Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-14, #639
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-14, #639. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-14, #639. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 82, 1 Jumadilakir Taun Je 1862, 14 Oktobêr 1931, Taun VI
Kajawèn
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [1281] ---
Ăngka 82, 1 Jumadilakir Je 1862, 14 Oktobêr 1931, Taun VI
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.
Palabuhan
[Grafik]
Ing nginggil punika sawanganing palabuhan Tanjungperak, Surabaya.
--- 1282 ---
Raos Jawi
Piandêling Manah
Piandêling manah punika mênggahing cara bodhonipun, kathah ingkang lèrèg dhatêng kawilujêngan. Awit tiyang ngawontênakên piandêl punika atêgês suci manahipun. Piandêl wau trêkadhang wontên ingkang pinanggih kanthi nalar, wontên ingkang botên, nanging piandêling tiyang punika manawi dipun gathukakên kalihan nalar, malah lajêng asring tipis, wêkasan suda malah trêkadhang lajêng ical babarpisan. Dados ingkang kanyatan, piandêl wau ingkang prêmati, dumunung wontên ing tiyang ingkang manah yutun.
Ing jaman kina kathah cêcariyosan ingkang anèh-anèh, ingkang wosipun atêgês ngantêpakên piandêl. Kados ta wontên tiyang ngumur ngantos satus taun, sarêng dipun pitakèni, punapa ingkang dados sarananipun tiyang umur panjang. Wangsulanipun, sarananipun botên wontên malih namung sabar ing manah.
Tiyang ingkang mirêng wangsulan kados makatên wau rumaos gampil anulad, namung mêndhêt pathokan sabar. Nanging sabar punika kêdah tumindak kadospundi, sok botên sumêrêp sèlèhipun. Upaminipun kemawon tiyang nêdha, tumrapipun tiyang kina dipun lampahi kanthi sabar, manawi têtêdhanipun taksih bêntèr, dipun êntosi asrêpipun rumiyin, panêdhanipun sarwa alon, mênggah pikantukipun sagêd nyuda ngangah-angahing napsu. Dene tumrap panganggêping sanès, kasabaranipun tiyang nêdha punika, saupami têtêdhanipun sampun asrêp, kapurih ngêngêt rumiyin, wêkasan panêdhanipun sagêd mapan lan sakeca. Kosokwangsuling raos kasabaran wau malah lajêng dipun tumpangi ing pasaksèn, nêdha sarwa angêt punika nêbihakên sêsakit. Punika pancèn lêrês, nanging sèlèhing kasabaranipun lajêng ngicalakên piandêl, awit piandêlipun pun yutun, tiyang nêdha sarwa asrêp punika manjangakên umur, sampun, botên dipun kanthèni pangraosan punapa-punapa malih. Măngka mênggah kasabaran ingkang dipun tindakakên punika taksih kathah sangêt. Ewadene tindak ingkang kados makatên punika taksih nama gêgayutan kalihan nalar.
Sapunika tumrap cêcariyosan ingkang marojol saking nalar, wontên tiyang sêpuh pènsiunan saradhadhu, umuripun sampun wolung dasanan, badanipun taksih kiyat, botên kawon kalihan tiyang anèm ingkang kripik-kripik kemawon. Tiyang wau ngantos dipun gumuni ing tiyang kathah, malah wontên ingkang pitakèn makatên: bah, saratipun punapa, dene sampeyan punika sampun sêpuh taksih rosa, wah sampun nate dados saradhadhu, punapa botên nate dipun icipi mimis, bah, botênipun inggih dipun kalewang ing mêngsah.
Tiyang ingkang dipun pitakèni wau mangsuli kalihan gumujêng: anggonku dadi saradhadhu bae lawase wis têlung puluh loro taun, mêndhaliku wis êmas, anggonku pêrang wis rambah-rambah. Malah wis tau [ta...]
--- 1283 ---
[...u] kupingku kêsliring mimis nganti mak nging, nanging iya slamêt bae.
Ginêm ingkang kados makatên wau sagêd nuwuhakên pitakènan warni-warni saking tiyang sanès, wah malih watak gugon tuhon, inggih lajêng nuwuhakên pitakènan ing bab jimat-jimat tamtu inggih ngandhut. Tiyang pènsiunan wau lajêng cariyos: satêmêne aku iya duwe jimat pêngpêngan bangêt, salawase tansah tak kandhut, ora tau pisah, saprene iya isih tak kandhut.
[Grafik]
Gambaripun Milova.
Tamtu kemawon ingkang pitakèn saya mêmpêng, nêdha badhe sumêrêp warni punapa. Tiyang wau lajêng ngrogoh kandhutan, mêndhêt buntêlan awarni mori pêthak ingkang sampun malih dados cêmêng, jalaran saking sampun dangu tuwin kêrêp dipun kutugi, saha sarêng dipun bikak awarni godhong ringin sajodho, wujudipun sampun cêmêng. Tiyang wau nêdahakên kalihan mungêl: iki godhong ringin kurung alun-alun Surakarta, lumah kurêp, anggonku anjukuk nalika aku malêbu dadi saradhadhu. Awit aku dikandhani wong tuwa, jare sapa sing ngandhut godhong ringin kurung lumah kurêp, kalis ing bêbaya, dawa umure. Nyatane iya tinêmu ana awakku iki.
Tiyang ingkang mirêng rumaos gumun sangêt, dene kapitadosan kados makatên têka andayani yêktos. Măngka manawi dipun manah, botên wontên nalar ingkang sagêd gathuk. Dados kenging karingkês bab wau namung tuwuh saking piandêling manah.
Nanging cêcariyosan ingkang kados makatên punika punapa namung pinanggih wontên ing tanah ngriki kemawon, ingkang limrahipun dipun wastani panggenan gugon tuhon. Katranganipun botên sanadyan ing Eropah ugi wontên.
Kacariyos ing Bulgari, jaman sapunika wontên tiyang nini sampun umur 152 taun nama Milova. Panjanging umuripun nini wau adamêl gumunaning[1] ngakathah. Kalampahan ngantos wontên tiyang ingkang mitakèni, punapa ingkang dados sarananing umur panjang. Wangsulanipun nini-nini wau, sarananipun namung kênthang. Dene patrapipun nini-nini wau ing salaminipun botên nate tilar kênthang ing gembolan, cacahipun namung satunggal iji. Manawi tilêm, kênthang wau botên nate pisah. Miturut piandêlipun, kênthang punika nêbihakên sarap sawan, setan botên doyan dhêmit botên andulit. Tindak makatên wau dipun lampahi ing salaminipun.
Dados têtela, tindak gugon tuhon punika ugi pinanggih ing pundi-pundi, makatên ugi piandêling manah, ing pundi-pundi inggih wontên, punapa botên nyata piandêl ingkang sayêktos punika mitadosi.
Ha.
--- 1284 ---
Cariyos Kina
Sasmita ingkang Dhumawah ing Tiyang
Wêwarah ing nginggil punika sajakipun wigatos, nanging sajatosipun botên, salugu namung badhe nyariyosakên dêdongengan.
