Wara Susila (Edisi 04), Hadiwijata, 1923, #1310

Judul
Sambungan
1. Wara Susila (Edisi 02), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
2. Wara Susila (Edisi 03), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
3. Wara Susila (Edisi 04), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
4. Wara Susila (Edisi 05), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
5. Wara Susila (Edisi 06), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
6. Wara Susila (Edisi 07), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
7. Wara Susila (Edisi 08), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
8. Wara Susila (Edisi 09), Hadiwijata, 1923, #1310. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Wara Susila.
Citra
Terakhir diubah: 07-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wara Susila No. 4.

Tuwanggana bab agami "Para Ahlul 'Ilmi" ing Surakarta.

Pêmbantu ingkang têtêp "Pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu" ing Surakarta.

Kawruh iku ajine angungkuli rajabrana.

Awit ingkang asma Allah Kang Maha Murah tur Maha Asih.

Pamularsih.

[Maskumambang]

1. kambang-kambang kumêmbêng waspa drês mijil | Ni Wara Susila | dènnya sru nahên prihatin | prihatin tan tinrêsnanan ||

2. ring sanggyaning para ingkang dèn sowani | dènnya wus asowan | kaping tri nging mêksa maksih | wontên ingkang kirang trêsna ||

3. punapa ta tandhane kirang nrêsnani | yèn nampi (sowanipun Wara Susila No 1 – 2 sarta 3) akarsa | nanging awrat yèn pêparing | kadarman wragad panyithak ||

4. mila mangke mêksa anêmpuh byat malih | sowan pra nupiksa | ingkang dèrèng karsa paring | kadarman wragad panyithak ||

5. wigatine nyowani sapisan malih | mlasasih ngrêrêpa | nyênyuwun lumunturing sih | pi- | narêngna panyuwunnya ||

--- 66 ---

6. gih punika mugi karsa amêlasi | karsaa langganan | salajêngipun aparing | urunan wragad panyithak ||

7. yèn sanyata botên karsa amêlasi | amaring kadarman | măngka wragad busana di | (anyithakênan) [1] dipun tulaka kewala ||

(Yèn makatên: Wara Susila pancèn bingah yèn katulak utawi kawangsulakên kemawon).

8. dhuh Pangeran dzat ingkang wêlas lan asih | ingkang akagungan | daya kêkuwatan yêkti | nguwatna Wara Susila ||

9. wit yèn tuwan botên karsa apêparing | daya kêkuwatan | dhatêng Wara Susila di | yêkti badhe tan widada ||

10. ing satêmah badhe botên akuwawi | ngatas dhawuh Tuwan | nyunarkên hidayat (pitêdah) jati | kang mrih ayuning bawana ||

11. adhuh Allah Tuwan mugi anêksèni | gèn kita samangkya | ngêtog kakiyatan Gusti | ngadèkkên Wara Susila ||

(Damêl adining Wara Susila, sarana samangke kacithak mawi dalancang ingkang langkung sae sarta asamak kandêl kados W.S. No. 4. punika).

12. kang makatên murih tinrêsnanan sami | ing para nupiksa | ingkang sami dèn sowani | trêsna trus paring kadarman ||

13. ewadene yèn mêksa tan dèn trêsnani | kita asung pasrah | ring Tuwan Kang Maha Asih | jroning pasrah tadhah barkah ||

__________

Nuwun, sarèhning para ingkang dipun sowani Wara Susila ngantos kaping 3 taksih kathah sangêt ingkang dèrèng paring katrangan [katranga...]

--- 67 ---

[...n] têtêpipun karsa langganan, salajêngipun lajêng paring arta kadarman waragad panyithak, mila ing mangke anggèn kita maès-maèsi nini Wara Susila, mrih tinrêsnanan ing para nupiksa, ing mangke wiwit wêdalipun W.S. ingkang No. 4. punika lajêng kita cithakakên sarana dalancang ingkang langkung sae malih sarta asamak kandêl, cêkakipun kita botên ngetang indhaking waragad, jangji W.S. kathah ingkang anrêsnani, dhasar kêkudangan kita, W.S. pancèn sagêda dados waosan ingkang endah tumrap para putri sarta para kakung ing tanah Jawi, mila ingkang sampun dipun sowani W.S. ngantos kaping 3 ingkang dèrèng paring katrangan têtêpipun karsa langganan punika, taksih dipun sowani sapisan malih, parlunipun kita nyuwun katêrangan: punapa ... pancèn tega dhatêng kukuding jiwangganipun W.S.? Manawi botên mugi lajêng kaparêng migatosakên pamularsih ing ngandhap punika:

