Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-06, #375
1. | Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-06, #375. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-06, #375. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 6, Juni 1927. Taun VI
Pusaka Jawi
Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.
Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.
--- [0] ---
Isinipun Pusaka Jawi Ăngka 6
1. Tatacaranipun Tiyang Tani ing Tanah Sukawati, 2. Wontênipun Kangjêng Nyai Satomi, 3. Mahabarata.
[Iklan]
--- 81 ---
Ăngka 6, Juni 1927. Taun VI.
Pusaka Jawi
Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.
Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.
Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.
Tatacara Tani ing Tanah Sukawati
(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5)
Manawi tanêmanipun sampun umur salapan dintên (sapagut) pat ju pat ing sabin kalihan ing tulakan dipun tancêbi glonggong utawi êbung pring apus, godhong laos, godhong têmu, godhong kluwih.
Manawi tanêmanipun sampun wawrat, lajêng dipun rujaki rujak dhêplok, pace jambêt kaluthuk, jêram lombok, sarêm, gêndhis, traos, kunir, mawi sêkul abrit, ampo, dipun wadhahi ron dhadhapsrêp, kadèkèk ing pojokaning sabin.
Manawi pantunipun sampun anjêbrul, ingkang gadhah sabin lajêng tata-tata ngadêgakên gubug kangge pangeyuban anjagi pêksi, sampun ngantos pantunipun katêdha pêksi. Sabên wontên pêksi glathik utawi êmprit lêlumbungan badhe nêba dhatêng sabinipun, ingkang anjagi lajêng ambêngok-bêngok anggusah, wicantênipun makatên: sah holup-holup, sah, holup-holup (têmbung holup punika inggih pusaka saking têmbung kina, têgêsipun: liwat, dados pikajênging wicantênipun: liwat-liwat, aja nêba kene).
Manawi tanêmanipun pinuju kenging ama, upaminipun ama walang sangit, ingkang gadhah sabin prihatos sangêt, lajêng siyam ngêblêng sadintên sadalu, botên nêdha, botên ngombe, botên tilêm, botên wicantên (ambisu) lajêng dhatêng sabin ambêkta gêndhis kalihan kalapa kamamah, nalika mamah sarwi mêmuji makatên: Alahuma putêr bumi, jagad pinutêran, [pinu ...]
--- 82 ---
[... têran,] lêmbing kura jagad pangayang-ayang, karuk malêtuk awoh gimbal, gimbal saking karsaning Allah, Dèwi Nantang pêputra walang sangit, walang sangit aja sira ana kene, muliha mênyang nagaramu, lor kulon dalanwu,[1] gunung Lamongan nagaramu, pakanamu glagah rayung, pencokanmu sukêt lamur, lap ilang tak suwuk gula klapa. Lajêng kasêmbur-sêmburakên.
Manawi pantunipun sampun sêpuh, lajêng dipun wiwiti pangantenan, milih dintên ingkang petanging nêptunipun dhawah sandhang utawi pangan. Mawi cokbakal, sajènipun warni: jadah, jênang, kupat lêpêt, êmplèk-êmplèk katul, pisang satangkêp, cêngkaruk gimbal, cupu isi lisah wangi, jungkat suri, pangilon, kêndhali rakitan, kêjèn, godhong andong, ron kaluwih, kinang sagantènipun, kêndhi isi toya kêbak, dêgan, arta satak sawe (suwang saprapat), pamêthikipun miturut nêptuning dintên, upami kêpanggih sadasa, inggih mêthik sadasa wuli. Nalika badhe mêthik, pujianipun makatên: bok sri abang, bok sri putih, bok sri kuning, bok sri irêng, kawulamu kabèh, padha sira klumpukna, sira sun boyong mulih, ingsun unggahake ing gêdhong pangawetan. Sri sadana aja sira kagèt, kêtiban wêsiku si pulasani,[2] adhêm asrêp kaya siniram banyu sawindu. Godhongipun lajêng dipun kalabang, pantunipun dipun tapihi palangi utawi kacu, lajêng dipun êmban dipun payungi, dumugining griya lajêng kasèlèhakên ing kasur patanèn.
Pantunipun lajêng dipun ênèni sarampungipun, botên lajêng kabêkta mantuk, kadèkèk ing sabin ngriku kemawon milih papan ingkang kamanah prayogi, dipun wastani unèn. Dipun adêgi gubug kangge anjagi pantun. Pantunipun lajêng dipun êpe, manawi sampun garing dipun uthuti, lajêng dipun bêlahi.
Manawi anggènipun ambêlahi sampun rampung sadaya, lajêng milih dintên ingkang nêptunipun dhawah petangan ganggêng, petanganipun makatên: ucêng, ganggêng, kala, nyeluman. Ingkang sae manawi dhawah ganggêng, manawi dhawah ucêng, kala, nyeluman, botên sae.
Manawi ngusung pantun badhe kalêbêtakên ing lumbung punika ugi mawi sarat cokbakal, ron êlo, ron maja, ron apa-apa, godhong kluwih, alang-alang, kajêng cangkring, kangge andhasari tumpukaning pantun. Wilujênganipun sêkul golong pêcêl ayam jangan mênir, kalihan jajan pêkên. Sadèrèngipun numpuk pantun, ingkang rumiyin mêndhêt pantun sagèdhèng dipun tangsuli êduk, sarwi pujian makatên: sri sadana, sun unggahake gêdhong pangawetan, bisa ayêm [ayê ...]
--- 83 ---
[... m] têntrêm awèt ginarap, êntènana adhimu sing durung ana, aja ana kara-kara, bisa kêbak saka karsaning Allah.
Nini Gêmbaya kaki Gêmbaya, aja wuruk sudi gawe mênyang duwèkku sri sadana kang ana gêdhong pangawetan, lamun sira wani ganggu mênyang duwèkku, ingsun tuturake marang gustinira Jayataka.
Ki Agêng Puring, sang ratu dêmung, sang raja sumyang, sang raja gumuruh, seluman putih, gurune nyeluman kabèh, manawa sira wani ganggu mênyang duwèkku, mbok sri, kêna sabdane Sang Hyang Bathara Guru.
