Tembang macapat

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
1 dari 35
1–10 dari 348
1. Pupuh Asmaradana[1]
1.001 luwange wong doyan guling | pan suririh tur sungkanan | sarta adoh daulate | luwange wong doyan mangan | têtiga badhenira | ambêlêr lenyok angêbluk | ping tiga kêsèd ing karya ||
1.002 luwange wong kirang guling | sinung padhang jroning manah | lamun si alinggih dhewe | gampang sakèh kang sinêdya | wong kang marêgi pangan | kinirangan bêktinipun | sinung pêtêng jroning manah ||
1.003 sing sapa angêngirangi | anyêgah turu lan pangan | lami-lami pinanggihe | sinung sandhang sinung pangan | tur sinung pagawean | cukup daulate muput | tur sinung tingal kang lêmbat ||
1.004 kang saya tuwa pinanggih | daulatipun akathah | pan wus jangjining Ywang Manon | ing suka amanggi[2] duka | duka amanggih suka | sangking adiling Ywang Agung | siji winalês sadasa ||
1.005 sadina angêngirangi | winalês sadasa dina | kamuktèn dening Ywang Manon | sarta sinung pagawean | sing sapa watêk kirang | sarta lan prihatinipun | Ywang Sukma amalês suka ||
1.006 èngêt-èngêt aywa lali | kang wong amarêgi pangan | tan niyat tapa sajêge | duk rare malah atuwa | nora prihatin pisan | dadi mêlarate muput | tur tan sinung pagawean ||
1.007 milane kina kang luwih | sinung tingal kawêspadan | sabab kirang pangan sare | dadya sidik kang pangucap | sarta trus ing paningal | anêrawang kalbunipun | ing dunya têkèng akherat ||
1.008 aja gawokan ing ngèlmi | nadyan anaa sarêmbat | yèn tan kalakon tapane | dadi wong [[f. 39r]] kabarabean | dunya kherat mêlarat | yèn kêlakon tapanipun | tan angaji ing manusa ||
1.009 sinungan tingal kang aib | udani suruping pêjah | tan lali palawangane | kabuka ing ngèlmu rasa | barkating kasutapan | sarta lan tuduhing guru | awas maring kang sinêdya ||
1.010 ingkang sinungan kamuktin | tan sêpi wijiling tapa | rêmbêsing madu sangkane | ing wong kang sinung mêlarat | wong loba alit mila | lumuh kirang pangan turu | dadi muput mêlaratnya ||
1 dari 35

 


Pupuh Asmaradana ini adalah salinan dari Sêrat Suluk Luwang dan mungkin dimaksudkan sebagai judul terpisah. Walaupun subjeknya berbeda, tidak ada pemisahan seperti judul naskah lain yang juga ada dalam kesatuan bundel Sêrat Babad Sêngkala ini. Untuk sementara, salinan Sêrat Suluk Luwang ini belum dipisahkan, berbeda dengan teks lain dalam naskah bundel ini, yaitu Sêrat Wiwaha, yang memiliki halaman judul terpisah dan oleh karenanya dikatalogkan secara terpisah (lihat: Sêrat Wiwaha, British Library (Add MS 12322)). Untuk perbandingan edisi Sêrat Suluk Luwang ini dengan edisi lainnya, lihat: Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.1–47 (36 dari 55 bait yang mirip); dan Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.1–65 (48 dari 55 bait yang mirip). (kembali)
amanggih (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.6.4; Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.4.4). (kembali)