a. Manawi pancèn botên karsa langganan, murih botên andamêl kukuding jiwangganipun W.S. panjênêngan kita suwuni mugi andhanganakên paring kadarman arta f 1 (ingkang lêrêsipun f 1,35) dumunung dadosa panumbasipun W.S. sakawan pisan, ewadene manawi mêksa awrat paring kadarman W.S. ingkang sampun katampi kita suwun wangsul, yèn ta lêpata salah satunggal punika .... Lan malih sarèhning panjênêngan sanyata botên ambêtahakên [a...]

--- 68 ---

[...mbêtahakên] W.S., manawi kaparingakên wangsul, saèstu lajêng piguna agêng tumrap para lêngganan ingkang kantun ingkang ambêtahakên, amargi jangji para lêngganan ingkang kantun masthi mundhut saking wêdalipun W.S. saking kawitan (No. 1) ing măngka W.S. No. 1 sasampun têlas, sampun wontên ngasta panjênêngan sadaya.

b. Manawi kaparêng lêngganan, kita muji sukur, salajêngin[2] mugi lajêng kaparênga paring katêrangan kanthi anyartani arta pambayaring lêngganan, makatên punika kita srantosakên dumugi tanggal kaping 10 Agustus ngajêng punika, langkung-langkung tumraping kitha Surakarta ingkang sampun dipun caosi pos wisêlipun W.S. punika inggih lajêng amarlokna paring pambayaran, mêdal pos, amargi juru lampah-(luper) ipun W.S. dèrèng sumêrêp dununging kampung utawi dalêmipun. Lan malih anggèn kita nyabarakên dumugi wêwangên wau parlu badhe nyrantosakên kathahipun ingkang sami angarsakakên langganan, manawi sampun kasumêrêpan sapintên kathahipun, panyithak kita W.S. lajêng kita kontrakakên kathahipun miturut cacahipun ingkang lajêng têtêp karsa langganan, supados makatên wau lajêng anjalari andadosakên kumandêlipun para langganan, sarta kamayaranipu[3] W.S. Punapadene malih sênêngipun pangêcapan ingkang nyithak, salajêngipun taun 24 ngajêng punika rêgining W.S. kalampahana sagêd suda 25% sayêktos (of langkung saking 25%).

--- 69 ---

c. Manawi pamularsih kalih warni ing nginggil wau, botên karsa anggatosakên, kita sampun botên sagêd punapa-punapa malih, amargi panjênêngan sampun masthi sagêd amastani dhatêng salira pribadi.

Wondene atur kita dhatêng para ingkang badhe ngarsakakên langganan, gêgandhengan kalihan parlu ngrêksa widadaning W.S. botên badhe kita tampi dados langganan manawi botên karsa paring-paring pambayaran rumiyin, dados sagêd kita anglêksanani, sagêd-sagêd kita namung nyaosi W.S. satunggal nomêr, punika kemawon sasampunipun kawaos, manawi botên saèstu langganan lajêng kita suwun wangsul, amargi parlu badhe kaaturakên dhatêng sanèsipun malih, ingkang sanyata amêlasi, sarta rêmên dhatêng kamajênganipun Wara Susila, lan malih panyuwun kita dhatêng para lêngganan ingkang sawêg ambayar f 1. sarèhning sampun pundhat sakwartalipun, lajêng kula aturi paring pambayaran malih, manawi botên, sampun kagungan pangajêng-ajêng dipun sowani Wara Susila ingkang kaping gangsal, kula aturi èngêt, ngontrakakên panyithak punika, wragadipun inggih kêdah saking para lêngganan. Wasana tutuping pamularsih punika kita namung nyuwun pangaksama dhatêng para nupiksa sadaya.

Wassalam, pangripta, wisesa sarta juru citra.

--- 70 ---

Sêrat Uni Mumpuni.

Sambêtipun W.S. No. 2.