Nini Dhêngên, kaki Dhêngên, nyeluman midêr, nyiluman clêput, nyelupman[3] clêmêt, aja sira wani ganggu duwèkku mbok sri, manawa sira wani ganggu, ingsun aturake gustinira lor wetan. Umbul-umbule selan, si baka, si wana, si niti, si dari, gurune nyeluman kabèh.
Nini Teyang kaki Teyang, aja sira wani ganggu duwèkku mbok sri, manawa sira wani ganggu, ingsun gêbug pring pêtung lêbur tanpa dadi.
Alahuma tulak tanggul, ana sêngkala saka wetan putih rupane, mrene parane, tinulak Nabi Suleman, sira balia mangetan, rajah Iman Slamêt.
Alahuma tulak tanggul, ana sêngkala saka kidul, abang rupane, tinulak Nabi Suleman, sira balia mangidul, rajah Iman Slamêt.
Alahuma tulak tanggul, ana sêngkala saka kulon, kuning rupane, tinulak Nabi Suleman, balia mangulon, rajah Iman Slamêt.
Alahuma tulak tanggul, ana sêngkala saka êlor, irêng rupane, tinulak Nabi Suleman, balia mangalor, rajah Iman Slamêt, sluman slumun slamêt, saking karsaning Allah.
Pantunipun lajêng katumpuk, manawi sampun rampung, pantunipun pangantenan lajêng katumpangakên ing nginggil piyambak, manawi dèrèng salapan dintên, dèrèng kenging mêndhêt pantun saking lumbung.
Manawi sampun langkung salapan dintên, lajêng mêndhêt pantun kagêntang, sadhiya badhe kangge wilujêngan brêsih dhusun. Brêsih dhusun makatên kala jamanipun kabudan, dipun wastani aswaweda.
Ing dintên ingkang sampun katamtokakên, wanci sontên tiyang sadhusun sêsarêngan wilujêngan brêsih dhusun, angwontênakên parêdèn dêbog [dê ...]
--- 84 ---
[... bog] pisang, dipun sunduki jêmbul dêling ingkang sampun mawi opak rêngginang, ing nginggil pisang satangkêp, sanginggiling pisang dipun dèkèki gambar-gambaran. Kajawi parêdèn, ugi mawi sêkul ulam panganan, anggènipun wilujêngan ngalêmpak wontên griyanipun pangagêng dhusun. Ujubipun mêmêtri dhatêng dhanyang parayangan ingkang ambaurêksa dhusun, sarèhning ingkang andongani modin, wilujêngan wau lajêng kasêrêpakên mêmule para nabi, kagandhèngakên kalihan agami Islam. Dalunipun nanggap ringgit wacucal, tarkadhang wontên ingkang nayuban, waragadipun urunan tiyang sadhusun. Tamat.
Mulabukanipun Wontên Kangjêng Nyai Satomi.
Pêthikan wêdalipun sêrat kabar Budi Utama ăngka 1, 2, 3, 4. Taun III - 1925.
(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5).
Buncirêng nglajêngakên lampahipun ngantos dumugi ing Bantên, wontên ing ngriku mirêng undhang sayêmbara, pramèswarinipun seda, sintên ingkang sagêd nyugêngakên sedanipun sang pramèswari badhe kadhaubakên kalihan putrinipun, Buncirêng sagêd nyugêngakên sang pramèswari yêktos, mila sapintên kemawon suka pirênanipun sang prabu, saha bingahing putra santana, ananging sarêng nguningani wujudipun Buncirêng, sang prabu sakalangkung piduwung galih dene ingkang dipun angge sayêmbara putrinipun, dados kapêksa badhe kagungan putra mantu ingkang warninipun sakalangkung awon saha botên kantênan tambang paranteanipun, badhe nyuwak dhawuh ingkang sampun kabayawarakakên, rumaos nistha ingatasing panjênênganipun ratu, pinanggihipun panggalih sêsintrèn pêpanggil ingkang elok-elok. Lajêng dhawuh mangun waringin ingkang wontên ing alun-alun sadaya, pang-pangipun ingkang moncol katutuha, amurih katingal sumilak tuwin asri, dumugining măngsa dhaubipun supados botên nguciwani, panggarapipun sagêda rampung sadalu, dene manawi ngantos botên sagêd rampung, badhe kasandèkakên dhaubipun.
Buncirêng lajêng andhatêngakên pamitranipun kêthèk dipun jatosi karibêdanipun, sami sanalika kêthèk wau ngirit bangsanipun ewon, lêksan, sadaya sami mapali godhong tuwin nyêmpali pang ingkang pating paroncol, sami sadalu punika waringin-waringin ing alun-alun sampun katingal prayogi, enjingipun konjuk ing sang nata. Sang prabu sagêd[4] kagawokan, ing salêbêtipun panggalih taksih ngangkah sandenipun, mila andhawuhakên pêpanggilan malih mundhut mriyêm agêng sarakit ingkang sae wêwangunanipun, badhe kangge ngurmati benjing dhaubipun, Buncirêng nyandikani, nanging nyuwun sumêne.
Buncirêng sangêt ing susahipun anggagas pêpundhutanipun sultan ing Bantên sakalangkung mokal, [mo ...]
--- 85 ---
[... kal,] saking putêking manah, anis saking Bantên mara tapa wontên ing Rêdi Canghas, tinarimah puja bratanipun Buncirêng, angsal wasita kapurih manggihi bapa biyungipun, inggih tiyang sêpuhipun wau ingkang sagêd anglaksanani pêpundhutanipun sang prabu. Buncirêng enggal dhatêng Cimarang manggihi bapa biyungipun. Sarèhning pisah sangkaning jabang Buncirêng mawi apratela bilih piyambakipun punika anakipun, saha ngandharakên lêlampahanipun sadaya dumugi angsal wasita botên kalangkungan. Kaki Rabaniyah kalihan rubiyahipun lajêng sami mêmuja, tinarimah samadinipun sami sanalika janggêlêg dados mariyêm sarakit. Buncirêng sakalangkung lêga manahipun, lajêng ngaturi uninga dhatêng Bantên. Sang prabu dhawuh mundhut mriyêm dhatêng Cimarang, ingkang ngusung tiyang pintên-pintên èwu botên kuwawi, saking awratipun mriyêm, siti tilas mriyêm wau amblêg, sapriki dados rawa nama rawa Kondur.