Ingkang kasêbut ing cêcêriyosan kina, utawi ing sêrat-sêrat, adêging praja punika mawi watês, têgêsipun mawi risak, dene ingkang dados risaking praja, kabêkta saking ratunipun. Ing samăngsa praja wau badhe risak, wontên kemawon ingkang dados jalaran ingkang tuwuh saking ratunipun. Cobi kaurutakên sawatawis, idhêp-idhêp kangge ngramèni ginêm.
Kados ta kala jaman praja Ngalêngka Prabu Dasamuka kados punapa kaluhuraning nagarinipun ngantos botên wontên ratu sanès ingkang kadugi nandhingi praja Ngalêngka. Nanging sarêng sampun dhumawah ing apês, Prabu Dasamuka têka kagungan tindak melikakên Dèwi Sinta, tur kintên-kintên ing praja Ngalêngka sampun botên kêkirangan wanodya ingkang kinyis-kinyis, dalah sang prabu piyambak inggih sampun agarwa widadari tur tindakipun sang prabu wau inggih sampun botên kirang ingkang ngèngêtakên, bilih tindak wau lêpat badhe damêl karisakan. Tiyang inggih badhe risak, badhe dipun aturi pêpèngêt punapa malih, tamtunipun sawarnining pamrayogi malah namung dados êmpan-êmpaning kamurkan. Wêkasanipun kadospundi, inggih karisakan sayêktos ratu saprajanipun sirna, lajêng nama cuthêl.
Manawi jamanipun Ngastinan, sabên tiyang ingkang mangrêtos ringgit tamtu sami dhamang, kados punapa kaluhuranipun praja Ngastina, dhasar sugih băndha, sugih bala santana. Cêkakipun manawi kasugihanipun praja Ngastina, wah, manawi jaman sapunika kemawon botên wontên ingkang nyundhul, pundi wontên tiyang clanan cindhe sabên dintên kados Kangjêng Pangeran Citraksi, athik pangagêmanipun sarwa mas intên pating galêbyar. Mila botên anèh manawi nagari Ngastina punika dipun sêbuta nagari intên. Nanging eman têmên, dene ratunipun botên kagungan kasantosan ing panggalih, salaminipun tansah andhahar aturing warăngka nata ingkang ambarênggèl kados pace. Tur sayêktosipun Prabu Suyudana inggih èngêt, nanging trêkadhang inggih botên. Èngêt, botên, dangu-dangu botên sayêktos. Sarèhning sabab ingkang anjalari kalêpatan tansah tuwuh, inggih punika kamurkan, sampun botên pasah dipun èngêtakên, mênggah caraning nyambut inggih kêpêksa nyaur, inggih punika nyaur karisakan.
Tumrapipun nagari ing Pêngging Prabu Kusumawicitra, punika mênggahing cêcariyosan, cêtha wiwit nalika kadhawahan wahyu kabinatharaning karaton, ing nalikanipun sawêg dhumawah, kathah para nata sanès ingkang anggêni ing panggalih, ngantos kolu nyidra dhatêng sang prabu, nanging para cidra wau botên wontên ingkang sagêd namani nata ingkang sawêg winongwong ing jawata, sadaya ingkang cidra malah sami manggih kapitunan. Nanging sarêng sampun dhawah ing titimăngsa, inggih wontên kemawon ingkang andadosakên jalaranipun [ja...]
--- 1285 ---
[...laranipun] kalêpatan, inggih punika putra dhawah kêplèsèt kemawon andadosakên pamuring-muring dalêm, lajêng duka ngămbra-ămbra, sintên-sintên kêdhawahan bêndu, pundi-pundi dipun obrak-abrik. Ing ngriku lajêng nuwuhakên sêling-sêrêpipun ingkang sami kataman, măngka salugunipun saking sang prabu piyambak ingkang kirang titipriksa, wêkasan prajanipun tinêmpuh ing banjir bandhang, ngantos sirna, sang prabu ngili, tujunipun angsal pangaksama.
Manawi cariyos Menak-menakan pinanggih wontên ing Prabu Nursirwan nata ing Madayin, punika luhuring karaton ngantos botên kenging kinintên, ratu ngêrèh sasamining ratu, manawi siniwaka palênggahanipun sarwa kancana sadaya, saking sangêting sugih dalah wadêripun ing balekambang kemawon mawi dipun sinthingi êmas. Bab jumêrut nila widuri, manawi praja Madayin namung limrah dados idak-idakanipun tiyang bubulên. Tiyang inggih nata sawêg kalêrêsan, pêputra putri kemawon inggih mêdal pinunjul, ingkang pikantukipun andadosakên jalaran saya mumbuling kaluhuran, wah lajêng dipun garwa ing Sang Kalanajayadimurti, satriya prajuriting jagad, nanging inggih punika wau karaton manawi badhe risak, Prabu Nursirwan têka botên mathuk kagungan mantu kados makatên, gèk badhe pados mantu ingkang kados punapa, malah lajêng tansah madosakên mêngsah kemawon. Dangu-dangu Prabu Nursirwan dhumawah papa piyambak.
Manawi tumrap ing jaman neneman pinanggih wontên ing jaman Mataram badhe pindhahipun dhatêng Kartasura, punika nalika wahyuning karaton badhe pindhah, inggih wontên kemawon ingkang dados jalaran.
Lêlampahan-lêlampahan sadaya wau manawi dipun urutakên, pinanggih ing nalika wiwit dhumawahing kabêgjan dumugi oncatipun, dene ing antawising lêlampahan wau tamtu wontên lêlampahan ingkang kadosdene sasmita dhumawah ing karisakan. Sayêktosipun lêlampahan ingkang kados makatên wau botên namung dhumawah ing panjênêngan nata kemawon, sanadyan tiyang limrah inggih gadhah lêlampahan kados makatên. Dados ing gampilanipun, lêlampahaning tiyang punika inggih mawi watês, kilap enggal dangunipun inggih badhe pinanggih.
Punika namung kangge pangèngêt-èngêt tuwin pamarêm, bilih lêlampahaning tiyang punika tansah ewah gingsir, mila prayogi niti dhatêng dhumawahing sasmita ingkang nyata.
Jugul.
--- 1286 ---
Kawruh Padhalangan
Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta
Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.