[Pangkur]

1. ing mêngko uwus têtela | kinawruhan lamun Al Kuran Sarip | marentahakên satuhu | marang para manungsa | kadi ayat kang wus pratela ing dhuwur | ing rèh ngajèni wanodya | suprandene kang kaèksi ||

2. kèh-kèhe băngsa Indhiya | ngaku wikan jatine kurang ngêrti | ing Islam parentahipun | tăndha tan linakonan | ing têtêpe wajibe sujalma kakung | karya ajining wanodya | mangkono uga pawèstri ||

3. kurang pasinaonira | marang Islam nora tumanêm ngati | marma panarkaning kalbu | lamun agama Islam | nora asung kamardikan kang satuhu | mring sagunging pra wanita | kang kudu sinungan aji ||

4. ing măngka yèn tinêtêpan | sakarone mungguh wajibing èstri | kalawan wajibing kakung | dènnya ajêjodhoan | lah saiba bêcike yèn budi tulus | sayêkti antuk kabêgjan | ing dunya prapta ing akir ||

5. awit sanadyan wêruha | tanpa karya yèn namung nyumurupi | prentahing Islam kang luhung | yèn tan kanthi linakyan | myang cinathêt kang bêcik surasanipun | de kang katon iki nyata | pancèn padha durung bêcik ||

6. priya kalawan wanodya | ing saênggon-ênggon wus mratandhani | tuhu kurang kawruhipun | marang piwulang Islam | kang kalawan sabênêre tindakipun | yèku [yè...]

--- 71 ---

[...ku] babing pakurmatan | arang kang padha nêtêpi ||

7. Sèh Ngabdulah Kuiliam | angandika sadhengah pra muslimin | tan mung kinon bêkti ibu | nadyan mring lyan wanita | kinèn uga angurmati ingkang mungguh | sih trêsnaa trus ing driya | pangeman kalawan adil ||

8. ing jamane băngsa Ruman | yèku ingkang miwiti luwih dhingin | tinimbang Islam puniku | sagunge pra wanodya | duk samana siniya-siya kalangkung | datan antuk pakurmatan | bangêt inaning pawèstri ||

9. priya ing Rum anggêpira | mring wanita pinadha lan piranti | miwah paraboting wangun | kang wênang dèn êdola | myang tinuku mangkono kang wus kalaku | lah iku lamun rinasa | pancèn bangêt tan mantêsi ||

10. awit mungguhing panimbang | paran dènnya narik drajating aji | myang luhuring kraton Ngêrum | ingkang dahat santosa | ing tumrape karajan gêng liyanipun | kang padha nunggal jamannya | lan nata ing Ngêrum nguni ||

11. suwe-suwening lêlakyan | ajinira wanodya tan pinikir | têmah padha ting balulung | dununge pra wanita | wus katongton manggon ing saênggonipun | munggèng panggung pawayangan | lumaku ijèn nèng margi ||

12. wênèh anèng pakoplakan | kang mangkono yêkti ngilangkên aji | nênarik pra priya ing Rum | kang ulah palancongan | padha suka kasêngsêm ing tindak saru | sarujuk lan èstri nistha | ing kono têmah miwiti ||

13. amblêsing karajan Ruman | ing wêkasan sirna

--- 72 ---

labêting aji | mangkana kang wus kalaku | dene kang ingsun sêdya | pakurmatan marang wanodya kang mungguh | iku nora nguswa asta | lan tan mung bukaki topi ||

14. nging urmat mring khaking drajat | ingkang mungguh tumrape pra pawèstri | tanapi dènnya nyinau | wulang têtêping iman | subasita sinantosakna satuhu | kang kanggo sadina-dina | tumindaking băngsa Jawi ||

Taksih wontên sambêtipun.

H. A. H. Z.

__________

Kamajênganipun Sadhèrèk Èstri.

Sambêtipun W.S. No. 3.

Na. Ambakoni bale griya saisinipun, ing ngriku wanita prasasat jumênêng nata (ngratoni bale griya) ingkang tanpa watês panguwaosipun. Bangbang pangalum-aluming praja (tata têntrêming griya) karêgêm ing tanganipun. Para maos mangrêtos, ingkang makatên wau awrat sangêt sêsanggènipun. Manawi praja, wontên piyambak ingkang dipun pasrahi ngubêtakên wontênipun arta, wontên ingkang dipun pasrahi, manah bab pangadilan, kapulisèn, yayasan-yayasan, pangajaran lan sapanunggilanipun. Bale griya saisinipun punika kenging kasamèkakên kalihan praja (nagari) saisinipun ugi. Malah miturut wêwarahipun Tuwan Insinyur Vrèdhe wontên ing parêpatan agêng Budi Utama ing Ngayogyakarta [Ngayogyakar...]

