingi wong kang ora mitayani.
Prabu anèm botên kuwawi mirêngakên ucap ingkang mêmirang wau, lajêng nêmpuh, tandangipun kêsit kados thathit, barunging pêdhang ngantos botên katawis, namung kêmirêngan kêncrangipun tuwin kêtingal gêbyar wêdaling latu, nanging botên dangu, Prabu anèm anggaloso dhawah, nandhang tatu astanipun. Ing ngriku para nata sanèsipun lajêng ngêbyuk purun, Abdullah dipun kroyok ngantos kecalan papan, nanging mêksa botên kewran, sakêdhap-sakêdhap wontên nata ingkang dhawah gumalinting, dangu-dangu larut sadaya sami angunduri.
Rampunging pêrangan sampun nyandhak dalu, pêtêngipun andhêdhêt, namung lintang-lintang ing langit katingal pating krêlap, asuka padhang sumamar. Abdullah lingak-linguk, botên kantênan puruging sêdya, badhe mêdal kadhung-kadhung ing lampah, dening manggèn wontên salêbêting pêpêtêng. Abdullah piyambak inggih botên mangrêtos, punapa sababipun, dene sabibaring pêrang punika manahipun lajêng tab-taban, kados wontên ingkang dipun samarakên. Măngka manawi mirid kawontênaning mêngsah, botên manawi adamêl kasamaran makatên. Wusana Abdullah lajêng linggih ngêkêp dhêngkul, pêdhangipun sumèlèh ing sandhingipun, taksih ligan, nandhakakên saking botên tilar kaprayitnan.
Salêbêtipun linggih nyêkukruk, abdullah anggagas dhatêng lêlampahanipun sakawit angèngêti ing bab cidranipun dhatêng Nata Bagêdad, ngrumaosi manawi sihing ratunipun dipun walês ing awon, anggènipun gadhah sujana dhatêng gusti, pinanggihipun botên nyata. Nyut lajêng santun angggas dhatêng sang putri, ngrumaosi manawi piyambakipun punika tiyang ingkang bêgja, ingatasing tiyang alit, ngantos sagêd nampèni kasêtyaning putri linangkung. Dados sampun sêdhêngipun manawi manggih pakèwêd ingkang kados makatên, awit inggih namung pandamêl makatên punika ingkang sagêd anjalari kasêmbadaning sêdya. Saha sagêd ngangkat dhatêng kaluhuran. Wusana nyut, Abdullah kèngêtan dhatêng ki sudagar, malah ngantos kalair ucapipun: O, kyai, samantên katrêsnan sampeyan dhatêng kula, pangeman sampeyan dhatêng kula botên beda kados putra piyambak. Kula rumaos ngrisak panggalih sampeyan, anggèn kula ambêrung nuruti adrênging manah, adamêl kasamaran sampeyan sabên dintên. O, kyai, tiyang sêpuh kula. Abdullah sasampunipun ngucap makatên, lajêng nangis sênggruk-sênggruk kados lare alit.
Manah samar punika sanyata dados sasmita awon. Abdullah botên ngintên babarpisan, bilih ing sacêlakipun wontên tiyang andhêdhêp saha lajêng nubruk abdullah tuwin wicantên: Maling aguna, kowe tak cêkêl.
Ing sanalika Abdullah badhe budi, nanging lajêng dipun byuk ing tiyang kathah, saha lajêng dipun bêkta dados bêbandan. Abdullah botên gadhah cipta malih kajawi pêjah. Sêsambatipun: O, putri, aku tiwas.
Nalika Abdullah sêsambat makatên wau, kapirêngan tiyang ingkang nyêpêngi, Abdullah lajêng dipun ungêl-ungêli kalihan dipun tapuk: Unimu kang kaya mangkono kuwi, mung mênêng dening iki. Kêpluk.
Abdullah: Apa kowe ora isin napuki wong bêbandan.
Isina napuk, iya sae anjêjêg. Abdullah lajêng dipun jêjêg: gabrus. Lajênging wicantênipun: Ayo, mlaku, aja nganti kakehan tawan.
Abdullah kêpêksa miturut, lajêng dipun lêbêtakên ing pajagèn: galundhêng, mêmêlas.
X. Sang Putri dipun kunjara
Nyarêngi lêlampahan nunggil sadalu, ing kadhaton wayang-wuyungan, solahing tiyang pating bilulung, swara pating gêdêbug, pating jlêrit, sami alok ing kadhaton tinêmpuh ing bêbaya agêng.
