Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
145 dari 258
476–477 dari 810
4.753–4.762 dari 8.099
145.15 Rahadèn Prawiratruna | tansah dadar malèlèr marang dasih | dana boga busana gung | miwah para sêntana | pan kinulawisudha sêdayanipun | ngajap têmpuhing ayuda | sagunge kang dasih-dasih ||
145.16 saking sami dènnya kêdah | arsa malês dhatêng sihirèng gusti | pêcahe kêkulitipun | rêmuke balungira | lan wutahe ludira madyaning pupuh | saking [3: 116] gunge dananira | gustine marang ing dasih ||
145.17 rêmuke balung walêsnya | lan wêtune satètès ingkang gêtih | ing kono ngong ngrasa naur | asihe gustiningwang | kang tumiba iya marang awak ingsun | lamun nora mangkonoa | durung malês sihing gusti ||
145.18 para bupati pêpakan | nèng pondhokan Prawiratruna tuwin | pangagêng wus sami kumpul | Prawiratruna lingnya | kadipundi ing karsa sami ngong tantun | aprakawis ing Madura | punika ta sampun lami ||
145.19 botên sowan mring Mêntaram | mèh sawarsa tan atur bulubêkti | manira niki ingutus | wus prapta Surabaya | wong Madura sawiji tan wontên muncul | pangandikane sang nata | kinèn mariksa kariyin ||
145.20 mangke nêdha ingutusan | karuhane yèn ala lawan bêcik | para bupati umatur | kula miyarsa warta | Trunajaya kang bêbêg sêdayanipun | milanya tiyang Madura | tan sowan dhatêng Mêntawis ||
145.21 prayogine ingutusan | kantênane sampun ngribêdi pikir | ya ta rahadèn angutus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan suratipun | dhumatêng Ki Trunajaya | ing Sampang ingkang nunggoni ||
145.22 caraka sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surawèsthi | kocapa mangke winuwus | Rahadèn Trunajaya | pan anuju lagya prapta saking Dêmung | arêmbag saeka praya | lan Raja Glèngsong prajangji [3: 117: pra...jangji] ||
145.23 milane Ki Trunajaya | tan anunggal ngadhêpi kang nêgari | mênawi tiyang Mêntarum | mangrurah ing Madura | lan maninge mênawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa nglambung saking wuri ||
145.24 kawarnaa kang caraka | sampun prapta Madura kintun wêling | sêmana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun jawi wontên caraka kang rawuh | saking Dyan Prawiratruna | anulya dipun timbali ||
476–477 dari 810