Dangu-dangu kamirêngan wontên swara lamat-lamat, ingkang kuwawi ambêkta mriyêm wau Buncirêng. Buncirêng tumandang ing damêl, mriyêm sarakit kajunjung, kabêkta kacangking tangan kiwa têngên, tiyang kathah sami kagawokan, lampahipun Buncirêng wontên ing margi kapêthuk pandhe, kyai pandhe ngaruh-aruhi mriyêm wau wangunipun kirang sae, sami sanalika lajêng dipun ewahi, pucukipun dipun ukir sawatawis, ing têngah dipun êluk, sarta ing wingking dipun sukani gêlangan. Dhusun panggenan andandosi mriyêm wau ngantos sapunika kêtêlah nama Pandhegêlang.
Kacariyos mriyêm sampun konjuk ing sang nata, lajêng kaparingan nama Si Jagur, akalihan Nyai Satomi, sang nata mupus ing pêpasthèn, putrinipun ingkang dipun angge sayêmbara saèstu kadhaubakên angsal Buncirêng, mawi wiwahan agêng-agêngan.
Anuju satunggaling dintên, kêmiri agêng amêng-amênganing putranipun sang prabu kalêbêt ing Nyai Satomi, botên wontên tiyang ingkang sagêd malêbêt, nanging lajêng kaingkêman, ngantos sapriki botên sagêd mêdal.
Ing alami-lami Ingkang Sinuhun Sultan Agung ing Mataram midhangêt pawartos, bilih Sultan Bantên kagungan dêdamêl ingkang sakalangkung elok kadadosanipun, mila saking karsanipun ingkang satunggal kapundhut, kalampahan ingkang satunggal Si Jagur, kaaturakên, wontên ing Mataram Si Jagur botên kraos, mila nuju ing wanci dalu kesah piyambak saking Mataram, sawêk dumugi ing Jakarta karainan, botên sagêd andumugèkakên lampah, ngantos dumugi sapunika taksih wontên ing kota Intên, sakesahipun Si Jagur Nyai Satomi kaaturakên dhatêng Mataram minăngka lêlintunipun, gotèkipun ing ngakathah, mriyêm kalih wau ing têmbe sami mungêl piyambak, dados ingalamatipun dintên kiyamat.
--- 86 ---
Aluran warni kalih nginggil punika sanadyan sami nyariyosakên bilih punika sami kadadosan saking malihan tiyang, nanging nama tuwin gancaripun gèsèh, makatên wau punapa anèh, punika botên. Kauningana, mèh nama limrah ugêr nyariyosakên aluranipun barang kina, dongènganipun mêsthi warni-warni, malah bab Si Jagur tuwin Nyai Satomi punika kemawon ing Bantên wontên sajarahipun warni kalih malih.
Sawênèhing kaol, Si Jagur kadadosan saking Radèn Nayagati asli saking kadhaton Giripati, dene Nyai Satomi kadadosan saking Dèwi Gorajati, putranipun Dèwi Kunthiwati ing Bantên.
Wontên malih ingkang nyariyosakên makatên.
Ing dhusun Karangrayung bawah Dêmak wontên rêdinipun alit nama Bayangkaki[5] asalipun Nyai Satomi punika kala ing kinanipun saking ngriku, sarêng sampun dados mriyêm, kapundhut dhatêng Mataram, kausung tiyang pintên-pintên èwu botên kuwawi, nanging sarêng dipun usung anak putunipun piyambak ènthèng kemawon, lastantun katur dhatêng Mataram, wasana rêdinipun katêlah nama Bayangkaki.
Miturut pèngêtanipun suwargi Radèn Tumênggung Sutanagara, bupati pangrèh praja ing Klathèn, inggih punika priyagung ingkang marsudi ngimpun sajarah tanah Jawi, Kyai Satama (Si Jagur) tuwin Nyai Satomi punika botên kadadosan saking tiyang, sajatosipun pisungsungipun tiyang Portêgis nama: Sêtum, dhatêng Pangeran Jakarta, nalika antawisipun taun Walandi: 1513 utawi 1515 (ing tanah Jawi Têngah sarênganipun jaman Dêmak) sang pangeran maringi nama dhatêng mriyêm kalih punika, ingkang satunggal, sêtum Utama, satunggalipun sêtum Utami, kalanturipun nama: Satama, Satomi. Wontên kaol nyariyosakên, sêtum wau têmbung Portêgis têgêsipun: mriyêm.
Dadakan kula sagêd ngaturi katrangan, sêtum wau sinêngguh têmbung Portêgis atêgês mriyêm punika kalintu, têtiyang Portêgis mastani mriyêm punika Canăn, canchâo Walandi Kanon Prancis Canon.
Kula nate mirêng cêcriyosan sanès malih, Nyai Satomi punika pancèn pisungsungipun tiyang Portêgis, botên nama: sêtum, lêrêsipun Pieter Willem Stompiek sarta botên dhatêng Pangeran Jakarta, lêrêsipun kapisungsungakên dhatêng Sultan Bantên, sawêk sadlerengan nitik saking nama, kula sampun sagêd mastani bilih cariyos punika kathah lêpatipun, kauningana, nama ngajêng Pieter Willem dene nama Portêgis, dados kapara mokal manawi wontên tiyang Portêgis gadhah nama makatên, [ma ...]
--- 87 ---
[... katên,] mênggah nama wingking Stompiek kula ajrih miyagah anglêpatakên, amargi sanadyan sajakipun nama Walandi, nanging sagêd ugi namung namanipun kemawon ngangge têturutan nama Walandi, dene tiyangipun băngsa Portêgis yêktos kadosdene: Rooseveld (punika băngsa Amerikan) Witte (băngsa Rus) sasaminipun, kosokwangsulipun wontên băngsa Walandi ingkang namanipun ngangge nama mănca, kados ta Baumgarten (nama Jêrman) Spencer Elec (nama Inggris) du Croo (nama Prancis) sasaminipun, dene nama ngajêng mêsthi nama Walandi.
