Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114 dari 258
380 dari 810
3.791–3.800 dari 8.099
114.06 Nayadarma kapêdhak bêkta ampilan | agême sri bupati | Kyai Baru Karna | binêkta Nayadarma | anulya anuwun pamit | sri naranata | ya ta ngandika aris ||
114.07 lah ta iya yèn satuhu wani sira | tumbakku baru kuping | sira tambakêna | Nayadarma tur sêmbah | sandika gya mentar aglis | saking ngarsendra | umangsah ing ajurit ||
114.08 Adipati Pathi wus kinalang-kalang | wus [2: 293: wu...s] parêk sang dipati | anulya nêrajang | mring kapêdhak Mêntaram | prasami ngantêp kuwanin | wus tinadhahan | Sang Adipati Pathi ||
114.09 kinarubut kudanira sampun pêjah | malumpat sang dipati | ngamuk lan curiga | ya ta Ki Nayadarma | prênahe rada kapering | sigra tinumbak | wau sang adipati ||
114.10 lambungira Adipati Pathi pasah | dhasar sayah ajurit | sang dipati niba | lajêng nêmahi lena | rêbutan wadya Mêntawis | ngaku tuk karya | matèni sang dipati ||
114.11 sampun katur dhumatêng sri naranata | yèn dipati ngêmasi | kinèn ambêktaa | jisim marang ngajêngan | kapêdhak sigra wotsari | nulya lumampah | mring prênahe kang jisim ||
114.12 Mangunjaya wuninga dipati pêjah | angrêbat tan kuwawi | anulya lumajar | mulih maring Santênan | angukut kang kari-kari | dyan kawarnaa | ingkang amundhut jisim ||
114.13 wong kapêdhak kewuhan pambêktanira | arsa pinundhi-pundhi | satrune sang nata | arsa dipun sèrèda | iki sêntana narpati | sami kewuhan | ana wong tuwa siji ||
114.14 asru mujar puniki karêp manira | sirahipun pinundhi | sikil sinèrèda | sêdaya kapêthukan | anulya dipun lampahi | sirah ingangkat | sukune dipun irit ||
114.15 aningali sang nata kalangkung suka | sampun prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | lah padha adêgêna | iku jisime [2: 294: jisi...me] si adhi | wus jinaganan | ngandika sri bupati ||
380 dari 810