Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
145–146 dari 258
477 dari 810
4.761–4.770 dari 8.099
145.23 milane Ki Trunajaya | tan anunggal ngadhêpi kang nêgari | mênawi tiyang Mêntarum | mangrurah ing Madura | lan maninge mênawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa nglambung saking wuri ||
145.24 kawarnaa kang caraka | sampun prapta Madura kintun wêling | sêmana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun jawi wontên caraka kang rawuh | saking Dyan Prawiratruna | anulya dipun timbali ||
145.25 nanging ta Ki Trunajaya | pasang gêlar pan api-api sakit | kang duta wus praptèng ngayun | panggih lan Trunajaya | ponang duta gya ngaturkên suratipun | tinampan sigra binuka | winaca bukaning tulis ||
145.26 iki layange Rahadyan | Prawiratruna ing nêgri Mêntawis | maringakên salam ingsun | mring sira Trunajaya | wayah ingsun wiyose nuwalaningsun | timbalane sri narendra | marang pêkênira kaki ||
145.27 kinèn dangu marmanira | wong Madura tan seba mring Mêntawis | kang wus katur sang aprabu | kêlamun pêkênira | kang amênging sumiwi marang Mêntarum | apa nyata mangkonoa | mungguh ujaring pawarti ||
145.28 lan maninge wong Madura | kinèn ngêrig timbalan sri bupati | anglurug marang ing Dêmung | anggêcêg wong Mêkasar | titi tamat kang surat suraosipun | angling Radèn Trunajaya | marang caraka rum manis ||
145.29 hèh duta sira matura | marang eyang nora sêdya angimpi | kêlamun ta awak ingsun [3: 118: ing...sun] | ngukuhi wong Madura | amênginga sumiwi marang Mêntarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
145.30 ing mangke wontên parentah | angêriga uwong Madura iki | anglurug marang ing Dêmung | ingsun têka sumăngga | sampun siyang sênadyan ing têngah dalu | manira dhatêng sumăngga | kang abdi tan mundur kardi ||
146. Durma
146.01 nanging mangke awak manira pribadya | nora bisa lumaris | sabab lagi lara | amung abdi sêdaya | manira kone lumaris | andhinginana | mêngko sapungkurnèki ||
146.02 wong Madura padha ingsun kon nusula | marang ing Surawèsthi | ya ta sinambrama | caraka pinaringan | busana ingkang pisalin | nulya sêksana | caraka tinundhung glis ||
477 dari 810