Samantên kathahipun cariyos ingkang kula sumêrêpi, pancèn anggawokakên dene sajarahipun Kangjêng Nyai Satomi têka kathah tur awarni-warni, ing sapunika ingkang prêlu kamanah kangjêng nyai wau sajatosipun damêlan tiyang kados cariyos ingkang kantun, punapa kadadosan saking tiyang kados cariyos ingkang rumiyin, badhe nêtêpakên bab punika ing salah satunggal ragi gawat, dening cariyos wau namung kados dêdongengan, utawi nama gotèk, utawi malih namung saking pèngêtanipun para ahli mèngêti ingkang botên mênangi wontênipun lêlampahan wau, dados pèngêtan wau wangsul nama pèngêtan gotèk. Ewadene awit saking sangêtipun kapengin kula nyumêrêpi dhatêng jatining kawontênan, kalampahan ing sapunika kula sampun sagêd angsal sêsêrêpan ingkang gumathok, saking pamanggih kula katrangan wau sampun botên kenging pinaibên, kajawi namung ingkang badhe nyulayani, oreanipun makatên.
Mriyêm ingkang dumugi ing tanah Jawi rumiyin piyambak punika bêktanipun băngsa Portêgis, pabrikipun wontên ing Gari St Thomé (Santome) inggih punika kitha krajanipun bawah Portêgis ing tanah Indhu ngajêng= Goa ingkang sapunika nama Madras, sadaya dêdamêl wêdalan ing ngriku kacêkak karan St-Thomé, wontên ing tanah Jawi têmbung wau kalantur dados nama: Satomi, satunggalipun kaanggêp kêmbaranipun nama: Satama, ing salajêngipun nama Kyai Satama: Nyai Satomi.
Kangjêng Nyai Satomi akalihan Si Jagur wau kala kinanipun kaanggêp dados sisihanipun, punika kula botên sagêd nyulayani, jalaran barang ingkang sanès wangun, trakadhang sanès wujud, punika sagêd ugi kadamêl sisihan, ingkang rèmèh kemawon sapunika, kaca agêng dipun apit-apit piring tembok kalihan gambar, pot kuningan dipun sisihi rêca mawi bancik, makatên punika manawi griya Walandi limrah, nagari sanajan gèsèh wujud sarta kawontênanipun, wontên ingkang kaanggêp sisihan, Bantên, poncot tanah Jawi sisih kilèn, kalihan Bali pulo ing sawetan poncotipun tanah Jawi, Bantên, akalihan Bali punika sami atêgês sajèn, ing cara Jawi Kina (Oud Javaansch) Bantên kaanggêp kramanipun têmbung Bali. Lênggahipun: Bali [Ba ...]
--- 88 ---
[... li] punika basa Polinesiah, sajèn têmbung Sangskrita. Ewadene manawi Satama Satomi wau kacriyos sakêmbaran punika dora, mirid wujudipun beda sangêt, kados ta:
Ha. Kangjêng Nyai Satomi prunggunipun jêne, calangapipun ing pucuk alus, ing bongkot ngangge gêlangan, ing nginggil wontên tatahanipun (jêglogan) tigang panggenan, wapên Portêgis (Portugeesch Rijkswapen) sarta wapênipun Prabu Dhon Karlos (Wapen van Don Carlos) tuwin wontên sêratan Latin, sêkar-sêkar: half gegraveerd nanging wosipun XOLUXS wancahanipun (verkorting) têmbung: Criste O lux salvationis têgêsipun, Christus O recht mijner redding, kirang langkung Jawinipun: Nabi Ngisa, O, pandam sêsuluhing kasampurnan kita.
Na. Kyai Satama prunggunipun sulak abrit, calangaping pucukipun mawi gêgêl, ing bongkot ngangge rêrênggan dhapur tangan ambithi= anjagur (mila karan Si Jagur), nginggil mawi tatahan Sastra Latin: Esme ipsa ranatasum kirang langkung Jawinipun: dumadiku iku saka awakku dhewe= saking pangintên kula kajêngipun: awakku dhewe wau: awakke dhewe mriyêm, dados ingkang kacithak dados Si Jagur wau lêburan mriyêm lami ingkang sampun botên kangge= têmbung: awakku dhewe ingkang nuwuhakên pangothak-athik. Atêgês punapa malih kajawi tiyang, lajêng ngawontênakên dongengan warni-warni, sami mastani manawi asli saking malihan tiyang.
Miturut katrangan ingkang kantun piyambak, pamanggih kula sampun têrang manawi: Kyai Satama sarta Kangjêng Nyai Satomi punika asli saking Portêgis, kalih pisan sapunika sami dados pêpundhènipun tiyang kathah.[6]
S. Suhari
Mahabarata
(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5)
Gêntos kacariyos Sang Nala. Lampahipun kalunta-lunta, lajêng dumugi ing wana ingkang anglêrêsi kabêsmi. Latunipun akantar-kantar kados sundhul-sundhula ing mega. Ing salêbêting wana wau nuntên kapirêng wontên swara makatên: O, Nala, tulungana aku. Aku anjaluk tulung, Nala. Swara wau sangêt amêlas-asih, pramila Sang nala botên angetang gênging bêbaya, lajêng malêbêt dhatêng urubing latu, nêdya mitulungi ingkang kawêlas-asih wau. Sadumugining têngah-têngah sumêrêp sawêr agêng nglêkêr. Sawêr wicantên atata janma makatên: Nala, aku iki Nagaraja, kêna ing supataning brahmana, [brah ...]
--- 89 ---
[... mana,] têmah ora bisa mingsêd saka ing panggonanaku. Bisaku luwar saka ing papacintraka mung yèn ditulungi Sang Nala. Mulane aku jêlih-jêlih anguwuh Sang Nala. Saiki aku singkirna saka sajroning gêni iki, kowe bakal dak walês ing kabêcikan.