--- 73 ---

[...ta] enggal mangke, tatanan praja punika kêdah kados tatanan bale griya. Wontênipun praja punika margi wontên bale griya (tiyang sakulawarga kêmpal-kêmpal dados dhusun. Dhusun kêmpal-kêmpal dados ondêr dhistrik, ondêr dhistrik kêmpal dados kadhistrikan, makatên sapiturutipun).

Ca. Dados têtimbanganing priya. Wosipun sagêda kenging kaajak rêrêmbagan tumrap samudayaning prakawis, suka têtimbangan, mudhoni rêmbag, punika pêthinganing wanita. Dados manawi kaajak tantunan sampun namung sagêd mungêl inggih utawi iya kemawon, utawi sampun namung kèndêl thok.

Ra. Ngrumaosi dados warganing tiyang kathah anggènipun sami gêsang sêsarêngan, liripun makatên, gêsangipun piyambak punika ingayoman ing praja, praja makatên dadosipun saking kawula (tiyang kathah). Botên wontên kawula inggih sêpên praja. Dados manawi dipun bêsut malih ingkang ngayomi gêsang kula wau satêmênin[4] inggih tiyang kathah (kawula) ingkang sami gêsang sêsarêngan. Pramila sagadug-gaduging manah ing lair batos kêdah tumut-tumut ngindhakakên saenipun kawontênaning kawula, wosipun: usul nindakakên lampah ingkang maedahi tiyang kathah sasagêd-sagêdipun[5] amargi ingkang makatên [maka...]

--- 74 ---

[...tên] wau èstunipun inggih nama andandosi kabêtahanipun piyambak.

Dumunung ing kawan bab wau anggèn kula mapanakên gêgayuhanipun sadhèrèk èstri. Dados manawi para sadhèrèk èstri tumut anggêbyur ombaking jaman kamajêngan, purugipun majêng

--- 75 ---

manawi pamanggih kula, utaminipun dhatêng kuwajiban kawan bab ing nginggil wau. Lare èstri dipun sakolahakên punika manawi pamanggih kula èsthining sêdya, badhe anggayuh sagêdipun ing têmbe wingking ngênggèni kawan bab ingkang kula aturakên wau. Makatên ugi upami para wanita ngadani pakêmpalan, sêdyanipun apêsipun botêna mrojol saking ancas kawan bab kasêbut ing nginggil. Sêrat kabar waosanipun para sadhèrèk èstri, apêsipun inggih kêdah nuju gêgayuhan kawan bab wau. Makatên manawi pamanggih kula, lêrês lêpat nyumanggakakên.

Pun Sut.[6]

__________

Têkadipun Wanita ingkang Klèntu.

Ing sadèrèngipun kawula mêdharakên ingkang badhe kawula aturakên, langkung rumiyin kawula nyuwun gunging pangaksama dhatêng para maos, sarta bilih wontên gèsèhing têmbungan kawula, mugi para maos agunga ing pamêngku.

Mênggah niyat kawula punika botên niyat badhe ngawon-awonakên, amung nêdya badhe damêl kasaenan, ingkang sarèhning [sarèh...]

--- 76 ---

[...ning] Wara Susila niyat nuntun kasaenan dhatêng para wanita, dados ing ngriki kawula namung angèngêtakên kemawon. Satunggiling wanita ingkang sampun lulus pasinaonipun, inggih punika sakolahan Wêlandi (Gem. Lagere Eur, School) sampun dados guru. Sêsampunipun nêdha kèndêl saking pêndamêlan guru wau, lajêng imah-imah, ingkang kakung blanjanipun ugi kathah, nanging wêdalan saking sêkolahan klas II. Para putri bilih kakungipun mêmundhut bêtah kangge kapêrluan tiyang gêgriya mêsthinipun matur sangêt kasuwun, nanging wontên ugi ingkang botên makatên, pinuju kakungipun kundur saking pêndamêlan têrus mundhut kopi ingkang mêntah 3 katos, sarawuhipun ing dalêm, ingkang putri mêthukakên, bungkusan kopi katampèn putrinipun, iki bungkusan apa ta, mas. Kopi, jêng. Wong lanang lancang tuku kopi dadak ngene, apa sèh, sapa kang gêlêm gorèng utawa bêbak, apa aku dadi bature, suthik têmên aku kelangan bau. Kopi kasêbar dipun uncalakên ingkang kakung sarwi panguring-uringipun êntèk amèk kurang golèk. Ana wong lanang ora wêruh cara-carane wong omah-omah, dêlokên, ta, băngsa Walănda rak enak ta, ora rêkasa, bok rada sinau cara Walănda sathithik, aja gêblêg bangêt-bangêt, sêkolah bayar lênga bae kok arêp ngicak-icak aku, apamu, ta, aku. Aku

