Tembang macapat

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 88
1 dari 208
1–10 dari 2.080
1. Puh Tirta Mugèng[1] Caturdhêndha[2]
01.01 ingsun amimitya muji | anêbut namaning Sukma | kang murah ing dunya mangko | ingkang asih ing akerat | ingkang pinuji tan pêgat |[3] kang asu[4] syarga luhur |[5] kang asih Nabi Muhammad ||
01.02 sampune muji Yyang Widi | anulya Nabi Muhammad | utusanira Yyang Manon | ingkang minăngka panutan | sakèhe agama Islam |[6] anênggih nabi panutup | wêkasan nabi sêdaya ||
01.03 wastane ikang anulis | Mas Ajêng Wăngsalêksana | ing Jipang kêlarehane | sujalma midrê[7] [[f. 4r]] lêlana | ngancik nêgri Nggirasêkar |[8] kandhêg anèng ing dhêdhukuh | awasta ing Gahrobogan[9] ||
01.04 panêdhane kang anulis | marang kang sêdya mêmaca | dèn agung pangapurahne[10] | sastra băngga kèh mêmadha | tandukipun dêksura | ukarane tuna luput | akethal tan wruh ing krama ||
01.05 sinêrat ing dintên Kêmis | enjang wanci pukul sanga | nuju Pon pasarahne[11] |[12] Rabiyulakir sasinya | tanggal ping sanga punika |[13] ing taun Êdal winuwus | anuju măngsa kasonga ||
01.06 tan kabêtèng tulah sarik | luputa kang sarya ila | dulurna Yyang [[f. 4v]] katèngong |[14] têguhna ing agama |[15] sigahnèng[16] dursilnya |[17] sêngkalane kang winuwus | pănca tri pandhita jalma |[18]|
01.07 wontên carita winarni | tumraping dêlancang Jawa | saking sabrang pinangkane | sampun binasakkên Jawa | rinipta rinumpaka | purwa carita winuwus | satêngah măngsa kasonga ||
01.08 ingkang pinurwa ing kawi | dhadhak sêngkaning carita | nêgaranira sang katong | Mêdayin Raja Nursewan | ra kasosrèng jagat |[19] anyakrabuwana iku | ratu agung binathara ||
01.09 i[20] sabrang lan tanah Jawi | pan samya suyud sadaya | ngaturkên bulubêktine | sagunge kang para nata | sami sowan sadaya | apan sami ajrih lulut | dhatêng Sang Raja Nursewan ||
01.10 bakit gêlar ujar manis | amiguna ing aguna | apait madu sabdane | kalawan agêlar boja | manah abêk[21] pnidhita | mila sagung para ratu | ajrih lulut mring sang nata ||
1 dari 208

 


Munggèng (dan di tempat lain). (kembali)
Variasi: nama tembang Asmaradana. (kembali)
Lebih satu suku kata: kang pinuji tan pêgat. (kembali)
asung. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang asung syarga luhur. (kembali)
Lebih satu suku kata: sakèhe gama Islam. (kembali)
midêr (dan di tempat lain). (kembali)
Lebih satu suku kata: ngancik nêgri Nggiraskar. (kembali)
Garobogan. (kembali)
10 pangapurane. (kembali)
11 pasarane. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: nuju Êpon pasarane. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: tanggal sanga punika. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: dulurêna Yyang katèngong. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: têguhêna ing agama. (kembali)
16 singgahnèng. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: singgahnèng dursilanya. (kembali)
18 Tanggal: Kêmis Pon sanga (9) Rabiyulakir (Rabingulakir) Êdal (Dal): pănca tri pandhita jalma (AJ 1735). Tanggal Masehi: Sabtu 4 Juni 1808. Pada bulan Rabingulakir tahun AJ 1735, hari Kêmis Pon jatuh pada tanggal 28 dan bukan tanggal 9, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 28 Rabingulakir AJ 1735 (23 Juni 1808). (kembali)
19 Kurang satu suku kata: raja kasosrèng jagat. (kembali)
20 ing (dan di tempat lain). (kembali)
21 ambêk. (kembali)