Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 258
163–164 dari 810
1.630–1.639 dari 8.099
047.37 kocapa ingkang asiram | anèng kali Ompak nênggih | Panêmbahan Kalijaga | Pêmanahan aningali | ing guru sang ayogi | sigra mêlayoni gupuh | praptèng ngarsa gya nêmbah | ing guru sang maha yêkti | suku kanan nênggih ingkang winisuhan ||
047.38 Ki Gêdhe Karanglo gêpah | amasuhi suku kering | sukunira sang pandhita | ri sampune dèn wisuhi | ya ta sang maha yêkti | pangandikanira arum | dhatêng Ki Pêmanahan | miwah Ki Karanglo singgih | dipun atut dènira padha kêkadang ||
047.39 nanging sira nora kêna | Ki Bayi Karanglo benjing | ing saturun-turunira | nunggang jêmpana lan joli | lawan sinêbut jalmi | radèn lan mas saturunmu | sawusnya angandika | sang wiku parentah aglis | lah ta uwis banjura ing lakunira ||
047.40 Pêmanahan mring Mêtaram | sêksana lajêng lumaris | putra tuwin kulawarga | datan kawarna ing margi | wus prapta ing Mêtawis | anênggih ingkang jinujug | sakilène Widara | ing ngriku kang dèn dhukuhi | ri sêksana akarya pondhokanira ||
047.41 sampun arakit sêdaya | dènira babad wanadri | duk Ki Agêng Pêmanahan | atêtruka [1: 260: atê...truka] ing Mêtawis | murah bêras lan pari | tanapi pala gumantung | tan ana tinanduran | sagung kang tumiba siti | têtuwuhan pan sami dadi sêdaya ||
047.42 dhusun Mêtaram sêmana | sakêlangkung loh jinawi | pasitèn rata awiyar | tur tandhês amurah warih | siti pasir awukir | miwah pacangkraman agung | ing toya myang ing wana | arêsik wêdhi numpangi | toya wêning murah sumbêr sêndhang-sêndhang ||
047.43 wadya putra myang sêntana | wus sami tata miranti | bêbanjêngan wismanira | tuwin Ki Juru Mêrtani | karya dhepok pribadi | tan têbih panggenanipun | lan Ki Agêng Mêtaram | sêmana ngalami-lami | ing Mêtaram arjane saingga praja ||
047.44 wong desa kang têbah-têbah | kathah ngungsi mring Mêtawis | prasami milwa gagriya | tulus kang tinandur tuwin | murah sandhang lan bukti | saya tambah arjanipun | têntrêm kang wadya-wadya | ing solah datan winarni | ya ta wau sira Ki Agêng Mêtaram ||
047.45 wus lami antaranira | dènnya nèng nagri Mêtawis | sêmana pan arsa seba | marang ing Pajang nêgari | enjang siyaga sami | budhal saking ing Mêtarum | rikatan lampahira | dènira miyarsa warti | Sultan Pajang arsa sowan marang Arga ||
047.46 mring Sunan Parapèn ika | ki agêng lampahnya prapti | ing Pajang wau jêng sultan | wus arsa budhalan nuli | ki agêng ing Mêtawis | lajêng andhèrèk sang prabu | wadyabala ing Pajang | kathah kang samya angiring | tan winarna ing marga pan sampun prapta [1: 261] ||
163–164 dari 810