Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
13–14 dari 258
50–51 dari 810
500–509 dari 8.099
013.22 dyan amuluk awor kukus gêni | Kyagêng Tarub gumyur ing tyasira | arsa anusul garwane | ginayuh-gayuh luput | sang rêtna yu datan anolih | wus muluk angumbara | lêpas tan kadulu | kakunge kari anggana | supe dhiri mung garwa ingkang kaèksi | kang mantuk mring kayangan ||
013.23 ingkang putra tansah dèn tangisi | waspa mijil tansah ingusapan | kang putra kèndêl tangise | dhuh nyawa putraningsun | anglakoni [1: 83: a...nglakoni] kawêlasasih | lah paran polah ingwang | yèn sira rêp nusu | anèng ngêndi ibunira | baya lali kêlamun putrane nangis | èngêt wêkasing garwa ||
013.24 gya ki agêng nurut ing wêwêling | ana wite ingkang kayu anggas | lêlima iku kathahe | ingkang kinarya panggung | tan antara tumulya dadi | luhur kang pêpanggungan | mêrang kêtan wulung | sinaos luhur panggungan | arsa nangis ingkang putra jabang bayi | sinambut ingkang putra ||
013.25 inginggahkên ingkang jabang bayi | pan sinèlèh anèng pêpanggungan | nulya tinilar putrane | têdhak Ki Agêng Tarub | jabang bayi sangêt anangis | sêksana dipun obar | mêrang kêtan wulung | sêksana datan antara | ingkang ibu Nawangwulan angudhuni | anusoni kang putra ||
013.26 nulya mênêng putra dènnya nangis | Kyagêng Tarub eca ing wardaya | kang putra kèndêl tangise | wus tuwuk dènnya nusu | Nawangwulan dènnya nusoni | sèlèh putra tinilar | ngumbara sang ayu | mantuk marang ing kayangan | lamun mular kang putra dipun udhuni | yèn wus mênêng tinilar ||
013.27 datan arsa nusu malih-malih | antarane mung nusu sapisan | pêndhak wayah ing têngange | jabang bayi atutut | cinarita ngalami-lami | wancine kang atmaja | datan arsa nusu | ananging sangêt wêlagang | dyan sinapih sira Ni Rara Nawangsih | wayahira dêmolan ||
013.28 prèjèng-prèjèng ayune kêtawis | tingkah warna Sang Rêtna Kasihan [1: 84: Kasiha...n] | datan roro lan ibune | sêmana wayahipun | apan lagi anjêbêng tapih | sêdhêng pangrusak taman | gêntia winuwus | nêgari ing Majalêngka | Brawijaya kang jumênêng narapati | ratu ngrèh para raja ||
013.29 tanpa sama Rajèng Maospait | jênêngira wau Sri Narendra | Brawijaya kêratone | ing tanah sabrang nungkul | sumiwèng ngrèh ing Maospait | ngèstupada tumawang | tumêngèng aluhur | ya ta mangke winurcita | putranira Brawijaya saking padmi | kang sampun mijil samya ||
14. Mijil
014.01 duk sêmana garwane sang aji | Drawati sang sinom | sampun tiga wau ta putrane | pêmbajêngnya pawèstri yu luwih | têngran rêtna adi | kang panggulu kakung ||
014.02 sinung nama Lêmbu Pêtêng pêkik | wuragile kaot | priya luwih abagus warnane | Radèn Gugur nênggih kang wêwangi | putranira èstri | adiwasa sampun ||
50–51 dari 810