Nalika sang prabu mirêng swara ingkang kados makatên wau lajêng miyos saking pasarean, animbali abdi bupati caos. Bupati caos sasampunipun sowan, sang prabu ngandika sêmu andharêdhêg: Nayaka, apa kang gawe gègèr sajroning kadhaton.
Nayaka: Kawula nuwun, para nata măncapraja sami lumêbêt ing Kradènayon.
Apa sira ora bisa malangi lêbuning para nata mau, lan mungguh prêlune apa dene padha malêbu manyêng kadhaton tanpa cêcala.
Kawula nuwun, kados sinuhun sampun uninga dhatêng wêwatêkanipun para nata măncapraja, ingkang sêdyanipun namung sami badhe damêl rêrêsah wontên ing ngriki, awit sadaya wau nama satru dalêm. Lan malih sarèhning sampun têtela, kêkiyataning para nata wau angasorakên prabawaning praja Ngêsam, tamtu kemawon malêbêtipun dhatêng pura tanpa mawi kasamaran.
Ucapira kang mangkono iku atêgês ngasorake kaluhuran ingsun, lah apa prêlune sira anjaga tata têntrêming kadhaton, yèn tinêmune kaya mangkene. Sira apa ora wirang marang awakira dhewe. (Badhe kasambêtan)
--- 145 ---
Nomêr 37 taun I.
Taman Bocah
Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.
Cangkriman
He, para mitra-mitraku kabèh, aku arêp andongèng marang kowe, nanging dongèngku iki ora tumănja mênyang apa-apa, kêjaba mung dadi cangkriman. Dadi mungguh saknyatane, dongèng iki ora ana. Mangkene dongèngku:
Ana wong loro siji aran Pak Suta, sing siji aran Pak Naya. Pak Suta iku tangane sing siji lagi lara ora kêna dianggo nyambutgawe, dadi yèn tumandang apa-apa barang sing ditandangi mau iya mung ditandangi tangan siji.
Anuju sawijining dina Pak Suta mênyang ênggone Pak Naya prêlu anjaluk bata 5 iji sing wutuh-wutuh arêp dianggo gawe kêrên. Barêng wis nêmbung mangkono iku wangsulane Pak Naya: Kowe kêna anjaluk bata 5 kogawa mulih, nanging anggonmu anggawa kudu mung sak rambahan, sarta anggonmu anggawa ora kêna kosăngga, pranggul utawa koindhit, nanging kudu kocangking, panyangkingmu bata lima iku ora kêna kowadhahi utawa kotalèni, dadi ya mung bata 5 kocangking tangan siji. Pak Suta barêng ngrungu kandhane Pak Naya mangkono iku banjur judhêg sarta bangêt anggone kewuhan. Saupama bata 5 iku dirangkêp, tangane masthi ora cakêp.
Mara kapriye mitra-mitraku kabèh, Pak Suta iku bisane tangan siji nyangking bata 5 ora kanthi diwadhahi utawa ditalèni.
Mitramu, R. H. Supraba.
Narima Nêmu Bêgja
Sambungane Kajawèn nomêr 47.
Pasulayan rêmbug.
Pak Klênthêng mlaku nginthag nyang pasar karo ambopong pitik. Upami sing dibopong mau jago, ya rada cakrak, apêse iya diarani botoh arêp adu jago, nanging barêng sing digawa mau babon, mèmpêre iya kaya wong mêntas ambêdhog pitik, bêgja-bêgjane diarani wong arêp adol pitik sing butuh bangêt. Mula lakune tansah diingêtake ing wong akèh.
Nanging tumrape Pak Klênthêng, diingêtake ing uwong iku malah rumasa digumuni, mula lakune Pak Klênthêng saya digawe-gawe, jangkahe ajêg, [ajê...]
--- 146 ---
[...g,] nanging alon, kaya wong mêcaki dalan.
Batine Pak Klênthêng: Sapa sing ora gêdhe atine, dhasar anggawa babon ana têngah pasar, thik diingêtake wong akèh, apêse bae diarani wong sugih pitik. Wong-wong kae mêsthi ana sing ambatin mangkene: Wong sing ambopong pitik kuwi, sabên dina mêsthi mangan cêplok êndhog, yèn mangan lawuhe iwak pitik. Hêh, uripe wong kaya ngono kuwi, rak kaya têmênggung, wênang anggadho dhadha mênthok sakarêp-karêpe.
Ing kono wêtênge Pak Klênthêng anyauri: Klikik. Pak Klênthêng banjur muni dhewekan: E, wêtêngku ngrêti ngêlih. Sabar dhisik.