4. Gêndhing kêdhatonan.
Pamatrapipun: Tumraping gêndhing Titipati lan sadaya kêthuk kalih kêrêp, kênong sakawan gong (ugi kawastanan gêndhing: kênong tiga, sakawan gong). Lampahipun makatên: ngajêngakên gong gunungan kabêdhol, gong dipun sarêngi wêdalipun Limbuk (parêkan dhagêlan) kajogèdakên dhapur mlampah, angsal sagongan lajêng katancêbakên mèpèt ing sisih kiwa ing gêdêbog paseban. Katungka wêdalipun Cangik, kapatrapakên kados Limbuk wau, nuntên wêdalipun putri-putri ingkang prêlu ngadhêp tuwin lalênggahan, sami kapapanakên ing kiwa saprayoginipun. Dados lampah-lampah wau sagêd 3 utawi gongan. Ngajêngakên kênong 3 badhe wêdalipun pramèswari (= têtunggiling palênggahan ing ngriku), găngsa kasêsêgakên, gong dipun sarêngi tancêbing pramèswari. Ngajêngakên kênong 1, kasirêp, lajêng ucap-ucapan. Satêlasing ucap-ucapan, saking gong laras 5 gêndhing kadhawahakên. Watawis 2 utawi 3 gongan ingkang sami lênggahan wau dalah para ngadhêp, sami kabêdhol mangiwa sadaya, prêlu mapag jêngkaring nata. Tumuntên sang nata saha putri-putri wau tata lênggahan malih, nanging sang ratu dumunung ing kiwa ajêng-ajêngan lan pramèswari. Găngsa lajêng suwuk. Pathêtipun nêm wantah.
Yèn gêndhing Damarkèli, lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati. Nanging pambêdholing gunungan sangajêngipun kênong 2, wêdaling Limbuk nyarêngi kênong kalih. Manawi badhe anjantur saking sasampuning kênong 3, manawi andhawahakên sasampuning kênong kalih. Pathêtipun manyura agêng.
Gêndhing: Gantalwêdhar, kêthuk 4 kêrêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras gulu agêng.
Gêndhing: Jămba, kê: 4 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras 6.
Gêndhing: Kadukmanis, kê: 4 kêp.[2] Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras 5.
Gêndhing: Kanyut, kê: 4 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras 5.
Gêndhing: Tunjungkaroban, kê: 4 krêp, kênong 4, gangsal gong. Lampah-lampahipun kados gêndhing Damarkèli, andhawah saking gong laras gulu agêng. Sarèhne punika sagongan isi 5 kênongan, mila panjantur tuwin andhawahakên kêdah nglèrèg ing kênong wingkingipun.
Gêndhing: Titisari, kê: 4 krêp. Lampah-lampahipun mirsanana gêndhing Damarkèli.
--- 1287 ---
Gêndhing: Mrak Kasimpir, kê: 2 krêp, kênong 1 kalih gong. Lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati, nanging panjanturipun saking sasampuning gong, andhawahipun saking gong larar[3] 6.
Gêndhing: Laranangis. kê: 2 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati, andhawah saking gong laras gulu agêng.
Gêndhing: Larasati, kê: 2 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati, andhawah saking gong laras 6.
Gêndhing: Puspawêdhar, kê: 2 krêp. Lampah-lampahipun kados gêndhing Titipati, andhawah saking gong laras panunggul alit.
Panganggenipun.
Gêndhing: Damarkèli, Mrak Kasimpir, kangge pramèswari Banowati.
Gêndhing: Titipati, Kadukmanis, kangge pramèswari ing Dwarawati.
Gêndhing: Gantalwêdhar, Jămba, Kanyut, Tunjungkaroban, Titisari, Laranangis, Larasati, Puspawêdhar, punika sadaya kangge srambahan.
5. Gêndhing pasowanan jawi
Pamatrapipun.
Gêndhing Lokanănta, kêthuk 2 kêrêp, pambêdholing gunungan wontên sangajênging gong. Wêdalan têtungguling pasowanan jawi nyarêngi gong, manawi andhawahakên wiwit saking sasampunipun gong ingkang laras gulu sêdhêng. Nêsêgakên badhe anjantur wontên sasampunipun kênong kalih, sirêpipun nyarêngi kênong 1.
Gêndhing Bolang-bolang, kê: 2 krêp. Pambêdholing gunungan wontên ing ngajêngakên kênong 2 wêdalipun têtungguling pasowanan jawi nyarêngi kênong 2. Wiwiting panjantur saking sasampunipun kênong 3, sirêping gêndhing wontên ing antawising gong kalihan kênong 1.
Gêndhing: Dhandhun, lampah-lampahipun kados gêndhing Lokanănta, andhawah saking gong laras gulu sêdhêng.
[Grafik]
Tuladha mripat bintulu.
Gêndhing: Prihatin, kados Lokanănta, andhawah saking gong laras 5.
Gêndhing: Sêmukirang, kados Lokanănta, andhawah saking gong laras gulu sêdhêng.
Gêndhing: Turirawa, kados Lokanănta, andhawah saking gong laras gulu sêdhêng.
Gêndhing Mandulpathi, kados Lokanănta, andhawah saking gong laras nêm.
Gêndhing: Kadhatonbêntar, kados Lokanănta,
--- 1288 ---
andhawah saking gong laras nêm alit.
Gêndhing: Capang, kados Lokanănta, andhawah saking gong laras gangsal alit.
Gêndhing-gêndhing pasowanan jawi sadaya punika suwukipun sêsêgan, kasambêt ing ada-ada girisa.
Panganggenipun.
Gêndhing: Dhandhun, kangge Arya Wrêkodara, utawi Bratasena.
Gêndhing: Sêmukirang, Kêdhatonbêntar, kangge Arya Dursasana.
Gêndhing: Sêmukirang, Mandulpathi, kangge sadaya ringgit gusèn tuwin braokan.
Gêndhing: Capang, Lokanănta, kangge Sri Baladewa.
Gêndhing: Bolang-bolang, kangge Arya Burisrawa.
Gêndhing: Turirawa, kangge pasowanan jawi para dewa.
Gêndhing: Sêmukirang, Prihatin, Kêdhatonbêntar, punika kangge srambahan sadaya.
Suharda.
Jagading Wanita
Kaborosan Kala Jaman Rumiyin
Limrahipun băngsa Jawi ing jaman salawe taunan sapriki, tindak wilujêngan punika dipun wigatosakên sangêt, nanging sajatosipun sanadyan ing jaman sapunika inggih taksih, nanging sampun botên kados kala rumiyin, awit kala rumiyin, tiyang abale griya punika manawi botên wilujêngan ing kalanipun măngsa wilujêngan, rumaos isin kalihan tăngga têpalih. Dene limrahipun tiyang ingkang wilujêngan punika tiyang ingkang sampun jêjodhoan, awit sampun nama dados tiyang sêpuh.
Sajatosipun ing bab wilujêngan punika ing dalêm sataun tansah lumintu kemawon, tur botên cêkap waragad sakêdhik, awit kajawi mujudakên ambêngan ingkang dipun kêpung ing tiyang kathah, ingkang kaujubakên dados bakuning wilujêngan, ugi mawi wèwèh-winèwèh. Ing kalanipun nuju wulan wilujêngan wau, ing margi-margi kathah têtiyang ambêkta barang wewehan mrika-mriki.
Wilujêngan punika ingkang baku angawaki tiyang èstri, mila umumipun lajêng dados wajibipun tiyang èstri, nyanggi bot repot pangupadosing bêtah, olah-olah ngantos sarampungipun sadaya. Mila tumraping tiyang èstri, manawi nuju wulan makatên wau, gadhah wajib angrêgiyêg yêktos. Tindak makatên wau botên ngêmungakên ing kitha kemawon, dalah ing padhusunan ugi makatên.
