Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45–46 dari 258
156–157 dari 810
1.557–1.566 dari 8.099
045.37 dhas kinêthok pinanjêr pinggir bêngawan | wadya kang nusul sami | gêgaman ing Jipang | muntab ngêbêki papan | sang arya sedanirèki | pan sinêngkalan | wiku sapta hèr nabi |[1]|
045.38 wadyanira ing Jipang tanpa wilangan | nanging sêdaya sami | kandhêg lampahira | anèng wetan bêngawan | duk myarsa gustine lalis | wadya ing Jipang | tyasira sami kingkin ||
46. Asmaradana
046.01 sira Radèn Angabèi | Loring Pasar asêsumbar | astane angawe-awe | hèh wong Jipang kawruhana | gustimu wus palastra | utawa pêpatihipun | iya wus padha palastra ||
046.02 sun panjêr sirahirèki | anèng pinggiring bêngawan | apa karêpira mangko | yèn sira pêksa anglawan | abela gustinira | payo nabranga sêdarum | marang kuloning bêngawan ||
046.03 sagêndhingmu sun tadhahi | sêmana wadya ing Jipang | sêdaya kêkês manahe | rinasa datan kawawa [1: 248] | yèn lawana ing yuda | de gustine wus kêsambut | wus rêmbag sêdayanira ||
046.04 gya nabrang bêngawan sami | anggulung banderanira | nungkul ambongkok waose | wus tinampan wadya Pajang | wong Jipang panungkulnya | Kyai Juru nulya kundur | sawadyane mêsanggrahan ||
046.05 wus prapta pakuwon sami | Kyai Juru angandika | mring Manahan Pênjawine | paran mêngko rêmbugira | de wus rampung ing karya | ingkang liningan umatur | sumăngga karsa paduka ||
046.06 kawula darmi nglampahi | punapa ing rèh paduka | Ki Juru ngandika alon | patine Si Arya Jipang | sutanta kang mêrjaya | yèn sira matura tuhu | iya marang kangjêng sultan ||
046.07 kêlamun putranirèki | Si Ngabèi Loring Pasar | iya ingkang olèh gawe | amatèni Arya Jipang | sêtun ganjaranira | arta busana kang luhung | iku watara manira ||
046.08 ya nora antuk nêgari | dene kêlamun ta sira | ingkang ngakoni wong roro | kang matèni Arya Jipang | pasthi tămpa ganjaran | kang dadi ubayanipun | ing Pathi lawan Mêtaram ||
156–157 dari 810

 


Tanggal: wiku sapta hèr nabi (S 1477). Tahun Masehi: 1555–6. (kembali)