Tembang macapat

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
4 dari 35
31–40 dari 348
1.031 ceceganing ujar sirik [[f. 37v]: si...rik] | anggur-agure[1] lèh ujar | brêkating tuwa susune | luwang tan kêna winilang | yèn anaking wong desa | dèn susoni tigang taun | jaga pêpikul kewala ||
1.032 emane ingitik-itik | alit mula sinusonan | dadia pêpikuling wong | angur matia duk bocah | alit mila dinulang | awêl dadia pêpikul | dadi nomana sêsêpan ||
1.033 luwang yèn pêpikul iki | ora akarya pocapan | kang kaluwang calimude | ambêlasar duwe akal | madati lan totohan | angulari yayah ibu | lading pangot asring ilang ||
1.034 yèn ginèndèng maring bêcik | sungkane tur nora bisa | têka apêtêng atine | pae ingajak masiyat | ajinah atotohan | wagêd yèn karya calimud | awrat ingajak naharja[2] ||
1.035 rare kang tuwa sinapih | somya pintêr dawêg bocah | saya bodho ing tuwane | mênêng-mênênge isinan | wirang yèn têtakona | marmane ta tbelilu |[3] supaya bêtaha nglapa ||
1.036 rare kang tuwa sinapih | yèn kuncara anèng desa | akèh kasungsang manahe | katara yèn mara tumbak | yèn amlat amblêgandhang | wudhu pirang-pirang dhusun | yèn ambadhog ayam mêntah ||
1.037 sing barang pênggawe bêcik | kang makolèh ing akhêrat | dumadak pungkan[4] atine | angrasa isin awirang | pangrasane wus bisa | yèn umur patbêlas taun | katara yèn manah susung |[5]|
1.038 wong anom darma nglampahi | wiwitan sangking wong tuwa | tan asung anonganom[6] [[f. 37r]: ano...nganom] susune |[7] pêksane asah ing anak | nora idhêp ing wêlas | dadi tuwane balilu | akalis ing kabêcikan ||
1.039 asih atêmahan lalis | biyang kang agawe ala | pantês jinêjêk makame | dening agawe duraka | balilu tur sungkanan | wong tuwa pantês pinukul | nora layak ingujungan ||
1.040 sapuluh lumuha iki | aduwe anak duraka | yèn ta katuwan susune | pasthi duraka ing yayah | rena myang ing Pangeran | kathah kang wurung calimud | atêbah kang kasutapan ||
4 dari 35

 


anggur-anggure. (kembali)
raharja (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.37.7). (kembali)
Kurang satu suku kata: marmane ta abalilu. Bandingkan: mulane awèt balilu (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.38.6); milane awèt balilu (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.31.6). (kembali)
sungkan (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.32.3). Bandingkan: sudhik (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.40.3). (kembali)
Biasanya guru lagu a: sungsang (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.40.7). Bandingkan: susah (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.32.7). (kembali)
anom. (kembali)
Lebih dua suku kata. Bandingkan: tan asung anom susune (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.33.3); tan angsung anom susone (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.41.3). (kembali)