Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 258
32–33 dari 810
315–324 dari 8.099
008.13 putranira Ki Dilah nulya mit | sigra lèngsèr wangsul mring nêgara | prapta ngalun-alun age | Sang Natèng Majalangu | ri sêdhênge siniwèng dasih | anèng ing pagêlaran | Ki Dilah andulu [1: 51: a...ndulu] | ingiring ing buron wana | sangsam kidang maesa banthèng lan kancil | samya munya sêdaya ||
008.14 yèn jalmaa sêdaya samya ngling | ngaturakên pêjah gêsangira | sumăngga karsa karsane | Sang Prabu Majalangu | sira Dilah umatur aris | dhuh gusti sri narendra | ngaturakên ulun | punika sagunging kewan | pan sumăngga ing karsa sri narapati | Brawijaya ngandika ||
008.15 nulya budhal sagung kang pra rabi | sami nitih kang pêdhati sinang | ki jêbadbèdri arane | sangsam ginêrit sampun | Brawijaya suka ing galih | salaminira gêsang | tan kadya puniku | kasukanira nèng dunya | katingal Ki Dilah kaprawirannèki | suka Sang Brawijaya ||
008.16 karsanira wau sri bupati | pan Ki Dilah kinulawisudha | jinunjung mantri lungguhe | winênangakên sampun | tampi dhawuh lan sinung nagri | sabrang tanah Palembang | jumênênga ratu | pinaring wadya salêksa | saking Jawi ingakên putra nêrpati | dibya pan kinasihan ||
008.17 kunêng mangke gêntya kang winarni | kang kocapa Risang Putri Cina | ingaturakên sang katong | dene putri Cinèku | luwih ayu warnaninèki[1] | kang carma maya-maya | lir gêdhah dinulu | kadi kartika gumêbyar | yèn adhahar katingal upa duk manjing | nèng jăngga upan-upan ||
008.18 Brawijaya sukanira ngênting | sinêngkakkên Rajaputri Cina | sampun dadya garwa anèm | sihira sakêlangkung | pramèswari ing Dwarawati | garwanira kang tuwa [1: 52: tu...wa] | apan maksih kantun | ya ta pramèswari mular | nuwun pêgat ingulihna rama bibi | pan ingsun putri Cêmpa ||
008.19 Brawijaya angandika aris | ariningsun yèn sira tan arsa | maru putri Cina anggèr | yêkti iku sun tundhung | saking pura ing Majapait | Brawijaya nênurat | saraosing kalbu | wus kawrat sajro nawala | gya sinungkên marang Gajahmada Patih | nêmbah sigra tinampan ||
008.20 kyana patih wusnya tampi tulis | wus uninga sasmitaning nata | nulya lumampah sira ge | Garêsik kang jinujug | Arya Damar kalanirèki | mangkat ing Majalêngka | kandhêg lampahipun | nèng Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine sri narapati | ingkang wus winangsitna ||
008.21 sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lawan Arya | Damar wau nulya lèngsèr | saking dènira lungguh | Patih Gajahmada sigra ngling | hèh ta Ki Arya Damar | manira ingutus | dhumatêng sri naranata | maringakên garwa dalêm ingkang mijil | saking nêgari Cina ||
008.22 myang surate Prabu Majapait | kinèn nêdhakakên dhatêng tuwan | sêksana tinampan age | mring Arya Damar sampun | ponang surat binuka aglis | winaca sinuksmèng tyas | kadriya kang têmbung | Arya Damar wus atămpa | titi tamat nuwalanya sri bupati | dhawuh mring Arya Damar ||
32–33 dari 810

 


warnanirèki. (kembali)