Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
104–105 dari 258
352 dari 810
3.511–3.520 dari 8.099
104.26 gêgancangan lampahe praptèng Mêntaram | lajêng lumêbèng puri | tundhuk sri narendra | ulun atur uninga | nyaosakên pati urip | tiwasing karya | tan jaya ing ajurit ||
104.27 abdi dalêm Sujanapura palastra | giris wadya Mêntawis | tan wontên maguta | yudane wong Madura | anjêngêr sri narapati | datan ngandika | Sri Bupati Mêntawis ||
104.28 hèh Silarong kayaparan karêpira | samêngko wong Mêntawis | yèn kaya mangkana | apa kinèn mundura | Pangran Silarong tur bêkti | atur kawula | nuwun duka narpati ||
104.29 yèn marêngi ing karsa paduka nata | pun kaki Juru Kithing | tuwan lampahêna | dhumatêng ing Madura | kagyat ngandika sang aji | pa maksih gêsang | si kaki Juru Kithing ||
104.30 lah dèn aglis ya si kaki timbalana | milua nglurug aglis | marang nêgri Sampang | sigra Pangran Dipatya | Silarong tur sêmbah amit | mijil ing jaba | lumaris dhandhanggêndhis ||
105. Dhandhanggula
105.01 tan winarna lampahe wus prapti | Pagambiran anulya kêpanggya | kalawan wau eyange | sinapa sabda arum | mring kang eyang Pangran Ngujungi | sapa iki kang prapta | ingkang wayah matur | Pangran Slarong wayah dika | kagyat nabda wau Kyai Juru Kithing | dingarèn sira prapta ||
105.02 baya ana karya ingkang gati | pangran matur [2: 248] kawula dinuta | wayah paduka sang katong | sampyan ngandikan rawuh | kapanggiha salêbêt puri | Ki Juru aris nabda | ana apa putu | sang nata nimbali ingwang | pangran matur karsanira sri bupati | inggih eyang paduka ||
105.03 kinèn bantu mring Madura jurit | senapatine Mêntaram pêjah | wadya gung alit manahe | mila karsa sang prabu | eyang kinèn ambantu jurit | Ki Juru lon angucap | lali pêrang ingsun | lêlakone tan kaduga | ingkang wayah matur kula tandhu kaki | Ki Juru sigra mangkat ||
105.04 lan kang wayah nitih tandhu nuli | glising kăndha prapta ngarsa nata | sang prabu ris ngandikane | dika umangkat gupuh | mring Madura atulung jurit | Ki Juru tur sandika | Pangran Slarong wau | gya budhal sawadyanira | pan akanthi lawan Kyai Juru Kithing | tan kawarna ing marga ||
105.05 prapta Madura sampun apanggih | lan Ki Juru kang para dipatya | sêdaya inggar manahe | lajêng sêdaya ngujung | tuwin para sêntana sami | angaturi pranata | amangraup suku | Ki Juru Kithing lon nabda | sapatine Janapura sapa ganti | senapatining yuda ||
352 dari 810