Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 258
32–33 dari 810
320–329 dari 8.099
008.18 Brawijaya sukanira ngênting | sinêngkakkên Rajaputri Cina | sampun dadya garwa anèm | sihira sakêlangkung | pramèswari ing Dwarawati | garwanira kang tuwa [1: 52: tu...wa] | apan maksih kantun | ya ta pramèswari mular | nuwun pêgat ingulihna rama bibi | pan ingsun putri Cêmpa ||
008.19 Brawijaya angandika aris | ariningsun yèn sira tan arsa | maru putri Cina anggèr | yêkti iku sun tundhung | saking pura ing Majapait | Brawijaya nênurat | saraosing kalbu | wus kawrat sajro nawala | gya sinungkên marang Gajahmada Patih | nêmbah sigra tinampan ||
008.20 kyana patih wusnya tampi tulis | wus uninga sasmitaning nata | nulya lumampah sira ge | Garêsik kang jinujug | Arya Damar kalanirèki | mangkat ing Majalêngka | kandhêg lampahipun | nèng Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine sri narapati | ingkang wus winangsitna ||
008.21 sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lawan Arya | Damar wau nulya lèngsèr | saking dènira lungguh | Patih Gajahmada sigra ngling | hèh ta Ki Arya Damar | manira ingutus | dhumatêng sri naranata | maringakên garwa dalêm ingkang mijil | saking nêgari Cina ||
008.22 myang surate Prabu Majapait | kinèn nêdhakakên dhatêng tuwan | sêksana tinampan age | mring Arya Damar sampun | ponang surat binuka aglis | winaca sinuksmèng tyas | kadriya kang têmbung | Arya Damar wus atămpa | titi tamat nuwalanya sri bupati | dhawuh mring Arya Damar ||
008.23 Arya Damar alon dènnya angling | dhuh Kiyai Patih Gajahmada | andika [1: 53: a...ndika] matur sang katong | sêmbah ulun anuwun | bidhal kula kèndêl Garêsik | alama dèrèng layar | angantosi ulun | ing karsa sri naradipa | rèhning kula angabdi sri narapati | ewuh eman ing lampah ||
008.24 Kyai Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah prapta ing nêgara | tumamèng Majapaite | wus tundhuk ngarsa prabu | Gajahmada umatur aris | pukulun sri narendra | ulun tuwan utus | dhumatêng ing Arya Damar | mitêdhakkên nuwala tuwin sang putri | nuwun pun Arya Damar ||
008.25 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | sigra binabar layare | anuju angin timur | palwanira lumampah aglis | pan anglir pendah kilat | ing Palembang rawuh | lajêng minggah ing dharatan | Arya Damar lajêng têtêp madêg aji | anèng nagri Palembang ||
008.26 ênêngêna kang madêg nêrpati | nèng Palembang Cêmpa kang kocapa | Sèh Maklum Brahim putrane | kêkalih samya jalu | ingkang sêpuh wastanirèki | kêkasih Radèn Rahmat | ingkang anèm wau | Radèn Santri namanira | Raja Cêmpa putrane wau winarni | nama Radèn Burerah ||
008.27 Radèn Rahmat sêmana apamit | mring kang paman sang raja ing Cêmpa | tanapi wau arine | Rahadèn Rahmat matur | mring kang paman anuwun pamit | kawula arsa kesah | anuwun pangèstu | badhe dhatêng tanah Jawa | atêtuwi mring jêng uwa Majapait | Raja Cêmpa ngandika ||
32–33 dari 810