Tembang macapat

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
5 dari 35
41–50 dari 348
1.041 son[1] nandhanga sakaluwir | sok uga warêga mangan | têka aturu atine | kamêrtabatan maesa | yèn wus warêg amangan | agêgayêmi[2] anjêrum | budi tan anêdya mundhak ||
1.042 wong mêskin sangsaya mêskin | tapak tan bêtah ing lapa | mêskin kang têtêp arane | ing wong mukti sugih tuman | lamun adêdagangan | dumadak bathine agung | wong miskin dumadak tuna ||
1.043 kadyagane anênagih | raryya nom ulah nastapa | katêmu tuwa muktine | rare kang ngulah pangan |[3] turu kaladuk bocah | mêlarat katêmu sêpuh | anênagih tanpa utang ||
1.044 pêksane kudu amukti | yèn duwea kasutapan | dadi mêlarat tuwane | sapa kang anaur utang | sapuluh akasaba | yèn tan ana potangipun | nadyan sugiha tarabas ||
1.045 palane katuwan sapih | alumuh kiranga pangan | dadi antêp ing miskine | akalis ing kabêcikan | kadi lisah lan toya | lamun agurua ngèlmu | arang [[f. 36v]] kang tancêb ing nala ||
1.046 wus bubuhane wong miskin | doyan turu lawan mangan | tan ana kasutapane | baya ngur sapi maesa | dadi lêmbuning swarga | sato mèni padhanipun | wong anggung mangan anendra ||
1.047 tan anêbut yèn aguling | kadi turuning maesa | lir sato mèni padhane | sato kang wênang pinangan | yèn ing kina wong buda | sami amangan wong sêpuh | kang tan arsèng kabêcikan ||
1.048 yèku aran sato mèni | wong tuwa ingkang duraka | pantês pinangan daginge | duk jênênge Ratu Baka | yèku ingkang pinangan | lan sawancining wong sêpuh | wong tua kang tanpa karya ||
1.049 wangêne rare sinapih | enom umur pitung wulan | sangang sasi sawêlase | tigalas limalas wulan | yèn wadon wolung wulan | sadasa rowêlasipun | patbêlas lawan nêmbêlas ||
1.050 yèn langkung wêwangênnèki | dadi pintêre kapalang | dhasar katuwan susune | adhêmên ing karawitan | anyalêmpung arêbab | atêbih daulatipun | angèl wastrane wutuha ||
5 dari 35

 


sok. (kembali)
anggênggayêmi. Bandingkan: anggêgayêmi (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.37.6). (kembali)
Kurang satu suku kata: rare kang angulah pangan. Bandingkan: lare ingkang ulah pangan (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.47.4); lare ingkang doyan mangan (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.39.4). (kembali)