Sayêktosipun wilujêngan kala samantên nama botên baèn-baèn. Mênggah warni-warnining wilujêngan wau kados ing ngandhap punika:
1. Sabên ing wulan Sura, dhawah ing brahat tanggal kaping 8, wiwit kenging wilujêngan ngantos dumugi tanggal 30. Ambênganipun sêkul Jawi mawi kalapis ing sêkul wuduk, lawuhanipun ulam maesa kaolah warni-warni, tuwin dadar tigan karajang agal,
--- 1289 ---
sami kapupukakên, punapadene lêmbaran ulam ayam, sarêm wuku, lombok wêtahan tuwin dhêle kluthukan. Kajawi punika taksih mawi ambêngan jênang lêmu mawi bumbu tumbuk sarta mawi kawoworan jagung tuwin cikalan kalapa, kapupukan ulam warni-warni, tuwin dadar tigan karajang lêmbat, pangambêngipun jênang wau dipun takiri. Ingkang dipun saosi dhahar Bagendha Kasan Kusèn. Wilujêngan punika mawi wewehan, limrahipun ingkang dipun wèwèhakên jênang kadèkèk ing piring, dipun pupuki ulam sawarninipun. Ingkang dipun wèwèhi tăngga têpalih, sanak sadhèrèk tuwin kuwanuhan.
[Grafik]
Kêndhurèn wilujêngan dhauping pangantèn, ing Pontianak
2. Sabên ing wulan Mulud tanggal kaping 12, sidêkah mêmule, inggih punika dintên agêngipun têtiyang Jawi ing bakda garêbêg Mulud, anuju wiyosanipun taun Kangjêng Nabi Rasulollah, ambênganipun sêkul wuduk, ulam lêmbaran, lalaban lombok, sarêm kêdhêle, tuwin taksih wontên rêrangkènipun malih, makatên ugi pisang raja têmên. Punika ugi mawi wèwèh, nanging botên patosa.
3. Sabên ing wulan Ruwah, dhawahing brahat tanggal 15, wiwit kenging sidhêkah, ngantos dumugi tanggal 29, ambênganipun sêkul Jawi, lawuhanipun ulam maesa kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, sarta ambêngan malih awarni apêm. Ingkang dipun saosi dhahar para lêluhuripun saking jalêr utawi èstri, punapadene para nabi wali punapadene para ratu ingkang sumare ing tanah Jawi sadaya. Punika mawi wewehan sumrambah.
4. Sabên ing wulan Siyam, wiwit tanggal kaping 21. 23. 25. 27 tuwin 29. Asung dhahar Kangjêng Nabi Rasulollah, anyênyadhang konduripun kala ingandikan Allah minggah dhatêng suwarga, nama malêman, ambênganipun sêkul wuduk, lêmbaran ulam ayam tuwin ambêngan panganan wowohan warni-warni, punapadene kêtan, kolak, srikaya. Botên patos kêlimrah wewehan.
--- 1290 ---
5. Sabên ing wulan Sawal tanggal 1, sidêkah mêmule tuwin riaya, inggih punika dintên agêngipun tiyang Jawi ing bakda garêbêg Siyam, ambênganipun sêkul pulên ing nginggil mawi kalapis sêkul punar, lawuhanipun ulam maesa, punika milujêngi badanipun piyambak, anggènipun sagêd dumugi siyam sawulan muput. Botên mawi wewehan.
6. Sabên ing wulan Bêsar tanggal kaping 10, sidêkah mêmule, awarni sêkul golong, pêcêl pitik, jangan mênir. Inggih punika dintên agêngipun tiyang Jawi ing bakda garêbêg Bêsar. Botên wewehan.
Wilujêngan-wilujêngan sadaya wau sampun kêlimrah, sanadyan tiyang dèrèng sumêrêp lêrês lêpatipun, inggih lajêng nindakakên.
Kajawi wilujêngan kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, taksih malih wontên wilujêngan tiyang wawrat, wêdalan, brêsih dhusun, tuwin sanès-sanèsipun malih.
Kawontênan ingkang kados makatên punika punapa botên awrat. Nanging kala jaman samantên, raos awrat punika botên nate kalair. Dangu-dangu lajêng wontên cara rêrukunan, sabên têtiyang sakampung ngawontênakên papan wilujêngan namung saênggèn, sarana urunan, punika andadosakên kêmayaran. Malah dangu-dangu mèh ical.
Mênggah caraning wilujêngan tumrap satunggal-satunggalipun nagari punika beda-beda wujuding ambêngan.
Dados pinanggihipun ing jaman sapunika, sudaning cara ingkang kados makatên wau, inggih atêgês sudaning kaborosan.
--- 1291 ---
Rêmbagipun Garèng lan Petruk
Bab Kêkesahanipun Petruk dhatêng Cibadhak
III.
Garèng: Ora, Truk, mara saiki caritkna mungguh kaanane ing Cibadhak. Nèk Cibadhak kuwi rak iya desa kluthuk kae, ta. Mêsthine wong-wonge padha wêruh kowe lan Makne Kamprèt, padha gumun, mêndongong lan malompong, kayadene lumrahe wong desa yèn wêruh wong kutha kae, anggone nyawang mêsthi ora kêdhèp-kêdhèp saka dene gumune, bokmanawa ing batin padha muni mangkene: Wèh, wong kutha kuwi nèk manganggo, nèk lanang katon brêgas-brêgas, luwês, kawuwuhan dhèmês, apamanèh yèn wadon, wadhuh, anggone nêrapake panganggo kuwi le: srêg, sapolah tingkahe le katon: mêrak ati, sêdhêp. Seje karo wong desa, nganggoa apa-apa iya katon: sênêp, cêmplang, sayub ...
[Grafik]
Petruk: Wiyah, wong manganggo kok diunèkake cêmplang lan sayub, nèk têmbung loro kiyi rak mungguhing jangan. Jangan cêmplang, ya kuwi jangan sing kurang uyah, jagan sayub, nèk têlung dina ora diêngêt-êngêt kae. Kang Garèng, tak omongi, ya, anane wong desa sok nyênyawang wong kutha nganti ora kêdhèp-kêdhèp, kuwi iya bênêr nèk kok aranana padha gumun, nanging gumune mau aja kok anggêp, yèn sabab saka apiking panganggone wong-wong kutha mau, lo, kuwi ora mêsthi, Kang Garèng, kadhangkala anggone gumun kuwi, jalaran saka anggone sok nganèh-anèhi panganggone wong kutha. Apamanèh panganggone wong wadon, lo kuwi sok kakehan modhèl, nganti ora kalêbu nalar babarpisan. Kaya ta: nganggo klambi jambon, lêngêne digawe jambon ênom thik tipis bangêt, dadi nèk didêlêng saka kadohan sathithik, kaya nganggo klambi buntung. Nèk lêngêne pancèn gilig lêmu tur kulite kuning, nang pandêlêngan iya mung katon kaya wong nganggo klambi sing kurang bakal, balik lêngêne kuru aking thik kulite irêng, wèh hla kuwi nang pandêlêngan kaya wong sing tinempelan cakar pitik cêmani kae.
