Tembang macapat

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), 1805, #1046

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 4
1–2 dari 35
5–14 dari 348
1.005 sadina angêngirangi | winalês sadasa dina | kamuktèn dening Ywang Manon | sarta sinung pagawean | sing sapa watêk kirang | sarta lan prihatinipun | Ywang Sukma amalês suka ||
1.006 èngêt-èngêt aywa lali | kang wong amarêgi pangan | tan niyat tapa sajêge | duk rare malah atuwa | nora prihatin pisan | dadi mêlarate muput | tur tan sinung pagawean ||
1.007 milane kina kang luwih | sinung tingal kawêspadan | sabab kirang pangan sare | dadya sidik kang pangucap | sarta trus ing paningal | anêrawang kalbunipun | ing dunya têkèng akherat ||
1.008 aja gawokan ing ngèlmi | nadyan anaa sarêmbat | yèn tan kalakon tapane | dadi wong [[f. 39r]] kabarabean | dunya kherat mêlarat | yèn kêlakon tapanipun | tan angaji ing manusa ||
1.009 sinungan tingal kang aib | udani suruping pêjah | tan lali palawangane | kabuka ing ngèlmu rasa | barkating kasutapan | sarta lan tuduhing guru | awas maring kang sinêdya ||
1.010 ingkang sinungan kamuktin | tan sêpi wijiling tapa | rêmbêsing madu sangkane | ing wong kang sinung mêlarat | wong loba alit mila | lumuh kirang pangan turu | dadi muput mêlaratnya ||
1.011 wus jamake wong amêskin | lumuh kirang turu pangan | amrih agênga wêtênge | jubure dèn prih ămbaa | amrih agênging tinja | saya mêlarate muput | duk anom malah atuwa ||
1.012 lêluwange wong amukti | duk anom ulah nastapa | anglarani ing ragane | anyêgah turu lan pangan | saya tuwa sinungan | kamuktèn dening Ywang Agung | salamêt dunya ngakherat ||
1.013 yèn dalu aprang lan arip | arame awawan-wawan | yèn siyang aprang lan luwe | arame abăndayuda | yèku wong kang utama | amrih mandia kang ngèlmu | kapanggiha kang sinêdya ||
1.014 tapa minăngka rêragi | saegane[1] ngèlmu ulam | yêkti acampah rasane | yèn tan angagea[2] uyah | têrasi lawan bawang | eca ingkang kaduk bubu[3] | kapanggih rasane ulam ||
1–2 dari 35

 


saenggane (dan di tempat lain) (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.15.2). Bandingkan: sainggane (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.14.2). (kembali)
anganggea. Bandingkan: nganggoa (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.14.4). (kembali)
bumbu (Tajusalatin, Anonim, Pupuh 16.15.6). (kembali)