Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
102–103 dari 258
346–347 dari 810
3.454–3.463 dari 8.099
102.28 wau kang anèng jêladri | sêdaya mêntas dharatan | Ki Dipati Bragola ge | panggih lan Sujanapura | prasami pirêmbagan | anulya mundhut pêrau | Tumênggung Sujanapura ||
102.29 para bupati pasisir | sêdaya saos baita | ingkang badhe titihane | Tumênggung Sujanapura | miwah wadya Mêntaram | sinaosan palwa sampun [2: 238: sampu...n] | aglar tarap ing muara ||
102.30 wus dadi rêmbaging jurit | sagunge para bupatya | layar marang Madurane | Tumênggung Sujanapura | nitih palwa lêlanang | kang palwa mancal sêdarum | kumrab lir lampah sri nata ||
103. Sinom
103.01 ki dipati ing Santênan | lêmbu ingkang dèn titihi | kêlawan para sêntana | sawênèh sêntana nitih | pacalang warni-warni | para satriya Mêntarum | wus sami sinaosan | palwa ingkang dèn titihi | senapati bèr kuwanèn tur digdaya ||
103.02 wus angancik ing muara | nêgara lêlima sami | prapta ing gisik Madura | kunêng Madura winarni | ingkang para bupati | ing Sampang Ngaribayèku | Dipati Pamêlingan | Sumênêp sampun miyarsi | yèn wong agung Mêntaram sêdaya prapta ||
103.03 prasami mêpak gêgaman | nèng Madura dènnya baris | samana apagunêman | sagunge para bupati | Natèng Madura angling | kabèh padha sabiyantu | nadhahi wong Mêntaram | sartane ingkang nindhihi | yèn riyona ènthèng sinăngga ing yuda ||
103.04 iku gêgaman Mêntaram | wartane ingkang nindhihi | Tumênggung Sujanapura | ingkang dadi senapati | pranakan ing Kêdhiri | Sujanapura atêguh | tate amangun yuda | dèn sami prayitnèng jurit | kawarnaa wong Mêntaram sampun prapta ||
103.05 gègèr wadya ing Madura | gumêrah atata baris | wus budhal saking nêgara | prapta [2: 239: pra...pta] pinggiring pasisir | prasami dèn jagani | wong Mêntaram minggahipun | sami ayun-ayunan | arame bêdhil-binêdhil | campuhing prang swaranya kadi ampuhan ||
103.06 wong Mêntaram karepotan | tan antuk papaning jurit | wadya lit kathah kang pêjah | ingkang mundur nandhang kanin | kang waras maksa ngukih | para prajurit Mêntarum | miwah wadya Santênan | nulya kasaput ing wêngi | sami mundur wong Mêntaram pirêmbagan ||
103.07 Dipati Sampang Madura | Sumênêp lan Aribanggi | ing Balega Pamêkasan | prasami gunêm ing wêngi | Pangran Balega angling | kadipundi karsanipun | sêdaya pra dipatya | prajurite wong Mêntawis | sampun tita tan purun minggah dharatan ||
346–347 dari 810