Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
107 dari 258
359–360 dari 810
3.585–3.594 dari 8.099
107.11 Radèn Pamot ingkang munggèng ing ngayunan | Ki Kuladaragêni | Kyai Salingsingan | Ki Panji Singajaya | Ngabèi Patrabăngsa ris | Suramanggala | Surayuda sumiwi ||
107.12 Ki Tumênggung Sindubaya munggèng ngarsa | lawan Jamênggala ris | Ki Malangsumirang | Ngabèi Nayahita | lan Ki Panji Wirabumi | Astrawêdana | Arya Panular nangkil ||
107.13 Ki Ngabèi Randhêla Ki Wirataka | Kandhuruan ing Wêdhi | myang Kartamênggala | wadya nandhon punika | Dipati Madura nangkil | wong numbak anyar | sèwu lawan wong bumi ||
107.14 wong Banyumas têngahan lan wong Pasundhan | Ciancang lan Ciamis | Tumênggung Ciancang | Wirakêncing kang nama | Wiradita ing Ciamis | Tumênggung Suma- | dinala Ribonanggris ||
107.15 Sukapura ing Bandhung Parakan Muncang | Cilanguhungku nênggih | Pangeran Sumêdhang | punika wêdananya | Darmayuda sarêng nangkil | Ki Jaluhita | Cianjur sami nangkil ||
107.16 ing Carêbon pangerane sami seba | sêdaya pan sumiwi | pêpak nèng Mêntaram | miwah măncanêgara | sawetane gunung Wilis | pêpak sêdaya | anèng ngarsa narpati ||
107.17 pra dipati pasisir wus nèng Mêntaram | wetaning Batang nênggih | kulon [2: 262: ku...lon] Balambangan | wisma anèng Mêntaram | jêjêl pipit ingkang nangkil | tanpa wilangan | wadyabala Mêntawis ||
107.18 Kangjêng Sultan Ngalaga alon ngandika | apa mulane Pathi | adhi mas Bragola | nora katon aseba | iki pêpak wong pasisir | măncanêgara | mangsane uga mangkin ||
107.19 gya Tumênggung Endranata atur sêmbah | kawula myarsa warti | inggih rayi tuwan | pasisir lèr punika | sêdaya dipun irupi | Nglasêm Juwana | ing Grobogan wus kerid ||
107.20 amung Dêmak kang maksih muwêr jro kutha | tyang alit dèn bahaki | Kudus lawan Rêmbang | ing Kalinyamat kêna | Blora Pajangkungan kerid | sawênang-wênang | rayi paduka Pathi ||
359–360 dari 810