Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
105 dari 258
354–355 dari 810
3.534–3.543 dari 8.099
105.19 obahing rat pan tataning janmi |[1] duk bêdhahe nêgari Madura | sarta Balega patine | wau ta kang winuwus | wadyanira Prabu Mêntawis | wus prapta ing nêgara | wau sang aprabu | lagya miyos siniwaka | pêpak andhèr punggawa samya tinangkil | kang saking nglurug prapta ||
105.20 Pangran Juru Kithing wus kêpanggih | lan kang wayah Sunan ing Ngalaga | lan Dipati Bragolane | Pangran Sumêdhang wau | ganti-ganti dènnya ngabêkti | ngaturakên boyongan | katur sang aprabu | trustha ing wardayanira | sri narendra [2: 252: nare...ndra] rêsêp dènira ningali | marang Dipati Sampang ||
105.21 sru ngandika wau sri bupati | hèh dipati ing Sampang ta sira | sun pundhut putra yêktine | Dipati Sampang nuwun | sru mangrêpa sujud ing siti | sang prabu anggêganjar | marang wadyanipun | bupati miwah satriya | wus ginanjar wêrata praptèng pêkathik | miwah Dipati Sampang ||
105.22 busanane sami adi luwih | pan sinami lawan para putra | pinarnah pêdalêmane | pinutra-putra danu | pinaringan nêgari katri | Madura ing Balega | Ngaribaya wau | sri narendra adiningrat | ingkang saking Kajêrakan ta ing nguni | wastane Gêniroga ||
105.23 apan mangke wus jinunjung linggih | pan kinarya patih jro punika | Endranata kêkasihe | sultan jêngkar ngêdhatun | cinarita pan sampun lami | antara pitung căndra | Sang Prabu Mêntarum | miyos siniwakèng wadya | pêpak andhèr punggawa para prajurit | jêjêl pêpêt paglaran ||
105.24 sri narendra angandika aris | hèh Tumênggung Mangunonêng sira | lawan Si Yudapranane | Si Katawêngan iku | padha sira dandana aglis | bêdhaha Surabaya | katiga wotsantun | sakèhe măncanêgara | tindhihana putraningsun ki dipati | ing Sampang urunana ||
105.25 abarisa ing têrusan benjing | aja aprang yèn ora linanggar | arahên kurune bae | rampung dhawuh sang prabu | nulya jêngkar lumêbèng puri [2: 253: pu...ri] | warnanên panangkilan | sarêng bubaripun | ingkang arsa budhal yuda | Ki Tumênggung Mangunonêng mêpak baris | kêlawan Alap-alap ||
105.26 sampun pêpak wadya ing Mêntawis | nulya budhal lampahira rikat | datan kawarna lamine | nagri Japan wus rasuh[2] | ing têrusan dènira baris | bêngawan sinangkrahan | binêbêg binêndung | kang mili mring Surabaya | ingurugan dhêplokaning kolang-kaling | dadya ing Surabaya ||
105.27 nora nana toya kang binukti | ingkang ngombe ya dadi laranya | watuk alara wêtênge | rêmbag pra mantri nungkul | kang sawênèh rêmbug ajurit | ana ngajak nungkula | ya ta sampun katur | mring Pangeran Surabaya | siniwaka sakathahing para mantri | răngga ngabèi dêmang ||
105.28 pra tumênggung pêpak sami nangkil | para mantri lan para santana | sêdaya sumiwi andhèr | sêdaya sami matur | kang sawênèh angajak jurit | sawênèh ngajak seba | èmêng manahipun | Pangeran Surabaya |[3] Ki Dipati Sênjata bèr kang kuwanin | sumaguh dèn adu prang ||
354–355 dari 810

 


Tanggal: obahing rat pan tataning janmi (1546). (kembali)
rawuh. (kembali)
Kurang satu suku kata: pangeran ing Surabaya. (kembali)