Tembang macapat

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
5–6 dari 35
46–55 dari 348
1.046 wus bubuhane wong miskin | doyan turu lawan mangan | tan ana kasutapane | baya ngur sapi maesa | dadi lêmbuning swarga | sato mèni padhanipun | wong anggung mangan anendra ||
1.047 tan anêbut yèn aguling | kadi turuning maesa | lir sato mèni padhane | sato kang wênang pinangan | yèn ing kina wong buda | sami amangan wong sêpuh | kang tan arsèng kabêcikan ||
1.048 yèku aran sato mèni | wong tuwa ingkang duraka | pantês pinangan daginge | duk jênênge Ratu Baka | yèku ingkang pinangan | lan sawancining wong sêpuh | wong tua kang tanpa karya ||
1.049 wangêne rare sinapih | enom umur pitung wulan | sangang sasi sawêlase | tigalas limalas wulan | yèn wadon wolung wulan | sadasa rowêlasipun | patbêlas lawan nêmbêlas ||
1.050 yèn langkung wêwangênnèki | dadi pintêre kapalang | dhasar katuwan susune | adhêmên ing karawitan | anyalêmpung arêbab | atêbih daulatipun | angèl wastrane wutuha ||
1.051 saumuripun aurip | adoh ing bêgja daulat | arang wutuha sandhange | amangan arang enaka | barkating karawitan | mêlaratipun saumur | anênêdha tan tinêkan ||
1.052 pae lan kang anandangi | sacêngkrengan sakosokan | patang puluh dina dohe | daulate sandhang pangan | sami lan ulah sastra | yèn ta gung gawe anungkul | inggih daulate têbah ||
1.053 mung sirike [[f. 36r]] tuwas èlmi | kang alêmbat-lêmbat uninga |[1] dadi wong alim wêkase | yèn angaji ingkang iya | dadi kaum utama | acêpak rêjêkinipun | akèh urmat asidêkah ||
1.054 wong ngrêbab nyalêmpung iki | yèn wus dadi munggah dhalang | dadya mêng-amênganing wong | guna wisaya dèn undang | yèn mopo olèh ujar | miyang tanbuh asilipun | tuwase doh kang daulat ||
1.055 tan jujul yèn pinarinci | dening saumur mêlarat | nora nana sêmbulihe | rèhing dadya mêng-amêngan | yèng[2] muguhing[3] wong desa | arang adodota sabuk | lapake sangêt mêlarat ||[4]
5–6 dari 35

 


Lebih satu suku kata: kang lêmbat-lêmbat uninga. Bandingkan: kang gaib-gaib punika (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.59.2). (kembali)
yèn (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.65.5). (kembali)
mungguhing (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.65.5). (kembali)
Setelah bait ini disisipkan tabel berjudul "Punika Wêwinihing Căndra." Tabel ini merupakan daftar kata sangkala yang berkaitan dengan Sêkar Agêng Kusumawicitra, sebuah meteran Jawa kuno yang menurut Sêrat Cênthini merupakan bagian dari Layang Candragêni yang digubah oleh seorang pujangga bernama Mpu Wilasaya atas permintaan Prabu Widhayaka (Aji Isaka) dari Purwacarita (Cênthini, Kamajaya, Pupuh 52.1–3). Lihat tabel ini di versi teks digital naskah ini: Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322). (kembali)