Pak Klênthêng sajrone muni mangkono mau, tangane karo ngêmèk-êmèki kanthongan kêlambi, ing kono grênjêl, krasa ana dhuwite bolongan loro, atine clês, banjur arêp jajan, malêbu mênyang koplakan. Nalika dhèwèke arêp malêbu, kêpêthuk uwong manggul sênik, Pak Klênthêng banjur takon: Niku napa, dhi.
Wonge mangsuli: Dhêdhak, kang, ajêng dibucal.
Pak Klênthêng: Pundi gawa mriki, kula ijolane pitik lêmu.
Uwong sing manggul dhêdhak mau andomblong karo ngulungake lan muni: Măngga mawon.
Pak Klênthêng têrus malêbu koplakan, dhêdhak disèlèh ana pipi lawang, banjur linggih ngambèn karo muni: Didamêlake wedang tèh, sapacitane.
Ing ambèn kono akèh wong barêngane jajan, ana sing lagi wedangan, ana sing wis rampung, kari linggihan bae karo udud kêlobot, kukuse nganti anggêmbulêng kaya bêdhiyan.
Wong sing udud mau sudagar rajakaya, mêntas tuku utawa adol sapi saka pasar, dhuwite diwadhahi cangklong gêdhe disandhing linggih. Wong mau sasuwene tansah nyawang Pak Klênthêng, nanging ing batin satêngah nêpsu, awit wêruh Pak Klênthêng anggone anyèlèhake gêgawane nganti mabul-mabul, wusana disapa: Dika niku nyèlèhake napa ta, kang, nêgi le nganti mabul-mabul têkan ngriki.
Pak Klênthêng mangsuli karo ngêcurake wedang saka ing teko: Niku dhêdhak, mas sudagar.
Sudagar: Dika niku anèh, kang, dhêdhak mawon mang morake linggihan uwong.
Pak Klênthêng: O, Mas, dhêdhak niku dede sadhêdhak-dhêdaka, asline saking ayam, sakawite saking jaran. Pak Klênthêng banjur nyaritakake lêlakone kabèh, wiwit budhal saka omah nganti satêkaning koplakan mau.
Sudagar: We la, dika niku jênêng wong anèh, patrap dika niku botên lumrah. Lagi jaran mang ijolake sapi mawon, jênêng êmpun tuna, kok malah nganti têkan dhêdhak. La mêngke satêka dika ngomah rak dikrawus bojo dika.
Pak Klênthêng: O, Bojo kula niku wong alus, botên tau nêpsu, kula botên tau dikrawus, salawase mung diêlêm.
Sudagar: Ah, kăndha dika niku goroh. Napa ênggih wong lanang duwe tindak kaya ngotên, olèh pangalêm. Cêkake yèn nyata ngotên, dika kula wèhi dhuwit limang atus rupiyah.
Pak Klênthêng: Êngga dika tumut kula, yèn dika ajêng wêruh nyatane.
Sudagar sugih, banjur ngêtutake Pak Klênthêng.
--- 147 ---
Bab Lare Lêlados
Candhake Kajawèn nomêr 47.
Tatanan majêngipun sadaya pasugatan, punika ingkang dipun ladosi rumiyin piyambak kêdah pangagêng utawi ingkang minăngka sêsêpuhing tamu. Bilih lênggahipun tamu-tamu abêbanjêngan urut sêpuhing pangkat kalênggahan, lare ngladosi kêdah tata urut kacang, anggènipun nyaosakên ladosan anyambêti ngajêngipun cakêt, wiwit ăngka satunggal sambêt-sinambêt dumugi sakêmputipun radin, dados sadèrèngipun palados ngajêngipun cakêt nyaosakên ladosan dhatêng tamu, palados wingking satêrusipun sami kèndêl rumiyin, sampun ngantos nyaosakên ladosan, nanging kêdah nyambêti palados ing ngajêngipun cakêt, wondene salêbêtipun sami kèndêl ngêntosi, pambêktanipun tadhahan mantun kapandhi, santun katumpangakên lêrêsing dhêngkul têngên, nanging taksih dipun lawani tangan kiwa têngên, samăngsa ngajêngipun cakêt sampun majêng, wingkingipun lajêng sambêt kalihan lampah dhodhok nyaosakên ladosan, patrap pratikêlipun botên beda kados palados ngajêng piyambak kasêbut nginggil. Bilih tataning palênggahan tamu dipun damêl sapăntha-sapăntha, upaminipun angupêng meja sagolongan-sagolongan, punika ugêr ingkang sagolongan panggenan pangagêng sampun kaladosan jangkêp, palados ing wingkingipun têrus lajêng anyaosakên ladosan cêkapipun sapăntha-sapăntha wau, dados botên susah tatanan urut kacang sarta mawi ngêntosi ngajêngipun kados tatanan lênggah banjêngan, makatên malih patraping lampah dhodhok, tumrap palados ing panggenan pa[3] pangagêng, watawis namung wontên 50% nipun lampah dhodhok bilih lênggah banjêngan, langkung-langkung palados tumrap pêpanthan sanès-sanèsipun, lampah dhodhokipun cêkap bilih sampun kirang satindak kalih tindak kemawon kalihan pinarakanipun tamu-tamu. Mila makatên, amargi lênggahan kupêng utawi ngêpang meja, punika lare ladosan dhawah wontên pêngkêraning tamu-tamu, dados anggèning ngladosakên cêkap saking pêngkêran kiwa têngên. Wangsul lênggahan banjêngan têngah godhag, palados kêdah langkung ngajênging pinarakanipun tamu-tamu, makatên ugi anggènipun nyaosakên ladosan, kêdah wontên ngajêngan lêrês, pramila lampah dhodhokipun kêpêksa kêdah sawatawis dangu, wongsal-wangsul rambah-rambah lêstantun makatên.