Sawêr naga lajêng kajunjung, kawêdalakên saking satêngahing latu. Sarêng sampun dumugi ing jawi, Sang Nala lajêng dipun cakot. Sakala Sang Nala malih sipatipun dados sakalangkung awon, kados saraita.
Sawêr naga lajêng wicantên malih: Wruhanamu, Nala, olèhku nyalini sipatmu iku prêlune supaya wong-wong aja ana sing bisa nêngêri marang kowe, bisaa pangling babarpisan. Dene wisaku kang rumasuk marang awakmu, ora pisan-pisan agawe lara marang awakmu. Mung Si Kali kang manggon ana ing sajroning atimu bakal jêmpalikan, ora kêlar nandhang ampuhing wisaku. Saiki kowe mênyanga ing nagara Ayodya, suwitaa ing Prabu Rêtuparna. Kowe ngaliha jênêng: Bauka, dadi kusir. Prabu Rêtuparna iku duwe aji-aji main. Kuwasane aji-aji iku, yèn diwatak nalikane main, amasthi mênang, era[7] bisa kalah. Ana ing pasuwitan kono kowe bakal bisa olèh aji-aji iku, ijol-ijolan karo kagunanmu ing bab panyêkêling jaran lan bab angusiri. Yèn kowe wis kalakon duwe aji-aji main, karatonmu bakal bisa bali, sarta bakal katêmu karo anak bojomu manèh. Dene yèn kowe kapengin arêp pulih rupamu kaya maune, kowe tak gawani sarat dodot iki. Yèn kowe muja sêmèdi angêningake cipta, mung eling marang aku bae, sarta dodot iku koanggo, amasthi kowe pulih kaya kang mau-mau.
Nagaraja sasampunipun ngulungakên dodot, lajêng musna, wangsul dhatêng kayanganipun walih.[8] Nala lajêng dhatêng nagari Ayodya suwita dhatêng Prabu Rêtuparna dados kusir.
Gêntos kacariyos Prabu Bima. Sarêng midhangêt lêlampahanipun putra sarta putra mantu, lajêng utusan angupadosi. Brahmana pintên-pintên kasêbar kadhawuhan anjajah sakathahing nagari, angupadosi putra-putra wau. Wontên brahmana satunggal ingkang dumugi ing nagari Cêdi. Wontên ing ngriku sagêd sumêrêp dhatêng Dèwi Damayanti. Sanajan [Sanaja ...]
--- 90 ---
[... n] sang putri dhumawah ing sangsara makatên, ewadene botên pandung dhatêng wêrnanipun, amargi endahing wêrni botên sagêd sirna babarpisan. Sang putri lajêng dipun purugi, dipun cariyosi ing bab kasugênganipun ingkang rama tuwin ingkang ibu, punapa malih sadhèrèk-sadhèrèkipun. Dèwi Damayanti sarêng angawasakên brahmana wau inggih lajêng kèngêtan, yèn brahmana wau anama Sudewa, kêkasihipun ingkang rama. Sang dèwi lajêng muwun.
Sang pramèswari, ibunipun Prabu Rêtuparna inggih lajêng priksa dhatêng larah-larahipun Dèwi Damayanti. Dadosipun, sang dèwi punika kapenakanipun sang pramèswari piyambak. Ibunipun Dèwi Damayanti punika sadhèrèkipun èstri sang pramèswari. Sang putri lajêng dipun boyongi dhatêng nagarinipun ingkang rama mawi pakurmatan agung. Wontên ing ngriku kapanggih kalihan ingkang rama sarta ingkang ibu, tuwin ingkang putra kalih pisan. Ewadene raosing panggalih dèrèng sagêd marêm, jalaran dèrèng kapanggih kalihan ingkang raka: Prabu Nala.
Enjingipun sang putri nyuwun palilah dhatêng ingkang rama badhe utusan ngupadosi ingkang raka, mawi kadhawuhan angungêlakên uran-uran, makatên suraosipun:
O, priyantun ingkang rêmên kasukan.
Sampeyan gèk wontên ing pundi.
Dene măngga anilar badan kawula.
Sinjang kula têka sampeyan pêdhot ingkang sapalih.
Garwa sampeyan sapunika nandhang prihatos.
O, ambok sampeyan ngandika sakêcap kemawon, sagêda dados panglipur.
Sarta malih brahmana wau sami kawêling, manawi wontên ingkang nyauloni uran-uran wau, kadhawahan analiti bab lêlampahanipun, lajêng kaaturna dhatêng sang putri.
Sarêng sampun sawatawis dangu, wontên satunggal brahmana ingkang wangsul, matur yèn mêntas dhatêng saking kadhatonipun Prabu Rêtuparna. Wontên ing ngriku sang prabu utawi para priyantun botên wontên ingkang nyauloni. Namung sarêng badhe kesah, wontên tiyang bajang warninipun kiwa, tanganipun kwaga amurugi, namanipun Bauka, dados kusiripun sang prabu. Punika wicantên makatên kalihan angêsah: Sang brahmana, tiyang èstri ingkang suci manahipun punika, sanajan katilar dhatêng ingkang jalêr, botên badhe dhumawah ing kanisthan. Kasusilanipun ingkang minăngka dados kawacanipun. Sarta malih botên badhe gadhah manah nêdya nandukakên wêwalês awon dhatêng semahipun. Tiyang èstri ingkang luhur bêbudènipun, botên badhe nguring-uring tiyang ingkang kambah ing sangsara, ngantos kawudan, margi sinjangipun kaibêrakên [kaibêrakê ...]
--- 91 ---
[... n] dhatêng pêksi. Punapa malih sarêng sapunika sampun pisah kalihan ingkang èstri, gulagêpan katêmpuh ing aluning kasangsaran ingkang gagulungan.
