Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
115–116 dari 258
385–386 dari 810
3.847–3.856 dari 8.099
115.28 duk sêmana sira sri bupati | sampun miyos siniwakèng wadya | akandhêg sitinggil bae | pinarak sitiluhur | Martalulut kang dèn timbali | lan Ki Singanêgara | ngandika Sang Prabu | Martalulut Singapraja | sudukana Si Endranata dèn mati | ana ing pagêlaran ||
115.29 ususira bêlabarna nuli | ing waringin kêmbar karonira | tugêlên iku lugune | êndhas [2: 303: êndha...s] panjêrên gupuh | têngah ngalun-alun Mêntawis | jisime pakakêna | iya marang asu | kalihira sarêng nêmbah | asandika ing timbalan sri bupati | gya mentar saking ngarsa ||
115.30 wadya Mêntaram sêdaya ajrih | aningali dukane sang nata | konjêm ing siti mukane | Endranata wus lampus | lan binêdhèl usus ingambil | wus kinarya bêlabar | anèng wringin kurung | sri narendra sampun jêngkar | angêdhaton sagunge wadya Mêntawis | agiris manahira ||
116. Girisa
116.01 wus mangkana lama-lama | sri narendra siniwaka | pêpak ingkang wadyabala | miwah kang para sêntana | Panêmbahan Purubaya | kang tansah munggèng ing ngarsa | kang tinantun ing sri nata | kangjêng sultan angandika ||
116.02 lah ta uwa Purubaya | prakawis ing Surabaya | kang rama warti wus seda | kang kantun mung putranira | Ki Mas Pêkik parabira | punika ta karsa kula | sun boyongi mring Mêntaram | kula arsa wuningaa ||
116.03 Jêng pangran Purbaya turnya | kula sumăngga sang nata | inggih umiring sakarsa | prayogi katimbalana | sang nata anulya duta | gandhèk maring Surabaya | cêndhaking carita prapta | Pêrampelan dhukuhira ||
116.04 Alap-alap sampun panggya | dhawuhkên timbalan nata | sêdaya sampun jinarwa | dhawuhe sri naranata | Dèn Mas Pêkik asandika [2: 304: asandi...ka] | anulya dandan gya budhal | Alap-alap dhawuh marang | Kyai Tumênggung Sapanjang ||
116.05 kinèn dandan angiringna | Dèn Mas Pêkik lampahira | mring Mêntaram dèn karêksa | kabèh uwong Surabaya | ing pungkur arumêksaa | lampahe ing Butuh prapta | angujung maring astana | sawêngi sare ngastana ||
116.06 Ki Mas Pêkik sare dagan | têngah dalu wayahira | ana swara kapiyarsa | angsung pemut ponang swara | alah ta Ki Surabaya | wruhanira besuk sira | ing Pajang ana narendra | putumu kang dadi nata ||
116.07 ngêdhaton ing Wanakarta | Ratu Kuning ingkang nama | iya kaki putunira | kulone kutha kang pura | kagyat wungu saking nendra | wus raina angandika | marang kang tunggu ngastana | apa sira ngrungu swara ||
385–386 dari 810