--- 77 ---

ora laki wis enak kok bisa golèk bayar dhewe. Lah makatên tekadipun, ngantos negakakên ing priyanipun, lêlampahan makatên wau punapa sampun samêsthinipun kangjêng ibu.[7]

Taksih wontên sambêtipun, kakarang dening kawula tiyang mêrdika: Wara Kusdiyah – Malang.

__________

Panguripaning Agama.

Lagu Witing Klapa.[8]

1. dhuh pra siswa[9] ditêmên ngudi agama | pirantine uripira | anèng donya | aja padha asêmbrana | urip pisan mung sadhela ||

2. wêruhana jroning Kuran lan tindakna | yèn tan wêruh

--- 78 ---

olèh siksa | anèng nraka | ing naraka isi mawa | panase kagila-gila ||

3. lakonana dhawuhe Allah Tangala | yèn ngèstokke masthi bêgja | dhuh pra siswa[10] | masthi bêgja kerat donya | awit Allah nora cidra ||

4. pangancam lan pangêbange mring manungsa | anèng nraka lan nèng swarga | hèh pra siswa | apa ta tan wêdi nraka | lan tan pengin olèh swarga ||

5. lan apa ta nora gêlêm manut sira | panuntune nabi kita | ingkang asma | Nabi Mukhamad jêng duta | kang dadi panutan kita ||

__________

Anglêrêsakên Kalêpatan Kula.

Miturut pitêdahipun Ki Padmasusastra (ingkang ugi asma Mas Ngabèi

--- 79 ---

Prajapustaka, ingkang panjênênganipun ugi kaparêng maè-maèsi[11] W.S.) kula (Sumarmini[12] S. H. W.) anglêrêsakên kalêpatan kula ing W.S. No. 1 kados ing ngandhap punika:

blz 3 a 1 langkung-langkung, lêrêsipun, langkung malih, amargi: langkung-langkung wau kagalih sanès têtêmbungan Surakarta, sarta sariranipun botên nate ngagêm. blz a 6 kamajêngan, lêrêsipun: jaman majêng, amargi têmbung kamajêngan wau kagalih saking têmbung Malayu kemajuan dene ngêndikanipun ingkang barès-barèsan kemawon: jaman majêng.

blz 3 b 2 êmbok ayu, lêrêsipun: bok ayu.

blz. 4 a 1 anggènipun sampun kaparêng, lêrêsipun: anggènipun kaparêng.

Wasana kajawi ingkang wayah redhaktris ngaturakên gunging panuwun dhatêng pitêdahipun, ingkang parlu malih nyuwun gunging pangapuntên dene kamipurun nyêkak pitêdahipun ingkang mawi andharan panjang, amargi udyananing W.S. taksih ciyut sangêt, sandeyaning W.S. bokbilih lajêng sirna jêjêripun (manawi lajêng kangge ngrêmbag basa) anggènipun sumagah dados ajanging suwaranipun băngsa wanita, sarta kuwatos ugi, bokbilih pitêdahipun W.S. lajêng kirang kathah ingkang sumunar, ing măngka kajawi kawruh-kawruh panjurung saking pambantu sanès-sanèsipun ingkang tumuntên kababar sampun kathah, bêtahipun W.S. ingkang parlu rumiyin lugunipun namung badhe nyunarakên pitêdah sarta kawruh-kawruh [kawruh-...]

--- 80 ---

[...kawruh] ingkang pratela wontên ing paningsêtipun (band W.S.) dados masthinipun sadaya panjurung ingkang sagêd sarta tumuntên kababar ing taman W.S. inggih kawruh ingkang langkung piguna rumiyin dhatêng para nupiksa. Wasana mugi andadosakên kauningan.

Suparmini S. H. W.

__________

Atur Gênging Panuwun.

