Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
103 dari 258
348–349 dari 810
3.473–3.482 dari 8.099
103.17 sami minggir ponang palwa | prajurite rêbut dhingin | tan ana sabawanira | dènira amêntas ririh | sêdaya ngati-ati | prapta ing dharatan sampun | lajêng nata gêgaman | wadya Mêntaram nindhihi | ingkang wuri wadya pasisir sêdaya ||
103.18 sêmana wus byar raina | gêgamane wus miranti | wong pasisir abusêkan | dene wadya ing Mêntawis | mriyêm pinasang sami | kalataka miwah masbun | mlela lawan lêlanang | prênahe sampun miranti | kang kocapa wong Sampang lan wong Balega ||
103.19 sarêng wayah bangun rina | sampun utusan mirsani | kang duta kagyat tumingal | dene wong Mêntaram prapti | miwah wadya pasisir | wus atata barisipun | miwah para sêntana | gêgamane wus andadi | tungguling prang angêdhangkrang pinayungan ||
103.20 Tumênggung Sujanapura | kang dadi dhadhaning baris | kang dadi pangawat kanan | sang adipati ing Pathi | andhangah songsong kuning | pangawat kering puniku | pangeran ing Sumêdhang | lan sagung măncanêgari | wong pasisir ngiring Dipati Bragola ||
103.21 para sêntana Mêntaram | ênggène nèng wuri têbih | Tumênggung Sujanapura [2: 242] | têngara bêndhe lan bèri | miwah wong agung Pathi | kang bêndhe tinabuh ngungkung | têtêgnya asauran | suwarane wong pasisir | ting jalêmprit barung swaraning tikswara ||
103.22 ing Sampang sigra têngara | wadya lit atata baris | kadhinginan papanira | dene mangsanira wêngi | datan nyana prasami | lamun ingunggahan dalu | gugup solahing wadya | pati-pati bêbêntusi | wong Mêntaram surake ambal-ambalan ||
103.23 wong Madura sami mêdal | tatane pating bêsasik | gagap gugup sêlak prapta | wadya Mêntaram bêdhili | bala Sampang kèh mati | wong Madura singa mundur | apan wus kaprantenan | singa mara mara mati | ingkang mundur wong Mandura nandhang brana ||
103.24 sakathahe wong Madura | pra dipati amiyosi | sami angawaki yuda | angantêp rêmpon ing jurit | dipati papat kait | aprajangji sarêng lampus | Sang Dipati Mêkasan | wus rêmbag amangsah jurit | wus agilig sarêng lêbur ing ayuda ||
103.25 kaitan wong Surabaya | Balega Sumênêp sami | sampun dadi rêbagira | Dipati Sampang nuruti | rêmbagira wus dadi | anulya têngara nêmpuh | suraknya mawurahan | kadi ombaking jêladri | gumrah-gumrah lir ruging angraning arga ||
103.26 kalataka asauran | kumrutug sanjata alit | swarane kadi ampuhan | sêsambate wadya kanin | wong Sampang akèh mati | wong [2: 243] ing Mêntaram rahayu | wong Madura kèh pêjah | prandene maksih angukih | ambêk pêjah wong Sampang majêng sêdaya ||
348–349 dari 810