Dèwi Damayanti sarêng mirêng aturing sang brahmana makatên punika lajêng utusan Brahmana Sudewa dhatêng nagari Ayodya. Pangandikanipun makatên: Paman, sapunika ugi sampeyan mangkat dhatêng Ayodya, sowan ing Prabu Rêtuparna. Sampeyan matur, yèn putrinipun Prabu Bima ingkang anama Dèwi Damayanti badhe ngadêgakên sayêmbara pilih malih. Kalihan malih yèn sampeyan dipun dangu sang prabu, benjing punapa kalampahanipun, sampeyan matur dora sêmbada makatên: Saking kintên kula, benjing enjing wanci byar, tamtu sang dèwi badhe wiwit ngadani sayêmbaranipun, badhe milih ingkang badhe dados jatukramanipun. Sabab sang putri botên sagêd priksa, Prabu Nala taksih sugêng punapa sampun murud ing Suralaya.
Lampahipun Brahmana Sudewa ing margi botên kacariyos. Sadhatêngipun ing nagari Ayodya lajêng matur dhatêng Prabu Rêtuparna kadosdene wulangipun Dèwi Damayanti. Sang prabu sarêng mirêng aturipun Brahmana Sudewa lajêng murugi panggenanipun Bauka. Dhawuh makatên: Bauka, kowe iku wis misuwur bisamu nglakokake kareta. Ing jagad tanpa timbang. Dina iki uga aku arêp mênyang nagara Widarba, bisaa têkan sadina. Sesuk esuk, umun-umun, Dèwi Damayanti arêp ngêdêgake sayêmbara pilih manèh. Kowe rak ya bisa, ta, nglakokake kreta, nêkakake sêdina.
Bauka mirêng pangandikanipun sang prabu makatên wau lajêng kèngêtan dhatêng papacintrakanipun. Manahipun sakalangkung kumêsar. Batosipun makatên: E, la, kok apês têmên awakku. Kêpriye dene bojoku kok arêp ngadêgake sayêmbara pilih manèh. Apa kagawa saka susahing atine, dene nganti mangkono. Apa ênggone ngadêgake sayêmbara iku mung dianggo gêlar bae. Yèn iki pancèn sayêmbara têmênan, dadi iya kanyatan kandhane uwong, yèn wong wadon iku ora têtêp kasêtyane. Nanging yèn tak pikir dawa, tatela yèn pancèn aku sing kêbangêtên ênggonku agawe laraning atine. Dadi, mêsthine iya larut sihe marang aku. Mangkono iku wis pantês bae. Ananging yèn tak pikir-pikir manèh, la anake gèk kêpriye.
Bauka manahipun dipun olak-alik mêksa botên sagêd andugi-dugi kadospundi jêblosing lêlampahan punika. Pramila sumêdya badhe sumêrêp kanyataanipun. Lajêng matur sagah dhatêng sang prabu, andumugèkakên ing sadintên. Sanalika kreta titihanipun sang prabu dipun rakiti, kapilihakên kapal rakitan ingkang kêras piyambak. Sarêng sampun sêdhiya, sang prabu lajêng nitih. Kapal [Kapa ...]
--- 92 ---
[... l] dipun sandêrakên, lampahipun prasasat angin. Swaraning kareta gumludhug kados guntur. Bauka anyêpêngi tangsuling kapal dados wuruk. Lampahing kareta sumrapat kados ibêring pêksi, anglangkungi lèpèn-lèpèn sarta rêdi botên mawi kandhêg, wana sarta têlaga pintên-pintên ingkang kalangkungan, sang prabu krudhukipun dhawah kabuncang, dhawuh dhatêng Bauka, kapurih ngèndêlakên karetanipun sakêdhap. Ananging Bauka mangsuli atur makatên: Gusti, dhawahing singêb dalêm sampun kapêngkêr pintên-pintên yujana. Manawi dipun wangsuli, tamtu angrêndhêtakên lampah.
Anggènipun matur makatên punika kasambi anggêlak kapalipun, botên pisan-pisan purun angrindhikakên.
Lampahing kareta lajêng dumugi ing salêbêting wana agêng. Ing ngriku wontên wit jênitri[9] sakalangkung agêngipun. Sang prabu angandika dhatêng Bauka: He, Bauka, kowe durung wêruh marang kapunjulaku mêmilang. Pancèn iya mung kuwi kapintêraku. Pancèn manungsa iku ora ana sing mumpuni ing samubarang. Ananging bisa marang sawijining kawruh, marang kawruh sing liyane sok ora bisa babarpisan. Aku bisa wêruh, yèn uwoh lan godhonging uwit kuwi, sing amblasah ana ing lêmah kèhe angungkuli sing isih ana ing uwit, kacèk 101, êpanging uwit sing makah dadi loro iku godhonge ana limang yuta. Uwohe ana rong èwu limang atus sangang puluh lima. Mara, yèn kowe arêp wêruh bênêr lan orane, nyatakna.
Bauka sanalika lajêng mêmakak kapalipun, mandhap saking kareta sarta matur: Manawi makatên, uwit punika badhe kawula têgor rumiyin, badhe kawula wical godhongipun sarta uwohipun.
Sang prabu sangêt anggènipun mênggak, ngajak nglajêngakên lampah enggal-enggalan, ananging Bauka botên anggatosakên. Andumugèkakên niyatipun ngantos rampung. Sarêng sampun rampung anggènipun mical uwohipun, lajêng munjuk: Gusti, pancèn angeram-eramakên kawêgigan dalêm ing bab amêmical. Panuwun kawula mugi karsaa mulang dhatêng kawula.
Sang prabu panggalihipun kasêsa sangêt, adaya-daya sagêda tumuntên dumugi ing Widarba. Lajêng ngandika makatên: Mungguh kabisanku mêmilang iku gandhèng karo kabisanku main. Yèn kowe gêlêm muruki aku bab nglakokake jaran, aku iya gêlêm ijol-ijolan, muruki bab main iku.
Bauka inggih sagah. Sarêng sampun dipun wêjang bab kagunan main wau, ing sanalika ngriku Bathara Kali mêsat saking salêbêting manahipun Bauka. Bauka kraos lêga sarta bingah, enggal-enggal nyalingkrik minggah ing rata malih anggêlak kapalipun. Lampahipun prasasat angin, kados mibêr kemawon. Sang prabu [pra ...]