Garèng: We, hla sêmbrana, kathik banjur anggarap, dadi mungguhing panêmumu wong desa anggone
--- 1292 ---
sok nyawang bae karo panganggone wong kutha, sabab gumun saka anggone nganèh-anèhi, ora sabab saka brêgase, dadi nèk rumasamu wong desa nyawang nyang wong kutha, kuwi padha bae karo kowe aku upamane nyawang nyang wong sing manganggo klambi bagor. We, hla sêmbrana ora êntèk-êntèk têmênan. Wis, wis, saiki wangsulana bae pitakonku dhisik, yaiku: apa Cibadhak kuwi desa kluthuk, apa isih rada mambu-mambu kutha sathithik.
Petruk: Cibadhak kuwi sanyatane kutha kadhistrikan, ewasamono ramene ora kalah karo sawênèhing kutha apdhèling. Bokmanawa bae jalaran saka akèhe ondêrnèmêng-ondêrnèmêng tèh ing kiwa têngêne. Mulane ing kono iya akèh bangêt Walandane. Kabare cacahe Walănda kang manggon ing Cibadhak kono kurang luwih ana wong satus, nganti ing kono iya ana pamulangan Walănda barang. Mung bae ing Cibadhak kuwi Walandane rada beda sathithik karo sing padha manggon ana ing kutha sing gêdhe-gêdhe, têgêse: ora pati dhinês-dhinês panganggone kaya Walănda sing manggon ana ing kutha-kutha sing gêdhe. Nganti aku mèh ora bisa ambedakake băngsa Walănda karo wong bumine, saupama aja kulite putih lan irunge bukung. Wong panganggone kuwi mèh padha bae, apamanèh nèk partikêlirane, băngsa Walănda iya wong bumine kabèh-kabèh padha nganggo: hancinco, clana tidhur, thik padha ora nganggo sêpatu. Sing lucu bangêt tur ngêgèt-êgèti kuwi panganggone para tukang grobag, nèk esuk mono iya barès manganggo kaya lumrahe tukang grobag, nanging nèk sore, apamanèh yèn arêp plêsir-plêsir, hla kuwi panganggone iya padha sêtelan, sêpatune sing kiyèt-kiyèt kae, thik ora lali anggone nganthongi: phulpèn, potlot, buku cathêtan, lan sapadhane, cêkake nèk wong sing ora sumurup, ora bakal ngira yèn tukang grobag, apês ambalêbês mêsthi ngarani bangsane bêndara: klèrêk utawa komis.
Garèng: Lo, pikiranamu kuwi têka le kolot bangêt mêngkono, apa ora kêna wong manganggo sakarêp-karêpe, saiki kiyi wis dudu jaman Majapaitan kae, ana panganggo sing dadi larangan barang. Sanadyan arêp manganggoa sing pating krêmbyah kaya barongan pisan, nèk jaman saiki kiyi wis ora ana larangane babarpisan. Tujune kowe kuwi ora tinakdirake duwe panguwasa, kiraku upama iyaa mêngkono, mêsthine sanalika banjur ngubêngake sirkulèr nyang bawahe, sing muni mangkene upamane: para priyayi, ing sarèhning padha priyayi Jawa, kudu sing nêngênake bangêt nyang tatakrama. Sanadyan aku ora kumudu diajèni sing nganti kêladuk kae, ewasamono aku ora sênêng yèn ana priyayi sing kurang ajar, mulane anggone padha manganggo iya sing kanthi pangaturan ...
Petruk: Sêtop, sêtop, kowe aja kaliru tămpa Kang Garèng, aku ora kok arêp nyeda, mêmoyok utawa elik-elik nyang panganggone siji-sijining wong, pancèn iya bênêr ing bab panganggo, wong kudu dimardikakake [di...]
--- 1293 ---
[...mardikakake] sakarêp-karêpe dhewe. Nanging dupèh kêna sakarêp-karêpe, sing arêp nganggo-anggo rak iya kudu anjaga kapantêsane utawa duga prayogane, prêlune iya supaya aja diarani nganèh-anèhi mau, apa dupèh kêna manganggo sakarêp-karêp, banjur manganggo mangkene upamane: sêtelan, nanging jase bêskap cara Sala, kawuwuhan nganggo kêthu modhèl Turki, hara, apa ora pantês saupama wong kiyi dilêbokna ana ing romah sakit: Cikêmêh (Bogor) utawa ing Kramat (Magêlang). Wis, wis, saiki tak ambanjurake caritaku kaanane ing Cibadhak kana. Nèk didêlêng saklebatan, sajake Cibadhak kuwi ora kambah ing jaman malèsèd babarpisan, sabab wong-wonge ing kono sawangane pancèn iya katon: lêmu-lêmu lan waras-waras, apamanèh wong-wonge wadon, sing kulite kuning pancèn iya katon padha mênis-mênis, sing kulite irêng padha manis-manis. Lan sing anèh manèh, panganggone kuwi sing disênêngi têka sing ulêse ngêgèt-êgèti kae, kaya ta nganggo klambi iya sing ulêse: abang mêngangah, biru kêcu, kuning ambrining, nganti nèk didêlêng saka kadohan, saèmpêr karo ulêsing ... wedang sêkotêng.
Garèng: Iya sabab sing kaya mêngkono kuwi anggone băngsa mănca tansah angalêmbana mênyang kaanane wong-wong wadon ing Priyangan, diarani: yèn wong-wong kana kuwi padha pintêr macak, pintêr mêmantês nyang awake, beda bangêt karo wong-wong wadon ing Jawa Têngah utawa Jawa Wetan, panganggone padha sarwa irêng-irêngan, tumraping băngsa mănca nyang pandêlêngane katon: surêm lan ora ngrêsêpake. Hla wong rasane wong mănca kuwi pancèn beda bangêt yèn dipandhing karo rasane kowe aku kiyi. Ing măngka nèk kanggone aku kowe panganggo sing sarwa irêng-irêngan mau, nang mata katon luwês ulêng-ulêngan bangêt, dhasar kulite kuning nêmu giring, klambine gadhung nganggo pêndhatêng, tapihe lurik, gêlunge gêlung gêdhe cara Yoja, suwênge irêng, panunggule mung sijining barliyan, wadhuh, bok dikon milih karo widadari Priyangan sing kinyis-kinyis, aku iya kapêksa milih ... kabèh.
Petruk: We, hla ora ana sing dicacadane. Wis, wis, sanadyan isih akèh sing pantês tak caritakake nyang kowe bab kaanane Cibadhak, ewadene rêmbuge padha dicuthêl samene bae, liya dina padha rêmbugan bab liyane manèh.
[Grafik]
Botên ngêmungakên ing kitha agêng-agêng kemawon ingkang wontên pakêmpalanipun bal-balan, sanadyan ing kitha alit ugi wontên. Ing nginggil punika gambaring para juru bal-balan nama V.V. Oranje ing Namlea (Buru). Adêging pakêmpalan wau sampun kalih taun, dipun pahargya kanthi pasamuwan.
