Tembang macapat

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
2–3 dari 35
18–27 dari 348
1.018 marmane nora pinanggih | sakèhe ingkang sinêdya | kawoworan jro tingale | milane nabi panutan | tan arsa ulah sastra | amung salate amanggung | tanpayun kawaworana ||
1.019 mêngkana Susunan Giri | apartapa tigang wulan | nulya miyos kêramate | kang sela pan dadi gajah | ambanjur angaluwat | kawan dasa siyang dalu | dadi ratu waliyullah ||
1.020 Sèh Mêlaya tigang sasi | kang asrama Kalijaga | ing Pulo Upih parnahe | alêledhehan[1] gulinggang | pan jangkêp tigang wulan | gulinggang tuwuh angrêmbyung | dadi masaèh[2] utama ||
1.021 pan wus wangêning Ywang Widi | ing wong kang adhangir badan | tigang sasi wêwangêne | yèn têmên-têmên ing nala | apa barang dèn têdha | tinêkan dening Ywang Agung | sapanêdhaning manusa ||
1.022 mêngkana wong dhangir bumi | nandur pari lawan kapas | dêstun genjah wêwinihe | tigang wulan dèrèng mangan | ing wong adhangir badan | tigang wulan lamènipun | sinêmbah padha manungsa ||
1.023 sawênèh kudu amukti | pan alumuh ing nastapa | kang lumrah ing jagad kabèh | wong kang kinirangan pêpangan [[f. 38r]: pê...pangan] |[3] norana wong nastapa | padha wong budhug amumuk | anggung gawe mangan nendra ||
1.024 yèku palaning rarywalit | katuwan susuning biyang | katuwan sêsapihane | dadi balilu sungkanan | yèn lananga wadona | adoh kasutapanipun | tan dadi amal jariyah ||
1.025 kang jamak lumrah sabumi | kang durjona[4] abêlasar | dede wong anom susune | kang durjana atotohan | kang abegal angêntal | sami wong katuwan susu | miwah kang sami nastapa ||
1.026 marmane kêdhik kang ngèlmi | rare katuwan sapihan | pilih kang manjing ngèlmine | dening kalis ing agama | yèn olih ngèlmi rasa | kadi lênga lawan banyu | sakalire kabêcikan ||
1.027 rare kang tuwa sinapih | atapa lumuh kangelan | jamak wong sinung kamuktèn | saegane dhangir têgal | ya wiwitan kangelan | warêg ing wêkasanipun | tan abeda dhangir badan ||
2–3 dari 35

 


alêlendhehan. Bandingkan: tapa lendheyan (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.21.4); sêsèndhèn kayu (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.20.4). (kembali)
Teks asli kurang jelas. Bandingkan: dadya mas akèh utama (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.21.7); pan dadya wali utama (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.20.7). (kembali)
Lebih satu suku kata: wong kang kinirangan pangan. Bandingkan: wong kang kinurangan pangan (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.23.4). (kembali)
durjana (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.29.2). (kembali)