Tembang macapat

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
4–5 dari 35
37–46 dari 348
1.037 sing barang pênggawe bêcik | kang makolèh ing akhêrat | dumadak pungkan[1] atine | angrasa isin awirang | pangrasane wus bisa | yèn umur patbêlas taun | katara yèn manah susung |[2]|
1.038 wong anom darma nglampahi | wiwitan sangking wong tuwa | tan asung anonganom[3] [[f. 37r]: ano...nganom] susune |[4] pêksane asah ing anak | nora idhêp ing wêlas | dadi tuwane balilu | akalis ing kabêcikan ||
1.039 asih atêmahan lalis | biyang kang agawe ala | pantês jinêjêk makame | dening agawe duraka | balilu tur sungkanan | wong tuwa pantês pinukul | nora layak ingujungan ||
1.040 sapuluh lumuha iki | aduwe anak duraka | yèn ta katuwan susune | pasthi duraka ing yayah | rena myang ing Pangeran | kathah kang wurung calimud | atêbah kang kasutapan ||
1.041 son[5] nandhanga sakaluwir | sok uga warêga mangan | têka aturu atine | kamêrtabatan maesa | yèn wus warêg amangan | agêgayêmi[6] anjêrum | budi tan anêdya mundhak ||
1.042 wong mêskin sangsaya mêskin | tapak tan bêtah ing lapa | mêskin kang têtêp arane | ing wong mukti sugih tuman | lamun adêdagangan | dumadak bathine agung | wong miskin dumadak tuna ||
1.043 kadyagane anênagih | raryya nom ulah nastapa | katêmu tuwa muktine | rare kang ngulah pangan |[7] turu kaladuk bocah | mêlarat katêmu sêpuh | anênagih tanpa utang ||
1.044 pêksane kudu amukti | yèn duwea kasutapan | dadi mêlarat tuwane | sapa kang anaur utang | sapuluh akasaba | yèn tan ana potangipun | nadyan sugiha tarabas ||
1.045 palane katuwan sapih | alumuh kiranga pangan | dadi antêp ing miskine | akalis ing kabêcikan | kadi lisah lan toya | lamun agurua ngèlmu | arang [[f. 36v]] kang tancêb ing nala ||
1.046 wus bubuhane wong miskin | doyan turu lawan mangan | tan ana kasutapane | baya ngur sapi maesa | dadi lêmbuning swarga | sato mèni padhanipun | wong anggung mangan anendra ||
4–5 dari 35

 


sungkan (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.32.3). Bandingkan: sudhik (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.40.3). (kembali)
Biasanya guru lagu a: sungsang (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.40.7). Bandingkan: susah (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.32.7). (kembali)
anom. (kembali)
Lebih dua suku kata. Bandingkan: tan asung anom susune (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.33.3); tan angsung anom susone (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.41.3). (kembali)
sok. (kembali)
anggênggayêmi. Bandingkan: anggêgayêmi (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.37.6). (kembali)
Kurang satu suku kata: rare kang angulah pangan. Bandingkan: lare ingkang ulah pangan (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.47.4); lare ingkang doyan mangan (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.39.4). (kembali)