--- 1294 ---
Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès
INDONESIA.
Ambegal arta ing margi. Wontên kintunan arta saking Pondhok Gêdhe, Bêtawi, badhe kakintunakên dhatêng kêbon, lampahipun lori wau sarêng dumugi margi ingkang sêpên, lajêng kaêndhêgakên ing tiyang, lori kagolingakên, arta f 430.- karêbat.
We, la tindak nekad sayêktos. Bokmanawi kemawon jalaran karupêkan saking rêkaosing anggènipun ngupados têdha, ngantos lajêng kasupèn dhatêng paribasan: sapa salah sèlèh. Awit kenging katêmtokakên, bilih botên dangu malih mêsthi lajêng kacêpêng ing pulisi.
Padagangan partikêlir. Miturut cathêtan saking Centr. kantor voor de statistiek, wontênipun barang padagangan partikêlir ingkang malêbêt dhatêng Indonesia:
Augustus 1931 wontên 156 ton rêgi 41 yuta rupiyah. Aug. 1930 wontên 199 ton, rêgi 63 yuta rupiyah.
Januari-Augustus 1931 wontên 1.519 ton, rêgi 374 yuta rupiyah. Jan-Aug. 1930 wontên 2053 ton, rêgi 590 yuta rupiyah.
Dene ingkang mêdal saking Indonesia, miturut pêpetangan kados inginggil:
672 ton, rêgi 72 yuta rupiyah. 836 ton, rêgi 92 yuta rupiyah. 5.400 ton, rêgi 580 yuta rupiyah. 6.467 ton, rêgi 819 yuta rupiyah. Pêpetangan wau pinanggihipun têtandhingan suda kathah, botên baèn-baèn.
Sudan balanja. Wontên pawartos, parentah sawêg nimbang badhe sudaning blanjanipun punggawa ingkang f 2.- dumugi f 50.-
We hla kojur.
Tatanan enggal tumrap klas ing kapal. Miturut pawartos, saking dhawuhipun minister jajahan, nêtêpakên para punggawa nagari ingkang numpak kapal-kapal mil, wiwit benjing tanggal 1 Januari 1932 tumrap tiyang ingkang balanja f 775.- minggah manggèn ing klas 1; ingkang balanja f 350.- dumugi f 775.- manggèn ing klas 2; ingkang balanja f 160.- dumugi f 350.- manggèn ing klas 3; kirangipun saking f 160.- manggèn ing klas 4. Tumraping guru ingkang nggadhahi hoofdacte, wontên tatanipun sanès, inggih punika sanadyan blanjanipun kirang saking f 35.- wênang manggèn ing klas 2.
Ing sadèrèngipun wontên tatanan kados makatên, ugi wontên tatanan ingkang kangge mbedakakên klas, inggih punika tumrap opsir tuwin punggawa ingkang asli wêdalan saking pamulangan luhur, sanajan balanjanipun sawêg sakêdhik ugi wênang manggèn ing klas 1, tumanja minangka pangaji-aji. Dados tatanan ingkang kados sapunika nama satunggiling kapitunan tumrap golongan kasêbut wau.
Kuli kontrakan wangsul. Aneta nampèni pawartos saking Medan, bilih kapal Plancius ingkang dhatêng tanah Jawi, mbêkta wangsul kuli kontrak 1835.
Hêm, têtiyang wau wontênipun ing nêgarinipun gèk lajêng badhe kadospundi?
Dr. Sukiman ing kalangan S.I. Wontên pawartos, benjing ing wulan December ngajêng punika, ing Bandhung badhe dipun wontênakên congrès S.I. pilihan hoofdbestuur. Dr. Sukiman ing Ngayoja kacalonakên dados presidènt.
Nah sapunika adêging pakêmpalan S.I. sami asawung têlèk-têlèk, ing pamuji sagêda anunggil damêl kalihan pakêmpalan sanès-sanèsipun.
Immigratie bangsa Tiong Hoa. Kawontênanipun bangsa Tiong Hoa ingkang dhatêng ing tanah Jawi ing sapunika saya mundur, dene ingkang wangsul saya kathah. Wontênipun bangsa Tiong Hoa sami kêtarik ing manah wangsul dhatêng nêgarinipun, amargi rêgining pasitèn tuwin barang têtêdhan ing nêgarinipun sampun mirah. Kakintên sudaning immigratie ing taun punika wontên 50%.
Sudanipun bangsa Tiong Hoa ingkang malêbêt dhatêng tanah Jawi punika ndadosakên kapitunan utawi botên, namung kasumanggakakên. Namung tumrapipun tanah Amerika, bab wontênipun tiyang dhatêngan saking tanah ngamanca, saya malih tumraping bangsa Tiong Hoa tuwin Jêpan, punika dipun ngèl-ngèl, awit bangsa ingkang malêbêt dhatêng nêgarinipun wau sok wontên ingkang ndadosakên kirang prayogi, jalaran kêjawi sok kalêbêtan tiyang ingkang botên sae, ugi anjalari sudaning ajinipun para tiyang nyambut damêl.
Nyuda arta subsidie tumrap dhatêng para raad. Parentah aparing sêrat dhatêng para pangarsaning Provinciale raad, Gemeenteraad, Regentschapsraad tuwin dhatêng raad-raad sanèsipun. Suraosing sêrat: sarèhning kawontênanipun ing sapunika kados makatên, parentah kapêksa miyarakên têbaning pangiridan. Mila kapêksa badhe ngirid arta subsidie ingkang sampun katêtêpakên utawi ngirid arta pitulungan sanès-sanèsipun, ingkang kaparingakên dhatêng locaa-locaal. Wiwit sapunika kaparingan sumêrêp, mbokmanawi subsidie wau badhe dipun suda sawatawis prêsèn, utawi sagêd ugi kasuwak babar pisan.
Pamrayoginipun parentah ingkang kados makatên punika têka ngèmpêri kados raosing bapa dhatêng anak.
Rantaman wragad Jawi Kilèn. Provincie Jawi Kilèn manggih sabab warni-warni ing bab rantaman wragad taun 1932, prakawis wau kêdah sumadhiya ing Prov. Raad salêbêtipun wulan punika. Sagêd ugi rantaman punika badhe katrajang pangiridan kados kaparênging parentah ingkang kantun punika. Ing bab punika taksih salêbêtipun dados têtimbangan, wontên lampah kalih prakawis, inggih punika tarimah nampèni rantaman makatên, punapa sumados badhe ngêsahakên rêmbag rumiyin, murih sagêd angewahi.
Bab punika tumraping ngakathah têmtunipun namung gadhah pangajêng-ajêng milih ingkang badhe damêl sakeca.
