Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114 dari 258
381–382 dari 810
3.808–3.817 dari 8.099
114.23 sampun katur Sawunggaling wus kabănda | dhawuh kinèn mêjahi | sampun pinêjahan | Sawunggaling sukèng tyas | kêlamun awèta urip | wirang nèng dunya | warnanên sri bupati ||
114.24 angandika sang nata mring Alap-alap | sira mentara aglis | lan Si Jagabaya | miwah Arya Panular | Si Ngabèi Wirapati | lan wong Mêntaram | milua urun mantri ||
114.25 amboyonga marang nêgara Santênan | poma sira dèn bêcik | yèn ana kang băngga | anuli patènana | yèn wus mati kang prajurit | sira boyonga | dèn ênting aja kari ||
114.26 sarupane wong wadone ing Santênan | yèn bojone priyayi | ya sira tandhua | aja kongsi lumampah | lawan anggawaa joli | bok ipe benjang | sira tunggangna joli ||
114.27 Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | Panular Wirapati | wus amit tur sêmbah | nulya bubar sêdaya | datan kawarna ing margi | warnanên sira | Mangunjaya kang prapti ||
114.28 wus malêbu jro pura atur uninga | mring garwane dipati | yèn kang raka seda | tumpêsan saha bala | ya ta garwa samya anjrit | wong dalêm pura | gumuruh samya nangis ||
114.29 sêsambate sêdaya amêlasarsa | umung swaraning tangis | lir pendah ampuhan | sagunge para garwa | asangêt amêlasasih | aniba-niba | ana gumuling siti [2: 296] ||
114.30 putranira kang aran Rahadèn Răngga | samya dipun tangisi | adhuh putraningwang | êndi ta ramanira | sapa wlas ing sira gusti | dhuh putraningwang | kakang mas adipati ||
114.31 jêngandika tilar putra maksih jabang | durung wruh rasa mukti | adhuh putraningwang | samêngko sira lola | kang putra barêbês mili | sajroning pura | gumrah swaraning tangis ||
114.32 para garwa prasami agêgulungan | ana kang sambat mati | ana sambat bapa | wênèh sambat lakinya | pundi ujarira asih | dhatêng kawula | pundi tandhane mangkin ||
381–382 dari 810