Pangripta wisesa sarta juru citraning W.S. ngaturakên gunging panuwun dhatêng panjênênganipun Mas Andagawedya Karyasa, sata[13] panjênênganipun R. M. Sudarya Cakrasiswara sami ing Surakarta, anggènipun sami kaparêng ambiyantu, sarana anyarirani ngrencangi ngintunakên conto (W.S. No. 4) dhatêng para priyantun guru tuwin priyantun têtêpangan sanèsipun (priyantun 50 kalihan 29) mugi-mugi kemawon ingkang dipun kintuni conto W.S. No. 4 punika lajêng karsa anggêgêsang W.S. inggih punika ngarsakakên mundhut lastantuning sowanipun W.S. salajêngipun lajêng paring kadarman minăngka kaurunan waragading panyithak, lan malih kita bingah sangêt manawi kaparingan pitêdah dening para ingkang sanyata nrêsnani dhatêng W.S. sarta ajêngipun, sarana paring pitêdah adrèsipun para priyantun kakung putri ingkang masthi kathah kaparêngipun manawi langganan W.S.

Pangripta, wisesa, sarta juru citra.

--- 81 ---

Têtuladan (Palupi).

Sambêtipun W.S. No. 2.

Ing mangke kula nêdya anglajêngakên pitakenan kula tumrap bêbasan: suwarga nunut, naraka katut, ingkang tumuju dhatêng kita wanita. Upawi[14] wontên lêlampahan makatên: wontên tiyang jêjodhoan, ingkang jalêr lampah dursila, durjana kacêpêng dening nagari, punapa inggih kalampahan èstrinipun tumut kapatrapan paukuman? Upaminipun malih: kanggenipun băngsa Jawi ingkang dipun wastani kanikmatan wontên ing donya punika tayuban[15] yèn bèng[16] Eropah: dansen. nanging ingkang gadhah pangraos makatên wau inggih botên kathah, lah èstrinipun punapa inggih tumut ngraosakên nikmatipun, langkung-langkung tumut tayub, lăngka sangêt,[17] sanepa malih jalêripun pintêr sangêt, kathah kawruhipun, lah èstrinipun punapa inggih kasawaban ing laki lajêng kasinungan kasagêdan?

Kawuningana, têmênipun para wanita punika kêdah mêntas piyambak (wiji jumênêng pribadi) ingatasipun ngupadosi karaharjaning badan wadhag sarta ruh kita wontên ing donya dumuginipun kalanggêngan, inggih wanita ingkang atindak makatên punika wanita ingkang alus bêbudènipun sarta luhur gêgayuhanipun, [gêga...]

--- 82 ---

[...yuhanipun,] sumăngga sadhèrèk sami kagaliha ingkang wêning, saèstunipun darajatipun tiyang jalêr lan èstri punika sami kemawon tumrapipun anggènipun sami kadhawuhan anêtêpi kuwajiban bukti ngibadah dhatêng Pangeran Ingkang Amaha Êsa, inggih wontên bedaning tumindakipun (praktijk) nanging namung sawatawis, amila bilih wilujêng sarta panjênêngan sadaya karsa maos sêrat kabar punika, sabên-sabên masthi kêrêp amrangguli pitêdah ingkang andadosakên mumpangat utawi rahayuning băngsa èstri, awit ing wêkdal punika sampun nama jaman padhang, têgêsipun barang ingkang pêtêng dados pratela, ngèlmi luhur-luhur ingkang kinêkêr sami dipun babar, samukawis ingkang malang-malang dados putung, tuwin ingkang rawe-rawe nêmahi dados rantas, sintên ingkang botên rêmên dhatêng kawontênan punika? Kawuningana: tuwuhing kawontênan ing nginggil wau sadaya, jêjalaranipun botên sanès namung murih karahayoning sasami-sami, inggih punika sami manggiha wilujêng ing donya akiripun, kadospundi ta dunungipun wilujêng punika, saking kyakinan kula: botên wontên margi sanèsipun malih, kajawi namung ngèstokakên dhawuhing Kitab Suci Kuran,[18] amargi ing Kuran pancèn malah wigati sangêt dhumawuhipun tumrap anindakakên ngamal ing nginggil wau sadaya, mila kula inggih pitados manawi Wara Susila amasthi inggih badhe botên [bo...]