Wanci minggah kaji. Kawartosakên, wontênipun tiyang minggah kaji ing wêkdal punika katingalipun tumraping Indonesia suda tinimbang taun kapêngkêr. Kapal kaji ingkang bidhal rumiyin piyambak, kawiwitan benjing tanggal 17 wulan punika. Kongsi 3 nyadhiyani kapal 5. Candun, Tarakan, Kota Nopan, Kota Agung tuwin Memnon.
Mirit kawontênanipun jaman malèsèt, punapa sakintên wontênipun tiyang minggah kaji ingkang badhe kalampahan punika botên saya suda? Ingkang punika mugi dadosa pêpèngêtipun pakêmpalan Mohamadiyah ingkang kabaripun gadhah kajêng badhe ngadani baita kaji piyambak.
Bupati badhe minggah kaji. Wontên pawartos, ingkang bupati ing Bojanêgara mêntas rawuh ing griyanipun Kyai Jaenuddin ing Nganjuk, prêlu ngajak sêsarêngan minggah kaji.
Kaparêngipun ingkang bupati badhe minggah kaji punika, anêtêpi raos kalanipun pangkat bupati punapa taksih awujud dados pangagênging tiyang Jawi, bilih bupati punika ugi dados pangajênging babagan agami.
--- 1295 ---
[Grafik]
Tuwan Mr. L.J.A. Trip.
President Nederlandsche Bank. Miturut pawartos kawat saking Amsterdam, Mr. G. Vissering, President Nederlandsche Bank gadhah panêdha badhe kèndêl, gêgayutan kalihan bab kasarasan. Dene ingkang gumantos Mr. L.J.A. Trip, tilas President Javansche Bank, ingkang sapunika dados pangarsa Ondernemersraad ing tanah ngriki.
Sêsakit pèst. Kawartosakên, ing wêwêngkon Kuthagêdhe, Ngayogya, wontênipun sêsakit pèst ngrêbda malih, salêbêtipun sawulan tiyang ingkang tiwas wontên 7.
Sêsakit pèst punika têtela ambêbayani, kados tumraping ngakathah inggih sampun botên kêkilapan, lan sagêd nyumêrêpi dhatêng rêkaosing tindakipun parentah anggèning damêl panyêgah, mila wajib dipun èstokakên. Nanging sarèhning ugi kêrêp wontên garunêng ingkang tuwuh saking ngandhap, ingkang gêgayutan kalihan bab punika, mugi ingkang wajib ugi nggaliha prayogining lampah, murih botên ndadosakên sêling sêrêping tiyang ingkang kirang mangrêtos.
Pêpajêngan sarêm. Kawartosakên saking Sêmarang, pêpajêngan pakaryan sarêm ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr, tumrap sarêm pak-pakan wontên f 340.000.- Sarêm eceran wontên f 3.110.000.- Dene Januari dumugi Sèptèmbêr 1930 wontên f 3.170.000.- Dados sudanipun wontên f 60.000.-
Pancèn inggih nggumunakên, ingatasing sarêm punika dados kabêtahanipun sabên tiyang, ewadene sarêng jaman malèsèd, têka pêpajênganipun inggih suda.
Para Resident ing Jawi Kilèn. Dados resident ing Bêtawi Tuwan Van der Hoek, rumiyin Resident Bogor. Ing Bantên Tuwan de Kanter. Ing Bogor Mr. Letterie. Ing Bandung Tuwan Kuneman. Ing Tasikmalaya Tuwan Ter Poorten. Ing Cirêbon Tuwan Licklaen Westenberg. Kabantokakên dhatêng Gupêrnur Tuwan De Vos. Wisudhan pangagêng punika tumraping andhahan atêgês dados pamêcut, awit kêdah nyumêrêpi kadospundi mênggahing panggalihanipun pangagêng enggal wau.
Pêpajêngan candu. Pêpajênganipun candu ing sapunika pinanggih saya mundur. Sudanipun sabên wulan mèh 8 ton, tinimbang padatan. Pêpajênganipun ing taun punika ingkang tapsiranipun 37 yuta, kintên-kintên badhe mêlorot kantun 27 yuta.
Sanadyan suda kathah, manawi tumrap padagangan satunggal punika, umumipun têtiyang sami ngucap sukur.
Juru paniti katêntrêman margi. Ing sapunika ing Bêtawi kathah para neneman wêdalan K.W.S., Mulo tuwin sanès-sanèsipun ingkang malêbêt dados juru paniti katêntrêman margi (Verkeerscontrole), sami kapatah nindakakên wajib wontên ing margi, nyathêti têtumpakan ingkang langkung ingriku, sabên kalih jam pindhah panggenan. Balanjanipun sadintên f 1.-, manawi dhatêngipun kasèp kadhêndha f 1.-
Dhuh samantên awratipun tiyang pados têdha wontên ing jaman sapunika.
Sultan Johor drêma arta. Wontên pawartos, Sultan Johor drêma arta 5000 pond sterling dhatêng parentah Inggris, minangka kangge pitulungan dhatêng kasusahan ingkang pinanggih ing karajan Inggris.
Sarèhning arta 5000 pond sterling (1 pond sterling ing jaman malèsèd kirang langkung rêgi f 10.-) punika sajatosipun inggih kathah, dados anggèning drêma inggih atêgês kasugihaning prajanipun.
Tatanan kantor pajêg. Wontên pawartos, kantor agêng bab paos nyiarakên sêrat sêbaran dhatêng para pangagêng inspecteur, mratelakakên supados lêbêting arta paos langkung enggal tuwin ajêg. Tumrap aanslag warni-warni ing taun 1932 kêdah kawêdalakên tumuntên. Ing pangajêng-ajêng benjing wêkasaning taun 1932 kêdah sagêd ngêdalakên aanslag pajêg balegriya tuwin pajêg pamêdal. Aangiftebiljetipun kêdah sampun katampèkakên ing taun punika.
Kêkêncêngan pamardi bab paos, têka angèl têmên sagêdipun jumbuh kalihan ingkang dipun pêrdi.
Pêpetangan wêdaling asil siti ing tanah Jawi lan Madura. Miturut cathêtan saking kantor Statistiek wontênipun asil siti ingkang mêdal saking tanah Jawi tuwin Madura ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr 1931: karèt 5.668 ton, mrica pêthak 310 ton, mrica cêmêng 99 ton, jagung 4.184 ton, kopi 1.820 ton, copra 25 ton lisah sêre 94 ton, gêndhis 109.059 ton, sata 54 ton, sata krosok 1.932 ton, gaplèk 4922 ton, glêpung pohung 8.304 ton, tèh 4.354 ton, kapuk 811 ton tuwin timah 972 ton.
Wah salêbêtipun sawulan tur jamanipun malèsèd makatên têka mêdal samantên. Punapa dede bumi kancana sayêktos.
ASIA.
Sadhiya kapal pêrang. Jalaran saking sumpêkipun kawontênan ing Tiongkok lèr, kumêndhaning marine Jêpan tampi dhawuh mèh mêsthi, supados nyadhiyakakên kapal pêrang Tokiwa, rumantos bidhal sawanci-wanci. Malah manawi prêlu, taksih nyadhiyani kapal pêrang sanès-sanèsipun malih tuwin mêsin mabur.
