Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 258
165–166 dari 810
1.642–1.651 dari 8.099
047.49 pan sêmana sinêngkalan | pêksi astha warna aji |[1] Sultan Pajang ingestrenan | jumênêngira nêrpati | sawusira anuli | sugata sumaos ngayun | wus sami kinon dhahar | tuwin kang para dipati | pan sêdaya wus sami akêkêmbulan ||
047.50 Sunan Parapèn ngandika | hèh sagung para dipati | kabèh anak putuningwang | padha aruntuta sami | lawan kadangirèki | aywa na salayèng kalbu | dèn atut akêkadang | ingsun tatêdha ing Widi | salamêta ing dunya praptèng dêlahan ||
047.51 tur sêmbah ingkang liningan | pangèstu paduka mugi | ingkang mugi istijaba | dhatêng putra sadayèki | ya ta dènira bukti | wus dugi linorod sampun | marang pamburèn nisa | wêtara sêdaya sami | Kyai Agêng Mêtaram agung sinawang ||
047.52 dhatêng Kangjêng Sunan Arga | hèh Ki Jêbèng Pajang iki | dasih ta kang anèng wuntat | ya sapa wastane iki | Sultan Pajang turnya ris | inggih punika pukulun [1: 262: pu...kulun] | kadang amba kang nama | Kyai Agêng ing Mêtawis | ing samangke wus gagriya ing Mêtaram ||
047.53 yèn mangkono kadangira | iya konên lungguh nginggil | ing kono nunggala lawan | sagunge para bupati | sultan ngandika maring | Ki Agêng Mêtaram gupuh | kakang andika minggah | ki agêng gya lênggah nginggil | sang pandhita aris dènira ngandika ||
047.54 dhuh sêdaya putraningwang | padha piyarsakna sami | iku Si Gêdhe Mêtaram | karsaning Hyang Maha Luwih | anak putune benjing | kang mêngku tanah Jawèku | kongsi têrah-tumêrah | samya ngidhêp mring Mêtawis | Kyai Agêng Mêtaram myarsa wirayat ||
047.55 Kangjêng Susunan ing Arga | sêmana Kyai Mêtawis | gya nêmbah mangaras pada | dhatêng Jêng Sinuwun Giri | sangêt sokur ing Widi | sira Ki Agêng Mêtarum | mring sang raja pandhita | malih angandika aris | dipun padha narima wahyuning Suksma ||
047.56 ya ta Ki Gêdhe Mêtaram | ngaturkên dhuwungirèki | dhatêng sang raja pandhita | nging sang yogi tan nampèni | sêmana pra bupati | miyarsa wirayatipun | Kyai Gêdhe Mêtaram | cinêtha amutêr bumi | duk sêmana sira sang raja pandhita ||
047.57 pan arsa karya têlaga | sêdaya para bupati | prasamya milwa tumandang | tan winarna sampun dadi | toyanya langkung wêning | ingaran têlaga patut | sagunge pra dipatya | sêdaya sami ningali | nagri mănca pinatut anèng têlaga ||
047.58 ri sampunira [1: 263] mangkana | sagunge para bupati | wus kinèn kundur sêdaya | dènira sang maha yêkti | gya mundur sêdayèki | sowang-sowangan umantuk | tuwin Jêng Sultan Pajang | pan sampun tinundhung mulih | tuwin sira Kiyai Gêdhe Mêtaram ||
165–166 dari 810

 


Tanggal: pêksi astha warna aji (1481). (kembali)