Tembang macapat

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
2–3 dari 35
14–23 dari 348
1.014 tapa minăngka rêragi | saegane[1] ngèlmu ulam | yêkti acampah rasane | yèn tan angagea[2] uyah | têrasi lawan bawang | eca ingkang kaduk bubu[3] | kapanggih rasane ulam ||
1.015 kang tan sinungan rêjêki | dumadak sungkan nastapa | awêdi luwe watênge[4] | bata wau sok kêlbua | amrih agênging tinja | yèku wong budhug amumuk | jubure dèn prih ămbaa ||
1.016 kang sinung rahmat Ywang Widi | tan [[f. 38v]: ta...n] arsa kèwêd-èwêdan | rêrêmên dèn buwang kabèh | mênawi kacakrabawa | lumuh kawaworana | tingale dadi sumunu | mung kang sinêdya kewala ||
1.017 marmane linggih ing sêpi | tanpayun kawaworana | liyan sangking sasêdyane | puniku kang sampun têka | amrih pêksi awora | kalawan kurunganipun | wêkasan abadan sukma ||
1.018 marmane nora pinanggih | sakèhe ingkang sinêdya | kawoworan jro tingale | milane nabi panutan | tan arsa ulah sastra | amung salate amanggung | tanpayun kawaworana ||
1.019 mêngkana Susunan Giri | apartapa tigang wulan | nulya miyos kêramate | kang sela pan dadi gajah | ambanjur angaluwat | kawan dasa siyang dalu | dadi ratu waliyullah ||
1.020 Sèh Mêlaya tigang sasi | kang asrama Kalijaga | ing Pulo Upih parnahe | alêledhehan[5] gulinggang | pan jangkêp tigang wulan | gulinggang tuwuh angrêmbyung | dadi masaèh[6] utama ||
1.021 pan wus wangêning Ywang Widi | ing wong kang adhangir badan | tigang sasi wêwangêne | yèn têmên-têmên ing nala | apa barang dèn têdha | tinêkan dening Ywang Agung | sapanêdhaning manusa ||
1.022 mêngkana wong dhangir bumi | nandur pari lawan kapas | dêstun genjah wêwinihe | tigang wulan dèrèng mangan | ing wong adhangir badan | tigang wulan lamènipun | sinêmbah padha manungsa ||
1.023 sawênèh kudu amukti | pan alumuh ing nastapa | kang lumrah ing jagad kabèh | wong kang kinirangan pêpangan [[f. 38r]: pê...pangan] |[7] norana wong nastapa | padha wong budhug amumuk | anggung gawe mangan nendra ||
2–3 dari 35

 


saenggane (dan di tempat lain) (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.15.2). Bandingkan: sainggane (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.14.2). (kembali)
anganggea. Bandingkan: nganggoa (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.14.4). (kembali)
bumbu (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.15.6). (kembali)
wêtênge (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.16.3; Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.15.3). (kembali)
alêlendhehan. Bandingkan: tapa lendheyan (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.21.4); sêsèndhèn kayu (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.20.4). (kembali)
Teks asli kurang jelas. Bandingkan: dadya mas akèh utama (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.21.7); pan dadya wali utama (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.20.7). (kembali)
Lebih satu suku kata: wong kang kinirangan pangan. Bandingkan: wong kang kinurangan pangan (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.23.4). (kembali)