--- 83 ---

[...tên] kirang padhang anggènipun tansah anyunarakên nuring pitêdahipun, sarta anggènipun badhe ambabar ngèlmi ingkang luhur-luhur.[19]

Taksih wontên sambêtipun, pangrèhing M.D. Wanita Sêdya Rahayu.

--- 85 ---

7 Sura 1853 (1341) taun: 1, 20 Agustus 1923.

Tuwan (Pangeran) mugi nêdahakên kita ing margi ingkang lêrês.

Pangripta Pangarsa S. HADIWIJATA.

Para Pangripta Rini SOEKATI, SOEKARMI, MISS. SADJIJAH, Soeparmini S. H. W.

Wisesa sarta jurucitra AB. Siti Sjamsijah.

 


anyithakêna. (kembali)
salajêngipun. (kembali)
kamayaranipun. (kembali)
satêmênipun. (kembali)
§ Gusti panutan inggih sampun dhawuh dhatêng para umat, supados para umat (kawula) sami usul karêmbag (mituturi) dhatêng tiyang ingkang sami nyêpêng paprentahanipun [paprentahani...]
--- 74 ---
[...pun] ingkang tindakipun botên lêrês, dhawuhipun makatên: Gusti Allah rêmên ing sira tumrap prakara têlu: I. anêmbaha sira ing Allah aja nganti sirik II. padha rukuna sira kabèh angêncêngake agamane Allah lan aja pasulayan, III. lan padha mituturana sira ing wong kang padha nyêkêl ing paprentahanira kang padha atindak ora bênêr. Miturut dhawuhing kadis punika ing mangke sampun têrang bilih Gusti Allah punika inggih rêmên dhatêng para kawula ingkang purun usul rêmbag sae (mituturi) dhatêng tiyang ingkang nyêpêng paprentahan ingkang atindak botên lêrês (utawi rayat usul rêmbag sae dhatêng ingkang ambakoni nyêpêng bale griya) sarta botên rêna sangêt dhatêng para kawula ingkang botên rukun angêncêngakên agaminipun (kados tindakipun para panuntun sarta pakêmpalan ing jaman samangke punika, para panuntun sami bêbêntusan akantar kalam (pen) wontên sêrat-sêrat kabar, makatên malih pakêmpalan satunggal lan satunggalipun sami botên wontên ingkang rukun, tur mawi ceda-cineda, sarta ngakêni sae piyambak-piyambak. Dhuh Allèh,[Allah] mugi Tuwan nêdahakên kita ing margi ingkang lêrês) lan malih botên rêmên sangêt dhatêng para kawula ingkang anêmbah ing sariranipun, nanging taksih wontên rêrêgêdipun sirik (jaman sapunika inggih kathah têtiyang ingkang sami bêkti ing Pangeran, nanging taksih sami sirik, inggih punika dèrèng suci taokidipun, botên nyawijèkakên Pangeran) awit saking punika mugi sami èngêt dhawuhing kadis punika, o nêmahi ... sayêktos manawi kita botên sami angèstokakên dhawuhipun Gusti Panutan punika, awit saking punika măngga lajêng sami bêkti dhatêng Pangeran ingkang asipat êsa, kanthi rukun bantu-binantu angêncêngakên agamining Pangeran, tuwin sami usul rêmbag sae datêng[dhatêng] ingkang ngasta paprentahan kita, ingkang kalintu panindakipun, supados makatên wau botên dados karênanipu [karênanipun] syaetan. (kembali)
§ Kasagahan panjênêngan badhe anjèrèng malih têrangipun bab panggulawênthah tigang sap (ing W.S. No. 2. kaca 62) mugi lajêng kakintuna tumuntên, amargi punika pancèn parlu kangge amêrdi dhatêng lare murih sagêd gêsang sae ing têmbe wingkingipun. P. P. (kembali)
§ Miturut jênênging wanita dhatêng guru lakinipun, inggih botên mantêsi sangêt, langkung-langkung kathik mawi anggêblêg-gêblêgakên ingkang sangêt, katanggor priya ingkang kirang sabar harak inggih kalampahan jinêmalan sayêktos, saya manawi andadak anyumbari dhatêng priyanipun botên laki barang, manawi priya angênggèni kapriyanipun (prawira), amasthi botên awrat lajêng angrêntahakên talakipun tiga pisan, o, băngsa kita èstri, mugi sami èngêt dhatêng kasusilanipun, sarta sami dipun bêkti ing guru laki sayêktos, punapadene sampun ngantos gadhah kapurunan ingkang sanès masthinipun dhatêng guru lakinipun, sumêrêpa, guru laki punika sanajan kuciwa ing warni enz sarta botên timbang kalihan linangkunging rabinipun, manawi dipun puruni (diwanèni) utawi dipun sawiyah ingkang èstri, punika amilalati sayêktos. Suparmini S. H. W. (kembali)
