Tembang macapat

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 54
47–48 dari 160
470–479 dari 1.592
16. Durma
16.01 ya ta muni têngarane wong ayuda | kêndhang gong lawan bèri | gong maguru găngsa | têtêk kaya butula | anulya campuh ing jurit | surak-sinurak | rame ukih-ingukih ||
16.02 pan arame kang yuda sami sudira | sami wantêr kang jurit | wong Jawa lan sabrang | sami sudiranira | arame bêtdhil-binêtdhil[1] | tumbak-tinumbak [[f. 69v]] | wênèh lêmbing-linêmbing ||
16.03 ramening prang tambuh mungsuh lawan rowang | rame agênti kêris | apêtdhang-pinêtdhang[2] | wau dènira aprang | tan ana kang ngucap ajrih | padha sudira | wong sabrang lan wong Jawi ||
16.04 kang sawênèh agênti watang-winatang | rame kêris-kinêris | myang tumbak-tinumbak | suduk-sinuduk lawan | ana kang bêtdhil-binêtdhil | candhak-cinandhak | wênèh banting-binanting ||
16.05 wontên malih kang aprang sêndhal-sinêndhal | awor sambating kanin | umyang lir ampuhan | riwut kang băndayuda | wong Jawa karoban jurit | pating sulayah | wong sabrang ngukih wani ||
16.06 kadya gêrah syarane lir gunung rêbah | surak wor bêtdhil muni | lir karênging wiyat | tanbuh mungsuh lan rowang | para kadeyan ningali | yèn wadya kathah | karepotan ing jurit ||
16.07 sigra tulung angamuk para kadeyan | ya ta [[f. 70r]] Rahadyan Panji | tulung balanira | prasami ngamuk rampak | ingkang mara-mara mati | prajurit sabrang | miwah kang nandhang kanin ||
16.08 ingkang wuri wong sabrang barêng amara | angamuk galong pipis | Dyan Panji rinêbat | apan nora katingal | pra kadeyan angamuki | tumpês wong sabrang | kang mara-mara mati ||
16.09 sirna larut tan ana măngga puliha | lumayu ngungsi urip | Klona Wanèngbaya | mulat balane têlas | bramatya ngawaki jurit | ngamuk payudan | wong Jênggala kèh mati ||
16.10 pra kadeyan aprange sami kasoran | Panji Anom pan aglis | prang lan Wanèngbaya | dangu ramening yuda | Wukirsari anulungi | sigra tinumbak | Wanèngbaya wus kanin ||
47–48 dari 160

 


bêdhil-binêdhil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
apêdhang-pinêdhang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)