Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
105–106 dari 258
355 dari 810
3.541–3.550 dari 8.099
105.26 sampun pêpak wadya ing Mêntawis | nulya budhal lampahira rikat | datan kawarna lamine | nagri Japan wus rasuh[1] | ing têrusan dènira baris | bêngawan sinangkrahan | binêbêg binêndung | kang mili mring Surabaya | ingurugan dhêplokaning kolang-kaling | dadya ing Surabaya ||
105.27 nora nana toya kang binukti | ingkang ngombe ya dadi laranya | watuk alara wêtênge | rêmbag pra mantri nungkul | kang sawênèh rêmbug ajurit | ana ngajak nungkula | ya ta sampun katur | mring Pangeran Surabaya | siniwaka sakathahing para mantri | răngga ngabèi dêmang ||
105.28 pra tumênggung pêpak sami nangkil | para mantri lan para santana | sêdaya sumiwi andhèr | sêdaya sami matur | kang sawênèh angajak jurit | sawênèh ngajak seba | èmêng manahipun | Pangeran Surabaya |[2] Ki Dipati Sênjata bèr kang kuwanin | sumaguh dèn adu prang ||
105.29 wong Surabaya sêdaya angling | Tambakbaya pêksa kumawawa | saguh amapag yudane | yèn ajaa karuhun | nora kongsi tilar nêgari | duk ana nêgri Pajang | bisa uga iku | wong rusak angajak-ajak | Tambakbaya burone Prabu Mêntawis | iku angajak rusak ||
105.30 jêr sirèku yèn pangeran iki | nungkul [2: 254: nung...kul] aris marang ing Mêntaram | sira pan katore-tore | ngungsi marang di iku | nora wurung sira macêngis | yêkti tan bisa polah | gonira agêmblung | măngsa ta silih payua | wong Mêntaram marang sira nora sudi | apa manèh sri nata ||
106. Sinom
106.01 pangeran èmêng ing driya | sagunge para dipati | angajak nungkul arisan | rinasa sajroning galih | rumăngsa sangêt isin | ya ta lama-lama wau | saya kuru kang wadya | sagunge wong Surawèsthi | dèn jak aprang kêncêng sêdya anungkula ||
106.02 marang Sang Prabu Mêntaram | dadya Pangran Surabanggi | kagegeran driyanira | aturing wadya nuruti | lah sira putra mami | sira sebaa karuhun | ingsun ora tumindak | putraningsun Dèn Mas Pêkik | angirida para mantri Surabaya ||
106.03 para mantri aturira | putra paduka puniki | tan sagêd mungkasi karya | ing karsa lamun suwawi | inggih tuwan pribadi | tumindak prayoganipun | apanggiha kêlawan | putranta Natèng Mêntawis | lawan sagung para mantri Surabaya ||
106.04 ngandika lon jêng pangeran | sun tuturi kabèh iki | durung sae awak ingwang | panggih lawan sri bupati | pan amung putra mami | Dèn Mas Pêkik kang lumaku | dadi wakil manira | ngong pasrahkên mring Hyang Widi | măngsa bodho karsane Hyang Maha Mulya ||
106.05 sira padha tuta wuntat [2: 255] | ngatêrêna putra mami | dadia sêratinira | gawaa wong sèwu iki | gawaa brana adi | lah ta iki layang ingsun | aturna mring utusan | kang baris têrusan sami | Ki Tumênggung Mangunonêng panggêdhenya ||
355 dari 810

 


rawuh. (kembali)
Kurang satu suku kata: pangeran ing Surabaya. (kembali)