Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101 dari 258
342–343 dari 810
3.417–3.426 dari 8.099
101.21 wus miyarsa wong Pathi miwah Mêntaram | gumêrah jroning puri | tangising wanita | têrkane wong Mêntaram | wus minggat sang adipati | bubrah palatar | wong Pathi anglêboni ||
101.22 bata kilèn wadya Pathi kang binubrah | dene wadya Mêntawis | kidul kang binêdhah | sami manjing sêdaya | wong dalêm rinêbut sami | kadhatonira | rinayah dèn boyongi ||
101.23 saisine jro dalêm wus jinarahan | sami binêkta mijil | dinum lir rajapan | ri sampunnya mangkana | wong Mêntaram lan wong Pathi | apirêmbagan | mundur dhatêng Mêntawis ||
101.24 sampun budhal ambêkta sagung jarahan | miwah boyongan èstri | marga tan winarna | sampun prapta Mêntaram [2: 233] | alajêng lampahirèki | Ki Martalaya | miwah para bupati ||
101.25 sri narendra lagya miyos siniwaka | anèng ing păncaniti | kêsaru praptanya | Dipati Martalaya | lawan Adipati Pathi | majêng tur sêmbah | manêngèng pada aji ||
101.26 ulun sampun lumampah karsa narendra | ambêdhah nêgri Tubin | pun Dipati Tuban | amêthuk ing ayuda | prajurit Surabayèki | miwah Madura | kang bantoni ing jurit ||
101.27 mila rame têmpuhipun ing ayuda | wadya ing Surawèsthi | tindhihipun yuda | Ngabèi Tambakbaya | ing mangke lênggah dipati | ingalih nama | Ki Sanjata Dipati ||
101.28 ing Madura tindhihipun Macanambal | wusana pun dipati | dalu kesah minggat | wadya Madura bubar | tuwin wadya Surawèsthi | ulun anjarah | kunjuk padanta aji ||
101.29 trusthèng driya sang nata kêlangkung suka | miyarsa kang pawarti | ing purwa wasana | sang nata agêganjar | mring sagung para dipati | para sêntana | wradin têkèng pakathik ||
101.30 para mantri Mêntaram tampi ganjaran | miwah kang wadya alit | datan kaliwatan | sami tampi ganjaran | sukèng tyas sri narapati | myang wadyabala | kasmaran ing ajurit ||
342–343 dari 810