§ Lagu Witing Klapa ing nginggil punika prayogi sangêt kangge lêlagonipun para lare enz sarta para murid ingkang sami angudi kawruh, pêpuji kula lagu Witing Klapa ingkang padados[dados] panguripaning agama punika, maratah dadosa lêlagonipun anak-anak kita satanah Jawi, yèn makatên agami Islam masthi gêsang saèstu wontên ing nuswa Jawi, amila lêlagon punika mugi katular-tularna. (kembali)
§ Punika kenging kasantunan, omah manungsa, sanèsipun kaawisan anyantuni. (kembali)
10 § Punika kenging kasantunan: omah manungsa, sanèsipun kaawisan anyantuni. Suparmini S. H. W. (kembali)
11 maès-maèsi. (kembali)
12 Suparmini. (kembali)
13 sarta. (kembali)
14 Upami. (kembali)
15 § Punika rak namung dumunung ing băngsa kita Jawi ingkang rêmênanipun tayuban, sarta ingkang gadhah panganggêp bilih tayuban utawi bêksa punika satunggaling kagunan Jawi ingkang adiluhung, kanggenipun Wara Susila namung pitakèn: punapa inggih ta manawi lêlangên tayuban utawi bêksa punika manawi dipun ajêngakên sagêd narik kamulyan sarta luhuring băngsa, langkung-langkung sagêd nama angajèni utawi angluhurakên darajating wanita, kangge wawasaning W.S. kemawon, manawi punika dipun ajêngakên, sampun adamêl asoring băngsa wanita, sarta masthi adamêl wirangipun wanita ingkang sanyata ambêg susila atrêsna ing băngsa luhur pangraosipun, ewadene manawi tayubanipun para priya punika tanpa waranggana (talèdhèk - ngoko) kados inggih radi wontên èmpèripun manawi lajêng nama kagunan, nanging manawi jamanipun kita Jawi samangke punika sami nahên prihatès[prihatos] ing bab anggènipun anjăngka dhatêng kamulyanipun, punapa ingih mungguh manawi sabên-sabên majêng dhatêng ngalètèr ambêksa kemawon [kemawo...]
--- 84 ---
[...n] (kangge ing su[naskah tidak terbaca] kamajêngan dhatêng tayub utawi bêksa punika ing jaman samangke wiwit sampun kathah unduripun, unduripun punika mugi-mugi sampun jalaran saking dayaning jaman pangiridan sarta rêkaos, nanging mugi jalaran saking sumêrêp ing kawirangan, sarta sumêrêp manawi dados cacêgahaning sarak). (kembali)
16 băngsa. (kembali)
17 § Sanajan wontênipun lăngka sangêt, manawi lăngka-lăngka yêktos wontên, puna[punapa] botên agumujêngakên,[anggumujêngakên] saya manawi para wanita ingkang angaum mudha punika kathah ingkang sami ngarsakakên badhe kaparêng dansen. o harak badhe saya anggege kiyamatipun jagad Jawi sayêktos, măngga ta angèngêtana malih ambêlêsing karajan Rum ing kina, kados ingkang pratela wontên ing sêrat: Uni Mumpuni ing W.S. No. 4. punika. O băngsa kita wanita mugi sami èngêta dhatêng jatmikaning kasusilanipun. (kembali)
18 § Pangajaking W.S. dhatêng kawilujêngan pancèn sêdya ngajak angèstokakên dhawuhing Kuran, amargi punika pancèn kitabing Pangeran ingkang suci piyambak sayêktos, sarta malih botên wontên margi ingkang langkung lêrês kajawi namung Kitab Suci Kuran, inggih Kuran punika margi lêrês ingkang dhatêng kawilujêngan ing donya akirat. (kembali)
19 § Jangji Wara Susila lastantun widada sarta para ingkang ahlul ngilmi sami kaparêng ambarkahi W.S. sarana paring gêgubahan kemawon, botên sande amasthi badhe kalampahan makatên. Red. W.S. (kembali)