Cobi, pundi titik ingkang badhe dados jalaraning têntrêm?
EROPA.
Tiyang badhe dhatêng pavilyun Walandi ing Paris. Kawartosakên ing pavilyun Walandi ing Paris, sampun kaping kalih wontên tiyang badhe malêbêt ing pavilyun mêdal nginggil. Sapisan bangsa Pool, kaping kalihipun bangsa Prancis. Mênggah kajêngipun punapa dèrèng kasumêrêpan.
Kawontênan punika manawi sawêg dados rêmbag, inggih tansah wontên kemawon lêlampahan ingkang thukul.
--- 1296 ---
Wêwaosan
Cariyosipun Nata ing Kelan
6.
[Mêgatruh]
sri narendra kalangkung sêkêl ing kalbu | kongsi tan sagêd anggalih | paran ing prayoginipun | mrih rahayu mungguh bêcik | ywa anggung ngrusak lêlakon ||
ing wusana sri nata alon dhêdhawuh | ngêmpalakên para rêsi | riwusing samya ngalumpuk | nulya angandika nuli | paran mangkya kang linakon ||
jatinira para pandhita sadarum | ing tyas ngrasa tan kadugi | maring panjênêngan ratu | kang atindak murang niti | têgêlan atindak awon ||
marma dangu sadaya samya uminggu | datan tinêmu ing titik | dènnya nayogyani rêmbug | miwah urun pamrayogi | sadaya mung sarwa borong ||
kongsi nyênyêt tan wontên sabawanipun | mung raos pêpêt kapati | tidhêming kaananipun | nyata kadi nyasmitani | umangguh kaanan awon ||
tan adangu kawuryan wiku wus sêpuh | pasêmonira katitik | cinakêtan ing kêkuwung | dadya tandhaning aluwih | nulya awacana alon ||
dhuh pukulun tinêbihna ing bêbêndu | dene ulun angêmori | rêmbag mring nata linangkung | kang adhakan manggih sisip | tan wun ulun pinrih layon ||
sri narendra sakala kraos ing kalbu | kataman pasêmon luwih | winahya sabdaning wiku | têmah sri nata mangsuli | kanthi nalăngsa ing batos ||
ywa pakewuh andika umêdhar wuwus | kang tuwuh saking tyas suci | kula mung arsa angrungu | kang rasa anayogyani | ing galih aywa pakewoh ||
sang awiku nulya angambali wuwus | dhuh-dhuh wiyosipun gusti | kang măngka sarananipun | sirêp krodhanirèng warih | mugi kaparênga katong ||
negakakên putri nata măngka tawur | linarunga ing jaladri | măngka tăndha bêktinipun | mring dewaning jalanidhi | kang ing mangkya krodha kaot ||
lamun nyata sri nata rila ing kalbu | atêtawur putri luwih | bokmanawi antuk tulung | krodhaning kang jalanidhi | suda tan ngêlêm kadhaton ||
myang ngayomi mring praja wêwêngkonipun | ingkang dèrèng kambah warih | sakala nata anjêtung | nanging nulya nabda ririh | kakang kula amung borong ||
kang sanyata ananira mawèh trênyuh | dening putri mung sawiji | kang ing warna langkung punjul | mangkya arsa pinrih pati | linarung nèng samodra rob ||
wus pinuntu sri narendra datan kengguh | mring raos awrat ing galih | nulya alon adhêdhawuh | nimbali sang rajaputri mrih | sumiwi ngarsa katong ||
tan adangu wus sumiwi ngarsa prabu | ing sêmu dahat katitik | dènnya duhkita kalangkung | nglayunging wadana kèksi | lir surêming wulan ngayom ||
dening kasok dènnya kaputêkan kalbu | dènira anggung anggalih | marang sedanirèng ibu | akanthi siksa linuwih | mung tansah tumanêm batos ||
ing sakala sri nata dupi andulu | mring warnanira sang putri | anggung karaos ing kalbu | nulya angandika ririh | kanthi udrasa ing batos ||
dhuh-dhuh nini sira putra jiwaningsun | sira dèn lêgawèng ati | rêksanên prajanirèku | ywa kongsi antuk bilai | ingêlêban samodra rob ||
saranane mung têtawur sira masku | arsa sun labuh ing warih | dhuh sira ngemana tuhu | mring pra kawula lan bumi | miwah têtêping karaton ||
sang suputri duk umirêng dhawuh prabu | tan kraos kagèt ing galih | malah ing sêmu panuju | wadananira katitik | kang surêm mangkya sumorot ||
awit tuhu sang putri sajatinipun | angrasa kapêsan galih | dening sedanirèng ibu | tan wontên kacipta malih | mung anggung anyipta layon ||
tan antara wus samapta sanggyanipun | ingkang măngka upakarti | anglarungira sang ayu | ing mangkya namung anganti | mêmanising pura miyos ||
IV. Sang putri wontên salêbêtipun baita kancana.
[Dhandhanggula]
kang miyarsa sami sêmu tangis | datan ana kang samya angira | kalamun tinêmu mangke | saya gung kang bêbêndu | kang ngênani sri narapati | kecalan gurunira | dyan garwa sumusul | ing wêkasan putra nata | datan kari arsa sumusul ing pati | linarung ing samodra ||
kang mangkana sri narendra yêkti | saya kasoka duhkitanira | têmah mupus pêpasthène | kang mangkana satuhu | laku sisip yèn andhatêngi | tan pilih kalamăngsa | prapta runtung-runtung | janma tan kêni suminggah | lamun kongsi ing sêdya nêdya angoncati |[4] saya kêtula-tula ||
duk samana sang rinajaputri | wusing tampi dhawuh sri narendra | nulya tata-tata age | siram jamas sang ayu | agêgănda aburat wangi | akêkêthok kanaka | măngka tandhanipun | dènira srah patinira | kang satuhu tan mawi mandhêg tumolih | tuhu putri utama ||
sasampating dènira sêsuci | abusana seta sarwa sutra | rikma apanjang dèn ore | rinêngga-rêngga luhung | udhalaning rikma katitik | têlês tabêting jamas | tumètèsing ranu | kadya gêbyaring sêsotya | kang uwal sing ngêmbanan tumibèng siti | gumêbyar tanpa kêndhat ||
rêbat sorot lan busana adi | sarwa sotya rumênggèng sarira | datan pilih gon sênêne | parandene kadulu | arasa lir êluhing tangis | têmah kang samya mulat | kadayan tyas trênyuh | sawusira paripurna | putri nata miyos saking kênyapuri | ingayap pra parêkan || (Badhe kasambêtan)
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
1 | gumuning. (kembali) |
2 | § Katêrangan swargi Purwa Pangrawitan, gêndhing Kadukmanis punika kêthuk kalih awis, nanging satêmênipun, pêpetanganipun panjang cêlaking gong-gongan botên beda kalihan kêthuk 4 kêrêp. (kembali) |
3 | laras. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: lamun kongsi ing sêdya nêdya ngoncati. (kembali) |