Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
144–145 dari 258
474–475 dari 810
4.736–4.745 dari 8.099
144.28 mungsuh Mêkasar kang prapti | tinêmpuhakên ing sira | pangandikane sang katong | sirèku kinèn dhèrèka | iya marang rahadyan | anglurug marang ing Dêmung | amapaga wong Mêkasar ||
144.29 yèn sira datan nanggupi | parentahe sri narendra | pangandikane sang katong | sira kinèn anundhunga | iya saking Jêpara | aja angrubêdi laku | kaya priye aturira ||
144.30 kapitan aris nauri | inggih sangêt kasinggihan | pangandikanya sang katong | kawula wontên Jêpara | sumêdya saos karya | ayahanipun sang prabu | tinandhing yuda kênaka ||
145. Pangkur
145.01 lawan mêngsah ingkang awrat | pikantuka ingkang sumêngka tandhing | inggih kang asurèng kewuh | siyang dalu kasêdya | anglampahi ayahan jêng sang aprabu | ajura satêngah ngrana | sêdaya wadya Kumpêni ||
145.02 sênadyan malih wêwaha | pitung mantên mêngsahnya sri bupati | lir tiyang Mêkasar wau | dèrèng ulap kawula | pun Galèngsong dadosa buta nêm èwu | sênadyan buta salêksa | ingkang abdi dèrèng miris ||
145.03 benjing têmpuhing ayuda | tyang Wêlandi yèn mundura sanyari | rinampoga sangking pungkur | lamun gusti marêngna | wadya Jawa sampun mawi tumut-tumut [3: 114: tumut-tu...mut] | mêngsah lan tiyang Mêkasar | ngamungna abdi Kumpêni ||
145.04 mung gusti paringa wadya | inggih ingkang anêdahakên margi | Wăngsadipa miyarsa tur | mituhyèng karsa nata | wong Kumpêni sadhawuh narendra anut | kêlangkung sukaning manah | ing solah datan winarni ||
145.05 dènira mangun pirêmbag | nèng Jêpara sêdaya sampun dadi | sêdaya ingkang rinêmbug | badhe laju ing lampah | ya ta Radyan Prawiratruna mring Dêmung | miturut sagung bupatya | sakarsa radyan umiring ||
145.06 Rahadèn Prawiratruna | karsanira badhe budhal tumuli | alaju dhumatêng Dêmung | lampah mêdal lautan | wong pasisir amêpak baitanipun | kêbêk jêjêl ing muara | baitane wong pasisir ||
145.07 ingkang anèng ing muara | kang baita agêng-agêng marnèni | nênggih kawarnaa wau | sakèhe pra dipatya | ya ta sampun anitih baitanipun | sami amanjêr bandera | lir sêkar sêtaman asri ||
474–475 dari 810