Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
105 dari 258
353–354 dari 810
3.529–3.538 dari 8.099
105.14 Pakacangan lan ing Aribanggi | ing Sumênêp Madura Mêkasan | lêbur binoyongan kabèh | mung nêgri Sampang wutuh | pan punika têluk rumiyin | dènnya tur pêjah gêsang | ya ta wong Mêntarum | sami andum boyongannya | tan winarna pan arsa budhalan aglis | wong agung ing Mêntaram ||
105.15 Sang Dipati Sampang wus acawis | gya binêkta mring nêgri Mêntaram | ambêkta wong sèwu kèhe | anulya budhal sampun | wadya Sampang marang Mêntawis | gumrah swaraning janma | adandan pêrau | sampun alayar sêdaya | tan adangu lampahe prapta Garêsik | alaju lampahira ||
105.16 sakathahe bupati pasisir | sami lajêng mring nêgri [2: 251] Mêntaram | myang măncanêgara kabèh | ya ta Pangeran Juru | ing Sumêdhang kêlawan Pathi | prasami pirêmbagan | utusan karuhun | wus katur sri naranata | panungkule dipati kêlawan malih | Balega Pakacangan ||
105.17 gya sinêrod lampahe duta tri | sampun prapta nêgri ing Mêntaram | katur sadaya solahe | wau ta sang aprabu | wus utusan mantri kêkalih | tan kawarna ing marga | sêmana wus pangguh | gêgaman agêng kang prapta | dyan kapêthuk dutane sri narapati | nulya sami saseban ||
105.18 ri saksana utusan Mêntawis | dhawuhakên timbalan sang nata | Adipati Balegane | kinèn nyuduki sampun | Sang Dipati Balega mati | jisime wus pinêtak | nèng jurangjro ngriku | makame dadi karamat | sang dipati ing Sampang wus dèn timbali | duk bêdhahing nêgara ||
105.19 obahing rat pan tataning janmi |[1] duk bêdhahe nêgari Madura | sarta Balega patine | wau ta kang winuwus | wadyanira Prabu Mêntawis | wus prapta ing nêgara | wau sang aprabu | lagya miyos siniwaka | pêpak andhèr punggawa samya tinangkil | kang saking nglurug prapta ||
105.20 Pangran Juru Kithing wus kêpanggih | lan kang wayah Sunan ing Ngalaga | lan Dipati Bragolane | Pangran Sumêdhang wau | ganti-ganti dènnya ngabêkti | ngaturakên boyongan | katur sang aprabu | trustha ing wardayanira | sri narendra [2: 252: nare...ndra] rêsêp dènira ningali | marang Dipati Sampang ||
105.21 sru ngandika wau sri bupati | hèh dipati ing Sampang ta sira | sun pundhut putra yêktine | Dipati Sampang nuwun | sru mangrêpa sujud ing siti | sang prabu anggêganjar | marang wadyanipun | bupati miwah satriya | wus ginanjar wêrata praptèng pêkathik | miwah Dipati Sampang ||
105.22 busanane sami adi luwih | pan sinami lawan para putra | pinarnah pêdalêmane | pinutra-putra danu | pinaringan nêgari katri | Madura ing Balega | Ngaribaya wau | sri narendra adiningrat | ingkang saking Kajêrakan ta ing nguni | wastane Gêniroga ||
105.23 apan mangke wus jinunjung linggih | pan kinarya patih jro punika | Endranata kêkasihe | sultan jêngkar ngêdhatun | cinarita pan sampun lami | antara pitung căndra | Sang Prabu Mêntarum | miyos siniwakèng wadya | pêpak andhèr punggawa para prajurit | jêjêl pêpêt paglaran ||
353–354 dari 810

 


Tanggal: obahing rat pan tataning janmi (1546). (kembali)