--- 93 ---
[... bu] botên kasêsa mundhut kawêjang salika,[10] jalaran amrêlokakên ambujêng lampah.
Sêrap blês sami dumugi ing Widarba, swaraning rodha kumrasak anggêgêtêri. Titihanipun Sang Nala ingkang taksih wontên ing nagari Widarba, wontên salêbêting gêdhoganipun Prabu Bima sami gorèh mirêng swara wau, sabab botên pandung, yèn ingkang nglampahakên rata: gustinipun, Dèwi Damayanti inggih têrang pamirêngipun. Gumludhuging rata, ing pangraos kados swaraning jawah sinêmèdi. Sang dèwi jumênêng wontên ing undhak-undhakan ngajêng-ajêng rawuhipun Sang Nala kalihan ambatos makatên: Sing rawuh iki mêsthi Sang Nala, kêtara saka swaraning rata iki. Atiku ora kêna dicolong. Ing dina iki uga yèn aku ora dirangkul Sang Nala, angur aku matia. Adhuh, Sang Nala, guru laki kula, botên wontên ratu ing ngarcapada ingkang papak kalihan panjênêngan. Lêgawa tur prawira ing pêrang. Ambêk darma tur ambêk santosa.
Botên dangu Prabu Rêtuparna mandhap saking rata. Sangêt gumunipun amriksani ing ngriku, dene botên wontên antawisipun, yèn ngadêgakên sayêmbara. Wondene Prabu Bima, sarèhne botên dipun aturi priksa bab karsanipun sang dèwi, inggih botên priksa punapa-punapa, namung ngintên, yèn rawuhipun Prabu Rêtuparna punika namung mara tamu. Dipun tampèni kanthi sarjuning panggalih. Lajêng andangu, punapa wontên prêlunipun ingkang wigatos. Prabu Rêtuparna ing panggalih radi kacipuhan, ananging sagêd anutupi pakèwêdipun, matur makatên: Anggèn kula sowan mriki punika, sapisan kangên, kaping kalih: namung tuwi.
Prabu Bima radi gumun, sabab, têbih ngrika têbih ngriku, yèn namung martuwi kemawon kok mokal. Ewadene anggènipun mangsuli panggah ing rêsêpipun: Anak prabu saklangkung bingah kula sampeyan tuwèni. Tamtunipun anak prabu sayah sangêt. Kula aturi ngaso-ngaso ingkang sakeca.
Prabu Rêtuparna lajêng mundur saking ngarsanipun Prabu Bima, amasanggrahan. Wondene Bauka dhatêng ing gêdhogan, angopèni kapalipun. Tumuntên angglethak wontên ing banciking rata alèyèh-lèyèh.
Dèwi Damayanti sakalangkung kacuwan panggalihipun, jalaran Sang Nala botên wontên katingal. Ingkang katingal rawuh namung Prabu Rêtuparna, kadhèrèkakên kusiripun. Sang putri lajêng utusan para nyai andangu dhatêng kusir ingkang kwaga wau, sintên namanipun. Sarta andangu, punapa priksa watêng[11] Sang Nala. Para nyai inggih kadhawuhan ngrêrêpi wontên sangajênging kusir wau, kadosdene brahmana ingkang kautus rumiyin. Para nyai, sasampunipun anglampahi sadhawuhipun sang dèwi, Bauka amangsuli: Kula niki kusire ngiras madhaharane Prabu Rêtuparna, dene prakara Prabu Nala, botên ontên sing wêruh, sabab [sa ...]
--- 94 ---
[... bab] sanikine ilang baguse, nyalamur saparan-paran. Sing bisa wêruh têng Sang Prabu Nala ênggih mung panjênêngane dhewe, kalih garwane sing prasasat dadi salirane.
Sarêng Bauka mirêng pangidungipun para nyai wau, botên sagêd angampah wangsulan, lajêng mangsuli kadosdene anggènipun mangsuli brahmana rumiyin.
Sarêng para nyai matur dhatêng sang dèwi ing bab wangsulanipun Bauka wau sadaya, lajêng kagungan gagapan, bokmanawi kusir wau inggih malihanipun Sang Nala. Pramila lajêng utusan malih dhatêng para nyai wau, kadhawahan angintip ing sasolah-solahipun, bokmanawi wontên ingkang nganèh-anèhi utawi elok.
Botên dangu para nyai wau wangsul dharakalan, kalihan matur: Gusti, sajêg kula gêsang, kula dèrèng nate sumêrêp lêlampahan ingkang kadosdene ingkang badhe kula aturakên punika. Bauka punika manawi badhe nglangkungi kori ingkang andhap, botên mawi andhêluk, korinipun ingkang nincing minggah. Wondene kori ingkang ciyut-ciyut, manawi badhe dipun langkungi, lajêng mindhak wiyar kajêngipun piyambak. Tuwung, manawi dipun pandêng, lajêng isi toya tanpa sangkan. Yèn badhe damêl latu, namung nyêpêng rumput kemawon satêkêm, dipun bêntèrakên ing surya, lajêng bêl, murub kajêngipun piyambak. Tanganipun dipun blusak-blusukakên ing latu, botên mlonyoh, botên punapa. Yèn sêkar dipun rêmêd, botên ajur botên alum, malah mindhak sae warninipun, mindhak sêgêr, tur mindhak arum gandanipun.
Dèwi Damayanti lajêng ngandika: Bauka kuwi rak ngolah-olahake guntine.[12] Coba, aku jupukna olah-olahane sathithik.
Para nyai lajêng kesah, botên dangu wangsul ambêkta pamundhutipun sang dèwi. Sarêng sang dèwi ngraosakên olah-olahan wau, botên pandung yèn punika olah-olahanipun Sang Nala. Sang dèwi lajêng kampita, tumuntên muwun kalara-lara. Adhawuh dhatêng para nyai kalihan ngusapi wadananipun, makatên: Saiki anakku karo pisan gawanên mênyang gêdhogan.