Lare palados, badhe ngangkat tadhahan isi ladosan sêgahan tamu, punika wiwit saking panggenan pangrantunan, kêdah mawas utawi nyatitèkakên wujuding ladosan sapirantosipun, sampun ngantos katingal kenging rêrêgêd utawi kirang, nanging kêdah dipun taliti rêsik sarta kajangkêpakên punapa mêsthinipun. Lare-lare palados wêkdal sawêg lêlados wontên salêbêting pandhapa utawi wontên sangajênging para tamu, sampun ngantos cantênan punapa-punapa ingkang ngantos kêpirêngan tiyang, nanging kêdah namung kèndêl kanthi polatan sumèh. Badhe kasambêtan.
P.K. 585.
--- 148 ---
Tabêri ing Gawe
Candhake Kajawèn nomêr 47.
[Kinanthi]
Truwèlu sansaya bingung | kanthi dhêg-dhêgan ing ati | ora ngira babar pisan | tansah kêpêthuk mrangguli | anèh-anèhe ing jaman | nganti ngrasa gawe giris ||
dadi mungguh sing kêtêmu | tumrap ing jamane kuwi | apa gagrak sing tumindak | sapa bae anyênêngi | ora ketang tămbok băndha | watone sênêng ing ati ||
tindak sing mangkono mau | iya luput iya bêcik | bêcik yèn pancèn sêmbada | sapa sing arêp ngrasani | nanging yèn pancèn rêkasa | prêlu apa dituruti ||
[Grafik]
ora kêndhat si truwèlu | bangêt gone mikir-mikir | wusana bisa anggagas | sing nyatane makolèhi | tumindaking pagawean | kang nêkakake rijêki ||
wusana bisa angguyu | saka bungahe ing ati | jalaran saka rumasa | bisa olèh dalan bêcik | sarananing olèh pangan | saka anggone tabêri ||
mula wong tabêri iku | yèn sanyata diantêpi | jênêng wis ngambah utama | awit uwis diantêpi | klinci banjur ura-ura | karo linggih kêthip-kêthip ||
enake wong urip iku | yèn bisa nglakoni mukti | sing wite saka rêkasa | anglakoni panas pêrih | kamuktène dadi tămba | êmate bisa nêrusi ||
pola mungguh lêlakonku | apa nyata kurang apik | sabên esuk wis sadhiya | kanthi sabar angêntèni | parênge sing padha têka | arêp ngrêsikake sikil ||
tak garap kanthi angguyu | tur ya sabar lan satiti | sapa wonge ora rêna | yèn aku bisa nglakoni | mung ing batin aku samar | yèn mrangguli kaya sing wis ||
sikil luwih saka petung | sing nyang ati gawe giris | truwèlu wise anggagas | samare thukul ing ati | măngka nyata wus têtela | samar iku nêniwasi ||
ora suwe banjur krungu | swara têka pating krêngkit | jêbul sing têka kalabang | sikile disêpatoni | mêsthi bae tanpa cacah | tur nyata anggêgilani ||
nganti anggêblag truwèlu | nratabe satêngah mati | ananging nuli kêpêksa | kudu tumindak nglakoni | awit jênêng wis disêdya | kudu angarêpi wajib ||
mungguh uwosing pitutur | wong anom wajib ngèlingi | nyang kabèh ing pagawean | kang wis têtêp dadi wajib | ora kêna krasa wêgah | kudu mantêp lan tabêri ||
--- [0] ---
[Iklan]
1 | adêdamar. (kembali) |
2 | adpokat. (kembali) |
3 | para. (kembali) |