Sarêng Bauka sumêrêp lare kêkalih wau enggal dipun plajêngi, dipun ambungi sarta dipun pangku, miwah dipun tangisi. Lare kalih tumuntên dipun andhapakên, sarta pitakèn dhatêng para nyai: Bocah loro iki kok mèmpêr têmên anakku, mulane aku nangis. Aja koêjak mrene-mrene manèh ya, bèng, kowe mundhak diarani sing ora-ora.
Dèwi Damayanti sarêng mirêng aturipun para nyai bab putranipun, nalika wontên ing gêdhogan, lajêng matur dhatêng ingkang rama sarta ingkang ibu, badhe nimbali Bauka. Inggih dipun lilani.
--- 95 ---
Sarêng sami ajêng-ajêngan, Sang Nala muwun, sabab sang dèwi ngagêm pangagêman ingkang dados pratandhaning kasusahan utawi kasripahan. Makatên ugi sang dèwi inggih muwun, sabab garwanipun katingal sakalangkung asor makatên. Lajêng andangu makatên: E, Bauka, kowe apa wis tau wêruh wong sing jarene ambêk utama, nanging jêbul kolu ninggal bojone kang lagi turu ana ing alas. Mara ta, pikirên, dosaku apa, kok jêbul ditinggal marang ratu gustiku. La măngka soking sihku mung marang panjênêngane, para dewa sing nglamar marang awakku tak tampik, aku milih panjênêngane. Apa kurang sêtya tuhuku, apa kurang gêdhe katrêsnanku. Tur aku iya wis patutan loro karo panjênêngane. Karo manèh nalika katêmu dadi pêngantèn, ngandika prasêtya mêngkene: Disaksènana bumi langit, aku ora bakal angowah-owahi katrêsnanku marang kowe ing donya têkan ing dêlahan.
Sang Nala lajêng mangsuli kalihan muwun: Yayi dèwi, mungguh ênggonku kasukan nganti andhadhalake karaton, sarta ênggonku ninggal marang yayi dèwi iku satêmêne dudu saka karêpku dhewe. Marga diridhu marang Sang Kali. Ing saiki aku wis luwar saka pangridhune brêkasakan iku. Ênggonku têka ing kene iki iya mung marga saka sihku marang yayi dèwi. Mung wae aku saiki ora bisa ngrêti, dene yayi dèwi kok ngadêgake sayêmbara pilih manèh, arêp golèk jatukrama manèh. Kuwi kêpriye dununge.
Sang Dèwi sariranipun lajêng gumêtêr, panggalihipun sarsaran, tumuntên ngaturakên jatining karsanipun prakawis anggènipun ngadêgakên sayêmbara pilih wau, namung kadamêl srana murih sagêda kêpanggih kalihan ingkang raka. Punapa malih aprasêtya bilih ing salaminipun pêpisahan, botên pisan alampah sèdhèng, dadosa ing lair utawi ing batos. Panggalihipun tansah kumanthil-kanthil dhatêng panjênênganipun.
Wantuning putri utama, sarêng sang dèwi ngandika prasêtya makatên wau lajêng sinauran ing pradăngga suralaya. Para dewa anurunakên jawah sêkar miwah gănda arum angambar.
Sang nala lajêng ngagêm krudhuk anggènipun nyukani nagaraja rumiyin punika, satêmah wangsul pêkikipun, kados Hyang Kamadewa tumurun. Sang dèwi rinangkul kinêkêp-kêkêp ing jajanipun. Ing pangraos, sang dèwi kados manggèn ing kaendran, mèh botên kuwawi angraosakên gênging kabingahanipun.
Prabu Bima sarta sang pramèswari, sarêng midhangêt lêlampahan wau sakalangkung rênaning panggalihipun, prasasat manggih kancana sawukir. Makatên ugi para kawula inggih sami abingah-bingah mangun suka andrawina. Salêbêting nagari rinêngga-rêngga sarta kapajang-pajang kadosdene nalika kêpanggihipun dados pangantèn. Sang dèwi sariranipun mantun anglayung, têmah rumêmbe pindha tatuwuhan ingkang mêntas katrajang ing
--- 96 ---
măngsa katiga panjang, lajêng kadhawahan ing jawah ingkang dêrês.
Wondene Prabu Rêtuparna, sarêng sampun dipun aturi priksa mênggahing larah-larahing lêlampahan, inggih bingah sarta lêga panggalihipun. Konduripun dhatêng nagarinipun ngagêm kusir sanès.
Sang nala anggènipun wontên ing kadhatonipun marasêpuh namung sawulan, lajêng tindak dhatêng tilas karatonipun, nitih rata apangirid turăngga seta. Sadumuginipun ing kadhatonipun ingkang rayi, ing nagari Nisada lajêng nantang kasukan malih. Makatên pangandikanipun: Puspakara, aku mêntas olèh nang-nangan karaton anyar. Ayo saiki kasukan manèh. Mungguh kang dadi tohe, saiki, babarpisan bae. Kowe kraton saduwèk-duwèkmu dalah awakmu, aku iya saduwèk-duwèkku. Dalah garwaku Damayanti sarta awakku iya dak katutake dadi êtoh.
Prabu Puspakara mirêng panantang ingkang makatên wau gumujêng latah. Sakalangkung anggènipun mêjanani. Ing batos dhasar bingah sangêt, dene rumaos badhe kadumugèn karsanipun, sagêd angsal mênangan Dèwi Damayanti. Lajêng sami wit kasukan. (Taksih wontên sambêtipun)
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
1 | dalanmu. (kembali) |
2 | purasani. (kembali) |
3 | nyeluman. (kembali) |
4 | sangêt. (kembali) |
5 | § Ing Sêrat Cênthini, Rêdi Bayangkaki wontên talatahipun Kadhiri. (kembali) |
6 | § Sarèhning ingkang dêdongengan asli saking Bantên, mila ing tanah Jawi Kilèn ingkang sangêt mêmêtri Si Jagur punika têtiyang Bantên. (kembali) |
7 | ora. (kembali) |
8 | malih. (kembali) |
9 | § Wohipun kadamêl dhadhu, kangge main. (kembali) |
10 | sanalika. (kembali) |
11 | dhatêng. (kembali) |
12 | gustine. (kembali) |